HANDOUT
PANATACARA
KODE :
PRODI : SASTRA JAWA
PROGRAM STUDI: BAHASA DAN
SASTRA JAWA
SEMESTER: GENAP
DENING: WIDODO WIKANDANA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2013
PERTEMUAN -1
Panatacara
Panatacara inggih menika paraga
ingkang nggadhahi kwajiban mranata saha nglantaraken rantaman acara wonten
salebeting pepanggihan, pasamuan, pahargyan, lan sanes-sanesipun. Syarat–syarat
dados panatacara antawisipun: Nguwaosi
acara, Basa lan sastra, Ngadi
salira lan ngedi busana, Tata krami, sopan-santun, udanegari, Sekar lan
gendhing, Tansah ngudi kawruh, Trampil lan saged makarya sesarengan, lan Tanggel
jawab sarta disiplin. Anggenipun nindakaken sarat sarana menika wau kedah Komunikatif,
Kontruktif, Produktif, Inovatif, Kreatif lan edukatif, Aja rumangsa bisa ning
bisa rumangsa, Ngamalaken ilmu pranatacara, iklas, Kandel kumadeling raos ageng
(percaya diri), Mangertos dhateng kabudayan: Kagunan, Filsafat, Kapitadosan,
tehnik, lsp.
Tembang
macapat kapanatacaran
Dhandhanggula
|
Pangkur
|
Pawitane pambiwara yekti
Kang kapisan pana mring acara
Ngadi slira busanane
Basa sastra katelu
Kaping papat bab tata-krami
Ulah swara kalima
Trampil tandangipun
Pitu kawruh kaudia
Jinangkeban tanggel jawab lan disiplin
Yekti lebda ing karya
Oleh: Ki Sayuti Anggoro
|
Kang sekar pangkur winarna
Lalabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ing tatakrama
Den kaesthi siyang ratri
Serat Wulangreh
|
pangkur
Duduga lawan prayoga
Myang watara riringa aywa lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap meneng anendra
Duga-duga nora kari
Serat Wulangreh
|
|
Swanten/Swara
1.
Logat = mboten
campur kaliyan dialek
2.
Lafal =
kedah cetha tuwin wijang
3.
Nafas = kedah
kiyat, supados swantenipun landhung mboten gampil pedhot.
4.
Tempo = rikat
rindhiking swanten, tuwin dinamis (intonasi,
tekanan, aksen) swanten.
5.
Penghayatan/ Njiwani= saget
nyocoki kaliyan kawontenan (sikon).
Perangan Pranatacara
1.
Panatacara wiwitan
2.
Panatacara madya
3.
Panatacara mumpuni (professional)
Demam Panggung/Minder
Solusi
1.
Nguwaosi acara
2.
Nindakaken ayahan kanthi PD sampun kesusu.
3.
Mirsani dhateng para rawuh.
4.
Tenggorokan dipun telesi (basahi)
5. Ngantebaken swanten (dunia militer)
6.
Dhahar, pohung, kencur, lsp
7.
Gladhen/latihan
8.
Sampun kecalan semangat/putus asa
9.
PD/percaya diri / raos kandel kumandel
Gladhen
1.
Ngrantam adicara
2.
Ngrantam ukara atur-atur
3.
Paragan
4.
Nyantrik/magang
5.
Maraga/praktek
Awisan Panatacara
Nalika
Jumeneng
1.
Jumeneng kanthi lendhehan suku setunggal.
2.
Jumeneng kanthi suku sakelangkung rapet.
3.
Jumeneng kanthi suku sakelangkung megar.
4.
Jumeneng kanthi aras-arasen.
5.
Jumeneng kanthi lelendhan bangku utawi mimbar.
6.
Jumeneng mboten nggantosaken papan panggenan.
7.
Jumeneng kanthi mboten jenjem sarta asta sraweyan.
8.
Jumeneng kaku.
Pasuryan
1.
Gumujeng ingkang dipundamel-damel.
2.
Asring mesem ingkang mboten pas.
3.
Mbesengut.
4.
Tumungkul.
5.
Asring ningali nginggil.
6.
Gugup.
Babagan Sarira
1.
Asring ngebahaken satunggaling bagiyan sarira.
2.
Ngebahaken sarira kanthi tidha-tidha.
3.
Ngebahaken sarira kanthi mboten trep kaliyan inkang
dipun ngendikakaken.
4.
Asring banda tangan.
5.
Asring ngukur talingan utawi grana.
6.
Nglebetaken asta wonten ing celana utawi beskap.
7.
Asring mresani cathetan.
8.
Mboten nggatosaken ingkang midhangetaken.
Tata Urutan
Sesorah
1.
Uluk salam
2.
Atur pambuka
3.
Nyebat tamu ingkang rawuh
4.
Atur puji syukur sarta panuwun
5.
Isi/wigatining atur
6.
Pangajeng-ajeng utawi pangajak
7.
Panutup
PERTEMUAN KE-2
Urutan Sesorah Panatacara
1. Salam,
tuladhanipun:
a.
Assalamu’alaikum warohmatullahiwabarokatuh
b.
Nuwun
c.
Sugeng ѐnjing/siyang/sonten
d.
Om santi santi om
e.
Om swasti astu
f.
Salam karaharjan tumrap kula panjenengan sedaya
g.
Rahayu lan sanes-sanesipun
2. Atur
Pambuka
a.
Bismillahirohmanirohim, alhamdulilahirobbil alamin
assolatu wassalamu‘ala asrofil ambiya’i wal mursalin, sayidina muhammadin
waala-alihi washohbihi ajmain, ama bak’du.
b.
Robisrohli shodri wayasirli amri wahlul u’datan min
lisani yaf qohu qouli.
c.
Mugi sih wilasa sarta barokah/berkah Dalem Gusti Allah
ingkang Mahaagung tansah karentahna dhumateng kula saha panjenengan sedaya ing
samenika saha ing salami-laminipun.
d.
Mugi nugraha sarta berkah Dalem Gusti Allah ingkang
Mahawelasasih tansah kalubѐrna dhumateng sedaya umatipun sumambrah dhumateng
kula saha panjenengan sedaya.
e. Mugi
kawilujengan sarta kabagaswarasan tansah kajiwa kasarira ing kula saha
panjenengan sedaya.
3. Atur
Pakurmatan Dhumateng Para Tamu
a.
Para pinisepuh, para sesepuh, para aji sepuh
b.
Para pepundhen
c.
Panjenengan dalem para leluhur (tamu saking trah
kraton)
d.
Para kadang mudha wredha
e.
Para pangemban pangembating praja minangka pandam
pandoming para kawula dasih
f.
Para satriyaning nagari
g.
Para trahing sutresna budaya adi luhung (seniman)
h.
Para ulama
i.
Para bapak, para ibu
j.
Para pelayat
k.
Para takziyah
l.
Para asung bela sungkawa
m.
Para pambela sungkawa
n.
Para rawuh
o.
Para tamu
p.
Para lenggah.
Anggenipun nyebat tamu wonten
nginggil, padatanipun dipunsarengi ukara pakurmatan wonten ing wingkingipun.
Ukara pakurmatan ingkang dipunpilih kedah nggatosaken kedudukan/pangkat saha
yuswanipun tamu ingkang dipunsebat. Tuladhanipun ukara pakurmatan inggih
menika:
a.
Ingkang dahat pinundhi
b.
Ingkang kinabekten
c.
Ingkang tuhu wicaksanan ing penggalih sarta pamawas
d.
Ingkang tuhu kinurmatan
e.
Ingkang pantes sinudarsana
f.
Ingkang sutresna
g.
Ingkang kacelak ing kitab suci wahyu Ilahi (kangge ulama)
h.
Ingkang hanggung hamastuti dhumateng pepoyaning
kautaman
i.
Ingkang minulya
j.
Ingkang tansah winantu ing suka basuki
k.
Ingkang dahat bagya mulya
l.
Ingkang sinuba ing pakurmatan.
PERTEMUAN KE-3&4
Atur Puji Syukur
a.
Sadѐrѐngipun, minangka panatacara ing adicara… ing titi
wanci siyang menika, keparenga kula ngonjukaken puja puji syukur kunjuk wonten
ngarsa dalem Gusti Allah SWT, awit saking pangayoman dalem kula saha
panjenengan sedaya saged makempal ing papan menika kanthi wilujeng nir ing
sambekala.
b.
Puja pangalembana saha syukur keparenga kula kunjukaken
wonten ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang Murbѐngtitah, awit saking kawelasanipun
panjenengan sedaya saged lenggah wonten papan menika saperlu ngestreni adicara
… kanthi bagas waras mboten kirang satunggal menapa.
c.
Puja pangalembana kunjukwonten ngarsa Dalem Gusti Allah
ingkang Mahaagung, ingkang sampun mbabar sih daya pangaribawa tumanduk
dhumateng kawula dasih, kacihna kula saha panjenengan sedaya saged pepanggihan
wonten papan menika saperlu ngawontenaken adicara … kanthi rahayu nir ing
sakara-kara.
d. Langkung
rumiyin kula minangka panatacara ing adicara … keparenga kula ngonjukaken puja
pangalembana syukur wonten ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang Mahaagung, ingkang
sampun mbabar sih daya pangaribawa tumanduk dhumateng kawula dasih, katiti ing
kalodhangan menika kula saha panjenengan sedaya saged pepanggihan ing papan
menika kanthi wilujeng kalis ing sedaya rubѐda.
Atur Panutup
a.
Kula minangka panatacara nyuwun agunging pangapunten hambok
menawi anggen kula ndherekaken lampahing tatacara ing siyang menika pinanggih perkawis
ingkang mboten mranani ing penggalih para rawuh sedaya. Wassalamu’alaikum
warohmatullahi wabarokatuh.
b.
Pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula ndherekaken
lampahing adicara ing siyang menika kathah klѐnta-klѐntunipun atur saha solah
bawa ingkang mboten mranani, saѐstu kula minangka pranatacara namung saged
ngaturaken kupat duduh santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten. Mugi rahayu
ingkang tansah pinanggih, nuwun.
c.
Puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula
ndherekaken lampahing adicara ing siyang menika pinanggih galap gangsuling atur
saha solah bawa ingkang mboten mranani, saestu kula minangka panatacara namung
saged ngaturaken dhahar sepat campur bakmi, sedaya lepat nyuwun agunging
pangaksami. Mugi rahayu ingkang tansah pinanggih.
d.
Wusana, mbok bilih anggen kula marak saha matur wonten
ngarsa panjenengan sedaya pinanggih cicir-ceweting atur saha tindak tanduk
ingkang mboten mranani penggalih, saѐstu
kula namung saged ngaturaken jenang sela wader pari sesondheran, apuranta
sedaya lepat kawula.
Lamaran
Assalamu`alaikum
wr.wb.
Linambaran kanthi hamemuji konjuk
ngarsaning Gusti, mugi kula lan panjenengan sadaya pinaringan rahayu slamet. Kawula
nuwun, panjenganipun para priyagung kakung putri ingkang kinurmatan. Para
pinisepuh, sesepuh ingkang kula mulyakaken , mliginipun.... Panjenenganipun Bapakk
saha Ibu … sakbrayat. ingkang
sanget-sanget kula kurmati.
Sakderengipun kula matur, mangga
sedaya ngunjukaken puji syukur wonten ngarso ndalem Allah SWT ingkang sampun
paring kanugrahan, kamulyan, saha katentreman. Katitik ing wedal menika, kula
lan panjenengan sedaya makempal wonten ndalem ngriki mbonten wonten alangan
satunggal menapa tebih saking rubeda lan
sambekala. Amien.
Nuwun panjenenganipun Bapak saha Ibu…
sekaliyan ingkang kinurmatan. Kula pun … minangka sesulih/wakil rayi kula pun
adimas… sekaliyan garwa, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan. Sepisan, Adhimas… Sekaliyan,
ngaturaken salam taklim dhumateng ngarsanipun Bapak… sekaliyan, mugi katampia
kanthi suka renaning penggalih. Kaping kalih, menggah wigatosipun kula sowan
sakbrayat menika, namung dipunsuwun dening rayi kula adimas… sekaliyan, supados
nyuwun pirsa menapa leres bilih
panjenengan menika estu-estu kagungan putra putri ingkang sesilih/nami pun…? Lan
menapa leres bilih sakmenika taksih ijen saha dereng gadhah pacangan?
Mbok bilih leres, putra adhimas …
ingkang ngebun-ebun enjang anjejawah sonten,
kaliyan putri bapak, badhe
kadhaupaken. Inggih anak kula jaler pun
bagus … ingkang sakmenika ugi dherek wonten ngarsa panjenengan. Ambok bilih
panglamar menika katampi, adhimas … sekaliyan ugi ngaturaken sesupe (ali-ali)
minangka tangsulipun pirembagan saha ubarampe sawetawis minangka tandha tali
asih katur dhumateng Bapak… sekaliyan. Kanthi menika mugi katampia kanthi suka
renaning penggalih.
Wasana, kula ingkang minangka
wakilipun adhimas… sekaliyan, wonten atur kula ingkang kirang nuju prana, kula
nyuwun agunging samodra pangaksama. Nuwun, wassalamu`alaikum wr.wb.
Waluyan Lamaran
Assalamu`alaikum
wr.wb
Mugi katentreman, karaharjan saha
kawidadan tansah kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi
amien. Nuwun, panjenenganipun Bapak … sekaliyan garwa dalasan brayat agung
ingkang kula kurmati. Kula pun … minangka talanging basa Bapak … sekaliyan
garwa kepareng matur wonten ngarsa panjenengan. Namung sakderengipun, mangga
sesarengan ngunjukaken raos syukur mring ngarsanipun Gusti ingkang Mahawelas lan
Asih ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan. Kula lan panjenengan
sadaya sesarengan lenggah wonten ndalem mriki kanthi wilujeng. Tanpa manggih
pepalang.
Nuwun panjenenganipun bapak …
sekaliyan, kula keparenga matur Sepisan: bapak … sekaliyan ngaturaken pambagya
wilujeng rawuh panjenengan ing griya ngriki dene mboten wonten rubeda
menapa-menapa. Kaping kalih: Menggah paringipun salam taklim bapak …
sekaliyan garwa, sampun kula tampi lan tumunten kula aturaken wonten ngarsanipun
… sekaliyan garwa. Kaping tiganipun: Menggah lamaranipun anak mas … putranipun bapak … ingkang ngayunaken nimas ayu …
estu damel kejoting/kageting manah kula. Bebasan yayah kajugrugan wukir sari
kablabaran samodra madu bombonging manah kula tanpa pepindan.
Ngengeti anak kula … menika tebih
saking rupi warni tuwin ngelmi, pramila ingkang menika panjenenganipun bapak … sekaliyan
iklas bilih putrinipun badhe kadhaup kaliyan nakmas … minangka tetimbanganing
gesang sesarengan. Matur nuwun ugi
sedaya peparingipun tandha sih katresnan ingkang dipunparingaken
dhumateng bapak … sarimbit. Gegandhengan sedayanipun sampun jumbuh lan gambuh,
tumunten kalajengaken liru kalpika minangka tandha pangiketing raos lahir batin
antawisipun nak mas … saha nimas ayu …. Mugi–mugi tetep dados jodhonipun
saklami-laminipun. Amien.
Puput pepuntoning atur, wonten solah
bawa, muna-muni ingkang mboten damel sarjuning penggalih panjenengan. Kula ngaturaken kupat duduh santen, wonten lepat
nyuwun pangapunten, nuwun. Wassalamu`alaikum wr.wb
PERTEMUAN KE-6
Midodareni
Assalamu’alaikum wr.wb
Katentreman, kawilujengan,
kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya
waradin sagung dumadi. Nuwun, sanggyaning para pinisepuh sesepuh ingkang
pinundhi-pundhi. Para satriya pangemban lan pangembating praja, minangka pangayomaning kawula dasih
ingkang winengku ing pakurmatan.
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati, sarta kadang
mudha wredha (anem-sepuh) ingkang kula tresnani. Pinurwakan
kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, Ingkang Maha
Mirah lan Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha
katentreman… katitik ing
dalumenika kula panjenengan sadaya saget makempal ing ndalem mriki, mboten wonten
alangan satunggal menapa.
Nuwun
sanggyaning para tamu kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan. Keparenga
kula cumanthaka jumeneng ing ngarsa panjenengan sadaya awit awrat ngemban dhawuhipun Bapa
… saha Ibu … kinen dados talanging basa, nglantaraken
titilaksana tatacara Midodareni ing dalu
menika. Inggih kang putra ingkang
asesilih nimas ayu … pikantuk
kangmas bagus ….
Wondene rantaman tatacara
Midodareni ing dalu menika nuninggih:
Sepisan : calon penganten kakung (CPK) sakpangombyong
rawuh kalajengaken Pasrah-tinampi pisowanan CPK lan tandha tresna
utawi peningset.
Kaping kalih
: CPK ngunjuk toya wening ingkang dipun
samektakaken dening Ibu … kalajengaken lung–tinampi tandha tresna saking panjenenganipun Bapakk/Ibu … dhumateng Bapakk/Ibu ….
Kaping
sekawan : Atur pambagyaharja
ingkang badhe katindakaken dening Bapak ….
Kaping gangsal : Upacara Nebus Kembar Mayang .
Kaping nenem : Wejangan “catur wedha “
Kaping pitu :
Pitepangan keluarga
Kaping wolu : Tilik Nitik kalajengaken Kembul bujana
Kaping sanga : Pamitan saha
asrah-tinampi kancing gelung lan angsul-angsul minangka Paripurnaning tatacara.
Bapak saha Ibu para tamu ingkang sanget kula
hormati. Mekaten rantaman tatacara midodareni ing ndalu menika. Sakderengipun pawiwahan
menika kawiwitan .... Bapak saha Ibu kula
dherekaken pinarak lenggah ingkang prayogi, sinambi midhangetaken larasing
gendhing-gendhing ingkang kaaturaken dening kadang panata gendhing.
Pasrah Ing Tatacara
Midodareni
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Nuwun,
panjenenganipun Bapak ... kulapun ... ingkang minangka wakilipun bapak ...
sekaliyan, kepareng matur
wonten ngarsa panjenengan.
Sepisan :awit berkah pangestu panjenengan, lampah
kula sak-rombongan wiwit saking griya ... ngantos dumugi ndalem mriki wilujeng mboten
wonten alangan satunggal menapa.
Kaping kalih :panjenenganipun bapak … sekaliyan
ngaturaken salam taklim,
mugiya katur wonten ngarsanipun bapak … sakuluwarga.
Kaping tiganipun :dene wigatosipun
anggen kula sowan, kajawi
nyowanaken putra
calon pengantin kakung
inggih bagus … saperlu
nderek nyantri, ugi masrahaken
tanda tresna utawi tali asih ingkang mboten sepintena. Kanthi menika, kersoa nampi kanthi renaning penggalih.
Saklejengipun tamtu kemawon anggen kula sowan ing ri- kalenggahan menika kathah lepat saha
kirangipun, pramila kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun, wassalamu’alaikum Wr.
Wb.
Panampi ing
Acara Midodareni
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Nuwun, panjenenganipun Bapak … ingkang minangka talanging basa panjenenganipun Bapak … sekaliyan ibu, kulo pun … ingkang minangka wakil saking Bapak … sekaliyan garwa, kepareng matur.
Sepisan : Ngaturaken
pambagya wilujeng sak rawuh panjenengan
sak rombongan wonten ing ndalem mriki kanthi widada nir ing
sambekala.
Kaping kalih : Paringipun salam taklim saking calon besan, sampun
kulo tampi, lan kula aturaken
dhumateng ngarsanipun Bapak … sakuluwarga.
Kaping tiganipun : Menggah pisowananipun calon pengantin kakung Anakmas … lan
paringipun tandha tresna utawi tali asih, kula tampi kanthi
renaning penggalih lan estu-estu damel bombong sarta mongkogking manah kulawarga bapak ….
Wusananipun … anggen kula nampi rawuh panjenengan sak pangombyong,
tartamtu kathah kekirangan lan lepatipun ingkang menika kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun,
wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
Atur Pambagyaharja
Assalamu alaikum wr.wb. Katentreman,
kawilujengan, kabahagyan, mugi kajiwa kasarira wonten ngarsa panjenegan sadaya,
waradin sagung dumadi, amien.
Nuwun, wonten ngarsanipun para pinisepuh sesepuh
ingkang tansah pinundhi-pundhi. Para alim ulama, kyai, ustad ingkang sanget dipun mulyakaken dening
Allah SWT. Para tamu kakung
putri ing sanget kula hormati. Wabil khusus panjenenganipun Bapak/Ibu … sak brayat saking
… ingkang kinurmatan.
Sakderengipun
kula matur, mangga sami ngunjukaken Puji Syukur wonten ngarsanipun Allah SWT
ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, Taufiq, Hidayah lan Inayahpun ,
katitik ing siang menika kula panjenengan sadaya makempal kanthi kebak raos
katentreman, kawilujengan mboten wonten alangan satunggal punapa.
Bapak saha Ibu ingkang kula
hormati. Kula minangka sulih sarira saking pamengku gati (sohibul
bait) Bapak … sekaliyan,
kepareng matur wonten ngarsa panjenengan.
Sepisan : Panjenganipun bapak … sekaliyan ngaturaken pambagya wilujeng mliginipun
dhumateng bapak/Ibu … (besan) wonten ing dalem mriki kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kp. kalih : Ngaturi wuninga
bilih ing wedal menika bapak … sekaliyan ngaturi rawuh wontening acara midodareni ingkang
saperlu nyuwun donga pangestu
panjenengan. Mugi-mugi
badhe dhaupipun calon pinanganten pun-nimas ayu … lan bagus … benjang-enjang manggiha
gesang bagya mulya, tentrem ayem
kebak mawadah lan waromah … temah
dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah,
warohmah. Amien.
Kaping tiganipun : bapak … sekaliyan, nglenggana/ngrumaosi bilih anggenipun nampi rawuh panjenengan kathah kelepatan saha kekiranganipun,
pramila kula nyuwunaken pangapunten.
Salajengipun bapak … sekaliyan ngaturaken panuwun dhumateng Bapak/Ibu panitia, tangga tepalih, sanak kadang
pawong mitra ingkang sampun sabiyantu bot-repotipun bapak … sekaliyan anggenipun kagungan kersa mantu ing kalenggahan menika.
Pungkasaning
atur, kula ingkang kadhawuhan nyulih nyarirani panjenenganipun, bapak … sekaliyan. Temtu kathah kekirangan saha lepatipun, ingkang menika kula nyuwun
agunging pangaksama. Nuwun, Wassalamu alaikum wr.wb
PERTEMUAN KE-7
Catur
Wedha
Sepisan
Priya kang wus
palakrama, tandang tanduke kudu wes beneh lawan nalikane isih jejaka. Mangkono
uga wanodya kang wus den-emong dening priya kudu ngerteni yen wus ana kang
ndarbeni. Mula tumindake tansah netepana wanodya kang wus ora lamban.
Kapindho
Jroning batin,
sungkema marang maratuwa kadidene marang wong tuwamu dhewe. Awit kang padha
mangun bebesanan pangrengkuhe marang putra mantu uga kaya putrane dhewe.
Katelu
Urip ing
madyaning bebrayan agung, wajibe netepi angger-anggering praja lan tata
susilaning pasrawungan. Pikolehe kinasih ing sasama, dimen sinuyudan temah
anjalari gancar salwiring pambudidaya.
Kapingpat
Ngestokna
dhawuhing Gusti Kang Mahaagung lan singkirana wewalering Kang Mahakuwasa.
Wewarahing agama kang den anut, tindakna ing sadina-dina amrih ayem tentrem
miwah rahayu ingkang pinanggih.
PERTEMUAN KE-8
Siraman
- Pambuka/purwaka
- Pamasanging bleketepe sarta jangkeping tuwuhan
- Tatacara sungkeman dhumateng rama ibu
- Doa
- Siraman penganten putri
- Wudlu
- Mecah kendhi
- boyong pengantin
- Pagas tumpeng utawi potog tumpeng
(ibunipun pengantin putri mundhut piring damel wadah pagasan pumpeng
ingkang dados pralambang isen-isening jagat)
- dulangan kaliyan ngucap “lamun sampun tumekaning
sliramu netepi ulah kridaning priya wanodya, mula ywa linggar saka
satataning sanggama dimen bagya mulya yuwana nir ing sambekala”
iki tampanana ya nger rejeki saking gusti ingkang maha dumadi mugi...
- calon penganten putri dipunbeta wonten kamar.
- tatacara pugut rekma (saksampunipun dipun pugut
dipun paringaken wonten gendogfo utawi mangkok).
- nanem rikma.
- dodol dhawet.
Cak-cakanipun panatacara wonten ing
tatacara pasang bleketepe, jangkepipun tuwuhan saha siraman calon
penganten.
Sakderegipun kawiwitan panatacara ngaturaken pambuka
langkung rumiyin kanthi dipuniringi gendhing ingkang jumbuh upaminipain
gendhing agun-agun Pelog Barang utawi gendhing Pramugari.
Mahardikeng tyas ring kamardikan, nugraha miwah sih wilasanippun Gusti
ingkang Mahaagung, mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi
raharja niskala satuhu.
Mligi katur para rawuh ingkang hangrasuk agami Islam ...
Para sesepuh myang pinisepuh
ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pawong mitra
ingkang tansah sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri ingkang satuhu kinasih ing gusti, waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh
kakung putri wreda mudha minulya.
Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti dhawuhipun pamangku gati nuninggih bapak ... (ayah pengantin putri/ yang punya
hajat) sekaliyan keparenga kula pun ... (panatacara) marak ing ngarsa
panjenengan awit ing titiwanci punika kula kadhawuhan mranatacara wonten ing
adicara siramanipun .........(calon pengatin putri)
Para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Burat padha tresning putra,
sisa brama welut wisa, hambok bilih wonten lumunturing sih, mugi keparenga kula anggaturaken reroncen lampah-lampahing tata cara pahargyan/
pawiwahan ing siang menika ingkang asasana ing ... (tempat /nama desa) amarengi hari ... surya kaping... (tanggal ) warsa masehi.
Reroncening tatacara iugkang sampun
karancang nuninggih ingkang sepisan nuninggih pambuka, dwityatcara utawi tatacara ingkang
angka kalih nuninggih pamasanging bleketepe sarta jangkeping tuwuhan ingkang
mangke badhe katindaaken dening bapak...
sekaliyan.
Tatacara candakipun nuninggih
siramanpun calon penganten putri (CPPI) kanti pinurwakan sungkemipun CPPI
dumateng rama ibu.
Mangke ingkang badhe kasuwunan pangestu
kanti hanyirami CPPI nuninggih kajawi bapak ... (pamangku
gati)sekaliyan, ugi ibu... ibu... ibu... ibu... ibu... dene ingkang pungkasan nuninggih ibu ... minangka juru paesing penganten saking sanggar rias....
Ingkang piniji minangka duta saraya
kinarya ngintun toya tumuju wisma
paleremanipun CPPA nuninggih Bapak… sekaliyan. Pagas
tumpeng, pugut rekma ngantos dodol dhawet mangke badhe kapratitisaken dening ibu... minangka
juru paes. Mekaten para rawuh menggah
reroncen lampah lampahing pahargyan ing sonten punika, saklajengipun sinambi
nengga, tumapaking tatacara, sumangga panjenengan sedaya kula derekaken
hanyekecakaken lenggah simambi mangun, oneng, mangun rarasruming driya,
sumangga nuwun.
Menawi sedaya sampun siyaga utawi sampun woten dawuh
bilih pahargyan badhe dipun wiwiti panatacara sasaged saged enggal miwiti
ngayahi damed langkung rumiyen matur dateng para tamu bilih pahargyan badhe
kawiwitan.
Para rawuh
kakung putri wredha muda minulya, samangke sampun tabuh utawi jam … WNIK. Nitik
sasmita ingkang sampun kula tampi, sedaya sampun rumanti saha miranti
ingkang punika nyuwun idi saha pangestu panjenenan, pahargyan ing sonten menika
badhe kawiwitan.
Minangka purwaka utawi pambuka,
sumangga panjenengan sedaya kula derekaken manungkupujabrata sumujud ing sahandhap
pepadanipun Gusti ingkang Mahaagung anut pandam pandon, agami, sarta
gegebenganipun sowang-sowang, estining manah mugi pahargyan ing sonten punika
saged katindakaken kanthi gancar lancar sepi ing sambekala.
Namung mligi katur dumateng para rawuh
ingkang hangrasuk Agami Islam sumangga panjengan sedaya kula derekaken maos
basmalah sesarengan.
Saksampunipun mbikak, panatacara saged nglajengaken,
lampah-lampahing
tatacara.
tatacara pamasanging bleketepe sarta
jangkeping tuwuhan badhe kawiwitan
sumangga
nuwun.
lajeng gendhingipun mungel (kaset dipun setel)
pamangku gati sekaliyan tumuju ing wiwaraning (Capura) pahargyan panatacara
saged njantur utawi nyandra.
Kanthi
asesanti ing lair angudi kardi jroning batin angesthi gusti, jumangkah,
angangkah angungkih gati Bapak... (pamangku
gati) sekaliyan tumuju ing wiwaraning sasana hargya. Saksampunipun tumuju ing
wiwaraning sasana hargya Bapak... (pamangku gati) tumunten minggah undhak-undhakaning
andha saperlu amasang bleketepe nuninggih blarak ingkang sampun kaanam.
Pramila Bapak... (pamangku
gati) masang bleketepe minangka tanda yekti bilih panjenenganipun salah
satunggaling panyengkuyung Trikarsa Budaya nuninggih ndudah, ngrembakakaken
sarta ngegungaken, budaya Jawi tilaranipun para leluhur linuhung Jawi,
mliginipun nulad duk-rikala Nyi Ageng Tarub mantu inggih awit rupeking papan
tumunten yasa eden-eden ingkang dumados
saking kajang. Nut ing jaman kelakone samangke kagantos dening blarak ingkang
sampun kaanam.
Saksampunipun masang bleketepe Bapak... amasang jangkeping tuwuhan nuninggih cengkir gadhing
sarta wulen pantun wontening wiwaraning sasana hargya.
panatacara saged lajeng nyariosaken
werdinipun tuwuhan satunggal baka setunggal nanging kedah ngengeti wekdal
jalaran sasampunipun masang jangkepipun tuwuhan pamangku gati badhe
kasinungkeman dening CPPI.
Ing wiwaraning sasana hargya pinasang
tuwuhan ingkang maneka warni, Pisang Raja, Tebu wulung, ron waringin, ron
alang-alang, ron apa-apa, ron kluwih cengkir gadhing pantun Ian sanes-sanesipun
satuhu amengku werdi.
Pisang
raja mugi calon penganten saged
nulad watakipun pisang ingkang saged gesang ing sadhengah papan. Liripun saged
ajor-ajer, awor kang dhuwur ora katon endhek awor kang cendhek ora katon
dhuwure. Tebu wulung mugi
calon penganten tansah manggih memanis jumbuh kaliyan watakipun tebu ingkang
dados tuk sumbering memanis. Ron
waringin mugi tansah ingayoman dening
nugrahaning Gusti ingkang Mahaasih tundhanipun saged hangayomi sanggya
kulawangsanipun, memayu hayuning kulawarga, memayu hayuning bangsa syukur bage
memayu hayuning bawana. Ron
alang-alang, mugi
anggenipun mangun bale wisma tansah pinaringan wilujeng, tentrem boten mangih
pepalang menapa-menapa. Lan sanes-sanesipun sedaya sampun pinasang jangkep
wonten ing wiwaraning sasana hargya.
Salajengipun pamangku gati sekaliyan tumuju ing pendhapi, ing ngriku panjenenganipun
badhe sinungkeman dening CPPI.
panatacara saged lajeng ngacarani tatacara sungkeman
ugi saged ngaturaken laporan pandangan mata, upaminipun.
Kanthi lampah ndodhok calon pengatin
putrid (CPP) sowan dhateng Rama Ibu. salajengipun kandhes mandhes lair
kandasing batos CPP hangaturaken sungkem sinartan nyuwun pangestu mugi
anggenipun sesuci nut satataning budaya lan agami pinaringan resik sarta suci
lair sarta batosipun, gelar sarta gulungipun.
Brebel-brebel wijiling kang waspa nangis kang
sungkem muwun kang disungkemi
saged ugi dipun lajengaken mawi sekar kagem
ngetingalaken swasana trenyuh nganggem sekar ingkang jumbuh kaliyan swasana.
Mijil
Cilik mula cilaka wak mami
Manggung dadi lakon
Warna-warna wus nglakoni kabeh
Amung siji kang durung nglakoni
Mukti lawan mati
paran marganipun
Utawi saged nginaaken sekar-sekar sanesipun menawi
sungkeman sampun rampung, panatacara lajeng ngaturi pamangku gati sekaliyan
supados nganti CPP tumuju sasana pasiraman saged dipuniringi mawi gendhing
utawi sekar.
Para
rawuh tatacara sungkeman sampun purna salajengipun Bapak… pamangku gati sekaliyan
nganthi CPP tumuju ing sasana pasiraman. Sasana ingkang pinajang-pajang mawi
pepasren ingkang maneka warni. Ing ngriku ketingal palenggahanipun CPP caket kalian
beji minangka wadahing toya setaman. saksampunipun dumigi ing sasana pasiraman,
CPP tumunten citralaka utawi foto sesarengan kaliyan rama dalah ibunipun.
Saksampunipun citralaka Bapak… pamangku
gati nyuntak toya ingkang asalipun saking pitung sumber ing antawis toya kang
kapendhet saking ...(kasebataken
setunggal baka setunggal)
Saksampunipun ngracik toya, Bapak…
lajeng hanyidhuk toya lajeng winadahan ing bokor ingkang kaasta dening ibu … inggih
toya punika ingkang badhe kakintun tumuju wisma paleremanipun CPP kinarya jangkeping
sarana siramanilpun CPP. Ingkang punika kula aturaken dhumateng bapak… sekaliyan
wonten keparengipun jengkar saking palenggahan tumuju ing sasana pasiraman. Panjenenganipun
badhe nampi sindhu setaman saking
bapak… awit ingkang piniji minangka duta saperlu ngintun toya tumuju
sasana/wisma paleremanipun CPP, sumangga nuwun.
saksampunipun
toya dipun tampi risang duta, siramanipun CPPI saged dipunwiwiti namung wonten
ugi ingkang pinurwakan kanthi doa utawi hastungkara menawi dipun wiwiti doa
rumiyin panatacara ugi nyumanggaaken
Para rawuh kakung putri wredha mudha
minulya. Sakedhap walih siramanipun CPP badhe kawiwitan. Namung badhe
pinurwakan kathi hastungkara utawi doa ingkang badhe pinandhegan dening bapak… katur
dhumateng bapak… kula sumanggakaken.
Siraman Wiwit
Siramanipun CPP badhe kawiwitan. Sumangga nuwun.
ingkang nyirami dipun acarani setunggal baka
setunggal saged dipunwiwiti ramanipun CPPI saged ugi juru paesing pinanganten. Panatacara prayoginipun
njantur supados mboten ketingal sepen gending ugi dipunsetel.
Purwakaning
siraman dening ibu… (juru paes). Pancering cipta muhung katujoaken mring ….
CPPI saksana hamurwani hanyirami CPPI, panduking pujo mantram sumbaga. Byur sepisan kasiramaken ing mustaka, nenggih
dununging cipta myang panganggen-angen, padha sanalika sirna sakehing pamikir
dosa, kawawa hamberat sagung sukertaning angga. kaping pindho, bahu kanan kering
handayani seger sumyah bagas waras. Kaping tiga ingkang den gebyur dadha
mangandap dumugi jejempoling pada yeku papan dununging pangrasa satemah dadya
mencorong sumunar prabawa nggeguwung sumunar hanelahi.
Samangke Bapak... badhe
paring pangestu dateng kang putri kanthi hanyirami. Lampahe datan beda kalawan
juru paes denira nyirami sepisan ing mustaka, kaping kalih bahu kanan kering,
kaping tiga dadha mangandhap ngantos dlamaan. Mugi hanyembuh sentosaning manah
deniarsa lelumban ing bebrayan agung. Sumingkir sakehing raos cecongkrahan
tansah hangraket raos kekadangan ing satemah hanguwoh karahayon. Guyub rukun
adhedhasar pangaji-aji pantes tinepa palupi ingkang lire bisa dadi colok
oboring jagad pasrawungan.
Salajengipun ibu
pamangku gati ugi badhe paring pangestu. Mateng
kang putri kanthi nulad lekasanipun bapak…. Kasoking rasa tresna lan asih
marang kang putri gegadhang mugi saged netepi kekudanganipun rama ibu.
Pepuntoning wardaya mantheng ganthenging pangesthi panduking puja lang mantram
sumbaga sinartan antebing tekad. Gumolonging sedya kawawa hambabar karukunan
miwah kawilujengan.
Salajengipun CPP ugi nyuwun pangestu
dumateng Ibu… katur Ibu… kula sumanggakaken. Ibu... sampun jengkar saking papan
palenggahan tumuju ing sasana pasiraman. Salajengipun kanthi patrap ,ingkang
ngarah-arah aririh. Panjenenganipun hanyirami CPP mugi saged hambengkas pancahingdriya
hambabar gelaring hambek paramarta. Tetepa dadya patuladhan utama tumraping
gesang bebrayan agung.
Sampun purna ibu…. hanyirami CPP
tumunten kalajengaken ibu … samangke ugi sampun dumugi ing sasana pasiraman. Ngeningaken
cipta sawetawis, saksampunipun wening ciptanipun, Ibu… hanyirami CPP mugi nyawiji tekadipun nedya
memayu hayuning kulawarga, keplasing cipta muhung hangesthi mring gusti murih
sembada sawegung mangun karuntutan datan ana rasa benthik, sirna watak drengki
srei. Saksampunipun ibu …kalajengaken ibu… kula sumanggakaken.
Ibu… samangke ugi sampun ngasta ciduk. Nyiduk
sidhu setaman, salajengipun cukat cakut anggenipun hanyirami. Panjenengan ugi
tansah nyenyuwun mugi CPP hangudi
raket supeketing kekadangan. Sirik mring cecongkrahan hangraket marang sesama
kebekan ing tepa salira, reksa rineksa, rasa rumongsa, duga prayoga sayekti
bangkit handuwa marang kridhning ndriya kang tanpa tanja. Ing wekasaning saget hambuka wenganing budi lan
pakarti utama.
Kalajengaken Ibu… sumangga nuwun. Ibu… sampun
tumuju ing sasana pasiraman salajengipun gya manungku puja brata nyenyuwun
mring gusti kang akarya jagad. Salajengipun byur ibu… hanyirami CPPI ing
pangajab mugi CPP tansah marsudi runtuting tindak lan ucap lire netepi bawa
leksana, mardawa sarwa prasaja, tebih saking hambek cidra, ngegungaken
pangapura.
Sasamrunipun ibu… CPP ugi nyuwun
panngestu dhateng … ingkang punika katur ibu…
kula sumanggakaken. Ibu… kanthi
pinurwakan waosan basmalah hanyirami CPP. Mugi CPP tansah bekti mring rama ibu
kadang wredha tuwin guru. Gumelar ing pasrawungan tansah mangun karuntutan
satundha kabelik-belik lire manut kalungguhane sowang-sowang. Tan pisan-pisan
agawe serik kang anjalari runtik.
Sampun rampung Ibu… hanyirami CPP
tumunten kalajengaken ibu… katur ibu… kula sumanggaaken. Ibu…samangke hanyirami CPP. Sinartan nyenyuwun mugi CPP tansah
atul nggennya manembah dhateng Gusti. Mugi tansah dados janma ingkang miguna
ing aguna tan ngendak gunaning liyan satemah sambada kang sinedya hanyembuh
wibawa lan sentosa.
yen sedaya sampun rampung anggenipun nyirami saged kalajengaken adicara candhakipun.
Para rawuh ingkang satuhu minulyeng
budi. Samangke calon penganten putri badhe sesuci anut wewarahing agami, kang den rasuk nuninggih
agami Islam. Wudlu ingkang mijil saking lantingan utawi kendhi
ingkang kaasta dening bapak... PG. Sur pancur banyu kendhi sok glogok banyu
genthong, pangestunipun bapak ... sekaliyan tumanduk dhumateng CPP. Inggih
pangestunipun Rama Ibu ingkang dados pamusthi utawi pawitan anggenipun badhe
nglampahi dhaup silakrama benjang enjang. Ngantos telas isining lantingan utawi
kendhi, saksampunipun telas isining lantingan bapak… anindakaken tatacara pecah kendhi utawi mecah
lantingan. Sakderengipun lantingan dipun banting, bapak .... sekaliyan ngendika
“ora pisan-pisan mecah kendhi nanging mecah pamore anakku.” Prollll pecah lantingan
dipunbanting, pecahing lantingan minangka tandha yekti bilih samangke sampun
pecah pamoring CPP. Salajengipun calon penganten putri kabopong dening bapak
… tumuju sasana busana saperlu lukar busana patelesan gantos busana pasadan.
Para rawuh samangke CPP nembe lukar
busana patelesan gatos busana pasadan. Ingkang punika sinambi nengga CPP anggenipun
gantos busana sumangga panjenengan sedaya kula derekaken rerem sawetawis.
mangke hambok bilih CPP sampun rampung anggenipun gantos busana badhe
kalajengaken laksitacara candakipun. Sumangga
para rawuh sugeng rerem nuwun.
Menawi sampun wonten sasmita bilih CPP sampun rampung
anggenipun gantos busana. Panatacara saged anglajengaken tatacara candakipun nuninggih
pagas tumpeng utawi potong tumpeng.
Para
rawuh sampun rampung calon penganten putri anggenipun gantos busana. Pramila sumanga
panjenengan sedaya kula derekaken tumapak wonten laksitacara candakipun
nuninggih pagas tumpeng utawi potong tumpeng. Para rawuh bapak… ingkang amagas
pucuking tumpeng. Tumpeng ingkang sampun kapagas tumunten winadhahan ing piring
ingkang. Dipunasta deningIbu…. Salajengipun ibu… mundhut lelawuhan utawi rampadan ingkang sampun cumawis.
Rampadan ingkang manekawarni, minangka pralambang isen-isene jagad ingkang
manekawarna ugi. Saksampunipun jangkep tumunten kaaturaken dumateng bapak… salajengipun bapak… handulang CPP. Jroning handulang panjenenganipun ngendika “nini ngger anakku lamun wahyaning
mangsa kala sliramu mangun olah kridaning priya wanodya mula ywa lingggar saka
satataning sanggama dimen bagya mulya yuwana lair Ian batin".
Kaping
tiga bapak… anggenipun ndulang. Salajengipun ibu paring toya wening dumateng
CPP. Tumunten gentosan ibu… handulang CPP ingkang paring tirta wening. Jroning
handulang CPP ibu… ngendika "nini
ngger anakku, iki tampanana ya nger rejeki peparinge gusti kang murbeng dumadi.
Pangajab panyuwunku muga sliramu tansah pinaringan kecukupan temah bagya mulya
yuwana lair Ian batin.”
yen sampun
dipunparingi tirta wening dening bapak… lajeng CPP dipunkanthi dateng kamar
awit badhe katindakaken tatacara pugut weni utawi pugut rikma.
Para rawuh, samangke
CPP kakanthi tumuju ing tepas wangi ing ngriku badhe katindaaken tatacara pugut
rikma (potong rambut). Bapak… samangke
hamugut rikmanipun CPP pucuking rikma ingkang kapugut. Salajengipun cinemplungaken
ing kendhaga cinampur kaliyan tirta setaman. Mekaten ugi ibu… ugi amugut rikmanipun
CPP. mangke rikma ingkang sampun pinugut badhe katanam ing papan ingkang sampun
piniji. Para rawuh, samangke bapak… sekaliyan tumuju ing papan ingkang sampun
piniji saperlu nanem rikma ing pangajab mugi ical sedaya mala sukertanipun CPP
ing satemah resik jiwa lan raganipun. Inggih resiking jiwa lan raga ingkang
dados pancadan anggenipun badhe nglampahi dhaup silakrama nut satataning pamarentah
saha agama ingkang den rasuk benjang enjang.
Saksampunipun
nanem rikma ibu… tumaju ing pandhapi saprelu tata-tata badhe nindakaken
tatacara candakipun nuninggih dodol dhawet utawi
sade dhawet.
sampun
ketingal ibu… sekaliyan bapak tata–tata, panatacara saged nglajengaken.
Para rawuh samangke sampun katinggal
ibu… hangindhit senik, jinajaran dening bapak… ingkang ngasta songsong. Salajengipun,
byak binuka songsongipun. Ibu… jinajaran dening bapak… gya jumangkah tumuju
sasana sade dawet. Saksampunipun dumugi ing sasana sade dawet ibu… pinarak
ngasta cidhuk ngudhak dhawet. Salajengipun nyidhuk dawet winadhahan ing gelas
tumunten kaaturaken dhumateng bapak kinen ngicipi kados pundi raosipoun dawet
ingkang badhe kasade.
Ibu… lajeng ngaturaken dawet dumateng bapak… ngicipi dawet. panatacara
nglajengaken ngendikan.
Salajengipun ibu matur ‘piye pak rasane’
bapak ngendika ‘seger sumyah sumrambah wong saomah.’ Salajengipun, bapak
tawi dawet dhumateng para rawuh. Pamangku gati dipunaturi mic kangge tawi
dawet.
salajengipun
panatacara ngambali tawi dhawet dhumateng para rawuh, gendhingipun saged dipun
setel.
Mangga para rawuh panjenengan kula
dhereaken mundhut dawet ingkang kasade dening ibu… mangga-mangga dawet ayu
saking…. damelanipun ibu… Caranipun
kanthi liron kreweng ingkang sampun bapak saha ibu asta.
anggenipun tawi saged dipun wongsal-wangsuli yen
wonten dawet saksampunipun ngunjuk dawet tamu dipun aturi dahar para tamu
lajeng ngaturi daha
Para rawuh, awit pamintanipun pamangku
gati sekaliyan saksampunipun panjenengan ngunjuk dhawet para rawuh ingaturan
mundhut dhaharan ingkang sampun kasamaptakaken dening biyantu karya ing reh
bujana. Ingkang punika sumangga para rawuh, panjenengan kula dherekaken jengkar
saking papan palenggahan tumuju ing sasana bujana mundhut dhaharan kanthi
mardikaning panggalih sugeng dhahar nuwun.
yen anggenipun sade dhawe. rampung
panatacara nglajengaken acara candaipun.
Para rawuh sampun rampung ibu…
anggenipun sadhe dhawet salajengipun badhe tumuju ing patenggan saperlu ngetang
asilipun sade dhawet saha maringaken asilipun sade dawet dhumateng CPP.
Para rawuh kakung putri wredha mudha
minulya setunggal baka setunggal lampahing tatacara pahargyan ing sonten punika
sampun saget katindaaken kanthi raharja. Wahyaning mangsakala wus ndungkap
titipurnaning pahargyan wonten ing sungapaning pahargyan kula pun… hambok bilih
anggen kula ngayahi jejibahan wonten galab gangsuling atur, kitaling basa,
kiranggin subasita myang tatakrama kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
Jagra hangkara winangun, sujana marjayeng westhi puwara kasub kawasa wasita jro
wedha muni. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti. Sugeng sonten sugeng
kondur minangka panutuping atur bilahi taufik walhidayah wasalamualaikum wr.wb.
nuwun, nuwun, nuwun.
PERTEMUAN KE-9
Pasrah
Pengatin Priya
Mahardikeng tyas ring kamardikan
nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung. Mugi anggung sumandha
wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala
satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam. Assalamualaikum wr.wb.
Sabda minangka panggeh, tembung
minangka kekenceng, inggih wacana minangka panancang. Netepi darmaning
kekadangan turta sampun sumanggem mring sesanggeman, keparenga kula marak ing
ngarsa panjenengan, awit titiwanci punika kula kadhawuhan dening bapak… sekaliyan
kinen matur dhumateng bapak… sekaliyan.
Ingkang punika keparenga kula amurweng
gati. Bapak… ingkang minangka sulih sariranipun bapak … sekaliyan ingkang kinurmatan. Sepisan : kepareng matur
bilih sowan kula sakadang saking… ngantos
dumugi ing ngriki tansah manggih wilujeng, boten wonten pepalang menapa. Sedaya
awit saking berkahing Gusti lumantar pangestu panjenengan.
Ingkang angka kalih:
lumantar kulo bapak… sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur dumateng
bapak… sekaliyan. Ngancik
ingkang angka tiga, inggih tritiyeng gati. Pisowan kula mestuti dhawuhipun
bapak… sekaliyan turta jumbuh kaliyan rancangan sowan kulo sakadang. Dalu punika
sampun anganti calon pengantin priya pun…. Pramila tumunten kula pasrahaken
dhumateng bapak… sekaliyan sinartan panyuwun mugi keparenga amaringi wewarah,
wewuruk sangu-sanguning abalewisma.
Bapak… ingkang kinurmatan, sowan kula sakadang ing dalu menika ugi
kinanten uba rampe saha sarat sarana ingkang sanadyan wujud sarta ajinipun
boten sepintena nanging mugi sedaya saget dados sarat sarana murih raket
supeketing kekadhangan ingkang antawisipun keluarga bapak… lan keluargabapak … ing
ngriki. Sedaya kula pasrahaken dhumateng bapak… sekaliyan.
Bapak ... inkang
kinurmatan, kirang trep
hambok bilih anggen kula
matur anggandhar-andhar angendhukur. Pramila, damar mancung cinupet semanten atur kula hambok bilih anggen
kula minangka dados sesulih kathah
kirangipun keparenga hambedhah kuthaning pangapsami.
Miangka panutuping atur wasalamualaikum
Wr. Wb.
Panampi ing Pahargyan Midodareni.
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti
ingkang maha agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung
waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang
angrasuk agami Islam. Assalamualaikum wr.wb.
Tumrap para kadang muslimin, muslimat, asalamualaikum Wr. Wb. Minangka
talangbasanipun bapak ... sekaliyan
kepareng kula pun … nggempil kamardikan para rawuh saperlu ananggapi
pangandikan bapak … sekaliyan ingkang lumantar bapak ….
Bapak … ingkang kinurmatan, trajuning sih saking bapak … sekaliyan ingkang sampun rawuh ing ngriki
satuhu adamel bombong sarta mongkokipun bapak … sekaliyan. Ingkang punika
lumantar kula bapak … sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Salajengipun ugi sampun kula tampi salam taklim saking bapak … sekaliyan tumunten badhe kula aturaken
dhumateng bapak … sekaliyan. Bapak … ingkang minulyeng budhi. Rawuh panjenengan
ingkang sampun anganthi calon pengatin priya pun dimas bagus… adamel suka
gembira manahipun bapak … sekaliyan. Pramila
kanthi raos bombong katampi pasrahipun calon pengantin priya.
Kula ugi ngaturaken panuwun igkang tanpa upami tumrap sedaya sih
peparingipun. Mugi hamimbuhi manunggaling tekad badhe sesarengan ngumpulaken
balung apisah lumantar bebesanan. Salajengipun dhumateng bapak … sakadang
sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken lelenggahan sinambi paring pangestu
mugi calon pengatin anggenipun badhe nglampahi daup silakrama benjang enjang tansah
pinaringan wilujeng nir ing sambekala.
Mekaten atur kula hambok bilih wonten atur kula ingkang kirang mranani
penggalih panjenengan kula nyuwun lumunturing sih samudra pangapsami. Wasalamualaikum
wr. wb.
PERTEMUAN KE-9
Pambagyaharja
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti
ingkang Mahaagung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung
waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang
angrasuk agami Islam. Assalamualaikum wr.wb.
Para sesepuh myang pinisepuh ingkang
pantes sinungkeman. Para sanak kadang sentanawarga pawong mitra ingkang tansah
sinambrama ing pamboja. Para rumaja putra rumaja putri ingkang satuhu kinasih
ing Gusti, waradinipun dhumateng
sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Minangka purwakaning
atur, keparenga kula ngaturaken pambagya wilujeng. Saha ngaturaken gunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan tumrap rawuhipun panjenengan sedaya.
Ing salajengipun, mugi kepareng kula angambali atur uninga. Bilih wontenipun
pajenengan sedaya karawuhaken wonten ing wismanipun Bapak….Ing ri-kalenggahan
punika wigatos kasuwun pangestu saha kasuwun anjenengi anggenipun amiwaha putrinipun
ingkang asesilih… pikantuk putra panenggaipun Bapak… sekaliyan saking …
ingkang akekasih ….
Lumanthar kanthi puja-puji panjenengan sedaya, mugi-mugi Gusti ingkang
Mahatunggal aparing nugraha agung dhumateng pengantin kekalih minggahipun
ingkang sami mangun bebesanan. Mugi saget ambabar karahayon. Guyub rukun
rerentengan-reruntungan anggenipun sami mangun bebrayan/balewisma enggal,
widodo nir ing sambekala. Mugi kadumugen kang sinedya, ing satemah mahanani
bagya mulya yuwana lair lan batos ing donya prapteng dlahan.
Boten kasupen Bapak… ngaturaken angunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Paringipun dana ingkang maneka warni, ingkang boten saget kaaturaken satunggal
baka satunggal. Pamangku gati sekaliyan boten saget caos tetimbangan
punapa-punapa. Kejawi amung tansah nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang
Murbengtitah. Mugi kepareng anglunturaken sih nugraha dumateng panjenengan
sedaya, satraju kaliyan sih kadarman panjenengan.
Ing wasana dammar mancung cinupet semanten atur kula. Hambok bilih wonten
muna muni, tandhang graying, kitaling basa, lan kiranging subosita kula titah
sak wantah nyuwun agunging samudra pangaksami.
Panatacara
Membuka Acara.
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti
ingkang Mahaagung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung
waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang
angrasuk agami Islam. Assalamualaikum wr.wb.
Para sesepuh myang pinisepuh
ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pawong mitra
ingkang tansah sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri ingkang
tansah kinasih ing Gusti, waradinipun
dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti dawuhipun pamangku gati nuninggih
bapak … ayah pengantin putri/yang punya hajat) sekaliyan keparenga kula
pun … (panatacara) marak ing ngarsa panjenengan awit ing titiwanci
punika kula kadhawuhan mranatacara wonten ing pawiwahan dhaupipun … (nama
pengantin putri) putrinipun bapak… ayah pengantin putri) sekaliyan,
kaliyan dhimas … (nama pengantin laki-laki) priyatmajanipun bapak…(ayah
pengantin putra) sekaliyan saking….
Para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Burat padha tresning putra,
sisa brama welut wisa. Hambok bilih wonten lumunturing sih. Mugi keparenga kula
anggaturaken reroncen lampah-lampahing tatacara pahargyan/pawiwahan ing siang punika ingkang asasana ing…(tempat/nama
desa) amarengi hari…surya kaping…
(tanggal) warsa masehi.
Menggah reroncening tatacara pahargyan/pawiwahan ing siang menika
nuninggih.
1.
Sepisan pambuka utawi purwaka.
2.
Dwi tyat cara utawi tatacara ingkang angka kalih. Praptanipun
calon penganten priya ing sasana hargya tumunten kalajengaken pasrah
panampining pengantin priya. Pasrah pengantin priya mangke badhe katindakaken
dening bapak…(wakil orang tua pengantin priya), dene panampi
mangke badhe katindakaken dening bapak …(wakil orang tua pengantin putri).
3.
Purnaning pasrah panampining pengantin priya tumunten
badhe kadhaupaken nut tatacara adat Jawi tilaranipun para leluhur linuhung Jawi.
4.
Panggihing pengantin ing mangkeh badhe karegengaken
dening ibu…(nama juru rias) saking sanggar rias… kalebet tatacara candakipiun
ngantos sungkeman utawi ngabekten sedaya mangke badhe kapratitisaken dening
rising juru paes ( juru rias).
5.
Tatacara candakipun atur pambagyaharjo saking pamangkugati
sekaliyan ingkang badhe katindakaken dening bapak… (wakil orang tua
pengantin putri) ingampingan/jinajaran dening bapak… (nama orang yang
mendampingi) tuwin bapak … (ayah pengantin putri.)
6.
Sak-paripurnaning pambagyaharja, para rawuh kepareng
paring pudyasta warja, pudyastuti dumateng pengantin sekakaliyan minggahipun
ingkang sami mangun bebesanan kanthi ajawat asta utawi salaman.
7.
Saksampunipun paring pangestu kanti ajawat asta, para
rawuh ingaturan tumuju ing sasana bujana saperlu mundhut unjukan sarta daharan
ingkang kasamaptaaken dening para kadang biyantu karya ing reh bujana nuninggih
para kadang saking … (Catering).
Mekaten para rawuh reroncen lampahing tatacara pawiwahan ing siang punika. Ing salajengipun
sinampi nengga tumapaking adicara saha tatacara sumangga panjenengan sedaya
kula derekaken hanyekecakaken lenggah sinambi mangun oneng mangun rarasruming
driya utawi kangen-kangenan. Sumangga nuwun.
Nutup
Pahargyan
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan setunggal
baka setunggal lampahing tatacara pahargyan ing dalu punika sampun katindaaken
kanthi raharja. Wahyaning mangsa kala wus ndungkap titipurnaning panargyan. Wonten
ing sungapaning pahargyan kula pun… ingkang piniji pinitaya minangka panatacara
hambok bilih anggen kula angayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur kiranging
subasita myang tatakrami kula nyuwun lumunturingsih samudra gung pangaksami.
Ngaturi
Dhahar Para Tamu
Para rawuh kakung putri wredha mudha
minulya samangke sampun tabuh…(jam/waktu) wekdal nuswantara iring kilen
(WNIK). Pahargyan ketingal saya muyeg, regeng turta guayeng. Gayeng regengipun
pahargyan kejawi awit sinengkuyung dening para kadang pamangku gati ingkang
sinepuhan dening …(ketua panitia). Ugi awit saking rawuhipun para
sesepuh, pinisepuh sanak kadang ingkang sedaya tansah sok glogok angenipun
paring pangestu. Sedaya adamel bombong
manahipun pinangantin kekalih langkung-langkung pamangkugati sekaliyan.
Ananging saksampunipun kula taliti kanti premati pangestu panjenengan dereng
nama jangkep menawi panjenengan dereng
kepareng minangkani panyuwunipun pamangkugati sekaliyan. Panyuwunipun namung
setunggal, para rawuh ingaturan jengkar saking papan palenggahan tumuju ing
sasana bujana. Panjenengan sedaya ingaturan mundhut unjukan sarta daharan
ingkang sampun kasamaptakaken dening risang biyantu karya ing reh bujana.
Ingkang punika sumangga para rawuh. Sugeng dhahar sugeng ngunjuk kanthi
mardikaning penggalih. Simanbi midangetaken ungeling gendhing-gendhing ingkang
kaaturaken dening kadang paniti pita swanten. Sumangga nuwun.
Wasita Adi (Kata-Kata Mutiara)
-
Triprakara kang tankena kapurba dening pangwasaning
manungsa, siji tekaning kabegjan, loro temuning jodho, telu tibaning pati.
-
Manungsa wenang angrancang, muhung gusti kanga
paring pasti. (Ki Nartosabdo)
-
Ing lair angudi kardi, jroning batin angesti gusti. (Ki Nartosabdo)
-
Sapa sugih sedulur sasat sugih apager wesi. (Jawi Kina)
-
Sapa weruh panuju bakal rahayu lan bakal katekan kang
dituju. (Jawi Kina)
-
Sapa tekun kanthi ateteken mesti bakal katekan. (Ki Nartosabdo)
-
Aja lali sumber mundhak aber, lali sumber bakal
ketiwasan. (Ki Nartosabdo)
-
Sing sapa mbibiti ala wahyune bakal sirna. (Ki Nartosabdo)
-
Kridhaning ati tan bisa mbedhah kutahing pasti, budhi
dayaning manungsa ta kuwawa handhuwa garisig kang kuwasa. (Ki Nartosabdo)
-
Muga-muga jeneng ira (pengantin kekalih), tansah
pinaringan nugrahaning gusti kang maha mirah lan maha asih. Pinayungan ing
kayuwanan, ayem, tentrem, sepi ing sambekala, linuludhan drajat semat pangkat
sarta sinandhangan ing suka basuki, wirya widodo. ( Ki Ageng Sarwadi Probowidjojo)
-
Dak kekudang mugi sira bisa-a angayomi, angayemi, angayani,
sarta angayani sakulawangsane. (Ki Ageng
Sarwadi Probowidjojo)
-
Dak gegadhang ing tembe dadya janma pinasthika kang
kasinungan triprakara. Guna, gunem, myang gunawan. Guna, lire kasinungan kapinteran
lan migunani bebrayan. Gunem, werdine micara sarta mardawa basa. Gunawan,
tegese anteng lan antep. (Ki Swagotra)
-
Muga-muga pinanganten
kekalih jroning lironsih padha tansah silih asah, silih asih lan silih asuh, tan
pisah sarikma pinara sasra. (Ki Swagotra)
-
Mugi-mugi pinanganten kekalih tansah atut-runtut
renggang gula kumepyur pulut guyub rukun rerentengan reruntungan ing donya
prapteng delahan. (Ki Swagotra)
-
Mugi mugi sri-pengantin kekalih minggahipun ingkang
sami bebesanan. Sanityasa manggiha nugraha, bagya mulya, yuwana lair batos,
wiwit saking marcapada dumugi ing lokabaka. Linuludan ing drajat, semat,
keramat sarta sinandhangan ing suka basuki.
-
Dadosa tiyang ageng ingkang agung, ageng
kalenggahanipun sarta kawibawanipun miwah agung bebudenipun. Antrang bebasan
her-gung raja manung, dasar sugih, sigih turta sembada ing samudayanipun.
-
Sagah kajibah, mingkuh katempuh para rawuh, labet
saking awrat angemban
ayahaning gati, turta sampun sumanggem liring sesanggeman,, pramila mboten
sakadaring lampah sagaduking manah, senadyan anempuh bebasan ateken janggut
asuku jaja, wewangsalan mrica kecut waton muni, mugi keparenga kula ngaturaken
gupitaning wacana reroncen saastra wosing sedya kanthi reringkesan.
-
sabda minangka panggeh, tembung minangka kekenceng,
inggih wacana minangka panancang mugi keparenga kula mangejawantahaken
bebundhelaning cipta sumirating rasa, tuwin pagedhonganing karsa anggen kula
piniji ing kardi, pinitaya ing karya
nuninggih amasrahaken calon penganten priya. (Ki Swagotra)
-
wijang wijiling wicara, cetha ngegla wahyaning wacana,
ing satemah kawawa amiyak warana narbuka sedyatama, tumandhuk dumateng para
sesepuh miwah pinisepuh ingkang sampun kepareng rawuh wonten ing wisma
pahargyan punika.
-
Kemrungsunging cipta kumrengsenging rasa,
kumrangsanging karsa, mahanani tuna dungkaping karya, sandhe kang sinedya,
kadya sumumpel ing jangga ing satemah tan bangkit angandika pribadi. Daya-daya
anglintir jejibahan, mitaya sulih sarira sung pudyastawarja. (Ki Swagotra)
-
Peputra ginadhang-gadhang dadya taruna ngungkuli bapa. Ywa kongsi mrucut
saka kekudangan, ucul saka ngembanan, nalisir saka rerantaman, myang ywa kongsi
linggar saka kautaman. (Ki Swagotra)
-
Dadya janma pinastika mustikaning pra sujanma kang
kawawa nahen hawa, bangkit angendali diri. Sanityasa karyenak tyasing sesama,
nindakake trikarsa budaya, amemayu hayuning bawana. (Ki Swagotra)
-
Aja kesusu ngluputake benering liyan, lan aja sumengka
andhaku sarta mbenerake lupute dhewe. (Ki Nartosabd
PERTEMUAN KE -10&11
Wataing Dina lan Pasaran
Dina
|
|
|
|
|
|
No
|
Dina
|
Watak
|
Angka
|
|
|
|
1
|
Senin
|
Soma
|
4
|
|
|
|
2
|
Selasa
|
Anggara
|
3
|
|
|
|
3
|
Rabu
|
Budha
|
7
|
|
|
|
4
|
Kamis
|
Respati
|
8
|
|
|
|
5
|
Jumat
|
Sukra
|
6
|
|
|
|
6
|
Sabtu
|
Tumpak
|
|
|
|
|
7
|
Minggu
|
Radite
|
|
|
|
|
Pasaran
|
|
|
|
|
|
1
|
Pon
|
Palguna
|
|
|
|
|
2
|
Wage
|
kresna/
cemengan
|
|
|
|
|
3
|
Kliwon
|
Kasih
|
|
|
|
|
4
|
Legi
|
Manis
|
|
|
|
|
5
|
Paing
|
Jenar
|
|
|
|
|
Tuladha Salam Pambuka
Islam, Assala-mualaikum warrahmatulla-hi wabarakatuh
Kristen, Sih rahmat lan tentrem rahayu saking allah rama kita tuwin gusti yesus
sang putra mugi tansah wontena ing kita sedaya.
Hindhu, aum swasti astu
Salam Umum/Netral
-
kula
nuwun
-
winantu
ing pakurmatan
-
mahardikeng
tyas ring kamardikan
-
kasugengan
miwah katemtreman mugi kasarira ing kita sedaya.
-
Nugraha
gung mugi tansah lumuntura dating kita sawegung.
-
Nugraha
miwah sih wilasanipun gusti ingkang aha tunggal, mugi sanityasa sumandha wonten
ing jiwanggo kita, waradin sagung dumadi, raharjo niskala.
-
Kasugengan,
katentreman kabagyan, kamulyan, miwah pepajaring gusti ingkang maha tunggal
mugi tansah kasarira ing jiwaraga kita, waradin sagung dumadi.
-
Winantuing
panembrama.
-
Winantu
ing santi puja
-
Winantu
ing palingga murda
Nglenggahaken
Temanten Putri
Sampun
wonten sasmita bilih sri temanten putri anggenipun ngrasuk busana wontening
tepas wangi (kamar penganten) sampun
paripurna. Tumunten kalenggahaken ing sasana rinengga (pelaminan) ingkang
dipunkanthi Ibu …saha Ibu …. Tindakipun sri penganten putri ambabar Ketawang Puspawarna.
Mencorong
pindha barleyan sumorot pindha srengenge, lah menika ta atmaja sri penganten
putri nimas ayu …. Kinanthi manjing ing sasana kursi rinengga (pelaminan). Yekti
sang pinanganten putri pinunjuling warni. Bebasan pucuk rambut tumekaning pada
ampeyan tan wonten kuciwanipun. Apa ta
agemanira?Angagem cundhuk mentul ingkang winangunkalawan cundhuk wulan tumanggal.
ebah-ebah kinarya lumampah pindhane wanodya kang ngawe-awe marang
pacangane. Ukel rinengga puspita
katumpangaken ing jaja pindhane teksaka
ingkang nedheng lumampah (ula mlaku).
Ageman kebaya warni cemeng sinulam benang emas, dhasar angagem sangsangan
rukmi mila kasoroting pandhang pating
calorot pating galebyar kaya lintang aliyan.
Sinjang sidomukti, kacetha bilih
sri penganten nedya nggayuh kamukten gesangipun. Ngagem canela warna langking (cemeng
) sinulam benang emas. Lumaksana
lon-lonan yen cinandra tanpa beda prameswari nata. Nalika samana risang
temanten putri wus lenggah anggana raras (piyambakaan). Jroning manah hamung
tansah hangengrantu (nengga) rawuhipun kang garwa.
(gendhing
suwuk/mandheg)
Temanten Kakung rawuh.
Sagung para tamu kakung putri
ingkang winantu ing kamulyan. Katingal mancorong tejane nenggih warnane
temanten kakung pun bagus … kairing rama
ibu sekaiyan, menapa dene para kluwarga. Tumunten tumuju dhumateng sasana
wiwaha.
Tindakipun sri penganten kakung kinurmatan ungeling Ladrang Wilujeng. Bagus warnane anom dhasare tur sembada wiratama
nenggih menika ta risang penganten kakung pun bagus …. Apa ta agemanira? ngagem
dhestar pinarada mas byur, sesumping kembang kanthil, kekalung melathi rinonce.
Agemanira cemeng sinulam benang mas sami kang garwa. Paningset cindhe, epek
baludru, wangkingan warangka ladrang ukiran nunggak semi. Ponang kang wrangka
pinaringan sekar melathi, ebah-ebah kinarya lumampah tanpa beda kaya jejaka
kang ngawe-awe marang pacangane.
Sinjang sidomukti sami kang garwa
kinasih, canela warni cemeng nggameng. Bagus bergas tanpa beda kaya narendra
gung ingkang nedya sinewaka. Nalika samana denya lumampah sampun dumugi ing
papan pawiwahan, tumunten kaadani titilaksana upacara pasrah-panampi penganten
kakung, nuwun.
PERTEMUAN
KE 12&13
Panggih
Wus
ndungkap wahyaning mangsakala panggihing sri penganten nenggih Ayu … lan Bagus ….Ungeling
lancaran kodhok ngorek mangungkung kadi canthuka nggegantang mangayubagya
panggihing penganten. Kocapa kang cinarita, nalika samana lampahnya sang
temanten wus celak-wus celak, saksana sami pepandengan catur netra temah mbabar
daya pangaribawa ngantos mahanani geter jroning nala. Dupi wus caket sigra
risang temanten kakung ambalangaken sedhah lininting ingkang sinebat gondhang
tutur.
Gentos sang penganten putri ugi
ambalangaken sedhah lininting ingkang sinebat gondhang kasih. Apa ta werdine
ron suruh, Ron suruh lumah lan kurebe
yen dinulu seje rupane , lamun ginigit tunggal rasane Mengku teges nadyan sajuga priya sajuga
wanita, nanging sampun manunggal cipta rasa lan karsane nedya mangun bebrayanan
kanthi pancadaning palakrama.
Saksana risang penganten putri
lenggah timpuh sarwi sumembah dhumateng kang raka, mengku pasemon arsa setya
bekti dhumateng guru laki ngantos sak
lami-lami. Sigra sang penganten kakung ngidak tigan. Ponang kang tigan
kapidaking pada tengah pecah … saknalika, kaprahing tembung ngidak wiji dadi,
kinarya pralampita nedya misah kaliyah rama-ibu, nedya madeg bale wisma mandireng pribadhi.
Daya-daya risang penganten putri
hamijiki pepadaning kang raka mawi toya sekar setaman ingkang winadhahan bokor
kencana. Apa ta werdine. Bilih suku menika kagem tindak lire…..ngicali tindak
tanduk sikep laku pakarti ingkang mboten sae. Sakathahing sambekala bisoa sirna,
sebel sial bisoa uwal, pepalang bisoa ilang hawit saka pangaribawaning Kang
Maha Wikan.
Katingal jumeneng jajar sri
temanten, daya-daya Ibu … nyingebaken sindur dhumateng pundhakipun sri
penganten, dene pucuking sindur kaasta panjenenganipun bapak … binayangkari sri-penganten manjing ing sasana
pawiwahan. Apa ta werdine kang rama wonten ngajeng? Lire tansah hanenuntun dhumateng sri temanten
saha lumakua dalan kang bener tuwin
pener. Dene kang Ibu mapan wonten wingking tansah tut wuri handayani. Yekti
limang prakara kang tanpa bisa ngungkuli
garising Kuwasa: siji pesthi, loro
jodho, telu wahyu papat kodrat lima bandha donya, sedaya hamung
kapurba-kawasesa wonten astaning Gusti Kang Mahakuwasa. Pambudidayaning
manungsa mboten saget ngungkuli garisang Kawasa, kridhaning ati tan kuwawa
mbedhah kuthaning pasthi.
Nalika
samana sampun dumugi ing sasana kursi rinengga. Tumunten kalajengaken adat
Krobongan, kawiwitan saking upacara bobot timbang/pangkon. Panjenenganipun bapak
hamangku putra pinanganten, ingkang kakung mapan ing jejengku kanan dene kang
putri mapan ing jejengku kering. Salajengipun kang Ibu mundhut pirsa. “abot
endi bapakne? putramu sakloron iki abot endi bapak? Lajeng dipunwangsuli,”Padha abote ibu. Muga-muga putramu sakloron iki
timbang katresnane lan timbang gegayuhane bu”
Tumunten kalajengaken tanem jero
ugi winastan nglenggahaken sri temanten, bebasan nandur becik tukhul becik,
jenak jinem tentrem ayem anakku sakloron anggone jejodhohan nganti kaken-kaken lan
ninen-ninen.Menggah adicara candhakipun nuninggih upacara kacar-kucur. Kacar-kucur dumados saking
palawija, kacang-kacangan, kedele jagung
jinangkeban wos jene, dlingo-bengkle, arta logam receh ingkang
winadhahan klasa Bangka utawi tilam lampus. Mengku surasa piyantun kakung kang
wus mangun bale wisma wajib maringi nafkah lahir batin marang garwane,
langkung-langkung babagan arta.
Samanten ugi piyantun estri anggone
ngecake ya kudu gemi, nastiti,
ngati-ati. Piyantun putri sampun ngantos boros. Menawi boros sami kaliyan
kancane setan. Sakparipurnaning kacar-kucur, tumunten kalajengaken dhahar
walimah. Dhahar ingkang namung setunggal piring kadhahar temanten kakung putri.
Ingkang sepisan temanten kakung bagus … ngladosi dhumateng kang garwa. Kosok
wangsulipun temanten putri ayu …ugi angladosi dhumateng kang raka.
Rampung anggenipun sami dhahar
kalajengaken ngunjuk toya wening sesarengan, minangka pralampita bilih
saklebeting bebrayanan. Bungah-susah,
padhang peteng, ngrekasa-mulya tansah dipun-lampahi sesarengan kanthi linambaran
tresna asih. Inggih raos tresna asih menika ingkang saged nglestantunaken
anggen mangun bale somah ngantos kaken-kaken, ninen-ninen. Amien.
Sungkeman
Para tamu kakung putri ingkang kinurmatan. Saksampunipun Bapak/Ibu … rawuh
lan pinarak lenggah, daya-daya sri penganten badhe sungkem wonten ngarsanipun
rama lan Ibu, esthining manah mugi-mugi anggenipun mangun bale somah tansah
manggih kawilujengan lan karaharjan, kanthi kinurmatan ungeling ldr mugi rahayu.
Lamat-lamat kapyarsa ungeling ladrang
mugi rahayu, hangiring dhumateng sri penganten badhe sungkem dhumateng rama lan
ibu. Saksana jengkar saking lenggahipun risang pinanganten, tumunten kalolos
dhuwungipun menapa dene canelanipun.
Sigra lumaksana angeka pada (laku dhodhok) marak sowan dhumateng
ngarsanipun Bapak/Ibu …
Saksampunipun dumugi ngarsanipun rama lan
ibu. Singra lenggah timpuh wadana tumungkul hamarikelu muka yayah konjem ing
bantala. Ponang asta nyungkemi dhateng jejengku kanan ingkang rama.
Sepisan : Sri penganten ngaturaken sembah
pangabekti dhumateng rama lan Ibu, lan ugi nyuwun pangapunten sedaya dosa lan
lepatipun kang putra.
Kaping kalih :
sri penganten nyuwun pangestu mugi-mugi
anggenipun bebrayanan manggih kawilujengan. Nalikanipun Bapak/Ibu … dipunsungkemi kang putra, sigra
karangkul sri penganten kekalih sarwi angelus-elus rikmanipun, angepuk-epuk
pundhakipun. Jroning batos Rama Ibu tansah hanyenyuwun dhumateng ngarsaning
Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih mugia tansah paring pangayoman dhumateng sri
atmaja penganten.
Nalika temanten sami sungkem
dhumateng rama ibu, temah ambabar daya pangaribawa. Swasana dados dhedhep
tidhem mboten wonten ingkang nyabawa, bebasan ron-ronan datan obah samirana
datan lumampah. Sekar sami megar maweh ganda arum mangambar-ambar, kaya-kaya asung
pakurmatan dhumateng sang pinanganten. Sedaya para tamu kakung putri, para
pinesepuh sesepuh sami trenyuh mirsani penganten ingkang nedheng sungkem
dhumateng kang rama lan ibu.
Ing mangke sri temanten gentos
sungkem dhumateng Bapak/Ibu … Nalikanipun temanten sungkem sakala Bapak/Ibu … nggregel
trenyuh ngondhok-ondhok jroning manah, ngantos mboten karaos medal eluhipun,
temah tumetes dhawah ing pangkon pindhane kados
mutiara ingkang dhawah. Rumaos bombong, mongkog lan bingah …. dene sri
penganten sampun jumbuh lan gambuh gegayuhanipun. Sarwi dipunweling supados
rinten dalu tansah manembah dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi supados
gesangipun saged lestari kang kaesthi, sembada kang jinangka, rahayu kang
tinuju.
Panyandra
Panggih
Tri Prakara kang tan kena kapurba dening pangwasaning manungsa. Siji tekaning
kabegjan, loro temuning jodho telu
tibaning pati. Inggih awit
berkahing Gusti lumantar pangestunipun para rawuh, samangke penganten badhe kadhaupaken nut tatacara adat Jawi tilaranipun
para leluhur linuhung Jawi. Penganten priya samangke sampun kakanthi tumuju ing
sasana dhaup. Mekaten
ugi penganten putri sampun kakanthi mandhap saking sasana pinajang tumuju ing
sasana panggih. Saya caket anggenipun lumampah mangkana panganten wus apagut
tingal. Nulya penganten ya kendel satataning netya tumungkul pertiwi wandanane. Ngeningaken
cipta nyenyuwun dhumateng Gusti
ingkang akarya jagad inggih Gusti ingkang Mahaagung.
Plok….. penganten gya
amurwani laksitaning tatacara panggih. Dhumawahing gondhang tutur saking
pambalanging penganten priya tinimbangan dening keplasing gondhang asih saking
regemaning penganten putri. Patitis pambalanging penganten. Gondhang tutur
dumawah wonten ing wonga-wonganing penganten putri pindha keplasing warastra asmara
lungit nunjem telenging jejantungira. Sang dyah ayu pepujaning nala. Dene gondhang
asih dhumawah ing pucuk jempolipun penganten priya kadya suka pepeling mring
penganten putri murih tansah mestuti mring wewarahing garwa.
Salajengipun, penganten priya gya ngidak wiji adi. Prolll... pecah tigan
tinapak ing pada. Pecahing tigan minangka tandha yekti bilih sampun dhumawah
wahyaning mangsa kala penganten kekalih anggenipun badhe mangun ulah kridaning
priya wanodya, mrih marem careming salulut. Penganten putri gya amijiki
ampeyanipun penganten priya. Ing pangajab mugi risang sakaning balewisma resik sarta suci
lair lanbatosipun gelar sarta gulungipun. Saksampunipun winijian ampeanipun dening
penganten putrid. Kanthi linandhesan rasa tresna lan asih penganten priya anglanting
kang garwa kinen jajar wonten ing sisih keringipun penganten priya.
Penganten tumunten sinengeban sindur dening kang ibu... saksampunipun sinengkeban
kanthi patrap ingkang ngarah-arah aririh. Sinartan santi puja mring Gusti kang
Mahaasih. Bapak… tumunten anganti penganten sekaliyan tumuju ing sasana
pinajang. Nuninggih sasana ingkang pinajang pajang mawi pepasren ingkang
manekawarni. Ing ngriku ketingal ngegla dampar palimanan palenggahanipun
penganten sarimbit. Saksampunipun dumugi wonten sasana pinajang tumunten
katindakaken tatacara bobot timbang. Penganten samangke kapangku dening bapak …
penganten priya wonten ing suku kanan deneng penganten putri wonten ing jengku kering.
Tatacara bobot timbang tandha yekti bilih pangrengkuhipun bapak …sekaliyan
dateng putra mantu tan beda kaya putrane dhewe.
Saksampunipun nindakaken tatacara
bobot timbang Bapak…gya jumeneng ngeningaken cipta nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang
Mahaagung. Wening ciptaning Bapak…tumunten nglenggahaken penganten sekaliyan
jajar sumandhing wonten ing dampar palimanan. Tatacara candakipun samangke ingkang
badhe kagelar nuninggih tatacara kacar-kucur utawi tatacara guna talikrama. Ubarampenipun
tatacara kacar-kucur nuninggih kacang kawak, dele kawak, redana lan
sanes-sanesipun samangke ugi sampun kasamaptakaken dening risang biyantu karya
ing reh ubarampe kapasrahaken penganten sekaliyan.
Saklajengipun gya sinuntak sok glogok dening pengantin priya katampi
dening penganten putri kacang kawak atuta kang dadi sanak, kacar kucur atuta
kang dadi sedulur. Salajengipun liron guna kas kaya ingkang sampun katampi
dening penganten putri gya binundelan. Saksampunipun binundelan tumunten badhe
kaaturaken dhumateng kang ibu, kinen sinimpen wonten ing pedaringan. Minangka
pamusthi utawi pawitan anggenipun mangun balewisma.
Tatacara gunatalikrama sampun
rampung samangke badhe kagelar tatacara boja krama, dhahar kembul utawi kaprah
sinartan dulangan, ubarampenipun ugi sampun kasamaptakaken. Saklajengipun
kanthi linandhesan rasa tresna lan asih penganten gya dulang-dulangan, mangkana
hab-hab sesendhok mboko sesendhok. Werdinipun tatacara boja krama anut
andharanipun kanjeng R.M. Yosodipura saking keraton Surakarta Hadiningrat nuninggih
pralambang ulah kridaning priya wanodya utawi sanggama pramila wonten ing Surakarta
Hadiningreat tatacara boja krama katindakaken wonten ing kamar penganten nuting
jaman kelakone samangke katindakaken wonten ing sasana pinajang-pajang utawi
sasana rinengga.
Toya wening ugi samangke sampun
kasamaptakaken gya kainum sesarengan dening penganten. Sruput
glenggeng-glenggeng seger sumringah raosipun toya wening ingkang sampun kainum.
Ing pangajab mugi penganten sekaliyan anggenipun ngancik tatanan inggal tansah
manggih bagya mulya yuwana lair lan batos. Ayem tentrem jumbuh kaliyan
watakipun toya ingkang ngadahi daya asrep.
Para rawuh kakung putri wredha mudha
minulya tatacara boja krama sampun rampung. Katur bapak… sekaliyan sumangga
panjenengan kula derekaken jengkar saking papan palenggahan tumuju ing sasana palereman
hangaturi risang besan. Samangke sampun
lumebet ing sasana hargya. Rawuhipun gya pinapak dening pamangkugati sekaliyan.
Mangkana ingkang mangun bebesanan gapyuk gya ajawat asta, risang besan tumunten
ingaturan tumuju ing sasana pinajang saklajengipun ingaturan pinarak wonten
palenggahan ingkang sampun sumadya awit sekedhap malih badhe sinungkeman dening
pengantin sekaliyan.
Para rawuh tatacara sungkeman utawi
ngabekten badhe katindakaken namung sakderengipun katur bapak… wontena
keparengipun tumuju ing sasana pinajang saperlu anglolos duwungipun penganten
priya. Lilnolos duwungipun, penganten priya nganti kang garwa sowan dhateng
rama ibu saperlu badhe ngaturaken sungkem sinartan nyuwun tambahing pangestu mugi
anggenipun mangun balewisma wilujeng tentrem sepi ing sambekala. Kanthi lampah
ndodok anggenipun sowan, saklajengipun kandhes mandhes lair kandhasing batos
penganten gya ngaturaken sungkem.
Ketingal brebel-brebel wijiling kang
waspa. Nangis kang sungkem muwun kang disungkemi. Sinuntak pangestunipun rama
ibu tumandhuk dhumateng penganten sekaliyan inggih pangestunipun rama ibu
ingkang dados pamusthi. Pinaringan pangestu dening rama ibu penganten manunggal
lair lan batosipun badhe netepi kekudanganing rama ibu guyub rukun ing donya
prapteng dlahan kanthi linandesan ing rasa tresna lan asih mawadah worohmah.
Jumbuh kaliyan dawuhipun Gusti ingkang cinitra ing serat arum ayat 21: Wamin
ayati anqolakqolakum min anfusikum azwaja litaskunu ilaiha wajaala bainakum mawadatan
warohmatan inafi dalika laayatin lika umi yatakafarun. Ingkang
saripatinipun: Lan sakperangan saka tandha pangwasaning Gusti, inggih punika Gusti
sampun nyipta jodho kanggo sira kabeh saka jinisira. Gusti uga wus nyipta rasa
tresna lan asih supaya urip ira padha tentrem babrayan karo dheweke. Kang
mangkana iku satemene minangka tandha pangweasaning Gusti tumrap wong-wong kang
gelem hamemikir.
Cethanipun, saksampunipun pinaringan pangestu dening rama ibu penganten
kalebet janma tama kang wus antuk nugraha, titianipun nityasa hamemangun marta
martini pasrah sumarah mring Gusti, sembahyang tarak brata myang tapa brata.
Wewangson ingkang nate kababar dening anung-anunging budhaya Jawi
nuninggih Ki Nartosabdo ingkang nate ngendika mekaten: Kang eling gusti
bakal mukti, lali sumber bakal aber tansah hamemangun karyanak tyasing sasama
hangaksama mring sama samaning dumadi. Asung pitulungan mring janma kang pantes
tinulung. Asung sandhang kang kawudhan, asung teken kang kalunyon. Asung boga
kang kaluwen kanthi rasa tresna rame ing gawe sepi ing pamrih.
Langkung-langkung sakderengipun
penganten anglampahi dhaup silakrama ugi sampun pinaringan pitutur mliginipun
saking bapak … ingkang kala semanten sampun paring wursitawara kanthi hametik
hasta brata. Hasta wolu, brata lampah.
lampah wolung prakara nulad watakipun alam kang gumelar: surya, candra,
kartika, mendhung, geni, bumi, banyu sarta angin. Mliginipun ingkang watak rembulan
sampun rumasuk wonten sanubarinipun penganten kekalih. Jumbuh kaliyan wewangson
kina ingkang ungelipun kados mekaten: sasi brata umarsa kang rat kabeh guyunta
mamanis yatulya amerta ulahta merdu komala myang katon. Asing matuha panditat
swagotran. Menggah werdinipun utawi saripatinipun kula mboten mangertos.
PERTEMUAN KE-14&15
Panyandra
Kirab Kanarendran
Rampak
runtut swaranya angayut-ayut, lah punika ta wau swaraning pradangga, ambabar
Ketawang Langen Gita Srinarendra, umiring tindakira sekaring pahargyan
pawiwahan, anenggih sang pinangantyan kekalih, ingkang arsa kirab, nulad adi
endahing budaya.
Sinten
ta ingkang sinaraya anawung kridha minangka pangarsaning lampah ingkang sinebat
subamanggala; satuhu punika ta panjejenganipun Bapak… dhasar dedeg pidegsa
apangawak prabata, sembada ing driya tan
amingkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karya. Kasembuh wiwit nalika
timur mula anggung ginunggung ginala-gala ingulig marang pepoyaning kautamen,
mila boten nama mokal kalamun ta anggenira kapiji minangka subamanggala,
anggung anengenaken mring kasusilan miwah subasita.
Kautamaning sang subamanggala saya
ngalela, kacihna lebda ing adi endahing budaya, katitik nggenira mangarsani
kirabing penganten, tumapaking pada tinata runtut nut iramaning gendhing,
sinawung ebahing asta mangulah langen mataya. Kawuryan wandana madhep pandulu
tumungkul ing bantala, sakedhap sakedhap asta angapurancang.
Wurining
subamanggala ana mudha tumaruna lumaksana jajar kalih ingkang dahat mabukuh
pratandha prayitneng kewuh, sayekti punika ingkang sinaraya mangulah kridha
minangka yuda manggala, kaprah sinebat talangpati, pratiwamanggala,
ugi winastan satriya kembar. Dene ingkang maragani nuninggih Bagus… dalasan
Bagus….
Kekalihnya samya kembar, kembar ing busana kembar ing warna, dinulu sasat
jambe sinigar. Sunaring pasuryan sumunu wenes agilar-gilar; busana sarwi jenar,
pra kenya dadya kumesar, andulu bregase satriya kembar.
Ingkang
tut wuri, ana kenya tanggung andon lampah, tuhu punika minangka patahing
pengantyan. Pinaragan dening Rara… saha Rara… inggih awit denira dereng pana
dateng adi endahing budaya, marma asring lumaksana
asmu pepeka, parandene tan dadya saru kuciwa, malah akarya sengseming nala.
Sanadyan
paribasan durung tedhas geget suruh, durung tedhas gigit jambe, parandene
sampun bangkit angarahprana, akarya sengseming wardaya. Ingkang magkana kena
kinarya pracihna lamun benjang dewasa bakal bangkit angentasi karya.
Gebyar-gebyar
pating calorot busananing penganten
sarimbit, cinandra kadya daru lelana. Apa ta busanane? Penganten kakung
angagem makutha awarna kresna pinalipit ing rukmi, asesumping sekar
kanthil. Dhasi mungguwing jangga lir ginupit, amimbuhi
pekiking penganten kakung, dahat adi dahat luhung. Atela awarni langking
sinulam benang kencana pinetha roning gadhung amalengkung, prabane ngenguwung.
Sangsangan rukmi cinarub wor sangsangan sekar mlathi rinonce munggwing pamidhangan
kanan miwah kering, angelawer tumibeng jaja cinandra kadya taksaka ngulet
rumambat. Paningset cindhe winangun sekar mancawarni. Epek baludru sinulam
benang mas, keris ladrang ukiran nunggak semi, selut cetha angalela sadriji
gedhene pinatik ing sosotya nawaretna. Miwah rinengga puspita adi rinonce
satekem gedhene, angalewer, ebah-ebah kinarya lumampah, ngengreng
mrabu kinarya kadulu. Nyamping sidoasih sinerat rumit angrawit pinarada ing
kencana tinaretes, gumebyar anelahi. Canela warna kresna rinenggeng sosotya,
pating galebyar kinarya lumaksana, tinon saking mandrawa pindha sirahing
nagaraja ingkang nuju tapak maruta.
Sinigeg
gantya kang winursita, kuwung-kuwung akekuwung ambabar teja manda maya,
tejaning risang suryeng ratri, pranyata lamun tan kuciwa memanise.
Meloking wandana sumunar agilar-gilar angelam-lami pindha kencana binabar.
Palarapaning
penganten putri sinungging pepaes awarna kresna, ireng, meles, menges, anjanges
pantes. Cecundhuk pinetha wulan tumanggal, denapit centhung kanan kering, lir
peksi jiwa-jiwa. Chundhuk mentul pinasang titi tata pinatut,
katiup ing maruta kasilir kadi kembang dewandaru. Lamun ginupit ing wardaya
kadya astane Kenya sulistya angawe-awe munggwing kekasihe. Ukel kapetha bokor
mangkurep kapetet ing sesekaran pinilih, sineseg ing sarana kang sarwa manik,
amung amimbuhi kasulistyane risang penganten putri.
Kebayak
landhung langking warnane ugi tan kari sinulam ing benang rukma,
kaistha sekar tunjung seta, tuhu endah tuhu edi, sangsangan mas
sinangkling carub wor sangsangan sekar mlathi ginubah, kumalewer maripit
ing jaja lir naga taksaka marepeg angalon lampah. Sidoasih nyampinge
kembar kalawan nyampinge penganten kakung. Pralampita kembar tresnane, kembar
bibit, bebet, bobote. Raket supeket akekanthen asta, tan ginggang sarema pinara sasra, sanepa renggang
gula kumepyur pulut.
Cat kicating pada jumangkah
gumebyar dening rengganing canela kang sarwa sesotya, asri dinulu kadi wredhu
lumaku ing wanci dalu. Ingkang lumaksana aneng wurinira, salajur sisih jajar
kalih, nalika ingkang samya kapiji ing gati minangka putri dhomas. Katemaha
pinilih para kenya ingkang maksih remaja putri, sulistya ing warni, mumpuni ing
kardi, dhasar merak ati, atul penembahe ing Gusti, angrungkepi jejering
wanitajati, nulad mring laksitaning para putri pinunjul ing uni, bekti tresna
ing sesami.
Sanyata kathah pra mudha tumaruna
anandhang wigena, andulu para kenya listuhayu, kumrangsanging raos kadya
kaselak jajar sumandhing. Wondene ingkang lumaris ing sawuntatira, para kadang
warga wandawa, sami-sami sarimbit kalayan garwa, estining parasdya. Suka puji
asung pangastuti mring penganten, mugi tulusa bebrayan begja raharja ring donya
prapteng delahan.
Ingkang tut wuri handayani ing
salampahira, inggih punika ingkang rama ibunipun penganten putri, jejer
kalenggahanipun dados pethiting kirab. Satindak tumoleh nganan, sapecak uminger
ngering, lamun ta kawijila pangunandikanira estu atur puja
pambagya katur sagunging para tamu sutresna; jaja ambek bombong mongkog,
karoban luhuring budi darmane para rawuh, ingkang wredha sudi angestreni
dhauping putra siwi.
Kawuwusa lampahing pinangantyan
anjog ing wiwaraning sasana budaya, nulya sang subamanggala suka sasmita mring
ingkang binojakrama, kinen gya angrucat busana narapati, gumantya busana
satriyaditama manjing jroning sasana busana.
Kirab Kasatriyan
Wus
tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa kentar-kentar
angambar kongas gandanya marbuk arum awangi, sumirat sirat teja maya-maya, saya
dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata tejane sang pinangantyan,
mijil saking wisma busana arsa mahas ring wisma wiwaha.
Wus
lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya nggenguwung prabane, sang
saya mencorong guwayane, sangsaya manteb penggalihe, cinandra kadi Bagus Danang
Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pemanahan, akekanthen asta kalayan Dewi
Semangkin atmajanira Sri Sultan Drawa ing Kaliyamat, lagiya angenggar-enggar
driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani pajrahing sari puspita, ingkang
nedheng mangudar wewangi. Sang senapati kembar kadi sang Suwandageni atmajane
Ki Demang Sangkal Putung kalawan sang Agung Sadayu, yoganira Ki Sadewa,
kekalihipun tus wijil Saking Jatinom.
Kang
apindha putri astha sata anglur-selur dalilir kadya putri boyongan saking
wewengkon predikan ing Toya Biru. Sumusul ing munggwing wuntat, punika rama
Ibunipun memayungi lampahing penganten sarimbit. Sadaya berawa sarta mempen ing
puja-puji santi astuti santi, basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.
Sang pinangantyan tuhu
loro-loroning atunggal, tunggal-tunggaling aloro; kang sajuga priya kang sawiji
putri; geleng gilik golong rumasuk jumbuh angurut ing cipta, rasa, daya, miwah
karyane munggeng jejer kalenggahane sowang-sowang. Rumangsa handarbeni, wajib
hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani.
Pilah-pinilah sajuru-juru, gilig
golong gegelengane, datan wor suh tataning titi laksita; napak tilas sang
sujana sarjana pinastika ingkang wus cinandhi ing awiyat, jinempana ing maruta,
nenggih Ki Hajar Dewantara, ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa,
tut wuri handayani.
Kang cinandra ing ngarsa nenggih
risang subamanggala dalah risang sinatriya kembar. Menggah ingkang ginupita ing
madya tan liyan sang pinangantyan kekalih; wondene kang winedhar ing wuri
ingkang rama Ibu, ingkang anggung mangastungkara mrih paran parasdyane putra
binerkhahan. Ingkang putra ginadhang-gadhang dhadhag angadhepi godha panggodha,
amberat salwiring ridhu hangayani sanggyaning dasih kaswasih.
Sumringah bingar sinawung suka
ing wardaya sang subamanggala siddhakara, tulus lulus angentasi
karya, nut laksitaning paratama. Sigra sang subamanggala asung sasmita mring
sang pindha narapati miwah parameswari, ingaturan lenggah ing sasana minulya,
dene mring kang samya angiring ambayangkara ingaturan bedhol
wangsul ing papane sowang-sowang, cinandra lir sata matarangan.
Gaya Bahasa Prosesi Kirab Kanarendran
Yata sang penganten anyar, sarira jenar
memangir
Waradin sarandu nira, pindha kencana
sinangling
Tamu samya angliling, leng-lenging driya
kapanduk
Rasa mamanuhara, kaya milu hanglakoni
Sang pengantyan,
Sinungga binayang karya
Pocapan
Goreh gumoreh ramya gumuruh
swantening rare kang samya ndherek jagong yayah renanira, labet
saking kedangon kang sarta sumuking angga wus tan kena. ngampah, wauta kang
kaya mangkana, tanggap risang subamanggala, saksana gya sung sasmita dhumateng
risang wasesa pangadi busana pangadi sarira hiya juru paesing penganten
kekalih. Sanggyaning para pangarak pangarih pangombyong penganten, kinen
samya sawega ing gati mranata dhiri anut pepintaning jejibahan sowang-sowang
nyat samya satata pacak baris arsa anggarubyuk tindakira risang apindha
narendra miwah risang narpadayinta.
Panyandra
Anenggih
punika ta candrane kirap kanarendran jroning pawiwahan. Candra: werdine gegambaran carita mawi pepindhan.
Laksitacara: tegese lakuning tatacara. Kirab: lire mijil lumampah kanthi
arak-arakan kanarendran ngemba patraping ratu. Dene pawiwahan: mengku wredi
bilih dhauping penganten punika gegambaraning cariyos panganten
sang apindha raja kang mijil binayang bayangkarya.
Sumorot
cahyane gumebyar prabane hanelahi, sasat angasorake: surya, candra, daru myang
kartika kang amadhangi jagad raya, wimbuh weh martana mring sagung dumadi.
Sinten ta ingkang wonten ing ngarsa lumaksita sung tuladha? Tuhu punika warnanira
risang subamanggala nenggih cucuking lampah. Dhasar maksih jejaka tur ta lebda
ing reh kridha mataya nenggih beksa, bangkit mangwaseng wiramaning lampah,
wignya ing reh mardawa rawita utawi anguwaosi mring gendhing.
Lumaksana
ajajar sawurinira anenggih punika risang talangpati hiya satriya kebar.
Sakarone pan yayah jambe sinigar byak, prasasat kembar ing rupa, padha dedeg
piadege, nunggal busanane padha lagak myang lageyane. Ingkang katon menik-menik
lumampah thimik-thimik, konyal kanyil nanging datan nganyelake, nenggih punika
ingkang sinebat patah. Dhasar masih prawan sunthi, yen dikandhani malah nuturi.
Gonas ganes nenes kenes gandes luwes sasolahe.
Sinten
ta ingkang mencorong tejane, sumorot sucitrane sinembuh murub mubyar busanane
ing satemah mrabawa mrabu anawung punika? yekti punika risang apindha nareswara
nareswari nenggih penganten sarimbit kang pindha srinarendra miwah risang
prameswari. Kekalihe wus winenang angrasuk busana narendra tuwin narpadayinta,
tarlen muhung labet wus samya amundhi peparing palilah dalem risang pamasa kang
ngrenggani puraya gung ing keraton Surakarta Hadiningrat. Jer sinten kewala
ingkang nedheng nambut silaning akrami, sampun pinarengaken
anggadhuh tuwin angrasuk busana kanarendran myang busana narpadayinta.
Satuhu
ingkang kadhaku mengku pagedhonganing wasita sinandi,
ngemban trikarsa budaya ing reh busana, murih sanityasa samya memundhi, memetri
miwah mestuti sarta angirib-irib bebuden luhur utamaning nata mungguh gumelare,
penganten sakaroron yoga samya berbudi bawa leksana. Lire berbudi: rila legawa
ing driya, anggung denya paring dana. Dening bawaleksana: kudu anatepi
pangandikaning kang wus kawijil ing lesan.
Ingkang
adhampyak-dhampyak tut wuntat punika pepethaning
putri dhomas. Putri: wanita dho: kalih samas: kawanatus. Putri dhomas : putri
dhomas ateges putri wolungatus cacahe. ing mangkya pinetha
mung cacah wolu. Sadaya masih kenya, dhasar ayu-ayu warnanira tur ta endah edi
busanane. Tuhu akarya lara brangta.
Dene
minangka pethiting lampah, nenggih punika risang pamangkugati miwah besan, kang
samya tut wuri handayani. Hayu, rahayu niskala, satuhu. Sinigeg Panyandrane
nuwun. Sumirat sirat narawung ujwalanira, anawengi wangkawa ing
sajroning sanahargya. Lire: sumorot cahyane, anglimputi teja ing sajroning papan
pakurmatan, anjog ing pesta andrawiwaha. Teja-teja sulaksana
tejane kang nembe manjing sasana wiwaha. Wingking pundi kang pinangka ngajeng
pundi kang sinedya, sinten sinebat ing wangi? Anenggih punika
ta warnanira satriya bagus saking Surabaya putra panenggaking
Bapak H Prayoga S.H. M.Ba. ingkang akekasih: Bagus Gumilang
Herman Hermawan, S.H miwah sekaring Wisma Badhak II/ 31 Semarang,
putrinipun suwargi Bapak Ir H Sutardi ingkang angka tiga, ingkang asesilih:
retnaning ayu kusumaning dyah Ir Novita Permatadewi. Yata punika sanes bremara
mangun lingga kang arsa mangrurahsari, apan pranyata punika sang apindha
bremara kang angayomi sari. Apa ta werdine? Tetela punika sanes priya gumagus
kang nedheng adol bagus wonten ing sangajenging wanita, ananging sejatosipun
punika satunggaling satriya ingkang angayomi putri, ingkang lagya anindakaken
kirab kasatriyan.
Kekalihipun samya aprasetya
sanityasa guyub rukun, renggang gulakumepyur pulut, gendhon rukon, gandheng
renteng, reruntungan ing donya prapteng dlahan. Tan arsa ginggang sarikma
pinara sasra, sarta tan arsa pisah wiwit saking loka bawana tumekeng lokabaka.
Kang
kaesthi jroning kapti: pangesthi kudu sinartan pamusthi, tegese: kang katuju
jroning batin: gegayuhan mono kudu kinanthen pawitan. Marma kekalihe kudu arsa
mestuti dhawuhing para leluhur linuhung nuswantara, angemba satriya tama myang
putri sejati, trahing kusuma rembesing madu, turasing andanawari
kang kaplantrang dadya basa salah kaprah: wijiling andanawarih. Kekalihipun
arsa nglenggahaken jejere sowang sowang.
Satriya
kudu tansah amamardi budya tulus, mengku ing reh kasudarman, momong, momor,
momot, mengkoni. Mangkana uga swami kudu bisa angemong garwa, angemot sarta
bisa mengku lan kudu bisa angemong garwa, angemot sarta
bisa mengku mring ala beciking garwa. linambar: saguh, wani, ngreti, bisa
amrantasi karya. Gumelare kudu bangkit : angayani, angayoni, angayemi, myang
angayomi mring sisihane.
Dene wanita kang ajejer garwa, yogya anulad
lekasing putri sejati, tansah bekti mring gurulaki, widagda
anujuprana, amirapet ing arenggang, lire tan agawe kogel gelaning kakung,
kapara tansah ngestokake dhawuhing kakung. Sinigeg
panyandrane.
PANYANDRA PROSESI PANGGIH oleh Sayuti Anggoro
Watugong Banyumanik Semarang Dhaupipun
putra saking Prof. Dr. Sudijono Sastroatmodjo,
M.Si. (Rektor Unnes)
Sampun
dungkap wancinipun upacara panggih, Rombongan saking kilen hanggegek ingkang
sinepuhan panjenenganipun Bapa Partaya menapa dene sakwingkingipun inggih
wujudipun priyantun putri ingkang hangasta wujuding pisang sanggan. Pisang raja
satangkep matemu rose miwah sekar sepapan. Dene pisang
sanggan ingkang wujudipun pisang raja satangkep muga-muga ingkang padha
mangun bebesanan Bapa Suparta menapa dene Bapa Sudijono Sastroatmadja sekaliyan
saged tangkep sajumbuh cipta rasa tuwin karsanipun. Inggih menika boten
sanes namung ngentasaken putra kekalih dene suruh kang rose matemu yektos raose
ingkang pada mangun bebesanan inggih saged pinanggih samudayanipun lumaku
kanthi sae lumaku kanthi becik tuwin anggadhahi gegayuhan ingkang luhur inggih
menika ambabar asma ingkang arum ingkang nyawiji kalawan pisang sanggan. Ing
mangke sampun kapasrahaken dhumateng panjenenganipun Ibu Hj. Suparta lan
katampi. Sasampunipun katampi mekaten penganten putri Ayu Nita Setyawati, S.T.
ugi sampun miyos saking tepas wangi, tepas panggenan wangi sampun mastani.
Pepanggenan ingkang wangi iku uga sinebat tata rias. Ingkang menika dhumateng
gung para tamu nyuwun gunging pangestu panjenengan mugi panggih nemu manggih
lancar. samudayanipun sampun cerak sampun cerak sampun cerak, sigra pepandengan
catur netra mambabar raose tresna mahanani daya pangaribawa. Kumlawening asta
ambalangaken sedhah lininting tuwin gondhang asih, apa ta werdine? Suruh, suruh
dinulu beda rupane lumah lan kurebe yen ginigit tunggal raosipun. Nadyan priya
sajuga wanita sajuga nanging wis manunggal cipta lan karsanipun
Sang
penganten kakung ngidak tigan mungel “mak klukuk."
Penganten putri daya-daya mijiki ssampeyanipun ingkang raka mawi toya setaman.
Apa ta sebabe diwijiki ssampeyanipun? Krana suku menika kangge tindak.
Manten putri wajib ngengetaken dhateng tindak tandukipun ingkang raka kang
nalisir saking kautamen. Kaya ta watake drengki, srei, dhekil,
methakil, dahwen ati open, lan sapiturutipun. Menawi tindak ingkang
nalisir saha tumindak nalisip menika saged
dipunsingkiri ingkang surasanipun mbabar asma ingkang arum. Tur ta
penganten putri kedah bekti dhateng ingkang raka cundhuk kaliyan Serat An-nisa
bismillahirohmanirohim “ari jalu kala wanisa alayah” sing tegese “penganten
kakung iku iman kudu ngayoni, ngayemi, lan ngayomi.” Penganten putri
kudu bekti dhateng ingkang raka saksana kajumenengaken.
Yayah drajate priya lan wanita menika sami,
sing beda hamung kuwajibane. Sasampunipun jumeneng jajar, panjenenganipun Bapa
H. Suparta mapan wonten ing ngajeng ibu mapan wonten ing wingking
saksana angaweraken sindur ingkang awarni pethak kaliyan abrit. Gene sinebut
sindur jarene yen wis dadi manten isin
mundur. Limang prakara kang ora bisa disumurupi dening manungsa siji pesthi,
loro jodho, telu wahyu, papat kodrat, lima donya bandha. Sedaya kapurba
kawasesa wonten astanipun Gusti Kang Mahakuwasa. Pambudidayaning manungsa boten
saged ngungkuli garising kawasa. Kridhaning ati tan bisa
mbedhah kuthaning pasti. Bapa Hj Suparta mapan wonten ing ngajeng
anuntun penganten kekalih. Mlakua dalan kang bener tuwin pener Ibu Hj Suparta
semat-sematan wonten ing wingking nuninggih boten sanes tut wuri
handayani tindak ingkang dhateng kasaenan kasengkuyung pangestunipun rama twin
ibu kapering wingking nuninggih kang rayi Mbak
Fitri kang tuhu tresna asih dhateng mbakyunipun wiwit upacara siraman ngantos
ing dinten kalenggahan mangke. Boten kantun ingkang besan panjenenganipun Bapa
Sudijono Sastroatmaja sekaliyan ingkang mangayubagya dhumateng sang pinanganten.
Ing mangke sampun dumugi ing sasana
mulya tumunten kalajengaken upacara pangkon utawi timbang. Bapak saha ibu para
tamu menika upacara timbangan, Bapak Suparta mangku penganten kekalih,
Ibu ngendika “abot endi Pak” Bapak mangsuli “padha abote Bu” wiwitan katresnane
lan saiki tak lungguhake mak cenuk nuk-nuk-nuk-nuk. “Sing guyub sing rukun ya”
“ya mak” banjur Ndhuk Wiwit aja padha cecongkrahan mengko mundhak
ngedohake rejeki. Para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan
ila-ila para kina tiyang Jawi ingkang mantu sepisanan kawontenaken adicara
bubak kawah bubak tegese ndhudhah, kawah sampun
mastani. Abot-abote ibu menika nglairaken utawa miyosaken anak sepisan toh
nyawa kaya wot sirotol mustakim nanging yen wis saking nugrahaning Gusti,
Mbak Wiwit ngantos remaja putri ngantos emah-emah wilujeng boten wonten alangan
setunggal menapa. Raosipun gurih tuwin manis mugi-mugi sang penganten nemu
memanising urip bagya mulya nganti kaken-kaken ninen-ninen. KaJawi raosing
manis toyanipun menika wau wening tur ta resik. Kamulyan kawibawan kabagyan
dipunraosaken Bapak Suparta nanging mugi tumurun dhateng putra wayah bebasan
turun pitu mugya manggih kamulyan lan kabagyan makaten tiyang Jawi.
Para tamu kakung putri ingkang
winantu ing kamulyan paripurna tumapakipun tenggak tumapakipun bubak kawah
kalajengaken upacara kacar-kucur ugi winastan tampa kaya. Dene kacar-kucur menika
wau wujudipun wos jene lan kacang-kacangan jagung dhele menapa dene arta
logam receh. Ingkang winadahan klasa bangka utawi tilam lampus. Menika simbul
priyantun kakung yen duwe asil kudu sak glogok banyu jun aja ngengeh-engeh
kabeh diwenehake garwane. Aja nganti ana duwit lanang marakake
duraka. Semanten ugi penganten putri kang wus nampa kaya saking garwane.
Anggone ngecakake kudu gemi ngati-ati aja boros-aja brah-breh. Gaji patang yuta
metune enem yuta menika boros. Omah-omah sepasar bubar. Sokur gaji patang yuta
metune patangatus. Liyane ndherek bapak ibu. Wose penganten
putri menika kudu kaya genthong yen wus mlebu metune angel. Nanging ampun ngatos kebangeten sing lanang
jaluk bensin wae diangel-angel, marakake ana dhuwit
lanang. Mula ya Mbak, Mbak Wiwit kudu gemi ngatur asile sing kakung yen pinter
mengko ditabung turahane dideposito. Dipundhutke tanah, dipundhutke mobil,
dipundhutke TU 60 lan sanes-sanesipun. Wosipun mekaten piwulang Jawi dhateng
manten sekaliyan. Gandheng Mbak Wiwit menika dereng kulina nata asilipun kang
raka titip rumiyin dhateng Ibu Suparta.
Saparipurnanipun upacara
kacar-kucur kalajengaken upacara walimahan utawa dulang-dulangan, nyuwun
pangapunten nadyan tamunipun dereng dipunaturi dhahar. Mas Ganjar lan Mbak
Wiwit ndhisiki awit saderengipun dados manten
kekalihipun pasa dangune 40 dina mula awake rada kuru, menika wujudipun mawadah
twin warohmah sing kakung asih marang sing putri sing putri asih marang sing
kakung. Nah sing kakung ndulang sing putri sing putri gentos ndulang sing
kakung. Lambang rumah tangga menika bisa lestari kanthi asih ingasihan. Bandha
donya boten saged kangge nglestantunaken rumah tangga. Aceh menika sugih yogya
inggih sugih kenging gempa bumi boten wonten semenit wes luluh lantak. Rupa
inggih boten saged, Mas Ganjar taksih bagus Mbak Wiwit taksih ayu, pipinipun
taksih kenceng nanging menawi sampun umur 70 inggih sampun boten malih. Mila
rupa inggih boten saged, jabatan kedhudhukan inggih wonten
purnanipun. Ingkang nglestantunaken sami-sami ingasihan simbolipun sami-sami
angladosi sami-sami angasihi. Alon-alon mas, sing tegen ngladosi.
Sedaya ingkang mirsani sami ndongong, Mbah Putri
Pacitan menika boten kedhep. Gadis-gadis ingkang dereng emah-emah sami meri “gek
kapan ya aku dadi manten kaya Mbak Wiwit Mas Ganjar kae gek nyenengke banget.”
PANYANDRA SUNGKEMAN oleh Sayuti Anggoro
Para
tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan sampun paripurna tatacara
panggih tumunten kalajengaken adicara ngabekten. Dhumateng panjenenganipun Bapa
Drs. Suparjo sesepuh kula aturi nglolos dhuwungipun penganten kakung Mas Ganjar
Para
tamu kakung putri daya-daya penganten
kekalih badhe sowan inggih awit saking sesak saha sekeling raos rinujit
manahipun penganten kekalih. Repepeh-repepeh lumaksana angeka pada tegesipun
laku dhodhok sowan dhumateng ngarsanipun Bapa Hj Suparta. Ingkang lenggah kapering
kilen. Saksama sumembah dhumateng jejengkunipun ingkang rama. Ingkang sepisan
sang penganten ngaturaken sembah pangabekti dhateng bapak lan ibu nyuwun
pangapunten sedaya kalepatan miwah dosa-dosa ingkang kapengker. Angka kalih
nyuwun pangestu dhumateng rama lan Ibu mugya tansah manggih kamulyan kabagyan
katentreman gesangipun. Kapingtiganipun ndongakaken bapak ibu mugiantuk bagas
waras panjang yuswa temah saged nenggani putra-putra wayah lan buyut,
panjenenganipun Bapak Suparta dalasan garwa nalika disuwuni pangestu sang
penganten kekalih njegreg yayah tugu sinukerta,
hangrangkul-hangepuk pundhakipun ngeninging batos nyuwun dhateng kamurahaning Gusti
Kang Mahaagung mugi tansah hangayomi dhateng lampahipun raja sehari hiya sang
penganten ingkang nembe kawisuda krama yayah kaya rinujit sang penganten ing
batos awit nampi sih saking rama tuwin ibu mahanani dhedhep
tidhem tan ana kang nyabawa toya tan ebah samirana datan lumampah kaya
kaperbawan sang penganten tidhem ngadhepi. Mendhung-mendhung kang
tumiyung samya miyak kanan kering asung pepuji dhumateng sang pinanganten
kekalih kembang-kembang sami ambabar maweh ganda arum angambar-ambar kaya asung
pepuji rahayu sang kang nembe kawisuda krama. Para sesepuh pinisepuh samya puji
dzikir. Pating brengeng kaya sesantining para brahmana ibarating kaya bremara
kang lagi ngisep sarining madu. Nalika semana sampun paripurna, gantos sungkem
dhateng kang rama. “Ah anakku Ngger Ganjar, Bapak Ibu rumangsa bugah nyawang
sliramu sakaloron, sing guyub sing rukun ya le guyub rukun kuwi gaman
sing ampuh. Sing abot dadi entheng sing ruwet dadi padhang. Dadi
wong lanang sejati angayomi marang garwamu. Semono uga Nduk Wiwit anakku sing daktresnani dadia ibu kang sejati ya Ngger , Ibu ingkang minangka dadi tetimbangane
garwamu. Ibu kang baut nata balewisma. Ibu kang wasis
nggulawenthah anak-anakmu dadi bocah kang luhur.
Eling ya Ngger swarganing anak kuwi
gumantung ana dlamakaning ibu sing tegese tumindake ibu kudu bener kudu apik
kudu bisa kanggo tepa tuladha anak-anakmu.
Jaganen kahormatane rumah tanggamu
aja lali panembahmu marang Gusti rina kalawan wengi dimen antuk tuntunaning Pangeran
Kang Mahakuwasa. Aja lali nyuwun pangestu marang eyang putri,
Para tamu kakung putri ingkang winantu ing
kamulyan sampun purna anggenipun ngendikan. Samenika sang penganten gantos
sungkem dhateng eyang putri. Repepeh-repepeh, lumaksana hangeka pada. Sungkem
dhateng eyang putri ingkang sampun lalu yuswa dipunrangkul dipunepuk
pepundhakipun dipunaras mawangsul-wangsul nanging batosipun tansah nyuwun
dhateng Gusti Ingkang Mahakuwaos, mugi-mugi wayah penganten anggenipun
emah-emah lulus raharja dumugi purwaning kabahagyan. Mangkana sang penganten
kekalih sampun purna anggenipun ngabekti dhateng eyang