KUMANDHANGING
KATRESNAN
Crita Gawéané
ANY ASMARA
Gambar
KENTARDJO
Cap-capan kaping telu
Kawetokaké déning :
C.V. Dua A Yogyakarta
ATURKU
Para maos kang minulya :
Crita Kumandhanging Katresnan iki kedadéan nyata, dadi ora
mung wujud karangan baé. Crita iki sakawit pancèn saka penjaluké sing nglakoni
dhéwé, supaya disumurupi ing liyan. Mung baé sarèhning sinq padha nglakoni isih
akèh sing padha sugeng, lan kanggo njaga asmané, mula bab asma lan jenenging
panggonan dakganti kabèh, nanging wosing crita tetep kaya samesthiné ora owah.
Crita iki anggambaraké sawijining lelakon sih katresnan jati
kang nrenyuhaké ati lan anggambaraké kukuhing adat istiadat kang ora kena
diowahi, nganti andadèkaké ananing lelakon kang ngeres-eresi. Mula crita iki
pantes dadi tepa palupi tumrap para mudha kabèh kang lagi padha ngambah ing
madyaning sih katresnan.
Muga‑muga crita iki bisaa gawé suka renaning para maos kabèh.
Jakarta,
1 – 9 – ‘61
Pangripta
ANY ASMARA
Cétakan kapindho.
Marga isih akèh sing ngresakaké buku iki supaya dicétak manèh,
mula kita pinangkani. Ing kana-kéné kita besut manèh supaya amrih saya kepénak
diwaos lan diraosaké.
Wasana nyumanggakaké. Nuwun.
Yogya 1‑ 9 ‑1962.
Pangripta,
ANY ASMARA
Cétakan kaping telu.
Sarèhning meksa isih akèh baé kang nélakaké durung komanan
buku iki, lan supaya dicétak manèh. Mula bareng iki kita leksanani manèh, kita
cètak kaping telu, lan kita pasrahaké Penerbit DUA "A".
Kita percaya yèn wetuné buku iki bisa sumrambah marang para
sedulur sing durung naté komanan.
Wasana matur nuwun.
Demakan 17 Agustus 64.
Pangripta,
ANY ASMARA
Kumandhanging
katresnan.
Sapa baé kang wis naté kapedhotan ing rasa sih katresnan jati,
uripé bakal terus kacihna nandhang cacad ing salawasé urip. Katresnan jati
pancèn bisa gawé korban sakabèhing korban. Krodhané anggegirisi banget,
ngungkuli krodhaning gunung geni kang lagi mbledhos, ampuhé ngungkuli ampuhing
panah wisa sing luwih mandi.
ANY ASMARA
PRATÉLAN
ISI
I.
Kurbaning
Katresnan
II.
Ngulandara
III.
Ketemu kang
Pungkasan
IV.
Kumandhanging
Katresnan
V.
Pungkasaning
Lelakon
1. KURBANING KATRESNAN
Ing kampung Sélasari Magetan katon ana sawijining
omah gedhong cilik, asri, pèni, ngarepaké dalan gedhé. Omah mau gagrag modhèl
anyar, kinubengan ing pekarangan kang jem-bar bawéra. Ing sangareping omah kiwa
tengené, ana taman-ané kang tinanduran kembang manéka warna, nedheng-nedhengé
megar ndadi, gandané arum sedhep ngambar-ambar. Patamanan mau tinata winangun
bunder, tandurané tinata rajin lan cèkli, tur diupakara kanthi becik‑becik,
mula tandurané tansah katon seger‑seger, ledhung‑ledhung, kembangé mekrok
seger, dinulu ngresepaké ati. Tandurané kembang warna-warna, kayata: Chrysant,
Hortènsia, Lèlié, Aronskelk, Gerbera, Anyelir, Aster, Gladiool, lan liya-liyané
manèh.
Ing undhak‑undhakaning tritisan
rinengga déning pot‑pot gedhé dikapur putih, isi tanduran: Sufelir, Kuping
Gajah, Koolpalm. Anggrèké pating grandhul ana ndhuwuré, nedheng-nedhengé kembang,
ana sing putih, ana sing kuning, ana sing blorok‑blorok, nyenengaké. Ing
tritisan diwènèhi pot cilik pirang‑pirang kang isi bangsaning cactus, kayata: Haworthia Fasciata kaya
buntut tekèk, Stapelia Grandiflora, Mamillaria, Upuntia, Clavarioides, Echionopsis
Oxygona, Rhipsalis Tetvagona, Aloe Coneinna, Euphorbia Obesa, Echeveria
Gibbiflora, Gloxinia, Begonia, lan liya-liyané.
Ing pendhapa
njero diwènèhi méja korsi sasetèl saka penjalin, korsiné diwènèhi bantal cilik
kang diurungi sutra putih sinulam kekembangan benang emas. Méjané diwènèhi
taplak réndan putih mulus, lan ing dhuwuré ana vas isi kembang Gloxinia kang
kembangé lagi megar.
Ing pojok
papat didèkèki dhingklik sikilé dawa, diwènèhi pot kuningan kang isi bangsaning
suplir. Ing tengah‑tengah bener cedhak méja tamu didèkèki aquarium ditumpangaké
méja cilik isi iwak mas lan koki rong jodho, rupané abang, buntuté nglèmbrèh
nyenengaké.
Témboké
rinengga gambar‑gambar kang èdi pèni, gambar sesawangan kang ngresepaké ati.
Sisih kulon gambar Jangèr Bali lan Srimpi.
Déné kebon
mburi omah ditanduri bangsaning sayuran rupa-rupa, kayata: kobis, bayem,
térong, téla pohung, tomat. lombok, kapri, slèdri, kacang dawa, lan
liya-liyané. Ing pager dirambati wit waluh jipang, kang wohé pating grandhul
ndeménakaké. Tanduran mau katon subur‑subur lan seger, merga tansah dirumat ing
saben dinané.
Saburiné
omah gedhong, ana omahé manèh cilik, kanggo pawon, lumbung, kamar batur, lan
kolah.
Sing
kagungan omah mau asmané RS. Ranuasmara, piyayiné wis rada sepuh, bangsaning
umur 50 taun. Rambuté wis katon putih kaya kapas. Salirané isih katon pengkuh
gagah. RS. Ranuasmara kuwi biyèn sawijining pelukis, wis naté ngumbara nganti
tekan endi‑endi, malah wis naté menyang Éropa lan Asia Wétan, perlu mamèraké
lukisané. Pancèn alus urip, bisa gawé lam‑laming pikir. Jenengé wis kondhang
dadi pelukis kang misuwur, sadrajat karo pelukis manca negara.
RS.
Ranuasmara ora kagungan garwa amarga garwané wis ora ana. Putrané loro lanang
lan wadon. Sing lanang Susilo umuré 23 taun isih jaka saiki dadi mahasiswa
Gajah Mada ing Ngayoja jurusan kedhokteran. Déné ragilé kenya umuré 19 taun
isih legan, jenengé Sri Éndah Wahyuningsih, dadi guru SMP ana Magetan kono. Sri
Éndah Wahyuningsih mau rupané sulistya banget kaya pranakan Indho. Pawakané
lencir weweg, Pakulitané kuning nemu giring. Katambahan irung ngrungih, mripat
lindri‑lindri kaya bintang pilem Lies Noor, mula akèh para mudha sing padha
kepéncut gandrung‑gandrung kapirangu karo dhèwèké, nganti sawenèh ana sing
ngengleng mikir Sri Éndah Wahyuningsih. Malah ana sing ora kuwat nyawang banjur
trima oncat saka Magetan. Béda banget karo kangmasé yaiku Susilo kang
pakulitané mbambang.
Pancèn wis
akèh para mudha kang nélakaké tresna karo Sri Éndah Wahyuningsih, kepéngin
ngajak urip bebarengan. Nanging kabèh mau ditolak kanthi alus déning Sri Éndah
Wahyuningsih, asengadi yèn durung duwé pikir sing kaya mangkono, isih seneng
nyambut gawé, mulang bocah‑bocah. Mula pancèn bener kaya mangkono, dhèwèké
durung nggagas ing bab iku, isih seneng mulang. Awit jaréné ora ana kasenengan
liya saliyané mulang. Yèn ana ngomah ngurusi balé omah, lan ngrumat kasenengan
Iiyané, yaiku tanduran, ésuk soré tansah ditliti kanthi premati, kaya ngrumat
bayi, nganti saupama ilang tandurané salah siji baé dhèwèké ngerti.
Sri Éndah Wahyuningsih
ora tahu lunga ubyang‑ubyung yèn ora perlu banget. Dadi akèh ana ngomah[1],
awit ngèlingi bapaké wis sepuh. Baturé loro lanang wadon, yaiku Pak Yoto lan
Bok Yoto. Ketambahan manèh wis ana sewulan iki bapaké tansah gerahen baé,
kaworan watuké kumat. Wis dipriksakaké dhokter papat, meksa ora ana sudané,
gerahé malah saya ngrekasa, mula dhèwèké saben dina tansah mugen ana ngomah.
Sri Éndah
Wahyuningsih sedhih atiné, mikir gerahé bapaké mau. Mula blas ora naté dolan,
tansah mugen nunggoni wong tuwané baé.
Kangmasé sing ana Ngayoja arep
dikabari, nanging dipenggak déning bapaké, mundhak gawé kisruhé Susilo, awit
lagi nengah-nengahi ujian.
Mundhak dina
gerahé RS. Ranuasmara saya mundhak ngrekasa nganti ora bisa menyat saka
peturon. Salirané saya mundhak kuru, praupané cowong pucet, menyang dhaharan
wis ora kersa. Sedina sawengi terkadhang mung ngunjuk susu rong gelas. Sri
Éndah Wahyuningsih saya sedhih atiné saben dina tansah lungguh ana sandhingé
wong tuwané, gagasané ngambra‑ambra[2]
banget, sedhih, susah, trenyuh, campur dadi siji. Nyut kèlingan menyang ibuné,
sing wis ora ana, atiné mundhak keranta‑ranta nganti luhé carocosan metu,
nibani pipiné kang alus kaya saIju, nganti kacuné sutra teles kaya dikum banyu.
“Dhahar ya
Pak?” mangkono aturé Éndah nuju sawijining dina wayah soré.
“Ora
.......... Ndhuk Ning. Ora ..............
Uh....................! huk .........! huk...... èh ............! èh .............!”
wangsulané RS. Ranuasmara karo watuk ngikil.
“Bèn sliramu
kiyat kok Pak.”
“Ora
................ ora
............... doyan.”
“Sésuk
dipriksakaké dhokter menyang Surabaya baé apa Pak, jaréné kana ana dhokter sing
pinter!”
“Wis
................ kasèp .................... Ning, wis ................... ka
.......... Huk! Huk .........................
Eeeeeeeh ...................!”
“Ngunjuk
wédang jeruk karo gula batu apa Pak, karebèn watuké ilang?”
RS. Ranuasmara ora mangsuli, mung
manthuk karo nyawang putrané, penggalihé katon sumedhot.
Sri Éndah
Wahyuningsih énggal‑énggal menyat metu menyang buri gawé wédang jeruk. Bareng
wis rampung banjur énggal‑énggal diaturaké.
“Pak iki
unjukané mumpung isih manget‑manget bèn logro watuké.”
RS.
Ranuasmara banjur ngombé wédang jeruk.
“Wis
.............. wis .............. aku jupukna slimut sing kandel waé Ning,
awakku teka krasa adhem temen.”
Sri Éndah
Wahyuningsih ora mangsuli, terus menyat mbukak lemari njupuk slimut, terus
dikemulaké bapaké. Sikilé kang adhem dipijeti alon‑alon kanthi sedhihing atiné.
“Wis
tinggalen kana Ning, ngasoa[3]
awakmu rak sayah.”
“Ora kok
Pak.”
“Gajegé kowé
dhèk mau nggawa garapan sekolahan, wis kana garapen dhisik.”
“Mengko
bengi baé kena kok Pak. Kangmas Susilo dakkabarané baé ya Pak?”
“Ah ora
susah Ning, mesakaké masmu, wulan iki jarené lagi nengah‑negahi ujian, mundhak
ngganggu ujiané.”
“Lha wong
gerahé Bapak saya ngrekasa ngené, mengko aku rak ditutuh Mas Sus Pak.”
“Mengko yèn
ana nesuné masmu aku sing mangsuli Ning. Wis aja dipikir. Kana tinggalen, aku
dakturu, mripatku ngantuk ngené.”
Sri Éndah
Wahyuningsih banjur metu kanthi sedhihing atiné. Pancèn mula bener ngendikané
bapaké mau, awaké wis sayah banget, nanging bareng ngèlingi gerahé bapaké kaya
mangkono mau, sayahing awaké ora dirasakaké, awit seka gedhéning katresanmu,
lan bektiné karo wong tuwané.
Nuju
sawijining bengi wayah jam wolunan, dinané malem Jumuwah Kliwon. Wiwit bakda
magrib Sri Éndah Wahyuningsih lungguh nunggoni bapaké karo mijeti sikilé sing
wis adhem. Wiwit surup mau RS. Ranuasmara ora menyat saka paturoné, amarga
watuké teka, napasé rada seseg, ora gelem ngendika, tansah mèndel baé, mung
mripaté bola‑bali nyawang Sri Éndah Wahyuningsih, banjur unjal napas dawa kaya
wong angluh kaé. Penggalihé sajak sumedhot, mripaté kang wis katon cowong mau
kaya‑kaya akembeng luh. Sri Éndah Wahyuningsih bareng weruh, atiné kaya sinendhal,
kagèt, awit salawasé durung naté weruh bapaké nganti ngruntuhaké luh kaya
ngono. Mula banjur alon-alon matur:
“Bapak teka
lajeng muwun ngono?”
RS. Ranuasmara kagèt krungu pitakoné
putrané sing ora dinyana‑nyana mau. Banjur mangsuli karo ngusapi luhé.
“O ........
Ning.... .......................... anakku ............................ Pancèn
bener bapak iki mau mentas ngruntuhaké luh, amarga aku banjur kèlingan karo
ibumu sing wis ora ana. Gèk kowé dhéwé nganti seméné gedhému, kowé durung naté
weruh ibumu. Apa manèh weruh ibumu, gambaré baé ya durung. Mangka aku dhéwé
saya ngunduri tuwa, lan ora suwé manèh mesthi bakal dipundhut ing pangayunaning
Pangèran. Bab iki wis ora kena disélaki manèh, lan ora bisa disingkiri awit
kabèh-kabèh mung gumantung ing ngarsaning Pangèran Kang Maha-adil. Aku mung
kari tunggu ésuk‑soré ninggal alam donya kéné, kang kebak lelakon rupa‑rupa.
Mula sanajana ésuk utawa soré aku dipundhut karo sing gawé urip, atiku wis
seneng, awit kowé wis diwasa, wis ngerti endi sing ala lan endi sing becik,
mengkono uga bab unggah‑ungguh, kaya-kaya kowé wis bisa mrantasi kabèh. Nanging
saupama kowé isih dadi bocah cilik, atiku ora mentala. Élinga kabèh titah ing
ngalam donya bakal mati, semono uga kowé, mung kari padha nunggu titi mangsané
baé. Mulané Nduk, gegantilaning jiwaku, sadurungé bapakmu dipundhut bali karo
sing Mahakuwasa, aku arep ngandhakaké sawijining wewadi menyang kowé, supaya
kowé ngerti. Wewadi iki wis lawas banget daksimpen primpen, suket godhong ora
ana sing ngerti.
“Wewadi apa
kuwi Pak?”
“Wewadi bab
lelakoné suwargi ibumu dhéwé Ndhuk. Kowé rak durung weruh menyang ibumu ta?”
“Iya bener
Pak. Nanging sanajan kaya ngono, aku wis rumangsa marem, awit isih ana gambaré
suwargi ibu.”
“Gambar sing
endi Ning?”
“Gambar kaé
ta Pak, sing ana kamarku, malah Mas Susilo ana sandhingé.”
“O..................
Ndhuk Ning ............................ anakku. Kaé pancèn gambaré ibuné Masmu
Susilo. Nanging sumurupa kaé, dudu ....................”
Tekan semono
RS. Ranuasmara kèndel, awit dhadhané seseg banget.
“Lha gambaré
sapa Pak, kok dadi dudu kuwi?”
“Kaé pancèn
dudu gambaré ibumu.”
“Dudu
gambaré ibu?” Sri Éndah Wahyuningsih kagèt atiné mlenggong.
“Sarèh
dhisik Ning anakku. Lungguha sing kepénak. Mengko Bapak arep ndongèng. Pancèn
ya iki wewadi mau, sing arep dakcritakaké, Masmu Susilo dhéwé ya ora ngerti.
Mula andadèkna sumurupmu ya Ndhuk, aja kagèt. Kowé karo Masmu Susilo kuwi
sanyatané wong liya, Masmu Susilo dudu sedulurmu, dudu kangmasmu sejati. Dadi
gambar wong wadon sing ana kamarmu karo Susilo kaé dudu gambaré ibumu, nanging
gambaré ibuné Susilo dhéwé.”
“Dadi yèn
ngono, aku karo Mas Susilo iku dudu sedulur tunggal bapak ibu ngono apa piyé
Pak?”
“Iya bener
ngono Ning anakku. Pancèn bener kaya ngono. Dadi sejatiné Kowé karo Susilo iku
wong liya, wong séjé.”
Sri Éndah
Wahyuningsih kagèt, nganti ora bisa mangsuli.
“Aja kagèt,
pancèn bener kaya ngono. Nanging sumurupa, bareng Kowé lair[4],
banjur dakseduluraké karo Kangmasmu Susilo.”
“Aku ora
mudheng banget ta Pak. Lha yèn ngono ibuku kuwi sing bener sing endi?”
“Ibumu dhéwé
ya wis tinggal donya.”
“Lha gambaré
ibu apa isih ana Pak?”
“Isih, kaé
daksimpen ana lemari. Malah gambaré ibumu mau ora wujud potrèt, ananging wujud
lukisan, asil karyaku dhéwé.”
“O
...................!”
“Andadèkna
sumurupmu manèh ya Ning anakku. Kowé dhéwé sejatiné ya dudu anakku.”
“O
...........................?”, Sri Éndah Wahyuningsih saya tambah kageté,
nganti awaké ndhredheg, mandeng karo RS. Ranuasmara.
“Lha yèn
ngono, aku iki putrané sapa Pak?” sambungé kanthi ndomblong.
“Kuwi
critané dawa banget Ning. Mengko bakal dakandharaké kabèh. Nanging Kowé aja
sedhih atimu awit wiwit kowé lair[5],
kowé wis manjing dadi anakku. Nalika Kowé lagi umur 7 dina, ibumu banjur
tinggal donya, Kowé dipasrahaké aku. Kowé banjur dakemong nganti tekan sepréné
iki.”
“O...............
ngono ta Pak. Lha asmané wong tuwaku sapa? Lan saiki ana ing ngendi?”
“Asmané wong
tuwaku[6]
dhéwé RM. Purwodirjo, saiki embuh ana ngendi, aku dhéwé ora ngerti, wis
daktakokaké, meksa ora ana sing weruh ana ing ngendi dunungé.”
“Adhuh
.............. Pak!”
“Kowé yèn
arep weruh karo ibumu ngiloa[7],
rupané ibumu wis presis kowé, ora ana sing dibuwang[8]
sethithik‑sethithika. Mung ibumu wis tuwa, kowé isih enom. Nanging nalika ibumu
isih enom, ya wis presis kaya kowé. Andheng‑andhengé uga padha, dumunung ana
tengah‑tengahing alis. Mripaté, irungé, alisé, jangguté, lambéné, wis ta cekaké
padha kabèh, kaya jambé sinigar. Mula coba jupukna dhus dawa kang ana lemari
rak sing dhuwur dhéwé, gawanen mréné.”
“Kok
disimpen baé, ora dipasang, apa sebabé Pak?”
“O..............
kuwi wadi Anakku, wadi. Sebab yèn aku weruh gambaré ibumu, atiku dadi keranta‑ranta,
utawa manèh wis cukup nyawang kowé, wis ta énggal jupuken kana.”
“Iya Pak.”
Sri Éndah
Wahyuningsih banjur njupuk dhus bunder dawa, tangané katon ndhredheg gumeter.
Dhus nuli diulungaké RS. Ranuasmara, nuli dibukak, dijupuk isiné, kang arupa
mori gulungan. Mori dibèbèr ana ngarepé Sri ÉndahWahyuningsih. Ing kono katon
ana gambaré sawijining kenya kang sulistya ing rupa. Sri Éndah Wahyuningsih
kagèt banget bareng weruh gambar mau. Gambar tansah dipandeng tanpa kedhèp,
wusana Sri Éndah Wahyuningsih banjur nangis mingseg‑mingseg.
“O...........
adhuh ............ ibuku!” sambaté
sedhih.
RS.
Ranuasmara mung legeg‑legeg sumedhot nyawang Sri Éndah Wahyuningsih kang lagi
nangisi gambaré ibuné mau. Penggalihé saya keranta-ranta, mèlu sedhih. Nganti
suwé Sri Éndah Wahyuningsih durung bisa lipur atiné, tangisé saya ngontog‑ontog,
awit saiki nembé ngerti, wong sing diarani bapaké dhéwé mau tibané wong liya,
dudu wong tuwané dhéwé sing ngukir jiwa ragané. Teka semono temen gedhéning sih
katresnané karo awaké. Ora naté nyrengeni, sapanjaluké tansah dituruti,
didhidhik becik‑becik nganti bisa dadi kaya saiki. Ngèlingi sing wis kaya
mengkono mau atiné Sri Éndah Wahyuningsih saya sedhih lan nelangsa, keranta‑ranta.
Saiki rumangsa wedi lan rikuh karo RS. Ranuasmara, sing wis dianggep wong
tuwané dhéwé mau. Wanguné RS. Ranuasmara ngerti menyang kekandhutaning atiné
Sri Éndah Wahyuningsih mau, tandhané banjur ngendika alon, kaya mangkene:
“Anakku
Ning, kowé aja banjur kaya ngono karo aku, lan aja rikuh-pakéwuh, sanajan saiki
kowé wis ngerti menyang wewadining lelakonku, aku iki ya isih tetep dadi wong
tuwamu, kowé wis dakanggep anakku lair[9]-batin.
Malah saupama ora ana kowé, kiraku aku ora urip dawa tekan saiki iki. Aku yèn
weruh kowé, tansah kelingan menyang ibumu ora uwis‑uwis. Wewayangané ibumu, ya
ana kowé dadi siji.”
“Matur nuwun
sanget Pak. Lha ibu kula, kaliyan Bapak punapa taksih sedhèrèk?”
“Lho, Iho
lha, rak nganyar‑anyari, Kowé banjur malih basa karo aku, iku ateges yèn, Kowé
ora nggugu gunemku. Wis ta aja nganyar‑anyari, gawénen kaya adat sabené baé.
Aku emoh kokbasani, awit rumangsaku banjur dadi adoh ngono. Kowé aja ngowahi
apa‑apa. Apa aku kokanggep bapak sambungan?”
Sri Éndah
Wahyuningsih tumungkul, krungu wangsulané bapaké angkat mau.
“Ya wis Pak
aku ndhèrèk.”
“Lha rak
ngono, aku bungah, tandha yèn Kowé ora nganyar-anyari. Karo manèh yèn dirungu
tangga teparo rak dadi padha gumun, wong biasané Kowé ora naté basa, teka malik
grémbyang ngono, mengko wewadi iki rak bisa kawedhar ing liyan.”
“Iya bener
Pak, saiki dakjabel manèh aturku.”
“Lha rak
ngono. Malah aku nduwèni penjaluk karo kowé, bab iki aja nganti keprojol ing
liyan.”
“Lha yèn
karo Mas Susilo kepriyé?”
“Masmu ya
kena diwènèhi weruh nanging bésuk.”
“Suk kapan
Pak?”
“Yèn aku wis
ora ana.”
“Adhuh ..................!”
“Masmu
Susilo ya ora ngerti, awit nalika semono dhèwèké iya isih cilik, lan wektu
semono ana astané swargi embahé pisan.”
“O ngono
ta.”
“Wis ta
lungguha cedhak kéné, takdongèngi lelakon sing ana gegandhèngané karo
lelakonmu. Critané dawa, mula ya mung arep dakcritakaké sing perlu‑perlu baé.
Crita iki isi lelakon bab sih katresnan sing nyedhihaké ati. Mula kowé mengko
ya aja mèlu‑mèlu sedhih atimu. Nanging aku jupukna wédang dhisik, gorokanku kok
krasa salit temen...”
* * *
Surakarta, 1927.
Ana
sawijining nonoman jenengé R. Sukmana umuré 19 taun, murid MULO duwé kanca
kenya, jenengé RA. Tien Tisnowati putri Sala asli, putrané RB. Jayèngsubroto,
pènsiyunan Wedana Bayalali. Dalemé ana Kampung Tamtaman, isih darahing priyayi
luhur turun ningrat. Kenalé R. Sukmana karo RA. Tien Tisnowati wis lawas
banget. Mauné kenalé nonoman loro mau ya mung lugu baé. Nanging lawasing lawas,
sakaroné banjur padha thukul rasa katresnan. R. Sukmana tresna karo RA. Tien
Tisnowati, Tien Tisnowati nimbangi katresnané. Dadi wis jumbuh loro‑loroné
padha kadunungan tresna kabèh, malah nganti wis padha prasetya yèn ing tembé
buri padha arep urip bebarengan. R. Sukmana bungah banget atiné, duwé pacangan
RA. Tien Tisnowati mau. Sepisan dhasar isih darahing ngaluhur, rembesing
kusuma, turuning wong andara warih. Kapindhoné atèn-atèné becik lembah manah.
Kaping teluné kasulistyané RA. Tien Tisnowati tanpa tandhing, pindha golèk
kencana. Kaping paté sing baku padha tresnané.
Nanging
kahanan kang kaya mengkono mau émané ora bisa langgeng lan kasembadan.
Mbokmenawa pancèn wis ginaris ing alam Loh Ma'ful yèn nonoman loro mau pancèn
dudu jodhoné, lan kudu pepisahan jalaran saka drajaté kang ora padha. RA. Tien
Tisnowati darahing ngaluhur, R. Sukmana mung wong lumrah, tur anak randha pisan
gèk ora duwé. Déné cethané mau bareng kapiyarsan déning keng ramané RA. Tien
Tisnowati banget dukané lan ora marengaké yèn R. Sukmana ngarah putriné. Malah
R. Sukmana nganti diancam, yèn wani-wani mlaku bebarengan, arep dipasrahaké
pulisi. Pancèn kanggoné jaman samono, pulisi iku diwedèni banget, padha karo
wong yèn weruh memedi. Mula R. Sukmana banjur ora wani ngaton manèh, tansah
ngadoh. RA. Tien Tisnowati dhéwé banjur dipingit, ora kena metu‑metu saka
gedhongé, yèn ora lagi ndhèrèkaké rama ibuné.
Ya wiwit iku
R. Sukmana banjur pisah karo RA. Tien Tisnowati. Nanging sing pisah mung lairé,
batiné padha ora gelem pisah, jiwané tansah sesambungan, awit sakaroné
katresnané pancèn murni suci, lan wis kadhung padha ngoyodé, padha seminé,
thukul ngrembuyung ing jiwa ragané nonoman sakaroné. Mbok jagaté kiyamat pisan
katresnan suci ora bakal mati, tetep isih langgeng urip, kang sawayah‑wayah
bakal thukul manèh luwih nggegirisi.
Pancèn kaya
ngono katresnan kang sepisanan ora bakal bisa dilalekaké ing salawasé urip.
Katresnan bisa nggawa korban, awit jatining katresnan mau ora nyawang rupa,
pangkat, bandha, lan drajat, nanging saka gumolonging ati loro‑loroné kang
jumbuh, cocog condhong, padha tresnané.
Malah manut
wecané sarjana Éropah Dr. Van Holk mengkéné: Sapa baé sing wis naté kepedhotan
ing rasa sih-katresnan jati, uripé bakal tansah kacihna nandhang rasa kacuwan
ing selawasé. Weca kaya ing ndhuwur mau pancèn bener, awit ampuhing katresnan
mau ngungkuli ampuhing panah wisa, lan yèn krodha, ya nggegirisi banget,
ngungkuli krodhaning gunung kang njeblug. Mula bener, tresna tohé pati. Tresna
bisa nggawa korban sakèhing ..............
korban.
Wiwit iku R.
Sukmana banjur kecandhak lara gandrung wuyung, rina wengi mung tansah ton‑tonen
menyang citrané RA. Tien Tisnowati, dilali‑lali malah saya ngaléla saya
mbebidhung ati.
Pancèn
bener, lara‑laraning lara ora kaya wong kang kapegatan ing katresnan. Kang
kataman lara gandrung wuyung ora mung R. Sukmana dhéwé, nanging RA. Tien
Tisnowati ya kaya mengkono, rina wengi sing dipikir mung R. Sukmana baé. Saya
sedhih manèh bareng let rong dinané R. Sukmana ora mlebu sekolah, jaréné lara,
atiné kaya sinendhal mayang kaé, saking welasé karo R. Sukmana.
Arep tilik ora wani, awit dhèwèké ora kena lunga‑lunga
dipingit ana ngomah. Let 3 dina R. Sukmana tampa lajangé RA. Tien Tisnowati
kang surasané mengkéné:
Kangmas Sukmana woding atiku.
Wis ana seminggu iki panjenengan ora
mlebu sekolah, atiku dadi sedhih banget. Awit aku ngerti yèn gerah panjenengan
iku jalaran saka kakèhan mikir menyang aku, iki wis mesthi. Beneré mono kliwat
saking anggonku kangen karo panjenengan, kepéngin tilik mréné. Nanging adhuh
Mas, aku ora bisa lunga‑lunga, malah saiki kaya wong dikunjara baé, dipingit
ana ngomah. Wis akèh‑akèh enggonku ngaturi priksa karo rama ibu bab
sesambunganku karo panjenengan. Yèn ibu ngono ora apa‑apa, nanging rama malah
duka banget. Aku didukani akèh‑akèh, malah yèn ora manut kersané, aku arep
diusir. Adhuh Mas, seméné aboté sesangganku. Aku saiki rumangsa sedhih banget,
judheg ngrasakaké wong tuwaku dhéwé kang isih ngukuhi menyang kaningratané.
Kapindhoné atiku susah ngrasakaké panjenengan nganti dadi gerah kaya
mengkono.
Mauné aku ora nyana babar pisan, yèn
dayaning sih katresnan iku ngéné dadiné dakarani, yèn wis bubar lan dipedhot
iku banjur dadi ilang blas, ora ana tabeté apa‑apa. Nanging adhuh pangira‑iraku
kabèh mau tibané salah gedhé. Rina wengi mung panjenengan baé sing dakimpi‑impi,
ndaktangisi. Pancèn abot Mas medhot rasa sih katresnan iku, apa manèh yèn wis
kadhung manjing ing balung sungsum, angèl ilang‑ilangané. Mbok diijolana karo
apa baé katresnan ora bisa padha, awit dayaning katresnan mau ora nyawang bab
bobot, bibit, lan bèbèt, nanging mung gumantung sing padha nglakoni. Mula
sanajan awakku dikunjara wesi primpen, rasa sih katresnanku karo panjenengan
isih tetep panggah, malah saya mundhak gedhé. Luwih sedhih manèh bareng aku jarené
arep énggal‑énggal diomah‑omahaké karo sawijining priyayi, kang isih klebu
sanak kulitku dhéwé isih tunggal drajat lan darah karo rama. Wis akèh-akèh
aturku nanging rama tetep panggah, malah aku didukani lan diuman‑uman.
Pungkasaning rembug aku mung ditanting dikon milih salah siji, yaiku manut apa
mbangkang. Yèn manut kudu gelem nuruti kersané wong tuwa, gelem diomah‑omahaké
oleh pilihané wong tuwa. Yèn mbangkang aku kena sakarepku; nanging ora diaku
putrané, lan kudu lunga.
Adhuh Mas, seméné aboté lelakonku,
saben dina saliyané sedhih, judheg, nelangsa wis ora ana manèh. Mangka aku wis
prasetya karo panjenengan yèn arep padha urip bebarengan. Jiwa ragaku wis éklas
dakpasrahaké menyang panjenengan kabèh, wong liya ora lila banget yèn nganti
nyekel awakku.
Nanging Mas, sarèhning aku tinitah
dadi wanita, bisaku ya mung nangis, ya mung tangis iku sing dadi gegamanku,
arep mbangkang ora wani, wedi kena walaté.
Mula bab iki panjenengan aja salah
tampa, aku tetep tresna lan setya karo panjenengan donya akérat, lair lan
batin.
Mung iki aturku, muga handadèkna ing
pamirsa. Panjenengan dakdongakaké énggal saras gerahé.
Rayi tuhu tresna,
TIEN TISNOWATI.
R. Sukmana bareng maca layang mau sedhih banget.
Saka rumangsané donya banjur dadi katon peteng lelimengan, bumi kaya
gonjang-ganjing, awaké krasa lemes lan semplah, wasana saking sedhihé nganti
nangis.
R. Sukmana saben dina tansah dheleg‑dheleg,
memelasi, ora doyan mangan. Awaké tambah kuru, marga saka bangeting mikir
menyang RA. Tien Tisnowati. Tujuné ibuné pinter anggoné tansah njaga menyang R.
Sukmana, saben dina dikandhani akèh-akèh, Ian dituturi sing becik‑becik,
wusanané R. Sukmana banjur bisa rada katon jenjem atiné.
“Nggèr Sukmana anakku, yèn saben dina kowé tansah
legeg-legeg sedhih, sing susah ora mung kowé dhéwé, aku ya mèlu susah. Ibu iki
wis tuwa, ora lawas manèh bakal dipundhut karo sing gawé urip. Mula mumpung ibu
isih urip, aku kepéngin weruh kowé bisa urip seneng, pulih kaya dhèk wingi‑wingi
kaé. Puluh‑puluh tiwas kokpikir jero, yèn pancèn wong tuwané RA. Tien Tisnowati
wis ora marengaké, arep kepriyé? Aku ora maido Nggèr, pancèn abot wong
kapedhotan ing rasa katresnan kuwi. Ibumu wis tuwa, wis ngerti lan wis wareg
mangan pedhes, lan gurih isining alam donya. Nanging kabèh mau yèn kowé bisa
ngendhalèni menyang sakabèhing atimu, mesthi bakal énggal ilang, oraa[10]
bisa ilang blas, ya akèh sudané. Yèn kowé ora bisa ngendhalèni atimu dhéwé
bakal nandhang kapitunan gedhé, jiwamu bakal ringkih, atimu bakal cacad, wis
mesthi. Nanging yèn kowé bisa ngendhakaké kasedhihaning atimu dhéwé, jiwamu
bakal kuwat lan santosa. Saupama kataman ing kasedhihan ya mung bakal sawetara,
ora banget-banget. Pancèn katresnan tanpa korban, iku dudu katresnan sejati,
nanging katresnan palsu, mung lair baé, utawa tresna thukul saka dayaning hawa
napsu. Nanging katresnan kang metu saka prentuling ati suci, bisa ditata lan
bisa dikendhalèni. Déné dalané mbuwang sakèhing kasedhihan iku ora ana liya
mung sarana laku sabar lan narima.” mangkono pituturé ibuné kanthi sabar.
“Nanging Bu, aku ora bisa nglalèkaké karo Dhiajeng
Tien, awit katresnanku karo Dhiajeng Tien wis kadhung urip ana jantungku.”
“Aku wis ngerti lan ora maido Suk. Nanging yèn kowé
wiwit bisa ngendhalèni, mesthi bisa. Dalané saka sethithik, nanging yèn kanthi
tlatèn éling sabar, lan narima mesthi bisa. Bab iku padha baé karo yèn kowé
lagi nampani piwulang saka gurumu. Kowé ora bisa nampani piwulang sepisan, bruk
akèh, kuwi mesthi ora bisa. Nanging yèn gurumu enggoné mènèhi piwulang nganggo
tataran saka sethithik, kowé mesthi bisa nampani piwulang mau, kanthi kepénak
lan ngerti. Ora ana Propésor terus pinter jalaran ora sekolah, kuwi ora ana.
Kosok baliné mbuwang rasa kasedhihaning ati ya ngono, ora bisa sok glogok,
ilang blas kuwi ora bisa, nanging ya kudu saka sethithik kanthi dikanthèni ati
sabar lan narima. Yèn kowé bisa nglakoni kaya ngono kowé bakal kuwat jiwamu lan
kalis sakèhing godha rencananing ngaurip.”
Suwé R. Sukmana ora bisa mangsuli, awit sakèhing
pituturé ibuné mau pancèn bener kabèh, R. Sukmana éling, atiné kaya digugah,
éling ing sakabèhané.
“Iya Bu sakèhing dhawuhmu bakal dakèstokaké kabèh,
mula ora liwat aku nyuwun tambahing pangèstu baé.” wangsulané karo menyat.
“Iya Nggèr, iya sukur yèn kowé nggugu karo
pituturku iki. Dakpangèstoni, muga‑muga imanmu kuwat nampani sakèhing godha
rencana.”
“Matur nuwun Bu.”
Ya wiwit iku R. Sukmana banjur bisa ngilangi rasa
kasedhihaning atiné mau. Wiwitané ya ngrekasa banget, nanging suwé-suwé ya
bisa, kanthi wewaton ati sabar lan narima. Senajanta jiwané tansah nangis.
Nuju sawijining dina wayah bengi, R. Sukmana
kapinujon ijèn tunggu omah, awit ibuné lagi lunga jagong temantèn menyang
Kestalan. R. Sukmana dijak, nanging ora gelem, sengadi sirahé krasa ngelu, mula
trima tunggu omah baé. Bareng ibuné wis mangkat R. Sukmana banjur mlebu ing
kamaré, mapan lungguh sinambi nglukis awit dhèwèké pancèn pinter nggambar.
Malah ana salah sijiné guruné sing nuturi karo dhèwèké, supaya nerusaké sekolah
nglukis, supaya ing tembé buri bisa dadi pelukis temenan, awit dhèwèké pancèn
wis duwé dhasar pinter gambar. Pituturé guruné mau tansah dadi pikirané baé.
R. Sukmana wiwit nggambar, sing digambar potrèté
bapaké kang wis ora ana. Lagi tengah‑tengahé nggambar dumadakan kagèt krungu
ana wong uluk salam.
“Kula nuwun?”
“Mangga.” wangsulané R. Sukmana karo menyat mbukak
lawang. Nanging dhayohé ora katon mung regemeng-regemeng baé, awit ing jaba
peteng ndhedhet.
“Sinten?”
“Kula Dèn.”
“Kula sinten niku?”
“Napa pangling kaliyan kula Dèn?”
“Pangling wong peteng.”
“Pangling dhateng kula, dhateng suwanten rak inggih
napa pangling?”
“Sapa ta ya? Mangga ta mlebet.”
“Inggih.”
tamu mau mlebu karo nahan guyuné sing kekel.
R. Sukmana bareng weruh dhayohé mau terus digablogi
awit dhayohé mau ora liya Mbok Darmo abdiné RA. Tien Tisnowati.
“O jebulé kowé Mbok, gawé kagètku. Kéné lungguh
kéné.”
“Inggih Dèn ngriki kémawon.” karo mapan lungguh ing
dhipan lan isih ngampet guyuné.
“Kok njanur gunung Mbok, diutus Ndaramu apa karepmu
dhéwé mréné iki.”
“Inggih kalih‑kalih Dèn inggih diutus kaliyan
ndara, inggih saking kajeng kula piyambak.”
“O ngono ta. Diutus apa karo bendaramu?”
“Kabaripun Dèn Suk mentas gerah, gerah punapa Dèn?”
“Ah mung masuk angin baé kok Mbok, karo kaworan
malaria, nanging saiki wis mari.”
“O inggih sukur. Panci sakit satunggal niku jahat
sanget, tiyang waras‑wiris, manawi katrajang lara siji niku nggih sambat,
lajeng ambruk. Niku dèrèng Dèn, onten malih bangsaning lara niku, langkung jahat
sanget, sinten katrajang mesthi ambruk. Malah boten trima ambruk mawon, adat
sing empun sing kataman sok bekah‑bekuh ngaten, malah onten sing ngengleng lan
dleming.”
“Lho lha lelara apa kuwi Mbok?”
“Nggih niku.
Mala ..... rindhu Dèn.” karo
ngampet guyuné.
“Malarindhu? Lelara apa kuwi Mbok?”
“Allah Dèn, nggih sakit niku jenengé rak empun
mastani. Mala niku tegesé lelara, rindhu niku kangen, dadi lara malarindhu niku
lara kangen. Sintena kémawon yèn ketaman lara siji niku boten enèm boten sepuh,
boten kakung, boten putri, mesthi badhé gonjing miring saèstu panggalihipun.
Dados sami kaliyan sakit asma, yèn wingking dipuntambahi ra, inggih angèl
jampinipun.”
Krungu gunemé Mbok Darmo kaya ngono mau R. Sukmana
mèsem, ngerti yèn lagi disemoni déning Mbok Darmo sing pancèn dhasaré wong
lucu, lan wis ngerti menyang lelakoné R. Sukmana karo bendarané, awit saben‑saben
ana layang, ya mesthi metu Mbok Darmo.
“Iya bener Mbok, bener.”
“Lha rak leres ta Dèn?”
“Iya, ya. Lha kowé diutus apa karo bendaramu Mbok?”
Mbok Darmo ora mangsuli, nanging banjur nyedhaki R.
Sukmana karo bisik‑bisik.
“Lha keng ibu wonten pundi Dèn, kok sepen, napa
sampun saré?”
“Ibu tindak jagong nyang Kestalan Mbok.”
“O sukur yèn ngaten Dèn. Sowan kula niku pancèn
dipunutus Ndara Ajeng, dipundhawuhi maringaken jampi kangen kagem panjenengan
Dèn.”
“Tamba? Tamba kangen Mbok?”
“Jampi kangen gerah panjenengan. E, jampiné niku
ces-pleng sanget, saged kontan mantun.”
“É, é teka pinter temen Ndaramu kuwi, jamuné apa
coba ulungna.”
“Nyebar godhong kara. Sabar Dèn, sampun kasesa,
mangké kula pendhetipun rumiyin.” Bubar celathu mengkono Mbok Darmo terus
njupuk barang kang ditlesepaké ing setagené banjur diulungaké R. Sukmana.
“Lho kok layang Mbok, endi tambané?”
“Inggih niku Dèn jampiné, niku rak langkung
cespleng sanget katimbang jampi limrah niku.”
R Sukmana nampani layang karo gumuyu.
“O inggih Dèn, kula badhé nyuwun priksa, ingkang
saweg kagungan damel mantu Kestalan punika sinten?”
“Pak Harjowiyata, pènsiyunan mantri guru, Mbok.”
“O napa ingkang asli saking Pacitan punika Dèn?”
“Iya bener kok Kowé ngerti?”
“O sampun sanget Dèn. Yèn ngaten, ndara mantri
saweg mantu putranipun putri, Dèn Rara
Tien.”
“Iya bener kok wis ngerti Kowé Mbok?”
“Ngertos mawon Dèn, tiyang kala rumiyin dalemipun
Ndara Mantri punika celak kaliyan gubug kula, namung keletan pager. Malah kala
semanten Dèn Rara Tien taksih alit, sering kula bebéda. Pancèn Dèn Rara Tien
niku laré ayu, panggalihipun saé. Angsal sinten Dèn?”
“Yèn ora kleru R. Iskandar Mbok.”
“Ah yèn
ngoten begja sing kagungan nggih Dèn, dhasar Dèn Rara Tien ayu, sugih tur
pinter, saiba senengé benjang.”
“Apa wong
jejodhoan kuwi sing digoleki mung rupa lan kasugihané Mbok, rak ya ora ta ?”
“Yèn kula
inggih kalih‑kalihipun ngoten kok Dèn? Nanging ingkang baku tir padha irengé
rak inggih Dèn?
“Lho kok
dadi tir padha irengé kuwi piyé Mbok?”
“Ah Dèn Suk
niku mbodhoni napa? Tir padha irengé niku sir padha senengé. Ditambahi malih,
kreneng wadhah urang, wong seneng niku regané larang.”
Mbok Darmo
gumuyu kekel. R. Sukmana mèsem.
“Pancèn
ngono Mbok, nanging ya kuwi, senajan wis tir padha irengé, nanging yèn wong
tuwané ora nglilani, rak ya ora bisa klakon.”
“Niku leres
Dèn. Mula yèn onten tiyang sepuh ngoten niku patuté dibrantas Dèn, awit sampun
boten njamani malih. Jamané saya dangu saya majeng, tiyang sepuh kedah manut
dhateng laré, awit sing ajeng nglakoni omah‑omah niku rak sanès sing sepuh,
nanging putrané. Wong tuwa mung kantun nyawang,
rak ngaten ta Dèn. Mila yèn onten tiyang sepuh sing boten anujoni
dhateng kareping anak, niku wong tuwa kolot, sing wajib dibrantas, awit empun
boten jamani malih.” Mbok Darmo karo ngotot gunemé.
“Pancèn ya
bener kaya ngono Mbok. Ananging yèn wong tuwané panggah sebab saka naluri asal‑usulé,
sing ora padha, ya ora kena dipaido.”
“Ah yèn kula
sing nglakoni mangka kula sampun seneng kalih bocahé lanang, trima mberot
kémawon Dèn.”
“Nanging
Mbok, yèn nganti diréwangi banjur mberot barang, utawa bocahé lanang nganti
mlayokaké, aku ora setuju, awit tindak mberot lan mlayokaké bocah wadon iku ora
apik, dosané werna loro.”
“Lho kok
dosa werni kalih punika kados pundi Dèn?”
“Sepisan
dosa karo wong tuwané bocah wadon, kaping pindhoné, dosa menyang Pangèran. Sing
becik iku yèn kabèh padha setuju. Iku apik, uripé bakal kepénak lan seneng.”
“Niku rak
yèn saged kados ngaten Dèn, pancèn inggih utami sanget. Nanging yèn, wong tuwa
boten nocogi, beciké inggih ditinggal minggat mawon, bocahé lanang dijak niku
empun bèrès. Kados lelampahan kula rumiyin inggih ngaten, nalika badhé angsal
bapaké Darmo, tiyang sepuh kula malangi. Nanging kula lajeng nekat mberot, émah‑émah
kaliyan bapakipun Darmo, ngadhep Pak Pengulu. Tiyang sepuh kula wiwitané inggih
muring‑muring, nanging lajeng lilih, malah sapunika tresna sanget dhateng
bapakipun Darmo.
“Wewatakané
wong iku ora padha kabèh Mbok, ana sing keras, ana sing mung setengah‑setengah,
lan ana sing lembah manah. Dadi ora padha kaya uyah, dicampur padha asiné,
padha leteng. Balik manungsa ora mangkono. Mula bab iki aku ora bisa nyalahaké
lan ya ora mbeneraké. Kabèh‑kabèh mau mung kari duga prayoga menyang sing padha
arep nglakoni.”
“Niku leres
Dèn, yèn ngaten kula trimah kawon. Ah jebulé sampun dalu Dèn, kula kepareng
nyuwun pamit.”
“Wong durung
ana jam 9 baé kesusu bali. Apa ora ngentèni rawuhé ibu, sadhéla engkas rak wis
kondur.”
“Matur nuwun
sanget Dèn, sampun dangu mindhak dipunajeng‑ajeng Dèn Ajeng.”
“Ya wis kana
balia yèn kowé ora gelem daktahan.”
“Ah
panjenengan niku lucu sanget Dèn, tiyang kula sanès tiyang tahanan inggih boten
purun,” karo gumuyu kekel.
R. Sukmana
mèlu gumuyu.
“Ah sampun
Dèn, sampun dalu.”
“Iya Mbok
nyangoni slamet.”
Bareng Mbok
Darmo wis ora katon R. Sukmana banjur nutup lawang. Layang énggal‑énggal
dibukak, diwaca uniné mangkené.
Kangmas Sukmana gagantilaning atiku
Wis ana 5 dina iki aku ora metu‑metu
saka kamar, amarga ketaman ing lara, lara kang séjé karo lara lumrah kaé.
Selawasé aku urip ya nembé sepisan ji iki aku ketaman lara sing kaya ngéné iki,
saben dina saliyané sedhih, trenyuh, wis ora ana manèh. Nanging saupama
panjenengan tansah ana ing sandhingku kéné, kiraku énggal mari laraku. Déné
jalarané aku banjur ambruk iki, amarga kurang sepuluh dina engkas aku sida arep
diomah-omahaké karo R. Purwodirjo Komis Pos Malang, kang pantesé dakundang
bapak, aku didhawuhi ngladèni. Atiku lara banget Mas, lara banget.
Aku saiki wis ora bisa budi manèh,
kudu manut menyang kersané wong tuwaku. Ibu wanguné welas karo aku, banjur
matur karo rama. Nanging rama malah saya duka, ibu didukani akèh-akèh. Adhuh
Mas, aku wis ora bisa polah manèh, awakku kaya wis dibelenggu nganggo ranté
kang kenceng, nganti ora bisa obah. Rina lan wengi bisaku mung nangis wis ora
ana manèh, kancaku mung bantal kang teles déning eluhku. Sepuluh dina manèh aku
wis ora suci, wis klebu naraka donya.
Bokmenawa wong sakjagat rat iki sing
susah dhéwé mung aku. Saking ora kuwat nahan siksaning urip iki, mèh baé aku
nindakaké lelakon sing nggegrisi. Tujuné aku banjur pinaringan éling. Saiba
bakal kucemé asmané rama yèn aku nganti klakon nindakaké lelakon sing ngeres‑eresi
mau Pepuntoning atiku aku banjur mung pasrah menyang sing Mahakuwasa.
Mas, aku teka kangen, kepéngin
ketemu karo panjenengan, kepéngin nyawang panjenengan kanggo kang pungkasan,
senajana mung sedhéla waton klakon bisa ketemu, wis lega atiku.
Ananging sayang Mas, aku ora bisa
lunga‑lunga. Mula saka iku, aku nduwé panyuwun karo panjenengan, kersaa rawuh
ing omahku sésuk bengi, wayah jam 11. Metua lawang butulan sisih kulon,
panjenengan dakanti ana petamanan wétan omah. Poma-dipoma pinangkanana
panyuwunku iki. Aku wis kapang banget karo panjenengan, ora kétang sedhéla,
waton ketemu, karebèn lega rasaning pikirku, kang saben dina tansah nguneg‑uneg
ana dhadhaku. Ana perlu penting sing arep dakaturaké.
Mung iki aturku.
Rayi tuhu tresna
Tien Tisnowati
R. Sukmana judheg,
sedhih, trenyuh, maca layang mau. Nganti wengi ora bisa turu, saking welasé
karo RA. Tien. Wewayangané katon ngléla cetha ana ngarepé, kaya‑kaya njaluk
supaya diwelasi. R. Sukmana nangis, kaya bocah cilik.
Jam 11 bengi.
Bengi iku peteng
ndhedhet, katambahan mendhungé katon ireng, angendhanu[11]
ing awang‑awang. Lintang‑lintang mung siji loro katon pating krelip. Hawané
adhem, anginé silir-silir sumiyut. Ing ngendi-endi wis katon sepi nyenyet.
Lamat-lamat keprungu panggonggongé asu rada adoh.
Dalemé RB. Jayèngsubroto
ing Tamtaman wis katon sepi nyenyet, malah wis saèmper kaya cungkup ing
tengahing jaratan, katon serem medèni peteng kéyuban wit‑witan kang dhuwur
godhongé ketel. Mung ing buri isih ramé, swaraning kodhok ngorèk ana mblumbang,
ayaké lagi seneng‑seneng karo kanca‑kancané, pating cruwèt pating theruk padha
ngorèk.
R. Sukmana wis rada suwé
ana sajroning petamanan ngentèni wetuné RA. Tien Tisnowati, lungguh ana bangku
kang wis disedhiyakaké ana kono, papan kanggo ngénggar‑énggar ati, nyawang
kekembangan.
Lungguhé ora jenjem,
bola‑bali tansah mandeng menyang lawang butulan. Gagasané ngambra‑ambra banget.
Adheming hawa lan petenging kahanan ora dirasa, awit atiné daya‑daya énggala
bisa ketemu karo wanita kang dadi telenging ati.
R. Sukmana kagèt anggoné
ngalamun, bareng krungu swaraning, loncèng Kraton muni ping sewelas. R. Sukmana
banjur alon‑alon menyat, ngawasaké menyang lawang butulan.
Ora suwé keprungu
gumeriting lawang lirih banget lan jemedhuling wewayangan metu karo nolèh ngiwa
nengen. R. Sukmana ora samar manèh yèn sing metu mau RA. Tien Tisnowati. Mula
banjur énggal‑énggal diparani. Bareng wis adu arep banjur gapyuk, wong loro padha
rerangkulan, tangis-tangisan.
“Mas
......................!”
“Apa Dhiajeng?”
Ya mung kaya mengkono
swara kang keprungu lirih banget.
Nganti sawatara suwé
wong loro mau anggoné padha rerangkulan. Dhadhané R. Sukmana kebak luh, luhé
R.A Tien Tisnowati kang metuné ora kena diampet manèh, carocosan metu nélakaké
isining dhadhané kang tansah ngontog‑ontog, lagi bisa ditokaké kabèh kanthi
lumantar ilining luhé mau.
Ora suwé R. Sukmana éling,
pangrangkulé RA. Tien Tisnowati diudhari, alon‑alon dituntun, digawa lungguh
ing bangku. Tangisé isih mingseg‑mingseg memelas banget. Tekan bangku terus
ngambruk, ngrungkebi dhadhané R. Sukmana tangisé saya ndadi.
Wektu semono RA. Tien
Tisnowati mung menganggo kimono sutra tipis, rambuté kang dawa menges‑menges
dioré nganti tekan sadhuwuring dhengkul. Gegandaning wewangi kang dienggo
déning R.A Tien Tisnowati ngambar wangi, mlebu irungé R. Sukmana terus mlebu
ing jantung, saya gawé anglesing atiné R. Sukmana. Rambut kang mandhul‑mandhul
dioré banjur dielus‑elus alon‑alon kanthi trenyuhing ati, driji kang mucuk ri
alus lumer tansah kanggo dolanan tangané R. Sukmana, diremed‑remed, saya gawé
gonjinging pikirané R. Sukmana. Nanging ora suwé banjur éling manèh.
“Dhiajeng Tien lungguha
dhisik. Tangismu buwangen, karepbèn ora keprungu karo sing ana dalem.
Dhiajeng..........?” celathuné R. Sukmana alon‑alon, trenyuh atiné. RA. Tien
Tisnowati ora mangsuli, malah pangrangkulé saya dikencengi, R. Sukmana nganti
ora bisa ambegan.
“Dhiajeng pepujané pun
kakang dhéwé, wis ta aja kaya mengkono mundhak atiku saya sumedhot banget. Aku
ora kuwat nyawang kowé kaya ngono iki. Tangismu gawé trenyuhing jiwaku. Élinga
Jeng. Menenga .................!”
“Kangmas, bèné dhisik
ta, bèn tutug anggonku nangis iki, supaya marem lan lega pikirku, awit aku kapang
banget karo panjenengan.” Wangsulané kanthi sedhih nrenyuhaké ati.
“Adhuh Dhajeng, nyawa
gegantilaning atiku. Delengen, élinga. Aku ora maido Dhiajeng, prekara kaya
mangkené, rasané kaya dijuwing‑juwing remuk.”
“Amrih beciking lelakon
kepriyé Mas?” karo menyat.
“Beciké kowé ya kudu
manut miturut menyang kersané ramamu, aku lalèkna, awit keng ramamu ora
marengaké yèn kowé, omah‑omah karo aku, malah sajak gething priksa aku. Kang
iku Dhiajeng, memaniking pun kakang dhéwé, ya mung iku dalané sing utama lan
kang becik dhéwé, aku lan kowé kudu pisah.”
“Adhuh Kakangmas, atiku
saya nggrantes, saya trenyuh krungu pangendikamu sing kaya ngono iku. Apa
Kangmas wis luntur katresnané karo aku?”
“Dhiajeng pepujaanku,
gegantilaning nyawaku cah ayu. Katresnanku karo kowé ora owah gingsir, malah
saya tambah gedhé. Ya mung kowé wanita salumahing bumi kang, tansah
daktresnani, lair tumekaning batin. Bok donya dadi kiyamat pisan ta,
katresnanku karo kowé rak tetep langgeng, tetep ora owah-owah. Ora ana wanita
sadonya sing dakpepuja kajaba mung kowé dhéwé. Katresnanku wis daksokaké karo
kowé, ngungkuli katresnanku menyang awakku dhéwé. Wondéné enggoné arep pisah
iki rak dudu saka karepku lan karepmu, nanging saka karsané ramamu. Keng rama
enggoné kagungan kersa kaya mengkono mau bokmanawa wosé arep ngéman karo kowé
Dhiajeng, lan jaga supaya drajating kaluhurané ora mrosot ora ilang. Awit
saupama kowé olèh aku, drajatmu bakal mrosot, uripmu bakal sangsara, awit wong
ora duwé. Bokmanawa ya merga saka iku dadi jalarané kang rama banjur misah aku
lan kowé. Élinga Dhiajeng, ora ana wong tuwa kang bakal ngIoropaké anak ana ing
jurang kanisthan. Dadi kabèh mau wosé kanggo njaga supaya anaké seneng ing
tembé buriné.”
“Nanging Mas
sepisan, aku ora kadunungan rasa tresna karo wong sing arep mengku aku.
Kapindhoné wong mau pantesé dadi bapakku, teka didhawuhi ngladèni. Apa kuwi
jeneng wong tuwa arep gawé seneng karo anak?”
“Dhuh
jejimaté pun kakang dhéwé cah ayu manis. Bab katresnaning wong jejodhoan kuwi
bisa tinemu yèn wis dadi jodhoné paribasan nyebutaké: witing trisna jalaran
saka kulina. Saiki Dhiajeng ora seneng, nanging sapa ngerti yèn wis dadi
jodhoné katresnan iku bakal thukul dhéwé satemah sliramu banjur tresna lan
seneng. Déné bab bakal guru lakimu wis tuwa kuwi ya ora dadi sebab apa‑apa.
Awit akèh waé wong tuwa sing tresna karo bojoné sing isih nom, contoné wis
akèh. Mula beciké kowé kudu manut sakabèhing dhawuhé wong tuwamu. Ya mung iku
dalaning kautaman, lan kowé dhéwé dadi tetep sawijining anak sing bekti karo
wong tuwa.”
“O alah
Kangmas, kang mangka kabèh katresnanku wis daksokaké kabèh karo penjenengan,
apa aku didhawuhi njabel? Ora bisa Mas, ora bisa. Aku ora bisa maro katresnanku
menyang priya liya, kajaba mung karo panjenengan dhéwé. Rina wengi sing
dakpikir ora ana manèh rak mung panjenengan. Panjenengan dhéwé banjur kepiyé?”
“O
memanising jiwaku Dhiajeng Tien, Dhiajeng Tien. Bab kahananing awakku ora susah
kok pikir banget‑banget, aku wis narima ing papesthèn. Pancèn, katresnan iku
kudu wani korban. Saking gedhéning katresnanku karo sliramu, aku kudu wani
korban, korban ngeculaké sliramu.”
“Apa ora
beciké ayo padha lunga saka kené baé. Aku dakndhèrèk panjenengan sakersané,
waton aku terus tetep ora ana sandhing panjenengan.”
“Aja
Dhiajeng, aja. Awit wong minggat kuwi ora becik sepisan dosa karo wong tuwa,
kapindhoné dosa menyang Gusti Allah. Uripé bakal nandhang papa cintraka terus.
Mula aku ora nayogyani banget, jalaran katresnanku karo sliramu iku thukul saka
sucining ati, ora mung lair baé. Saupama katresnanku karo sliramu thukul ora
saka sucining ati, bisa uga aku banjur gelem nuruti penjalukmu iki, sliramu
dakgawa minggat. Nanging bareng katresnanku, lair batin, aku ora mentala
minggat.”
“Adhuh Mas,
teka abot temen sangganing uripku iki. Ngalor, ngidul, ngétan, ngulon tiba
salah kabèh. Dhuh Gusti, yèn kaya mengkené mbok énggal dipundhuta baé nyawaku,
aku wis téga.” Tangisé ngguguk manèh.
R. Sukmana
saya judheg banget. Atiné dhéwé satemené kaya diiris‑iris, dijuwing-juwing
rontang‑ranting awit satemené sakabèhing gunemé mau mung kanggo ngénaki sarak
baé, batiné dhéwé krasa remuk, ambyar dadi sawalang‑walang. Mèh baé R. Sukmana
arep jabel tembungé kang wis kawetu, awit atiné dhéwé banjur rontang‑ranting,
semono gedhéning sih-katresnané karo, RA. Tien Tisnowati. Tujuné banjur énggal
éling manèh menyang kasatriyané. Wateking satriya tama ora gelem njabel menyang
tembungé sing wis kawetu, aluwung ajur rontang-ranting pisan, dilakoni
katimbang njabel tembungé dhéwé.
“Dhuh mirahé
pun kakang dhéwé cah ayu, wis ta aja nangis aku ora kuwat nyawang kowé, atiku
kaya diremuk‑remuk kaé, nyawaku kaya arep pecat‑pecata kaé krungu sambatmu sing
kaya ngono, saya nggégé pati. Aja Dhiajeng, aja, élinga wong kang nggégé pati
iku pratandha yèn wong sing cupet budiné, ora percaya ing Gusti. Sebaliké wong
kang kuwat nampani sakabèhing godha‑rencana. Gusti Allah bakal paring
kanugrahan gedhé. Mula élinga Dhiajeng, élinga.”
“O
Kakangmas. Yèn ngono panjenengan kepriyé? Aku teka ora percaya temen, dakkira
sakabèhing pangandikamu mau mung perlu kanggo ngénaki sarak baé, kanggo
mbombong atiku.”
“O Adhiku
Jeng, adhiné pun kakang dhéwé, pepujaning nyawaku. Sepisan manèh dakambali
gunemku. Pancèn abot banget sanggané wong kang kapedhotan ing rasa
sih-katresnan sejati mau. Katresnan sejati pancèn kudu wani gawé korban
sakabèhing korban. Dadi sliramu ya kudu wani ngilangaké sakabèhing katresnan
karo aku. Kosok baliné aku dhéwé ya kudu wani ngilangaké katresnané menyang
sliramu ya kuwi sing jeneng korban. Kapindhoné kudu wani korban manèh, korban
kanggo nanggulangi sakabèhing godha‑rencana. Élinga Dhiajeng, wiwit cilik
sliramu tansah didama‑dama, diitik‑itik, digulawenthah déning wong tuwamu. Mula
sliramu kudu bisa males kabecikan karo wong tuwamu yaiku sarana manut miturut
sakabèhing dhawuhé. Ya mung iku dalaning korban kang wajib koktempuh, koklakoni
Dhiajeng.”
Krungu
gunemé R. Sukmana kang tatas titis lan tetes mau RA. Tien Tisnowati ora bisa
mangsuli, banjur ngrangkul pundhaké R. Sukmana, kanthi tangis mingseg‑mingseg
memelasi. Pundhaké R. Sukmana nganti adus luh, luhing katresnan lan kasedhihan.
R. Sukmana dhéwé rumangsa semplah banget atiné tambah‑tambah anggoné rontang‑ranting
ajur kumur-kumur.
“Wis ta
Dhiajeng adhiku wong ayu aja kakèhan sing kokgalih, mundhak malah saya gawé
trenyuhing atimu. Kaya‑kaya iki wis mèh jam loro, prayogané patemonan iki
dicupet tekan seméné baé, awit mengko yèn nganti kepirsan karo keng ramamu
mesthiné bakal ora becik kedadéané, luput sembiré aku bakal didakwa sing ora‑ora.
Mula saiki wis ora perlu digalih dawa manèh, beciké kari andum slamet baé,
sliramu dakdongakaké bisaa urip sing kepénak, semono uga aku, aku ora ana
alangan apa‑apa.”
RA. Tien
Tisnowati ora bisa mangsuli, mung njengèngèk ngawasaké R. Sukmana, karo isih
nyekeli pundhaké kenceng.
“Dadi
Kangmas wis lila legawa tenan ngeculaké awakku?”
Krungu
pitakon kang teteg mau. R. Sukmana rada ngendhelong pikiré, lakuning getihé
kaya mandheg, mula nganti suwé kaya wong getun. Bareng bisa mangsuli, gunemé
seret lan alot.
“Uwis
Dhiajeng uwis.”
“Dadi
Kakangmas wis éklas temenan?”
“Uwis Jeng,
uwis.”
RA. Tien
Tisnowati krungu wangsulan kaya ngono, terus ngrangkul manèh menyang R. Sukmana
kenceng. R. Sukmana diarasi sakatogé. Bareng wis krasa marem nembé gelem
ngudhari pangrangkulé.
“Wis Mas,
aku nyuwun pangèstu.”
“Iya Jeng.
Iya.”
RA. Tien
Tisnowati nuli dituntun déning R. Sukmana nganti tekan sangarepé lawang. RA.
Tien Tisnowati isih rangu‑rangu atiné rumangsa abot banget anggoné arep mlebu
ngomah. Tangané kenceng ngrangkul R. Sukmana nganti. R. Sukmana ora bisa
apa-apa, tangising R.A Tien Tisnowati saya gawé anglesing jiwané. Wong loro
adus luh, udan tangis, udan kesedhihan kang tanpa ana wekasané, nganti mèh gawé
guguring imané R. Sukmana.
Tujuné isih
pinaringan éling ing sakabèhané. Paneceping lathi dikendhoni dipungkasi tekan semono.
“Wis
Dhiajeng, énggal mlebua, wis bengi.”
“Sugeng saré
Mas.”
Bubar
celathu ngono terus mlebu, lawang ditutup alon-alon. R.A Tien Tisnowati wis ora
katon. R. Sukmana kari anggana ijèn, kaya tugu. Nganti suwé R. Sukmana ngadek
kaya reca ora bisa obah. Kagèt‑kagèt bareng krungu swaraning kucing lagi kerah.
Kanthi semplah, R. Sukmana sempoyongan metu saka kebon pekarangané RB.
Jayèngsubroto. Tekan lawang butulan, mèh baé ambruk, ajaa ora énggal‑énggal
olèh cekelan cagak. Lakuné tansah sempoyongan mulih, awak lungrah. Rumangsané
saisining alam donya dadi sepi nyenyet peteng lelimengan.
Tekan undhak‑undhakaning
lawang omahé dhéwé R. Sukmana wis ora kuwat jumangkah manèh. Rasaning awak
sakojur wis semplah lemes, sikil krasa ndhredheg, kanggo jumangkah abot, kaya
digondhèli.
Ya Allah
.............. ya Rasullullah. Donya saka rumangsané wis malih peteng
lelimengan, kebak lelakon sing nrenyuhaké ati. Wusana R. Sukmana ambruk semaput
ora éling ........
Pancèn Gusti
Allah luwih Kuwasa, bisa gawé senenging titahé lan uga bisa gawé tangising
titahé. Ya kaya mengkono mau isèn‑isèning alam kang gumelar iki.
II. NGULANDARA
Wis 3 dina
iki RA. Tien Tisnowati sida dadi pengantèn dhaup karo R.M. Purwodirjo Komis Pos
ing Malang. Tempuking gawé nganggo dianakaké pésta gedhén‑gedhénan, malah
nganggo tontonan tanggapan wayang kulit. Tamuné sing teka akèh banget tanpa
wilangan akèh, nganti ing dalan kebak motor. Saya para priyayi luhur, akèh sing
rawuh. Kabèh nélakaké senenging atiné.
Nalika
temuning pengantèn, R. Sukmana, uga merlokaké teka, nonton saka sajabané pager
karo wong akèh. Nanging bareng weruh pengantèn dijèjèraké lungguh, R. Sukmana
ambruk ora éling, mulihé didhabyang‑dhabyang wong akèh. Ya wiwit iku R. Sukmana
banjur katon dheleg‑dheleg baé ana ngomah, malah enggoné sekolah njaluk metu
pisan, andadèkna kagèté kanca‑kancané. Kasenengané saiki lungguh ijèn ana
kamar, ngalamun. Awaké saiki katon kuru, guwayané aclum, menyang pangan ora
maju, semono uga bab sandhang penganggoné ora naté diopèni, waton temèmplèk
baé. Kahananing kamaré kang biyèn katon resik, rajin, saiki katon kotor, kebak
tegesan rokok lan suwèkan kertas. Paturoné morat-marit, tur wis ora rupa
paturon manèh. Sandal, sepatu lan gapyak disèlèh ngisor bantal. Meja tulisé
kebak kulit kacang lan awu rokok.
Weruh
tindaké R. Sukmana sing kaya mengkono mau ibuné sedhih banget. Wis kaping‑kaping
ibuné enggoné nuturi menyang anaké, nanging saiki ora tahu digugu, malah
digeguyu baé. Saya sedhih manèh bareng weruh anaké pikiré rada ora waras,
sering gumuyu dhéwékan, yèn ora ya lunga saparan-paran mulihé ora mesthi. Ibuné
ya wis ngerti jalarané R. Sukmana kaya mengkono mau marga saka kapedhotan rasa
katresnan, mikir menyang RA. Tien Tisnowati kang saiki wis diboyong karo sing
lanang menyang Malang.
Wis
digolèkaké wong pinter marambah‑rambah, meksa ora ana sudané, malah saya tambah
katon ngengleng. Mung apiké ora gelem ngrusak barang‑barang lan ora tau nganggu
gawé tangga teparo. Tangga teparoné akèh sing welas weruh larané R. Sukmana
mau.
Yèn weruh wong mlaku srimbitan
metu ngarepé, R. Sukmana enggoné nyawang kedhèp tesmak karo umpetan, bubar kuwi
unjal napas dawa, gumuyu dhèwèkan.
Ya wiwit
dina iku R. Sukmana banjur kaya ora genep pikiré. Mundhak dina kahananing awaké
saya mundhak rusak, kelakuané wis kaya wong owah kaé. Sandhang penganggoné ya
wis ora umum manèh, nganggo sepatu, sarungan, dhasinan nganggo caping. Yèn ora,
sarungé dikalungaké kathoké cekak kolor, thèklèkan metu dalan gedhé, terkadhang
tekan Sriwedari. Yèn weruh kancané, dhèwèké énggal‑énggal mlayu ndhelik.
Sawijining
dina wayah soré, nalika semono R. Ngt. Partoasmara asmané ibuné R. Sukmana lagi
mbathik ana buri, kagèt krungu swara mbak krompyang binarengan lan swaraning
barang antep tiba, pernahé ana kamaré anaké. R. Ngt Partoasmara ora kepénak
atiné, banjur énggal‑énggal mlayoni. Kaya ngapa kagèté bareng mlebu kamaré
anaké mau, weruh R. Sukmana wis adus getih rainé, njrebabah ora obah‑obah ana
jogan. Sandhingé kebak pecahan kaca lemari sing wis ambyar dadi
sawalang-walang. R. Ngt. Partoasmara njerit terus ngrungkebi anaké sing wis ora
obah‑obah. Tangga teparoné bareng krungu, banjur énggal‑énggal padha tetulung,
tandang gawé, R. Ngt. Partoasmara lan R. Sukmana dijunjung, diturokaké menyang
dhipan. Ora suwé dhokter teka, terus mriksa sing lagi padha ora éling mau. R.
Ngt. Partoasmara, sawisé disuntik kudu terus saréan dhisik, nanging R. Sukmana
kudu énggal-énggal digawa menyang Rumah Sakit, awit tatuné rada nguwatiri, awit
ana sirah, yèn ora énggal‑énggal oleh pitulungan bisa mbebayani jiwané. Dené R.
Ngt. Partoasmara cukup diupakara ana omah baé, awit ora mbebayani. Motor
ambulance kang ditilpun ora suwé teka, banjur nggawa R. Sukmana menyang Rumah
Sakit.
Nganti
sewulan R. Sukmana kapeksa teturon ana Rumah Sakit awit tatuné pancèn mbebayani
banget cedhak karo utak. Manut keterangané dhokter tatuné mau merga kena
pecahaning kaca, malah isih ana kaya sing kari ana tatuné, bisané ngetokaké
kaya mau kudu dioperasi.
Saben ésuk‑soré
R. Ngt. Partoasmara tilik anaké menyang Rumah Sakit. Bareng sepuluh dinané manèh
R. Sukmana nembé kena dijak guneman. Guneman baé isih ngrekasa banget, sirahé
isih diperban kabèh, sing katon mung mripat, irung lan cangkem, liyané
ketutupan perban kabèh.
Bareng
ngancik rong sasi R. Sukmana nembé kena mulih. Saiki kasenengané meneng, arang
guneman, yèn ora perlu. Kanthi ngati‑ati lan tlatèn, saben dina ibuné tansah
mituturi kanthi pitutur kang becik‑becik, wusanané R. Sukmana bisa ilang
kasedhihaning atiné. Klakuané sing kaya wong linglung bisa mari.
“Bu, aku
arep matur karo panjenengan apa kepareng?” mengkono gunemé R. Sukmana menyang
ibuné nalika ibuné lagi natani wadé kang arep dikirim menyang Semarang, wayah
jam 4 soré.
“Arep omong
apa Suk, coba omonga.” Wangsulané R. Ngt. Partoasmara karo nyawang putrané.
“Anu Bu, aku
arep sekolah manèh apa kepareng?”
“O kena
banget Suk, kena! Malah aku bungah yèn kowé arep sekolah manèh.”
“Nanging Bu
aku arep sekolah nggambar.”
“Sekolah
nggambar? Gambar apa?”
“Kaé ta Bu,
bangsaning gambar sesawangan, kayata, gunung-gunung, kali‑kali, sawah‑sawah sing
katon asri‑asri digambar nganggo cet, ana mori.”
“O kaé ta,
iya kena. Yèn wong Sala kéné apa sing diarani juru sungging ngono iku?”
“Iya bener
Bu, tembungé Indonesia Pelukis.”
“Iya, iya.
Lha sekolahé ana ngendi Suk?”
“Ya kuwi Bu,
sekolahé ora ana Sala kéné, nanging ana Ngayoja.”
“Lha apa ing
kéné ora ana?”
“Ora Bu,
sing ana Ngayoja, Surabaya, lan Bandung. Mula aku milih Ngayoja baé sing
cedhak.”
“Lha iya ta
yèn ngono. Lha karepmu suk kapan?”
“Yèn bisa
arep énggal‑énggal baé Bu. Mung baé sing dakpikir Ibu bakal kijènan ora ana
kancané.”
“O prakara
aku mono gampang Suk, mengko pamanmu Citrasoma Wanagiri rak ya gelem dikon ana
kéné, kanggo réwang‑réwang aku.”
“Iya sukur
yèn ngono, nanging apa Paklik Citrasoma kersa bu?”
“Mesthiné ya
kersa. Lha sekolahmu pirang tahun?”
“Kira‑kira 3
taun.”
“Lha
enggonmu sekolah ana kéné kepriyé, apa ora kokterusaké?”
“Ora Bu,
awit aku duwé idham‑idhaman liya, kepéngin dadi juru sungging ngono.”
“Iya sukur,
dakdongakaké muga‑muga bésuk bisaa kondhang tekan ngendi‑endi.”
“Ya
pengèstumu baé Bu. Nanging ya kuwi Bu, bab ragadé kepriyé?”
“Wis ta ora
susah kuwatir yèn mung bab ragad kanggo sekolah baé kiraku wis cukup,
tinggalané swargi bapakmu isih ana.”
R. Sukmana
bungah atiné. Let semingqu R. Sukmana sida mangkat menyang Ngayoja, sekolah
nggambar karo sawijining pelukis kang wis misuwur. R. Sukmana pancèn nduwèni
dhasar nglukis, mula lagi setaun baé wis bisa nglukis werna-werna, tur alus
garapané. Bareng ngancik karotengah taun, banjur nerusaké sekolah nglukis manèh
menyang Bandung, karo sawijining bangsa Eropah, nganti R. Sukmana bisa lulus
sekolahé. Wiwit iku jenengé wis kondhang ing kalanganing para pelukis. Sanajan
wis lulus. R. Sukmana tansah ngudi undhaking kapinterané manèh, sarana njaluk
piwulang‑piwulang marang para pelukis liyané sinambi dipraktèkaké, wusana
jenengé saya kondhang nganti bisa sadrajat[12]
karo jenengé para pelukis manca negara. Wiwit R. Sukmana dadi pelukis, atiné
banjur katon ayem seneng. Lelakon sing wis naté gawé ngeresing atiné bisa ilang
dislamur sarana nggambar sing asri‑asri, mung kala-kala yèn kèlingan karo
lelakon sing uwis‑uwis sok krasa nanging ya mung sedhéla. Kanggo kenang‑kenangan
atiné dhéwé, sing sok nduwèni rasa kangen karo kenya sing wis naté gawé
gonjinging jiwané, R. Sukmana banjur gawé gambaré RA. Tien Tisnowati awangan[13].
Gambaré mau bareng wis dadi banjur disimpen, ora gelem masang mundhak dadi ton‑tonen
baé. Mung yèn nuju krasa kangen gambar mau nembé dibukak, disawang banjur
disimpen bali manèh. Gambar mau ora naté dituduhaké karo sapa-sapa, disimpen
primpen.
* * *
Witing
tresna jalaran saka kulina.
R. Sukmana
mau ana Bandung manggon ana omahé Mang Gandaatmaja, kang nyambut gawé dadi
klèrk ana Asistènan. Mang Gandaatmaja sakloron atèn‑atèné becik banget, nganti
R. Sukmana wis direngkuh kaya déné keluwargané dhéwé baé. Dené sing wadon,
asalé saka Madiun anaké mung siji thil wadon, jenengé Dèdèh Siti Kurniasih wis
prawan diwasa, umumré 17 th. Dèdèh Siti Kurniasih mau bocahé ayu manis. Ya
dhèwèké mau kang saben dina tansah ngladèni R. Sukmana, terkadhang lunga bareng
menyang désa‑désa, yèn R. Sukmana pinuju nggambar. Mauné R. Sukmana ya ora
nduwèni rasa apa‑apa karo Dèdèh Siti Kurniasih mau, mung dianggep kaya déné
sedulur dhéwé. Nanging suwé‑suwé, bareng weruh wataké Dèdèh Siti Kurniasih kang
alus lan luhur budiné tur pinter, R. Sukmana banjur wiwit kagiwang. Atiné kang
wis kemba, banjur wiwit thukul kadunungan rasa katresnan. Suwéning‑suwé, lan
olèh palilahé wong tuwané sakaroné, Dèdèh Siti Kurniasih banjur dipèk bojo.
Enggoné jejodhoan tansah atut‑runtut, sing wadon nyata bekti banget. Bareng let
setaun anggoné jejodhoan banjur pinaringan momongan lanang, dijenengaké
Sutrisna.
Nanging
durung tutug enggoné padha jejodhoan, nalika Sutrisna lagi umur setengah tahun,
Dèdèh Siti Kurniasih banjur tinggal donya, merga lara dhysentri. R. Sukmana
susah banget iya sedhih awit Sutrisna isih cilik, isih mbutuhaké pengrumatan.
Ibuné banjur dilayangi. Sutrisna nuli digawa ibuné menyang Sala. Wektu semono
mara tuwané wis pindhah menyang Plabuhan Ratu.
R. Sukmana
dhéwé banjur nerusaké enggoné lelana, ngumbara nganti tekan tanah Eropah Kulon
lan Asia Wétan. Bareng wis tutug anggoné ngumbara banjur mulih manèh menyang
Sala. Sutrisna wektu semono wis umur loro setengah taun.
Ing
sangareping omahé R. Sukmana katon ana omah gedhong anyar, enggoné ngadekaké
nalika R. Sukmana ana manca. Omah gedhong mau apik, cèkli gagrag modhèl anyar.
Ing ngarep omah ana patamanané kang tinata asri rajin, muwuhi asrining pandulu.
Omah mau
sing duwé M. Tondhosadéwa, sudagar bathik saka Lawéyan. Sing manggon ana omah
kono mung wong papat yaiku M. Tondhosadéwa sakloron, banjur anaké wadon Sri
Kumaladèwi lan baturé wadon siji.
Sri
Kumaladèwi mau wis prawan, umuré 19 taun rupané ayu, dhasar anaké wong sugih
pisan, mula sandhang panganggoné sarwa mompyor-mompyor, suwengé berléyan
gedhéné saklungsu, gelangé Mas 20 gram sesisih tinrètès berléyan, durung
kalungé 10 gram, imbuh mainané inten sedhompol sing pating gIebyar cahyané,
blerengi sing nyawang. Sri Kumaladèwi mau tansah didama-dama banget déning wong
tuwané sakloron awit dhasar anak mung siji, tur wadon pisan, sapanjaluké tansah
dituruti kabèh, dhasar ana. Motoré baé gagrag anyar Cadillac.
Bareng R.
Sukmana wis seminggu ana ngomah banjur kenal karo Sri Kumaladèwi. Kawitané
kenal merga Sri Kumaladèwi tuku lukisané R. Sukmana 3 iji sing loro wujud
sawangan kang asri, sing siji wujud gambaré putri Sala kang lagi njogèd
Bondhan. Gambar 3 iji mau regané Rp. 300,‑. Liyané iku Sri Kumaladèwi, isih
pesen gambar manèh 4 iji, yaiku gambaré putri jogèd srimpi, tari payung, tari
Bali, lan gambaré dhéwé, kanggo pasrèn jero lan kamaré Sri Kumaladèwi dhéwé.
Let rong sasi gambar pesenan mau nembé dadi telu, kari siji sing durung, yaiku
gambaré Sri Kumaladèwi dhéwé, awit sing digambar kudu wongé dhéwé, supaya luwih
urip, ora cukup mung potrèté baé, awit gambar mati, dadiné gambar kurang
sampurna.
“Suk apa Mas
olèhé miwiti gawé gambarku iki?” mengkono pitakoné Sri Kumaladèwi menyang R.
Sukmana bareng wis nampani gambar pesenan 3 iji.
“Bab kuwi
mung kari gumantung ana sliramu Dhik, aku mung kari manut tunggu dhawuh.”
“Yèn ngono
beciké suk dina Minggu ngarep iki baé ya Mas, diwiwiti.”
“Ya becik
Dhik.”
“Olèhé
nggambar ana omahku apa ana dalem kéné Mas?”
“Kuwi aku
mung kari ndhèrèk baé Dhik, ana ndalemu kono ya becik, ana omahku kéné iya
kena, padha baé.”
“Ah yèn
ngono énaké ana kamar studhio panjenengan baé ya Mas, perluné ora ana sing
ngganggu gawé.”
“Iku luwih
prayoga Dhik.”
“Pirang jam
Mas aku kudu lungguh anteng kuwi?”
“Sethithik‑sethithiké
2 jam Dhik.”
“Adhuh Mas,
2 jam aku dadi gambar mati? Adhuh suwené. Lha yèn krasa ngelak kepriyé Mas?”
“Ya kena
ngunjuk Dhik waton banjur bali manèh anteng kaya dhèk mauné.”
“Apiké
nganggo klambi apa iki Mas?”
“Ngagem
klambi apa baé yèn sliramu kaya‑kaya mesthi pantesé Dhik.”
“Andak iya
ngono Mas? Apa sebabé?” wangsulané katon
bungah sebab nampa alem.
“Sebab wis
ayu tur luwes, gandhes, kèwes, pantes Dhik, sing nyawang mesthi bakal
nggrantes.”
“Ah
panjenengan iki, teka ana‑ana baé Mas, ana ngalem wong teka nganti semono akèhé.”
“Aku mung
matur ing sabeneré baé kok Dhik, sing dadi rak nyatané. Dhasaré pancèn wis
sulistya, rinengga ing busana, saya mantesi banget.”
“Nembé iki
Mas, aku oleh pangalembana sing kaya ngono.”
“Pangalembana
sing ora klèru Dhik, kang sanyatané, ora ditambahi lan ya ora dikurangi.”
“Hemm
......... Terima kasih Mas. Ya muga‑muga
baé sing padha nyawang karo aku dadi kepéncut temenan.” mengkono wangsulané Sri
Kumaladèwi, rumangsa seneng banget, banjur mèsem. Èsemé diincrit‑incrit, supaya
sing ketaman nandhang wuyung. Nanging R. Sukmana tetep meneng anteng, atiné
kaya watu, ora kagiwang babar pisan embuh apa sebabé.
Sri
Kumaladèwi pancèn dhasar bocah ayu, gandhes luwes, tur pantes, nyandhang
nganggo modhèl apa baé sarwa mantesi, sarwa ngepéncutaké. R. Sukmana dhéwé ing
batiné ya ngalem banget marang kasulistyané Sri Kumaladèwi. Ya pancèn ayuné
tanpa tandhing tur putri Sala cekèh. Leléwané, lakuné, tindak‑tanduké sarwa
mantesi, sarwa ndudut ati. Supradéné R. Sukmana atiné ora gingsir, ora gonjing,
lan ora nduwèni krenteg apa‑apa, apa manèh krenteg katresnan, babar pisan ora.
Embuh kepriyé, saiki atiné rumangsa kemba suwung, awit katresnané wis disokaké
kabèh menyang sawijining kenya kang saiki wis ora ana Sala embuh ana ngendi
ora ngerti.
Nanging saka
panampané Sri Kumaladèwi ora mengkono. R. Sukmana olèhé ngalem mau merga
diarani tresna marang dhèwèké. Kang mangka Sri Kumaladèwi dhéwé bareng kenal
karo R. Sukmana atiné banjur dadi gonjing miring thukul rasa sih katresnané.
Malah yèn sedina ora weruh R. Sukmana baé banjur digolèki, kanthi alasan rupa‑rupa,
sing nyilih iki, nyilih ika, mengkono sabanjuré. Mundhak dina Sri Kumaladèwi
saya tambah gedhé katresnané karo R. Sukmana, nganti dhèwèké banjur kepéngin
digambar, wosé kepéngin cedhakan, sebab atiné saben dina tansah nandhang
wuyung.
Mung émané
déné R. Sukmana ora tau gelem nimbangi, mung dianggep kaya lumrah baé. Sri
Kumaladèwi ora ngerti yèn atiné R. Sukmana wis tatu, wis kemba, ora nduwèni
rasa greget katresnan karo dhèwèké. Malah saka rumangsané Sri Kumaladèwi, R.
Sukmana mesthi bakal ketarik karo dhèwèké kaya nonoman liyané sing akèh, padha
kirim layang nglairaké krenteging atiné karo dhèwèké. Nanging kabèh ditolak
klawan alus. R. Sukmana dhéwé uga dianggep mesthi kaya ngono. Nanging panyanané
mau tibané luput. R. Sukmana atiné tetep kaya watu ora obah, ora mosik. Ngerti
kaya ngono Sri Kumaladèwi banjur golèk akal liya kang luwih alus, supaya R.
Sukmana kegiwang temenan karo dhèwèké.
“Sepisan ji
iki penggalihé Mas Sukmana mesthi kalah, mesthi manut karo aku tan kena ora.
Aku kepéngin weruh, sepira keteguhaning atiné Mas Sukmana.” mengkono grenengané
dhéwé ana kamaré karo ngilo, mèsem‑mèsem nyawang awaké dhéwé, kang lagi cucul
klambiné mung kembenan kaya putri Bali. Pakulitané sing kuning nemu giring lan
potongané awaké sing weweg isi, kaya potongan gitar, saya cetha saya ngégla,
apa manèh dhadhané kang ana rerenggané gunung sakembaran, saya mantesi, bisa
gawé gonjing miringé sing weruh.
Sri
Kumaladèwi rumangsa marem, seneng awit akalé mesthi bakal bisa nggonjingaké
atiné R. Sukmana temenan.
“Mas, Mas,
Mas Mana, aku saiki njaluk digambar, nanging ora menganggo cara Jawa, cara Bali
baé,” mengkono gunemé rikala arep digambar déning R. Sukmana ing dina Minggu
wayah jam 7 ésuk, ana kamar studhioné R. Sukmana.
“Elo dadi
ora sida ngagem cara Jawa ngono ta Dhik?”
“Ora Mas,
aku kepéngin nyandhang cara Bali baé, jarené aku yèn nyandhang apa‑apa sarwa
patut.”
“O...... Lha sing kanggo cundhuk[14]
apa?”
“Aku wis
nggawa kabèh Mas, iki apa tak gawa ana tasku kéné.”
“Yèn kaya
mengkono ya sakersamu, aku mung saderma nggambar.”
“Yèn ngono
aku dakcucul klambi ya Mas?”
“Ana ngendi
Dhik?”
“Wis ana
kéné baé rak ya kena ta Mas?”
“Yèn ngono
aku dakmetu sedhéla Dhik, yèn wis rampung aku
undangen.”
“Ora susah
metu Mas, wong mung kari cucul klambi kok. Malah mengko panjenengan dakjaluki
tulung pisan, mbeneraké sing kurang patut, awit aku durung kulina.”
R. Sukmana
ora mangsuli, lan ora sida metu, banjur nyedhiyaké bekakas, uba rampéning wong
nggambar, lungguh ngadhepaké méja, ngungkuraké Sri Kumaladèwi. Dené Sri
Kumaladèwi kang dhadhané weweg isi lan pakulitané sing resik saya katon
wéla-wéla cetha, alus lan lumer. Kembené rimong Bali banjur dienggo diganti
sing gedhé. Cundhuké kembang dipasang, karo bola‑bali ngilo. R. Sukmana isih
anteng lungguhé, ora nolèh ora barang lagi natani bekakas gambar kabèh.
“Mas, Mas,
Mas Mana coba pirsanana apa aku iki wis mèmper kaya Putri Bali?”
R. Sukmana
banjur nolèh kagèt, awit rumangsané lagi adhep-adhepan karo putri Bali temenan.
Sri Kumaladèwi nyandhang menganggo mengkono mau pancèn patut lan mantesi
banget. Saya mundhak ayuné, luwesé, kawesé, gandhesé manisé. Lambéné dibèngès,
mangar‑mangar abang, kaya‑kaya lagi nantang-nantanga sing nyawang. Mula nganti
suwé R. Sukmana ora bisa omong panyawangé kedhèp tesmak, domblong.
“Biyung,
biyung, wanguné bocah iki biyèn lairé kalung usus, nyandhang cara apa‑apa teka
mantesi temen.” mengkono gunemé R. Sukmana ing batin.
“Ah sayang,
aku mung bisa ngalem baé.”
Déné Sri
Kumaladèwi bareng R. Sukmana kaya mangkono, batiné seneng, tambah bungah, wis
mesthèkaké yèn R. Sukmana ketaman gandrung karo dhèwèké.
“Piyé Mas,
wis patut apa durung?”
“Luwih saka
déning patut Dhik, malah dakkira iki mau dudu sliramu.”
“Cundhuké
kepriyé Mas apa, wis patut?”
“Uwis Dhik
kabèh wis pantes.”
“Beciké aku
mengko mapan lungguh ana ing endi Mas?”
“Cedhak
cendhéla kéné baé Dhik, supaya padhang dadi cetha.”
“Iya ta, aku
manut.”
Sri
Kumaladèwi banjur menyat, lungguh ing dhingklik cilik, karo wiwit, pasang
aksiné.
“Piyé
lungguhku ngéné wis bener apa durung Mas?”
“Sing
prasaja baé lungguhmu Dhik. Awak rada méngos sethithik. Lha ngono wis bener.
Raimu arepna réné jejeg. Lha, Iha ngono bagus. Dhadha ungaIna sethithik,
pundhaké aja ndegèg. Lha ngono wis becik. Wis ya Dhik aja obah‑obah dakwiwitané.”
Sri
Kumaladèwi lungguh anteng kaya reca, ora obah‑obah. Sing anteng mung awaké,
nanging atiné sejatiné gorèh banget weruh priya sing tansah dadi telenging
atiné, dhadhané kaya kinebur rasané.
R. Sukmana
wiwit nyekel pènsilé diosèr-osèraké ana kain gambaré. Mripaté Sri Kumaladèwi
wiwit langsir, mandeng nom-noman sing lagi nggambar. Nanging sing nggambar
atiné tetep kaya watu ora gigrig weruh blegering awak kang sasat dilèr mau, lan
ora gonjing weruh kahanan sing kaya ngono, malah sajak ayem baé anggoné nggambar,
panyawangé mung kadhang kala baé, bubar iku terus ngobahaké pènsilé manèh
kanthi ayem kepénak. Weruh kaya mangkono mau ing batin kemropok banget. Sri
Kumaladèwi banjur nandukaké[15]
aksiné manèh, lambéné kang abang maya‑maya wiwit menga saka sethithik, terus
mèsem pait maduning gula, ndudut ati. Untuné kang cilik‑cilik rata miji timun
saya katon cetha putih kaya mutiyara, gilap‑gilap. Nanging R. Sukmana tetep
teguh atiné ora gonjing semenir‑menira, malah saya katon ayem, tangané panggah
ajeg enggoné nibakaké pènsilé. Weruh kahanan sing kaya mengkono mau Sri
Kumaladèwi tambah‑tambah saya mangkelé, awit enggoné nggodha ora pasah. Mangka
yèn nonoman lumrah baé mesthi bakal gègèr temenan weruh kahanan sing nyolok
kaya mengkono. Atiné saya tambah pegel, anyel, mangkel kagol.
“Adhuh kesel
banget aku Mas, apa vvis olèh obah awakku.”
“Kena Dhik,
malah saiki wis kena koktinggal, lan kena busana.” wangsulané R. Sukmana ayem.
“Lho apa wis
rampung gambaré Mas?”
“Durung
Dhik, nanging bagéan sing perlu‑perlu wis cukup.”
Sri
Kumaladèwi kepéngin weruh wujuding gambaré, mula banjur menyat marani, terus
ngadeg ing sandhingé R. Sukmana. Malah disengaja awaké disénggolaké. Nanging R.
Sukmana atiné tetep puguh ora gingsir, enggoné nyekeli pènsil tetep ajeg,
pènsilé terus mlumpat‑mlumpat ing kain kang wis wujud gambaré Sri Kumaladèwi.
“Kok durung
mèmper karo gambarku ta Mas?”
“Mula ngono
Dhik, suk rong dina engkas rak wis mèmper, wong iki durung dadi.”
Sarèhning
enggoné anggoda ora pasah. Sri Kumaladèwi banjur énggal‑énggal dandan. Klambiné
énggal‑énggal dienggo, cundhuké dibuwang, suwengé dilebokaké ing tas, karo
sajak mangkel.
“Mangkel
atiku.” mengkono grenengé Sri Kumaladèwi, bareng wis mulih ana kamaré. Tas kang
isi penganggo dibuwang bleber ana pojoking kamar. Awaké terus ambruk ing
paturon karo nangis.
“Hem
.......... nembé iki aku weruh ana priya kang kaya mengkono. Atiné puguh kaya waja. Hem
............. apa aku iki isih kurang
ayu kurang narik atiné?” mengkono
sambungé. Bantalé wis teles déning tètèsing eluh. Atiné tambah sedhih.
“O
............ Mas Sukmana Mas Sukmana,
apa kowé ora ngerti temenan karo krenteging atiku iki? Ana wis diwènèhi dalan
teka atimu isih atos temen, babar pisan ora nggatèkaké. Apa pancèn kowé wis
mati atimu? O ......... Mas Sukmana, welasa menyang dasihmu iki, kang tansah
nandhang asmara.” mengkono sambungé
manèh karo ngusapi luhé.
Bareng olèh
limang dina gambaré wis dadi, andadèkna bungahé Sri Kumaladèwi. Nanging meksa
isih gela, sebab panggodhané ora bisa olèh gawé. Malah wis naté nggodha R.
Sukmana nalika R. Sukmana menyang omahé Sri Kumaladèwi. Wektu iku kabener sepi
sing ana omah mung Sri Kumaladèwi dhéwé. Wong tuwané lagi menyang Lawéyan,
baturé lagi diutus menyang Singosarèn Sri Kumaladèwi ethok‑ethok semaput ora
éling. Trengginas R. Sukmana tetulung, Sri Kumaladèwi dipondhong diturokaké ing
dhipan, nanging bubar iku R. Sukmana isih tetep panggah baé atiné ora gingsir.
Sri Kumaladèwi kagol manèh.
Sri Kumaladèwi durung
kemba pikiré, banjur golèk akal manèh. Sutrisna anaké R. Sukmana dipondhong
digawa dolan ditukokaké sandhangan lan dolanan rupa‑rupa. Nanging R. Sukmana
atiné ya tetep panggah baé biasa. Weruh kaya mengkono mau Sri Kumaladèwi banjur
nékad gawé layang, kang uniné mengkéné:
Mas Sukmana sing daktrisnani.
Walèh‑walèh apa Mas wiwit aku ketemu
thuk sepisan karo panjenengan, atiku rumangsa kegiwang. kudu‑kumuduné kepéngin
terus cedhak karo panjenengan baé. Nanging Mas, wanguné panjenengan mung ayem
baé penggalihé sajak ora nggapé karo aku. Malah nalika aku jaluk digambar cara
Bali biyèn kaé, panjenengan ya sajak katon énak baé, ayem penggalihé. Mangka
yèn dudu Kangmas, kiraku mesthi bakal gorèh, weruh kahanan sing kaya ngono
wektu iku.
Mula bareng iki aku arep matur terus
terang Mas, karo panjenengan. Aku tresna karo panjenengan lair‑batin. Aku saguh
dadi gantiné ibuné Sutrisna.
Kang iku yèn panjenengan kersa
nimbangi bakal kaya apa bungahing atiku. Welasana ragaku iki. Ya mung
panjenengan priya sing tansah dadi lam-laming atiku rina wengi, yèn panjenengan
ora kersa ngleksanani sing dadi panyuwunku iki, kiraku aku sida mati ngarang
temenan. Welasana ya Mas?
Mung iki aturku, nyuwun kabar.
Rayi kang tresna sejati
Sri Kumaladèwi.
Bubar maca
layang mau R. Sukmana atiné rumangsa sedhih. Beneré mono R. Sukmana ya welas
karo Sri Kumaladèwi. Nanging atiné dhéwé ora nduwèni rasa katresnan
sethithik-sethithika, awit katresnané wis kadhung disokaké kabèh menyang RA.
Tien Tisnowati kang saiki wis ora ana kabaré, Nyut ................ sanalika
banjur kaya ginugah atiné, kèlingan menyang RA. Tien Tisnowati, kang wis naté
ditresnani. Wewayangan katon ngegla ana ngarepé, R. Sukmana menyat, njupuk
gambaré RA. Tien Tisnowati kang tansah disimpen. Gambar nuli dibèbèr disawang
dipandeng, atiné saya trenyuh, kèlingan menyang lelakon sing wis kepungkur
nalika sapatemon kang pungkasan, ana ing petamanan wayah bengi. Atiné semplah,
saya ton‑tonen terus. Kanggo nyapih kahanan sing ora becik, R. Sukmana niyat
arep ngumbara manèh, kanggo sawetara wektu. Awit yèn dhèwèké isih tetep ana
Sala, Sri Kumaladèwi bakal saya mesakaké dadiné. Awit R. Sukmana ngerti yèn
wong lagi kapedhotan katresnan iku pancèn abot banget sanggané, bisa nuwuhaké
lelakon rupa‑rupa, kaya dhèwèké dhéwé.
“Apa sebabé,
aku ora nduwèni tresna karo Kumaladèwi? Dhèwèké bocah ayu, pinter, tur anaké
wong sugih. Apa sababé atiku ora bisa nimbangi?” ya kaya mengkono mau gagasané R. Sukmana.
Layangé Sri
Kumaladèwi arep diwangsuli, lan arep diandharaké terus terang bab wong
jejodhoan kuwi, pawitané sakaroné kudu padha nduwèni rasa katresnan, yèn mung
sesisih, bakal ora becik. Bengi iku R. Sukmana banjur gawé layang wangsulan,
kaja mengkene:
Dhiajeng Kumaladèwi.
Layangmu wis daktampa, gawé trenyuhing
atiku, awit aku ora ngira babar pisan yèn arep nampa kanugrahan kang semono
gedhéné.
Nanging Jeng aja dadi gerahing
penggalihmu, aku kepeksa ora bisa nampa sih‑katresnanmu kang semono mau. Ora
kok merga aku gething karo kowé, kuwi ora babar pisan. Nanging merga tekané sih‑katresnan
menyang aku iki wis telat, wis kasèp awit katresnanku wis diborong kabèh,
daksokaké menyang sawijining kenya kang saiki wis ora ana.
Saupama tekané dhèk biyèn, luwih
dhisik, bakal daktampa kanthi tangan
loro, lan mesthi daktimbangi. Mangka wong
jejodhoan kuwi pawitané kudu sing padha déné nduwèni rasa katresnan, yèn sing siji ora, uripé
bakal kurang sam purna.
Mula saka iku aja pisan‑pisan andadèkna
gerahing penggalihmu ya Dhik, sebab atiku saiki wis adhem tanpa nduwèni greget
semangat apa‑apa. Sakabèhaning katresnanku wis
digawa lunga adoh banget. Daksuwun baé muga‑muga tetepa dadi sedulur
baé. Lan aku nyuwun pamit pisan, wiwit
dina sésuk‑ésuk aku arep ngumbara manèh, embuh menyang endi, aku durung
bisa ngaturaké, lungaku perlu arep
njembaraké kawruhku.
Kaya‑kaya cukup seméné atur
wangsulanku, lan aja pisan-pisan dadi gerahing panggalihmu.
Saka mitramu.
SUKMANA
Temenan ésuké R. Sukmana
wis ninggalaké Kutha Sala, ora ana sing ngerti saliyané ibuné dhéwé.
Let 5 dina
saka lungané R. Sukmana Sri Kumaladèwi tinemu nglalu mati ana kamaré dhéwé,
sarana laku ngendhat nganggo setagené. Wong tuwané sedhih banget, awit ora
nyana babar pisan yèn anaké bakal nemoni lelakon sing nggegirisi mau.
Ing layangé
kang ditujokna marang wong tuwané mung nyebutaké, nggoné dhèwèké nganti nduwèni
tumindak sing kaya mengkono mau, jalaran saka kepedhotan ing rasa katresnan.
Dhèwèké rumangsa isin, wirang, déné katresnané ora olèh tetimbangan, karo
sawijining priya sing ditresnani.
Pepuntoning
ati, wis ora ana dalan liya, saliyané mati sarana tumindak kaya ing ndhuwur
mau, katimbang wirang, lan tansah nandhang wuyung terus ing saben dinané.
Pancèn krodhaning sih katresnan jati yèn wis gelem krodha bisa gawé gègèring
donya, bisa gawé lelakon sing nggegirisi banget. Semono dayaning sih katresnan jati, dayané pancèn
luwih gedhé. Bab iki wis tumindak wiwit kuna makuna nganti tekan seprené, arang
kang bisa ngipataké. Ora lanang ora wadon, ora tuwa ora enom padha baé.
III. KETE MU KANG PUNGKASAN
Sarangan.
Sarangan mau wujud desa cilik dumunung ana sikilé Gunung Lawu
kang sisih wétan, bawah Kabupatèn Magetan, Karésidhènan Madiun. Nanging senajan
mung wujud desa cilik, ewadéné akèh sing padha merlokaké teka mrono, ora mung
bangsa kita dhéwé, dalasan bangsa manca uga akèh sing padha merlokaké teka
mrono.
Sarangan mau dadi papan panggonan kanggo ngénggar-énggar ati,
hawané adhem kepénak. Ing kono ana Tlagané sing jembar bawéra banget, jenengé
Tlaga Pasir. Saking gedhéné tlaga nganti kena kanggo praon. Pancèn ing tlaga
kono disedhiyani prau séwan, kanggo para andon lelana sing padha teka mrono,
perlu ngénggar‑énggar ati, suka‑suka lan seneng-seneng.
Liyané Tlaga Pasir ya ana manèh yaiku Tlaga Wurung, nanging
mung cilik baé, tur ana ngisor.
Sakiwa tengening papan kono kebak kahanan alam kang bisa gawé
sengseming ati, lam‑laming pikir. Sisih kulon Gunung Lawu katon ngedhangkrang
nggegirisi, kaya raseksa lagi lungguh sila katon wingit. Sisih lor katon alas
greng kebak kekayon kang gedhé-gedhé, sisih wétan katon sawah‑sawah,
tharik-tharik, kothak-kothakan. Sisih kidul Pegunungan Kendheng lan jurang
pèrèng kang curem‑curem, medèni, nanging katon asri.
Ing Sarangan kono akèh hotelé, papan kanggo ngasokaké awak.
Tanahé loh, mula sakabèhing tanduran padha katon subur-subur lan lemu‑lemu, ijo
riyo‑riyo. Sarèhning ana papan pegunungan mula dalané ya munggah mudhun
terkadhang deder banget, terkadhang tumurun banget, tur ménggak-ménggok,
nanging wis becik, yèn disawang saka kadohan kaya ula.
Ing sacedhaké Tlaga Pasir sisih kidul panggonan kang rada
dhuwur katon ana sawijining nonoman lagi nggambar sakiwa tengené kono. Enggoné
nggambar[16]
sajak ngemataké banget, karo saben‑saben nyawang sing lagi digambar. Hawa kang
isih adhem ora dirasa, dhèwèké terus ngobahaké pènsilé, orak-orèk ana ing
kainé. Wong sing nggambar mau ora Iiya R. Sukmana.
Wiwit ninggal Sala sing dijujug R. Sukmana menyang Kaliurang,
ana kono olèh setengah sasi, banjur bali ngétan, menyang Tawangmangu. Ana ing
kono uga nganti setengah sasi, banjur ngétan, nganti anjog ing Sarangan. Ing
sadalan‑dalan tansah mondhag‑mandheg, perlu nggambar sesawangan sing katon asri‑asri.
Gambaré bisa payu ana ing dalan.
Ana ing Sarangan mondhok ana omahé P. Kebayan. Saben dina
pegawéané lunga nggambar ing sakiwa tengené Sarangan kono, mulihé yèn wayah
soré. Ana Sarangan gambaré payu, marga akèh para Turisten saka manca negara sing padha nukoni gambarané, kang nyata
alus lan urip, gambaré diaji‑aji ing wong akèh.
R. Sukmana rumangsa seneng atiné ana ing Sarangan kono. Kajaba
sawangan‑sawangan sing asri‑asri akèh, hawané nocoki tumrap ing dhèwèké.
Nuju sawijining dina R.
Sukmana merlokaké nggambar kaya adat sabené, nanging pindhah ana sacedhaking
Tlaga Wurung, cedhak karo desa cilik, kang omahé mung, ana 3 surup. Déné sing
lagi digambar Tlaga Wurung, kang sinawang saka wétan. Mapan cedhak karo omah 3
surup mau. Lagi nengah-nengahi nyambut gawé, dumadakan atiné krasa kagol banget
nganti anggoné nggambar kepeksa lèrèn merga tansah keprungu tangising bayi kang
bola‑bali cengar‑cengèr nangis ora meneng‑meneng. Pinangkaning tangis mau saka
salah sawijining omah gedhèk telu mau. Embuh saka daya kapriyé, bareng krungu
tangising bayi kang bola‑bali cengar‑cengèr nangis ora lèrèn‑lèrèn, nganti
swarané sesek, pikirané R. Sukmana teka banjur gorèh, enggoné nggambar akèh
luputé. Ing batin grundelan mangkel karo wong tuwané bayi mau, déné bocah
nangis kekejer kaya mengkono teka mung dinengaké baé, ora dieneng‑enengi.
Pènsilé banjur dilebokaké kothak, gambaré ditinggal, nuli marani pernahing bayi
sing lagi nangis kekejer mau. Pernahé ana omah sing wétan dhéwé. Saya cedhak
saya cetha swaraning tangis mau, saya keprungu banter. Bareng tekan ngareping
omah mau, katon sepi, ora ana kemliwering wong, mengkono uga omah loro sing ana
jèjèré.
R. Sukmana banjur uluk salam, nanging ora ana sing mangsuli,
malah swaraning tangisé bayi saya seru. R. Sukmana atiné ora saranta manèh
banjur nékad mlebu, wusana banjur weruh bayi sing lagi nangis kekejer mau
diturokaké ana ambèn, sandhingé katon ana wong lagi mujung, kemulan brukut, ora
obah-obah.
”Huh ora genah, wong iki, kebangeten banget, ana bocah nangis
kekejer kaya ngono kok ora tangi‑tangi, kaya wong mati, enggoné turu.” mengkono
grenengé R. Sukmana terus nyedhaki perlu arep nggugah wong sing lagi turu, karo
nyawang bayi sing nangis mau, tetéla bayi anyaran, awaké isih katon abang
kabèh, betèké kakèhan enggoné nangis.
R. Sukmana maju, sikilé wong kang lagi turu krudhungan mau
banjur dioyog‑oyog supaya tangi. Nanging bareng nembé baé nyekel sikilé, R.
Sukmana kagèt, awit sikilé wong mau adhem banget kaya ès, mretandhani yèn wong
mau lagi nandhang lara. R. Sukmana ora sida muring, sakala banjur thukul rasa
welasé. Awaké wong mau digrayangi krasa adhem kabèh. R. Sukmana mundur ora sida
nggugah. Wong mau meksa durung tangi, awaké isih tetep krudhungan. R. Sukmana
ora weruh menyang rupané wong sing lagi lara mau, jalaran ketutupan kemul.
R. Sukmana weruh kapas Ian madu ana sandhingé, banjur énggal‑énggal
njupuk kapas sethithik, diplintir, nuli diclupaké ing madu didulangaké menyang
bayi sing isih nangis mau. Sanalika bayi dadi meneng karo ngenyut kapas sing
ana maduné mau. Bubar iku R. Sukmana alon‑alon nyedhaki wong sing lagi lara,
nuli wiwit digugah manèh alon‑alon. Wong sing lara banjur katon obah‑obah karo
sambat ngruntuh.
”Mbok, Mbok kula aturi tangi rumiyin.” mengkono pangundangé
karo ngoyog‑oyog awaké rada seru.
Wong sing krudhungan mau banjur mbuwang, kemulé sajak kagèt,
awit ana sing nggugah. Nanging sepira kagèté R. Sukmana bareng weruh wong sing
digugah mau, sakala banjur mundur mripaté nyawang mencereng, karo ngéling‑éling.
Kaya‑kaya wis tau weruh rupa sing kaya mengkono, ananging ana ing ngendi
dhèwèké meksa ora kèlingan, wong mau tansah dipandeng, praupané katon pucet
banget kaya kertas.
Wanguné sing kagèt ora mung R. Sukmana dhéwé, wong sing
digugah mau semono uga, katon kagèté, weruh wong lanang ana ing sandhingé.
Mripaté ganti mandeng mencereng nyawang R. Sukmana tanpa kedhèp, awit sajak‑sajaké
uga wis tau, weruh rupa sing kaya mengkono. Mula nganti suwé anggoné padha
pandeng‑pandengan, durung ana sing miwiti ngajak guneman, cangkem padha
blangkemen kabèh.
Nanging ora suwé wong wadon kang lagi nandhang lara mau banjur
njerit karo sambat.
”Mas ........ Sukmana!” karo arep menyat nanging ora kuwat. R.
Sukmana éling, banjur ngrungkebi wong wadon mau karo bengok.
”Jeng Tien ................ !” karo nyekeli tangané kang adhem kaya ès.
R. Sukmana rumangsa trenyuh banget atiné, awit ora ngira babar
pisan yèn bakal ketemu karo kenya tilas gegantilaning atiné mau ing kono, gèk
lagi nandhang lara pisan ana omah gubug, memelasi banget. Awaké kang biyèn
seger, singset isi, saiki katon rusak kabèh, tur pucet, cowong, kuru. Weruh
kaya mengkono atiné kaya sinendhal mayang rasané, nganti R. Sukmana ngruntuhaké
luh. Alon‑alon R. Sukmana ngudhari pangrangkulé awit banjur kèlingan yèn sing
lagi dirangkul iku lagi nandhang lara kang mbutuhaké pitulungan tamba dhisik.
”Sliramu lara Jeng?”
RA. Tien Tisnowati mung manthuk, mripaté adus luh,
carocosan metu. Trengginas R. Sukmana
banjur njupuk kacuné, kanggo ngusapi luhé RA. Tien Tisnowati kang kaya udan
tekané. Atiné saya nandhes kesedhihané.
”Lara apa Jeng?”
”Kiraku malaria ........... Mas.” seret wangsulané.
”Wis pirang dina?”
”Limang dina iki Mas.”
”Dhahar pil ya, kebeneran iki aku nggawa.”
RA. Tien Tisnowati mung mantuk. R. Sukmana banjur njupuk pil
kang tansah dikandhut, banjur diulungaké RA. Tien Tisnowati. Nanging wanguné
ngrekasa banget anggoné arep menyat, mula banjur ditulungi déning R. Sukmana,
dipondhong ditangèkaké.
Sawisé nguntal pil, RA. Tien Tisnowati banjur sèndhèn-sèndhèn
ana gedhèk karo ngusapi luhé sing tansah carocosan metu. Mripaté tansah mandeng
R. Sukmana.
R. Sukmana njupuk lenga dhoklonyo, disok ing kacuné, banjur
diulungaké RA. Tien Tisnowati.
”Iki Io Jeng kanggo ambu‑ambu supaya rada seger sliramu.”
Kacu ditampani karo nyawang bayi sing lagi turu angler.
”Bocah iki anaké sapa Jeng?”
”Anakku .... Mas.”
”Putramu ............?”
”Iya.”
”Dadi iki putramu ta?”
RA. Tien Tisnowati manthuk.
”Lha bapakné ana ngendi?”
”Sarèh dhisik Mas, aku durung bisa matur, mengko baé yèn wis rada ènthèng awakku, panjenengan
dakcritani.”
Celathu ngono karo njupuk cangkir sing ana sandhingé, nanging
wis kothong.
”Arep ngunjuk Jeng?”
RA. Tien Tisnowati mung manthuk.
”Aku isih duwé wédang, daksimpen ing tremos ana jaba,
dakjupuké dhisik ya Jeng.”
Bubar celathu ngono R. Sukmana setengah mlayu terus énggal‑énggal
metu marani termosé sing ditinggal ana tengah sawah. Let sedhéla wis bali karo
termos lan nggawa gambar disèlèh ing ambèn. RA. Tien Tisnowati banjur diombèni
wédang manget‑manget, rada katon kepénak awaké.
”Matur nuwun banget Mas, rada seger rasané awakku lan bisa
metu kringeté.” karo mbeneraké kemulé kanggo nutupi sikilé.
R. Sukmana sumedhot banget pikiré bareng weruh kahananing
awaké RA. Tien Tisnowati kang wis katon rusak banget, dagingé sasat wis entèk,
paribasan mung kari lunglit. Gèk sandhangané wis padha amoh kabèh, kemulé wis
dudu rupa kemul manèh nanging wujud gombal.
Atiné saya nggrantes sedhih sumedhot.
”Lagi umur pirang dina putramu iki Jeng.”
”Nembé patang dina Mas.”
”O ..... ” karo nyawang bayi sing lagi turu angler tanpa
kemul.
R. Sukmana menyat njupuk andhuké kang disimpen ana kothak
gambar. Andhuk banjur énggal‑énggal dikemulaké bayi mau alon‑alon. RA. Tien
Tisnowati nyawang karo ngruntuhaké luhé.
”Isih krasa adhem Jeng?”
”Rada Mas.”
”Sirah piyé?”
”Ngelu.”
”Kersa apa yèn dakpijeti.”
RA. Tien Tisnowati mung manthuk. R. Sukmana banjur wiwit
mijeti sirahé kanthi alon‑alon banget. Sirah krasa panas.
”Kersa apa dhadhané dibalsem, karebèn anget.”
”Iya Mas.” mangsuli mengkono karo nyilakaké kemulé.
R. Sukmana kagèt, amerga weruh RA. Tien Tisnowati ora nganggo
klambi mung kembenan baé. Igané katon gambangan.
”Kok ora ngagem klambi Jeng, rak tambah adhem.”
RA. Tien Tisnowati nganti suwé ora mangsuli, awit atiné saya
karanta‑ranta banget.
”Ana ngendi Jeng klambiné, dakjupukké.”
”0 ......... alah Mas,
aku wis ora duwé klambi, klambi siji dikumbah durung garing,” sambaté lirih
memelas.
Krungu wangsulan kaya ngono R. Sukmana saya tambah sumedhoté.
Atiné kaya dirontog-rontog.
”Kersa ngagem hèmku Jeng?”
RA. Tien Tisnowati mung manthuk. R. Sukmana banjur énggal-énggal cucul hèmé, terus dienggokaké
RA. Tien Tisnowati, awaké dhéwé mung kari kaosan baé.
”Wis dhahar Jeng?”
”Uwis mau Mas.”
”Teka sliramu dadi ana omah kéné Jeng?”
”Iya merga kepeksa Mas.”
”Iki omahé sapa Jeng?”
”Omahé Pak Yoto sing mupu aku Mas.”
”O ................ ngono ta. Lha saiki padha ana ngendi?”
”Pak Yoto lagi macul ana sawah. Yèn Mbok Yoto dodolan ana ing
Pasar Ngerong, mulihé mengko soré.”
Wis suwé sliramu ana kéné Jeng?”
”Durung Mas, nembé ana setengah wulan iki. Ajaa ana
pitulungané P. Yoto sakloron, embuh baé dadiné awakku iki.”
” Lha keng raka ana ngendi?”
”Ana Banyuwangi Mas, ya dhèwèké kuwi sing njalari aku dadi
nandhang kaya ngené iki, nganti tekan kéné.”
”Lho kepriyé ta jawané iki?”
”Aku minggat Mas, awit aku ora sudi nyawang dhèwèké.”
”Sebabé apa Jeng?”
”Mengko baé Mas, panjenengan dakcritani kabèh bab lelakonku,
yèn wis aso atiku.”
”Iya Jeng, iya. Wis pirang dina sliramu gerah iki Jeng?”
”Wiwit nglairaké jabang bayi Mas, aku banjur dadakan kecandhak
lara.”
”O ........... ngono ta. Apa wis dijamoni?”
”Uwis Mas. Mbok Yoto bola‑bali tansah mènèhi jamu, nanging
laraku durung ana sudané, isih panggah kaya ngené iki.”
”Jenengé sapa putramu iki Jeng?”
”Durung dakwènèhi jeneng Mas. Lha Kangmas teka dadi ngerti yèn
aku ana kéné sapa sing ngaturi pirsa?”
”Ora ana Jeng. Dhèk mau aku lagi kebeneran nyambut gawé ana
sacedhaking omah iki.”
”Kangmas ngasta ana kéné?”
”Ora, mung lagi kliling nggambar.”
”Apa Kangmas saiki dadi pelukis?”
”Iya Jeng. Lha Pak Yoto karo Mbok Yoto baliné mengko jam pira.”
”Adat sabené Mbok Yoto jam telu, déné Pak Yoto sok nganti jam lima nembé bali.”
”O ngono ta, dadi sliramu ijèn ngéné Jeng?”
”lya Mas, tunggu omah.”
”Yèn ngono aku dakbali menyang pondhokanku dhisik ya Jeng,
mbalèkaké bekakas gambar, mengko aku énggal‑énggal bali mrené manèh.”
”Apa ora diterusaké enggoné nglukis Mas?”
”Ora Jeng, atiku wis ora duwé karep nggambar manèh.”
”Dadi arep ngunduraké bekakas dhisik Mas?”
”Iya Jeng.”
”Mbok uwis ora susah digawa kondur, disimpen ana kéné rak
kena.”
”Ngono ya becik Jeng. Nanging aku lilanana bali dhisik ana
perluné liya, mengko aku énggal bali réné manèh.”
”Cedhak Mas, pondhokané?”
”Ah ya cukupan Jeng ora adoh, ana omahé P. Kebayan. Wis ya
Jeng, sliramu butuh apa?”
”Ora butuh apa‑apa Mas, atiku wis bungah awit kaleksanan wis
bisa ketemu karo panjenengan ana kéné.”
”Ya wis lilanana aku dakbali dhisik, mengko aku énggal-énggal
bali.”
”Iya mas.”
R. Sukmana kanthi sedhih lan trenyuh atiné banjur
énggal-énggal bali menyang pondhokané. Dina iku enggoné nggambar Tlaga Wurung
wurung temenan. Let setengah jam R. Sukmana wis bali mrono manèh, karo nggawa
tas isi jarik, klambi, kemul, lan kaos sikil. RA. Tien Tisnowati banjur
disalini wutuh, lan sikilé dikaosi supaya anget. Ora suwé awaké RA. Tien
Tisnowati dadi krasa anget, lan adhemé ilang banjur bisa lungguh.
”Ketrima banget Mas, aku diparingi salin, awakku saiki wis
krasa ènthèng lan anget. Mula lenggaha rada cedhak kené Mas, aku arep wiwit
ndongèng, lelakonku sing nyedhihaké iki.”
”Iya Jeng, iya,” mangsuli ngono R. Sukmana banjur mapan
lungguh cedhak RA. Tien Tisnowati, kang banjur wiwit crita lelakoné.
”Sabubaré omah‑omah karo R. Purwodirja, aku diboyong menyang
Malang. Atiku sedhih awit wong sing dadi guru lakiku sepisan ora daktresnani,
kapindhoné umuré adoh banget sungsaté, dadi ya tangèh lamun yèn sajroning
jejodhoan aku nemu kenikmatan, nanging malah kosok baliné. Sanajan bab
nyandhang mangan ora kurang, arep apa‑apa sarwa katurutan, nanging rumangsaku
kanikmataning wong jejodhoan ora ana babar pisan. Rina wengi aku tansah sedhih
banget, merga tansah kèlingan karo panjenengan. Idham‑idhamanku dadi ibu kang
sejati karo panjenengan, ambyar lebur tanpa karana, atiku rontang-ranting.
Mangka guru lakiku mau pancèné mono dhasaré tresna banget karo aku, nanging apa
sebabé aku ora nimbangi menyang katresnané mau bok menawa panjenengan bisa
menggalih dhéwé, awit sakèhing sih katresnanku wis winengku ing priya liya,
atiku tundoné daksrahaké menyang panjenengan kabèh[17],
panjenengan sing nguwasani rokhaniku, wadhagé guru lakiku. O alah Mas, ya kaya
mengkono mau pikolehé wong jejodhoan kanthi peksan mau, ora metu saka karepé
dhéwé. Awakku mundhak dina mundhak kuru, nganti nalika ibu tindak tilik menyang
Malang, kagèt bareng pirsa menyang awakku kang saiki banjur dadi kuru, nganti
ibu muwun. Nanging Mas, senajana atiku wis rontang‑ranting, sedhih, aku meksa
kudu bekti karo guru laki. Atiku wiwit saka sethithik dakpeksa kudu bekti, awit
iku[18]
wis dadi kewajibané para wanita kudu bekti karo guru laki. Senajana atiku
tansah njerit, sambat, ngadhuh, ngronjal, nangis, meksa dakpeksa‑peksa aku kudu
ngatonaké rasa bektiné. Nalika aku krungu kabar yèn panjenengan banjur gerah
ora ènget, atiku saya kaya rinujit‑rujit[19]
kaé, panjenengan tansah daktangisi saben dina. Ana Malang aku mung olèh
setengah taun, aku banjur pindhah menyang Bangil.
Ana Bangil aku krungu kabar manèh jaréné panjenengan nerusaké
sekolah menyang Ngayoja, sekolah pelukis. Atiku rada bungah. Bubar iku aku wis
ora naté krungu kabaré panjenengan, amarga aku banjur pindhah manèh ngetan,
menyang Jember, wusana nganti tekan Banyuwangi. Enggonku jejodhoan wis mèh 3
taun, suprandéné aku durung apa‑apa, krasa ngandheg baé ora. Bokmenawa amerga
saka ora jenjemé atiku, lan rokhaniku ana kang kosong salah sijiné.”
Tekan semono RA. Tien Tisnowati mandheg anggoné crita, awit
krasa ngelak, luhé tansah dlèwèran metu. R. Sukmana trenyuh atiné krungu crita
mau. Bareng wis aso lan nyawang anaké kang isih anteng turuné, RA. Tien
Tisnowati banjur nutugaké critané manèh.
”Bareng ana Banyuwangi nembé olèh 4 sasi guru lakiku kena ing
godha karo wanita saka Blambangan. Kang mangka wektu semono aku wis ngandhut
olèh 3 wulan. Ya wiwit guru lakiku krama manèh kuwi banjur ora naté kondur.
Atiku sedhih banget, awit aku diwayuh. Gagasaning atiku saya tambah nalangsa,
nalangsani awakku dhéwé kang tansah tiba siyal. Lawas‑lawas guru lakiku banjur
tuwuh kekerengané karo aku, salah sethithik aku diuman‑uman, kaya ndukani bocah
cilik, katambahan manèh donya bandhané saka sethithik entèk, kanggo nguja bojo
anyar. Atiku tambah, sedhih, arep ngaturi pirsa ora wani, mula aku trima meneng
kanthi kebak ing panalangsa. Atiku daksabar‑sabaraké, muga‑muga kuwat nampani
godha rencana sing lagi namani awakku. Nanging bareng aku krungu yèn garwané
sing anyar mau arep dikumpulaké dadi siji karo aku, aku kepeksa nduwa,
kasabaranku ilang, awit aku emoh yèn dikon kumpul karo maruku. Guru lakiku
banjur dakblakani yèn aku wis ngandhut olèh 4 sasi, karepku supaya gelem
murungaké kersané. Nanging Mas apa kedadéané. Aku malah didakwa jaréné wong
wadon sing ora bekti karo wong lanang, seneng laku sèdhèng. Krungu tembung sing
kasar mau atiku mrekitik banget. Aku nduwa pandakwané mau. Wusana dadi tukar
padu. Saya mrekitik manèh atiku bareng krungu jaréné enggonku ngandhut iki
jarené saka laku sèdhèng karo ........... panjenengan.”
Bareng krungu kaya mengkono R. Sukmana kagèt njola, atiné kaya
disamber gelap sasra. RA. Tien Tisnowati dhéwé mingseg‑mingseg nangis.
”Ya Allah ................... ! Muga‑muga kuwat imanku,” mangkono
pangangluhé R. Sukmana.
”Terusé keprijé Jeng?” sambungé R. Sukmana.
”Aku dhéwé bareng didakwa sing kaya mengkono, atiku ora trima
banget, asmané panjenengan kang suci kanggoné aku dipopok tinja ana ngarepku.
Pandakwané dakbantah. Wusana tukar padu, nganti sirahku dipilara nganggo
astané, wusana aku dadi bayangan, ditulungi tangga teparo. Adhuh atiku isin
wirang wis ora ana manèh, mèh baé aku arep nindakaké sing ora becik, arep
nglalu kaya sing dhisik.
Tujuné aku banjur éling menyang sakèhing pangandikamu biyèn
nalika padha ketemu ing tengahing wengi, kapindhoné eling yèn aku iki lagi
ngandhut. Iba mesakaké temen bayi sing ana kandhutan, sing ora mèlu dosa apa‑apa,
bakal nyangga dosané.
Aku éling, émut. Kaya‑kaya isih cemengkling ana kupingku pangandikamu
sing isi pitutur werna‑werna kaé. Pepuntoning tekadku wis ora ana manèh, aku
kudu korban, minggat ninggalaké guru lakiku. Bareng pikirku wis mantep, teguh
aku banjur oncat saka Banyuwangi. Wayah ésuk aku nunggang sepur menyang
Surabaya. Guru lakiku mung daktinggali layang, awit wektu iku lagi giliran ana
omahé garwané enom. Barang-barang sing dakgawani mung barang‑barangku dhéwé
saka peparinigané wong tuwaku. Sakabèhing barang sing asalé enggoné nukokaké
guru lakiku daktinggal wutuh. Tujuné aku isih duwé simpenan dhuwit dhéwé. Wektu
semono kekandhutaku wis umur 7 sasi, wis katon gedhé. Sajroning aku ana sepur,
gagasanku ngambra‑ambra banget, nganti sundhul langit sap 7. Arep bali menyang
Sala wedi, kuwatir didukani wong tuwaku, méndah kaya ngapa dukané yèn krungu
aku nganti minggat iki, kapindhoné aku gawé curemé asmané wong tuwaku. Saking
judhegé, tujuanku ambyar. Niyatku ora mulih Sala. Gagasanku banjur saja
ngambra‑ambra banget. Nyut ................. kèlingan menyang panjenengan manèh
sing wis ora ana kabaré. Saking bangeting anggonku mikir, aku nganti
ngruntuhaké luh ana sajroning sepur, tujuné ora ana wong sing ngerti. Mung ana
wong wadon wis tuwa sing lungguh ana ngarepku dhèwèké ngerti. Tandhané banjur
takon, dakwangsuli mripatku klilipen areng. Dilalah wong yèn lagi tiba siyal
lan apes iku, teka ana‑ana baé. Tekan Surabaya aku kagèt, merga dompètku wis
ilang, embuh dicopèt embuh tiba aku ora ngerti, weruhku bareng aku mlebu ing
rumah makan arep mbayar regané pangan sing wis dakpangan. Tujuné aku isih duwé
dhuwit manèh, turahan tuku karcis, isih cukup dakenggo mbayari. Sarèhning ana
Surabaya ora ana sing dakjujug, mula aku banjur njujug sawijining hotèl, perlu
arep ngasokaké awak sawetara dina, ngiras arep adol ali‑aliku kanggo nerusaké
laku lan mangan ing saben dinané. Ali‑ali paringané ibu dakedol payu Rp. 50,‑.
Ana hotèl kono aku digodha déning sawijining priya bangsa bajuI buntung, awit
dikira aku iki bangsané wong ala baé, kang gelem nuruti hawa napsu. Wiwit iku,
suweng, kalung, lan gelangku banjur dakcopoti kabèh, daksimpen ana cepuk,
dakgémbol terus.
Sandhang panganggonku ya mung trima prasaja baé; tur sing
lawas‑lawas. Enggonku tumindak sing kaya mengkono mau sepisan kanggo njaga
awakku, kaping pindhoné bèn ora ngetarani, kaping teluné wedi yèn nganti
konangan déning para sadulur‑sadulurku. Ana Surabaya aku mung 5 dina. Sawisé
awakku rada kuwat, aku banjur ninggalaké Kutha Surabaya, awit rasané atiku ora
kepénak suwe‑suwé ana Surabaya. Sing daktuju Kutha Madiun, awit aku biyèn duwé
kanca putri sing wis kaya sedulurku dhéwé beciké, jenengé Éndang Wrediningsih
kang omahé ana Madiun manggon ana ing kampung Sleko. Tekané sepur wis jam 7
bengi, mula aku ora wani nggolèki omahé kancaku mau. Kajaba wis bengi, aku
durung ngerti dumunungé Kampung Sleko mau, mulané niyatku sésuk‑ésuk arep
dakgolèki. Bengi kuwi aku ana hotèl. Ésuké aku nggolèki omahé Éndhang
Wrediningsih menyang Sleko, nanging mubeng-mubeng nganti 3 jam ora ketemu,
malah ora ana sing ngerti. Pikirku rada anyel, aku banjur bali menyang hotèlku.
Nanging sepira kagètku bareng weruh koperku wis ora ana. Tujuné cepuk sing isi
barang mas inten tansah dakgémmbol. Niyatku arep lapur menyang pengurus hotèl
lan pulisi. Nanging bareng dakpikir‑pikir aku
wedi dhéwé menyang ayang-ayangku, awit aku dhéwé ngrumangsani lagi dadi
wong inggatan. Mula aku trima meneng. Sandhanganku entèk blas, mung kari sing
dakenggo baé. Ilanging koper saksandhanganku ora patia dakgetuni banget‑banget,
sing dakgetuni ilanging potrèt kang wis lawas banget enggonku nyimpen, katut
ilang. Ya barang kuwi sing dakgetuni dhéwé. Déné potrèt mau ora liya
potrèté ................. panjenengan.
Ancas tujuanku dadi ambyar kabèh. Saking judhegé aku banjur nerusaké laku
ngulon, embuh menyang endi pernahé, aku ora ngerti waton mlaku ngulon, lakuku
rindhik‑rindhik awit ora kulina mlaku adoh, sikilku krasa njarem‑jarem
kepanasen. Tekan mbulak aku lèrèn, mijeti sikil sing krasa panas. Sepatuku
dakcopot terus dakbuwang, awit ngrégon‑ngrégoni yèn kanggo lumaku adoh. Bareng
wis aso aku nutugaké laku. Dhuwit sanguku, sing mung kari sepuluh rupiyah
dakwèt‑wèt banget. Tekan sakuloné Maospati aku mandheg sedhéla, maca plank.
Kang ngalor menyang Ngawi terus Sala, kang ngulon bener menyang Magetan terus
Sarangan. Dilalah aku milih dalan sing menyang Magetan. Tekan Magetan wis wayah
jam nem soré, awakku wis krasa kesel kabèh. Sikilku njarem-njarem padha
mlenthung, ketambahan sing dakjujug ora ana arep menyang hotèl ora wani.
Sanguku wis entèk, arep nguthik‑nguthik barang sing ana cepuk aku ora wani awit
arep daktinggalaké anakku mbésuk yèn wis lair. Sarèhning ora ana sing dijujug,
aku banjur lèrèn menyang alun‑alun, mijeti sikil sing wis padha abuh. Nanging
suwé‑suwé ora kepénak atiku, ingatasé wong wadon dhèwèkan teka ana alun‑alun
ijen, mula aku banjur mlaku ngidul, lèrèn ana sangareping régoling omah jèjèr
papat, ana ing buk. Dumadakan saka salah sijiné omah papat, mau ana priyayi wis
sepuh metu, bareng weruh aku banjur andangu.
”Sinten niku?” karo marani aku.
”Dalem Bu.” wangsulanku karo menyat.
”Dalem sinten?”
”Dalem Marsini.” wangsulanku goroh.
”Griyanipun pundi Nak?”
”O kula tebih Bu saking Kedhiri.” wangsulanku goroh manèh.
”Kedhiri? Lha badhé dhateng pundi Nak?”
”Badé madosi sémah kula Bu.”
Priyayi sepuh mau bareng weruh aku sajaké welas banget.
”Yèn ngaten, mangga Nak dhateng pondhok kula ngriki, tiyang
sampun dalu ngaten.”
Aku durung nganti mangsuli tanganku terus dituntun alon-alon
digawa ing dalemé kang jembar. Aku banjur dilungguhaké kursi.
”Sapa Bu tamuné?” keprungu swara saka njero dalem.
”Metua réné ta Pakné, iki lho ana tamu.”
Ora suwé katon ana sawijining priyayi kakung wis sepuh,
nanging isih katon rosa, bareng weruh aku banjur pitakon.
”Jenengmu sapa kowé Ndhuk?” karo mapan lungguh.
”Dalem Marsini Pak.”
”Marsini, omahmu ngendi?”
”Kedhiri.” wangsulanku karo tumungkul.
”Arep tindak ngendi?”
”Madosi sémah kula Pak.”
”Asmané sapa?”
”Mas Sukmana.” Wangsulanku waton ketemu baé.
”Ngasta gawé ana ngendi.”
”Rumiyin dados mandor PU wonten Maospati nanging lajeng
dipunpindhah dhateng Ngerong kabaripun.”
”Kowé mau saka Maospati mlaku baé?”
”Inggih Pak, malah saking Madiun.”
”Oh ......... mesakaké temen. Mangka gajegé kowé lagi ngandhut
ngono.”
”Inggih Pak.”
”Mengko kowé, nyaré ana ngendi.”
Aku ora bisa mangsuli, mung eluhku sing metu carocosan kang
minangka dadi liruning aturku.
”Wis. wis Nak, aja nangis, mengko ngasoa ana kéné baé, kéné
ana panggonan. Bu coba Hartini undangen réné, supaya ngancani Nak .........
sapa iki mau jenengé?”
”Marsini Pak.” sambungé sing putri.
”Ya tepungna baé ya Nak, jenengku Harjoasmara.”
”Inggih Pak, matur sembah nuwun sanget.”
Ora suwé katon ana sawijining kenya metu, nggawa wédang rong
cangkir ing baki. Bengi iku aku sida turu ing dalemé R. Harjoasmara, pensiunan
Mantri Guru Sélosari. Turuku kumpul karo Dhik Hartini kang katon sumedulur
banget karo aku, ingatasé nembé kenal wis becik. Beneré aku trima arep turu
ijèn ana dhipan nanging digondhèli Dhik Hartini. Mengkono uga Bapak lan Ibu
Harjoasmara, aku didhawuhi ora olèh rikuh pekéwuh. Pancèn panggalihé sebrayat becik
kabèh. Malah kersané Bapak Harjoasmara, aku didhawuhi terus ana Magetan
dhisik, ngasokaké awak. Bapak Harjoasmara sing arep nggolèki bojoku menyang
Ngerong, yèn wis ketemu arep dikandhani yèn aku ana dalemé. Kang mangka aturku
mau mung goroh, kanggo samudana baé. Mula aku banjur matur akèh-akèh, yèn arep
dakgolèki dhéwé. Aku ana Magetan nganti 5 bengi awit saben‑saben aku arep nerusaké
laku digondhèli, jaré mesakaké, apa manèh Dhik Hartini nganti ngruntuhaké eluh.
Aku rumangsa kepotangan kebecikan kang gedhé banget menyang Bapak Harjoasmara
sakeluwarga. Bareng wis ana 5 dina lan kekuwataning awakku wis pulih kabèh, aku
kepeksa mberot, nyuwun pamit, malah aku banjur diparingi klambi lan jarit
kanggo salin déning Ibu Harjoasmara, déné Dhik Hartini nyangoni dhuwit, telung
rupiyah kanggo sangu. Pepisahan karo Bapak Harjoasmara sakeluwarga abot banget,
gawé pangondhok‑ondhoking atiku, nganti sepréné.”
Tekan semono RA. Tien Tisnowati lèrèn, merga anaké tangi
nangis njaluk nusu. Trengginas R. Sukmana banjur nulungi njunjung bocahé
disusokaké. Karo nusoni anaké RA. Tien Tisnowati wiwit nerusaké critané manèh.
”Sabanjuré Mas, saka Magetan aku banjur menyang Ngerong,
kanthi dinunutaké motor déning Bapak Harjoasmara. Saka Magetan menyang Ngerong
dalané terus ndeder banget, saupama aku mlaku ya ngrekasa banget, kiraku sedina
nembé tekan, Nanging bareng motor, setengah jam wis tekan. Tekan Ngerong aku
mudhun, pikirku wiwit judheg, awit ora ana sing dakjujug. Ketambahan
kandhutanku bola‑bali tansah gronjalan kaya‑kaya wis arep metu baé. Aku banjur
lèrèn ana sawijining warung suwung, lèrèn lungguh ana ing bangku pring, nyawang
Gunung Lawu kang katon nggedangkrang ireng medèni, awaké isih ketutupan ampak‑ampak.
Pikirku ngalamun tekan ngendi‑endi. Hawa kang adhem ora dakrasa. Lagi énak‑énak
enggonku lungguh karo ngalamun, dumadakan banjur ana wong wadon wis rada tuwa
mlebu warung kono nyèlèhaké gawané ngaso. Bareng weruh aku lan nyawang
kekandhutaning wetengku banjur pitakon.
”Sianak saking pundi nggih?”
”O kula tebih Mbok, saking Caruban.” wangsulanku goroh.
”Ajeng teng pundi Nak?”
”Madosi tiyang jaler, boten pinanggih.”
”Lha wonten pundi?”
”Waunipun nyambut damel wonten Maospati, sareng kula susul
dhateng Maospati, wonten ingkang criyos wonten Magetan lajeng kula susul dhateng
Magetan, nanging boten pinanggih. Malah wonten ingkang criyos manawi wonten ing
Ngerong ngriki. Nanging kula padosi boten pinanggih ngantos kesel, kula lajeng
lèrèn wonten ngriki.”
Krungu critaku kang mung karangan baé wong tuwa mau sajaké
welas karo aku.
”Sinten asmané sampeyan Nak?”
”Kula Minem Mbok.” wangsulanku goroh.
”O ditepungaké mawon nggih, kula Mbok Yotodiharjo. Lha sémah
sampeyan sing dipadosi niku asmané sinten?”
”Mas Karmin Mbok.”
”Nyambut damelé onten pundi?”
”Dados mandhor ratan Mbok.”
”Kula kok dèrèng ngertos, awit yèn mandhor margi mawon kula
empun tepang kabèh. Yèn mangké boten pinanggih kados pundi Nak, mangka saniki
empun soré, lajeng badhé nyaré wonten pundi?”
”Kirang terang Mbok, dèrèng gadhah pondhokan.”
”Napa Nak Minem purun nyipeng onten gubug kula, awit kula
melas ingkang saweg dipunkandhut punika, sajaké empun ngrekaos ngoten.”
”Inggih matur kesuwun Mbok, yèn badhé maringi pitulungan
dhateng kula.”
”Nanging nggih niku, gubug kula alit tur awon.”
”Boten dados punapa Mbok, waton kénging kanggé ngaso kémawon.”
”Griyanipun tebih Mbok?”
”O boten namung niku, minggah saonjotan.”
Aku banjur ngetutaké lakuné B. Yoto, saka Ngerong nganti tekan
Désa Gemutri kéné iki. Kanggoné B. Yoto mlaku ndeder semono dhuwuré mau tur
karo nggéndhong barang dudu apa-apa, nanging tumrap aku ngrekasa banget, nganti
bola‑bali aku dituntun déning B. Yoto.
Ya wiwit dina iku aku banjur diaku anak déning Mbok Yoto
sekloron. Sekaroné tresna karo aku. Aku ana kéné ora olèh nyambut gawé apa‑apa
mung ngliwet, karo dikon tunggu omah, sebab saben dina wong loro padha lunga
kabèh. P. Yoto macul ana sawahé, jam
papat nembé bali, déné B. Yoto dodolan ana Pasar Ngerong, mulihé jam 3 soré.
Dadi saben dina aku kijènan ora ana réwangku. Bareng enggonku ana kéné nembé 10
dina, jabang bayi sing takkandhut lair, nanging aku banjur kecandhak lara
nganti kaya ngéné iki. Sejatiné nalika bubar nglairaké jabang bayi awakku wis
ora kuwat, nanging rina lan wengi aku tansah nyenyuwun ing ngarsané Pangéran
Kang Mahamurah lan Mahaadil, aku gelem mati, nanging samangsa aku wis ketemu
karo panjenengan, awit ana prekara sing bakal arep dakaturaké. Awit ya mung
panjenengan dhéwé sing kena dakprecaya lan kena dipitaya, dingèngèri anakku
sing nembé lair iki. Wanguné panyuwunku mau dikabulaké déning Gusti Kang
Mahawelas-asih, tandhané ora dinyana-nyana panjenengan rawuh temenan ana kéné.
Rumangsaku kaya lagi ngimpi. Ya kaya mengkené iki Mas kahananing lelakonku,
nggugoni wong tuwa, tibané aku kasurang‑surang nganti kaya ngené iki. Dhuh
Gusti Allah ingkang Mahaadil. Mugi‑mugi paringana kekiyatan dhateng titah
paduka ingkang saweg kados mekaten punika.
Tekan semono rampung RA. Tien Tisnowati enggoné crita, luhé
terus metu kaya udan. R. Sukmana melu ngondhok-ondhok mbrebes mili.
”Adhuh Dhiajeng adhiku dhéwé, ora nyana babar pisan, yèn
sliramu bakal nglakoni lelakon kang nggegirisi kaya ngono mau. Dakarani sliramu
rak tetep seneng tetep kepénak, tetep mukti,
tibané ........ adhuh ........ sing krungu critané baé melu kaya
dijuwing‑juwing kaé rasané.”
”Puluh‑puluh wis begjaku Mas, bokmenawa pancèn wis kodratku
kudu nandhang kaya ngené. Saiki genti Mas, apa aku kepareng krungu critané
panjenengan?”
”O kena Dhiajeng, nanging lelakonku mung biasa, ora
ngeres-eresi kaya sliramu.”
”Senajan kaya ngono aku kepéngin krungu Mas.”
”Ya becik rungokna ya Jeng.”
R. Sukmana banjur udut dhisik, nyedhot rokoké ping telu banjur
wiwit crita, wiwitan nganti tekan pungkasan, ora ana sing kliwatan.
”Yèn ngono lelakoné Mas nasibé ya mèh padha baé karo
lelakonku. Yèn ngono saiki putrané Mas wis umur 3 th ya Mas.”
”Iya bener.”
”Apa isih terus ndhèrèk embahé Mas.”
”Hé ..................... eh!”
”O ya sukur, kajaba saka iku aku, arep matur sethithik manèh
apa panjenengan kersa minangkani panyuwunku sing pungkasan iki.”
”Sing pungkasan? Coba kandhakna Jeng arep ngendika apa?”
”Ngéné Mas, bokmanawa ora suwé manèh aku bakal dipundhut karo
sing gawé urip. Mula saka iku sadurungé aku dipundut, aku arep pasrah menyang
panjenengan arep xxdaktitipi anakku iki, kepriyé? Awit saka panyawangku ora ana
manèh sing dakpitaya ngrumat anakku iki, saliyané panjenengan dhéwé. Aku
percaya satus presèn yèn anakku ing tembé buri bakal bisa dadi wong kang utama,
yèn olèh dhidhikan panjenengan. Anakku anggepen kaya déné putra panjenengan
dhéwé sukur bagé diseduluraké karo Sutrisna.”
”Ah Jeng bok aja sok ndhisiki karsané sing Mahakuwasa. Awit pati urip iki sing kagungan mung
Panjenengané, aku kabèh mung saderma.”
”Kuwi bener Mas, anané aku nganti banjur matur sing kaya
mangkono mau, awit laraku sepisan ji iki kaya‑kaya wis ora kena ditambani
manèh. Sukur aku isih diparingi umur dawa malah bungah. Mula anggonku nganti
matur sing kaya ngono mau mung saupama.”
”Iya Jeng Insja Allah sabisa‑bisa bakal dakèstokaké lan bakal
dakleksanani. Aku ora kabotan minangkani panjalukmu iki. Donya akérat lair
batin. Mula wiwit dina iki, putramu wis dakrengkuh kaya déné anakku dhéwé.”
”Trima kasih banget Mas.”
”Lha putramu iki apa wis kok wènèhi jeneng Jeng?”
”Durung Mas. Sarèhning anakku saiki iki wis dakpasrahaké karo
panjenengan, kang minangka dadi gantining wong tuwané, mula bab jeneng
dakpasrahaké panjenengan, aku ndhèrèk baé.”
R. Sukmana ora mangsuli, banjur mikir‑mikir sedhéla.
”Yèn ngono, saupama dijenengi Sukmanawati baé kepriyé Jeng?”
”Aku mung ndhèrèk baé Mas, kuwi ya apik. Sukmanawati. Sukmana,
njupuk asmané panjenengan, Wati njupuk jenengku sing buri. Panjenengan teka
pinter ngarang jeneng Mas.” wangsulané karo mèsem, R. Sukmana nimbangi mèsem.
”Saiki genti aku sing arep nduwèni panjaluk karo sliramu Jeng,
apa sliramu ya kersa minangkani penjalukku iki?”
”Arep kagungan pamundhut apa Mas, coba ngendika, yèn bisa
mesthi dakleksanani.”
”Ngené ya Jeng. Nasibku lan nasibé sliramu iki padha, liré
sliramu saiki lagi nandhang susah, semono uga aku. Saiki saupama ati loro sing
sedhih mau banjur dikumpulaké manèh dadi siji, kiraku bisa dadi jalaraning bali
menyang marganing katentreman, idham‑idhaman kita kang wis ambyar, bisa
kasembadan, kepriyé Jeng?”
”O ............ alah
Kangmas sumedhot banget rasaning atiku bareng aku krungu pangandikamu sing kaya
mangkono. Wiwit biyèn mula aku rak tresna lair batin karo panjenengan, nganti
sepréné katresnan mau isih panggah wutuh, malah saya tambah gedhé. Lair batin
ora ana priya ing alam donya iki sing daktresnani, kajaba mung panjenengan
dhéwé. Dadi bab pamundhut panjenengan sing kaya mengkono mau aku matur sembah
nuwun banget, déné Kangmas isih tetep panggah katresnané karo aku, ora luntur,
nganti kersa arep ngukup wong kang sabeneré wis ora aji kaya aku iki. O
........ Kangmas Sukmana gegantilaning atiku. Nanging pamundhuté Kangmas iki
mau aku kepeksa ora bisa minangkani, sebab aku saiki wis ora suci wis kotor,
maduku wis diisep déning kombang liya,
mula aku ora bisa minangkani.”
”Dhuh Dhiajeng kumalaku dhéwé wong ayu. Tumrapku sliramu isih
tetep suci murni ora béda kaya sing dhisik.”
”Klèru Mas, panjenengan klèru, aku wis dudu kenya manèh, lan
wis kotor kaya ngéné.”
”Sanajan kaya ngono Dhiajeng, sliramu tetep suci murni
tumrapku. Biyèn lan saiki ora ana bédané Jeng. Biyèn sliramu dadi memanikku lan
saiki iya tetep dadi memanikku.”
”Adhuh matur nuwun
banget Mas, déné panjenengan isih sudi arep ngukup menyang ragaku sing wis
rusak kaya ngéné iki. Yèn wis dadi kersané Kangmas kaya mengkono aku ya mung
kari ndhèrèk baé.”
”Dadi Dhiajeng kersa minangkani panjalukku iki?”
RA. Tien Tisnowati mung mangsuli sarana manthuk. R. Sukmana
saking senengé banjur gapyuk, RA. Tien Tisnowati dirangkul kanthi adus luhing
katresnan lan kasenengan RA. Tien Tisnowati diarasi tansah lenggana baé.
”Yèn ngono, kapan kita padha boyong mulih Dhiajeng?”
”Mulih menyang endi Kangmas?”
”Menyang Sala.”
”O aja Mas, aja menyang Sala, aku wis ora arep cedhakan karo
wong tuwaku.”
”Yèn ngono beciké menyang endi Jeng, aku mung kari manut.
Kutha endi sing koksenengi?”
”Yèn aku milih Kutha Magetan baé Mas, senajan kuta cilik
nanging reja, tur hawané sedhengan kagem panjenengan dhéwé kepénak, cedhak
sawangan sing asri‑asri.”
”Yèn kersamu mengkono iya becik Jeng, aku mung manut.”
”Yèn ngono sésuk‑ésuk aku dakmudhun menyang Magetan golèk omah
dhisik ya Jeng?”
”Panjenengan arep golèk sewan Mas?”
”Ora Jeng, yèn bisa malah arep tuku utawa gawé katimbang
nyéwa.”
”Aku setuju Mas. Aku ya isih duwé barang‑barang ana ing cepuk
iki, kiraku yèn kanggo mundhut omah sapekarangané wis bisa olèh.”
”Bab dhuwit aku ya wis ana Jeng. Dené bab barang-barangmu bèné
tetep wutuh bésuk kena kanggo putramu Sukmanawati yèn wis gedhé.”
”Matur nuwun Mas. Yèn ngono beciké bésuk padha resik-resikan
ana Pangulu Magetan baé ya Mas?”
”Iya becik Jeng.”
”Iki wis jam pira Mas?”
”Jam loro kliwat Jeng, ana apa ta?”
”Mbok Yoto sedhéla manèh bakal bali. Mengko aku arep kandha,
yèn Kangmas kuwi ya bojoku sing lagi dakgolèki wis bisa ketemu, karebèn Mbok
Yoto sakloron bungah. Karo manèh enggonku dora sembada, dadi ana nyatané.”
”Ya sakersamu Jeng, aku manut baé. Awit sanajan nyatané durung
resmi, sliramu wis dakanggep garwa idhéalku.”
”Yèn ngono beciké Kangmas kudu ana kéné terus.”
”Iya bener Jeng, mengko soré aku dakpindhah mréné, wong saka
kéné ya ora pati adoh ngono.”
Ngarepaké jam telu kurang, seprapat Mbok Yoto nembé teka,
banjur dikenalaké karo R. Sukmana. Dikandhakaké yaiku sing lanang, sing
digolèki wis ketemu. Mbok Yoto dadi bungah.
Semono uga Pak Yoto, bareng wis ketemu ya dikandhani mèlu
bungah.
”Anu Pak utawi Simbok, kanggé sawetawis dinten kula kepeksa
taksih badhé ngrusuhi wonten ngriki riyin, ngantos bojo kula mantun sakité.”
celathuné R. Sukmana karo Pak Yoto sakloron.
”Lha mbok inggih ta Mas, bok kanggé saterusé kula inggih
bingah mawon, mandar kula bingah onten réncangé. Cekaké ampun samar.”
”Matur nuwun sanget Pak.”
”Sami‑sami Mas. Napa Simasé ajeng énggal‑énggal kondur
ngaten?”
”Dèrèng Pak, ngentosi yèn bojo kula empun mantun.”
”Napa ajeng kondur dhateng Caruban?”
”Inggih Pak, tiyang sampun lami nilar griya, mindhak risak
boten onten sing dipasrahi.”
”Ning nggih niku Io Mas, gubugé bapaké niki rupiné kados
ngaten.”
”Betahipun rak kénging kanggé tilem ta Pak.”
Ora suwé Mbok Yoto mbanjur ngladèkaké wédang 4 cangkir
saknyamikané. Sawisé iku banjur njunjung Sukmanawati, diléla‑léla tetembangan
Kinanthi merga banjur nangis.
Pitik tulak pitik tukung
tutulaking jabang bayi.
ngedohaké cacing racak.
sarap sawané sumingkir.
Si tukung mangungkung ngarsa.
situlak bali ing margi.
Si jabang bayi punika.
kekasihé Hyang Widi.
rineksa ing Malaekat.
dènemong ing Widadari.
pinayungan ing Hayng Sukma.
Kinebutan para Nabi.
Sakathahé Wali kutup.
ngulama lan para mukmin.
samia angreksa si jabang bayi.
mila tebih ing sesakit.
sirna larané si jabang.
walagang slamet si bayi.
”Nah rak meneng, ta putuku cah ayu iki, adhuh manisé, lambéné
mèngèr‑mèngèr abang, menik‑menik,” mangkono pangudangé Mbok Yoto.
RA. Tien Tisnowati lan R. Sukmana mèsem bebarengan.
”Anu Mbok, mangké kula digawèkaké jenang abang putih nggih,
ajeng kanggé bancaki, damel jeneng wayahé niku.” celathuné RA. Tien Tisnowati
karo Mbok Yoto.
”Badhé disukani asma sinten putrané niku Nak Minem.”
”Sukmanawati, Mbok.”
”Biyuh‑biyuh apik temen jenengé niku, nggih ta mangké kula
damelaké jenang abang putih, ampun kuwatir. Mangké boten trima niku mawon,
ajeng kula damelaké sega kluban pisan, kanggé bancakan tangga tepalih.
Sethithik-sethithik yèn dianani, mesakaké putu kula sing ayu tunik‑tunik niki.
Rak enggih ngoten ta Nggèr putu kula sing ayu? Inggih yeyes cimbah, benjing kuya
lak caged macak‑macak ta Bu.”
Mengkono wangsulané B. Yoto karo ngémba‑émba kaya bocah cilik
sing durung bisa omong. RA. Tien Tisnowati lan R. Sukmana mung mèsem
pandeng-pandengan. Bengi iku R. Sukmana pindhah ana omahé P. Yoto, nunggoni RA.
Tien Tisnowati, kang awaké sok panas sok adhem. Mula mèh sewengi ora turu, awit
banget welasé weruh larané RA. Tien Tisnowati mau. RA. Tien Tisnowati dhéwé
turuné mung sadhéla‑sadhéla, bola‑bali tansah ngruntuh, terkadhang kaya wong
kagèt kaé.
Mbok Yoto tansah ndremimil ngidung lirih, ngétung jenenging
lelembut, kidung panulaking wong lara, supaya énggal saras. Tembangé Sinom
Logondhang. Sanajan wis tuwa nanging swarané isih kepénak, gawé sengsemé sing
krungu.
Kang riyin lelembut wétan.
Durganeluh Maospait.
Lawan raja Baureksa.
Iku ratuning dhedhemit.
Sang Locala Kedhiri.
Ing Panggunggung si Abur‑Abur.
Sapujagat king Jipang.
Madiun sang Kala Sekti.
Pan si Korèng lelembut ing Panaraga.
Sidakaré ing Pacitan.
Kedhuwang si Klenthingmungil
Héndra Yaksa ing Magetan.
Jenggala si Tunjungpuri.
Sétan Telaga Pasir.
Pragota Kartasura
Cirebon Sétan Kaberi.
Drembanon ingkang aneng Purbalingga.
Sinabetaken mangétan.
Ana lara teka bali.
tinulak bali mangétan.
mengidul panyabet nèki.
na lara teka bali.
tinulak bali mangidul.
ngulon panyabetira.
pan tinulak bali mengétan kang lara.
Mangalor panyabetira.
ana lara teka bali.
tinulak ngalor parannya.
manginggil panyabet nèki.
na lara teka bali.
tinulak bali mendhuwur.
manglsor panyabetnya.
ana lara teka bali.
pan tinulak bali mengandhap kang lara.
”Kangmas durung saré?” swarané RA. Tien seret lirih.
”Durung Jeng, lagi ngrungokaké B. Yoto olehé ura‑ura. Ana
apa?”
”Wis mbok saréa ta Mas, mundhak sésuk ngantuk.”
”Aku ora bisa turu Jeng, wong kowé bola‑bali pijer ngruntuh
baé. Sésuk dakundangaké dhokter ya Jeng?”
”Dhokter saka ngendi Mas?”
”Saka Magetan.”
”Adhuh Mas, ora susah. Sésuk pundhutna pil kéniné baé,
bokmanawa bisa énggal mari.”
”Adhem Jeng?”
”Iya Mas, kadhang‑kadhang sok panas, sirah cekot‑cekot krasa
ngelu.”
”Digosok balsem ya Jeng?”
RA. Tien Tisnowati manthuk. R. Sukmana banjur jupuk balsem,
nuli digosokaké pilingané kanthi alon‑alon lan ngati-ati banget. RA. Tien
Tisnowati mung tansah mandeng baé mripaté adus eluh.
”Wis ora susah muwun Jeng, mudhak saya gawé sedhihing atiku.”
”Enggonku nangis iki, nangisi panjenengan kok Mas.”
”Nangisi aku? Apa sababé?”
”Mesakaké.”
”O .............. wis
ora susah dipikir Jeng, saréa wis bengi.”
”Sukmanawati ora ngompol Mas?”
”Ora, nembé baé daktiliki.”
RA. Tien Tisnowati banjur mapan turu, mripat direm-remaké,
nanging meksa ora bisa turu. Déné R. Sukmana tetep lungguh ana ing sandhingé
katon prihatin banget. Ngantuking mripaté lan sayahé ora dirasakaké saking
gedhéning katresnané karo sing lagi nandhang lara.
Ésuké jam 6 R. Sukmana sida budhal menyang Magetan. Jam 12
awan nembé bali bungah weruh RA. Tien Tisnowati wis bisa menyat, lagi mondhong
Sukmanawati karo nusoni.
”Kok nganti awan Mas nembé kondur?”
”Iya Jeng awit mau karo milang‑miling golèk omah pisan.”
”Olèh Mas?”
”Olèh Jeng ana kampung Selasari, omahé gebyok, pekarangané
jembar, papané kepénak.”
”Nyéwa apa sida mundhut Mas?”
”Tuku Jeng, malah wis dakbayar pisan, coba pirsanana iki Io
kohiré lan kwitansiné.” karo ngulungaké kohir lan kwitansi.
”Kok larang temen Mas?”
”Kuwi wis klebu murah Jeng, awit pekaranganané jembar tur ana
pinggir dalan gedhé pisan. Malah niyatku omahé arep dakbubrah, arep dakyasakaké
sing anyar, cilika yèn gedhong.”
”O ..............”
”Mula sliramu énggala saras ta Jeng, bésuk bisa mriksani.
Malah aku dhèk mau ya wis nemoni anèmer sing sok mborongi omah, yèn gawé omah
gedhong jaréné bisa rampung ing dalem 2 wulan.”
”Kangmas ya wis dhawuh nggawé?”
”Uwis Jeng perluné sisan gawé, dadi suk mung kari dienggoni
baé.”
”Ya muga‑muga baé aku énggala pinaringan waras ya Mas bisa ngenggoni
omah anyar, urip kepénak.”
Nanging idham‑idhamané R. Sukmana kang nedya arep urip
bebarengan karo RA. Tien Tisnowati mau ora bisa klakon manèh, malah ambyar,
lebur tanpa dadi. Awit larané RA. Tien Tisnowati mundhak dina saya mundhak
ngrekasa banget, nganti pet ora doyan mangan apa‑apa. R. Sukmana sasat awan
bengi terus tetugur ana sandhingé kanthi prihatin. Apa manèh bareng nyumurupi
yèn RA. Tien Tisnowati bola‑bali tansah ora éling, atiné kaya dirontog‑rontoga.
Awak sakojur wis krasa anyep kabèh, ketegé kurang, praèné wis aclum, lambéné
wis katon biru, gunemé abot lan seret. Weruh kaya mengkono mau R. Sukmana wis
ngedhap atiné. Gèk Pak Yoto lan Bok Yoto lagi golèk dhukun durung padha mulih.
”Mas gorokanku teka
garing temen, apa ana wédang?” mengkono celathuné RA. Tien Tisnowati wayah jam
10 bengi karo R. Sukmana sing isih tetep tugur ana sandhingé.
”Arep ngombé Jeng?”
”Iya Mas, gorokanku teka krasa salit banget.”
R. Sukmana banjur énggal‑énggal menyat ngiling wédang terus
diombekaké, awit RA. Tien ngombé dhéwé ngrekasa.
”Nah, rada logro sethithik gorokanku.”
”Sukur. Dhahar bubur apa piyé Jeng?”
”Ora ................... Mas, ora kepéngin.”
”Didhahari sithik‑sithik ya Jeng, karebèn ora kosong.”
”Emoh Mas, ora kepéngin.”
”Dhahara pil vitamin baé ya Jeng?”
”Ora ............... Mas, ora ..................... ! Adhuh
Mas, sirahku tulung sangganen Mas, rasané teka arep tiba ngéné, pandelenganku
pating klepyur peteng.”
Trengginas R. Sukmana banjur nyandhak RA. Tien Tisnowati
dipangku, sirahé dipijeti alon‑alon. Nganti suwé RA. Tien Tisnowati durung bisa
éling, awaké nuli dioyog‑oyog, meksa ora éling, R. Sukmana ora tahan weruh
kahanan sing nyedhihaké mau, mripaté wiwit kembeng luh, wusana luhé wiwit saka
setètès tumètès nibani rainé RA. Tien Tisnowati. RA. Tien Tisnowati kagèt
bareng ketiban luh. Banjur wiwit ngelèkaké mripaté weruh R. Sukmana lagi
nangis. Lambéné obah‑obah arep guneman rasané seret gunemé pedhot‑pedhot.
”Mas ............... Mas ................ Mas.” gunemé wis
jero lirih.
”Apa Jeng, gegantilaning atiku, ana apa?”
”Mas .............. kaya ............. kaya ...............
aku .......... wis ......... ora kuwat
................. manèh .... awak ................ awak .......... ku ............. wis ......
krasa ................. lemes ................... kabèh ....... ora bisa
................. obah ..... Bok ................. menawa ....................... wis ....................... tekan
............ titimangsaku .................
Mas, ................... aku ........................ wis
.................. ora ...................
kuwat .................. Mas ...................... mangsa
................ bodhoa ............
putramu ............... Suk
.............. ma ................. na
........... wa ........... ti.
”Jeng .................
Jeng, sing éling Jeng éling.” Wangsulané R. Sukmana trenyuh.
”Aku ............ isih ..................... éling Mas. O
....................... anakku
................ gegantilaning ............... nyawa ............... ku
............... kowé
...................... kepeksa
dak ........ tinggal.”
Tekan semono RA. Tien Tisnowati nolèh, nyawang Sukmanawati
sing lagi turu angler. Kaya‑kaya Sukmanawati ngerti, banjur mak plengèh gumuyu
saclèrètan. RA. Tien Tisnowati genti nyawang R. Sukmana manèh.
”Mas .............. coba putramu ....................
Sukmanawati ................... junjungen .................. mréné ............
sedhéla ................ aku kepéngin ngarasi.”
R. Sukmana banjur mbopong Sukmanawati dicedhakaké, nuli pipiné
sing katon ginuk‑ginuk diarasi, lambéné, bathuké.
”Wis ................. Mas .................. wis
................. cukup.”
Sukmanawati kaya ngerti, banjur mak plengèh mèsem sakeclapan.
Bubar kuwi nuli dibopong manèh déning R. Sukmana, diturokaké.
”Wis ................ Mas .................... karia ....................... sugeng
.......... Katresnan panjenengan ................. dak
.................... gawa
............... bali
.................... menyang ....................... pangayunaning
................. Pangèran .......... aku .................. nyuwun
................... pamit ..................... Kang ............ mas ..........................
dak ......................anti‑anti ................. ana .............
lawanging ....................... alam ..................... langgeng
..................... Kanggo
..................... sanguku
.......................... Mas .................. lathiku
................ arasen ..................
sakecupan ....................
bèné ................ kepénak.”
R. Sukmana sumedhot dingkluk ngaras latiné RA. Tien Tisnowati.
Bareng‑bareng karo tumèmpèling lathi padha lathi, sanalika iku uga, mak les
............... RA. Tien Tisnowati yitmané musna, bali menyang pangayunaning
Pangèran. Layoné katon gilang-gilang, kaya wong turu, lambéné mèsem praupané
malih katon sumringah.
R. Sukmana njerit ngrungkebi layoné RA. Tien Tisnowati sing
wis kaku. Bareng‑bareng karo panjerité R. Sukmana. Sukmanawati kagèt karo
nangis cengèr‑cengèr .......... lan binareng tekané P. Yoto sakloron, sing,
ngirid dhukun. P. Yoto sakloron njenger domblong ora bisa guneman, weruh
lelakon kang nrenyuhaké mau.
B. Yoto éling, krungu tangisé Sukmanawati. Grégah mlayoni,
Sukmanawati terus diemban. Déné P. Yoto banjur ngoyog-oyog R. Sukmana sing lagi
ora éling.
Nganti seminggu R. Sukmana kaya wong linglung, lungguh
ngadhepi kuburané RA. Tien Tisnowati kang isih anyar. Donya rumangsané wis
peteng, wis samun, sepi. Atiné kemba, kecuwan awit idham‑idhamané kang
pungkasan ambyar lebur, tanpa lari. Atiné nglokro wis ora betah urip ana alam
donya, kepéngin nusul menyang RA. Tien Tisnowati sing wis ndhisiki.
”Dhuh Dhiajeng, memaniking atiku .....................
entènana, pun kakang wis ora kuwat nahan kasedhihan sing kaya mengkéné iki.
Entènana Dhiajeng entenana ......”
Kaya mengkono sambaté R. Sukmana memelasi, nrenyuhaké sing
krungu, karo ngrungkebi maejan.
”Dhuh Gusti mugi‑mugi
cinupeta kémawon nyawa kula énggal-énggal, awit kula boten kiyat nampi cobi,
ingkang kados makaten agengipun. Dhuh Gusti ................ welasana dhumateng titah paduka punika .............. !”
R. Sukmana saya katon sedhih banget. Dumadakan kagèt,
rumangsané weruh kuburané RA.Tien Tisnowati mlekah, lan ora suwé banjur katon
ana wewujudan kaya wewayangané RA. Tien Tisnowati, metu saka kubur, ngadeg ana
ngarepé R. Sukmana ulaté sumringah bening karo celathu mengkéné.
”Mas .................. panjenengan élinga, yèn panjenengan
nusul aku, la sapa sing arep ngemong Sukmanawati? Apa panjenengan lali karo
sumpah panjenengan?”
Mak Jenggirat R. Sukmana kagèt saka ngalamuné, wewayangané RA.
Tien Tisnowati ilang, kubur tetep isih wutuh ora amblong. Grégah pikiré kaya
ginugah, éling ing sakabèhé. Kanthi lemes R. Sukmana banjur ninggal kuburané
RA. Tien Tisnowati, bali menyang
pondhokané.
Ya wiwit iku R. Sukmana prasetya wis ora nedya arep omah-omah, mung arep ngemong Sukmanawati. Let
sepuluh dina R. Sukmana banjur pamit,
lunga saka omahé P. Yoto, niyaté arep mulih menyang Sala. Sukmanawati diemban.
Sadurungé ninggalaké Désa Gemutri luwih dhisik merlokaké tilik menyang kuburé
RA. Tien Tisnowati. Bareng wis krasa marem terus lunga. Pak Yoto sakloron mèlu
trenyuh atiné.
IV. KUMANDANGING KATRESNAN.
Ubenging donya kaya cakra manggilingan, mubeng terus. Ana ésuk
ana soré, ana awan ana bengi, ana minggu ana sasi, ana sasi ana taun, terus
mubeng, ora lèrèn‑lèrèn. Kahananing alam
donya uga ora langgeng répolusi, mbledhos nggegirisi banget, kaya arep ngobong‑ngobonga
donya. Éropah kobong. Jerman nggempur Polandia. Inggris lan Perancis ngumumaké
perang karo Jerman. Rusia nggempur Finlandia. Taun 1940 saya ngambra‑ambra.
Jerman nggempur Denmark lan Norwegia terus negara Landa, Belgia lan Luxemburg,
terus Perancis nuli Rumania. Kasusul manèh Italia ngumumaké perang karo
Perancis lan Inggris, banjur nggrempur Yunani ing th. 1941 Jerman saya ndadra
nggempur Yugoslavia lan Yunani terus ngrangsang Rusia. Jepang mèlu‑mèlu ngebom
Pearl Harbour, ngumumaké perang karo Inggris lan Amérika. Tiongkok gumrégah
ngumumaké perang marang Jepang, Jerman, lan Itali.
Taun 1942 Jepang saya ndadra, ngrangsang Hindia Landa, digawé
karang abang. Landa teluk tanpa perjanjian, pasrah bongkokan marang Jepang tgl.
8 Maret 1942. Amérika ngamuk, Jepang dibom Atoom. Jepang kalah pasrah
bongkokan. Tgl. 17 Agustus 1945 Bung Karno lan Bung Hatta memproklamiraké Indonesia Merdeka. Tentara Nica teka mboncèng
Inggris. Insidhèn gendéra ing Surabaya mlethus, jumedhuling dina Pahlawan tgl.
10 Nopember 1945. Nganti Clas I-II ditandhatangani ora ana kasilé, Landa saya
mburog, banjur kesusul perjanjian Linggarjati lan KMB. Nanging Landa tetep
ngotot, nganti Dewan Keamanan mèlu cawé‑cawé. Perang sirep, rakyat akèh sing
dadi korbaning perang.
Ibuné R. Sukmana uga dadi korban, kena mimising mungsuh ana
Magetan, awit wis pindhah saka Sala, kumpul dadi siji ana Magetan. Wektu semono
Sutrisno wis gedhé wis umur 11 taun, déné Sukmanawati 8 taun. Praupané wis
presis kaya jenaté ibuné, kaya jambé sinigar.
Tekan semono critané RS. Ranuasmara dipunggel, awit krasa
ngelak gorokané. Déné Sri Éndah Wahyuningsih katon sedhih atiné krungu crita
sing nrenyuhaké, nganti mèlu ngetokaké luhé.
Nganti suwé padha meneng‑menengan.
”Ah mesakaké banget ya Pak lelakoné R. Sukmana mau. Saupama R.
Sukmana ora tresna lair batin karo RA. Tien Tisnowati, kiraku ora gelem ngemong
Sukmanawati. Yèn ngono pokok‑bakuné sing salah iku wong tuwané RA. Tien
Tisnowati dhéwé. Ya kaya ngono mau akibaté kawin peksan.
”Pancèn, isèn‑isèninng alam donya kuwi kebak lelakon rupa-rupa
Ndhuk, ana seneng ana sedhih, ana ésuk ana soré, ana awan ana bengi, kabèh mau
wis dadi rerengganing isining alam donya. Nanging kowé aja nyalahaké wong
tuwané RA. Tien Tisnowati, kabèh‑kabèh mau mung lagi dadi lelakon.”
”Lha sabanjuré critané kepriyé Pak, terusé, jaré ana
gegandhèngané karo lelakoné ibuku lan aku.”
”Sarèh dhisik Ndhuk, dakkandhani ya, pancèn isih ana
terusé, lan ana gegandhèngané karo
lelakonmu dhéwé. Bareng Sukmanawati wis umur 5 taun banjur ora ana.”
”Adhuh teka mesakaké temen Pak, Sukmanawati kuwi, yèn ngono
dadi wis mati?”
”Ora mati ngono Ndhuk. Enggoné ora ana iku sebab sering
lelaranen baé, wusana jenengé banjur diganti.”
”O ngono ta Pak, tiwas aku mèlu kagèt lan sedhih. Sapa Pak
gantiné jenengé mau?”
”Gantiné yaiku .................... Sri Éndah Wahyuningsih.”
”Apa Pak? Yèn ngono aku dhéwé iki Sukmanawati?”
”Iya bener Ndhuk.”
”Adhuh ................
Pak ................. Pak!”
Sri Éndah Wahyuningsih nangis sesenggrukan karo ngrungkebi
pangkoné RS. Ranuasmara.
”Wis Ndhuk aja nangis mundhak gawé trenyuhing atiku.
Puluh-puluh kabèh lagi padha ginawé lelakon.”
Sri Éndah Wahyuningsih menyat ngusapi luhé banjur pitakon
manèh tembungé.
”Lha Mas Sutrisno saiki ana ngendi Pak?”
”Kangmasmu ya ngono, sarèhné sering laranen, bareng umuré 8
th. dadi bareng‑bareng karo kowé, jenengé banjur dakganti Susilo.”
”O ................ ngono ta Pak tibané Mas Susilo iku Mas
Sutrisno ta? Lha R. Sukmana saiki ana ngendi Pak?”
”R. Sukmana saiki ora adoh saka kéné panggonané Ndhuk.”
”Ora adoh saka kéné?”
”Iya.”
”Ana kampung ngendi Pak? Apa ana Kauman, apa ana Kebonagung,
apa ana Krapyak? Aku teka kepéngin ngabekti karo panjenengané iku.”
”O Ndhuk, dalemé R. Sukmana iku ana Selasari kéné. Coba éling‑élingen
critaku mau. R. Sukmana rak tuku omah sapakarangané ana Selasari, omahé gebyog
dirombak dadi omah gedhong, rak ya kaya mengkono ta?”
”Iya bener Pak. O yèn
ngono apa panjenengan dhéwé Pak, R. Sukmana kuwi?”
”Iya bener Ndhuk. Lha déné teka pinter anggonmu mbatang.”
”Adhuh .............. !”
Sri Éndah Wahyuningsih njerit ngrungkebi RS. Ranuasmara kanthi
luwih dening sedhih. RS. Ranuasmara dhéwé mèlu sumedhot penggalihé karo ngelus‑elus
rambuté Sri Éndah Wahyuningsih, trenyuh. Trenyuh kélingan menyang lelakon kang
wis kelakon kang nyedhihaké ati.
Saiki Sri Éndah Wahyuningsih nembé ngerti yèn RS. Ranuasmara
mau tibané R. Sukmana Ranuasmara, priya sing kapedhotan katresnan karo ibuné,
sing nggulawenthah dhèwèké wiwit bayi tekan saiki‑iki, nganti bisa cekel gawé.
Dadi sakabèhing penjaluké ibuné mau wis dileksanani kabèh, kanthi becik‑becik.
Lan nganti sepréné nyatané bapaké angkat mau banjur ora kersa krama. Semono
gedhéning sih katresnané wong tuwané angkat karo ibuné, kumandhanging katresnan
isih Iumèngkèt ing panggalihé lan disimpen terus nganti yuswané wis sepuh.
Ngélingi kaya mengkono mau, Sri Éndah Wahyuningsih saya gedhé
banget bektiné karo wong tuwané angkat, awit rumangsa kepotangan gedhé banget,
kepotangan kabecikan kang ora bisa disauri karo donya brana apa baé.
”Pak aku nyuwun pirsa, lha Pak Yoto lan bok Yoto kaé sapa?”
”O kaé sing dipondhoki ibumu biyèn nalika nglairaké kowé.
Bareng aku wis manggon ana kéné, dhèwèké banjur dakundang mréné, malah ana kéné
ora dakanggep kaya batur, nanging dakanggep kaya keluwargaku baé.”
”O ............... yèn ngono mengko awas, dhèwèké mesthi arep
taksrengeni, teka ora gelem crita bab lelakonku iki.”
”Aja koksrengeni Ndhuk, awit dhèwèké ora salah, lan pancèn wis
dakwanti‑wanti ora kena crita karo kowé bab lelakoné ibumu.”
”O ............... ngono ta Pak, yèn ngono P. Yoto sakloron
pantesé dakwènèhi bintang ya Pak. Kajaba pitulungané wis gedhé karo swargi
ibuku kena dipitaya temenan.”
”Ya sakarepmu Ndhuk. Kapindhoné Ndhuk, sarèhning bapak iki wis
tuwa lan wis tutug enggoné momong kowé, nganti sadadi-dadiné, lan piwelingé
swargi ibumu wis dakleksanani kabèh sabisa‑bisaku. Nyatané kowé wis gedhé kaya
ngono. Mung ana saprakara manèh sing durung dakkandhakaké karo kowé, mula
rungokna ya Ndhuk.”
”Iya Pak, ana dhawuh apa manèh?”
”Aku mau rak wis omong, yèn aku iki wis tuwa, sedhéla manèh
embuh kapan, embuh ésuk, embuh soré, aku mesthi bakal dipundhut bali menyang
ngarsané Pangéran, ninggalaké kowé lan Kangmasmu Susilo. Mangertia, éyangmu,
RB. Jayèngsubroto iku saiki isih sugeng, dalemé ya isih ana ing Tamtaman Sala.
Beciké saungkurku kowé sowana mrana, awit ala-ala isih éyangmu dhéwé.”
”Ah ora Pak, awit sing gawé jalaran nganti ana lelakon kaya
ngéné iki ya merga saka tindaké éyang. Kapindhoné salawasé aku urip, durung tau
weruh karo panjenengané, kosok baliné panjenengané ya ngono. Kaping teluné,
wiwit aku lair, terus ana astané panjenengan Pak. Emoh Pak, aku emoh sowan
mrana.”
”Aja kaya ngono Ndhuk, sing uwis ya uwis, aja kokpikir. Kabèh
manungsa iku mesthi padha kedunungan ing luput ora bisa ora.”
”Yèn pancèn éyang tresna karo aku, apa sababé ora banjur
nggolèki ibu utawa aku, nganti ibu dadi séda sengsara kaya mengkono?”
”Mesthiné éyangmu ya kliwat saking enggoné nggolèki karo
ibumu, ananging pancèn ibumu dhéwé sing tansah ngadoh, ora gelem bali menyang
Sala.”
”Enggoné ibu ora kersa kondur kuwi ana beneré Pak, awit sing
gawé sengsara ya saka éyang. Saupama biyèn kepareng dadi garwané bapak, rak ora
dadi kaya mengkono.”
”O ................ Ndhuk aja kaya ngono, aku mau rak wis
omong, yèn jenenging manungsa kuwi mesthi padha kadunungan salah. Kiraku bubar
ana kaya mengkono, penggalihé éyangmu kiraku ya getun, aku bisa mesthèkaké.
Mula kaya ngapa bungahé yèn kowé gelem sowan mrana, awit éyangmu ora kagungan
putra saliyané ibumu.”
”Yèn aku ora diakoni, utawa banjur diarani wong ngaku-aku
kepriyé Pak?”
”Tangèh lamun Ndhuk, awit ana sawijining barang tinggalané
ibumu, sing bakal nuduhaké yèn, kowé pancèn bener wayahé.”
”Kuwi ya isih durung bisa kanggo pathokan Pak, awit barang mau
bisa uga diarani nemu baé.”
”Kuwi bener. Isih ana menèh barang kanggo nguwataké bukti bab
nyatané Ndhuk.”
”Apa Pak?”
”Layangku, lan layang‑layangé ibumu.”
”Saupama meksa ora dipercaya kepriyé Pak?”
”Yèn pancèn wis ora kersa ngaku, kowé ya énggal‑énggal balia
mréné. Nanging bab iku tangèh lamun Ndhuk, yèn nganti éyangmu arep nolak karo
kowé.”
”Sebabé apa Pak?”
”Praupanmu, wis presis padha karo ibumu.”
”Praupanku, wis presis padha karo ibuku.”
”Iya.”
”O ............ yèn ngono beciké karo panjenengan baé Pak
kepriyé, sowan mrana?”
”O, ora Ndhuk, cukup kowé dhéwé baé. Mula yèn tita kowé
ditolak tenan ya ora dadi apa, balia mréné manèh, wong omah iki sing duwé ya kowé karo kangmasmu
Susilo.”
”Iya Pak, yèn kaya ngono aku ndhèrèk wis.”
”Lha rak ngono. Mula coba jupuken pethi cilik sing daklak kaé,
ana jero lemari gawanen mréné.”
”Iya Pak.”
Sri Éndah Wahyuningsih banjur jupuk kothak cilik sing dilak,
banjur diaturaké bapakné angkat. Pethi ditampani, laké dithèthèl banjur
dibukak, ing jero ana isiné layang siji lak‑lakan, lan cepuk. Cepuk dijupuk,
nuli dibukak, ing jero isi barang mas inten, kang wujud gelang, kalung, sak
liontiné sing ditrètès berliyan, lan suweng mata inten. Sri Éndah Wahyuningsih
njenger sumIengeren weruh barang‑barang mau.
”Iki kabèh barang‑barangmu dhéwé Ndhuk, tinggalané ibumu dikon
mènèhaké kowé. Mula barang‑barang iki tampanana.”
Sri Éndah Wahyuningsih tangané ndhredheg, bungah ya sedhih
nampani barang‑barang mau, tinggalané ibuné.
”Iki kabèh enggonen, yèn kowé sowan menyang dalemé éyangmu.
Kowé bakal diaku. Lan layang iki aturna pisan.”
”Iya Pak ya.”
”Isih ana manèh piwélingku karo kowé Ndhuk, samangsa-mangsa
aku wis dipundhut karo sing Mahakuwasa aku mung titip Kangmasmu Susilo aja
koktukari, awit wis lola. Malah daksuwun muga‑muga kowé tetepa ana sandhingé
kangmasmu selawasé, nyambung balung pisah lan nerusaké kumandhanging
katresnanku. Aku oraa klakon karo ibumu yèn Susilo klakon runtung‑runtung karo
kowé aku wis bungah wis lega. Semono iku yèn kowé nyarujuki lan tresna karo
kangmasmu, déné yèn ora, aja kok peksa, awit yèn barang peksan iku bakal ora
becik, bisa njalari kaya lelakoné ibumu dhéwé.”
Sri Éndah Wahyuningsih tumungkul semu isin lan karanta-ranta
bareng krungu pangandikané bapaké angkat, sing kaya mengkono mau.
”Pak bab siji iki aku durung bisa ngaturi wangsulan saiki iki,
awit bab mau mung kari gumantung ana kersané Kangmas Susilo dhéwé.”
”Iya, iya Ndhuk, aku wis ngerti sing kok karepaké iku. Ya
muga-muga baé Kangmasmu Susilo banjur éling nduwèni krenteg karo kowé. Muga‑muga
kumandhanging katresnanku karo ibumu, lumuntura menyang kowé lan kangmasmu. Lan
sapungkurku, layang ana ngisor bantalku iki jupuken, wènèhna menyang
kangmasmu.”
Sri Éndah Wahyuningsih sumedhot atiné.
”Iya Pak bakal dakèstokaké kabèh dhawuhmu.”
Kaya pancèn wis pinasthi mung tekan semono garisé RS.
Ranuasmara, bubar crita sing akèh‑akèh mau, banjur anteng, mripaté nyawang Sri
Éndah Wahyuningsih, banjur merem manèh, nata ambegan, RS. Ranuasmara banjur
ngelèkaké mripaté manèh mak byar, karo nyawang Sri Éndah Wahyuningsih, sing
disawang ketungkul sedhih.
”Nduk Sri coba nyedhaka réné. Kanggo sing pungkasan aku
kepéngin ngaras bathukmu. Kenaa kanggo jalarané aku nusul ibumu. Awit kaya‑kaya
ibumu wis suwé enggoné nunggu tekaku. Wis Ndhuk, majua.”
Sri Éndah Wahyuningsih krasa sumedhot banget, angles atiné
diarasi déning bapaké angkat kanthi soking tresnané. Atiné Sri Éndah Wahyuningsih
krasa saya sumedhot banget, angles.
”Wis cukup Ndhuk, katrima banget. Wis karia slamet, aku arep
nusul ibumu.”
Lan ora suwé mak les yitnané banjur oncat saka raga wadhagé,
bali sowan menyang pangayunaning Pangéran, kanthi tentrem lan ayem, bokmanawa
wis rumangsa marem lan seneng weruh sing ditinggal wis kena dipitaya.
Ragané gilang‑gilang kaya wong turu. Sri Éndah Wahyuningsih
kagèt. Sanalika njerit karo ngrungkebi layoné bapaké angkat sing wis adhem
kabèh badan sakojur. Panjerité Sri Éndah Wahyuningsih gawé kagèté Pak Yoto,
wong loro padha rebut ducung mlayu menyang kamaré bendarané. Kaya ngapa kagèté
bareng weruh Sri Éndah Wahyuningsih lagi ngrungkebi bendarané kang wis
gilang-gilang tinggal donya. Pak Yoto sakloron domblong kèlingan menyang lelakon
sing wis kapungkur, nalika bendarané lagi ngrungkebi layoné RA. Tien Tisnowati.
”Dèn Rara, Dèn Rara, kula aturi ènget, sampun muwun, kirang
saé mindhak ngendhet‑endheti lampahipun keng rama ingkang saweg kondur sowan
ing pangayunaning Gusti. Ènget Dèn Rara ènget, prayogi nggalih ingkang
perlu-perlu kémawon.” mengkono aturé B. Yoto ngrerepa. Nanging Rr. Sri Éndah
Wahyuningsih ora nggapé, tangisé saya ngguguk memelasi.
”Dèn, Dèn Rara ènget, kula aturi andhahar atur kula, sinaosa
panjenengan tangisi rak ndara sepuh boten saged sugeng malih. Mila sampun muwun
kémawon, malah prayoginipun Keng Raka Dèn Bagus Susilo, dipunparingi kabar
énggal-énggal.”
Sri Éndah Wahyuningsih bareng krungu aturé B. Yoto, banjur
grègah tangi éling, karo ngusapi luhé sing tansah dIèwèran metu.
”Iya bener kowé Mbok.”
Bubar celathu ngono terus mlayu menyang méja tulis, gawé
layang, let sedhéla wis dadi banjur ngundang P. Yoto.
”Pak Yoto, rikat menyang kantor tilgram ya, Mas Susilo
tilgramen. Iki layangé.”
”Inggih Dèn Rara.”
P. Yoto sawisé nampani layang terus nunggang pit, menyang
kantor tilgram. Ora suwé ing omahé RS. Ranuasmara wis kebak wong padha layat,
kabèh padha tumandang gawé, nyukupi kebutuhan kanggo keperluan wong kesripahan.
Kanca guru-guru lan liya-liyané uga padha teka mrono kabèh padha mèlu béla
sungkawa, B. Yoto ribut ana pawon karo wong-wong wadon liyané. Kahanan kang
mauné sepi dadi ramé dadakan, kaya wong lagi mbarang gawé ing ngendi-endi katon
padhang pating klencar.
Layoné RS. Ranuasmara, wis dipindhah ana ing dhipan, mujur
ngalor dilurubi mori putih. Ambuning dupa kumelun awor kukus, ngambar‑ambar
wangi tekan ngendi‑ngendi.
Sri Endah Wahjuningsih tansah lungguh dheleg‑dheleg sedhih ana
sandhingé layoné bapakné angkat, dikancani kancané guru putri pirang‑pirang.
Mripaté tansah teles kebak luh. Mèh sawengi natas sing padha layat sasat ora
padha mulih, kabèh padha béla sungkawa, welas menyang sing ditinggal ijèn. Jam
7 ésuk layon disirami dirukti kaya salumrahé, banjur didandani, terus
dilebokaké ing njero pethi linuruban mori putih, rinengga ing kembang maneka
warna, arum gandané. Sri Éndah Wahyuningsih mripaté pendul saka enggoné nangis,
awaké lungkrah sayah.
Wayah jam 11 awan R. Susilo nembé teka ing Magetan. Sri Éndah
Wahyuningsih bareng weruh kangmasé teka, terus ngrangkul karo nangis, wong loro
dadi tangis-tangisan nyedihaké. R. Susilo ngrungkebi layoné wong tuwané. Sri
Éndah Wahyuningsih mèlu nangis manèh. Krans lan bokèt kembang sumbangan padha
ndlidir teka.
Jam telu soré layon diarak diiring menyang pasaréan Ngipik,
sing nguntapaké akèh banget, sadalan-dalan padha katon sedhih béla sungkawa.
Bubar mitung dina kahanan ing omah kono nembé katon bali ayem
tentrem manèh. Mung Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kang isih katon sedhih, awaké
lungkrah. Weruh kaya mengkono mau R. Susilo banjur nglipur, adhiné nuli
dirangkul. Nanging embuh apa sababé bareng tangané nembé waé klumawé, terus
katon gumeter ndhredheg, atiné geter, dheg‑dhegan, ora kaya sing uwis‑uwis R.
Susilo ora sida ngrangkul, wurung. Tab-tabaning atiné saya seru, saya gorèh.
Saka panyawangé R. Susilo adhiné mau séjé karo adat sabené, mundhak ayuné,
mundhak luwes, lan kèwesé, praené katon mencorong gawé siloning jiwané nganti
ora kuwat nyawang. Rasa geter‑getering dhadhané saya gedhé, rumangsa kaya kena
prabawa sing ora samesthiné.
”Wis ta Dhik, aja banget banget enggonmu mikir menyang sédané
bapak. Puluh‑puluh koksedhihana lan koktangisana nganti entèk luhmu, bapak rak
ora bisa bali manèh, marga pancèn wis pinasthi, bali menyang ngarsané Pangéran
ora kena digondhèli.
Bapak rak wis kepénak. Balik kita rak durung ngerti kepriyé
bakal dadiné ing bésuk tembé buriné. Karo manèh ya wis wanciné, awit bapak wis
sepuh. Mula aja digetuni banget-banget.”
”Mas atiku sedhih banget.”
”Ora maido Dhik, aku dhéwé ya semono uga. Sapa wongé ora
sedhih ditinggal séda wong tuwa. Dhisiké ibu, banjur ganti bapak sing nusul,
kita mung kari padha kijènan, wong loro. Nanging sanajan kaya ngonoa, kita ora
kena sedhih banget-banget. Coba Dhik pikiren. Kasedhihaning ati iku yèn diuja
terus bakal gawé kapitunané awaké dhéwé, sebab bisa énggal dadi kecandhak lara.
Kang mangka lara iku dalaning pati. Yèn kowé terus sedhih kaya ngono sapa sing
susah rak aku, sebab isining omah mung kari kowé lan aku. Mula wis ora perlu kokpikir jero, koksedhihi manèh.”
”Nanging Mas kawuningana, kasedhihaku kuwi mau ora sebab saka
mikir menyang sédané bapak baé Mas, nanging sedhih merga ana sebab liya manèh.”
”Coba kandhakna Dhik, apa sing kok sedhihi mau. Aku saiki rak
minangka dadi sesulihing wong tuwa, mula yèn bisa, wajib madhangaké pikirmu
sing lagi bunek lan sedhih. Rak ya ngono ta Dhik, cah ayu?”
”Gething aku Mas, saben‑saben panjenengan mesthi mung ngalem
baé.”
”La witikna piyé Dhik, apa aku dikon nyacad kowé? Sanajan alaa
dikaya ngapa, wong seduluré dhéwé, ya mesthi dialem becik, ora ana sedulur sing
nyacad alané seduluré dhéwé. Coba saiki kandhakna, apa sing andadèkaké
sedhihing atimu kuwi Sri?” gunemé karo ngelus‑elus pundhaké.
”Gawat Mas, gawat banget.”
”É sajaké kowé nyimpen wadi gedhé Dhik.”
”Pancèn bener kaya ngono Mas, malah saupama wewadi iki
dakaturaké karo Kangmas, aku nduweni rasa kuwatir banget.”
”Lho sing dikuwatirké apa Dhik, cah ayu bok aja mbebéda Masmu,
ayo kandhakna.”
”Iya Mas, aku mengko dakmatur sabeneré baé Mas, ora
gawé-gawé.”
”O iya mèh lali aku, culna dhisik tanganku, Mas, dak njupuk
layang.”
”Layang? Layang saka sapa?”
”Ah saka sapa manèh, mesthiné ya saka yang‑yangané
panjenengan.”
Krungu panyengesé adhiné mau R. Susilo rada mangkel Sri Éndah
Wahyuningsih dicekel manèh tangané, karo dijiwit pipiné. Sing dijiwit bengok‑bengok.
”Iki jalukanmu tikna mbebéda, wong aku rumangsa ora duwé
yang-yangan jé diterka.”
Sri Éndah Wahyuningsih budi, karo genti males njiwit. Susilo
pringisan kelaran.
”Yèn pancèn ora kagungan mbok ya uwis ta Mas, ora susah duka,
mangsa pipiné wong kok dijiwit sakepénaké dhéwé. Iki rak ana sing duwé.”
”Tikna gawé mangkel. Èh wis ana sing duwé ta. Sapa Dhik?”
”Ya aku dhéwé! Panjenengan mangkel? Ya wis yèn ngono aku ora
sida njupuk layangé Mas.”
”Layang saka sapa ta
Dhik?”
”Saka bapak.”
”Saka bapak, dhèk kapan kuwi?”
”Nalika bapak arep séda, banjur dhawuh karo aku, supaya layang
sing ana ngisor bantal diaturaké panjenengan. Aku lali, nembé saiki kélingan.”
”Coba jupuken Dhik. Layang apa kuwi?”
”Embuh, aku ora ngerti, wong ora maca.”
Rr. Sri Éndah Wahyuningsih banjur mlebu ing kamaré. Ora suwé
bali teka manèh karo nggawa layang terus diulungaké kangmasé. Bareng-bareng
karo ngulungaké layang, Sri Éndah Wahyuningsih banjur males manèh, lengené
kangmasé dijiwit seru, terus mlayu menyang njaba, njujug ing patamanan kang wis
lawas ora naté ditiliki, marani kembang gladhiool kang nembé mekar.
R. Susilo bengok‑bengok
kelaran, arep nututi wis adoh, terus mlebu kamar, arep maca layang mau. Tekan
kamar layang terus dibukak diwaca uniné kaya mengkéné.
Anakku
Susilo.
Yèn kowé maca layang iki bapak wis
ora ana ing alam donya, bali menyang ngarsané kang Mahaagung. Sapungkurku kowé
dakdongakaké slamet sakabèhané.
Kajaba
saka iku aja pisan ndadèkaké ing kagètmu, aku arep ngandhakaké sawijining wewadi
kang wis lawas banget dakkandhut, daksimpen wiwit sadurungé kowé lair.
Sarèhning wis tekan titi mangsané, wewadi mau arep dakandharaké karo kowé. Aku
awèh weruh, sejatiné Sri Éndah Wahyuningsih mau dudu adhimu dhéwé, lan ya dudu
anakku dhéwé, nanging mung anak angkat, dadi karo kowé ya mung sadulur angkat.
Enggonku mupu nalika dhèwèké lagi umur 7 dina, déning ibuné banjur dipasrahaké
aku. Bubar kuwi ibuné Sri banjur tilar donya, Sri dhéwé isih duwé bapa lan
éyang. Kabèh isih sugeng. Éyangé malah isih darahing wong luhur, pensiunan
Wedana, asmané RB. Jayèngsubroto, dalemé ana ing Tamtaman Sala.
Déné mula bukané kuwi mengkéné.
Biyèn nalika bapakmu isih Narayana, duwé pacangan, putri Sala yaiku RA. Tien
Tisnowati putrané RB. Jayèngsubroto mau. Aku tresna karo dhèwèké, dhèwèké uga
nimbangi tresna karo aku. Nanging banjur wurung, ora dadi, merga ora
diparengaké déning kang ramané, sebab bapakmu iki mung wong lumrah baé, dudu
turuning wong luhur. Bapak ditampik mau atiné sedhih banget, tansah ton‑tonen
menyang RA. Tien Tisnowati ora ana manèh. Kanggo nylamur kasedhihané mau bapak
banjur ngumbara nganti tekan Bandung. Ana kana bapakmu omah‑omah olèh putri
Sundha, Nèng Dedeh Siti Kurniasih, putrané Mang Gandaatmaja. Banjur patutan
lanang siji, ya kowé kuwi. Nanging sayang ibumu banjur tinggal donya, durung
nganti bisa momong kowé. Atiku susah banget, kowé banjur diemong déning
embahmu, yaiku ibuku ana Sala. Kanggo nylamur kasedhihanku kang sok isih
kélingan karo ibumu lan RA. Tien Tisnowati, bapak banjur nerusaké ngumbara
manèh, suwé‑suwé nganti tekan Sarangan, Bapak enggoné ngumbara sinambi
nggambar. Nalika bapak pinuju lagi nggambar Tlaga Wurung ana sacedhaking Désa
Gumitri, kagèt krungu ana bayi nangis cengar‑cengèr kekejer. Bapak kisruh
pikiré, lan welas semu muring‑muring karo wong sing duwé bayi. Suwara bocah
nganti nangis kekejer kok ora dieneng‑enengi. Suwara tangising bayi mau banjur
dakparani. Kaya ngapa kagèté bapak, bareng weruh sing duwé bayi mau ora liya
RA. Tien Tisnowati, tilas pacanganku, malah wektu semono lagi nandhang lara.
Dhèwèké banjur crita, enggoné nganti tekan kono, jalaran minggat saka dalemé
sing lanang, merga banjur disiya‑siya lan dimaru, dhèwèké banjur oncat nganti
kesurang‑surang tekan Sarangan, dipupu wong désa kono. Jabang bayi mau banjur
dipasrahaké karo bapak dikon ngrumat, aku saguh, awit RA. Tien Tisnowati jaréné
rumangsa ora kuwat urip dawa, merga larané. Atiku trenyuh sedhih.
Bubar
kuwi RA. Tien Tisnowati nyata banjur tilar donya. Bocah mau lestari nganti
saiki ana tanganku yaiku Rr. Sri Éndah Wahyuningsih. Ya kaya mengkono mau
wewadining lelakon, Sri dhéwé ya wis dakkandhani bab lelakon iki. Malah bapak
nduwèni pangarep‑arep, kanggo nyambung kumandhanging katresnané bapak sing wis
pedhot ana tengahing dalan, sebab wurung enggoné omah‑omah karo RA. Tien
Tisnowati, daksuwun bisaa kowé tetepa terus gegandhèngan karo Sri ing salawasé,
dadi tetimbangané urip, kanggo nyambung kumandhanging katresnanku. Dakkira
adhimu Sri ora kabotan minangkani, dadi bab iki mung kari gumantung ana kowé.
Ya mung iki badharing wewadi mau.
Dakdongakaké muga-muga kowé karo adhimu Sri bisa urip kaya déné mimi lan
mintuna.
Bapakmu,
SUKMANA RANUASMARA
Bubar maca layangé bapaké mau R. Susilo kagèt banget, awit ora
nyana ora ngimpi babar pisan, yèn Sri kuwi dudu saduluré dhéwé, nanging mung
sedulur angkat baé.
Nyut R. Susilo banjur kélingan dhèk mau, nalikané
dhèwèké arep ngrangkul, tangané banjur krasa gemeter, atiné ndhredheg kaworan
tab‑taban, iki ta jalarané. Séjé karo patang taun sing kepungkur, nalikané isih
padha kumpul, mangan bareng dolan bareng, geguyon, cengès‑cengèsan, padha ora
nduwéni rasa apa‑apa, nanging bareng pisah 4 taun lawasé teka ana daya
prebawané, yèn cedhak rasané dheg‑dhegan. Liriking mripaté gawé kumepyuring
panon.
”O .................. alah Sri, Sri, tibané kowé dudu
sedulurku dhéwé, mung sedulur angkat. Dadi wewadi sing arep dicritakaké Dhik
Sri dhèk mau, kiraku ya wewadi iki mesthiné. Mulané dhèwèké tindak‑tanduké
sajak séjé karo sing uwis‑uwis iki ta jalarané. Panjiwité uga krasa séjé karo
panjiwitmu dhèk biyèn-biyèn, rasané luwih njarem saiki ora ilang‑ilang. Adhuh
........... ! Nanging apa, Dhiajeng Sri kersa nuruti kaya penjaluké wong
tuwaku, supaya aku lan dhèwèké bebarengan urip? Lha gothèking tangga teparo
kepriyé? Ana adhiné teka dipèk bojo.”
Tekan semono gagasané R. Susilo dadi sedhih. Saiki rasané kaya
wong isin arep ketemu adhiné mau. Mula nganti suwé R. Susilo ora wani metu‑metu
saka kamaré, tansah ngulur gagasané nganti nglangut. Kosok baliné Sri Éndah
Wahyuningsih dhéwé ya kaya mengkono, ora wani mlebu ngomah, awit rumangsa isin
ketemu karo kangmasé. Mula nganti suwé enggoné ana ing petamanan karo ngresiki
tanduran, dhadhané kebak gagasan ora wani medharaké. Bareng wayahé mangan,
Susilo karo Sri tansah padha meneng‑menengan baé, mung padha pandeng‑pandengan
karo mèsem, sajaké sakaroné padha krasa, padha rikuhé.
Arep guneman krasa alot ora kawetu, cangkemé kaya dikunci.
Bubar mangan R. Susilo sing sabené lungguh, ana ngarepan nyawang iwak emas sing
ana aquarium, saiki ora malah terus mlebu kamar. Dené Rr. Sri Éndah Wahyuningsih dhéwé bubar
kuwi terus njupuk réndan, digawa mlebu kamar lungguh ing ngarep jendhéla
ngrénda, nanging ora bisa nyambut gawé, merga pikiré tansah kisruh. Ngarepaké
jam 4 Sri Éndah Wahyuningsih wis rampung engoné reresik ngajengan, lan wis
nyawisi wédang kanggo kangmasé, nanging kangmasé durung katon metu‑metu, atiné
ora kepénak, gèk wis soré pisan, mula banjur nékat marani, anguk‑anguk ana
lawang.
”Mas, Mas, unjukané wis adhem Io, wis soré, wungua.”
Nanging sepi ora ana wangsulané. Sri Éndah Wahyuningsih banjur
alon-alon mlebu kamar kangmasé kang ora dikancing weruh kangmasé isih mujung
kemulan brukut, banjur dicedhaki karo nékad dioyog‑oyog.
”Mas, Mas wungua, wis soré Mas, jaré arep ngejak tindak
menyang Kauman, sida ora?”
R. Susilo ngulèt, ngelèkaké mripaté, bareng weruh adhiné ana
sandhingé, tangané kumlawé terus nyekeli tangané Rr, Sri Éndah Wahyuningsih
kenceng karo mèsem.
”É diaturi wungu teka banjur nyekeli tangan ngéné iki piyé ta
jawa‑jawané, aku diarani sapa Mas?” karo nimbangi mèsem.
”Kowé adhiku sing ayu, sing daktresnani Dhik.”
”Wiwit biyèn aku rak ya rayimu ta Mas, teka banjur nganyar-anyari
temen panjenengan iki.”
”Bener Dhik, biyèn kowé dakarani adhiku dhéwé, nanging saiki
aku lagi ngerti yèn kowé sejatiné ....................”
”Ya tetep adhiné Mas dhéwé.” panugel gunemé Rr. Sri Éndah
Wahyuningsih karo mèsem ngujiwat.
”Bener Dhik, nanging
adhik sing ketemu wis gedhé.”
”Lho, Iho panjenengan iki nglindur apa piyé Mas, wiwit cilik
biyèn aku rak terus padha kumpul, teka saiki ngendika adhi ketemu wis gedhé
kuwi kepriyé?”
”O ............. adhiku cah ayu, aku saiki ora bisa pisah karo
kowé Dhik.”
”Lho sing ngendika arep pisah kuwi sapa Mas, wong aku ya ora
rasan-rasan kaya ngono.”
”Tenan apa Dhik? Apa kowé ora kondur menyang Sala?”
”Sala dalemé sapa Mas, wong omahku ya ana kéné iki wiwit
biyèn?”
”Yah mbok aja nambuhi ta
Dhik, wong swargi bapak ya wis crita karo kowé, yèn kowé isih duwé éyang
ana Sala.”
Krungu kaya ngono Rr. Sri Éndah Wahyuningsih tumungkul ora
bisa mangsuli, atiné karanta-ranta, kélingan swargi ibuné, swargi bapa angkaté.
Malah kaya-kaya isih keprungu manèh pangandikané bapaké angkat nalika arep
seda mau mengkéné :
”Sapungkurku sing ngati-ati ya Ndhuk, Masmu Susilo aja
koktukari marga wis lola, lan dakjaluk kowé sakloron bisaa lestari urip
bebarengan.”
Weruh Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kaya mengkono mau R. Susilo
banjur ngrangkul karo celathu lirih mangkéné:
”Dhik, apa kowé setuju karo welingé bapak sing pungkasan mau
cah ayu?”
Rr. Sri ora bisa mangsuli, mung banjur manthuk lan terus
ngumpetaké rainé ing dhadhané R. Susüo. R. Susilo gedhé banget atiné.
”Dhik, dhik, tangia, aku arep takon. Kapan enggonmu sowan
éyang menyang Sala?”
”Embuh Mas, aku durung bisa matur, marga pikirku ing wektu
saiki isih bingung lan sedhih.” wangsulané Rr. Sri Éndah Wahyuningsih karo
ngangkat sirahé.
”Nanging saupama wis sowan, rak banjur énggal‑énggal bali
mréné manèh ta Dhik?”
”O mesthi Mas, aku dhéwé emoh yèn didawuhi éyang supaya ana
Sala. Kejaba kuwi Kangmas dhéwé rak ora énggal-énggal kondur manèh menyang Yoja
ta? Omah kéné rak suwung.”
”E ya bali nyang Yoja Dhik, yèn bisa lulus telung sasi engkas
aku wis bisa mulih mréné.”
”Ya sukur Mas, muga‑muga baé Kangmas lulus.”
”Ketrima banget Dhik,
ya muga‑muga kaya ngono.”
”Lha Kangmas kapan konduré menyang Ngayoja?”
”Kiraku telung dina engkas Dhik. Yèn ngono becik apa bareng
baé?”
”Ora Mas, aku arep ngentèni yèn wis 40 dinané bapak baé, lagi
gelem lunga.”
”Ya sukur yèn ngono. O iya; pasarèané swargi ibu rak ana Désa
Gemutri ta Dhik, sadurungé aku mulih menyang Yoja aku kepéngin arep nyekar
dhisik mrana, aku terna ya Dhik, perluné bèn olèh pangèstuné.”
”Iya becik Mas. Yèn ngono beciké tindak sésuk‑ésuk baé Mas,
mengko soré B. Yoto dakkon tuku kembang lan menyan.”
”Ngono ya becik Dhik. Saiki aku arep takon manèh karo kowé,
iki mung saupama lo.”
”Apa Mas?”
”Saupama éyangmu ora marengaké yèn kowé arep omah-omah karo
aku kepriyé Dhik? Sebab swargi bapak ya ngono ora diparengaké.”
”O bab kuwi aja sumelang Mas, aja kuwatir manèh karo adhimu
iki, ora‑orané yèn adhimu arep niru kaya lelakoné ibu sing banjur kaya mangkono
dadiné.”
”Yèn éyangmu meksa.”
”Dakduwa. Karo manèh salawasé aku urip durung naté dadi gawené
éyang. Mula bab iki ora susah dipenggalih dawa, percayaa baé karo aku. Gajah
belang wedi semut, pejah gesang badhé tumut. Wis, wis Mas ayo kana énggal
sirama, ambuné isih wengur ngéné jé, karo manèh wédangé rak wis kaya asalé.”
R. Susilo bungah, banjur mlumpat nyaut andhuk lan gosok gigi,
terus mlayu menyang kamar mandhi. Rr. Sri Éndah Wahyuningsih mung nyawang karo
mèsem seneng. Bareng R. Susilo wis ora katon, Rr. Sri Éndah Wahyuningsih
ngresiki peturoné R. Susilo ditata apik mengkono uga méja tulisé lan vaasé
diganti kembang sing nyegeraké dipethikaké saka kebon kang dipatut karo
kahanané kamar kono.
V. PUNGKASANING LELAKON.
Let
setaun.
Sawijining montor Zodiac Sédhan modhèl 1957 kang mawa ciri
gambar gelas ngadeg digubed ula, mlaku alon-alon mengétan ninggalaké Kutha
Magetan, tumuju menyang Madiun. Sing nyetiri sawijining nonoman kang katon
bregas, sembada pawakané. Penganggoné clana flanèl lan hèm putih lengen dawa,
mawa dhasi biru. Sisihé kenya kang ayu luwes gandhes pawakané cilik ramping
singset weweg, panganggoné klambi sutra biru kembang putih ceplok-ceplok,
jarité Gandasuli, teka muwuhi pantesé. Lungguhé mèpèt kaya ora kena pisah.
Déné sing lenggah ana buri priyayi sekaliyan wis sepuh, sing kakung
umuré bangsané 70 taun déné sing putri 60 taun. Priyayi sing nunggang motor mau
ora liya Dr. Susilo karo Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kang, saki wis dadi garwané
nembé olèh 3 sasi, dadi nedheng-nedhengé sih padha pepasihan. Dina iku nembé
mulih nyekar saka pasaréyané ibuné sing putri lan bapaké kakungé. Déné priyayi
sepuh kakung putri mau ora liya RB. Jayèngsubroto sekaliyan, kang saiki dalemé
pindhah ana Magetan, nunggoni dalemé Dr. Susilo, amarga Dr. Susilo wis benum
ana RSU Madiun, soré nyambi praktèk ana omah, antarané jam 5–6, déné yèn ésuk
dhines ana Rumah Sakit Umum.
Dr. Susilo mau spésial ahli penyakit dhalam, dalemé ana ing
JI. Lawu. Déné Rr. Sri Éndah Wahyuningsih wis ora mulang manèh, saiki netepi
dadi wanita sejati ngurusi balé omah. Enggoné jejodhoan tansah atut‑runtut,
mong-kinemong, tata tentrem. Sayang banget déné wong tuwané wis ora padha
menangi katentremaning para putrané. RB. Jayèengsubroto dhéwé saiki penggalihé
wis séjé banget karo biyèn, mbokmenawa ngèmuti menyang tindaké sing uwis-uwis,
akèh klèruné, nganti gawé korbané putrané dhéwé. Ya ngelingi sing kaya mengkono
mau RB. Jayèngsubroto banjur éling, rumangsa keduwung banget. Apa manèh bareng
krungu critané wayahé, nalika nyritakaké lelakoné ibuné, enggoné nganti
kesurang-surang, wiwit dhèwèké lair banjur diopèni becik-becik déning R.
Sukmana nganti bisa kaya mengkono, penggalihé RB. Jayèngsubroto krasa trenyuh,
nganti panjenengané muwun sedhih banget. Wong kang biyèn dianggep asor drajaté,
tibané kaya berléyan, luhur bebudèné. Kosok baliné wong kang biyèn dianggep
luhur drajaté tibané asor bebudèné lan nistha tindaké. Sayang banget déné wong
sing luhur bebudèné mau wis ora ana. RB. Jayèngsubroto rumangsa getun, getun
banget.
Ya kaya mengkono mau wolak-waliking bebudèning manungsa. Apa
manèh bareng pirsa bebudèné wayah mantuné, Dr. Susilo kang gedhé banget
kesosialané dhemen tetulung karo wong miskin, penggalihé saya keranta-ranta
banget. Ya wiwit iku panjenengané banjur kersa diboyong menyang Magetan diaturi
lenggah ana kana tengga dalem ngiras nyedhaki wayahé, awit sing putri ora bisa
pisah karo wayahé, kang praupané presis banget karo putrané sing wis ora ana.
Saben seminggu sepisan Dr. Susilo sekaliyan sowan menyang Magetan
ngiras ngasokaké salira.
Nuju sawijining dina, wiwit jam 10 esuk nganti tekan jam 3
soré, udané terus-terusan ora ana mendhané, gèk gedhé gèk cilik, tur mawa
angin. Ing ngendi-endi katon samun. Dalan-dalan padha katon sepi, mung ana
tetunggangan siji loro sing katon, lakuné rerikatan.
Bengawan Madiun banjir, nganti mèh sundhul kreteg Nambangan.
Swarané kemrasak nggegirisi. Ya kaya mengkono kahanané Kutha Madiun, yèn pinuju
rendheng, nganti ana sawenèhing dalan sing wujudé malih dadi kali. Yèn pinuju
mangsa kaya mangkono wong lara tambah akèh, mula para dhokter-dhokter padha
ribut répot mènèhi pitulungan. Jam 4 soré iku sanajan durung terang ing omahé
Dr. Susilo wis akèh pasièn kang padha teka mrono, nganti wis ana wong 30. Wong
semono mau larané ya rupa‑rupa, ora padha kabèh. Wektu iku Dr. Susilo isih
ngaso merga, konduré dhèk mau ya wis lat nganti mèh jam 3 nembé bisa kondur,
merga wong lara ing RSU akèh ora kaya sabené. Bareng jam 5 nembé bukak. Pasièné
wiwit saka siji-siji dipriksa kanthi tlesih. Ana sing diwènèhi suntik ana sing
diwènèhi resèp, lan sapanunggalané, manut karo lara-larané. Pembantuné bidhan
loro ya ribut kabèh, sing siji ngréwangi Dr. Susilo, mriksa pasièn, sing siji
nulisi jenengé pasièné. Nganti jam 9 bengi durung rampung, isih ana pasièn 4
sing durung dipriksa. Bareng ngarepaké jam 10, kari pasièn siji, yaiku
sawijining wong lanang kang katon ngrekasa banget lakuné, merga nahan larané.
”RM. Mangkusumbaga.” mengkono pangundangé Dr. Susilo karo
pasièné.
”Ya Pak Dhokter.”
Wong lanang mau mlebu, lakuné ngrekasa banget, nganti mèh
tiba, tujuné bisa cekelan lawang. Praupané katon pucet banget, wong mau banjur
mapan lungguh ana sangarepé Dr. Susilo.
”Panjenengan ingkang asma RM. Mangkusumbaga.” pitakoné Dr.
Susilo.
”Inggih Dhokter.”
wangsulané wong mau.
”Yuswa 58 taun.”
”Inggih.”
”Dalem ing Kejiwan.”
”Inggih.”
”Gerahipun sampun dangu?”
Wong mau rada isin anggoné arep mangsuli, mula mung tumungkul.
Dr. Susilo wis ngerti.
”Sampun dangu gerahipun? Sampun pinten wulan?”
”Inggih. Sampun setengah taun.”
”Ah sayang, teka nembé sapunika dipunpriksakaken.”
”Inggih, amargi namung kula jampèni obat jawi.”
”Mangga tindak mlebet wonten kamar punika, badhé kula priksa.”
Wong mau kanthi ngrekasa ditulungi déning bidhan, dituntun
mlebu kamar. Bubar kuwi bidhan metu manèh.
”Kula aturi lukar agemanipun, lan saréan wonten dhipan
punika.”
Wong mau banjur cucul penganggo lan banjur mapan teturon ana
ing dhipan. Dr. Susilo njupuk piranti kanggo mriksa. Badan sakojur dititi-priksa
kabèh kanthi tlesih, ora ana sing kliwatan. Bareng wis rampung anggoné mriksa
Dr. Susilo gèdhèg-gèdhèg, awit wong mau lara sipilis wis lawas banget. Tatuné
wis jero mbebayani.
”Bapak badhé kula pompa.”
”Inggih Dhokter.”
Dr. Susilo banjur tumandang gawé, wong mau banjur wiwit
dipompa, katon nahan larané. Bareng wis bubar dipompa banjur disuntik, lan
diwènèhi resèp.
”Seminggu malih Bapak kedah tindak mriki, badhé kula priksa
malih. Jampi resèp punika dipununjuk sedinten kaping tiga.”
”Inggih Dhokter.”
Bubar kuwi wong mau banjur metu, lakuné isih ngrekasa. Bareng
pasièné wis entèk, Dr. Susilo nembé bisa ngaso. Sawisé rampung ngumbah tangané,
banjur mlebu menyang dalem, weruh sing putri lagi ngrénda taplak méja karo
ngrungokaké radhio, uyon‑uyon kang swaraning pesindhèné nganyut‑anyut ndudut
ati, gawé angles. Sri Éndah Wahyuningsih gita‑gita banjur menyat methukaké karo
mèsem. Gapyuk Dr. Susilo ngrangkul sing putri, ngaras bathuké.
”Durung saré Jeng?”
”Durung Mas, apa wis rampung?”
”Wis Jeng nembé baé.”
”Lha mbak Sri karo Dhik Hariyati apa wis kondur?”
”Ayaké durung Jeng, lagi tata‑tata lan resik‑resik.” Mangsuli
ngono Dr. Susilo karo mapan lungguh ing sandhingé garwané, nuli ngombé wédang
rong sruputan, banjur ngrokok.
”Dhaharé wis ditata Mas.”
”Mengko dhisik Jeng, dak ngaso sawetara. Lha sliramu wis
dhahar apa durung?”
”Durung Mas, wong tengga panjenengan.”
”Ah suk menèh aja ditunggu Jeng, dhahara disik, ora dadi apa.”
”Aku durung krasa luwé kok Mas.” wangsulané sing putri karo
mèsem.
”Mas, Mas, uwis ana semingu iki sirahku tansah krasa mumet
baé.” sambungé gunemé.
”Dhahara pil abang kaé Jeng.”
”Uwis Mas. Ketambahan manèh, weteng tansah muneg-muneg, sajak
kaya arep muntah ngono kok Mas. Awak lemes, kesenenganku bangsaning sing
kecut-kecut.”
Krungu wangsulané sing putri kaya mengkono mau Dr. Susilo
mèsem, sing putri dirangkul.
”O kuwi dudu lelara Jeng, nanging sliramu lagi
................... nyidham.”
”O .............. ” wangsulané sing putri karo genti ngrangkul
kakungé.
Dina Minggu jam 9 esuk.
Dalemé Dr Susilo katon regeng lan ramé.
Ing ngarepan diwènèhi tarub, kebak isi kursi lan méja cilik,
tharik-tharik tinata rajin. Saben méja diwènèhi vaas kang isi kembang manéka
rupa.
Tratagé dipajang ing buntal abang putih pating klawèr, saka
pojok menyang pojok, tengah‑tengah bener digandhuli plembungan kang rupané
abang ijo lan wungu, saya gawé asrining pandulu. Tamu‑tamu wiwit padha rawuh,
kakung putri, padha macak bregas‑bregas. Tamuné saya akèh, pating dlidir
tekané, nganti kursi-kursi kang mauné kosong dadi kebak tamu kabèh. Tamu putri
ana njero pendhapa, déné tamu kakung ana njaba pendhapa.
Dr. Susilo sekaliyan ribut anggoné ngacarani tamu, ulaté sumèh
mbagekaké sing lagi padha rawuh. Swaraning bocah-bocah saya ramé, padha playon
geguyon, jilung‑jilungan, ngalor‑ngidul muwuhi regenging pasamuan kono. Dr.
Susilo ing dina iku lagi kagungan gawé mitoni, sing lagi mbobot wis 7 sasi.
Tamuné ora mung para kanca-kanca RSU baé, dalasan para tilas
pasièné, sing padha krungu ya padha mrelokaké teka, mula tamuné ya campuran,
ana bangsa Tionghoa, Arab, Indhia, lan liya-liyané, dhasar Dr. Susilo pancèn
sawijining wong sing akèh kenalané lan tepungané dalasan P. Amin saka Toko Buku
”PAJACo" Pasar Besar ya mèlu rawuh.
RB. Jayèngsubroto, mèlu nemoni tamu ana ngajengan déné R. Ngt.
Jayèngsubroto lagi ribut tata‑tata sajén ubarampéné wong mitoni. Ora suwé
pasugatan metu, unjukan lan dhedhaharan komplit, diladèkaké para sinoman.
Tamuné isih pating dlidir teka. RM. Mangkusumbaga uga mrelokaké teka, awit
rumangsa kapotangan kabecikan larané wis mari. Saiki lakuné wis bisa gagah
manèh, ora nganggo teken. Mangka sejatiné anggoné ikhtiyar dhokter wis akèh,
nganti ana dhokter 5. Nanging meksa ora ana kasilé. Bareng dicekel Dr. Susilo
bisa ketulungan, larané bisa waras blas. Ya merga saka iku RM. Mangkusumbaga
banjur mrelokaké teka, bareng krungu yèn Dr. Susilo lagi duwé gawé mitoni sing putri.
Nanging sepira kagèté RM. Mangkusumbaga bareng teka weruh sing mbagèkaké tamu
mau. Sanalika awaké krasa ndhredheg semu wedi, nganti ora bisa jumangkah,
mandheg kaya tugu sinukarta. Kosok baliné RB. Jayèngsubroto bareng weruh tamuné
sing lagi teka uga kagèt, karo mencereng paningalé tanpa kedhèp ngawasaké
tamuné, kang ora liya RM. Purwodirjo tilas mantuné.
”Rama, kok wonten ngriki?” mengkono gunemé lirih ngawasaké RB.
Jayèngsubroto.
RB. Jayèngsubroto ora mangsuli saking kagèté, lan kagawa saka
nahan dukané. Awit bareng pirsa yèn tamuné mau tilas mantuné dhéwé, penggalihé
sanalika duka banget. Nanging ora kawistara lan diampet merga lagi ana ing
pasamuan, kanggo njaga supaya jenengé wayahé ora katut ala.
Dr. Susilo kang lagi manggihi Pak Wedana, bareng weruh kahanan
sing kaya mengkono mau rada kagèt déné éyangé teka sajak kaya lagi duka, bareng
pirsa RM. Mangkusumbaga tilas pasièné. Mula banjur menyat nemoni tamuné sing
lagi rawuh mau.
”O Bapak Mangkusumbaga sami sugeng? Mangga pinarak mriki Pak.”
mengkono pambagéné Dr. Susilo karo tamuné.
Nanging tamuné sajak ora krungu, malah sanalika iku uga RM.
Mangkusumbaga banjur dadi ambruk ora éling, wusana dadi bayangan wong akèh.
Trengginas Dr. Susilo tumandang, tamuné banjur énggal-énggal
didhabyang-dhabyang digawa menyang kamar pepriksan.
Tamu‑tamu kang mauné padha panik banjur bali lenggah manèh.
Déné RB. Jayèngsubroto terus mlebu ing dalem.
Sawisé dipriksa lan diupakara déning Dr. Susilo, tamuné banjur
bisa éling.
”Kénging punapa Pak?” pitakoné Dr. Susilo.
”O Nak, boten punapa‑punapa, namung saking kagèt kemawon.”
”Sukur yèn ngaten, kula kinten gerahipun kimat malih.”
”Boten Nak, boten...”
”Menawi makaten prayogi kagem lerem rumiyin wonten ngriki
Pak.”
”Punapa kepareng Nak?”
”Kepareng sanget Pak, malah prayogi ngaso rumiyin. Nyuwun
pangapunten inggih Pak, kula badhé, manggihi tamu rumiyin.”
”O mangga Nak, mangga.”
Dr. Susilo metu, banjur manggihi tamu.
Saungkuré Dr. Susilo RM. Mangkusumbaga kang ora liya RM.
Purwodirjo atiné krasa ora kepénak banget, awit weruh tilas marasepuhé teka
dadi ana ing kono, nemoni para tamu-tamu, sajak ana gegayutané karo Dr. Susilo.
”Apa sebabé panjenengané ana kéné? Apa isih pamili karo Dr.
Susilo?” kaya mengkono gagasané R.M. Purwodirjo karo teturon.
”Adhuh isinku. Adhuh wirangku, saupama Dr. Susilo nganti
ngerti menyang lelakonku dhèk biyèn raiku dakdèkèk ana ngendi?” mengkono
sambungé gagasané.
Lagi tekan semono gagasané, kagèt weruh RB. Jayèngsubroto
sekaliyan mlebu mrono. RM. Purwodirjo banjur énggal-énggal menyat, nyungkemi
padané RB. Jayèngsubroto.
”Adhuh Rama, kula boten nginten sanget menawi badhé pinanggih
kaliyan Rama Ibu wonten ngriki. Putra nyadhong deduka, sakathahing kalepatan
nyuwun pangaksama.” Mengkono aturé karo
tawan‑tawan tangis.
”Wis lawas banget kowé dakgoleki, saiki nembé ketemu ana kéné.”
”Putra nyadhong deduka ingkang kathah Rama, putra rumaos
sampun lepat.”
”Luput? Saiki kowé ngakoni kaluputanmu ana ngarepku lan ibumu. Lha bojomu saiki ana ngendi?”
wangsulané R. B. Jayèngsubroto nahan dukané.
”Kula boten sumerep Rama?”
”Kowé ora weruh? Ah ora pantes banget tindakmu kuwi, karo
bojoné ora ngerti. Yèn wis ora dhemen rak dibalèkaké karo wong tuwané. Apa
biyèn anggonmu ngepèk bojomu kuwi ana tengahing dalan.”
”Adhuh Rama, kula sampun ngrumaosi lepat ageng dhateng ingkang
putra.”
”Luput, luput marga saka tindakmu kang kokjarag kokgawé dhéwé.
Bojomu kok siya-siya, nganti lunga marga ora kuwat weruh tindakmu sing ora
patut, ngerti!”
”Inggih Rama, kula sampun ngrumaosi dosa sanget.”
”Saiki kowé ngrumangsani dosa, nanging dhèk biyèn kepriyé?
Saiki ana ngendi bojomu?”
”Dalem boten sumerep Rama, sampun pinten-pinten taun anggèn
kula madosi dhateng Dhiajeng Tien, nanging ngantos sapriki boten saget
pinanggih Rama.”
”Mbok kokgolèki nganti tekan jagat kulon wétan mangsa bakal
ketemua ora, kejaba yèn kokgolèki menyang akhérat, bisa ketemu.”
”Punapa Dhiajeng Tien sampun séda Rama?”
”Patut banget kowé ora ngerti amerga atimu sing kapanjingan
sétan!” pangandikané saya tambah duka.
”Iya, bojomu wis ora ana.” mengkono pangandikané R. Ngt.
Jayèngsubroto nyelani gunem.
”Adhuh Dhiajeng!” sambaté RM. Purwodirjo kagèt.
”Wis ora perlu kowé sambat barang, ora ana gunané. Ya kuwi
pikolèhé wong lanang kang daksiya karo bojo, ora sumbut karo dhèk nalika kowé
arep ngepèk tansah ngarih‑arih. Tindakmu sing ora patut iki mung arep gawé
curemé wong tuwamu, sing saturun-turuné ora tahu nduwèni tindak sing kaya kowé,
banget nisthané, banget asoré.”
RM. Purwodirjo nangis krungu pamelèhé mara sepuhé mau.
”Dhuh Rama kula sampun ngrumaosi dosa sanget, ingkang punika
kula nyuwun sih pangapunten ingkang ageng sanget Rama.”
”Aku ora bisa mènèhi pangapura karo kowé, awit kowé dosa pati,
mula njaluka pangapura karo Kang Mahakuwasa.”
”Adhuh Rama yèn kados makaten, kula purun dipunpejahana
kémawon.”
Weruh kahanan sing kaya mengkono mau, R. Ngt. Jayèngsubroto
welas banget, banjur paring pangandikan mangkéné:
”Anakku Purwo, sing wis ya uwis, mula bésuk manèh samubarang
gawé iku kudu kokpikir dhisik, aja dhemen grusa-grusu, ya kaya mengkéné iki
pikolèhé.”
”Matur nuwun sanget Ibu, sadaya dhawuh pangandikanipun Ibu
badhé dalem candhi, badhé dalem estokaké sanget. Dados yèn makaten pejahipun
Dhiajeng Tien punika sampun dangu Ibu?”
”Uwis sepréné wis mèh 23 taun, aku dhéwé ya ora ngerti, ajaa
anakmu sing crita.”
Krungu tembung anakmu kaya mengkono RM. Purwodirjo kagèt
banget.
”Lho anak kula Ibu? Sinten punika?”
”Ya anakmu dhéwé. Nalika bojomu lunga, biyèn rak lagi ngandhut
banjur lair metu wadon. Ibuné bareng wis nglairaké jabang bayi nembé umur
seminggu banjur tinggal donya, anakmu banjur dirumat déning R. Sukmana, kang
dilalah bisa ketemu karo bojomu. Anakmu dimong nganti gedhé.”
”Lajeng R. Sukmana samenika wonten pundi Ibu?”
”R. Sukmana uga wis tinggal donya, bareng anakmu wis umur 20
taun.”
”Adhuh ................ ! Lajeng anak kula samenika
wonten pundi Ibu?”
”Andadèkna sumurupmu anakmu kuwi ya garwané Dr Susilo kang
lagi dipitoni iki. Déné Dr. Susilo iku putrané R. Sukmana.”
”Adhuh Ibu, kula boten
nginten babar pindhah dados yèn mekaten, Dr. Susilo punika dados anak mantu
kula piyambak.”
”Iya bener kaya mengkono.”
”Adhuh Gusti, mugi‑mugi paringana pangapunten dhumateng badan
kula. Kula teka kepéngin sanget badhé pinanggih kaliyan anak kula.”
”Kuwi gampang. Mapan saiki kowé ya ana omahé. Mengko
dakkandhanané. Mula kowé beciké metua njaba dhisik nemoni tamu.”
”Adhuh Ibu, dalem boten saget ngglawat, badan kula rumaos
pepes sanget sareng mireng sadaya dhawuhipun Ibu.”
”Yèn kaya mangkono beciké ya wis ana kéné baé, karepbèn aso
pikiranmu. Mengko anakmu dakundangé mréné baé.”
”Inggih Ibu, inggih.”
RB. Jayèngsubroto sekaliyan banjur metu perlu nemoni tamuné.
Sapungkuré RB. Jayèngsubroto sekaliyan, RM. Purwodirjo atiné saya ora
karu-karuan awit rumangsa dosa gedhé banget. Patiné RA. Tien merga saka tindaké
dhéwé, kang tansah nuruti marang kreteging hawa napsuné, nguja marang kamurkan.
Bojoné kang banget bektiné digawé lara atiné setemah banjur nemahi lelakon sing
nyedhihaké, dadi lan jalaraning patiné: Kabèh‑kabèh mau saka tindaké dhéwé,
kasalahané dhéwé, Paribasan: utang pati kudu nyaur pati, utang wirang kudu
nyaur wirang. Nyut .......... gagasané dadi ngambra-ambra banget, wewayangané
RA. Tien kang wis 23 taun, ilang, banjur katon gawang-gawang ana mripaté, kaya‑kaya
lagi ngadeg ana ngarepané, ngelèhaké tindaké sing ora becik.
”Dhuh Gusti mugi‑mugi banjuten kémawon nyawa kula, tiyang
ingkang boten pantes gesang malih wonten ing alam donya. Kula lega lila éklas
kabanjuta kémawon, katimbang ndedawa wirang.”
Kaya mengkono sambaté RM. Purwodirjo. Saking sedhihé awaké
nganti krasa geter‑geter, pikiré bingung.
”Aku ora pantes urip dawa manèh, saiba bakal curemé anakku
sakloron, kang jenengé wis ngambar wangi, arum, tur kajèn kèringan ing
sapadha-padhané. Balik aku dadi leletheking jagad. Aku rumangsa wirang karo R.
Sukmana, wong kang luhur budiné, kang wis naté dakgawé ala, dakdakwa laku
sèdhèng karo RA. Tien. Tibané malah gedhé banget lelabuhané. Gelem ngrumat
anakku nganti dadi wong tuwa. Apa manèh anak mantuku dhéwé, Dr. Susilo, gedhé
banget pitulungané karo aku. Warasé laraku saka dhèwèké. Nanging aku.. .... aku
sawijining wong sing ora patut ditulung. Dosaku akèh banget. Adhuh ..........
ora ana gunané aku urip iki. Dhuh Dhiajeng Tien, Dhiajeng Tien. Sakèhing
luputku aku njaluk pangapura, dosaku bakal daktebus kanthi nyawaku, aku utang
pati karo kowé, aku wajib nyaur pati.”
Tekan semono RM. Purwodirjo saking sedhihé banjur semaput ora
éling, tiba kantaka.
Jam 12 kliwat para tamu nembé padha bubaran. Dr. Susilo nembé
éling, yèn duwé tamu siji tilas pasièné lagi lara, ana kamar pemriksan. Mula
bareng tamuné wis padha kondur kabèh, banjur niliki tamuné menyang kamar
pemriksan. Nanging sepira kagèté bareng weruh tamuné mau tinemu wis jerbabah
ana jogan, sirahé adus getih. Nuli énggal-énggal dicandhak dijunjung diturokaké
ing dhipan. Dr. Susilo rada bungah awit keteging jantung isih ana, dadi isih
ana pangarep‑arep bisa katulungan. Dr. Susilo banjur cancut tali wanda awèh
pitulungan karo RM. Mangkusumbaga disuntik Dr. Susilo nunggoni ana sandhingé
lungguh ing kursi, karo nggagas tamuné.
Ora suwé RB. Jayèngsubroto sekaliyan diiringaké Rr. Sri padha
mlebu mrono. RB. Jayèngsubroto sekaliyan kagèt weruh sirahé RM. Purwodirjo
diperban.
”Iki apa jawa‑jawané Putu?”
”Dhuh Éyang, saged ugi kala wau semaput malih, lajeng dhawah.
Sirah ketatap lingir dhipan.”
”Tatuné ora bebayani?”
”Boten Éyang, punika kala wau sampun kula suntik, lajeng saged
saré.”
”Ya sukur Putu. Kéné padha mapan lungguh cedhak kéné arep,
dakdongengi bab tamu iki, awit tamu iki isih ana gegayutané karo kowé Putu, apa
manèh karo putuku Nduk Sri bojomu.”
”Gegayutan punapa Éyang?”
”Ya wis rungokna dhisik, mengko rak padha ngerti.”
”Manawi ngaten Éyang sampun tepang kaliyan tamu punika?” aturé
Dr. Susilo.
”O luwih déning kenal banget Putu. Putu kok ya wis kenal?”
”Sampun Éyang awit tamu punika tilas pasièn kula.”
”O ngono ta, jenengé sapa?”
”RM. Mangkusumbaga Éyang.”
”RM. Mangkusumbaga! O....... la iya ta, wong jeneng mono
kena molah malih. Upamané Si Suta dadi
Si Dhadhap Si Naya Si Waru mengkono sabanjuré. Déné sing bener tamumu iki
jenengé RM. Purwodirjo, wong pancèn isih daging kulitku dhéwé, malah, iya
mantuku.”
”Putra mantunipun Éyang? Ngendikanipun Éyang namung kagungan
putra satunggal, inggih punika ibunipun keng wayah Sri, ingkang sampun séda.”
”Kuwi bener Putu. Mula Kowé sakloron aja kagèt, tamuné iki ora
liya ya garwané ibumu Ndhuk Sri, utawa bapaké bojomu Sri kuwi.”
Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kagèt, mengkono uga Dr. Susilo.
”Kados pundi Éyang, dados RM. Mangkusumbaga punika tiyang
sepuh kula?” aturé Rr. Sri kanthi trataban.
”Iya bener Putuku Sri cah ayu. Jenengé sing bener RM.
Purwodirjo, garwané ibumu Tien.”
”Adhuh Éyang, dados punika bapak kula piyambak.”
”Iya bener wong tuwamu dhéwé, sing ngukir jiwa ragamu Putu.”
Rr. Sri njerit karo ngrungkebi RM. Purwodirjo sing durung
éling.
Déné Dr.
Susilo mung kamitenggengen marga saka gumuné, awit ora nyana babar pisan yèn
bakal ana lelakon sing kaya mangkono.
Panjeriting Rr. Sri mau gawé kagèté sing lagi kantala, banjur
ngelèkaké mripat, wusana weruh yèn lagi dirungkebi déning sawijining kenya.
Kaya ngapa kagèté RM. Purwodirjo bareng weruh praupané kenya sing ngrungkebi
mau kang persis kaya jambé sinigar karo garwané sing wis ora ana, mung kacèk
nom karo tuwa.
”O .... Rama, sinten ingkang ngrungkebi badan kula punika
Rama?”
”Ya kuwi anakmu dhéwé garwané Dr. Susilo.”
”O Ndhuk tibané, kowé anakku dhéwé,” karo ngrangkul Rr. Sri
kang isih nangis.
”Tangia Ndhuk tangia. Ya iki ala‑ala wong tuwamu Ndhuk,
luputku baé sing gedhé pangapuramu.”
Rr. Sri banjur menyat karo ngusabi luhé.
”Wiwit kowé isih ana kandhutané ibumu lagi patang sasi, ibumu
oncat, jalaran saka tindakku sing ora becik. Bareng saiki aku ketemu kowé, wis
dadi wong tuwa kaya ngéné Ndhuk, ibumu wis ora ana, kowé ora nyumurupi.”
”Inggih Bapak, sampun dipungalih panjang‑panjang, awit sadaya
tiyang gesang punika tentu anggadhahi lepat.”
”Kuwi bener Ndhuk, nanging luputé bapakmu iki gedhé banget,
ora kena dingapura, utang wirang nyaur wirang, utang pati nyaur pati.”
”O sampun makaten Bapak, sadaya-sadaya wau saweg kanggé
lelampahan, saking kersaning Ingkang Mahakuwaos.”
”Iya Ndhuk, iya. Nak Dhokter Susilo, kula namung badhé titip
dhateng anak kula, mugi-mugi samia manggih karaharjan. Kula dongakaken sageda
lulus tanpa wonten punapa-punapa. Sakathahing kalepatanipun pun Bapa, nyuwun
gunging pangapunten.”
”Inggih Pak sami-sami.” aturé Dr. Susilo.
”Matur nuwun Nak, déné Anak sampun kersa paring pangapunten
dhateng badan kula. Adhuh ................ Rama saha Ibu, sakathahing
kalepatan, dalem nyuwun pangaksami.”
”Ya wis ora dadi apa. Kowé wis dakwènèhi pangapura. Mula suk
manèh aja kokpindho.”
”Inggih Rama, matur sembah nuwun.”
”Prayoginipun Rama sapunika saréan rumiyin, supados lerem
panggalihipun. Anu Jeng, Bapak diaturi pindhah saré ana kamar lor baé.”
”Matur nuwun Nak Dhokter, wonten ngriki kémawon sampun
sakéca.”
”Kirang prayogi Pak, awit punika kamar pepriksan. Mangga ta
kula dhèrèkaken.”
”Inggih mangga Pak, saré wonten dalem kémawon. Mangga kula
dhèrèkaken,” aturé Sri Éndah Wahyuningsih.
RM. Purwodirjo banjur didhabyang-dhabyang déning Dr. Susilo
mlebu menyang kamar, kang wis ditata déning sing putri.
"Sampun Bapak kagem ingkang sakéca kémawon, kadamela
kados wonten dalemipun piyambak.”
”Inggih Nak, inggih matur nuwun.”
Sawisé iku kabèh banjur padha ninggalaké kamar. RM. Purwodirjo
kari ijèn. Penggalihé karanta-ranta banget, ngèlingi tindaké kang ora patut. Ya
bener kabèh-kabèh wis awèh pangapura, nanging tumrap RM. Purwodirjo dhéwé,
dosané ora bisa dingapura. Apa manèh karo putra mantuné, yaiku Dr. Susilo,
penggalihé rumaos wirang lan isin banget.
Gagasané saya nglambrang nglangut adoh banget, nganti sundhul
ing langit. Penggalihé wis mantep tetep arep nebus dosané. Nyut ...... banjur
katon gawang-gawang wewayangané RA. Tien Tisnowati ana ngarepé, kang lagi
ngelèh-eIèhaké tindaké. Jenggirat RM. Purwodirjo menyat, marani lemarèn obat
kang ana ndhuwur méja. Mripaté mancereng, karo ngiling-ilingi itikèté botol‑botol.
Wusana sing digolèki ketemu. Mak ceg, astané ndhredheg nyandhak botol
sublimat. Penggalihé saya peteng.
”Aku kudu wani nebus dosaku. Utang pati nyaur pati. Utawa
manèh kanggo njaga beciké anak mantuku dhéwé. Aku kudu wani, wani. Ya mung iki
dalan penebusing dosaku. O ........ Dhiajeng Tien, Dhiajeng ...... Tien.
Entènana aku bakal nusul kowé. Wis Ndhuk anakku, kowé kapeksa ndaktinggal.
Muga-muga kowé tansah bekti menyang guru lakimu, dakdongakaké tansah atut
runtut enggonmu jejodhoan, kalis ing sambékala.”
Tutup botol énggal-énggal dibukak, isiné terus diombé.
Sanalika kono RM. Purwodirjo ambruk njrebabah gumlinting ing jogan. Tibané
nibani lemari kaca. Kaca ambyar brantakan, gawé swara mak grombyang.
Sri Éndah Wahyuningsih kang beneré arep ngaturi unjukan kagèt,
terus mlebu kamar. Sepira kagèté bareng weruh wong tuwané wis njrebabah ora
obah awaké adus getih.
Sanalika njerit ngrungkebi layon. Panjerité Sri Éndah
Wahyunigsih gawé kagèté sing padha krungu. Dr. Susilo, RB. Jayèngsubroto
sekaliyan gurawalan mlayu mlebu kamar. Dr. Susilo tumandang, nanging wis ora
bisa awèh pitulungan, amarga RM. Purwodirjo wis kadhung séda.
RB. Jayèngsubroto sekaliyan mung kamitenggenen weruh kedadéan
kang nyedhihaké mau. Welas trenyuh. Ya bener mantuné mau wis naté gawé
jalaraning patiné putriné, nanging bareng weruh kedadéan kang ngeres‑eresi mau
panggalihé banget welasé, trenyuh. Dr. Susilo nyandhak tangané garwané,
dituntun alon-alon digawa menyang kamar liya.
Layon énggal‑énggal dirukti apa samesthiné. Lan saka panyuwuné
Dr. Susilo, layoné mau arep disarèkaké ana Magetan, cedhak karo wong tuwané.
Kahanan alam donya terus mlaku tanpa ana pedhoté. Uripé Dr.
Susiolo tansah kasinungan ayem tata tentrem. Apa manèh bareng kandhutané sing
putri wis mbabar metu lanang, saya andadèkaké bungahé. Uripé tambah saya
kepénak, olèh sawab kumandhanging katresnané wong tuwané sing wis ora ana.
T A M A T
[1]
asliné gomah
[2]
asliné ngombra-ambra
[3]
asliné ngasoha.
[4]
asliné lahir
[5]
asliné lahir
[6]
mesthiné tuwamu
[7]
asliné ngiloha
[8]
asliné dibuang
[9]
asliné lahir
[10]
asliné oraha
[11]
asliné agendhanu
[12]
asliné sadrajdat
[13]
asliné awagan
[14]
asliné candhuk
[15]
asliné nundukaké
[16]
asliné ngambar
[17]
asliné kebeh
[18]
asliné aku
[19]
asliné rirujit-rujit
Tidak ada komentar:
Posting Komentar