Sabtu, 05 Desember 2015

Sinau Paribasan, Bebasan lan Saloka




Membaca Pemahaman
Paribasan kanggo piwulangan SMP lan SMA
Dhosen pengampu Bp. Widodo Wikandana


Disusun dening :
Fajar Arum Sari
2601414075
Rombel 3


Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Universitas Negeri Semarang


BAB I
PURWAKA
A.     Dhasar Teori
Damel nyamaaken kurikulum pendhidhikan kaliyan kabutuhan lan potensi kang wonten ing dhaerah-dhaerah. Amarga wonten kathah keberagaman etnis, budaya lan potensi dhaerah samenika, dereng saged diwilujengaken kanthi optimal wonten ing pangembangan kurikulum pendhidhikan nasional. Keberagaman budaya kang wonten ing Indonesia kasebat sejatosipun saged damel aset lan nilai-nilai wonten ing bangsa kita.
Saking Kurikulum Tingkat Satuan Pendhidhikan kasebat, guru basa Jawa kedah ngajaraken siswa SMP lan SMA supaya migunakake basa kang trep lan unggah-ungguh marang wong kang luwih sepuh. Mboten namung punika, siswa ugi kedah diajari babagan budaya kang sampun diwarisake kanthi turun-temurun saking simbah buyute kita kang sampun pinaringan panggenan luwih minulya. Salah atunggaling budaya kasebat yaiku paribasan.
Ngantos samenika mawon wonten negara kang luwih remen marang budaya Jawa tinimbang tiyang Jawa piyambak. Tuladhanipun Belanda kang luwih tenana nyinauni budaya Jawa tinimbang kita. Masyarakat Indonesia khususipun Jawa kathah ingkang nyinau Jawa marang negara Belanda kasebat. Jalaran bukti-bukti otentik budaya Jawa kathah ingkang wonten ngrika, kayata naskah Kunjarakarna kang kasimpen ing Universitas Leiden.
                              
B.     Tujuan
1.      Supaya siswa nduweni unggah-ungguh marang wong kang luwih tuwa lan tumindhak ingkang sae.
2.      Supaya siswa padha ngerti budaya lan aset kang wonten ing panggenane piyambak, lajeng saged ngembangake budaya kasebat nganti manca negara.
3.      Supaya budaya kang sampun diwarisake dening para leluhur ora ilang kegerus jaman.
4.      Supaya budaya Indonesia ora dipelagiat dening budaya manca. Kayata kang wis kalampahan reog ponorogo kang ana ing Jawa Timur.

BAB II
PEMBAHASAN
A.     Isi
            Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe. Ana ing bahasa Indonesia saloka sami kaliyan peribahasa.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka, kabeh kuwi nduweni tembung kang ameh padha siji lan sijine, sing mbedakake namung makna kang dimaksudke lan kanggo sapa tembung kasebut digunakake. Manawa ditujukake kanggo wong diarani saloka.
1.      PARIBASAN
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha paribasan:
a.       Ana catur mungkur.
Tegese : ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga.
b.      Keplok ora tombok 
Tegese :  melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad.
c.       Blaba wuda
Tegese : merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan.
d.      Arebutan balung tanpa sunsum
Tegese : padudon sing disebabake barang sepele.
e.       Kenes ora ethes
Tegese : wong wadon sing sugih omong/ umuk nanging ora bisa mrantasi gawe.
f.        Yitna yuwana lena kena
Tegese : sing ngati-ati bakal slamet suwalike sing sembrana bakal cilaka.

2.      BEBASAN
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke.
Tuladha bebasan :
a.       Kocak tandha lukak
Tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.
b.      Sedhakep ngawe-awe 
Tegese : wis mareni marang tumindak ala  nanging ing bathin isih kepingin      nindakake maneh.
c.       Ngubak-ngubak banyu bening
Tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.
d.      Kerot ora nduwe untu
Tegese : darbe panjangka nanging ora nduwe sarana.
e.       Nabok nyilih tangan
Tegese : namakake panggawe ala sarana nggunakake tenagane wong liya.
f.        Ngubak-ubak banyu bening
Tegese : gawe rerusuh ing panggonan kang wus tentrem.

3.      SALOKA
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.
Tuladha saloka :
a.       Gajah ngidak rapah
Tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe
b.      Sumur lumaku tinimba   
Tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
c.       Lahan karoban manis
Tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene
d.      Belo melu seton
Tegese : anut grubyuk sanajan ora ngerti dhodok selehe.
e.       Kemladeyan ngajak sempal
Tegese : sedulur ngajak marang kerusakan.
f.        Tengu ngedu gajah
Tegese : wong cilik ngedu wong gedhe

B.     Perlune Nyinau Paribasan
Siswa SMP lan SMA kedah ngerti variasi basa kang ana ing dhaerahe dhewe, salah sawijine yaiku paribasan. Paribasan iki bisa kanggo sangu siswa ana ing masyarakat. Nyinau paribasan uga salah sawijining cara kanggo nglestarikake budaya. Sabab nalika ora ana kang nyinauni, paribasan kuwi bisa ilang, kalah karo budaya saka manca kang kurang trep karo kapribadene masyarakat Jawa. Akibate para mudha kang ora ngerti silsilahe leluhur melu kegawa budaya modern kang ngrusak pribadi Jawa.

C.     Cak-cakan paribasan ing piwulangan
Amarga paribasan kuwi sami kaliyan peribahasa ana ing basa Indonesia, murid ora kangelan anggone nerapake ana ing piwulangan basa Jawa. Siswa namung kedah asring gladhen supaya kosa kata paribasan basa Jawa luwih akeh. Amarga paribasan kuwi pancen arang dienggo, dadine siswa kudu asring gladhen piyambak. Sanajan guru namung prasarana kanggo siswa supaya luwih sregep anggone sinau.
Guru bisa aring tugas utawa gadhen kayata gawe pacelathon karo kancane sakelas sing ning njerone eneng paribasan, banjur pacelathon kuwi mau dipraktekake ana ngarep kelas supaya murid kulina ngucapake basa Jawa, salah suwijine paribasan.






BAB III
PANUTUP
A.     Dudutan
Basa Jawa kuwi pancen basa kang pepak, akeh serapan saka basa liya kayata Arab, Belanda, Melayu lan liya-liyane. Basa Jawa uga nduweni tingkatan basa kaya kang ana ing basa Inggris. Peribahasa kang ana ing basa Indonesia lan Melayu uga diduweni basa Jawa sanajan nganggo versi kang beda.
Paribasan kuwi bisa digunakake kanggo ngelike wong liya nganggo basa kang luwih sopan. Uga bisa kanggo cecaturan kang nyenengake amarga isine bedhek-bedhekan karo kanca. Paribasan iki uga bisa nuwuhake kreatifitas siswa karo kahanan kang ana ing saupenge.








DAFTAR PUSTAKA

Padmosoekotjo, S. Ngengrengan Kasusastran Jawa. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar