1. Andheng-andheng ireng
Andheng-andheng ireng
Pratandha kang marai kangen
Kangen yen sedina wae ora nyawang
Nyawang sliramu sing nduweni andheng-andheng
ireng
Andheng-andheng ireng pener ing ngisor paningalan
Paningal sisih tengen sing marakake tentrem
Yen disawang ngilangake rasa kemrungsung
Naging yen kok sawang ndadekake atiku njerit njaluk tulung
Nanging sapa sing bisa nulung?
Namung atiku lan atimu kang padha jejeritan
Jerit bisu, sing ana namung pandheng-pandhengan
2. Atiku linu
Ana sing beda
Iki atiku ngopo?Rasane linu nanging ora pendhak dina
Namung ing wayah tartamtu
Wayahe uga ora kaya ngombe jamu
Apa maneh kaya sholat limang wektu
Namung saklerapan
Nanging ndadekake penggalihku nganti seminggu ora ilang
Rasane linu, pancen linu
Nanging linu kuwi sing saben dina tak antu-antu
Yen sedina wae penyakit linu kuwi ora teka
Saawak rasane kelara-lara
3. Namung sepisan iki
Sepisan iki wae
Aja lunga
Namung sepisan
Kowe lungguha
Aku ora arep njaluk apa-apa
Sanajan atiku kelara-lara
Nanging meksa ora gelem polah
Mripatku ora gelem obah
Mandhengi sliramu sing sajege iki isih wigati ing atiku
Namung sepisan iki wae
Sadurunge kowe wigati kanggo wong liya
Sadurunge aku salah yen nduweni pangrasa
Sadurunge kowe lunga
ngertiya
Dina iki, kowe isih sing wigati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar