Kamis, 17 Desember 2015

Geguritan



1.  Rokok
Barang kang namung sapele
Dawane ora luwih saka sunduk sate
Apa maneh bobote
Kepidaka ora ana sing nglegewa
            Barang cilik kan ora ana paedahe
Namung gedhe bebayane
Bisa njalari urip muspro salawase
Anak bojo ara ana genahe
Urusan mangan wis ora dipredulikake
Angger bisa klepas klepus saben dinane


2.  Ngenteni tibaning pupus
Tumiba saka piranti kang utama
Ora ana maneh panguripan liya
Kagawa anagin rana rene ora ana tujuwane
Pungkasane kleser-kleser ana ing lemah
Amarga godhong kang wis garing lan tuwa
Ora namung tuwa
Sing enom uga kadhang tiba
Yen ing ndhuwur gawe iduming ati
Yen ing ngisor pating klesrah saenggon-enggon
Esuk disapu sore saundhung maneh
Sanajan ta mangkana tetep migunani
Gawe suburing gegodhongan liya kang durung wancine tiba


3.  Mbak ayuku
Mbakyuku sing ayu
Seneng nalika weruh guyumu
Guyu kepingkel weruh tingkah polahku
Sanajan aku ora tau nggugu
Nanging mbakyuku tetep dadi guru
Kelingan nalika aku gumuyu ndelok tangismu
Nanging polahku tetep bisa gawe esemmu
Saiki aku wis gedhe mbakyu
Ora kalah ayu karo awakmu
Kapan kowe bali lan ndelok polahe adhimu
Kang saiki luwih ngerti laku


4.  Adhhiku lanang
Jare Bapak lan Ibuku
Bayi abang kuwi adhiku lanang
Laire ning gone Bu Bidhan
Dinane Setu Kliwon
Tekan ngomah ana acara brokohan
Uga digawekake bubur abang
Kanggo njenengi adhiku lanang
Yaiku Muhammad Iqbal
 

 


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar