1. Saka
adoh
Saka adoh
Tak sawang
nganggo atiku
Saka adoh
tak sawang kabeh kaluwihanmu
Saka adoh
aku ora preduli marang lamunku
Saya adoh
Aku sadhar
yen kowe kuwi pancen adoh
2. Mendhung
durung mesti udan
Tak enteni
tekamu
Nganti
lintang metu jam 12 awan
Nganti
macan malih mangan gegodhongan
Nganti
kucing lan tikus ora maneh tukaran
Tak enteni tekamu
Sanajan bulan lan srengenge ora mungkin metu bebarengan
Sanajan kembar mayang wis padha sesandhingan
Sanajan manuk-manuk pating nrocok maido apa kang tak tandhang
Nanging
aku tetep ngenteni
Amarga
Mendhung
durung mesthi udan
Kembar
mayang ora mungkin digathukke karo godhong gedhang
Lan montor
ora bakal mlaku yen diisi banyu wedang
3. Kowe
sapa
Sing tak
kangeni
Sanajan
durung tau weruh rupane
Sanajan
durung tau weruh manis eseme
Sing
pendhak dina tak sebut ana ing pandongaku
Sanajan
durung ngerti sapa jenengmu
Sing isih ngusahake gawe aku
Rampungna urusanmu
Yen wancine wis teka
Tresna bakal nuntun kowe marang aku
Kanggomu
Jodho sing isih disimpen Gusti kanggo aku
4. Ngenteni
netesing watu
Kaya
ngenteni netesing watu
Rina wengi
tak antu-antu
Ora ngerti
papan kang tinuju
Ketemu
wong namung entuk paido
Marga rana
rene ora ana kasile
Sing
digolek ora ana juntrunge
Sing
dienteni ora ana karepe
Sing ana
namung mega ing wayah sore
Tidak ada komentar:
Posting Komentar