Kamis, 10 Desember 2015

Analisis Novel Pra Kemerdekaan lan Pasca Kemerdekaan




Sejarah Sastra Jawa
Analisis novel pra kemerdekaan dan pasca kemerdekaan
Prabangkara dan Pinesthi

Disusun dening :
Fajar Arum Sari
2601414075
Rombel 3


Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Universitas Negeri Semarang

I.                 Prabangkara
A.     Identifikasi novel
Penulis                          : Padmasusastra
Taun Terbit                   : 1921
Panggonan Terbit          : Surakarta
Jumlah kaca                  : 45 kaca
B.     Unsur Intrinsik
1.      Tema          : katresnan, antarane Prabu Prabangkara kaliyan Rara Apyu
2.      Tokoh
a.       Prabu Prabangkara : nduweni watak setya, ora gampang kegodha marang bandha, nduweni pendhirian kang teguh lan ora preduli marang kawibawan. Kabukti nalika Prabu Prabangkara lila ninggalake kerajaan amarga wong tuwane yaiku Prabu Ôndakara ora ngeparengake dheweke krama karo Rara Apyu kang namung anak jurutaman.
yèn kowe condhong, aku arêp ambanjurake oncat saka têtêkêmaning wong atuwaku, kaya-kaya aku bisa urip kanthi sênêng anggawa sangu kalawan pawitaning kapintêranaku, anggêre sakaroron karo kowe, tinimbang aku mindêng susah sajroning kamuktèn ana wêwênanging wong tuwaku, bêcik mindêng bungah sajroning kasrakat saka kaskayaku dhewe.” Kaca 13
b.      Rara Apyu : uga nduweni watak kang setya, sabar, ora gilap marang bandha, preduli marang wong liya lan kulawarga.
iki sing diarani ukum Allah, ênggonku, diuntal ing baya saka panggawene Si Pêdhakbrama, saiki Si Pêdhakbrama diuntal ing baya dhewe sarta lulus ing patine.” Kaca 25
c.       Gêniroga  : kakangne Rara Apyu iki nduweni watak asih lan gemati marang adhine uga wong tuwane.
wis mêsthi kowe taktutake saparanmu nganti bisane kêtêmu karo kangjêng pangeran.” Kaca 19
d.      Pedhakbrama : nduweni niat kang ora apik marang Prabu Prabangkara lan Rara Apyu amarga gilap marang bandha, omongane ora kena dipercaya.
Umbul Pêdhakbrama sarêng midhangêt pitêmbunganipun sang pangeran, sampun andugi yèn tamunipun tiyang rangkat sarta kinintên anginggatakên yatranipun tiyang sanès, anggadhahi cipta badhe nandukakên piawon, wangsulanipun botên salêrêsipun, namung angecani manah kemawon.” Kaca 16
e.       Prabu Ôndakara : nduweni watak kang atos lan luwih ngutamakake kaurmatan tinimbang anake dhewe.
ora mung lumuh pinalakramakake bae, malah duwe karêp dhewe, moh ngambah dalan kang marang kautaman, milih ngambah dalan kang marang kanisthan, arêp apèk bocah anake wong pidakpadarakan abdiningsun jurutaman ing sriwadari aran Rara Apyu ginawe swami, saiba loking jana ilanging kautamaningsun, dene putraningsun kang ingsun gadhang gumanti kapraboningsun pramèswarine wong pidakpadarakan.” Kaca 5
3.      Alur : alur kang dinggo yaiku alur maju, amarga nyritakake kadadeyan saka awal ngantos akhir, yaiku Prabu Prabangkara krama kaliyan Rara Apyu.                           
4.      Latar
a.       Tempat :
“nagari Indhu” kaca 2
wontên ing griya” kaca 7
sacêlaking sêndhang” kaca 12
b.      Waktu :
Nuju wanci sontên” kaca 2
Wanci anggagat bangun enjing” kaca 6
c.       Suasana :
ênggonku tansah gawe sêdhihing atimu” kaca 6
sang pangeran kagèt ing galih” kaca 7
5.      Sudut pandang : wong ketelu, amarga pengarang nudhuhake tokoh nganggo jeneng.
Sang pangeran kagèt salêbêting galih dene sariranipun sampun misuwur ing têtiyang sadhusun.” Kaca 16
6.      Gaya bahasa : krama alus

7.      Amanat
Jodho kang wis digarisake Gusti kang gawe urip kuwi ora bisa dialangi karo sapa wae. Sanajan ta wong tuwane dhewe, yen wis dadi jodhone tetep bakal ketemu. Jodho sejati kang ora preduli marang bandha, kautaman, bibit, bebet, bobot lan ora mandhang saka anake sapa. Sapira angele coba kang kudu dilewati lan sapira gedhene prakara kang ngalang-alangi tetep bakal nyawiji. Kaya kang dialami dening Prabu Prabangkara lan Rara Apyu.

II.            Pinesthi
A.     Identifikasi novel
Penulis                          : R.Ngt, Suisdiyati Sarno
Penerbit                        : Azzagrafika
Taun Terbit                   : 2013
Panggonan Terbit          : depok, Sleman, Yogyakarta
Jumlah kaca                  : viii+68 kaca
ISBN                           : 978-602-183-021-5
Kandhel buku               : 14,5x21 cm
B.     Unsur Intrinsik
1.      Tema          : katresnan antarane Tanti lan Kusna
2.      Tokoh
a.       Tanti : setya, ora gampang kegodha lan teguh pendhirian
“yen arep ngregedi awaku kepriye maneh ya mesthi tak lawan.” Kaca 60
b.      Kusna : gemati, tanggung jawab lan sabar
“panjenengan sigarane nyawaku ya mesthi tak eman-eman.” Kaca 60
c.       Eko : nekad supaya kekarepane bisa keturutan
“yen wis kenal arep diadhang ning ndalan, arep dipateni ben ora bisa ngepek panjenengan.” Kaca 55
d.      Marya : ora nduweni tanggung jawab, ora blaka karo wong liya lan wanine ngomong ana ing mburi.
“wingenane ibu nampa wadulan saka Pak Marya, dheweke crita yen awake dhewe ora ngleksanakake kelompok belajar nanging mung dolan mrana-mrene boncengan wong loro.” Kaca 3
e.       Pah Hadi(bapake Tanti) : kenceng karo kekarepe supaya bisa njodhokake anake karo priya pilihane.
“Tan, Tanti. Kowe yen golek bojo mbok aja ah ndesa kaya ngana kae, ingah-ingih. Bapak isin, ndhuk.” Kaca 21
f.        Bu hadi(ibune Tanti) : pangerten lan gemati marang anake
“mula aja runtiking penggalihmu.” Kaca 58
3.      Alur : alur kang dinggo yaiku alur maju, amarga nyritakake tresna antarane Tanti karo Kusna wiwit isih sekolah nganti omah-omah.
4.      Latar
a.       Latar Tempat
 “ibune nunggang becak tekan ngomah Gowongan” kaca 27
“niki wau semaput ten Gunung Clereng” kaca 17
b.      Latar Waktu
“wektu iku meneri padhang bulan sisan.” Kaca 54
“ing wulan Mei Pak Hadi wiwit gerah-gerahan maneh.” Kaca 35
“bareng sasi Juni taun 1959” kaca 35
c.       Latar suasana
“kula kangen bapak” kaca 57
“swarane Pak Kus bungah kepati-pati karo saya kenceng ngruket Tanti.” Kaca 39
5.      Sudut pandang        : wong ketelu, amarga nggunake jeneng gawe ngenalake tokoh
“Tanti uga diterke Pak Kus nganti tekan ngomah” kaca 17
6.      Gaya bahasa           : ngoko alus
7.      Amanat
Katresnan kang sejati iku bakal tetep nyawiji bokbilih ana alangan akehe kaya ngapa. Sanajan wong tuwa lan sadulur ora ngeparengake, yen wis dadi jodhone bakal digampangake karo Gusti. Rasa percaya marang pasangan kuwi bisa luwih ngraketake sesambungan marang wong kang ditresnani supaya ora ana penggalih lan salah paham kang maneka warna.
III.        Perbandingan
a.      Persamaan
Antarane novel Prabangkara kang nyritakake katresnane Prabu Prabangkara kaliyan Rara Apyu, lan novel pinesthi kang nduweni arti pesthi yaiku novel kang nyritakake katresnane Tanti lan Kusna, padha-padha nduweni persamaan uga perbedaan. Persamaan novel kekarone yaiku katresnan kang ditandhang tokohe bakal bisa nyawiji sanajan akeh coba kang ngalang-alangi. Nganti arep dipateni karo wong liya jalaran ora seneng karo lelakon kang dialami kekarone. Nganti coba paling gedhe yaiku saka wong tuwa kang ora sarujuk karo pilihan anake kang ora trep karo penggalihe wong tuwane. Wong tuwane luwih ngutamakake bibit, bebet lan bobot calon mantune supaya ora ngisin-ngisini, utawa bisaa ngangkat drajad kulawargane.
Kabeh wong tuwa mesthi pengen anake entuk jodho kan becik budi pakertine lan mapan panguripane. Ora namung wong tuane Tanti kang kepengen nduwe mantu wong nduwe supaya urip anake ana ing dina ngarep ora rekasa. Wong tuwane Prabu Prabangkara kang isih kalebu bangsawan yaiku Prabu Ôndakara uga kepengen nduweni mantu kang nduweni kaurmatan supaya bisa ngimbangi kaurmatan kang diduweni.
Nanging iku mau kabeh ora bisa mesthekake yen uripe bakal bisa seneng salawase. Tansaya maneh urip karo wong kang ora ditresnani. Nanging saka kukuhe niat lan rasa tresna kang gedhe bisa ngalahake kabeh prakara kang dadi srimpet ing katresnan kang sejati. Prabu Prabangkara kaliyan Rara Apyu lan Tanti kaliyan Kusna bisa urip bebrayan sawise nglewati kabeh coba. Coba kang bisa luwih gawe kandel katresnan ing ati kekarone.
Gusti kang Maha welas lan asih wis nemtokake jodho kanggo saben-saben manungsa, lan ora ana sing bisa ngalang-alangi. Samana uga yen Gusti Allah durung nemtokake patine manungsa, ora ana manungsa liya kang bisa ndhisiki kersane Gusti. Sanajan wis diuntal baya kaya kang dilakoni Prabu Prabangkara lan Rara Apyu, nanging tetep isih diparingi slamet. Kadadeyan iki uga dialami Kusna kang arep dipateni karo Eko nalika dina cedhake ngijapi Tanti. Eko kang seneng marang Tanti ora lila yen Tanti dadi sisihane Kusna. Nanging Kusna isih diparingi slamet nganti bisa nikahan karo Tanti.


b.     Perbedaan
Manawi dideleng saka perbedaane yaiku saka bahasa kang digunakake. Wektu kang saya suwe tansaya tambah, samana uga budaya lan bahasa kang berkembang ana ing masyarakat mulai owah. Manawi ana ing novel Prabangkara dicritakake ana ing lingkungan raja lan bangsawan. Amarga sadurunge Indonesia mardika, Indonesia isih dibagi dadi pirang-pirang kerajaan. Kayata kerajaan Majapahit, Sriwijaya, Samudra Pasai, lan liya-liyane. Ditambah maneh Ki Padmasusastra kang gawe novel iki kalebu salah sawijining abdi dalem keraton Surakarta kala jaman Sultan Paku Buwono X.
Basa kang digunakake ana ing novel Prabangkara yaiku krama alus. Amarga ing jaman samana yaiku taun 1921, basa kang digunakake masyarakat isih alus lan durung kecampur karo budaya liya. Minangka cecaturan kaliyan tiyang sepuh uga nggunakake basa lan unggah-ungguh kang isih tata. Ing novel Prabangkara iki uga isih ana tembang macapat kang diseselake ana ing sanjerone crita.
Beda karo novel ing taun 2013 yaiku pinesthi, kang nggunakake basa ngoko alus. Masyarakat saiki wis ora padha mudheng karo basa krama alus kang mlipit utawa basa kawi (archais). Saking majune perkembangan teknologi ndadekake budaya liya gampang mlebu ing Nusantara, nggeser budaya asli lan unggah-ungguh wong Jawa. Mula, gawe narik minat rakyat supaya novel Basa Jawa tetep kuncara, digawe basa kang gampang dingerteni nanging tetep nduweni unggah-unggah yaiku ngoko alus. Tokoh kang digawe ana ing novel pinesthi iki uga saka kalangan rakyat biyasa, kang sapadan karo jaman saiki sing wis ora ana maneh kalangan raja-raja wiwit digawe satu kesatuan yaiku Indonesia.




Daftar Pustaka
Sarno, Suisdiyati.2013.pinesthi.Yogyakarta: Azzagrafika

Ningsih, Sri Budi Rahayu.2013.Perbandingan novel ngulandara karya margana d. Dengan novel katresnan lingsir sore karya yunani.https://inyonghaseyo.wordpress.com/2013/04/08/perbandingan-novel-ngulandara-karya-margana-d-dengan-novel-katresnan-lingsir-sore-karya-yunani/(10 Juni 2015)

Padmasusastra.1921.Prabangkara. http://www.sastra.org/ (26 Juni 2015)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar