Purwacarita Bali, Sasrawijaya, 1875, #117
Katalog
|
:
|
|
Serat Poerwotjarito Bali
Door
Raden SosrowidjojoBatavia Landsdrukkerij
1875.
--- 0 ---
Punika Sêrat Purwacarita Bali anyariyosakên
kawontênanipun Pulo Bali saurutipun. Awit kitha ing Jamburana, mangetan nêkuk
ngalèr ngilèn, dumugi kitha Bulèlèng, sarta anyariyosakên nagari-nagari tanah
ngriku sadaya.
--- 0 ---
Punika Sêrat Purwacarita Bali
Kajawèkakên dening Radèn Sasrawijaya
Kaêcap ing kantor pangêcapan guphrêmèn ing nagara
Batawi ing taun 1875.
Ing ngandhap punika kawontênanipun ingkang kacariyos
ing ngriki
1. Anyariyosakên lampahipun ingkang ngarang, sangking
kitha Banyuwangi dumuginipun kitha Jamburana saubêngipun, dumugining kitha
Tabanan ing kaca 1-9.
2. Nyariyosakên kitha Tabanan, sarta anyariyosakên
kawontênanipun kitha ngriku, salajêngipun dumugi kitha Mênguwi, ing kaca 9-23.
3. Nyariyosakên kitha Mênguwi, sarta anyariyosakên
punapa kawontênanipun, lajêng lumampah mangidul dumugining kitha Badhu, ing
kaca -29.
4. Nyariyosakên kitha Badhung sarta anyariyosakên
anggènipun lumampah mangetan dhatêng ing kitha Gianyar sarta wontên ing margi
anyariyosakên kitha Bêbatu bawah Gianyar, ing kaca 29-35.
5. Nyariyosakên kitha Gianyar, sarta anyariyosakên
punapa kawontênanipun kitha ngriku, lajêng lampahipun dhatêng kitha Klungkung,
ing kaca 35-47.
6. Nyariyosakên kitha Klungkung, sarta nyariyosakên
punapa kawontênanipun, lajêng lampahipun mangetan dumugi kitha Karangasêm, ing
kaca 47-56.
7. Nyariyosakên kitha Karangasêm, sarta nyariyosakên
punapa kawontênanipun, lajêng lampahipun ngalèr ngilèn dumugi kitha Bangli, ing
kaca 56-62.
8. Nyariyosakên kitha Bangli, sarta nyariyosakên
punapa kawontênanipun, lajêng lampahipun mangalèr ngilèn dumugi kitha Bulèlèng,
ing kaca 62-66.
--- 0 ---
9. Nyariyosakên kitha Bulèlèng, sarta nyariyosakên
punapa kawontênanipun, lajêng lampahipun mantuk wangsul dhatêng Banyuwangi
malih, ing kaca 66-70.
10. Nyariyosakên kalakuan, tuwin agami sastra,
pangangge sêsamènipun, miwah nyariyosakên adat-adatipun, ing kaca 70-102.
11. Cariyosipun ingkang ngarang, mawi kasêkarakên
têmbung Mlajêng rêndhah, ing kaca 102-106.
--- 1 ---
1. Nyariyosakên lampahipun ing
margi-margi dumugining kitha Jamburana tanah Bali
Kula Radèn Sasrawijaya, tiyang asal saking nagari
Ngayogyakarta, dados santri wontên pondhok ing dhusun Sêpanjang, bawah kitha
Malang, ingkang sampun lumampah nyantri, lumêbêt dhatêng pulo Bali saurutipun.
Lampah kula saking kitha Malang dharat kemawon, ambêkta kônca santri 4, kula
anjog nagari Banyuwangi, ing ngriku pulo Bali kula tingali saking plabuhan
katingal kemawon, sarta inggih cêlak. Kula lajêng nyewa baita jukung sakônca
kula santri 4 wau, nalika ing dintên Sênèn tanggal kaping 31 wulan Januwari
taun 1871 ing wanci jam 12 dalu, lampah kula saking Banyuwangi mangetan. Sarêng
jam 11 siyang, dumugi
--- 2 ---
dhusun Prancak bawah kitha Jamburana pulo Bali, jukung
wau lajêng dipun inggahakên, nungsung lèpèn Prancak, saking sagantên lêrêsipun
mangalèr, lajêng dumugi ing kitha Jamburana, ing ngriku lèpèn Prancak saking
sagantên saurutipun minggah, kathah sangêt baita sagantên mudhik dumugining
kitha. Wondèntên imbalanipun, anggèn kula nyewa jukung, saking Banyuwangi
dumugining Jamburana, 1 tiyang 1½ rupiyah, sasampuning kula mêntas, kula lajêng
sowan dhatêng kantor, anèkênakên sêrat kula pas laut, ingkang saking kantor
Banyuwangi wau.
Ing ngriku kitha Jamburana kula tingali botên mèmpêr
kitha, maksih kados padhusunan kemawon, ugi punika sampun kaasta ing Kangjêng
Guphêrnêmèn, anaming dèrèng sae, malah kantoripun maksih alit sangêt, majêng
mangilèn wontên sawetaning margi agêng kang mujur mangalèr, salèring margi kang
mujur mangetan. Wau kantor dipun tingali saking radinan, kados gardhu kemawon.
Salêbêting kantor ingkang nyambut damêl namung Tuwan Kontrolir thok, lan juru
sêrat tiyang Mlajêng 1, kula lajêng nèkênakên pas, sarta kula ngaturi priksa
dhatêng [dha...]
--- 3 ---
[...têng] Tuwan Kontrolir, yèn kula badhe lajêng
dhatêng kitha Tabanan saurutipun. Tumuntên Tuwan Kontrolir paring priksa sarta
piwulang kathah-kathah, bab kalakuwanipun para raja-raja ing tanah Bali, maksih
asring purun damêl rêrêsah dhatêng bôngsa sanès ingkang lumampah tanpa dagang,
kula kapurih ngatos-atos, ugi kula lajêng kaparingan sêrat pas lampah dharat.
Kula lajêng mêdal saking kantor dhatêng radinan, kula ningali dalêm
Kontroliran, sakilèn ngradinan majêng mangetan, dalêmipun maksih awon, tur payon
kambêngan. Salèr kantor cakêt, griya kunjara, sampun pagêr banon payon
gêndhèng, kula saking kantor mangidul kêdhik dhatêng radinan prapatan, sawetan
radinan wontên griya panjang, bêbaturipun inggil, payon duk mujur mangalèr,
kula pitakèn punika griya kasêbut Bale Agung, pirantos panggenanipun tiyang
Jamburana manawi sidhêkah Galungan. Sawetaning Bale Agung wontên pagêr banon
siti, ing lêbêt banon wontên griya 2 bundêr payon duk sungsun-sungsun, sarta
griya alit-alit kathah, sami kados bagupon dara, punika kasêbut pura [pu...]
--- 4 ---
[...ra] Padewan, pirantos kadamêl sêmbayang agêng.
Saking ngriku kula têrus mangetan, sumêdya sowan dhatêng dalêmipun Patih,
ingkang kasêbut nami Gusti Ngurah Made Prancak, dalêmipun wontên sakidul margi,
kalih alit-alit sami payon kambêngan. Kula lajêng lumêbêt sêsowan lênggah
wontên ngandhap, Gusti Patih botên marêngi, kula kapurih lênggah jajar wontên
ngambèn. Sasampunipun kula dipun bagèkakên kathah-kathah, kula nyuwun priksa
barang aturanipun kitha Jamburana, sarta kula nuwun idin badhe mubêng-mubêng
salêbêtipun kitha ngriku supados sampun wontên tiyang ganggu.
Ing waktu samantên, kitha Jamburana rajanipun pinuju
lowong, namung wakil kimawon, kasêbut nami Gusti Made Rai, kula badhe sowan
botên angsal, amargi sawêg pinuju gêrah, kula lajêng têrus dhatêng kampung
Lolowan, panggenanipun tiyang Islam kang sami sugih-sugih, ugi sampun sami yasa
masjid agêng sae, pagêr banon payon gêndhèng, pandamêlipun sami urunan.
Wondèntên tiyang Islam kang sami gêgriya ngriku bôngsa tiyang Mandar utawi
Bugis, tiyang Jawi awis. [awi...]
--- 5 ---
[...s.] Kula lajêng mubêng dhatêng pêkên agêng masih
kados wande kemawon, Cina-cina namung satunggal kalih, tiyang wêwadean botên
kathah.
Mênggah kawontênanipun priyantun ingkang cêpêng damêl
kitha ngriku 1 wakil raja, 1 patih, 2 iji padhêndha, ingkang kuwasa agami
ngiras jaksa, 1 malih pambêkêl agêng. Dèntên ingkang nami Jamburana punika
lêrêsipun watawis saking kathah lêt sabin ragi kapara têbih, kadugi 1½ pal, ing
kontrolir punika kasêbut nêgara.
Mênggah kawontênanipun paos sabin, ugi sampun lumados
dhatêng Guphêrnêmèn, anaming pambayaripun tiyang alit warni pantun, ing sabên
môngsa panèn sabin, angetang saking winih, ingkang saupami tiyang sêsabin
waniyan 1 sêt = utawi sapocong agêng, pambayaripun paos 3 sêt = utawi 5 pocong
agêng, dados kaetang sapara gangsalan saking winih, tiyang alit botên kenging
paos sanèsipun, punika Guphêrnêmèn masih nglastantunakên panariking paos cara
kina, mila ing sabên dhusun-dhusun Guphêrnêmèn kagungan lumbung, wau pantun
paos yèn sampun môngsa awis dipun lelangakên, [lelang...]
--- 6 ---
[...akên,] katumbas ing tiyang kathah klayan yatra
bolong = utawi gobog. Dèntên pakwade apyun kang nyêpêng tiyang Islam, bayar
paos dhatêng Guphêrnêmèn, ing dalêm 634 ringgit, ugi bayar yatra gobog, mila
manawi ing kantor sampun kathah gobog, lajêng dipun sambut-sambutakên dhatêng
sawarnining juragan-juragan, kang asring kilak lêmbu dhatêng tanah Bali kawade
ing tanah Jawi, panyauripun dhatêng Guphêrnêmèn tanpa sarêman, naming kapurih bayar
yatra pêthak, manut sapintên adatipun gobog dados pêthak.
Kitha ing Jamburana punika tanah Bali ingkang kidul
kilèn piyambak, pasitènipun sami-sami tanah Bali kalêbêt loh piyambak,
toya-toya botên kirang, tur langkung siti kirang tiyang, mila pangaosing uwos
pantun mirah sangêt, ngantos sami dipun bêkta dhatêng nagari sanès. Mênggah
watêsipun kitha ing Jamburana punika kang wetan lèpèn Belukpoh, dados watês
kalayan kitha Tabanan, trus mangalèr pindhah dumugi rêdi Batukao, watês ingkang
lèr rêdi Kuthul mangilèn dhatêng rêdi Malang Tandhês sagantên kilèn, dados
watês kalayan kitha Bulèlèng, [Bulè...]
--- 7 ---
[...lèng,] ingkang kilèn sagantên kilèn, watês ingkang
kidul sagantên kidul utawi plabuhan Prancak, dèntên lèpèn ingkang agêng namung
3, 1. lèpèn Prancak salêbêt kitha, 2. lèpèn Sumbul, 3. Lèpèn Belukpoh, kang
wetan piyambak wau, sadaya lèpèn kang sampun kacariyos ngriki, punika sami mili
mangidul dhatêng sagantên, dèntên lèpèn kang alit-alit inggih kathah.
Kula wontên kitha Jamburana pikantuk 4 dintên, ing
dintên Jumungah wanci jam 7 enjing, kula lumampah mangetan, badhe dhatêng kitha
Tabanan, lampah kula nyarêngi tiyang Jawi badhe kesah dhatêng Tabanan ngupados
dagangan lêmbu, ing ngriku lampah kula sarêng 7 pal saking Jamburana, lajêng
lumêbêt ing wana nusup-nusup, marginipun saklangkung rumpil, sarta maluh-maluh,
manawi môngsa rêndhêng tiyang numpak kapal saèstu botên sagêd. Tumuntên lampah
kula menggok ngidul ngetan anjog sagantên, lajêng mangetan nurut pasisir
pèrèngipun rêdi Rêmbug, mila manawi sagantênipun rob botên sagêd lumampah,
kêdah ngêntosi surutipun. Kula sipêng wontên pasanggrahan, sapinggir lèpèn
Sumbul [Sumbu...]
--- 8 ---
[...l] ugi pinggir sagantên, punika pasanggrahan
prantosipun Tuwan Risidhèn Toyawangi kèndêl wontên ngriku, malah asring nyare,
yèn mêntas papriksa tanah Bali, anaming griyanipun masih awon sangêt, namung
dipun jagi tiyang 1, tur kanan kering tanpa wontên dhusun. Wontên ngriku kula
dipun criyosi dhatêng kang jagi pasanggrahan, cariyosipun para raja-raja tanah
Bali saurutipun asring purun damêl rêrêsah dhatêng tiyang kang tanpa bêkta
dagangan, awit dipun wastani badhe mangangkah awon, dados kula manah cocog lan
piwulangipun Tuwan Kontrolir, wontên ngriku kula lajêng damêl sêrat palsu, mawi
kula cap sarana ringgit kula panggang ing dilah, sêratipun kula ungêlakên
priyantun agêng tanah Jawi angutus dhumatêng kula ngupados bathok kalapa mripat
satunggal, sipêng sadalu enjing kula mangkat mangetan, ugi masih nurut pasisir,
botên mêningi-mêningi dhusun, tumuntên menggok mangalèr saking pasisir minggah
rêdi Lalang Lingga, lajêng tumêdhak mangetan anjog lèpèn kapara agêng, kasêbut
lèpèn Balian, sawetan lèpèn kula kawit mêningi dhusun, lampah kula lajêng
ngalèr ngetan [ngeta...]
--- 9 ---
[...n] marginipun malah saklangkung angèl, tur botên
wontên palanipun. Kula sipêng malih sadalu, enjing pangkat ugi botên sisah lan
kônca kula santri 4, sarêng ing dintên Ngakhad wanci jam 12 siyang kula dumugi
kitha Tabanan, dados lampah kula saking Jamburana dumuginipun kitha Tabanan,
kula sipêngi kalih dalu margi, awit lampah dharat.
2. Nyariyosakên kitha Tabanan
Sarêng lampah kula sampun dumugi kitha Tabanan, kula
lajêng sowan dhatêng dalêming pambêkêl agêng, sarêng dipun panggihi, kula
ngakên kautus sarta sêrat palsu kula aturakên, sadaya paturan kula têmbung
Mlajêng, anaming pambêkêl agêng botên sagêd Malajêng, tumuntên kula dipun
pondhokakên dhatêng griyaning pambêkêl alit dhusun Kabongan sakidul kitha
cakêt, sarta pyambakipun blêntèng-blêntèng sagêd têmbung Mlajêng, wontên ngriku
sadalu, enjing
--- 10 ---
kula dipun irid sowan dhatêng pambêkêl agêng malih,
lajêng sêrat kula dipun priksa, kula piyambak ingkang kapurih maos, pambêkêl
alit ingkang nêmbungakên Bali, sasampuning têrang, kula lajêng gadhah atur
nuwun saos bêkti dhatêng raja Gusti Ngura Agung, sarêng dipun aturakên, raja
botên marêngi, amargi sawêk pambêng muja sêmadi, badhe mlabuhi = utawi ngobong
layonipun ingkang garwa sêlir seda sampun têtilar putra, ananging kula kalilan
lumêbêt salêbêting puri, sarta kairid dhatêng priyantun kang kawasa nyêpêng
nagari ngriku 1. Krêta agung = utawi jêksa agêng, 2. Pambêkêl agêng, 3.
Panyarikan = utawi juru sêrat. Ing ngriku dalêming raja kasêbut puri, wau puri
mujur mangalèr, angajêngakên radinan agêng, anaming radinan kang kidul miwah
kang lèr wontên regolipun kasêbut lawang crancang, dipun jagi tiyang 20 sisih,
purinipun banon siti mêntah, dipun sêling-sêling banon wadhas, kalepa ing siti
kemawon, kandêlipun kadugi 3 kaki, inggilipun 14 kaki, wau pagêr banon kang
nginggil saubêngipun mawi payon duk, mênggah wiyaring puri kula jangkahi klayan
lumampah 420, ujuripun mangalèr, [manga...]
--- 11 ---
[...lèr,] pangidulipun 300 jangkah, kula lajêng dipun
irid lumêbêt mangilèn, lumêbêt ing regol sapisan, warninipun inggil tur ciyut,
botên mèmpêr lan inggilipun, punika kasêbut lawang agung, sarêng kula lumêbêt
malih wontên kori kasêbut lawang Kandhêg, panggenanipun para punggawa sami
mangangge kampuh manawi badhe lumêbêt, tumuntên lumêbêt wontên regol malih,
kasêbut lawang Burdhamanik, panggenanipun tiyang nyambut damêl ngukir ukir,
lumêbêt malih nuntên lawang kêmbar, tumuntên lawang mas, ing ngriku lajêng
wontên griya alit, tos-tosanipun sarwa dipun praos, sakanipun ing têngah
satunggal, kasêbut Bale Purdhamanik, payonipun sirap pring, punika prantos raja
sinewaka wontên ngriku, ugi kasêbut Bale Panangkilan, dèntên griya pasareaning
raja kasêbut Bale Ukiran, tuwin ing ngriku panggenaning para laksmi = utawi
para sêlir. Aliya saking punika pintên-pintên griya ingkang wontên naminipun
piyambak-piyambak têmbung Kawi, punapa malih antawising regol-regol wau ugi
wontên [wontê...]
--- 12 ---
[...n] naminipun, anaming sadaya regol-regol botên
nate mênga, yèn botên wontên damêl agêng, dèntên ingkang kadamêl langkung
padintênan, mêdal kiwanipun, kapasangan kori alit. Sasampuning waspaos, anggèn
kula nêningali lajêng dipun jak mêdal, wangsul dhatêng griyaning pambêkêl agêng
malih, kula lajêng nuwun priksa dhatêng Krêta Agung, sabarang aturanipun nagari
ngriku, ugi Krêta suka pitêdah klayan salêrêsipun, anaming sarêng kula pitakèn
cacahing tiyang, miwah kathah kêdhiking paos, Krêta Agung lajêng jêginggat sêmu
sujana dhatêng kula, kula inggih lajêng kèndêl sarta sangêt ajrih.
Kitha Tabanan punika kalêrês wontên sukunipun rêdi
Batukao ingkang kidul wetan, mênggah bawahipun kalêbêt wiyar, ing dhusun-dhusun
sawang[1] rêgêng tur griya-griya kathah, pasitènipun sêmu
abrit, kawontênanipun têtanêman pantun sêdhêng kemawon, mênggah panariking paos
sabin dhatêng tiyang alit warni pantun, ugi botên sanès lan panariking paos
kitha Jamburana kang sampun kula cariyosakên ngajêng, anaming tiyang alit tanah
Tabanan sabên taun kenging yatra panulis dhatêng raja, 1 tiyang [ti...]
--- 13 ---
[...yang] 25 gobog, dèntên paos pak wade candu raja
amundhut ing dalêm têlasipun apyun saglondhong 1 bêku = utawi 1000 gobog.
Wondèntên watêsipun kitha Tabanan punika, ingkang
kilèn lèpèn Belukpoh, nurut mangalèr dumugining rêdi Batukao, inggih punika
watês lan kitha Jamburana, watês ingkang lèr rêdi Sênggayang, dados watês lan
kitha Bangli tuwin kitha Bulèlèng, kang wetan lèpèn Sungi, dados watês lan
kitha Mênguwi, watês kang kidul kitha Tabanan punika ambawahakên raja 4:
1. kasêbut kitha Krambitan
2. kasêbut kitha Kêdhiri
3. kasêbut kitha Marga
4. kasêbut kitha Bereyan
Dèntên sawarnining para raja-raja kang alit-alit wau
sami kuwasa nyêpêng khukum piyambak-piyambak.
Mênggah paukumanipun kitha Tabanan, kula sampun nyuwun
priksa dhatêng Krêta Agung, cariyosipun ingkang saupami wontên durjana raja
pêjah, saèstu inggih ukum pêjah, sarana dipun tuwêk, panggenan dhadha
sangandhaping
--- 14 ---
susu kang kiwa. Manawi wontên durjana kadakwa mandung,
ukumipun pandung kapurih mangsulakên tikêl tiga saking trêka, wau tikêlan
lajêng dipun bage 3, ingkang saduman kagadhah dhatêng Krêta sakancanipun para
Lid Landrat, ingkang kalih duman kaparingakên tiyang kang gadhah barang, dèntên
manawi durjana botên sagêd anglintoni tikêl tiga, lajêng kapasrahakên dhatêng
pambêkêlipun dhusun, wau durjana kapurih made sapintên pajêngipun, yatra lajêng
kabagèkakên ing nginggil wau. Mawi[2] wontên tiyang mêmandung kagunganing raja miwah
gadhahaning punggawa, siyanga dalua kathaha sakêdhika, saèstu ukum pêjah.
Manawi wontên tiyang jina utawi rêmênan, ukumipun ingkang jalêr kadhêndha arta
2 bukus,[3] 4 bêku, 500 kèpèng[4] yèn botên
sagêd bayar saèstu ukum pêjah, katingalakên ing kathah. Manawi wontên tiyang
sêlang sambut barang kang pangaos, môngka ical, dèntên tiyang sêlang sambut
yatra botên sagêd nyaur, saèstu tiyang kang gadhah sambutan kapasrahakên
dhatêng tiyang kang nyambutakên, kapurih made [ma...]
--- 15 ---
[...de] ing pundi panggenipun pajêng. Manawi wontên
prakawis alit, kados ta: botên jagi sêsaminipun, saèstu ukum bêlok[5] 20 dintên,
trêkadhang langkung saking punika, mênggah ingoning pasakitan kajibah ingkang
gadhah dakwa.
Wondèntên sahing khukum kitha Tabanan namung kalih
prakawis: 1. Dakwa, 2. Sumpah, punika saking cariyosipun Krêta Agung amêndhêt
wêwaton saking ungêlipun rontal agami paukuman, ingkang sampun kaagêm para
raja-raja ing jaman kina dumuginipun samangke. Dèntên manawi para raja kang
alit-alit badhe ngukum tiyang durjana sasaminipun, inggih ugi mêndhêt wêwatos
saking rontal agami paukuman, anaming durjana kêdah katantun, trimah lan
botênipun, yèn botên trimah inggih kaladosakên dhatêng raja agêng, anaming
sakathahing durjana kathah kang narimah dipun ukum ing raja alit, amargi botên
nate sulaya lan paukumanipun raja agêng.
Raja Tabanan punika manawi seda botên kenging sabên
putra saking padmi anggêntosi karajan, yèn dede [de...]
--- 16 ---
[...de] wêdalanipun putri ingkang saking kitha
Krambitan bawahing Tabanan.
Wondèntên dhaharing raja, ingkang liya saking paos
sêsaminipun, warni sabin pintên-pintên panggenan, siti turunan saking para
lêluhur kina-kumina, botên kalong-kalong, dèntên sabining para punggawa inggih
samantên ugi, botên santun-santun.
Kula wontên kitha Tabanan kalêrêsan sumêrêp badhe =
utawi bakakas ingkang badhe kadamêl ngobong layon garwa sêliring raja, kula
pitakèn dhatêng Krêta Agung anggènipun ngajal sampun 8 wulan, wau layon dipun
buntêl ing sinjang tuwin gêlaran enggal, karut-rut ing tampar, dipun wadhahi
salêbêting bandhosa, karimatan wontên salêbêting dalêm.
Dèntên anggenipun andamêlakên badhe = utawi bêkakas
wau saklangkung sae, mawi amben-ambenan pring sungsun 3, kula ukur wiyaripun 25
kaki pêsagi, sami dipun pantèki kajêng ukir-ukiran, tuwin bubut-bubutan,
satêngahing ambèn-ambèn dipun pasangi pucang kasigar-sigar ingkang wiyaripun 4
dim, pintên-pintên [pintên-pintê...]
--- 17 ---
[...n] atus sami kasambêt-sambêt, mawi dipun rut-rut
ing panjalin, kula oyag saklangkung kêkah, ingkang ngandhap agêng, saya
minggah-minggah saya alit, sungsun 7, dumugining panggenan layon, sainggiling
layon kapasangan malih sungsun 7, dados sadaya sungsun 14, saking sainggil
amben-ambenan dumugining wêkasan kang nginggil piyambak, wau adêg-adêg saking
nginggil mangandhap dipun pajang-pajang sinjang warni-warni, wontên kang pêthak
cêmêng jêne lan sinjang jingga, sarta kapasangan kartas Cina warni-warni,
sinêlang-sêling grènjèng-grènjèng miwah praos, punapa malih pangilon
pintên-pintên dipun tèmplèk-tèmplèkakên mawi ancur, sinjang ingkang pêthak mawi
dipun sêrat gambar-gambar ringgit purwa, wau badhe pojokanipun 4, sabên pojok
dipun pasangi gambar kranjang estha liman mawi lar, kasungging-sungging
saklangkung lêmês, sangandhaping ambèn ugi wontên gambar kranjang estha dênawa
mawi lar, saklangkung agêng, kaupamèkakên ingkang gendhong badhe wau, mila
gambar dênawa punika kasêbut Wilmana, sanèsipun punika rarupèn pintên-pintên
warni, wontên kang kados joli, tandhu, krêmun, lan wontên kang kados cêngge
[cêng...]
--- 18 ---
[...ge] pramainan Cina, liyanipun malih kados ta:
ancak jodhang, lan jatingarang langkung kathah, punapa malih kajêng-kajêng
tilaran kang badhe kadamêl ngobong sampun dipun kêthok kapapak ugi kathah kados
rêdi. Sadaya bakakas wau manawi tiyang Bali kasêbut bade.
Saking cariyosipun wau layon kang wontên salêbêting
bandhosa, yèn sampun dumugi dintên kang katamtokakên, dipun tumpangakên
nginggil sabandhosanipun, angsalipun numpangakên sarana mènèk ôndha, ingkang
sami inggilipun, sasampuning layon kapasang lajêng dipun pasangi tumpang malih,
mila dados sadaya sungsun 14, saking ngandhap dumugining nginggil, wau bandhosa
kang isi layon dipun mori yatra gobog 5 bêku tuwin langkung. Dèntên warninipun
badhe kula tingali calêk,[6] saèmpêr sêkaranipun Tuwan Jendral Mayur Makilês ing
Batawi, mênggah inggilipun Badhe punika 20 dhêpa.
Kula pitakèn wragatipun Badhe ingkang makatên punika
ngantos têlas 2000 ringgit, malah-malah punika badhe namung nomêr 3, amargi
garwa sêlir, manawi garwa padmi
--- 19 ---
tuwin layoning raja sêsaminipun ingkang bôngsa inggil,
saèstu wragatipun langkung saking punika, sabab layoning raja anggènipun damêl
Badhe botên kenging wontên sajawining puri, kêdah wontên lêbêt kadhaton, sarta
wêdaling Badhe botên kenging mêdal ing regol, kêdah kadamêlakên krêtêg
tumumpang sanginggiling gapura, saking kadhaton dumugining jawi.
Wau layon manawi sampun dumugi dintên kang
katamtokakên, sarta sampun kapasang ing Badhe lajêng dipun usung kabêkta ing
tiyang langkung 300 dhatêng ing sêma = utawi kuburan, dèntên ingkang dhèrèk
raja agêng sagarwa putranipun sadaya, tuwin para raja pambêkêl sapangandhap
jalêr èstri. Angkatipun badhe mawi dipun arak bôngsa sruni têtabuhan
warni-warni, tuwin urmat sanjata Mriyêm saklangkung rame. Bilih sampun dumugi
ing sêma wau badhe lajêng dipun tumpuki kajêng-kajêng saubêngipun, tumuntên
dipun sêmbahyangi, kasêbut sêmbahyang Muspa, dening para sêpuh miwah raja pandhita,
sasampuning rampung sêmbahyang lajêng raja pandhita angujubakên kathah-kathah
ekraripun, amêndhêt saking ungêling rontal kamuksan [ka...]
--- 20 ---
[...muksan] = utawi kitabipun, tumuntên kajêng dipun
sumêt ing brama maju sêkawan, sarta siniram ing lisah klapa, lan raja pandhita
angujubakên malih ingkang warni sêkul ulam, bêkakak babi, sagawon, andhapan,
menda, lan bêkakak kidang, miwah dhêdhaharan pintên, sadaya minôngka sidêkah,
lajêng sami katêdha ing tiyang kathah, tuwin dipun pakakakên sagawon kathah,
wontên kang pancèn dipun tilar wontên ing Sêma.
Sasampuning Badhe wau têlas katêdha ing brama, awuning
layon dipun pêndhêti malih dipun wadhahi cêngkir gadhing, lajêng kawadhahan ing
bokor pêthak. Lêlangkunganipun awu kawadhahan sinjang pêthak. Dipun sandhingakên
ing cêngkir gadhing, tumuntên dipun sandhingi busana sinjang kang sae-sae,
lajêng dipun sukani nami, nuntên kabêkta kondur, sawatawis dintên awu kalabuh
ing sagantên. Panglabuhing awu mawi dipun sidêkahi malih, ugi kathah
wragadipun, mèmpêr kala pangobongipun, punika kasêbut sidêkah (petra wedana),
watawis dintên malih dipun sidêkahi malih, kasêbut (èsthi wedana), sarêng
watawis dintên malih dipun sidêkahi [si...]
--- 21 ---
[...dêkahi] saklangkung agêng tur pangocalipun sêkul
ulam, kêdah ingkang rampung sami sadintên. Sarta sawarnining tiyang kang
ocal-ocal kêdah milih, upami tiyang kithing, tiyang ina, tiyang cekot,
sasaminipun botên kenging tumut ucal-ucal. Inggih punika ingkang kasêbut
sidêkah (dewa yadnya).
Sasampuning têlas agèn[7] kula nyuwun priksa, kula lajêng pamit. Wangsul
dhatêng pondhokan. Nuntên kula kaparingan sêgah dhatêng raja gusti, warni uwos
kambangan, bumbu-bumbu sasaminipun. Kula sipêng wontên ngriku 4 dalu, ing
dintên Kêmis wanci jam 7 kula wêling atur nuwun pamit dhatêng raja, kula lajêng
dipun paringi sangu yatra gobog 2 bêku, tumuntên kula têrus sumêdya badhe
dhatêng kitha Mênguwi, lampah kula saking kitha Tabanan mangetan. Sarêng
watawis lampahan 7 pal, kula dumugi dhusun Snawang, ing ngriku marginipun dipun
sangkrahi romot-romot, miwah êri-êri ngantos sap 3, kontênipun namung brobosan
kemawon. Sarta ing kiwa têngên margi dipun jagèni tiyang kathah kanthi kêpala
sumakta[8] sadêdamêlipun. Kula lajêng nyalêk[9] pitakèn
--- 22 ---
punapa sababipun. Dene radinan dipun sangkrahi sarta
kajagi, cariyosipun, sampun dangu raja Tabanan sulaya klayan raja Mênguwi,
manawi tiyang bawah Tabanan dhatêng bawah Mênguwi dipun pêjahi, tiyang Mênguwi
dhatêng Tabanan samantên ugi, yèn tiyang alit kawastanan têlik, yèn pambêkêl
sapanginggil kawastanan badhe damêl rêrêsah, malah-malah ing môngsa-môngsa
asring papêrangan. Ngantos kathah pêpêjah, tumuntên kula nêdha pramisi dhatêng
pambêkêl kang jagi badhe langkung sarta kula cariyos utusan. Ugi lajêng dipun
wêngani kontên. Kula lajêng têrus mangetan. Sawetan dhusun Snawang punika lèpèn
Sungi, watês kitha Mênguwi lan kitha Tabanan. Anaming lèpènipun alit. Kula
lajêng minggah mangetan dumugi dhusun Suralaga sampun bawah kitha Mênguwi,
marginipun ugi dipun sangkrahi êri-êri sap 3 sarta mawi dipun jagang lêbêt. Ugi
wontên ingkang jagi, malah waosipun dipun liga, kula lajêng bêngok nêdha
kontên. Tumuntên waosipun ligan dipun acungakên. Saha pitakèn songol. Saking
ajrih kula, kula bêngokakên utusan [u...]
--- 23 ---
[...tusan] saking Batawi, ugi inggal-inggal kontên
dipun bikak. Tumuntên kêpalanipun takèn sêrat kula, sarêng sêrat kula
dêdahakên, pambêkêl priksa wontên capipun ringgit, sadaya tiyang kang ningali
sêmu ajrih, kalêstantunakên lampah kula, anaming tiyang ingkang bikak têtêg
kontên jawab ngêmis 1 tiyang 1 gobog. Rèhning kula tiyang 3, inggih 3 gobog.
Kula lajêng têrus mangetan. Sarêng wanci jam 2 siyang kula dumugi kitha
Mênguwi.
3. Nyariyosakên Kitha Mênguwi
Wontên kitha Mênguwi kula anjujug ing griya agêng
satêngahing radinan. Wau griya mawi sungsun kados masjid. Kasêbut Bale
Pasabungan. Ing ngriku salêbêting bale tiyang main kartu Cintên langkung
kathah, ngantos pintên-pintên pantha kados pêkên. Sarêng kula dhatêng, sadaya
tiyang kartu bibar, sami nonton dhatêng kula, jalêr èstri agêng alit yènta kula
sagêda têmbung
--- 24 ---
Bali sadaya tiyang sami mbagèkakên. Wangsulan kula
namung têmbung Mlajêng kemawon. Wusana lajêng sami botên sumêrêpipun, kula
lajêng anjujug griyaning Cintên Pakwade candu, punika blêntèng-blêntèng sumêrêp
mlajêng, kula lajêng dipun dêdahakên griyaning juru basa, sarêng kula lumampah,
kalêrêsan pinanggih, tumuntên kula dipun irid dhatêng griyaning pambêkêl agêng,
sarêng wontên ngriku, sêrat kula palsu dipun tingali, inggih lajêng sami
pitados kemawon. Nuntên kula gadhah atur badhe nuwun saos bêkti dhatêng raja
gusti Anak Agung Made Agung, anaming waktu samantên Raja Gusti pinuju sêpên.
Kalêrês sawêk tindak dhatêng kitha kapal bawah ngriku, kadugi botên inggal
kondur, dados kula namung nêdha prêmisi mubêng-mubêng sajawining puri kemawon.
Dalêming raja Mênguwi punika majêng ngetan. Wontên
pojok margi prapatan kang kidul kilèn, gledheganipun kalih, lèr satunggal wetan
satunggal. Purinipun mujur mangilèn. Kula jangkahi klayan lumampah pangilènipun
300, pangidulipun 210 jangkah, banonipun sae sangêt. Amargi wadhas kang dipun
angge, ing
--- 25 ---
nginggil mawi dipun lis urutipun. Tur botên mawi payon
wondèntên gledheganing raja kalêbêt sae, ngangge pancak suji banon,
ukir-ukiran. Sasêkaran miwah rêca-rêca kathah, kori kang lumêbêt dalêming raja
sap 3, ugi wontên naminipun piyambak-piyambak. Sarta sabên regol kajagi tiyang
15.
Wontên ngriku kula lumêbêt ing pura padewaning raja,
panggenanipun kalêrês wontên lèr wetan, lêt lèpèn alit. Sarêng kula lumêbêt,
mila inggih sae, pagêr banon sap 3, mawi blumbang sap 2, majêng mangidul angajêngakên
radinan agêng kang mangetan. Korinipun 3 pangkat. Kori kang lêbêt wontên
mriyêmipun, dhasar prunggu, ing pucuk ngangge gambar bajul. Cariyosipun punika
mriyêm, sampun kina kumina, ing bokot[10] wontên sasêratanipun sastra Bali, mriyêm kang wetan
mungêl arda côndra, kang kilèn mungêl Sarabala, anaming wau sastra, pandugi
kula susulan sasampuning mariyêm dados.
Kitha Mênguwi punika papanipun kalêbêt radin.
Pasitènipun sêmu pêthak. Wêdaling têtanêman sêdhêng kemawon, [ke...]
--- 26 ---
[...mawon,] mêgah[11] panariking paos sabin dhatêng tiyang alit botên sanès
lan kitha Tabanan. Anamung tiyang wade candu botên kenging paos. Kajawi naming
raja gusti dhaharipun sês agêng botên tumbas. Tansah mundhut kemawon, gagêntosan
salaminipun. Dhatêng sawarnining tiyang kang wade candu, dèntên bawah kang lèr
kathah tiyang sami nanêm kopi saking kajêngipun piyambak. Ugi sami kenging paos
dhatêng raja, ing dalêm kopi 1 pondhong = utawi wawrat 160 kaki, kenging waos
250 gobog.
Wondèntên watêsipun kitha Mênguwi punika, kang wetan
dhusun Jagapati, dados watês lan kitha Gianyar, ingkang bang lèr dhusun Catur,
dados watês lan kitha Bangli, kang kilèn lèpèn Sungi, dados watês lan kitha
Tabanan. Kang kidul kilèn sagantên kidul. Kang kidul lêrês dhusun Sêmpidhi,
dados watês lan kitha Badhung. Kitha ngriku punika botên gadhah bawah rêdi kang
agêng, tuwin lèpèn kang agêng-agêng inggih botên gadhah.
Kitha Mênguwi wau ambawahakên raja 9 kang agêng-agêng
kemawon, kados ing ngandhap punika,
--- 27 ---
1. kasêbut kitha kapal, ingkang kuwasa kasêbut raja
2. kasêbut kitha Sibang ingkang kuwasa kasêbut raja
3. kasêbut kitha Kabê-kabê, ingkang kuwasa kasêbut
raja
4. kasêbut kitha Panarungan, ingkang kuwasa kasêbut
raja
5. kasêbut kitha Blayu, ingkang kuwasa kasêbut raja
6. kasêbut kitha Carangsari, ingkang kuwasa kasêbut
raja
7. kasêbut kitha Taman, ingkang kuwasa kasêbut raja
8. kasêbut kitha Buwang, ingkang kuwasa kasêbut raja
9. kasêbut kitha Cêmbung, ingkang kuwasa kasêbut raja
Mênggah satunggil-tunggiling kitha kang kula
criyosakên ing nginggil wau sadaya, sami kuwasa matrapakên kukum. Sarta sami
ngingah krêta, anaming sadaya putusan inggih kêdah lapur dhatêng raja agêng.
Punapa malih para raja wau bawahipun sangêt ciyut, kula tandhing klayan bawahing
para dhistrik ing tanah Jawi botên sapalihipun.
Kula lajêng nêdha priksa dhatêng pambêkêl agêng
mênggah patraping paukuman kitha Manguwi, ugi botên sanès lan paukuman kitha
Tabanan ingkang sampun kula criyosakên. Naming kaotipun kitha Mênguwi
--- 28 ---
yèn wontên tiyang ngrojèng = utawi nyolong pantun,
dipun kêthok tanganipun ingkang têngên, sukunipun ingkang kiwa trakadhang dipun
prithili jênthikipun sadaya.
Sasampuning têrang anggèn kula nêdha priksa bab ing
ngajêng wau sadaya, kula lajêng dipun pondhokakên griyaning pambêkêl alit.
Sarta kula dipun sukani sêgah sarwa mêntah, uwos, ayam, bumbu sasaminipun,
wicantêning pambêkêl agêng, wau sasêgah pêparinging raja gusti, sabab sampun
adat. Yèn wontên utusan, saèstu kaparingan sêgah, sanadyan dede utusan, manawi
tiyang bôngsa sanès, manawi wontên ngriku ugi pikantuk têdha saking raja gusti.
Wontên kitha Mênguwi kula sipêng 2 dalu, raja gusti maksih dèrèng kondur.
Sarêng ing dintên Sêtu tanggal kaping 12 wulan Pebruwari, kula pamit dhatêng
pambêkêl agêng, sumêdya anglajêngakên lampah dhatêng kitha Badhung, kula lajêng
kaparingan sangu arta 1 bêku, jawabipun, ugi saking pêparingipun raja gusti.
Sarêng wanci jam 10, kula mangkat mangidul ragi ngetan sakêdhik, radinanipun
ragi sae sarta radin. Anaming minggak-minggok [ming...]
--- 29 ---
[...gak-minggok] sarta ciyut. Sarêng wanci jam 4
siyang, kula dumugi kitha Badhung, dados saking Mênguwi kula botên sipêng ing
margi.
4. Anyariyosakên kitha Badhung
Kitha Badhung punika rajanipun agêng 2, tunggil
sadhèrèk. Dalêmipun ragi têbih, wetan lan kilèn. Kadugi têbihipun ½ pal. Lêt
lèpèn alit. Ingkang kilèn kasêbut nami Raja Gusti Ngurah Gêdhe Dhanpasar, kang
wetan kasêbut nami Raja Gusti Ngurah Agung Pamêcutan. Wondèntên panyêpênging
bawah, sami ngêrèh kemawon. Naming wulu wêdal tuwin paos sasaminipun kapalih.
Raja kêkalih wau sami kagungan krêta agung
piyambak-piyambak. Manawi mutus prakawis sami ngalêmpakakên satunggal rêmbag.
Anaming krêtanipun agung ingkang agêng piyambak kasêbut nami krêta Agung Kêthut
Sawunggaling.
--- 30 ---
Dèntên dalêmipun raja Dhanpasar majêng mangidul.
Wontên salèring margi kang mangilèn. Sakilèning margi kang mangalèr,
gledheganipun kalih, kang wetan lan kidul angajêngakên pêkên. Wurinipun mujur
mangalèr kalêbêt awon sangêt. Wondèntên dalêmipun raja Pamêcutan, ugi majêng
mangidul. Angajêngakên pêkên. Wontên sawetaning radinan kang mangalèr, salèring
radinan kang mangilèn. Wurinipun mujur mangalèr, warninipun ragi sae sakêdhik.
Kula jangkahi klayan lumampah 260 jangkah pangetangipun, pangalèripun 200
jangkah. Dèntên ingkang nami kitha Badhung punika sapinggir laut kidul. Saha
wontên rajanipun piyambak kasêbut Dewa, anaming inggih kêbawah dhatêng raja
Dhanpasar tuwin dhatêng raja Pamêcutan.
Mênggah têbihipun saking Dhanpasar, dumugining Badhung
pinggir sagantên, udakawis 7 pal. Wontên Badhung kula sowan dhatêng raja
ingkang kawasa ngriku, kula dipun takèni botên ngakên kautus. Namung ngakên
pados sadhèrèk kemawon. Mila makatên, amargi tiyang ing ngriku sampun wontên
tiyang satunggal kalih ingkang sagêd sastra Mlajêng Arab tuwin Walandi, kula
wontên Badhung mondhok griyaning [gri...]
--- 31 ---
[...yaning] juru basa, ugi kula mubêng-mubêng wontên
ngriku, mila inggih pantês yèn dipun wastanana kitha, amargi ragi rame,
tontonan botên wontên latipun. Tiyang wêwadeyan rintên dalu gumêlar, Cina-cina
inggih kathah sarta sami griya gêdhong agêng-agêng, punapa malih manawi tiyang
Cina wangkang sami labuh wontên ngriku, saklangkung mirah yatra, dados cok
makatêna, sawarnining yatra gobog. Ingkang kalampah wontên ing pulo Bali punika
saking pambêktanipun tiyang Cina, cok makatêna, ing tanah Jawi kala jaman
Maospahit inggih yatra gobog saking nagari Cina, awit dhasaring gobog, miwah
sasêratanipun sami, sarêng bôngsa kulit pêthak sami dumunung wontên tanah Jawi,
punika kawitipun wontên yatra têmbagi warni-warni miwah yatra pêthak
sasaminipun.
Ing Badhung punika wontên plabuhanipun. Kasêbut
plabuhan Srangan. Anaming cariyosipun para juragan laut, plabuhan Srangan wau
kalêbêt rumpil sangêt, mila sampun kathah baita dagang ingkang kandhas wontên
ngriku, kula namung sipêng sadalu, kèndêl bêdhug kula wangsul mangalèr, dhatêng
karajan Pamêcutan. Kula jujug sowan [so...]
--- 32 ---
[...wan] dhatêng dalêmipun Krêta Agung Kêthut
Sawunggaling, ugi kula botên ngakên utusan. Namung sêngadi ngupadosi sadhèrèk
kemawon. Wontên ngriku kula sasêmbèn nuwun priksa, sabarang aturanipun nagari
ngriku.
Mênggah ingkang nyêkêl khukum raja agêng 2, Krêta
Agung 2, pambêkêl agêng 4, Panyarikan 4, dèntên patraping paukuman, mèh botên
sanès lan kitha Mênguwi miwah Tabanan. Kaotipun namung manawi wontên durjana
pandung, botên sagêd nglintoni tikêl 3 saking trêka, saèstu raja agêng ingkang
nglintoni, anaming durjana dipun tundhung saking bawah ngriku salaminipun
gêsang, yèn ngantos ngatingal malih saèstu ukum pêjah. Dèntên manawi prakawis
alit sasaminipun, patraping paukuman dipun rante jangganipun. Kacancang ing
saka, botên kenging kesah-kesah, wontên pinggir margi prapatan. Wangênipun 15
dintên. Agêngipun 30 dintên. Mênggah ingkang nyukani ingon sawarnining durjana,
kajibah warising pasakitan.
Wondèntên pasitèn tanah ngriku punika kalêbêt sae,
[sa...]
--- 33 ---
[...e,] têtanêman inggih lêma-lêma, tur botên kirang
toya, anaming sitinipun wêdhi, amargi kaetang pinggir sagantên. Mênggah panariking
paos sabin dhatêng tiyang alit warni yatra, ugi angetang saking winih, ing
dalêm sabin winihan 1 sêt kenging paos 1 ringgit. Yèn bayar yatra bolong 400
gobog, dèntên paos plabuhan miwah paos pak wade candu, sampun katêbas dhatêng
bandar Cina, ing sabên wulan bayar dhatêng raja 896 ringgit, ajêk salaminipun,
botên mindhak botên mêdhun. Kitha Badhung punika botên gadhah bawah rêdi, botên
gadhah bawah lèpèn kang agêng, namung 1 lèpèn dawa ingkang mili dhatêng
plabuhan Srangan. Wondèntên watêsipun, kang wetan antaraning dhusun Batubulan,
watês lan kitha Gianyar, kang lèr dhusun Sêmpidhi, watês lan kitha Mênguwi,
ingkang kilèn kula botên têrang, anaming ugi têpang watês lan Mênguwi
dumugining sagantên kidul. Nêkuk mangetan dumugining plabuhan Srangan. Ingkang
sampun kula criyosakên ing ngajêng wau.
Kitha Badhung wau angêrèhakên raja kang agêng-agêng 5,
kados ing ngandhap punika,
--- 34 ---
1. kasêbut kitha Badhung, ingkang kuwasa kasêbut raja
2. kasêbut kitha Petangan ingkang kuwasa kasêbut raja
3. kasêbut kitha Pêguyangan, ingkang kuwasa kasêbut
raja
4. kasêbut kitha Padhang Sambeyan, ingkang kuwasa
kasêbut raja
5. kasêbut kitha Kêsiman, ingkang kuwasa kasêbut raja
Kula wontên kitha Badhung sipêng 2 dalu, enjing kula
nyuwun pamit dhatêng Krêta Agung Kêthut Sawunggaling, sumêdya anglajêngakên
lampah dhatêng kitha Gianyar, lampah kula saking Badhung ngalèr ngetan. Dumugi
dhusun Batubulan ingkang kabawah kitha Gianyar, ing ngriku wontên bètèngipun.
Sarta margi-margi dipun sangkrahi sap-sapan. Kula pitakèn bètèng wau
kagunganipun raja Gianyar, kadamêl ngajêngakên mêngsah saking kitha Badhung,
ugi ing môngsa-môngsa sami papêrangan. Ngantos kathah papêjah, wontên ngriku
kula namung kèndêl sakêdhap. Lajêng têrus mangetan. Ing dintên Sênèn wanci jam
3 siyang kula dumugi kitha Bêbatu kabawah kitha Gianyar, dados kula saking
Badhung botên sipêng ing margi.
--- 35 ---
5. Anyariyosakên kitha Gianyar, Anaming
mawi Nyariyosakên ukumanipun Raja Bêbatu kang kabawah Gianyar
Kula wontên dhusun Bêbatu wanci jam 3, kula kèndêl wontên
bale pasabunganing raja Bêbatu wau, ing ngriku kula sumêrêp 1 tiyang jalêr
sukunipun kalih pindhah kabêlok. Sarta jangganipun dipun rante, kacancang
klayan bêlokan. Kalêrêsan wontên tiyang mandar sampun gêgriya ngriku lami, kula
pitakèn prakawisipun tiyang kang dipun bêlok wau, cariyosipun, tiyang climud,
sampun kêrêp sangêt konangan mandung tanêman kagunganing raja, ingkang antuk
pangapuntên kemawon sampun kaping 3, sarta tiyang mandar wau suka priksa
dhatêng kula, yèn benjing-enjing pasakitan punika badhe kapatrapan ukum pêjah,
kula sangêt bingah, amargi badhe sumêrêp patrapipun. Kula lajêng sipêng sakônca
kula santri 4, wontên griyanipun tiyang mandar wau, sarêng
--- 36 ---
enjing wanci jam 9, kula lajêng dipun jak nonton,
lumampah dhatêng bale pêsabungan. Botên dangu Raja, Krêta, Pambêkêl, lan
Panyarikan, sami mêdal saking puri, kadhèrèkakên tiyang kathah, sumakta ing
dêdamêl. Lajêng têrus sami tindak dhatêng sêma = utawi kuburan. Pasakitan ugi
kabêkta tanpa dipun tangsuli, sarêng sampun dumugi ing sêma, krêta dhêdhawuh
dhatêng pêngayah = utawi kuli, kapurih damêl luwangan mujur ngalèr ngetan kados
adat. Sarêng rampung, pasakitan dipun ajêngakên sarêng-sarêng klayan semahipun
ngêmban anak, dhatêng ngarsaning raja tumuntên krêta andhawuhakên putusing prakawisipun.
Ing ngriku kula sumêrêp gumun sangêt, ningali wujuding
pasakitan kang badhe nampèni ukum. Pyambakipun mawi nginang mèngèr-mèngèr sarta
mèsêm-mèsêm. Cahyanipun botên pucêt. Dipun tangisi semahipun kang ngêmban lare
malah gumujêng-gumujêng, kula pitakèn, criyosipun sampun adat, supados sampun
ngantos dipun wastani tiyang alit manah ajrih pêjah, lajêng pasakitan dipun
sèndhèhakên ing kajêng, ugi tanpa dipun tangsuli,
--- 37 ---
tumuntên juru tuwêk = utawi tukang suduk majêng,
ambêkta dhuwung ligan. Pasakitan tambah mèsêm-mèsêm, saha amawas-mawas pucuking
dhuwung, lajêng juru tuwêk angêmèk dhadhaning pasakitan ingkang kiwa, tumuntên
pucuk dhuwung katèmpèlakên ing dhadha sangandhap susu ingkang kiwa, pasakitan
malah tumungkul ningali pucuking dhuwung kang tumèmpèl. Sasampuning pranah
dhuwung lajêng dipun urêkakên dening juru tuwêk. Suwaranipun (krêk) lajêng
dhuwung dipun sêndhal. Ing ngriku pasakitan masih mèsêm-mèsêm. Malah rah kang
dlèdèg kadumuk ing driji, dipun tutul-tutulakên pilinganipun kiwa têngên, miwah
ing bathukipun. Sarêng sampun tanganipun kalih pindhah dipun raupakên rah kang
dlèdèg. Lajêng dipun borèhakên waradin ing rêraènipun piyambak. Ing ngriku kula
ningali ngantos sêmêngêrên, sumêrêp solahing pasakitan. Sarta mirêng swara
tangisipun ingkang èstri, sanalika ngriku kula kados supêna, ngantos watawis
dangu pasakitan botên pêjah-pêjah. Lajêng raja dhêdhawuh kapurih nuwêk mawi
waos. Ugi lajêng dipun laksanani, kawaos panggenan jôngga iring nginggil
pundhak kang
--- 38 ---
têngên. Sarana waos ngadêk, lajêng pêjah, tumuntên
bangke kalêbêtakên kluwat. Dipun urugi kados adatipun. Botên dangu lajêng
bibar, sadaya tiyang ngriku sami gêtun ningali tekadipun.
Sarêng ing wanci jam 1 siyang kula anglajêngakên
lampah mangetan. Sarêng wanci jam 3 kula dumugi kitha Gianyar, kula pitakèn
griyaning juru basa, raja botên kagungan. Namung wontên 1 pambêkêl agêng,
kasêbut nami juru Made Pasêk. Punika sagêd cara Mlajêng, tur ingkang kapitados
jawi lêbêting karajan. Punapa malih pyambakipun sampun kajuwara, kang
têbih-têbih saantero tanah Bali, mênggah kasêktènipun juru Made Pasêk,
malah-malah mira ing pawartos, sagêd napak sagantên. Mila nagari Gianyar kala
samantên dipun mêngsah raja 4, raja Badhung, Mênguwi, Bangli, lan raja
Klungkung botên kawon-kawon. Amargi saking kaprawiranipun juru Made Pasêk wau,
ngantos sabên tiyang kang têbih-têbih sumêrêp namanipun alit wasta pun Cedhok.
Punika kula lajêng dhatêng griyanipun. Kula sowan
lênggah [lêng...]
--- 39 ---
[...gah] ngandhap. Juru Made Pasêk botên suka, kêdah
kula kapurih lênggah tunggil sakasur, kula lajêng criyos manawi lampah kula
dipun utus priyantun agêng ing tanah Jawi kapurih ngupados bathok mripat
satunggal. Sarta kula badhe nuwun saos bêkti dhatêng raja Gusti, tumuntên kula
kapurih ngaso rumiyin. Kapondhokakên griya adating tamu saha kula dipun sêgah
klayan sae, sarêng kula sipêng 2 dalu wontên ngriku, enjing raja Gusti
andhawuhakên. Kula klilan lumêbêt dhatêng puri ing wanci jam 10 siyang, kula
dipun irid juru Made Pasêk, lumêbêt dhatêng puri, sarêng kula lumêbêt kori
kaping 2 menggok mangetan, kula sumêrêp raja Gusti sampun pinanggih lênggah ing
pandhapi jawi majêng mangilèn. Sêsèdhèn[12] saka ingka[13] lèr wetan. Sarta dipun apit-apit para laksmi kalih
sisih, lênggahipun botên mawi lèmèk punapa-punapa, dèntên ingkang angsal
lênggah jajar tunggil sak bêbatur pandhapi para sadhèrèk, tuwin para raja
pandhita, sarêng kula katingal, lajêng dipun timbali majêng, kakrêsakakên
lênggah bêbatur kang ngandhap, nunggil para pambêkêl agêng tuwin [tu...]
--- 40 ---
[...win] para brahmana, raja Gusti andangu
kawilujêngan kula, kula botên ngrêtos. Lajêng juru Made Pasêk ingkang
nêmbungakên mlajêng, tumuntên raja kathah-kathah pandangunipun, bab
kawontênaning karaton nagari Surakarta lan nagari Ngayoyakarta, kula inggih ngaturakên
punapa ingkang kula sumêrêpi kemawon.
Sarêng sampun rampung pandangunipun, kula kalilan
mantuk dhatêng pondhokan, anaming raja kagungan piwêling, kula kapurih
ngupadosakên sêrat Karnapurwa[14] lan sêrat Dronapurwa.[15]
Sarêng kula mêdal ningali purinipun raja wontên
salèring pêkên majêng mangidul, sakwetan radinan kang mangalèr, dalêmipun
majêng mangidul. Anamung alit sangêt.
Kitha Gianyar wau kalêbêt rame, Cina-cina kathah sami
gêgriya sapinggir radinan. Punapa malih ing dhusun-dhusun Cina inggih kathah,
pating slêmpit sami gêgriya, dèntên ing kampung-kampung salêbêt kitha
griyanipun pipit. Mila nagari Gianyar punika sami-sami tanah Bali, kalêbêt
agêng piyambak bawahipun. Kula pitakèn cacahing tiyang 50.000 jiwa tiyang kang
kuwawi ing damêl [damê...]
--- 41 ---
[...l] kemawon. Mila namung samantên, amargi para raja
kang alit-alit angladosakên tiyang namung sapalih, dèntên pambêkêl dhusun,
ngladosakên tiyangipun dhatêng raja alit inggih namung sêpalih saking cacah,
môngka kula tingali ing dhusun griyanipun pipit isi tiyang, ing wusana namung
wontên itangipun samantên sangêt sakêdhikên. Sarêng para raja sapêngandhap sami
ngêlong sêpalih-sêpalih inggih mèmpêr, tiyang bawah kitha Gianyar saubêngipun.
Ing waktu kula wontên ngrika sangêt sami susah, amargi tiyang gêgramèn botên
sagêd mêdal dhatêng nagari sanès. Awit rajanipun sawêk sami mamêngsahan lan
para raja kanan kerinipun, kados ta: kang bang wetan mêngsahan lan raja
Klungkung, kang lèr raja Bangli, kang kilèn raja Mênguwi, kidul kilèn raja
Badhung, kang môngka tiyang Gianyar manawi langkung bawah ngriku saèstu dipun
pêjahi tanpa landrat.
Wondèntên pasitinipun bawah kitha Gianyar warni-warni,
wontên kang siti abrit, pêthak lan siti cêmêng, kawontênanipun tanêman pantun
inggih sêdhêng, mênggah panarikipun paos sabin dhatêng tiyang alit warni pantun
--- 42 ---
amêndhêt para sadasa saking angsal-angsalanipun tiyang
sasabin. Dèntên paos pak candu raja botên mundhut. Namung paos plabuhan, sampun
katêbas dhatêng bandar Cina, ing dalêm sataun bayar paos 1400 bêku, kitha
Gianyar punika botên gadhah bawah rêdi kang agêng, dèntên lèpènipun namung 2,
lèpèn Sangsang lan lèpèn Dhanu. Wondèntên watêsipun kitha Gianyar wau, kang
wetan lèpèn Yahbubuh, dados watês lan kitha Klungkung, kang lèr ardi
Tampatsiring,[16] dados watês kitha Bangli, kilèn dhusun Batubulan,
watês lan kitha Badhung, kang kidul sagantên kidul utawi plabuhan Lêbe.
Raja kitha Gianyar punika kasêbut nami raja Gusti
Anake Agung Manggis. Ing ngriku ambawahakên raja 11 ingkang agêng-agêng, kados
ing ngandhap punika,
1. kasêbut kitha Banjarangkan, ingkang kuwasa kasêbut
raja
2. kasêbut kitha Tlikut ingkang kuwasa kasêbut raja
3. kasêbut kitha Playatan, ingkang kuwasa kasêbut raja
4. kasêbut kithaTêgalalang, ingkang kuwasa kasêbut
raja
--- 43 ---
5. kasêbut kitha Payangan, ingkang kuwasa kasêbut raja
6. kasêbut kithaTampatsiring, ingkang kuwasa kasêbut
raja
7. kasêbut kitha Siyangan, ingkang kuwasa kasêbut raja
8. kasêbut kitha, Sokawati ingkang kuwasa kasêbut raja
9. kasêbut kitha Bêbatu, ingkang kuwasa kasêbut raja
10. kasêbut kitha Nagara, ingkang kuwasa kasêbut raja
11. kasêbut kitha Abyanbasi, ingkang kuwasa kasêbut
raja
Aliya saking punika masih kathah kitha kang alit-alit,
ugi angsal sasêbutan raja, anaming botên kacriyos ing ngriki. Dèntên ingkang
ngasta khukum kitha Gianyar punika: 1. Raja agêng, 2. Krêta agung, 3. Pambêkêl
agêng, 4. Juru sastra = utawi carik, 5. Brahmana, kang atas agami.
Mênggah patraping paukuman botên sanès lan kitha
Badhung, kaotipun namung manawi wontên durjana botên sagêd bayar tikêl tiga,
punapa malih tiyang kang kenging dhêndha botên sagêd bayar, wau tiyang lajêng
kabucal dhatêng kikis kang wiyar wananipun. Kapurih sêsabin dipun têdha
piyambak. Manawi lami-lami sampun sagêd bayar saèstu kenging mantuk.
--- 44 ---
Wondèntên yatra dhêndha-dhêndha wau dipun para gangsal,
ingkang 2 duman kapundhut dhatêng raja, ingkang 2 duman kagadhah dhatêng krêta
agung sakancanipun para lid landrat, ingkang 1 duman kaparingakên tiyang kang
gadhah dakwa. Mênggah paukumanipun prakawis kang alit, durjana dipun sapu
sarana panjalin. Wangênipun ingkang ngantos lêmpe-lêmpe. Dèntên ingoning
pasakitan raja ingkang pêparing.
Wontên kitha Gianyar kula nyuwun prêmisi ningali
pêpundhènipun raja gusti ingkang wontên kitha lami, samangke kasêbut dhusun
Pèjèng, pramisi kula wau raja inggih marêngi, sarta kula dipun kanthèni
brahmana kêkalih, kakêrsakakên ngatêr kula saking kitha Gianyar mangilèn. Kula
kintên têbihipun 5 pal. Ing ngriku pêpundhèn, kalêrês wontên salêbêtipun
padewan. Ing jawi mawi dipun pagêr banon 2, panggenaning pêpundhèn mawi dipun
cungkup. Bêbaturipun kapara inggil. Tur mawi undhak-undhakan. Wau pêpundhèn
majêng mangidul. Dipun lurubi sinjang pêthak rangkêp-rangkêp. Lajêng brahmana
nyêmbah kaping 7, nuntên minggah ing bêbatur, kula tumut minggah inggih nyêmbah
kaping 7, sarêng dipun [dipu...]
--- 45 ---
[...n] bikak wau pêpundhèn, warninipun bundêr gèpèng,
agêngipun sadhêpa midêr, ing wingking mawi pênthol panjang sarta bolong,
saèmpêr rodha bêkakas gilingan. Anaming dhasaripun prunggu, dipun sêrat
lung-lungan saklangkung lêmês. Saking pangintên kula tiyang bodho ningali
alus-alusipun ing dhasar, kados dipun cithak. Dhasaripun prunggu saèmpêr
tunggil jinis klayan yatra gobog. Ing ngriku wontên ingkang têngga 1 tiyang
jalêr sampun sêpuh kasêbut raja pandhita, inggih punika ingkang sagêd
gancarakên.
Saking cariyosipun raja pandhita, punika pêpundhèn
kinanipun dhawahan saking langit. Pêparingipun Sang Hyang Siwah Buja, ingkang
dipun paringi kasêbut Sang Hyang Panik Gumawang, inggih punika putranipun Sang
Hyang Pasopati ing rêdi Mahmeru tanah Jawi, mila pêpundhèn wau kasêbut Bulan,
amargi dhawahipun saking langit. Sarta panjang cariyosipun ingkang sampun
kasêbut wontên rontaling raja pandhita.
Sasampuning têrang anggèn kula aningali kula lajêng
mantuk. Ugi sarêng-sarêng klayan brahmana kang ngatêrakên kula [ku...]
--- 46 ---
[...la] wau, wangsul dhatêng kitha Gianyar, kula
sipêng wontên kitha ngriku 4 dalu, sarêng malêm Sêtu kula wêling atur nyuwun
pamit, yèn ing dintên sêtu enjing kula badhe têrus. Anglajêngakên lampah
dhatêng kitha Klungkung, ing dalu ngriku juru Made Pasêk suka èngêt dhatêng
kula kathah-kathah, sabarang adatipun kitha Klungkung, sarta êsih asring sangêt
anggènipun damêl rêrêsah dhatêng kawulanipun piyambag. Punapa malih kula dipun
criyosi kapurih mêdal radinan alit kemawon. Botên suka mêdal radinan ing
Banjarangkan. Amargi punika panggenan ajang pêrang ing Gianyar lan Klungkung.
Sarêng ing dintên Sêtu wanci jam 10, kula mangkat saking kitha Gianyar
mangidul. Dumugi plabuhan Lêbe kula menggok mangetan nurut pasisir, lajêng
menggok mangalèr dumugi bawah kitha Klungkung, sarêng wanci jam 5 kula dumugi
ngriku, dados saking Gianyar kula botên sipêng ing margi.
--- 47 ---
6. Nyariyosakên Kitha Klungkung
Wontên kitha Klungkung kula jujug plataraning raja
ingkang jawi piyambak. Kalêrêsan sadhèrèking raja ingkang tunggil bapa pinuju
lênggah wontên ngriku, kula lajêng sowan, kula lajêng sowan gadhah atur,
pyambakipun botên mangêrtos. Tumuntên utusan nimbali juru basa, kang kasêbut
nami Dewa Made Pangi, sarta ingkang sampun nate kautus sowan dhatêng nagari
Batawi, kula lajêng criyos, yèn lampah kula dipun utus priyantun agêng ing
tanah Jawi, ugi lajêng dipun aturakên dhatêng raja agêng, kula kapurih ngaso
wontên bale pagajahan, plataran kang lêbêt. Sarêng wanci jam 7 dalu, ingkang rayi
raja tunggil bapa ibu, kasêbut nami Gustine Agung Made Rai mêdal saking
kadhaton. Kula kairit dhatêng dalêmipun. Ugi sakônca kula santri 4, sarêng kula
sampun sami lumêbêt ing kontên, lajêng kori dipun tutup. Kajagi ing tiyang
sumêkta ing dêdamêl. Tumuntên dhuwung kula sêdaya kapundhut. Lajêng [La...]
--- 48 ---
[...jêng] kula katimbalan majêng, dipun dangu cara
papriksa pasakitan. Kula inggih angaturakên cocogipun lan sêrat kula kemawon.
Anaming botên kapitados. Kula kagalih tiyang bôngsa êncik. Sarta kalih têlik
saking kitha Gianyar, kula lajêng angaturakên layang katêmênan. Dangu-dangu
karêmbag para rat inggih lajêng pitados. Dhuwung kula sami kaparingakên
wangsul. Tumuntên kula kakêrsakakên mondhok wontên kampung Lêbak, panggenanipun
tiyang Bali ingkang sampun manjing agami Islam. Sarêng enjing kula wêling atur
nuwun saos bêkti dhatêng raja agêng, timbalanipun botên kenging.
Raja Klungkung punika sasêbutanipun raja Gusti
Cakurdha Dewa Agung Putra, inggih punika raja ingkang agêng piyambak sak antero
pulo Bali, mila ing môngsa-môngsa sawarnining para raja-raja tanah Bali sadaya
sabên taun sami saos bêkti, amargi kitha Klungkung punika kacariyos sêpuh
piyambak. Têturunan saking Maospait tanah Jawi, cariyosipun para brahmana
ngriku makatên. Prabu Ayamwuruk, ratu ing
--- 49 ---
Maospait punika putranipun 4, kakung 3, putri 1,
ingkang pamade = utawi pandhadha tumêngkar dhatêng pulo Bali, lajêng jumênêng
ratu kasêbut nami Prabu Samplangan, inggih punika ingkang miwiti tanah Bali
wontên panjênêngan ratu, lajêng anurunakên para raja ing tanah Bali sadaya,
anaming ingkang sêpuh piyambak kitha Klungkung wau, punapa malih sawarnining
pusaka-pusaka ing jaman kina babêktan saking Maospait: paos dhuwung miwah
wadhah gantèn kêncana inggih wontên ngriku.
Wondèntên dalêming raja majêng mangilèn, kasêbut
kadhaton. Saking plataran lumêbêtipun dhatêng kadhaton mawi kontên 3, ing sabên
kontên saking jawi lumêbêt mawi undhak-undhakan tumêdhak. Lajêng menggok
mangetan dumugi dalêming raja majêng mangilèn. Wau kontên ingkang jawi piyambak
banonipun saklangkung inggil. Saantero tanah Bali botên wontên ingkang nyamèni,
punika kontên kasêbut lawang agung, gledheganipun wontên êlèr, purinipun mujur
mangidul. Tur inggih agêng sarta wiyar, anaming pagêripun banon awon sangêt,
ugi siti kemawon
--- 50 ---
tur tanpa payon. Malah dipun tingali saking radinan
pagêripun banon botên katingal. Amargi ing jawi banon sami dipun griyani para
punggawa tuwin tiyang kathah.
Kitha Klungkung punika sangêt wêritipun. Ing
margi-margi tiyang jalêr botên kenging slanggapan ujar lan tiyang èstri, ing
pêkên-pêkên botên kenging tiyang jalêr lumêbêt tuwin têtumbas dhatêng
panggenanipun tiyang èstri, mila pêkênipun ngage[17] dipun watêsi, sarta kajagi ing tiyang, ajêg
salaminipun. Wondèntên pasitènipun kalêbêt awon. Têtanêman kathah kang
kêra-kêra, tur papanipun miring-miring, môngsa rêndhêng jêblok sangêt. Dèntên
bawahipun sangêt ciyut. Sami-sami para raja ing tanah ngriku ciyut piyambak.
Namung isi tiyang 15.000 ingkang kuwawa ing damêl. Mênggah panariking paos
sabin warni uwos, ing sabên mêntas panèn sabin. Ugi angetang saking tiyang kang
baku sabin kemawon. 1 tiyang 1 pondhong = utawi wawrat 160 kati, dèntên paos
plabuhan tuwin paos pak wade candu sampun katêbas dhatêng bandar Cina, ing
dalêm sawulan 500 bêku, paos mêdalipun pulo Nusa ing dalêm sawulan [sawu...]
--- 51 ---
[...lan] 200 ringgit. Amargi pulo Nusa wau mêdal
sarang burungipun. Mêgah[18] watêsipun bawah ngriku kawetan lèpèn Yaundha, dados
watês lan kitha Karangasêm. Ingkang lèr dhusun Magêlan, dados watês lan kitha
Bangli. Ingkang kilèn lèpèn Yahbubuh dados watês lan kitha Gianyar, watês kang
kidul sagantên kidul utawi plabuhan Kêsamba.
Kitha Klungkung punika namung ambawahakên kitha 4 tur
alit-alit, kados ing ngandhap punika,
1. kasêbut kitha Kasatrayan, ingkang nyêpêng kasêbut
raja
2. kasêbut kitha Kanginan ingkang nyêpêng kasêbut raja
3. kasêbut kitha Sulang, ingkang nyêpêng kasêbut raja
4. kasêbut kitha Kêsamba, ingkang nyêpêng kasêbut raja
Liya punika pulo Nusa satêngahing sagantên, Klungkung
isi tiyang 4000 jiwa, anaming tiyang bucalan sangking Klungkung, ugi sampun
wontên pambêkêlipun agêng. Kitha ngriku sampun kathah kang sami lumêbêt agami
Islam. Ing dhusun Gèlgèl wontên tiyang 80, salêbêt kitha [ki...]
--- 52 ---
[...tha] wontên tiyang 30, malah satunggal kalih
sampun wontên tiyang kang sampun khaji saking Mêkah, mênggah Islamipun wau
saking pagèndèng-gèndèngipun[19] tiyang bôngsa Ngarab, kang sami gêgramèn wontên
ngriku.
Kula wontên Klungkung 2 dalu, kula dipun timbali
dhatêng ingkang rayi raja agêng, kula dipun takèni isaka Jawi, kala kula wontên
Klungkung marêngi wulan Dulkangidah taun Dal ôngka 1799 isaka Jawi. Lajêng
dipun sêrati, sarta andangu malih kathah-kathah, wiwitipun wontên sastra Jawi
tuwin isaka Jawi, kula inggih lajêng ngaturakên punapa saksumêrêp kula, kang
mungêl wontên ing sêrat babad nagari Mêdhangkamulan saurutipun. Kula lajêng
nyuwun priksa dhatêng brahmana bab isaka Bali, kala isaka Jawi ôngka 1799,
isaka Bali ôngka 1793, cariyosipun amêndhêt saking sasêratan sela kang wontên
salêbêting pura Padewan rêdi Agung, ingkang samangke dados papundhèn. Dèntên
ingkang miwiti anganggit sastra Bali punika cariyosipun inggih brahmana saking
tanah Jawi, wontên Bali anjujug ing rêdi Agung, kasêbut nami Sang Hyang Eka
Jayasari,
--- 53 ---
ugi kathah-kathah cariyos ingkang kasêbut ing rontalipun.
Tumuntên kula kadangu lampahing pawukon. Tiyang Bali kasêbut paokun. Kula
lajêng andêdahakên sêrat pananggalan. Inggih cocog kemawon lan pawukon Bali,
namung môngsa sulaya sangêt. Tiyang Bali satunggil-tunggiling môngsa sami ajêg
ngumur 30 dintên. Ing dalêm satiban = utawi sataun ngumur 360 dintên. Sarêng
kula dêdahi lampahing môngsa kang lêrês, ingkang sampun kapacak ing sêrat
almanak, para brahmana botên narimah, kula inggih lajêng kèndêl. Sarêng sampun
rampung pandangunipun, kula lajêng kalilan wangsul dhatêng pondhokan malih.
Kitha Klungkung punika ingkang kawasa ngasta khukum
priyantun 6, 1. Raja Gusti Dewa Agung, 2. Sadhèrèking raja, 3. Pandhita, 4.
Krêta Agung, 5. Pambêkêl agêng, 6. Panyarikan. Wondèntên patraping khukum
dhatêng tiyang durjana ingkang rêraja pêjah, botên sanès kaliyan kitha Gianyar.
Naming ukumipun tiyang durjana mêmandung botên ajêg. Ingkang kathah sami
kabucal dhatêng pulo Nusa, ingkang sampun kula criyosakên wau, mênggah
wangênipun, [wa...]
--- 54 ---
[...ngênipun,] wontên kang salami gêsang, wontên kang
mawi wangên. Lan sawênèh malih wontên kang dipun dhêndha, arta kaparingakên
sadaya dhatêng tiyang kang gadhah dakwa. Dene yèn wontên tiyang kadakwa
rêmênan, saèstu jalêripun kaukum pêjah, èstrinipun kabucal dhatêng nusa 1 taun.
Anaming angsalipun mêjahi dhatêng tiyangipun jalêr kang kadakwa rêmênan wau,
pêjahipun trakadhang dipun colong kemawon. Ing wanci dalu raja utusan juru
tuwêk, kapurih ngupadosi tiyang jalêr ingkang sampun dipun dakwa, ing pundi
gènipun kapanggih saèstu pêjah.
Wondèntên manawi prakawis alit, ukumipun karante
tanganipun kalih pindhah, dipun rangkulakên ing kajêng agêng, kang wontên
satêngahing pêkên. Wangênipun sadintên sadalu, trakadhang mawi dipun bruki
sêmut rangrang, wontên kang dipun wudani kangtongton[20] ing kathah, wontên kang dipun tabuhi mubêng-mubêng
ing pêkên-pêkên. Lan wontên kang dipun sapu, walak-walak awrat ènthènging
prakawisipun. Wontên ngriku kula inggih sumêrêp, raja matrapi ukum pêjah
dhatêng 1 tiyang èstri, prakawisipun kadakwa ngingah leak utawi setan.
--- 55 ---
Sampun adamêl pêjahing lare èstri, anaking
têtangganipun, ingkang sawêk lare ngumur 2 taun. Cariyosipun, kala tiyang èstri
wau dèrèng mriku, lare saras. Sarêng tiyang èstri punika sanja mriku, lare
lajêng macicil mripatipun. Dumugi sadintên sadalu lare ngajal. Sliranipun
sakojur gosong, punika tandhanipun yèn tiyang èstri wau ngingah leak. Sarta
malih kathah saksi-saksi kang sumêrêp, yèn tiyang èstri wau sanja mriku, sadaya
kang nêksèni sampun sami sumpah, wau tiyang èstri mila sampun lami dados kabar
yèn ngingah leak. Tumuntên tiyang kacêpêng, dipun priksa mungkir, dangu-dangu kêni,
punika ingkang kapatrapan ukum pêjah, ugi dipun tuwêk sarana dhuwung,
patrapipun botên sanès kados patraping ukum raja kitha Bêbatu bawah Gianyar,
ingkang sampun kula criyosakên ngajêng, kula wontên ngriku sipêng 5 dalu,
sarêng ing dintên Rêbo enjing kula lajêng nuwun pamit, badhe anglajêngakên
lampah dhatêng kitha Karangasêm. Amargi dèrèng pikantuk, anggèn kula nglampahi
kautus. Samantên raja marêngi, kula kaparingan sangu arta
--- 56 ---
1 bêku, sarta dipun têrakên tiyang 2, tur pambêkêl
dhusun. Angkat kula saking kitha Klungkung wanci jam 7 enjing, têrus mangetan
nyabrang lèpèn Yahundha, sarêng wanci jam 6 sontên kula dumugi kitha
Karangasêm. Mila ngantos lat, sabab marginipun langkung rumpil sangêt. Tur
sela-sela kathah sangêt. Wontên ing Karangasêm, kula jujug kampung Bangrus.
Panggenanipun tiyang Islam, dados kula saking Klungkung botên sipêng ing margi.
7. Nyariyosakên Kitha Karangasêm
Kitha Karangasêm punika tanah Bali ingkang wetan
piyambak. Kalêrês wontên sukunipun rêdi Agung ingkang kidul. Mila kitha wau
sangêt parêdèn. Ugi dipun apit-apit rêdi, kados ta: kang wetan rêdi Srasa, kang
lèr rêdi Agung wau, kang kilèn rêdi Tênganan.
Kitha ngriku punika rajanipun 3 tunggil sadhèrèk
jalêr, dèntên ingkang ngênggèni puri agêng, sadhèrèk ingkang sêpuh piyambak,
kasêbut nami raja Gusti Gêdhe
--- 57 ---
Oka, dèntên panyêpênging bawah botên kabage, tansah
sami mrentahi kemawon. Mênggah wulu wêdaling nagari inggih kapara tiga,
wondèntên dalêming raja majêng mangidul. Wontên salèr radinan kang mangetan.
Wontên sawetan radinan kang mangalèr, purinipun mujur ngalèr, banonipun sae,
anaming alit sangêt. Kula wontên ngriku botên ngakên utusan. Amargi mirêng
pawartos, yèn raja ngriku botên patos gupuh yèn wontên utusan. Sampun ingkang
utusaning priyantun Jawi, utusanipun Tuwan Residhèn Banyuwangi raja botên patos
praduli, punapa malih kula ajrih ing pawayangan. Yèn raja ngriku sangêt
anggènipun damêl sawênang-wênang dhatêng rencangipun piyambak. Sanadyan tiyang
bôngsa sanès, kados ta tiyang Cina, tiyang mandar sêsamènipun. Yèn minggah
kalêpatan wontên ngriku, ukumipun langkung awrat saking tiyang siti.
Pasitèn bawah Karangasêm saanteronipun kalêbêt loh
sangêt. Tiyang panèn lumintu kemawon botên wontên latipun. Saèmpêr tanah Kêdhu,
awit lèpènipun kang alit-alit pating srèwèh,
--- 58 ---
tur ngriku kalêbêt panggenan asrêp. Mila têtanêman
saklangkung sae, mênggah panariking paos sabin dhatêng tiyang alit botên sanès
kadi dening kitha Klungkung.
Dèntên watêsipun bawah kitha Karangasêm, kang wetan
sagantên wetan, nêkuk ngalèr lajêng ngilèn urut pasisir ngantos dumugi rêdi
Êngis, watês lan bawah kitha Bulèlèng, ingkang kilèn lèpèn Yahundha, dados
watês lan kitha Klungkung, kang kidul ugi sagantên kidul, utawi plabuhan
Culipadhang, lan plabuhan Tyanyar, wondèntên etangipun tiyang ingkang jêjêr
pangayah = utawi kuli, bawah kitha Karangasêm 30.000 iji, anaming etang
samantên wau mêndhêt saking cacah jaman kina kemawon. Suda tuwin tambah raja
botên sumêrêp. Ing ngriku sampun wontên tiyang Islam. Ingkang kawastanan
kampung Bangras. Anaming Islamipun sampun kina kumina, punapa malih
sêmbahyangipun nangmung[21] 3 waktu, ing waktu magrib, ngisa, lan waktu subuh,
luhur tuwin ngasar botên nate sambahyang.
Ing ngriku kitha Karangasêm botên gadhah bawah ingkang
kasêbut raja, kajawi namung pambêkêl agêng kemawon,
--- 59 ---
anaming pangwasanipun para pambêkêl agêng wau mèh
sakèmpêr kuwasaning raja, kenging ngukum tiyang durjana, dèntên dhusunipun ing
ngandhap punika,
1. Dhusun Bubug
2. Dhusun Babi
3. Dhusun Pasarèn
4. Dhusun Kubu.
Liya saking punika kathah para pambêkêl agêng kang
botên kacriyos ing ngriki. Wondèntên ingkang kuwasa ngasta ukum kitha Karangasêm
wau 7 iji, 3 raja, 1 brahmana, 1 krêta agung, 1 pambêkêl agêng, 1 panyarikan.
Wondèntên patraping paukuman dhatêng sawarnining
tiyang kang nêrak parentah saklangkung awrat sangêt.
Tiyang mêmandung ingkang kacêpêng, kathah kang sami
dipun ukum pêjah, trakadhang prakawis kabar kemawon inggih ukum pêjah,
mêmandung siyang miwah dalu ukumipun sami kemawon. Tiyang jina ugi ukum pêjah,
malah angsalipun mêjahi asring dipun kêthok-kêthok saking suku dumugining
jôngga, dèntên tiyang sêlang sambêt, miwah wontên [wo...]
--- 60 ---
[...ntên] prakawis kang alit-alit ukumipun botên sanès
lan kitha Klungkung.
Kula wontên kitha Karangasêm ngantos 8 dintên. Amargi
kula midhangêt wartos, yèn panjênênganipun raja badhe matrapi ukum pêjah tiyang
2, jalêr èstri tur sadhèrèkipun cêr tunggil bapa biyung, prakawisipun kadakwa
rêmênan lan sadhèrèkipun wau, sarêng prakawis sampun putus, pasakitan sipêng
sadalu wontên bêlokan. Enjing wanci jam 10 kabêkta dhatêng sagantên. Ingkang
ngirid krêta agung lan para pambêkêl, miwah tiyang sawatawis sami sumêkta ing
dêdamêl. Kula tumut ningali saking katêbihan. Sarêng sampun dumugi pinggir
sagantên, wau pasakitan kalih lajêng dipun tangsuli dados satunggal. Ing suku
dipun baluhi sela agêng, lajêng kabêkta nêngah sarana baita jukung, sarêng
watawis sak pal têbihipun saking kisik,[22] pasakitan kacêmplungakên sarêng.
Marêngi dintên Kêmis[23]
tanggal kaping 7 wulan Marêt masih taun 1871 wanci jam
7 enjing, kula mangkat saking kitha Karangasêm, sumêdya badhe dhatêng kitha
Bangli,
--- 61 ---
lampah kula saking Karangasêm mangalèr mêdal sukunipun
rêdi Agung ingkang kidul. Marginipun sangsaya sangêt rumpil tur wana agêng,
wontên margi kula mampir ningali pêpundhènipun para raja-raja ing tanah Bali
sadaya, inggih punika ing dhusun Bêkasih[24] bawah kitha Karangasêm. Wontên sukunipun rêdi Agung,
dados rêdi Agung punika sadaya bawah kitha Karangasêm, sarêng kula ngaso wontên
ngriku, kula pitakèn. Sanggar padewaning para raja ugi dipun dêdahakên. Sarêng
kula tingali mila inggih sae majêng mangidul. Pagêripun banon sela sêdaya, ing
lêbêt banon rêca-rêca damêlan kina inggih kathah, dèntên ingkang dipun
pundhi-pundhi 1 sela dipun sêrat sastra Buda wontên bang wetan majêng mangilèn,
sarêng kula nyalêk,[25] ingkang jagi ngriku botên suka, dados namung kula
tingali saking katêbihan kemawon.
Wontên ngriku kula botên dangu, sumêdya nglajêngakên
lampah mangilèn ragi ngidul. Ugi sarêng lan kônca kula santri 4 botên
kantun-kantun. Kula minglangkungi bawah Klungkung malih ingkang bang lèr,
sipêng wontên margi sêdalu, enjing [e...]
--- 62 ---
[...njing] wanci jam 11 dintên Jumungah[26] kula dumugi
kitha Bangli, dados lampah kula saking kitha Karangasêm dumuginipun kitha
Bangli namung kula sipêngi sadalu mrêgi.
8. Nyariyosakên Kitha Bangli
Kitha Bangli punika ingkang dipun ênggèni dhusunipun
agêng sangêt. Rajanipun ingkang agêng 1 kasêbut nami Raja Gusti Dewa Gêdhe
Tangkêban. Dalêmipun majêng mangidul. Gledhegan wontên wetan tuwin kidul,
angajêngakên radinan kang mangilèn, ngiwakakên radinan kang mangalèr, purinipun
mujur mangalèr, kula jangkahi klayan lumampah 350 jangkah, pangilènipun 210
jangkah, radinanipun salêbêting kitha awit kidul dumugi wêkas lèr saklangkung
wiyar, sarta inggih kalêbêt sae, sapinggir radinan kathah gardhunipun. Ing
wanci dalu kajagi ing tiyang, kula wontên ngriku badhe sowan dhatêng raja Gusti
pinuju sêpên, kalêrês sawêg tindakan bêbujung dhatêng kitha Pênidha, kula sowan
dhatêng krêta agung sêpên, kula lajêng sipêng wontên patikèn. Dados sumêrêp
kula sabarang aturanipun [a...]
--- 63 ---
[...turanipun] litha[27] Bangli wau namung takèn-takèn kemawon dhatêng para
idha kang sami nyêrèt wontên ngêpakan.
Kitha Bangli bawahipun parêdèn, tur saklangkung wiyar
anaming rêdinipun alit-alit. Ingkang agêng namung rêdi satunggal bang lèr,
kasêbut rêdi Batur. Dèntên pasitènipun bawah ngriku ugi wiyar, anamung
saklangkung cêngkar sangêt. Kathah sabin-sabin ingkang botên angsal toyan ilèn.
Amargi bawah ngriku botên gadhah lèpèn kang agêng, wontên satunggal kalih,
anaming jurangipun saklangkung lêbêt. Tur toyanipun alit. Tiyang kang bawah
ler-leran, pangupajiwanipun sami gagi, naming wêdalipun pantun sangêt asor.
Mênggah panariking paos siti, raja dhatêng tiyang
alit, 1 tiyang kenging 1 bêku = utawi 1000 gobog ing dalêm sataun. Sawarnining
tiyang parêdèn botên kenging paos. Namung manawi wontên damêl agêng utawi
pêrang, tiyang parêdèn ingkang dados prajurit. Mênggah paos pak wade candu,
raja ugi narik. Ing dalêm 1 pak, katarik 2 atak = utawi 400 gobog ing dalêm
sawulan. Kula pitakèn kawontênanipun [ka...]
--- 64 ---
[...wontênanipun] jiwa tiyang tanah ngriku, botên
sagêd têrang, wontên ingkang criyos botên mèmpêr sangêt.
Wondèntên watêsipun bawah kitha Bangli wau, kang wetan
têpang klayan bawah kitha Karangasêm. Kang lèr rêdi Ngis. Dados watês lan kitha
Bulèlèng tuwin kitha Karangasêm. Ingkang kilèn rêdi Sênggayang, watês lan kitha
Tabanan. Kang kidul dhusun Catur watês lan kitha Mênguwi, têrus mangetan dumugi
ardi Tampatsiring watês lan kitha Gianyar, watês lan kitha Klungkung dhusun
Magêlan.
Raja kitha Bangli punika angêrèhakên raja 7 kados ing
ngandhap punika,
1. Kasêbut kitha Pênidha, ingkang kuwasa kasêbut raja
2. Kasêbut kitha Susut, ingkang kuwasa kasêbut raja
3. Kasêbut kitha Bunuhan, ingkang kuwasa kasêbut raja
4. Kasêbut kitha Sidhumbulih, ingkang kuwasa kasêbut
raja
5. Kasêbut kitha Bukit, ingkang kuwasa kasêbut raja
6. Kasêbut kitha Bangbang, ingkang kuwasa kasêbut raja
7. Kasêbut kitha Kalibi, ingkang kuwasa kasêbut raja.
Liya saking nginggil wau, ugi masih kathah kitha kang
alit-alit, ingkang angsal sasêbutan raja.
--- 65 ---
Wondèntên ingkang ngasta khukum kitha Bangli wau
priyantun 5, 1. Raja Agêng, 2. Pandhita, 3. Krêta agung, 4. Pambêkêl Agêng, 5.
Juru Sastra. Mênggah patraping paukuman botên sanès lan kitha Tabanan.
Kula wontên kitha Bangli namung sipêng 2 dalu, ing
dintên Ngakhad wanci jam 7 enjing kula mangkat mangalèr, sumêdya badhe dhatêng
kitha Bulèlèng, wontên margi sipêng sadalu, wanci jam 11 kula dumugi rêdi
Batur, punika masih bawah kitha Bangli, wau rêdi Batur wontên salèr kilènipun
rêdi Agung, mila katingalipun andhap. Anaming ing pucak mêdal bramanipun kapara
agêng, rintên dalu botên wontên kèndêlipun mungêl glêdhug glêgêr-glêgêr,
saubêngipun rêdi Batur wau ngalèn wiyar tur bundêr têpung gêlang saubênging
rêdi, ingkang kidul wetan wontên tlaganipun, gubêd nênêkuk ngalèr ngilèn, botên
wontên bêdhahanipun. Punika kasêbut dhanu[28] Batur, sadaya punika masih kabawah kitha Bangli,
wontên ngriku saklangkung awis toya, kula sipêng badhe ngliwêt, toya mawi
tumbas. Lampah kula lajêng ngalèr ngilèn. Ing margi-margi tanah ngriku kula
kêrêp kapêthuk tiyang jalêr èstri gulunipun [gulu...]
--- 66 ---
[...nipun] sami gondhok. Sapangilèn pindhah dumugi
parêdèn bawah kitha Bulèlèng, sangsaya kathah tiyang gondhok. Kula sipêng malih
kalih dalu, sarêng ing dintên Rêbo wanci jam 12 siyang tanggal kaping 14 wulan
Marêt 1871 kula dumugi kitha Bulèlèng, jujug kampung Pabeyan salèr kitha
pinggir laut griyaning Puadhuk = utawi kêpala kampung Islam tiyang Mandar,
dados lampah kula saking kitha Bangli dumuginipun kitha Bulèlèng kula sipêngi 3
dalu mêrgi.
9. Nyariyosakên Kitha Bulèlèng
Kitha Bulèlèng punika tanah Bali ingkang pinggir
pasisir lèr piyambak. Botên wontên jajaripun kitha malih-malih, ing sapunika
sampun kaasta Kangjêng Gupêrnêmèn. Sarta sampun katanêman priyantun Walandi
pangkat Asitèn Risidhèn. Tuwin sampun wontên jaksanipun. Dèntên rajanipun 1
kasêbut raja Gusti Ngurah Kthut Jlanthik. Dalêmipun majêng mangalèr, tur sampun
sae [sa...]
--- 67 ---
[...e] sangêt, payon gêndhèng pagêr banon labur,
purinipun mujur mangidul. Kula jangkahi klayan lumampah pangidulipun 400
jangkah, pangilènipun 260 jangkah, pagêripun banon, andhap tur awon sangêt.
Anaming pandhapining raja sampun sae sangêt. Kula tandhing klayan para raja
ingkang dèrèng kabawah ing Gupêrnêmèn. Dèntên ngasistenan saking karajan
mangilèn. Dalêmipun sampun sae, ugi majêng mangalèr, ing ngriku kasêbut kampung
Singaraja. Ing kampung Pabeyan sapinggir plabuwan wau wontên pêkênipun agêng
tiyang wêwadeyan barang sabrang kalêbêt kathah, punapa malih Cina-cina kang
sami gêgriya pinggir pêkên inggih kathah, tur sami griya gêdhong, malah sampun
wontên kapitanipun Cina.
Ajawi punika tiyang Arab tiyang Mandar kathah kang
sami griya gêdhong awit cêkap pangupajiwanipun. Kula sipêng sadalu wontên
kampung Pabeyan. Enjing kula dhatêng Singaraja, manggihi dhatêng Mas
Harjasêmita, jaksa Bulèlèng, sarêng kula pinanggih kula nêdha priksa barang
aturanipun kitha Bulèlèng, ugi sagêd têrang sêdaya klayan salêrêsipun.
--- 68 ---
Mênggah kawontênanipun cacah jiwa tiyang bawah kitha
Bulèlèng punika 200.000 jiwa, mila kapanggih samantên, angetang ngangge aturan
Gupêrnêmèn. Wondèntên panariking paos raja dhatêng tiyang alit ugi angetang
saking bibit. Ingkang saupami sabin winihan 1 ênah = utawi wawrat 32 katos,
katarik paos 5 timbang = utawi wawrat 160 katos. Sarta mawi arta 100 gobog.
Mila paos ingkang sampun kapêngkêr raja anampèni 16.000 dhacin. Dèntên paos pak
candu sawulan mêdal 4.000 ringgit. Paos jagal maesa lêmbu ing dalêm sataun
1.000 ringgit. Mênggah sawarnining paos-paos ing nginggil wau sadaya dados
kagunganing raja, Gupêrnêmèn botên nampèni, namung ing sabên wulan raja
angaturi 1000 ringgit dhatêng Gupêrnêmèn. Dèntên paos ingkang sampun katampèn
dhatêng Gupêrnêmèn namung paos plabuhan lan paos baita kemawon.
Pasitèn bawah kitha Bulèlèng punika ingkang loh
langkung saking loh, ingkang cêngkar langkung saking cêngkar, dhusun-dhusunipun
ingkang sae namung nglèthèng urut pasisir, ingkang
--- 69 ---
bang kidul wana agêng, sarta inggih dhusunipun
awis-awis. Pating slêmpit wontên ing wana-wana, miwah ing rêdi-rêdi. Wondèntên
watêsipun bawah ngriku, kang wetan ardi Ngis. Watêsipun kitha Bulèlèng
Karangasêm, lan kitha Bangli. Ingkang kidul wetan rêdi Baturiti, trus minggah
dumugining rêdi Batukao watês lan kitha Tabanan. Lajêng minggok mangilèn
dhatêng rêdi Kuthul. Trus mangilèn pindhah dhatêng rêdi malang dungkap sagantên
kilèn, watês lan kitha Jamburana, watês kang lèr sagantên, utawi plabuhan
Têmukus lan Bulèlèng.
Kitha Bulèlèng wau namung ambawahakên raja 1 kasêbut
kitha Banjar, anaming rajanipun sampun kabucal saking ngriku, samangke
katanêman pambêkêl agêng kemawon. Dèntên sabarang paukumanipun kitha ngriku
sampun anglampahakên ukum Guphêrnêmèn.
Kula wontên kitha Bulèlèng namung 5 dintên. Sarêng ing
dintên Sênèn kaping 19 Marêt 1871, wanci jam 7 enjing kula mangkat mantuk, ugi
sakônca kula santri 4 sami nyewa jukung saking plabuhan Têmukus. Sipêng sêdalu
wontên nglaut. Dintên Slasa wanci jam 4 siyang dumugi [du...]
--- 70 ---
[...mugi] ing Banyuwangi, embalanipun 1 tiyang
saringgit. Kula lajêng mantuk dhatêng kitha Malang malih.
10. Mangsuli Cariyos, Anyariyosakên
Adat, Agami, Sêsandhangan, Tatêdhan, lan Kalakuwanipun Sadaya Warni-warni.
Kula ingkang sampun sumêrêp sawarnining kitha-kitha
ing tanah Bali saurutipun. Awit saking kitha Jamburana dumugining kitha
Bulèlèng, wontên ing margi-margi tuwin wontên pondhokan. Botên sah-sah anggèn
kula nênitèni miwah takèn-takèn. Ing kalakuwanipun para priyantun agêng alit,
saha ing dhusun-dhusun. Sadaya sak sumêrêp kula, kula sêrati supados
andadosakên lêpasing èngêtan. Dhatêng sawarnining lare-lare kang maguru ing
sastra, dados anyumêrêpakên awon saèning kalakuan. Kados ingkang kula
criyosakên ing ngandhap punika.
--- 71 ---
1. Bab Agami Bali
Tiyang Bali punika agaminipun masih Buda utawi agami
kina, ngantos dumugi jaman samangke dèrèng santun-santun. Dèntên manawi
sambahyang sabên dintên pêkênan Kliwon. Trakadhang inggih wontên kang sabên
dintên. Sami mêdal saking salêbêting griya, mila sawarnining griya-griya ing
kêbon wontên gubugipun alit-alit kados bêgupon dara, ing dalêm 1 griya gadhah
2, agêng ngantos 5, 6, punika kasêbut sanggar, dalasan para priyantunipun agêng
inggih sami-sami gadhah, botên angêmungakên wontên pura padewan kemawon.
Sambahyangipun majêng mangetan. Sasampuning maos mantra tumuntên majêng
manginggil nyêmbah kaping 3, ingkang dipun sêmbah Sang Hyang Siwah Buja = utawi
Bathara Guru, ing sabên tiyang makatên. Botên wontên tiyang kang botên
sambahyang, dèntên sanggaripun tiyang kathah kasêbut pura Padewan = utawi
masjid. Punika panggenan pakumpulan. Yèn marêngi dintên wuku Galungan,
[Galu...]
--- 72 ---
[...ngan,] dhawahipun sataun kaping 2, ing ngriku
sadaya tiyang sami bantênan = utawi sidêkah sêkul ulam, dhêdhaharan warni-warni
sami dipun tumpuk wontên ing Bale Agung = utawi srambi, wondèntên tiyang
èstri-èstri ugi sami sambahyang, naming wontên pura padewanipun piyambak.
Mantrinipun botên sanès kados tiyang jalêr, anaming kang dipun sêmbah kasêbut
Bathari Durga. Dèntên sawarnining dhahar-dhaharan bantênan wau kathah sami
katêdhakakên sagawon. Cariyosipun dados pratôndha eklasing sidêkahipun,
sintên-sintêna kang nêdha botên sanès tiyang Bali punika manawi sêsemahan botên
ngangge ningkah, dèntên paningkahipun sênêng kalih-kalihipun ing tunggil, jalêr
dalah èstri manawi sampun dados bojo botên wontên caranipun tiyang papêgatan.
Margi panganggêpipun dados bojo ing donya rawuh ngakherat. Tiyang Bali punika
jalêr èstri sami tindhik kupingipun kiwa têngên. Manawi sampun didasa[29] inggih mawi pasah untu, botên wontên caranipun sunat.
Amargi sampun kacariyos ing dalêm kitabipun.
--- 73 ---
Sumpah anah ngriku namung ngombe sarana toya
nglantingan. Toyanipun trakadhang mêndhêt toya sumur padewan. Sawênèh mêndhêt
ing lèpèn. Mênggah kêmandènipun kacariyos botên sanès pundi ingkang dora saèstu
manggih cilaka.
Sawarnining têtiyang tanah Bali sadaya manawi ngajal
layonipun dipun obong, mênggah pangobongipun botên sanès kadi dèntên badhenipun
raja Tabanan. Ingkang sampun kula criyosakên ing kaca ôngka 24 dumugi kaca
ôngka 31, anaming manawi tiyang alit inggih sakêdhik wragatipun, sarta badhenipun
inggih alit.
Wondèntên manawi panjênênganipun raja kakung ingkang
seda wragatipun langkung saking kathah, amargi sawarnining sinjang-sinjang
ingkang kadamêl bakakas sarwa sutra sadaya, kajêng-kajêng amben-ambenan mawi
dipun cet miwah prada. Punapa malih manawi raja, garwa sêlir asring kathah kang
tumut bela obong, patrapipun makatên. Lêsabêtipun[30] badhe utawi bakakas dipun damêl, wau èstri ingkang
badhe bela botên sah-sah, sadintên-dintênipun [sadintên-dintêni...]
--- 74 ---
[...pun] kawulang sawarnining mantra-mantra dhatêng
raja pandhita, tuwin dipun cariyosi sabarang ungêlipun rontal-rontal agami kamuksan.
Kacariyos, tiyang bela ing laki dintên kamuksan manggih sawarga agung, kang
tanpa kintên-kintên, tur kêkêl salaminipun. Tur botên pisah klayan raja kang
dipun belani. Dèntên lumêbêtipun obong makatên: wau èstri mangangge sandhangan
kang sarwa sae, kang enggal-enggal lan kang suci-suci, manawi brama sampun
mulad-mulad, èstri lajêng minggah dhatêng andha pring, ingkang inggilipun sami
klayan Badhe, yèn sampun wontên nginggil mawi mlampah-mlampah sarta
mèsêm-mèsêm. Tanganipun têngên nyêpêng jungkat, tangan kiwa nyêpêng pangilon
alit. Lajêng jêjungkatan sarta angilo, nolèh aningali brama lajêng mèsêm.
Amargi brama kang mulad-mulad wau katingalipun warni toya, saking dene agêng
kantêpanipun. Sarta bingah ing manah katongton tiyang kathah, mila adamêl pratôndha
eklasing pêjahipun. Sarêng dumugining mangsa, raja pandhita angabani kados
adatipun. Èstri ingkang badhe bela, lajêng inggal-inggal [inggal-ing...]
--- 75 ---
[...gal] nyandhak paksi titiran = utawi prêkutut.
Pangilonipun dipun sèlèhakên. Tumuntên raja pandhita angabani malih, lajêng
enggal-enggal mandêng brama, botên antawis lajêng anjlog. Paksi titiran dipun
culakên mabur, ing ngriku tiyang èstri sadhawa ing brama enggal-enggal dipun
siram ing lisah klapa pintên-pintên wadhah, brama sangsaya mulad-mulad. Inggih
punika tiyang èstri ingkang kasêbut sêtya masêtya, dèntên manawi kathah
tunggilipun, tiyang èstri kang badhe sêtya, lêbêtipun ing brama gêgêntosan.
Patrapipun botên sanès. Môngka manawi raja agêng ingkang seda, saèstu tiyang
èstri kang masêtya kathah, alitipun 3 iji, agêng ngantos 15 iji, malah carakan
= utawi punakawan, ugi wontên ingkang asring tumut sêtya-sumêtya.
Saking bab èstri kang sami sêtya wau kados makatêna,
amargi sami bilih mirêngakên ungêling rontal agami kamuksan. Langkung agêng
ganjaraning dewa dhatêng tiyang èstri kang sêtya, ingkang kaping kalih,
ngraosakên susah, yèn randhaning raja botên kenging semah
--- 76 ---
salaminipun gêsang, sarta botên kenging kesah-kesah
saking salêbêting puri. Kang môngka garwa sêliring para raja-raja ing tanah
Bali punika kalêbêt kathah, ngantos 30 agêng 60 iji.
Wondèntên tiyang alit ing dhusun-dhusun sêsaminipun,
inggih asring kathah èstrinipun sêtya dhatêng ingkang jalêr, patrapipun agêng
alit botên sanès. Pramila tiyang tanah ngriku punika awis ingkang sugih, amargi
tiyang ngobong ingkang miskin sangêt wragadipun ngantos têlas 500 ringgit.
Ewadèntên sabên tiyang sami sagêd mragadi, saking dene tumêmênipun. Kanthi
prihatos anggenipun ngupados wragad.
Ingkang saupami tiyang kang sangêt kamlaratanipun,
môngka tiyang sêpuhipun ngajal, inggih dipun pêndhêm rumiyin dhatêng sêma,
anaming pamêndhêming layon kêdah dipun arak klayan suka-suka, sanadyan botêna
gadhah pindhah inggih sêlang sambut. Dumadakan inggih wontên tiyang kang
ngandhêl.[31] Pamêndhêming layon mujur ngalèr ngetan. Sasampuning
kapêndhêm dipun sêmbah kaping 3, lajêng sami katilar mantuk.
--- 77 ---
Dèntên manawi warisipun sampun gadhah wragad, wau
bangke dipun dhudhuk malih, sawarnining tosan kapêndhêtan sadaya, dipun wadhahi
ing bandhosa, tumuntên kaobong, ugi kados ing nginggil wau wragad miwah
patrapipun.
Ingkang saupami sampun kalamèn sangêt, môngka badhe
kaobong, botên susah mêndhêti tosanipun. Namung kadamêlakên gambar sarana
alang-alang, dipun êstha tiyang, lajêng dipun sukani nami, dipun cipta
warisipun kang sampun ngajal, tumuntên dipun obong.
Ingkang saupami tiyang ngajal, ingkang pêjahipun magih[32] paukumaning raja, sabab saking dosa, botên kenging
dipun obong tumuntên. Yèn dèrèng laminipun 11 taun. Dèntên pangobongipun inggih
namung kagambar alang-alang kados ing nginggil wau punika.
Wondèntên kalakuwan agami kang sampun kasêbut ing
nginggil wau sadaya, ugi amêndhêt saking kitabipun. Ingkang têturunan saking
kitab jaman kina, tiyang Bali kasêbut rontal agami, saking karanganipun Sang
Hyang Wisnu lan Êmpu Krêta, kang wontên ing tanah Bali.
--- 78 ---
Dèntên sawarnining rontal agami, kados ta rontal agami
paukuman, rontal kamuksan, sasamènipun, punapa malih rontal cariyos ingkang
mawi sêkar, kados ta rontal wiwa = utawi Wiwaha, rontal Ramiyana[33] = utawi Rama, sasamènipun sasêratan sadaya
sastranipun Jawi, naming wontên sanèsipun ing warni sakêdhik. Anaming sastra
Bali punika tumrapipun wontên carakan namung 18 iji makatên: ha na ca ra ka, ga
tha ma nga ba, sa wa la, pa dha ja ya nya. Dados ingkang botên wontên sastra
kêkalih: 1. Sastra da, 2. Sastra ta, anaming ing rontal-rontalipun inggih
wontên sastranipun da lan sastra ta, naming kêcapipun ing lesan sami kemawon.
Sastra da inggih kêcap dha, sastra ta kêcap tha. Dèntên anggènipun mrabedakakên
sastra da lan ta, manawi tumrap wontên ing rontal têmbung kawi kawi, yèn tumrap
wontên têmbung krama botên wontên sanèsipun, da inggih kêcap dha, ta inggih
kêcap tha. Mila tiyang Bali sastra da kawastanan dha rambat, sastra dha
--- 79 ---
kawastanan dha madhu. Dèntên sastra ta kawastanan tha
ganthi, sastra tha kawastanan tha lathip. Mênggah sastranipun suwara 5, kados
ta A - O - U - Da - Ta.. Dados sastra da lan sastra ta lumêbêt ing sastra
suwara, mila kalêbêtakên ing sastra suwara amargi da lan ta botên lumêbêt
wontên carakan.
Wondèntên sêsandhanganing sastra sami kemawon
warninipun. Naming angsalipun mastani sandhangan wau sanès lan jawi.
kados ta: [...][34] tiyang Bali kasêbut mêgung macêlêk
kados ta: [...][35] tiyang Bali kasêbut mêgung
kados ta: [...][36] tiyang Bali kasêbut bisah
kados ta: [...][37] tiyang Bali kasêbut nanya
kados ta: [...][38] tiyang Bali kasêbut surang
kados ta: [...][39] tiyang Bali kasêbut mathêgul.
Aliya saking punika botên wontên sanèsipun ing warni
miwah naminipun. Dèntên bab ôngka-angkanipun botên sanès.
Mênggah sawarnining rontal-rontalipun tiyang Bali wau,
kula pitakèn, cariyosipun kathah ingkang têmbung kawi [ka...]
--- 80 ---
[...wi] kêling, tuwin Kawi Bumi = utawi Kawinipun
piyambak. Dèntên sêkaripun, kathah ingkang mingage[40] Sêkar Agêng. Pramila sabên tiyang kang sagêd sastra,
masthi sumêrêp têmbung Kawi lan Sêkar Agêng sasaminipun.
2. Nyariyosakên Sandhang Têdha
Tiyang Bali punika yèn mangangge sandhangan bêbêd
jigrang sanginggil dhêngkul. Wirunipun kangsra[41] ing siti, manawi badhe sowan dhatêng priyantun,
punapa malih para priyantunipun. Bêbêdan wau lajêng dipun sasabi kampuh, lajêng
dipun sabuki lawe wênang sagêmuh, botên wontên caranipun tiyang ngangge rasukan
tuwin sruwal. Tiyang udhêng-udhêngan botên kalampah tansah namung gagêlungan
kemawon. Sarta dipun ubêd-ubêdi suwekan sinjang wiyaripun 3 nyantun. Yèn tiyang
Jamburana tuwin Bulèlèng, satunggal kalih wontên kang purun mangangge udhêng
pradan. Manawi botên pradan, botên purun ngangge.
--- 81 ---
Tiyang èstri-èstri agêng alit, ugi botên wontên sami
ngangge rasukan, tur tanpa kakêmbênan. Tapihipun rangkêp kalih, ingkang jawi
kasêbut slendhang, kang lêbêt kasêbut kêmbên. Yèn tapiyan jigrang ngajêng kang
wingking landhung tur sêmu nglarak. Lan botên kalampah tiyang èstri ngangge
sêngkang, kajawi namung lar-laran sarana rontal kang nèm. Agêng sangêt tur
molèr-molèr panjang sasêngkang, dalasan para priyantunipun agêng botên sanès.
Tiyang Bali punika manawi nêdha kathah sangêt.
Angungkuli saking tiyang Jawi, tur inggih tanpa mangsa, lawuhipun sarana jangan
kemawon. Kang dipun jangan gêgodhongan, namung dipun sarêmi thok. Awis sangêt
tiyang nêdha wontên griyanipun ngangge lawuh ulam. Tansah lalap sarêm lan
lombok kemawon. Ingkang kathah inggih lawuh lingsah klapa dipun sarêmi, agêng
malih ngangge lisah babi, wondèntên ajangipun manawi nêdha, sami ngangge
dhulang kang mawa suku, awis ngangge ajang pinggan piring, dalasan para
priyantunipun awis kagungan pinggan piring, sabarang dhêdhaharan kang dipun
wadhahi tansah ngangge [ngang...]
--- 82 ---
[...ge] dhulang miwah godhong. Punapa malih para
priyantun agêng sangandhap pindhah, botên wontên caranipun wêwedangan. Ing
Jamburana wontên priyantun kang dhahar[42] wedang naming pateyanipun awon sangêt.
Tiyang tanah ngriku sadaya agêng alit sêpuh anèm, sami
sês candu, wontên ingkang sarana bakal, wontên ingkang ningko = utawi sês candu
thok. Saking dene mirah sangêt rêgining candu, kados ta candu 1 tail naming
argi[43] saringgit.
Amargi tiyang Cina saking Singgapura kathah ingkang sami dhatêng pulo Bali wade
apyun. Mila ing dhusun-dhusun kathah sangêt tiyang wade candu, tur inggih
saklangkung mirah, punika marginipun tiyang Bali lambenipun sami biru-biru
saking dene kêkathahên panêdhanipun candu, mila tiyangipun sami kêsèt-kêsèt.
Awit tiyang tangi tilêm enjing, punapa malih para raja, yèn wungu sare inggih
wanci jam 12 siyang, trakadhang langkung saking samantên.
Tiyang Bali punika dêdamêlipun botên sanès lan tiyang
Jawi, kados ta waos, dhuwung, wêdhung, lan cundrik. [cundri...]
--- 83 ---
[...k.] Sarta kathah tiyang ngangge tulup, kang ing
pucuk mawa waos, mimisipun sarana pasêr.
Dèntên dhuwung-dhuwungipun sami agêng-agêng,
angungkuli dhuwung ing tanah Jawi, wangunipun inggih sae, gêbaganipun inggih
lulud. Dèntên wrôngka, ukiran, lan gandaripun sami agêng-agêng tur
panjang-panjang, malah wrangkanipun sami dipun cèt. Kasêrat gambar lung-lungan
awis tiyang ngangge kandêlan. Dèntên manawi para pambêkêl agêng sapanginggil,
ukiraning dhuwung sami jêne sêpuh. Sabên tiyang botên sah[44] dhuwung, kesah saking kang dhuwung botên
kantun-kantun, saking agêng sujananipun.
Mênggah gêgamaning para raja-raja inggih warni-warni,
kados ta: jamparing, tamèng, pistol, sênjata, lan gêgaman mriyêm kalataka.
Punapa malih gêgaman pirantosipun têtanèn kados ta: wluku, garu, pacul,
sasamènipun. Botên sanès lan tiyang Jawi, anaming wlukunipun tanpa kêjèn wêsi,
ingkang kadamêl kêjèn ruyung kemawon. Garunipun tanpa ruji, tansah blabag
wêtahan kemawon. Paculipun ngage ruji wêsi,
--- 84 ---
kados tatah, ing dalêm 1 pacul mawi ruji 5, 6 ingkang
supados siti kapacul sagêd ajur.
3. Nyariyosakên Ingah-ingahanipun lan Pangupajiwa
Tiyang Bali punika kathah ingkang sami rêmên
ingah-ingahan kados ta: ngingah maesa, lêmbu, kapal, menda, babi, lan ngingah
sagawon miwah pitik iwèn sasaminipun. Anaming lêmbunipun wêdalan ngriku, sanès
sangêt mênggah warninipun klayan lêmbu wêdalan tanah Jawi, prainipun lêmbu Bali
wau saèmpêr praèning kidang, sarta sukunipun sêkawan pindhah ajêk pancal
panggung ing bokong sangandhap buntut, sami tepong pêthak. Abrita, pêthaka, lan
cêmênga, saèstu ajêg warnènipun makatên. Sarta lêmbu kalêbêt kathah tur
agêng-agêng saha mirah ing pangaosipun. Amargi tanah ngriku awis tiyang purun
nyunati lêmbu, sabab kalêbêt dados cacêgahaning agami Bali. Wondèntên kapalipun
[kapa...]
--- 85 ---
[...lipun] wêdalan Bali warninipun saèmpêr kapal kore
wêdalan pulo Makasar, jêgilênging mripat, miwah trajanging lampah, tur inggih
kalêbêt mirah, kula timbang pangaosing kapal tanah Jawi, anaming kapalipun awis
ingkang agêng.
Wondèntên tiyang ngingah menda, manawi tanah Bali kang
bang kilèn awis. Kajawi tiyang bawah kitha Karangasêm, ingkang kawastanan
dhusun Praya saurutipun. Punika langkung kathah sangêt tiyang ngingah menda, 1
tiyang ngantos ngingah 50 iji, agêng ngantos 300, ngantos 500, mila pangaosing
menda tanah ngriku mirah sangêt. Punapa malih wau menda ngantos sami dipun
ujagakên = utawi dipun wanakakên. Dèntên tiyang ngingah babi sami botên purun
ngandhangakên. Mila salêbêting kitha-kitha, dhusun-dhusun pintên-pintên babi
pating gluyur ing margi-margi, tinjanipun andadosakên sêsakit rang, môngka mèh
sabên tiyang sami ngingah babi. Mênggah pangingahipun sagawon saklangkung
kathah, ngantos tiyang satunggal ngingah 3, agêng ngantos 8, tur inggih crobo,
satêngah gagêntosan kimawon, patilêmanipun [patilêmani...]
--- 86 ---
[...pun] kadamêl tilêm sagawon. Tiyang ngingah bèbèk,
ayam, paksi titiran utawi prakutut inggih kathah.
Tiyang Bali punika pangupajiwanipun ingkang kathah
sami têtani, nanêm pantun, palawija, sasamènipun. Awit tiyang nglampahi dagang
saba laut. Ugi wontên anglampahi dagang, anami[45]
sami botên kesah-kesah saking salêbêting nagarinipun
piyambak.
4. Nyariyosakên Kalakuwan Warni-warni
Tiyang Bali punika manawi badhe semah jaka antuk
prawan, botên mawi dipun têmbung dhatêng ingkang sêpuh, tansah lare sami lare,
rêrujuk wontên ing margi-margi, tuwin wontên ing tongtonan wanci dalu, manawi
sampun sami sênêng, ing satunggal dalu lare èstri dipun colong, kabêkta kesah
siningidakên ing panggenan kang têbih. Sarêng tiyang sêpuhipun lare èstri
sumêrêp ing wanci dalu anakipun botên wontên, lajêng enggal ngungêlakên
[ngu...]
--- 87 ---
[...ngêlakên] kênthonganing pambêkêl kang wontên ing
margi, tuwin lajêng rêpot dhatêng pambêkêlipun.
Tumuntên krabat-krabating lare èstri saking bapa
saking biyung sami ngupadosi ing wanci dalu wau, sami sumêkta ing dêdamêlipun.
Ingkang saupami pinanggih, saèstu lare jalêr dipun pêjahi, botên kirang-kirang
tiyang pêjah kang prakawis makatên.
Anaming manawi kitha Bulèlèng lan ing Jamburana
ingkang sampun kabawah ing Gupêrnêmèn sampun botên kenging damêl pêpêjah
ingkang jalaran makatên. Ing samangke sampun sami mituhu ing parentah, inggih
ugi yèn gadhah anak ical malih kaupadosan. Anaming pangupadosipun botên
sumêngit sarta botên tumêmên. Malah manawi mirêng kabar lorogipun mangalèr
lajêng kaupados mangidul. Supados sampun ngantos bênthuk.
Sarêng sampun watawis dintên lare jalêr kang nyolong
lare èstri wau manggihi dhatêng bapaking lare èstri, anêmbung badhe mêndhêt
semah dhatêng anakipun kang sampun kabêkta kesah, bapakipun lare èstri inggih
--- 88 ---
sumarah kemawon. Punika lare jalêr lajêng bayar wragad
warni yatra, sapintên adating tiyang sêpuhipun kang sasamènipun kalampah
rumiyin-rumiyin. Adat alitipun arta 2 bukus, agêng ngantos 5 bukus. Dèntên
manawi tiyang Bulèlèng, badhe bayar yatra kathah botên sagêd, lare èstri
kabêkta dhatêng pambêkêl agêng, dipun tumbas klayan mirah, yatra katampèn
dhatêng pambêkêl. punika tiyang sêpuhipun lare èstri miwah karabatipun sadaya
sami anyawakakên dhatêng anakipun sakaliyan wau, kapêthuk ing margi-margi botên
purun aruh-aruh salaminipun gêsang.
Tiyang Bali manawi gadhah bayi, larenipun botên mawi
dipun dadah, dèntên yèn ngêdusi kabêkta dhatêng lèpèn dipun rambang, kang têbih
lèpèn dipun rambang ing têmbilung upih, anggènipun suka nami dhatêng bayi
manawi sampun ngumur 3 wulan.
Ingkang saupami wontên bayi lahir mêdal kêmbar,
kêmbaripun jalêr èstri, wau bayi sak tiyang sêpuhipun jalêr èstri dipun bucal
ing wana, botên kenging momoran
--- 89 ---
klayan tangganipun. Mênggah laminipun wontên bucalan
40 dintên. Sawênèh nagari wontên kang 100 dintên. Yèn sampun dumugining wangên
inggih kenging mantuk. Yèn sampun dumugi bale griyanipun kapurih mêmule sêkul
ulam, dipun kêpangakên tiyang sakiwa têngên ngriku, inggih punika sidêkah
kasêbut pangrurah. Punapa malih manawi wontên lare lahir nyarêngi sadintên
dhawahing grahana surya miwah rêmbulan, ugi kabucal kados ing nginggil wau.
Wondèntên pangkating lare tanah Bali, 1. Pambajêng
kasêbut Wayan, 2. Pandhadha kasêbut Made, 3. Wuragil kasêbut Kêthut, milanipun
tiyang-tiyang masih bêkta pangkating lare.
Tiyang tanah Bali manawi wontên tiyang kacakot ing
sawêr sawa, wau tiyang inggih dipun bucal dhatêng wana, ngangge dipun sandhingi
kênthongan. Ing môngsa-môngsa kapurih nabuh, dèntên ingkang suka têdha ing
sadintênipun inggih warisipun piyambak. Mangke samôngsa dipun kintu[46] ingkang ngintu[47] mawi nabuh kênthongan wau supados yèn pinuju kesah
saking ngriku mirêng kênthong lajêng wangsul.
--- 90 ---
Manawi sampun dhatêng botên purun slanggapan ujar
sakêcap. Mèsêm kemawon botên kenging. Dèntên manawi sampun dumugi ing wangên
laminipun, wau tiyang ngangge dipun pasangi jaring miwah kala, tumuntên dipun
giring, sarêng lumêbêt ing jaring lajêng kabêkta mantuk. Ugi lajêng sidêkah
pangrurah. Tiyang dipun cakot sawêr sawa wau botêna wontên tiyang kang sumêrap,
pyambakipun pyambak inggih cariyos dhatêng tôngga-tangganipun, supados kabucal
dhatêng wana kados ingkang sampun-sampun.
Manawi wontên tiyang sakit wudhug = utawi busik, tuwin
manawi wontên tiyang sakit buntal = utawi bêlang pêthak, wau tiyang botên
kenging ngambah kitha-kitha, sanadyan dhusun-dhusun inggih sangêt botên
kenging, sapurug-purugipun kasungkrah-sungkrah cariyosipun, andadosakên
sangaring siti kang dipun ambah tiyang sakit bêlang miwah wudhug wau. Pramila
ingkang kathah tiyang kang gadhah manèk makatên wau lajêng gadhah atur dhatêng
raja, nuwun obong supados pêjah, raja inggih sangêt suka sokur, sabarang
wragadipun panjênênganing [panjênênga...]
--- 91 ---
[...ning] raja kang mragadi. Mênggah patrapipun
kadamêlakên tabêla, saèmpêr grobogan wadhah sima, katumpangakên kajêng-kajêng,
lajêng dipun sasabi kajêng-kajêng, tumuntên ngandhap nginggil dipun sumêt ing
brama, samôngsa sampun dados, tiyang kapurih brangkang lumêbêt ing tabêla,
wontên nglêbêt lumumah. Yèn sampun têlas katêdha ing brama, awunipun kapêndhêt,
dipun wadhahi gêlaran enggal, miwah sinjang-sinjang kang sae, lajêng dipun
labuh ing lèpèn agêng, dèntên sidêkahipun ugi raja ingkang ngrêngga.
Tiyang Bali saurutipun kathah ingkang sami rêmên
kasukan, kados ta: main kartu cina, kartu agêng, kubuk, lan pramainan abên
sawung tajèn. Mênggah tohipun inggih kalêbêt agêng, sanadyan para raja
sakpêngandhap dumugi tiyang alit ing dhusun-dhusun sami rêmên ngabotohan.
Anjawi saking ngabotohan, amêng-amênganing para raja inggih kathah, kados ta:
bôngsa agêng alit, gabuhan = utawi bêksan, lêlampahan panji, bêdhayan, rigit[48] purwa wacucal, tlèdhèk sasaminipun inggih [ing...]
--- 92 ---
[...gih]
wontên. Dèntên wanguning ringgit pur[49] inggih sae-sae. Anaming praèning ringgit sami
methok-methok, botên miring kados ing tanah Jawa. Dèntên tlèdhèkipun kalêbêt
sae-sae sangêt. Tur kathah ingkang alit-alit, anaming wau tlèdhèk botên kenging
dipun sênêngi ing tiyang, amargi tlèdhèk sami gadhah semah sadaya, dados
ingkang dipun wade namung jogèdipun kemawon.
Tiyang tanah Bali sak anteronipun, awit kina mila
dumugi samangke masih kathah tiyang wade tinumbas tiyang, ingkang kawade wau
warni-warni jalaranipun. Wontên jalaran kenging dhêndha, katikêl sambutan,
angicalakên baranging liyan, lan wontên jalaran saking kawon ngabotohan. Punika
kathah tiyang kang narimah dipun sade tuwin dipun gantos. Narimahipun trakadhang
saking paksaning khukum. Trakadhang rêrukunan piyambak. Mila kathah sangêt
tiyang jalêr èstri sami dipun tumbas dhatêng Cina wangkang, punapa malih
dhatêng tiyang ngriku sami ngriku. Pramila tiyang kang sami kaya-kaya ing tanah
ngriku kathah sami gadhah tiyang tumbasan. Môngka patrapipun [patra...]
--- 93 ---
[...pipun] ing damêl kalêbêt pêksan. Tur ingonipun
botên patos tuwuk. Angêcakakên damêl kados dene dhatêng bangsanipun piyambak.
Môngka tiyang wau tanpa wangên laminipun. Kang lepa ngangguripun saking damêl
namung sakêdhap, yèn mêntas panèn sabin kemawon. Sadangunipun kèndêl, upami
dêdamêl punapa-punapa inggih lajêng dipun akên dhatêng kang gadhah tiyang, kula
ningali cariyosipun ngantos angrês manah kula. Môngka ingkang kalêrês dados
tiyang tumbasan wau ingkang kathah jalêr èstri, mangke manawi gadhah anak,
salêbêtipun wontên panganing tiyang, saèstu botên rumaos gadhah, sinaosa wau
lare dipun sade, bapak biyangipun botên kenging ngêkahi, mila inggih kathah
ingkang manak-manak kasade manak-manak kasade, trakadhang kapêndhêt sêlir,
trakadhang kadamêl dêdolanan kemawon. Amargi sampun dipun sahakên, ingkang
kasêbut ing rontal agaminipun. Mila tiyangipun ingkang kawade inggih lajêng
manut. Yèn wontên ingkang
--- 94 ---
miruda, lêpatipun dipun pêjahi inggih dipun tikêl ing
damêl, malah sangsaya tambah sangsaranipun.
Ing waktu samangke sawarnining para raja ing tanah
Bali sadaya, sampun dipun èngêtakên dhatêng Gupêrnêmèn. Kadhawuhan botên
kenging wade tiyang numbas tiyang, anaming botên patos dipun gêga, namung raja
kitha Badhung ingkang sawatawis gêga, anaming ing dhusun-dhusun, punapa malih
para raja ingkang alit-alit, têsih sami anglampahakên ukum sade tiyang tuwin
sêlang sambut sasaminipun. Manawi kitha Bulèlèng sampun tumindak. Botên kenging
pindhah-pindhah, malah-malah sawarnining tiyang Islam, ingkang sami tumbas
tiyang kala dèrèng wontên dhawuh, samangke sampun dipun luwari sadaya, kapurih
mantuk dhatêng bale griyanipun lami, yèn botên makatên inggih kapurih nyukani
gajih, ingkang klayan sami sênêngipun. Yèn botên purun botên kenging mêksa.
Anaming ingkang asli tiyang Bali dèrèng wontên ingkang dipun lêpas. Mila
pambêkêl dhusun Pangastu lan bawah Bulèlèng, masih kathah anggènipun ngingah
tiyang tumbasan. Kula pitakèn wontên saking tiyang 140 iji, inggih punika nak
kêmanak. [kêma...]
--- 95 ---
[...nak.] Dadosipun samantên wau, mênggah sawarnining
tiyang tumbasan sadaya ugi sampun sami sumêrêp, yèn Kangjêng Gupêrnêmèn sampun
ambatalakên tiyang sade tinumbas tiyang, lajêng wontên satunggal kalih ingkang
lumajar dhatêng kantor, wau tiyang lajêng kapasrahakên dhatêng raja kapurih
ngrêmbag. Sarêng dumugi panggenaning raja, wau tiyang dipun ajrih-ajrihi
kathah-kathah, dados tiyang sangêt ajrihipun. Dangu-dangu tiyang nuwun wangsul
malih dhatêng bêndaranipun. Raja lajêng angrêpotakên dhatêng kantor, yèn tiyang
ingkang nyuwun mêdal saking tumbasan botên èstu.
Saking pandugi kula, pamrihing raja makatên wau botên
punapaa, namung wêlas dhatêng sawarnining tiyang kang sampun kalajêng tumbas
kathah kala sadèrèngipun wontên dhawuhing Gupêrnêmèn.
Watêkipun tiyang Bali punika sami têmên-têmên. Awis
sangêt tiyang purun adamêl-damêl. Mila samôngsa-môngsa sampun gadhah atur dakwa
dhatêng tiyang durjana sasaminipun, sarta sampun purun kasumpah, saèstu raja
lajêng pitados kemawon. Mila sami ajrih-ajrih nêrak [nêra...]
--- 96 ---
[...k] sabarang lampah ingkang awon. Mila tiyang
durjana inggih kalêbêt awis.
Têmênipun ingkang kaping kalih, manawi nurun rontal =
utawi sêrat, botên purun sangêt angewahi gandhènging sastra miwah
têtêmbunganing basa, saking botên mangmang ing panganggêpipun. Dados
sawarnining cariyos miwah kawi-kawi botên wontên ingkang ewah, awit jaman buda
dumugi samangke sami ajrih ngewahi têtêmbungan. Mila sawarnining rontal, kados
ta: Wiwaha, Bratayuda, lan rontal Ramiyana sasamènipun, sabên kitha inggih
kathah, sabên dhusun inggih wotên. Tur inggih sami kemawon sabarang
cariyosipun, têmbang miwah kawi-kawinipun sadaya, botên sanès sêrat dhusun lan
sêrat nagari, inggih punika mratandhakakên katêmênanipun. Sanès kados kula
tiyang Jawi, manawi nurun sêrat asring kula ewahi, têtêmbungan miwah
gandhènging sastra, tur kathah ingkang botên lêrês. Mila sêrat Jawi ingkang
sêratan jaman samangke kathah kang sulaya, sampun ingkang sanès nagari, tunggil
sanagari kathah kang botên cocog. Amargi anggèn kula
--- 97 ---
nyêratakên sagêd ing kawi-kawi, ngakên putus ing
têtêmbungan. Wêkasan awis ingkang kenging dipun pitados. Sarêng tiyang Bali
botên makatên. Mila sabarang rontalipun kula ngandêl. Sanadyan sêratipun dora,
inggih goroh saking kina-kinanipun pindhah
Ing sawarnining dhusun-dhusun tanah Bali mèh wradin
wontên rontalipun, ingkang nyariyosakên mula bukanipun kang akal bakal. Sarta
asaling naminipun dhusun, miwah nalar-nalaripun, margi dipun sukani nami dhusun
nganu.
Dèntên warninipun dhusun kula tingali inggih sae-sae,
klapanipun kathah, kajêng agêng-agêng inggih wontên. Tur satêngahing dhusun
mawi radinan agêng prapatan. Ing pinggir katanêman kajêng bulu, sabên
griya-griya mèh wradin pagêripun dhadhah banon siti mêntah, tipun[50] lepa alus cara labur, kathah tiyang sami mangku regol
agêng inêp gêbyog.
Anaming wau radinan samôngsa sampun mêdal saking
dhusun saklangkung awon sangêt, botên pindhah-pindhah purun dangdosi radinan.
Wradin saurutipun makatên.
--- 98 ---
Tiyang Bali kathah sami sagêd damêl rêca-rêca, miwah
lung-lungan tumrap wontên sela tuwin wontên kajêng-kajêng saminipun. Punapa
malih kathah tiyang sagêd damêl gambar ringgit.
Tiyang Bali yèn anggarap sabin saklangkung sae,
angungkuli saking tiyang Jawi, amargi siti sampun dados leleran winih sawêk
dipun sêbar, angêntosi sêpuhing winih, botên kèndêl-kèndêl pangulêtipun
leleran, tiyang dipun sambat gêgaru sabin, sami macak pangangge kang sae-sae,
sarta lêmbunipun mawi dipun paèsi, sunguning lêmbu kablêbêt sinjang abrit jêne
warni-warni, pasanganipun mawi gagar mayang rupi-rupi, jangganing lêmbu dipun
pasangi klonthangan langkung agêng, watawis sagênthong, mila suwaranipun pating
jrêngglung kados lêsung, angsalipun pêcat ngantos jam 1 siyang, yèn sampun
dados leleran, ingkang tanêm tiyang jalêr, manawi môngsa panèn angsalipun
bawoni tiyang kang dêrêp namung mara tiga, yèn damêl griya wadhah pantun
saklangkung inggil. Kêdah ikang[51] ngungkuli griya, dèntên griyanipun sami majêng ngalèr
miwah ngidul. Tur sadaya griya-griya [griya-gri...]
--- 99 ---
[...ya] alit-alit. Sabab botên kenging damêl griya
agêng tuwin inggil kang ngungkuli lan inggilipun griya pura padewan. Sanadyan
dalêming para raja inggih alit-alit, ugi andhap-andhap. Naming manawi raja
kenging damêl griya majêng ngilèn miwah ngetan. Tiyang jalêr dhusun-dhusun
botên kenging ngingah rambut panjang, kajawi para pambêkêl sapanginggil kenging
ngingah rambut, manawi rajanipun agêng seda, tiyang-tiyang sami cukur yèn raja
Klungkung kang seda, sadaya tiyang tanah Bali awit ing Jamburana dumugining
Bulèlèng sami kurmat cukur. Tiyang alit anakipun jalêr botên kenging rabi lan
anaking pambêkêl sapanginggil. Manawi pambêkêl sapanginggil, kenging mêndhêt
èstri tiyang alit. Sêmbahipun tiyang Bali tanganipun kalih dipun cathokakên.
Manawi kêkesahan calêka[52] têbiha botên kantun-kantun bêkta kompèk agêng = utawi
slêpèn. Ing lêbêt isi cangklong = utawi bududan sakprabotipun. Isi rontal lan
isi kinang. Sabên tiyang jalêr èstri sami doyan nginang dalasan lare kang
dèrèng pasah sami nginang. Tiyang jalêr sami alul bêlorehan, wawêdhakan, sarta
karêm cundhuk [cundhu...]
--- 100 ---
[...k] tuwin sumping sêkar kang wangi-wangi. Para
santananing raja miwah para pambêkêl agêng alit, sami purun nyêrèt wontên
patikèn. Purun jajan wontên ing wande-wande. Kathah tiyang sami nglampahi
tirakat. Sami cêgah sarêm, cêgah sêkul, lan cêgah tilêm. Ing Jamburana wontên
tiyang èstri wadat botên purun semah kasêbut nami sang Dewayu, inggih punika
dados padhukunan.
Wondèntên tiyangipun èstri ing tanah Bali punika sami
bêkti-bêkti ing laki, manawi ingkang jalêr dhatêng saking kêkesahan, lajêng
dipun wisuhi sukunipun. Tumuntên dipun wêdhaki miwah dipun borèhi, malah yèn
katilar kesahan kang èstri botên purun nêdha-nêdha, sadintên-dintên kabawah
prentahipun ingkang jalêr. Tiyang èstri manawi dipun srêngêni dening kang jalêr,
botên purun mangsuli, sanadyan lêrêsa prakawisipun, inggih narimah kemawon.
Dipun wayuh 2 agêng ngantos 5 botên purun sami pabên lan marunipun. Tansah sami
rêrukunan kados sadhèrèk kemawon. Ingkang saupami tiyang jalêripun ngajal,
môngka èstri botên tumut obong, margi momo anak, inggih botên [bo...]
--- 101 ---
[...tên] purun semah salamining gêsang, tiyang èstri
dipun gantosakên dhatêng ingkang jalêr, kadamêl kawon ngabotohan inggih purun
kemawon. Môngka wontên gêntosan, kapatrapakên ing damêl kados dèntên tiyang
tumbasan. Botên kirang tiyang Jamburana lan Bulèlèng anggantosakên ingkang
èstri kadamêl kawon ngêbotohan.
Tiyang èstri awis ingkang purun lampah awon, inggih
ugi sabarang tandang tênaganipun sami kênès-kênès. Anami botên kenging dipun
sêmbranani ing tiyang sanès. Mênggah panggaotanipun tiyang èstri botên wontên.
Kajawi satunggal kalih along[53] wontên sami wade grabadan. Naming botên mêdal saking
nagarinipun piyambak. Manawi tiyang èstri-èstri bawah Karangasêm lan bawah
Bangli, kathah sami tumut ingkang jalêr kilak barang sabrang dhatêng kitha
Bulèlèng kabêkta lumêbêt dhatêng nagarinipun.
Aliya saking kalakuwan ingkang sampun kacriyos ing
nginggil wau sadaya, kathah rèmèh-rèmèh, kang botên kacriyos ing ngriki.
--- 102 ---
11. Wasitanipun ingkang ngarang mawi
têmbang-têmbung Mlajêng
Sarkara
sunggu-sunggu anak cucu mami / ini crita dhari lain
tampat / sopaya mênjadhi kowe / liat yang bêlum jau / maka ini saya têrbikin /
basa Malayu rêndhah / samua nak cucu / yang masuk sêkolah Jawa / buat
isêng-isêng priksa baik-baik / byar kênal dhalêm akal //
atas ati orang hidhup ini / lêbih dhalêm dhêngên lêbih
lebar / sapêrti laut bandhinge / sêgala èlmu-èlmu / misti tahu yang sampai abis
/ kalu abis pêrcaya / banyak orang tundhuk / mêrêndhah cinta dhan khurmat /
lagi cêrdhik itu sapêrti mêngasih / makanan dhan pakean //
maka anak saya lihat ini / abis luwar dhêri sakolahan
/ pintêr sêgala tulise / dhan èlmu etung putus / gambar / kur adha yang cêrdhik
/ têtapi jarang-jarang / samua yang tahu / dhari basa prakataan / kawi-kawi
banyak kurang sêbab dhari / trak pêrdhuli mêliat //
buku-buku crita basa kawi / dhan lain-lain samua adha
/ tradhak kurang anterone / dhi kantor buku itu / tapi [ta...]
--- 103 ---
[...pi] tradhak bagitu misti / adhak jika lu mliat /
sabêntar trak mau / memang sêgala carita / kaluk bêlum paham bêtul tradha baik
/ itu sudhah slamanya //
jangan bagitulah anak kami / crita dhicap itu sudhah
têrang / tlalu bêsar paedhahe / dharitu sudhah bêtul / abis priksa orang yang
cêrdhik / maka itulah dhicap / kalu tradhak bêtul / dhan tradhak baik nêscaya /
tradhak dhicap lah itu nak cucu kami / liatên samuanya //
têmtu itu adha lain-lain / jangan kao kira sama jugak
/ itu mênjadikên lêmbèk / kutika saya dhulu / masuk murid mêncari cêrdhik /
bagitu saya liat / tradhak sukak sungguh / sranta saya sudhah tuwa / liat crita
têrlalu bagus sêkali / jadhi mênyêsêl bêsar //
maka orang pintêr lain tulis / lain etung lain
gambar-gambar / dhan lain crita antero / kalu samuwa itu / masuk dhalêm akalmu
misti / dhipanggil pandhe memang / cêrdhik dhêngên putus / samuwa èlmu têrus
trang / tradhak pilih apa yang dhi tanyak ngêrti / itulah yang sampurna //
sêgalanak yang mêliat ini / jangan gili ngatahui crita
/ itu mênjadi èlmune / yang nama ilmu itu / adha dhuwa [dhu...]
--- 104 ---
[...wa] prakara misti / satu èlmu akherat / satu èlmu
hidhup / itu adhat orang Islam / jangan kao salah trima èlmu ini / têpake
dhalêm dhunya //
byar mênambah kao punya ati / ampi meliat sêmata-mata
/ dhari crita yang têpake / misti tahu dhirimu / bodho pintêr dhan busuk baik /
sêgala kaadhaan / dhalêm dhunya itu / mênjadhi èlmu samua / adhat jahat adhat
baik tradha lain / angsal tahu sopaya //
mêmbuangkên adhat yang trak baik / ambil sêgala yang
kêbaikan / dhari itu kita bole / orang dhi dhalêm hidhup / pilih-pilih sêgala
baik / tinggal dhi atas tanah / samua yang tau / byar sampai dhêngêr trus
têrang / kaadhaan yang têpake môngsa ini / jadhi èlmu samua //
itu èlmu yang bole têpakik / buwat mêncari makan
pakean / byar sampurna dhi hidhupe / jangan kao têrgantung / kakèk moyang yang
tradhak baik / pake èlmu akherat / sêkarang kêtêmu / bêjumpah dhari justakya /
dhia buat sêkarang tra bole pakik / sêbab trak kênyataan //
kalu liat crita môngsa ini / mênjadhi kao tabah
èngêtan / itu yang adha saksine [saksi...]
--- 105 ---
[...ne] / dhari prakara sunggu / jangan kao trima trak
baik / mliat carita jahat / tapi lain itu / malabankên buat timbang / jadhi
tahu sêgala adhat dhi sini / buang sêgala jahat //
buat èngêt èngêt dhalêm ati / maka itu kao jangan êlat
/ nengok buku anterone / bêtul orang maguru / bisa etung dhan bisa tulis / jika
lu tradhak bisa / caritanya buku / mênjadi têrbanyak slêmpang / banyak malu
itulah yang baik-baik / jangan kao bêrsangkal //
cobak lah liat antero nagi / mana adha orang yang
tiadhak / mangêrti dhipanggil bodho / sari ari bêpikul / tunggang balik sana kê
mari / payah dhi makan kurang / jarang olèh cukup / jika luk tulis tiyadhak /
dhan têrputus sêgala akal yang cêrdhik / itu nimbulkên pangkat //
tradhak kurang anak orang kêcil / jadhi naek pegang
pangkat bêsar / samuwa orang bêrkate / manyêmbah sunggu-sunggu / dhari itu
pintêr yang tarik / mêngangkat pangkat bêsar / dhari itu èlmu / pintêr yang
manjadhi pahlal / sampe turun mênurun dhi blakang kali / cobak lah kao liat //
buat conto dhalêm kowe ini / dhulu adha anak rêgèn
[rê...]
--- 106 ---
[...gèn] sabrang / radhèn mas anu namane / tradhak mau
maguru / dhi sêkolah tradhak pradhuli / sêgala kapintêran / tradhak mau tahu /
siyang malêm èngêtannya / anak rêgèn trak kurang sêgala dhuwit / makanan dhan
pakean //
êmas intên sampik buang pilih / sranta mêninggal dhi
punya papah / orang lain ganti rêgèn / sêbab radhèn mas anu / orang bodho trak
misti ganti / uwang bêbrapa-brapa / buwat makan tidhur / lama-lama uwang ilang
/ jadhi miskin kêsana kêmari ngêmis / mênjual blas kêsian //
Copyright © 2011-13
Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar