Selasa, 15 Desember 2015

Geguritan



1.  Surakarta
Aku nduwe crita
Crita kang ora dinyana-nyana
Kadadeyane wiwit jaman samana
Saka Mataram kuna nganti dumadine Keraton Surakarta
Yaiku pecahe keraton kang serupa
Nganti dumadine perang ing Kartasura
Antarane Sunan Kuning lan Paku Buana
Ndadekake narapraja kepontang ing dhaerah liya
Kasunanan kelangan wibawa
Banjur dipilih Dhesa Sala
Kang karo Baginda Raja diwastani Surakarta



2.  Sasi Sura
Tanggal sepuluh Sura
Didadekene saisi donya
Uga manungsa pratama
Asmanipun Adam lan Siti Hawa
Yaiku ing sasi Sura
Sasi kang utama
Nanging akeh manungsa kang ora mangerti
Sasi Sura padha diwedeni
Jare besane sang Nyai
Keris-keris padha diadusi
Tapa bisu padha dilakoni
Supaya balak ora kanthi


3.  Maesa sura
Maesa sura
Dipitaya njaga pusaka
Kang ana ing Keraton Surakarta
Cacahe ana sewelas
Kabeh anak turune kebo kyai Slamet
Dipitaya leluhur kang anjilma
Saka jaman Kartasura nganti jaman Surakarta
Njaga pusaka kang cacahe ana lima



4.  Semar mesem
Semar mesem
Semar kang marai lingsem
Yen disawang marakake trap-trapan
Rasane ora karuwan
Sedina muput tansaya kelingan
Marakake guya guyu kaya wong edan
Pancen ajian kang edan
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar