Mitos tes keprawanan ing Candhi Sukuh
Candhi Sukuh manggon ana ing lereng
kulon Gunung Lawu, yaiku Dhusun Sukuh, Desa Berjo, Kecamatan Ngargoyoso,
Kabupaten Karanganyar, Provinsi Jawa Tengah. Candhi kang mapan ana ing 910 mdpl
iki nduweni hawa kang asrep lan paningalan kang katon endah saka ndhuwur.
Candhi iki dibangun nalika ambruke Kerajaan Majapahit yaiku abad 15 dening
masyarakat Hindhu Tantrayana. Kalebu candhi paling enom ana ing sejarah
pembangunan candhi Nusantara.
Candhi
iki dibangun kanggo tujuan pangruwatan, yaiku ngilangake kekuatan elek kang
ngganggu urip manungsa. Kabukten Ing njero Candhi Sukuh ana relief kang
nyritakake pangruwatan, kayata Sudamala lan Garudheya uga ana maneh arca bulus
lan garuda.
Nalika mlebu ing gapura pisanan, ing
sisih lor ana relief kang arupa buto mangan manungsa, yaiku sengkalan rumit
utawa candrasengkala. Relief iki kawaca gapura 9, buto 5, mangan 3 lan wong 1
kang ngrujuk ing taun 1359 Saka utawa 1437 Masehi. Ana ing sisih kidul disuguhi
relief arupa buta kang lagi mlayu lan nyokot buntut ula.
Ing sisih kidul dalan watu ana
candhi cilik kang ing njerone ana arca uga cilik. Miturut mitologi masyarakat
saupengan, candhi kuwi panggonane kyai Sukuh, penguwasa ghaib Candhi Sukuh. Uga
ana arca garuda loro ngadeg pepak karo suwiwine kang wis siaga arep mabur.
Ing njero gapura ana pahatan kang
nggambarake phallus kang madhep ing vagina. Relief iki nggambarake ketemune
lingga (kelamin laki-laki) lan yoni (kelamin perempuan) kang nglambangake
kesuburan. Ana ing agama Hindhu dilambangake Dewa syiwa lan garwane yaiku
Pawarti. Relief iki sengaja dipahatke ana ing njogan gapura pisanan supaya sapa
wae wong kang mlebu bisa nglangkahi relief iki, lan kabeh rereged bisa ilang
amarga kena suwuk (mantra utawa obat).
Miturut mitos kang ana, pahatan
phallus lan vagina digunakake kanggo ngetes keprawanan calon penganten. Bocah
wadon kang arep dites dikongkon nglangkahi pahatan phallus lan vagina, manawi
jarik kang dinggo bocah wadon mau sowek utawa tibo tandha yen bocah wadon mau
isih prawan, nanging yen jarik kang dinggo mau namung ucul, tandha yen bocah
wadon mau wis ora prawan. Manawi kanggo bocah lanang, yen nglangkahi relief iki
kepuyuh-puyuh tandha yen dheweke wis ora jaka.
Nanging
saiki tes keprawanan iki wis ora tau dilakokake maneh. Sing ana namung tes
kesuburan kanggo pacangan kang durung diparingi momongan. Utawa kanggo adicara
ruwatan yen arep ana pagelaran wayang kulit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar