Selasa, 29 September 2015

Mitos Tes Keprawanan ing Candhi Sukuh



Mitos tes keprawanan ing Candhi Sukuh
            Candhi Sukuh manggon ana ing lereng kulon Gunung Lawu, yaiku Dhusun Sukuh, Desa Berjo, Kecamatan Ngargoyoso, Kabupaten Karanganyar, Provinsi Jawa Tengah. Candhi kang mapan ana ing 910 mdpl iki nduweni hawa kang asrep lan paningalan kang katon endah saka ndhuwur. Candhi iki dibangun nalika ambruke Kerajaan Majapahit yaiku abad 15 dening masyarakat Hindhu Tantrayana. Kalebu candhi paling enom ana ing sejarah pembangunan candhi Nusantara.
Candhi iki dibangun kanggo tujuan pangruwatan, yaiku ngilangake kekuatan elek kang ngganggu urip manungsa. Kabukten Ing njero Candhi Sukuh ana relief kang nyritakake pangruwatan, kayata Sudamala lan Garudheya uga ana maneh arca bulus lan garuda.
            Nalika mlebu ing gapura pisanan, ing sisih lor ana relief kang arupa buto mangan manungsa, yaiku sengkalan rumit utawa candrasengkala. Relief iki kawaca gapura 9, buto 5, mangan 3 lan wong 1 kang ngrujuk ing taun 1359 Saka utawa 1437 Masehi. Ana ing sisih kidul disuguhi relief arupa buta kang lagi mlayu lan nyokot buntut ula.
            Ing sisih kidul dalan watu ana candhi cilik kang ing njerone ana arca uga cilik. Miturut mitologi masyarakat saupengan, candhi kuwi panggonane kyai Sukuh, penguwasa ghaib Candhi Sukuh. Uga ana arca garuda loro ngadeg pepak karo suwiwine kang wis siaga arep mabur.
            Ing njero gapura ana pahatan kang nggambarake phallus kang madhep ing vagina. Relief iki nggambarake ketemune lingga (kelamin laki-laki) lan yoni (kelamin perempuan) kang nglambangake kesuburan. Ana ing agama Hindhu dilambangake Dewa syiwa lan garwane yaiku Pawarti. Relief iki sengaja dipahatke ana ing njogan gapura pisanan supaya sapa wae wong kang mlebu bisa nglangkahi relief iki, lan kabeh rereged bisa ilang amarga kena suwuk (mantra utawa obat).
            Miturut mitos kang ana, pahatan phallus lan vagina digunakake kanggo ngetes keprawanan calon penganten. Bocah wadon kang arep dites dikongkon nglangkahi pahatan phallus lan vagina, manawi jarik kang dinggo bocah wadon mau sowek utawa tibo tandha yen bocah wadon mau isih prawan, nanging yen jarik kang dinggo mau namung ucul, tandha yen bocah wadon mau wis ora prawan. Manawi kanggo bocah lanang, yen nglangkahi relief iki kepuyuh-puyuh tandha yen dheweke wis ora jaka.
Nanging saiki tes keprawanan iki wis ora tau dilakokake maneh. Sing ana namung tes kesuburan kanggo pacangan kang durung diparingi momongan. Utawa kanggo adicara ruwatan yen arep ana pagelaran wayang kulit.

Rabu, 23 September 2015

Nyadran



Nyadran
Ing Desa Beji, Kecamatan Ungaran Timur wonten tradhisi ingkang kalampahan saben setaun pisan, tradhisi menika kasebut nyadran. Nyadran nggadhahi tujuwan ngirim donga kangge para leluhur uga slametan kangge kulawarga. Adicara menika uga saged damel ngraketaken sesambungan kaliyan tangga teparo amargi saben sasi Mulud lan Rajab ing dinten Jum’at kliwon, sadaya warga Desa Beji khususipun bapak-bapak sami kempal wonten ing sisih sarehan saperlu ngirim donga. Manawi adicara ngirim donga sampun pungkasan, dipunlajengaken dhahar dhaharan ingkang wau sampun dipunbekta kanthi cara bancakan utawa kepungan. Dhaharan menika biyasanipun arupa sekul, kluban, mie, tigan, tahu, tempe lan ingkang boten kenging kesupen inggih punika apem.
Tradhisi nyadran menika dipunpilih sasi Mulud lan Rajab amarga ing sasi Mulud nengeri dinten kelairane Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lan ing sasi Rajab nengeri isra’ mi’raj Kanjeng Nabi Muhammad SAW nalika pinaringan dhawuh sholat 5 wektu. Pancenipun masyarakat Desa Beji menika kathah ingkang nganut agama islam. Saderengipun adicara donga sesarengan, para warga padha resik-resik makam rumiyin ing wanci sonten. Wayah ndalunipun ibu-ibu padha masak punapa kemawon ingkang badhe dipunbekta bapak-bapak nyadran nalika wayah enjing.