Nyadran
Ing Desa Beji, Kecamatan Ungaran Timur wonten tradhisi
ingkang kalampahan saben setaun pisan, tradhisi menika kasebut nyadran. Nyadran
nggadhahi tujuwan ngirim donga kangge para leluhur uga slametan kangge
kulawarga. Adicara menika uga saged damel ngraketaken sesambungan kaliyan
tangga teparo amargi saben sasi Mulud lan Rajab ing dinten Jum’at kliwon,
sadaya warga Desa Beji khususipun bapak-bapak sami kempal wonten ing sisih
sarehan saperlu ngirim donga. Manawi adicara ngirim donga sampun pungkasan,
dipunlajengaken dhahar dhaharan ingkang wau sampun dipunbekta kanthi cara
bancakan utawa kepungan. Dhaharan menika biyasanipun arupa sekul, kluban, mie,
tigan, tahu, tempe lan ingkang boten kenging kesupen inggih punika apem.
Tradhisi nyadran menika
dipunpilih sasi Mulud lan Rajab amarga ing sasi Mulud nengeri dinten kelairane
Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lan ing sasi Rajab nengeri isra’ mi’raj Kanjeng Nabi
Muhammad SAW nalika pinaringan dhawuh sholat 5 wektu. Pancenipun masyarakat
Desa Beji menika kathah ingkang nganut agama islam. Saderengipun adicara donga
sesarengan, para warga padha resik-resik makam rumiyin ing wanci sonten. Wayah
ndalunipun ibu-ibu padha masak punapa kemawon ingkang badhe dipunbekta
bapak-bapak nyadran nalika wayah enjing.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar