Keliwat
saka niyat
Kulawarga anyar kang dibangun dening Pak Raka kaliyan Bu
Nita wis mlaku watawis setaun. Kekarone wis kagungan putra siji wadon jenenge
Khusna. Bocahe ayu tur nggemesake. Mripate ceples ibune, kulite putih lan awake
lemu ginuk-ginuk. Sapa wae sing weruh mesti kepengin nowel pipine.
Nalika Khusna lagi umur rong minggu, Bu Nita kapeksa
ninggal amarga ana tes CPNS (calon pegawai negeri sipil) watawis seminggu. Amarga
yen ngasik ora melu, bakal kelangan kasempatan kanggo dadi PNS. Pak Raka golek
kost-kostan sing cedhak papan panggonane bojone kuwi karantina. Karepe mono supaya
bisa ijin mbaka setengah jam kanggo nyusuni anake sing isih bayi abang kuwi.
Nanging sajake kok aturane ora bisa lumer sithik-sithika. Aja maneh setengah
jam, limang menit wae ora diwenehi ijin. Ibu ngendi sing atine ora nratap yen
anake sing isih bayi abang kudu ditinggal, namung ketunggon bapake ijen.
Bu Nita nduweni nazar, yen ngasik ketampa PNS bakal
nyekolahake bocah. Amarga wis bola-bali ndaftar nganti kaping nenem meksa wae
durung begja. Nanging pendhaftaran sing saiki dheweke pinaringan berkah saking
Gusti. Bener yen jarene wong, anak kuwi nggawa rejeki. Ya ngepasi taun iki
dheweke kagungan putra, taun iki barang dheweke ketampa PNS.
“Ngenani nazarku kala rumiyin kados pundi pak?”
“Iya buk sesuk tak golekake muridku sing bubar lulus SMA,
mbokmanawa ana sing kepengin kuliyah nanging ora nduwe biyaya.”
“Manawi saged mono ingkang setri mawon pak, manawi kula
nembe repot rak saged ngrewangi momong sinok.”
“Iyo buk, tur maneh nek wedok luwih gampang ngawasine.
Marga dhewe yo nduwe tanggung jawab njaga anak prawane wong. Sabisa-bisaa yo
dibalekake marang wong tuwane wis dadi bocah sing luwih nggenah.”
“Nggih pak, ibuk sarujuk.”
Ora suwe anggone Pak Raka golek bocah sing gelem
disekolahke. Pancene yo akeh bocah sing kepengin sekolah nanging ketanggoh ora
nduwe wragad. Jane mono akeh sing gelem dikuliyahke, nanging piye maneh amarga
kulawarga anyar kuwi ya isih pontang-panting mbangun bale wisma. Urip isih
ngontrak rana-rene. Jalaran ya Pak Raka dhewe durung dadi PNS. Sanajan mangkana
Pak Raka nduweni prinsip ora gelem ngrepoti wong tuwane. Dheweke milih urip
mandhiri saka nol bareng karo bojone.
Bocah kuwi jenenge Retno. Dheweke teka nalika Khusna umur
telung sasi, lagi lucu-lucune bocah bayi. Paling ora Khusna bisa nglalekake
kangene Retno marang kulawargane ning kampung.saliyane semangat kuliah sing
gawe dheweke betah manggon kontrakan sing ora pati amba kuwi, nanging cukup
gawe nampung wong papat kuwi.
Retno kang bocahe sregep, cag-ceg ing gawean, alus suba
sitane lan gemati marang bocah cilik njalari Pak Raka lan Bu Nita sreg marang
dheweke, nganti wis dianggep kaya anake dhewe. Praupane kang ayu sanajan tanpa
polesan pupur lan gincu, beda adoh kaya bocah kutha sing ora bisa ucul saka
thethek bengek polesan rai. Wiwit saka rambut tekan driji sikil, ora luput saka
pulasan kosmetik. Mbokmanawa bocah saiki ngrumangsani yen awake ora ayu, mula
dipulas kanthi cara kang maneka warna.
Watake Retno kang grapyak uga njalari tangga teparo padha
seneng karo dheweke. Nalika dheweke lagi momong Khusna, akeh tangga teparo kang
ngejakake, kareben Retno ora kekeselen. Amarga bocahe isih enom, durung kulina
nyekel bocah cilik. Saliyane kuwi Retno asring diwenehi sandhangan utawa
piranti-piranti kang gawe bungah atine. Retno seneng ora marga hadiyah saka
tanggane, nanging marga kapedulian tanggane marang dheweke.
Retno njikuk kuliyah kelas karyawan, dadi kuliyahe saben
wayah sore. Yen esuk dheweke dijaluki tulung momong Khusna nalika Pak Raka lan Bu
Nita kerja. Ora namung kuliyah wae, ana ing kono Retno uga diajari pendhidhikan
agama karo Pak Raka. Amarga ya latar belakange Pak Raka saka pondhok pesantren,
mula saliyane marai Retno uga marai tangga teparone ngaji.
Pancen Retno bocahe sregep. Saliyane momong, gaweyan omah
ya melu ditandhangi. Sanajan ora ana ing perjanjian sadurunge. Saya lumakune
dina, Bu Nita dadi njagakake Retno. Apa-apa dadi akon Retno, ora kelingan
niyate nyekolahake kanthi ikhlas. Anggone nguring-uring Retno yo ora namung
pisan pindho, namung jalaran perkara kang sepele. Ya kuwi perkara kang
ndadekake tatu ing atine Retno. Nanging dheweke kelingan yen namung melu wong,
luwih-luwih dheweke disekolahake. Mula kudu ajar sabar lan ikhlas, besuk embene
mesthi ana kasil sing bisa dipanen.
“Bu, elinga yen awake dhewe iki nduwe niyat nyekolahake
Retno marga nazar, marga rasa syukur dhumateng Gusti kang wis maringi rejeki
kanggo kulawarga kita. Yen nganti keliwat saka niyat, bakal ora binerkahan
dening Gusti. elinga siji buk, Retno kuwi dudu babu. Aja kabeh gaweyan kok
wenehake Retno, lan ati-atiya sikepmu marang Retno. Bocah kuwi wis tak anggep
kaya sedulur dhewe, kaya anaku dhewe,” pituture Pak Raka marang bojone.
“ngati-ati pripun malih to pak? Wong nggih ibu sampun
ngati-ati kok.”
“Anggonmu nyeneni Retno kuwi mbok ya aja kebangeten.”
“Ibu menika boten kebangeten pak, pancen bocahe mawon.
Barang sepele kok nggih ndadak diaturi bola-bali.”
“Sing sepele kuwi masalahe, ning anggonmu nyeneni ora
bisa dianggep sepele. Retno kuwi anake wong bu, awake dhewe wis dipercaya wong
tuwane supaya njaga Retno.”
Wis kaping bola-bali anggone Pak Raka ngandhani bojone.
Nanging gunemane Pak Raka ora digubris karo Bu Nita. Saben dina ana wae masalah
sepele sing ndadekake semrawut. Yen lagi nyeneni Retno, ngepasi Pak Raka ora
ana ing ngomah. Dadine ya Pak Raka ora pati asring krungu celathu-celathu kasar
sing metu saka bojone. Kaya ing sawijining dina
“Mbak Retno kok buwahe isih apa adhine durung dikeki
buwah mau.”
“Dereng buk, kula kesupen amarga Khusna rewel mawon wiwit
wau.”
“Wong ya wis dicepaki buwah kok yo ora gelem ndulangake.
Nyoo!” ngomong mangkana mau karo mbalang apel ing ngarepe Retno.
Deg! Sanalika mripate Retno kepengin nrocos nanging isih
diampet, marga ora kepengen ibu angkate kuwi didukani garwane. Sing gawe atine
nratap, marga ibune dhewe wae ora tau tumindak kaya mangkana marang dheweke.
Kenya kuwi namung ndonga ana ing ati, yen ing sawijining dina Bu Nita lan garwa
bakal kangelan golek wongsing kaya dheweke. Dongane kuwi wis bisa katitik saka
saiki. Saben Retno balik kampung marga preinan semester, Pak Raka lan Bu Nita
kapiran momong anak lan ngurus omah, nganti direwangi masuk angin barang. Golek
momongan rana-rene ya ora ana sing cocog.
Lumakune dina ora rinasa, Khusna wis umur rong taun, lan
sadhelok maneh bakal nduwe adhi. Nanging Khusna luwih kulina karo mbakyu
angkate kuwi tinimbang karo ibune dhewe. Pancen ya ibune dhewe arang nyekel
bocah kuwi, bali kerjo nglerenake awak. Yen Retno kuliyah, sing momong gantiyan
Pak Raka. Mula Khusna gelem melu ibune yen mbakyu lan bapakne lagi ora ana ing
omah wae.
Adhine Khusna wis lair, wedok. Yen Khusna ceples ibune,
adhine iki memper bapakne. Saka bayi wae wis bisa dibedhek yen mbesuke bakal
dadi bocah sing tomboy. Marga dinggoni anting-anting utawa bando jan ora ana
pantese. Sanajan dijenengi Aisyah kang nduweni arti wanita, nanging prawakane
ora memper karo jenenge.
Laire Ais tansaya nambah gaweyane Retno. Saka bayi abang
Retno wis dikon ngrumati Ais. Karepe mono supaya wis kulina ndhisik, dadi
mengko yen wis nduwe anak ora kaget. Retno wis cag-ceg ngrumati Ais nalika
ditinggal pak Rak lan Bu Nita kerja. Ora namung Ais wae, Khusna uga isih
dimomong dheweke. Saben dina ngrumati bocah sing isih bayi abang lan sing wis
rada gedhe umur rong taun. Yen bocah-bocah kuwi padha turu, dheweke isih kober
nyekel gaweyan, mbuh sing ngumbahi, mbuh asah-asah utawa masak. Sorene lagi kuliyah,
lan mbengine ngaji. Kabeh iki dilakoni Retno kanthi sabar lan ikhlas.
Nganti taun ketelu anggone kuliyah, dheweke entuk kabar
saka ngomah yen ibune gerah lan ora ana sing ngrumati. Kakang-kakangne padha kerjo ing luar pulo
Jawa. Marga ibune kang wis asring lara-laranan, pancen ya umure wis ora enom
maneh, kesel sithik awake wis lungkrah. Nanging yen ora ditandhangi, gaweyan
ning omah bakal kapiran.
Amarga kahanan kuwi, Retno matur marang bapak lan ibu
angkate yen arep pamit bali kampung. Wong tuwane padha nggondheli marga ngerti
bakal kapiran yen ora ana Retno, tur maneh Retno durung tutug anggone kuliyah.
“Apa kowe tenan arep bali saiki nduk?” pitakone Pak Raka.
“Inggih pak amargi ibu sampun sepuh lan gerah-gerahan.
Manawi wonten kula rak wonten ingkang ngancani. Saboten-botene kula nggih saged
ngrumati ibuk lan ngrewangi gaweyan griya.”
“Tapi kuliyahmu kuwi durung rampung nduk. Apa kowe ora
eman-eman yen perjuwanganmu mandheng ning tengah dalan?”
“Menika kula kantun skripsi pak, ditambah malih bimbinganipun
namung seminggu kapig pisan. Mangkih kula laju mawon saking griya, manawi kewengen
rak saged nginep mriki.”
“Ning aku ki mesakke adhi-adhimu nduk. Padha kulinane
karo kowe, aku wedi nak ngerti-ngerti kowe lunga ngko padha kaget, aku samar
ngenani psikologke Khusna karo Ais. Ora papa nak meh bali, ning alon-alon ya
nduk? Mesakke adhine. Manggon kene sik wae, mengko seminggu pisan bali tilik
ibuk ora papa,” ngendikane Pak Raka, Bu Nita namung mendel ana ing sisihe Pak
Raka
Sing ditakoni namung mendel ora kumecap. Ing pikirane
tumlawung tekan ngedi-ngendi. Tekan ibune ning ngomah, tekan adhi-adhine,
tentang skripsine uga tentang biyaya kuliyahe yen nganti dheweke bali, banjur
sapa mengko sing mbayari. Ora mungkin njaluk kangmase sing namung buruh
bangunan, apamaneh njaluk ibune tansaya ora mungkin. Banjur dheweke tetep
manggon karo kulawarga angkate. Rong minggu pisan bali, amarga mikir dhuwite
barang yen arep bali seminggu pisan. Dheweke ngerteni yen Pak Raka lan garwa
lagi ora nduwe dhuwit, bubar disedhot kanggo mbayar sidhang, wisuda lan piranti
skripsi sing mbutuhake dhuwit akeh.
Alon-alon Retno mbekeki pangertenan marang adhine,
utamane Khusna sing wis mudheng diajak cecaturan.
“Mbak Una boten pareng nakal, mangkih nak nakal Mbak
Retno wangsul ning rumah jauh lho.”
“Lhoo emooh to, mangkih nak Mbak Retno wangsul Una bobok
kalih sinten?”
“Yo kalih dek Ais to.”
“Emooh, dek Ais kan senenge ngompol. Yo mangkih Mbak
Retno dolan mriki nggih?”
“Lha napa Mbak Retno pareng dolan mriki?” bedane Retno
marang adhine.
“Yo pareng to, kan mbak Retno kakakku,” jawab bocah umur telung taun kuwi kanthi lugu.
“Enggih.. mangkih Mbak Retno dolan mriki,” jawabe
nglegakke adhine.