Rabu, 09 Desember 2015

Geguritan



1.       Anaku Abimanyu
Anaku Abimanyu
Lair saka darahing Rama lan Ibumu
Yaiku Arjuna lan Ibu Sembadra
Durung lair wis entuk wahyu saka pakdhemu
Yaiku Wrekudara
Panah pasopati dadi warisanmu
Pancen digdaya tenan awakmu
Nekat maju ing perang Bratha
Sanajan ora diparengake Rama
Nanging kanggo mbela Amarta
Eman tenan nasibmu anaku
Gugur ing gadane Jayadrata
Ninggalake Sundari lan Utari minangka garwa
Uga parikesit kang isih ing gua garba



2.       Sengkuni kang memala
Sengkuni
Sanajan akeh kang mungsuhi
Anak muridte uga melu mungsuhi
Nanging Sengkuni isih nduwena ati
Marang mbakyune Gendari
Apa wae dilakoni kanggo mbakyune kang namung siji
Uga ponakane para kurawa
Sanajan akeh nyilakani
Lan gawe rugining liya
Nanging Sengkuni
Adhi kang gemati


3.       Wali sanga
Ngertiya rekasane wali sanga
Nyebarake agama ing bumi nusantara
Ngajari kowe sinau agama
Nganti ngerti becik lan ala
Nganti bisa maca alif ba ta tsa
Nanging tipake ora ana kang ngreksa
Bocah padha tumindak ala
Wis ora padha ngerti maneh sapa kuwi wali sanga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar