Singir yaiku tembang kang nyritakake jaman nabi utawa
tuntunan nglakoni urip. Singir bisa digunakake kanggo media pendhidhikan. Kaendahan
kang ana ing njerone ndadekake singir luwih gampang ditampa lan dingerteni
maksudte tinimbang diajarake nganggo tulisan utawa pitutur biyasa. Salah siji
tuladha singir yaiku karya KH. Abdurrahman Wahid (Gus Dur) kang nduweni judhul “Singir
Tanpo Waton”.
Ya Rasulallah salamun alaik
Ya Robbi ‘asyaa niwa daroji Atfata yaji roddal ‘alami Yauhai laljuudi walkaromi x2 Ngawiti ingsun nglaras syi’iran Kelawan muji maring Pengeran Kang paring rahmat lan kenikmatan Rina wengine tanpa pitungan 2x Duh bala kanca priya wanita Aja mung ngaji syareat blaka Gur pinter ndongeng nulis lan maca Tembe mburine bakal sengsara 2x Akeh kang apal Qur’an haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak di gatekke Yen isih kotor ati akale 2x Gampang kabujuk nafsu angkara Ing pepahese gebyare ndonya Iri lan meri suguhe tangga Mula atine peteng lan nista 2x Ayo sedulur ja nglalekake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhide Baguse sangu mulya matine 2x Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan seri ngilmune Laku thariqat lan ma’rifate Uga haqiqat manjing rasane 2x |
Alquran qodim wahyu minulya
Tanpo tinulis bisa diwaca Iku wejangan guru waskita Den tancepake ing jero dada 2x Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mu’jizat Rosul dadi pedoman Minangka dalan manjinge iman 2x Kelawan Allah kang Mahasuci rangkulan rina lan wengi diriyadhohi lan suluk ja nganti lali 2x Uripe ayem rumangsa aman rasa tanda yen iman narima najan pas-pasan tinakdir saking Pengeran 2x Kelawan kanca dulur lan tangga padha rukun aja dursila sunahe rasul kang mulya Muhammad panutan kita 2x Ayo nglakoni sakabehane kang bakal ngangkat drajatte asor tata dhohire mulya maqom drajatte 2x Lamun palastra ing pungkasane kesasar roh lan sukmane gadhang Allah swarga manggonne mayite uga ulese 2x |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar