Selasa, 29 Desember 2015

Pasinaon Panatacara





HANDOUT

PANATACARA







KODE :
PRODI : SASTRA JAWA
PROGRAM STUDI: BAHASA DAN SASTRA JAWA
SEMESTER:  GENAP 
DENING: WIDODO WIKANDANA







FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2013


PERTEMUAN -1

Panatacara
Panatacara inggih menika paraga ingkang nggadhahi kwajiban mranata saha nglantaraken rantaman acara wonten salebeting pepanggihan, pasamuan, pahargyan, lan sanes-sanesipun. Syarat–syarat dados panatacara antawisipun: Nguwaosi  acara, Basa   lan sastra, Ngadi salira lan ngedi busana, Tata krami, sopan-santun, udanegari, Sekar lan gendhing, Tansah ngudi kawruh, Trampil lan saged makarya sesarengan, lan Tanggel jawab sarta disiplin. Anggenipun nindakaken sarat sarana menika wau kedah Komunikatif, Kontruktif, Produktif, Inovatif, Kreatif lan edukatif, Aja rumangsa bisa ning bisa rumangsa, Ngamalaken ilmu pranatacara, iklas, Kandel kumadeling raos ageng (percaya diri), Mangertos dhateng kabudayan: Kagunan, Filsafat, Kapitadosan, tehnik, lsp.
Tembang macapat kapanatacaran
Dhandhanggula
Pangkur
Pawitane pambiwara yekti
Kang kapisan pana mring acara
Ngadi slira busanane
Basa sastra katelu
Kaping papat bab tata-krami
Ulah swara kalima
Trampil tandangipun
Pitu kawruh kaudia
Jinangkeban tanggel jawab lan disiplin
Yekti lebda ing karya
Oleh: Ki Sayuti Anggoro
Kang sekar pangkur winarna
Lalabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ing tatakrama
Den kaesthi siyang ratri

Serat Wulangreh

pangkur
Duduga lawan prayoga
Myang watara riringa aywa  lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap meneng anendra
Duga-duga nora kari
Serat Wulangreh



Swanten/Swara

1.  Logat                      = mboten campur kaliyan dialek           
2.  Lafal                        = kedah cetha tuwin wijang
3.  Nafas                      = kedah kiyat, supados swantenipun landhung                                                      mboten gampil pedhot.
4.  Tempo                    = rikat rindhiking swanten, tuwin dinamis                                                                          (intonasi, tekanan, aksen) swanten.
5.  Penghayatan/ Njiwani=  saget nyocoki kaliyan kawontenan (sikon).

Perangan Pranatacara

1.  Panatacara wiwitan
2.  Panatacara madya
3.  Panatacara mumpuni (professional)    

Demam Panggung/Minder
Solusi
1.  Nguwaosi acara
2.  Nindakaken ayahan kanthi PD sampun kesusu.
3.  Mirsani dhateng para rawuh.
4.  Tenggorokan dipun telesi (basahi)
5.  Ngantebaken swanten (dunia militer)
6.  Dhahar, pohung, kencur, lsp
7.  Gladhen/latihan
8.  Sampun kecalan semangat/putus asa
9.  PD/percaya diri / raos kandel kumandel

Gladhen
1.  Ngrantam  adicara
2.  Ngrantam ukara atur-atur
3.  Paragan
4.  Nyantrik/magang
5.  Maraga/praktek  

Awisan Panatacara

Nalika Jumeneng
1.      Jumeneng kanthi lendhehan suku setunggal.
2.      Jumeneng kanthi suku sakelangkung rapet.
3.      Jumeneng kanthi suku sakelangkung megar.
4.      Jumeneng kanthi aras-arasen.
5.      Jumeneng kanthi lelendhan bangku utawi mimbar.
6.      Jumeneng mboten nggantosaken papan panggenan.
7.      Jumeneng kanthi mboten jenjem sarta asta sraweyan.
8.      Jumeneng kaku.
Pasuryan
1.      Gumujeng ingkang dipundamel-damel.
2.      Asring mesem ingkang mboten pas.
3.      Mbesengut.
4.      Tumungkul.
5.      Asring ningali nginggil.
6.      Gugup.

Babagan Sarira
1.      Asring ngebahaken satunggaling bagiyan sarira.
2.      Ngebahaken sarira kanthi tidha-tidha.
3.      Ngebahaken sarira kanthi mboten trep kaliyan inkang dipun ngendikakaken.
4.      Asring banda tangan.
5.      Asring ngukur talingan utawi grana.
6.      Nglebetaken asta wonten ing celana utawi beskap.
7.      Asring mresani cathetan.
8.      Mboten nggatosaken ingkang midhangetaken.

Tata Urutan Sesorah
1.      Uluk salam
2.      Atur pambuka
3.      Nyebat tamu ingkang rawuh
4.      Atur puji syukur sarta panuwun
5.      Isi/wigatining atur
6.      Pangajeng-ajeng utawi pangajak
7.      Panutup

PERTEMUAN KE-2
Urutan Sesorah Panatacara
1.      Salam, tuladhanipun:
a.          Assalamu’alaikum warohmatullahiwabarokatuh
b.         Nuwun
c.          Sugeng ѐnjing/siyang/sonten
d.         Om santi santi om
e.          Om swasti astu
f.           Salam karaharjan tumrap kula panjenengan sedaya
g.          Rahayu lan sanes-sanesipun
2.      Atur Pambuka
a.       Bismillahirohmanirohim, alhamdulilahirobbil alamin assolatu wassalamu‘ala asrofil ambiya’i wal mursalin, sayidina muhammadin waala-alihi washohbihi ajmain, ama bak’du.
b.      Robisrohli shodri wayasirli amri wahlul u’datan min lisani yaf qohu qouli.
c.       Mugi sih wilasa sarta barokah/berkah Dalem Gusti Allah ingkang Mahaagung tansah karentahna dhumateng kula saha panjenengan sedaya ing samenika saha ing salami-laminipun.
d.      Mugi nugraha sarta berkah Dalem Gusti Allah ingkang Mahawelasasih tansah kalubѐrna dhumateng sedaya umatipun sumambrah dhumateng kula saha panjenengan sedaya.
e.       Mugi kawilujengan sarta kabagaswarasan tansah kajiwa kasarira ing kula saha panjenengan sedaya.
3.      Atur Pakurmatan Dhumateng Para Tamu
a.       Para pinisepuh, para sesepuh, para aji sepuh
b.      Para pepundhen
c.       Panjenengan dalem para leluhur (tamu saking trah kraton)
d.      Para kadang mudha wredha
e.       Para pangemban pangembating praja minangka pandam pandoming para kawula dasih
f.        Para satriyaning nagari
g.       Para trahing sutresna budaya adi luhung (seniman)
h.       Para ulama
i.         Para bapak, para ibu
j.        Para pelayat
k.      Para takziyah
l.         Para asung bela sungkawa
m.     Para pambela sungkawa
n.       Para rawuh
o.      Para tamu
p.      Para lenggah.
Anggenipun nyebat tamu wonten nginggil, padatanipun dipunsarengi ukara pakurmatan wonten ing wingkingipun. Ukara pakurmatan ingkang dipunpilih kedah nggatosaken kedudukan/pangkat saha yuswanipun tamu ingkang dipunsebat. Tuladhanipun ukara pakurmatan inggih menika:
a.       Ingkang dahat pinundhi
b.      Ingkang kinabekten
c.       Ingkang tuhu wicaksanan ing penggalih sarta pamawas
d.      Ingkang tuhu kinurmatan
e.       Ingkang pantes sinudarsana
f.        Ingkang sutresna
g.       Ingkang kacelak ing kitab suci wahyu Ilahi (kangge ulama)
h.       Ingkang hanggung hamastuti dhumateng pepoyaning kautaman
i.         Ingkang minulya
j.        Ingkang tansah winantu ing suka basuki
k.      Ingkang dahat bagya mulya
l.         Ingkang sinuba ing pakurmatan.
PERTEMUAN KE-3&4
Atur Puji Syukur
a.       Sadѐrѐngipun, minangka panatacara ing adicara… ing titi wanci siyang menika, keparenga kula ngonjukaken puja puji syukur kunjuk wonten ngarsa dalem Gusti Allah SWT, awit saking pangayoman dalem kula saha panjenengan sedaya saged makempal ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
b.      Puja pangalembana saha syukur keparenga kula kunjukaken wonten ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang Murbѐngtitah, awit saking kawelasanipun panjenengan sedaya saged lenggah wonten papan menika saperlu ngestreni adicara … kanthi bagas waras mboten kirang satunggal menapa.
c.       Puja pangalembana kunjukwonten ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang Mahaagung, ingkang sampun mbabar sih daya pangaribawa tumanduk dhumateng kawula dasih, kacihna kula saha panjenengan sedaya saged pepanggihan wonten papan menika saperlu ngawontenaken adicara … kanthi rahayu nir ing sakara-kara.
d.      Langkung rumiyin kula minangka panatacara ing adicara … keparenga kula ngonjukaken puja pangalembana syukur wonten ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang Mahaagung, ingkang sampun mbabar sih daya pangaribawa tumanduk dhumateng kawula dasih, katiti ing kalodhangan menika kula saha panjenengan sedaya saged pepanggihan ing papan menika kanthi wilujeng kalis ing sedaya rubѐda.

Atur Panutup
a.       Kula minangka panatacara nyuwun agunging pangapunten hambok menawi anggen kula ndherekaken lampahing tatacara ing siyang menika pinanggih perkawis ingkang mboten mranani ing penggalih para rawuh sedaya. Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
b.      Pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula ndherekaken lampahing adicara ing siyang menika kathah klѐnta-klѐntunipun atur saha solah bawa ingkang mboten mranani, saѐstu kula minangka pranatacara namung saged ngaturaken kupat duduh santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten. Mugi rahayu ingkang tansah pinanggih, nuwun.
c.       Puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula ndherekaken lampahing adicara ing siyang menika pinanggih galap gangsuling atur saha solah bawa ingkang mboten mranani, saestu kula minangka panatacara namung saged ngaturaken dhahar sepat campur bakmi, sedaya lepat nyuwun agunging pangaksami. Mugi rahayu ingkang tansah pinanggih.
d.      Wusana, mbok bilih anggen kula marak saha matur wonten ngarsa panjenengan sedaya pinanggih cicir-ceweting atur saha tindak tanduk ingkang mboten mranani  penggalih, saѐstu kula namung saged ngaturaken jenang sela wader pari sesondheran, apuranta sedaya lepat kawula.




Lamaran

Assalamu`alaikum wr.wb.
            Linambaran kanthi hamemuji konjuk ngarsaning Gusti, mugi kula lan panjenengan sadaya pinaringan rahayu slamet. Kawula nuwun, panjenganipun para priyagung kakung putri ingkang kinurmatan. Para pinisepuh, sesepuh ingkang kula mulyakaken , mliginipun.... Panjenenganipun Bapakk saha Ibu … sakbrayat.  ingkang sanget-sanget kula kurmati.
            Sakderengipun kula matur, mangga sedaya ngunjukaken puji syukur wonten ngarso ndalem Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, kamulyan, saha katentreman. Katitik ing wedal menika, kula lan panjenengan sedaya makempal wonten ndalem ngriki mbonten wonten alangan satunggal menapa tebih saking rubeda  lan sambekala. Amien.
            Nuwun panjenenganipun Bapak saha Ibu… sekaliyan ingkang kinurmatan. Kula pun … minangka sesulih/wakil rayi kula pun adimas… sekaliyan garwa, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan.          Sepisan, Adhimas… Sekaliyan, ngaturaken salam taklim dhumateng ngarsanipun Bapak… sekaliyan, mugi katampia kanthi suka renaning penggalih. Kaping kalih, menggah wigatosipun kula sowan sakbrayat menika, namung dipunsuwun dening rayi kula adimas… sekaliyan, supados nyuwun pirsa  menapa leres bilih panjenengan menika estu-estu kagungan putra putri ingkang sesilih/nami pun…? Lan menapa leres bilih sakmenika taksih ijen saha dereng gadhah pacangan?
            Mbok bilih leres, putra adhimas … ingkang ngebun-ebun enjang anjejawah sonten,  kaliyan putri   bapak, badhe kadhaupaken.   Inggih anak kula jaler pun bagus … ingkang sakmenika ugi dherek wonten ngarsa panjenengan. Ambok bilih panglamar menika katampi, adhimas … sekaliyan ugi ngaturaken sesupe (ali-ali) minangka tangsulipun pirembagan saha ubarampe sawetawis minangka tandha tali asih katur dhumateng Bapak… sekaliyan. Kanthi menika mugi katampia kanthi suka renaning penggalih.
         Wasana, kula ingkang minangka wakilipun adhimas… sekaliyan, wonten atur kula ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging samodra pangaksama. Nuwun, wassalamu`alaikum wr.wb.


Waluyan Lamaran

Assalamu`alaikum wr.wb
            Mugi katentreman, karaharjan saha kawidadan tansah kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi amien. Nuwun, panjenenganipun Bapak … sekaliyan garwa dalasan brayat agung ingkang kula kurmati. Kula pun … minangka talanging basa Bapak … sekaliyan garwa kepareng matur wonten ngarsa panjenengan. Namung sakderengipun, mangga sesarengan ngunjukaken raos syukur mring ngarsanipun Gusti ingkang Mahawelas lan Asih ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan. Kula lan panjenengan sadaya sesarengan lenggah wonten ndalem mriki kanthi wilujeng. Tanpa manggih pepalang.
            Nuwun panjenenganipun bapak … sekaliyan, kula keparenga matur Sepisan: bapak … sekaliyan ngaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan ing griya ngriki dene mboten wonten rubeda menapa-menapa. Kaping kalih: Menggah paringipun salam taklim bapak … sekaliyan garwa, sampun kula tampi lan tumunten kula aturaken wonten ngarsanipun … sekaliyan garwa. Kaping tiganipun: Menggah lamaranipun anak mas … putranipun bapak … ingkang ngayunaken nimas ayu … estu damel kejoting/kageting manah kula. Bebasan yayah kajugrugan wukir sari kablabaran samodra madu bombonging manah kula tanpa pepindan.
            Ngengeti anak kula … menika tebih saking rupi warni tuwin ngelmi, pramila ingkang menika panjenenganipun bapak … sekaliyan iklas bilih putrinipun badhe kadhaup kaliyan nakmas … minangka tetimbanganing gesang sesarengan. Matur nuwun ugi  sedaya peparingipun tandha sih katresnan ingkang dipunparingaken dhumateng bapak … sarimbit. Gegandhengan sedayanipun sampun jumbuh lan gambuh, tumunten kalajengaken liru kalpika minangka tandha pangiketing raos lahir batin antawisipun nak mas … saha nimas ayu …. Mugi–mugi tetep dados jodhonipun saklami-laminipun. Amien.
            Puput pepuntoning atur, wonten solah bawa, muna-muni ingkang mboten damel sarjuning penggalih panjenengan. Kula  ngaturaken kupat duduh santen, wonten lepat nyuwun pangapunten, nuwun. Wassalamu`alaikum wr.wb



PERTEMUAN KE-6

Midodareni
Assalamualaikum wr.wb
Katentreman, kawilujengan, kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi. Nuwun, sanggyaning para pinisepuh sesepuh ingkang pinundhi-pundhi. Para satriya pangemban lan  pangembating praja, minangka pangayomaning kawula dasih ingkang winengku ing pakurmatan.
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati, sarta kadang mudha wredha (anem-sepuh) ingkang kula tresnani. Pinurwakan  kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, Ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha katentremankatitik ing dalumenika kula panjenengan sadaya saget makempal ing ndalem mriki, mboten wonten alangan satunggal menapa.
            Nuwun sanggyaning para tamu kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan. Keparenga kula cumanthaka jumeneng ing ngarsa panjenengan sadaya awit awrat ngemban dhawuhipun Bapa saha Ibu kinen dados talanging basa, nglantaraken titilaksana  tatacara Midodareni  ing dalu menika. Inggih kang putra ingkang asesilih nimas ayu … pikantuk kangmas bagus ….
Wondene rantaman tatacara Midodareni ing dalu  menika nuninggih:
Sepisan                          : calon penganten kakung (CPK) sakpangombyong rawuh kalajengaken  Pasrah-tinampi pisowanan CPK lan tandha tresna utawi peningset.                                                     
Kaping kalih                   : CPK ngunjuk toya wening ingkang dipun samektakaken dening Ibu … kalajengaken lung–tinampi tandha tresna  saking panjenenganipun Bapakk/Ibu …  dhumateng Bapakk/Ibu ….
Kaping sekawan             : Atur pambagyaharja ingkang badhe katindakaken dening Bapak ….
Kaping gangsal :  Upacara Nebus Kembar Mayang .
Kaping nenem              :  Wejangan “catur wedha “ 
Kaping pitu                   :  Pitepangan keluarga
Kaping wolu                 :  Tilik Nitik kalajengaken Kembul bujana
Kaping sanga               : Pamitan saha asrah-tinampi kancing gelung lan angsul-angsul minangka Paripurnaning tatacara.
            Bapak  saha Ibu para tamu ingkang sanget kula hormati. Mekaten  rantaman  tatacara midodareni  ing ndalu menika. Sakderengipun pawiwahan  menika kawiwitan .... Bapak saha Ibu kula dherekaken pinarak lenggah ingkang prayogi, sinambi midhangetaken larasing gendhing-gendhing ingkang kaaturaken dening kadang panata gendhing. 
Pasrah Ing Tatacara Midodareni

Assalamu’alaikum Wr. Wb
            Nuwun, panjenenganipun Bapak ... kulapun ... ingkang minangka wakilipun bapak ... sekaliyan,     kepareng   matur   wonten   ngarsa panjenengan.
Sepisan                        :awit berkah pangestu panjenengan, lampah kula sak-rombongan wiwit saking griya ... ngantos dumugi ndalem mriki wilujeng mboten wonten alangan satunggal menapa.
Kaping kalih                 :panjenenganipun bapak … sekaliyan  ngaturaken   salam   taklim,  mugiya   katur wonten ngarsanipun bapak … sakuluwarga.
Kaping tiganipun          :dene wigatosipun  anggen  kula  sowan,  kajawi  nyowanaken  putra   calon   pengantin    kakung    inggih bagus saperlu  nderek   nyantri, ugi masrahaken tanda tresna utawi tali asih ingkang mboten sepintena. Kanthi menika, kersoa nampi kanthi renaning penggalih.

            Saklejengipun tamtu kemawon anggen kula sowan ing ri- kalenggahan menika kathah lepat saha kirangipun, pramila  kula nyuwun agunging  pangaksama. Nuwun, wassalamu’alaikum Wr. Wb.   


Panampi ing Acara Midodareni

Assalamu’alaikum Wr. Wb
            Nuwun, panjenenganipun Bapak … ingkang minangka talanging basa panjenenganipun Bapak … sekaliyan ibu,  kulo pun ingkang minangka wakil saking Bapak … sekaliyan garwa, kepareng matur.
Sepisan                        :  Ngaturaken pambagya wilujeng sak rawuh panjenengan    sak rombongan wonten ing ndalem mriki kanthi widada nir ing sambekala.
Kaping kalih                 : Paringipun salam taklim saking calon besan, sampun kulo tampi, lan kula aturaken dhumateng ngarsanipun Bapak … sakuluwarga.

Kaping tiganipun           : Menggah pisowananipun   calon  pengantin kakung Anakmas lan  paringipun tandha tresna utawi tali asih, kula tampi kanthi  renaning penggalih lan estu-estu damel bombong sarta mongkogking manah kulawarga bapak ….
            Wusananipunanggen kula nampi rawuh panjenengan sak pangombyong, tartamtu kathah kekirangan lan lepatipun ingkang menika  kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun, wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Atur Pambagyaharja

Assalamu alaikum wr.wb. Katentreman, kawilujengan, kabahagyan, mugi kajiwa kasarira wonten ngarsa panjenegan sadaya, waradin sagung dumadi, amien.
Nuwun, wonten ngarsanipun para pinisepuh sesepuh ingkang tansah pinundhi-pundhi. Para alim ulama, kyai, ustad ingkang sanget dipun mulyakaken dening Allah SWT. Para tamu kakung putri ing sanget kula hormati. Wabil khusus panjenenganipun Bapak/Ibu sak brayat saking ingkang kinurmatan.
            Sakderengipun kula matur, mangga sami ngunjukaken Puji Syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, Taufiq, Hidayah lan Inayahpun , katitik ing siang menika kula panjenengan sadaya makempal kanthi kebak raos katentreman, kawilujengan mboten wonten alangan satunggal punapa.
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati. Kula minangka sulih sarira saking pamengku gati (sohibul bait) Bapak … sekaliyan, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan.
Sepisan            : Panjenganipun bapak … sekaliyan ngaturaken pambagya wilujeng mliginipun dhumateng  bapak/Ibu (besan) wonten ing dalem mriki kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kp. kalih         : Ngaturi wuninga bilih ing wedal menika bapak … sekaliyan ngaturi rawuh wontening  acara midodareni ingkang saperlu nyuwun donga pangestu panjenengan. Mugi-mugi badhe dhaupipun calon pinanganten pun-nimas ayu … lan bagus … benjang-enjang  manggiha gesang bagya mulya, tentrem ayem kebak mawadah lan waromahtemah dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah. Amien.
Kaping tiganipun : bapak … sekaliyan, nglenggana/ngrumaosi bilih anggenipun nampi rawuh panjenengan kathah kelepatan saha kekiranganipun, pramila kula nyuwunaken pangapunten.
Salajengipun bapak … sekaliyan ngaturaken panuwun dhumateng Bapak/Ibu panitia, tangga tepalih, sanak kadang pawong mitra ingkang sampun sabiyantu bot-repotipun bapak … sekaliyan anggenipun kagungan kersa mantu ing kalenggahan menika.
            Pungkasaning atur, kula ingkang kadhawuhan nyulih nyarirani panjenenganipun, bapak … sekaliyan. Temtu kathah kekirangan saha lepatipun, ingkang menika kula nyuwun agunging  pangaksama.  Nuwun, Wassalamu alaikum wr.wb


PERTEMUAN KE-7
Catur Wedha
Sepisan
Priya kang wus palakrama, tandang tanduke kudu wes beneh lawan nalikane isih jejaka. Mangkono uga wanodya kang wus den-emong dening priya kudu ngerteni yen wus ana kang ndarbeni. Mula tumindake tansah netepana wanodya kang wus ora lamban.

Kapindho                   
Jroning batin, sungkema marang maratuwa kadidene marang wong tuwamu dhewe. Awit kang padha mangun bebesanan pangrengkuhe marang putra mantu uga kaya putrane dhewe.

Katelu
Urip ing madyaning bebrayan agung, wajibe netepi angger-anggering praja lan tata susilaning pasrawungan. Pikolehe kinasih ing sasama, dimen sinuyudan temah anjalari gancar salwiring pambudidaya.

Kapingpat
Ngestokna dhawuhing Gusti Kang Mahaagung lan singkirana wewalering Kang Mahakuwasa. Wewarahing agama kang den anut, tindakna ing sadina-dina amrih ayem tentrem miwah rahayu ingkang pinanggih.


PERTEMUAN KE-8
Siraman
  1. Pambuka/purwaka
  2. Pamasanging bleketepe sarta jangkeping tuwuhan
  3. Tatacara sungkeman dhumateng rama ibu
  4. Doa
  5. Siraman penganten putri
  6. Wudlu
  7. Mecah kendhi
  8. boyong pengantin
  9. Pagas tumpeng utawi potog tumpeng
(ibunipun pengantin putri mundhut piring damel wadah pagasan pumpeng ingkang dados pralambang isen-isening jagat) 
  1. dulangan kaliyan ngucap “lamun sampun tumekaning sliramu netepi ulah kridaning priya wanodya, mula ywa linggar saka satataning sanggama dimen bagya mulya yuwana nir ing sambekala” iki tampanana ya nger rejeki saking gusti ingkang maha dumadi mugi...
  2. calon penganten putri dipunbeta wonten kamar.
  3. tatacara pugut rekma (saksampunipun dipun pugut dipun paringaken wonten gendogfo utawi mangkok).
  4. nanem rikma.
  5. dodol dhawet.
Cak-cakanipun panatacara wonten ing tatacara pasang bleketepe, jangkepipun tuwuhan saha siraman calon penganten.
Sakderegipun kawiwitan panatacara ngaturaken pambuka langkung rumiyin kanthi dipuniringi gendhing ingkang jumbuh upaminipain gendhing agun-agun Pelog Barang utawi gendhing Pramugari.
Mahardikeng tyas ring kamardikan, nugraha miwah sih wilasanippun Gusti ingkang Mahaagung, mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi raharja niskala satuhu.
Mligi katur para rawuh ingkang hangrasuk agami Islam ...
Para sesepuh myang pinisepuh  ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri ingkang satuhu kinasih ing gusti,  waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti dhawuhipun pamangku gati nuninggih bapak ... (ayah pengantin putri/ yang punya hajat) sekaliyan keparenga kula pun ...  (panatacara) marak ing ngarsa panjenengan awit ing titiwanci punika kula kadhawuhan mranatacara wonten ing adicara siramanipun .........(calon pengatin putri)
Para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Burat padha tresning putra, sisa brama welut wisa, hambok bilih wonten lumunturing sih, mugi keparenga kula anggaturaken reroncen lampah-lampahing tata cara pahargyan/ pawiwahan  ing   siang menika ingkang asasana ing ... (tempat /nama desa) amarengi hari ... surya kaping... (tanggal ) warsa masehi.
Reroncening tatacara iugkang sampun karancang nuninggih ingkang sepisan nuninggih  pambuka, dwityatcara utawi tatacara ingkang angka kalih nuninggih pamasanging bleketepe sarta jangkeping tuwuhan ingkang mangke badhe katindaaken dening bapak... sekaliyan.
Tatacara candakipun nuninggih siramanpun calon penganten putri (CPPI) kanti pinurwakan sungkemipun CPPI dumateng rama ibu.
Mangke ingkang badhe kasuwunan pangestu kanti hanyirami CPPI nuninggih kajawi bapak ... (pamangku gati)sekaliyan, ugi ibu... ibu... ibu... ibu... ibu... dene ingkang pungkasan nuninggih ibu ... minangka juru paesing penganten saking sanggar rias....
Ingkang piniji minangka duta saraya kinarya ngintun  toya tumuju wisma paleremanipun CPPA nuninggih Bapak… sekaliyan. Pagas tumpeng, pugut rekma ngantos dodol dhawet mangke badhe  kapratitisaken dening ibu... minangka juru  paes. Mekaten para rawuh menggah reroncen lampah lampahing pahargyan ing sonten punika, saklajengipun sinambi nengga, tumapaking tatacara, sumangga panjenengan sedaya kula derekaken hanyekecakaken lenggah simambi mangun, oneng, mangun rarasruming driya, sumangga nuwun.
Menawi sedaya sampun siyaga utawi sampun woten dawuh bilih pahargyan badhe dipun wiwiti panatacara sasaged saged enggal miwiti ngayahi damed langkung rumiyen matur dateng para tamu bilih pahargyan badhe kawiwitan.
Para rawuh kakung putri wredha muda minulya, samangke sampun tabuh utawi jam … WNIK. Nitik sasmita ingkang sampun kula tampi, sedaya sampun rumanti saha miranti ingkang punika nyuwun idi saha pangestu panjenenan, pahargyan ing sonten menika badhe kawiwitan.
Minangka purwaka utawi pambuka, sumangga panjenengan sedaya kula derekaken manungkupujabrata sumujud ing sahandhap pepadanipun Gusti ingkang Mahaagung anut pandam pandon, agami, sarta gegebenganipun sowang-sowang, estining manah mugi pahargyan ing sonten punika saged katindakaken kanthi gancar lancar sepi ing sambekala.
Namung mligi katur dumateng para rawuh ingkang hangrasuk Agami Islam sumangga panjengan sedaya kula derekaken maos basmalah sesarengan.
Saksampunipun mbikak, panatacara                saged nglajengaken, lampah-lampahing tatacara.
            tatacara pamasanging bleketepe sarta jangkeping tuwuhan badhe kawiwitan
sumangga nuwun.
lajeng gendhingipun mungel (kaset dipun setel) pamangku gati sekaliyan tumuju ing wiwaraning (Capura) pahargyan panatacara saged njantur utawi nyandra.
Kanthi asesanti ing lair angudi kardi jroning batin angesthi gusti, jumangkah, angangkah angungkih gati Bapak... (pamangku gati) sekaliyan tumuju ing wiwaraning sasana hargya. Saksampunipun tumuju ing wiwaraning sasana hargya Bapak... (pamangku gati) tumunten minggah undhak-undhakaning andha saperlu amasang bleketepe nuninggih blarak ingkang sampun kaanam.
Pramila Bapak... (pamangku gati) masang bleketepe minangka tanda yekti bilih panjenenganipun salah satunggaling panyengkuyung Trikarsa Budaya nuninggih ndudah, ngrembakakaken sarta ngegungaken, budaya Jawi tilaranipun para leluhur linuhung Jawi, mliginipun nulad duk-rikala Nyi Ageng Tarub mantu inggih awit rupeking papan tumunten yasa eden-eden  ingkang dumados saking kajang. Nut ing jaman kelakone samangke kagantos dening blarak ingkang sampun kaanam.
Saksampunipun masang bleketepe Bapak... amasang  jangkeping tuwuhan nuninggih cengkir gadhing sarta wulen pantun wontening wiwaraning sasana hargya.
                 panatacara saged lajeng nyariosaken werdinipun tuwuhan satunggal baka setunggal nanging kedah ngengeti wekdal jalaran sasampunipun masang jangkepipun tuwuhan pamangku gati badhe kasinungkeman dening CPPI.
Ing wiwaraning sasana hargya pinasang tuwuhan ingkang maneka warni, Pisang Raja, Tebu wulung, ron waringin, ron alang-alang, ron apa-apa, ron kluwih cengkir gadhing pantun Ian sanes-sanesipun satuhu amengku werdi.
Pisang raja mugi calon penganten saged nulad watakipun pisang ingkang saged gesang ing sadhengah papan. Liripun saged ajor-ajer, awor kang dhuwur ora katon endhek awor kang cendhek ora katon dhuwure. Tebu wulung mugi calon penganten tansah manggih memanis jumbuh kaliyan watakipun tebu ingkang dados  tuk sumbering memanis. Ron waringin  mugi tansah ingayoman dening nugrahaning Gusti ingkang Mahaasih tundhanipun saged hangayomi sanggya kulawangsanipun, memayu hayuning kulawarga, memayu hayuning bangsa syukur bage memayu hayuning bawana. Ron alang-alang, mugi anggenipun mangun bale wisma tansah pinaringan wilujeng, tentrem boten mangih pepalang menapa-menapa. Lan sanes-sanesipun sedaya sampun pinasang jangkep wonten ing wiwaraning sasana hargya.
Salajengipun pamangku gati  sekaliyan tumuju ing pendhapi, ing ngriku panjenenganipun badhe sinungkeman dening CPPI.
panatacara saged lajeng ngacarani tatacara sungkeman ugi saged ngaturaken laporan pandangan mata, upaminipun.
Kanthi lampah ndodhok calon pengatin putrid (CPP) sowan dhateng Rama Ibu. salajengipun kandhes mandhes lair kandasing batos CPP hangaturaken sungkem sinartan nyuwun pangestu mugi anggenipun sesuci nut satataning budaya lan agami pinaringan resik sarta suci lair sarta batosipun, gelar sarta gulungipun.
Brebel-brebel wijiling kang waspa nangis kang sungkem muwun kang disungkemi
saged ugi dipun lajengaken mawi sekar kagem ngetingalaken swasana trenyuh nganggem sekar ingkang jumbuh kaliyan swasana.
Mijil
Cilik mula cilaka wak mami
Manggung dadi lakon
Warna-warna wus nglakoni kabeh
Amung siji kang durung nglakoni
Mukti lawan mati
paran marganipun
Utawi saged nginaaken sekar-sekar sanesipun menawi sungkeman sampun rampung, panatacara lajeng ngaturi pamangku gati sekaliyan supados nganti CPP tumuju sasana pasiraman saged dipuniringi mawi gendhing utawi sekar.
               Para rawuh tatacara sungkeman sampun purna salajengipun Bapak… pamangku gati sekaliyan nganthi CPP tumuju ing sasana pasiraman. Sasana ingkang pinajang-pajang mawi pepasren ingkang maneka warni. Ing ngriku ketingal palenggahanipun CPP caket kalian beji minangka wadahing toya setaman. saksampunipun dumigi ing sasana pasiraman, CPP tumunten citralaka utawi foto sesarengan kaliyan rama dalah ibunipun.
Saksampunipun citralaka Bapak… pamangku gati nyuntak toya ingkang asalipun saking pitung sumber ing antawis toya kang kapendhet saking ...(kasebataken setunggal baka setunggal)
Saksampunipun ngracik toya, Bapak… lajeng hanyidhuk toya lajeng winadahan ing bokor ingkang kaasta dening ibu … inggih toya punika ingkang badhe kakintun tumuju wisma paleremanipun CPP kinarya jangkeping sarana siramanilpun CPP. Ingkang punika kula aturaken dhumateng bapak… sekaliyan wonten keparengipun jengkar saking palenggahan tumuju ing sasana pasiraman. Panjenenganipun badhe nampi sindhu setaman saking bapak… awit ingkang piniji minangka duta saperlu ngintun toya tumuju sasana/wisma paleremanipun CPP, sumangga nuwun.
                saksampunipun toya dipun tampi risang duta, siramanipun CPPI saged dipunwiwiti namung wonten ugi ingkang pinurwakan kanthi doa utawi hastungkara menawi dipun wiwiti doa rumiyin panatacara ugi nyumanggaaken
Para rawuh kakung putri wredha mudha minulya. Sakedhap walih siramanipun CPP badhe kawiwitan. Namung badhe pinurwakan kathi hastungkara utawi doa ingkang badhe pinandhegan dening bapak… katur dhumateng bapak… kula sumanggakaken.
Siraman Wiwit
Siramanipun CPP badhe kawiwitan. Sumangga nuwun.
ingkang nyirami dipun acarani setunggal baka setunggal saged dipunwiwiti ramanipun CPPI saged ugi juru paesing pinanganten. Panatacara prayoginipun njantur supados mboten ketingal sepen gending ugi dipunsetel.
            Purwakaning siraman dening ibu… (juru paes). Pancering cipta muhung katujoaken mring …. CPPI saksana hamurwani hanyirami CPPI, panduking pujo mantram sumbaga. Byur sepisan kasiramaken ing mustaka, nenggih dununging cipta myang panganggen-angen, padha sanalika sirna sakehing pamikir dosa, kawawa hamberat sagung sukertaning angga. kaping pindho, bahu kanan kering handayani seger sumyah bagas waras. Kaping tiga ingkang den gebyur dadha mangandap dumugi jejempoling pada yeku papan dununging pangrasa satemah dadya mencorong sumunar prabawa nggeguwung sumunar hanelahi.
            Samangke Bapak... badhe paring pangestu dateng kang putri kanthi hanyirami. Lampahe datan beda kalawan juru paes denira nyirami sepisan ing mustaka, kaping kalih bahu kanan kering, kaping tiga dadha mangandhap ngantos dlamaan. Mugi hanyembuh sentosaning manah deniarsa lelumban ing bebrayan agung. Sumingkir sakehing raos cecongkrahan tansah hangraket raos kekadangan ing satemah hanguwoh karahayon. Guyub rukun adhedhasar pangaji-­aji pantes tinepa palupi ingkang lire bisa dadi colok oboring jagad pasrawungan.
            Salajengipun ibu pamangku gati ugi badhe paring pangestu. Mateng kang putri kanthi nulad lekasanipun bapak…. Kasoking rasa tresna lan asih marang kang putri gegadhang mugi saged netepi kekudanganipun rama ibu. Pepuntoning wardaya mantheng ganthenging pangesthi panduking puja lang mantram sumbaga sinartan antebing tekad. Gumolonging sedya kawawa hambabar karukunan miwah kawilujengan.
Salajengipun CPP ugi nyuwun pangestu dumateng Ibu… katur Ibu… kula sumanggakaken. Ibu... sampun jengkar saking papan palenggahan tumuju ing sasana pasiraman. Salajengipun kanthi patrap ,ingkang ngarah-arah aririh. Panjenenganipun hanyirami CPP mugi saged hambengkas pancahingdriya hambabar gelaring hambek paramarta. Tetepa dadya patuladhan utama tumraping gesang bebrayan agung.
Sampun purna ibu…. hanyirami CPP tumunten kalajengaken ibu … samangke ugi sampun dumugi ing sasana pasiraman. Ngeningaken cipta sawetawis, saksampunipun wening ciptanipun, Ibu…  hanyirami CPP mugi nyawiji tekadipun nedya memayu hayuning kulawarga, keplasing cipta muhung hangesthi mring gusti murih sembada sawegung mangun karuntutan datan ana rasa benthik, sirna watak drengki srei. Saksampunipun ibu …kalajengaken ibu… kula sumanggakaken.
Ibu… samangke ugi sampun ngasta ciduk. Nyiduk sidhu­ setaman, salajengipun cukat cakut anggenipun hanyirami. Panjenengan ugi tansah nyenyuwun mugi CPP hangudi raket supeketing kekadangan. Sirik mring cecongkrahan hangraket marang sesama kebekan ing tepa salira, reksa rineksa, rasa rumongsa, duga prayoga sayekti bangkit handuwa marang kridhning ndriya kang tanpa tanja. Ing  wekasaning saget hambuka wenganing budi lan pakarti utama.
Kalajengaken Ibu… sumangga nuwun. Ibu… sampun tumuju ing sasana pasiraman salajengipun gya manungku puja brata nyenyuwun mring gusti kang akarya jagad. Salajengipun byur ibu… hanyirami CPPI ing pangajab mugi CPP tansah marsudi runtuting tindak lan ucap lire netepi bawa leksana, mardawa sarwa prasaja, tebih saking hambek cidra, ngegungaken pangapura.
Sasamrunipun ibu… CPP ugi nyuwun panngestu dhateng … ingkang punika katur          ibu… kula            sumanggakaken. Ibu… kanthi pinurwakan waosan basmalah hanyirami CPP. Mugi CPP tansah bekti mring rama ibu kadang wredha tuwin guru. Gumelar ing pasrawungan tansah mangun karuntutan satundha kabelik-belik lire manut kalungguhane sowang-sowang. Tan pisan­-pisan agawe serik kang anjalari runtik.
Sampun rampung Ibu… hanyirami CPP tumunten kalajengaken ibu… katur ibu… kula sumanggaaken. Ibu…samangke  hanyirami CPP. Sinartan nyenyuwun mugi CPP tansah atul nggennya manembah dhateng Gusti. Mugi tansah dados janma ingkang miguna ing aguna tan ngendak gunaning liyan satemah sambada kang sinedya hanyembuh wibawa lan sentosa.
 yen sedaya sampun rampung anggenipun nyirami saged kalajengaken adicara candhakipun.
Para rawuh ingkang satuhu minulyeng budi. Samangke calon penganten putri badhe sesuci anut wewarahing agami, kang den rasuk nuninggih agami Islam. Wudlu ingkang mijil saking lantingan utawi kendhi ingkang kaasta dening bapak... PG. Sur pancur banyu kendhi sok glogok banyu genthong, pangestunipun bapak ... sekaliyan tumanduk dhumateng CPP. Inggih pangestunipun Rama Ibu ingkang dados pamusthi utawi pawitan anggenipun badhe nglampahi dhaup silakrama benjang enjang. Ngantos telas isining lantingan utawi kendhi, saksampunipun telas isining lantingan bapak… anindakaken tatacara pecah kendhi utawi mecah lantingan. Sakderengipun lantingan dipun banting, bapak .... sekaliyan ngendika “ora pisan-pisan mecah kendhi nanging  mecah pamore anakku.” Prollll pecah lantingan dipunbanting, pecahing lantingan minangka tandha yekti bilih samangke sampun pecah pamoring CPP. Salajengipun calon penganten putri kabopong dening bapak … tumuju sasana busana saperlu lukar busana patelesan gantos busana pasadan.
Para rawuh samangke CPP nembe lukar busana patelesan gatos busana pasadan. Ingkang punika sinambi nengga CPP anggenipun gantos busana sumangga panjenengan sedaya kula derekaken rerem sawetawis. mangke hambok bilih CPP sampun rampung anggenipun gantos busana badhe kalajengaken laksitacara candakipun. Sumangga para rawuh sugeng rerem nuwun.
Menawi sampun wonten sasmita bilih CPP sampun rampung anggenipun gantos busana. Panatacara saged anglajengaken tatacara candakipun nuninggih pagas tumpeng utawi potong tumpeng.
            Para rawuh sampun rampung calon penganten putri anggenipun gantos busana. Pramila sumanga panjenengan sedaya kula derekaken tumapak wonten laksitacara candakipun nuninggih pagas tumpeng utawi potong tumpeng. Para rawuh bapak… ingkang amagas pucuking tumpeng. Tumpeng ingkang sampun kapagas tumunten winadhahan ing piring ingkang. Dipunasta deningIbu…. Salajengipun ibu… mundhut  lelawuhan utawi rampadan ingkang sampun cumawis. Rampadan ingkang manekawarni, minangka pralambang isen-isene jagad ingkang manekawarna ugi. Saksampunipun jangkep tumunten kaaturaken dumateng bapak…  salajengipun bapak… handulang CPP. Jroning  handulang panjenenganipun ngendika “nini ngger anakku lamun wahyaning mangsa kala sliramu mangun olah kridaning priya wanodya mula ywa lingggar saka satataning sanggama dimen bagya mulya yuwana lair Ian batin".
            Kaping tiga bapak… anggenipun ndulang. Salajengipun ibu paring toya wening dumateng CPP. Tumunten gentosan ibu… handulang CPP ingkang paring tirta wening. Jroning handulang CPP ibu… ngendika "nini ngger anakku, iki tampanana ya nger rejeki peparinge gusti kang murbeng dumadi. Pangajab panyuwunku muga sliramu tansah pinaringan kecukupan temah bagya mulya yuwana lair Ian batin.”
yen sampun dipunparingi tirta wening dening bapak… lajeng CPP dipunkanthi dateng kamar awit badhe katindakaken tatacara pugut weni utawi pugut rikma.
Para rawuh, samangke CPP kakanthi tumuju ing tepas wangi ing ngriku badhe katindaaken tatacara pugut rikma (potong rambut). Bapak… samangke hamugut rikmanipun CPP pucuking rikma ingkang kapugut. Salajengipun cinemplungaken ing kendhaga cinampur kaliyan tirta setaman. Mekaten ugi ibu… ugi amugut rikmanipun CPP. mangke rikma ingkang sampun pinugut badhe katanam ing papan ingkang sampun piniji. Para rawuh, samangke bapak… sekaliyan tumuju ing papan ingkang sampun piniji saperlu nanem rikma ing pangajab mugi ical sedaya mala sukertanipun CPP ing satemah resik jiwa lan raganipun. Inggih resiking jiwa lan raga ingkang dados pancadan anggenipun badhe nglampahi dhaup silakrama nut satataning pamarentah saha agama ingkang den rasuk benjang enjang.
            Saksampunipun nanem rikma ibu… tumaju ing pandhapi saprelu tata-tata badhe nindakaken tatacara candakipun nuninggih dodol dhawet utawi sade dhawet.
      sampun ketingal ibu… sekaliyan bapak tata–tata, panatacara saged nglajengaken.
Para rawuh samangke sampun katinggal ibu… hangindhit senik, jinajaran dening bapak… ingkang ngasta songsong. Salajengipun, byak binuka songsongipun. Ibu… jinajaran dening bapak… gya jumangkah tumuju sasana sade dawet. Saksampunipun dumugi ing sasana sade dawet ibu… pinarak ngasta cidhuk ngudhak dhawet. Salajengipun nyidhuk dawet winadhahan ing gelas tumunten kaaturaken dhumateng bapak kinen ngicipi kados pundi raosipoun dawet ingkang badhe kasade.
Ibu… lajeng ngaturaken dawet dumateng bapak… ngicipi dawet. panatacara nglajengaken ngendikan.
Salajengipun ibu matur ‘piye pak rasane’ bapak ngendika ‘seger sumyah sumrambah wong saomah.’ Salajengipun, bapak tawi dawet dhumateng para rawuh. Pamangku gati dipunaturi mic kangge tawi dawet.
salajengipun panatacara ngambali tawi dhawet dhumateng para rawuh, gendhingipun saged dipun setel.
Mangga para rawuh panjenengan kula dhereaken mundhut dawet ingkang kasade dening ibu… mangga-mangga dawet ayu saking….  damelanipun ibu… Caranipun kanthi liron kreweng ingkang sampun bapak saha ibu asta.
anggenipun tawi saged dipun wongsal-wangsuli yen wonten dawet saksampunipun ngunjuk dawet tamu dipun aturi dahar para tamu lajeng ngaturi  daha
Para rawuh, awit pamintanipun pamangku gati sekaliyan saksampunipun panjenengan ngunjuk dhawet para rawuh ingaturan mundhut dhaharan ingkang sampun kasamaptakaken dening biyantu karya ing reh bujana. Ingkang punika sumangga para rawuh, panjenengan kula dherekaken jengkar saking papan palenggahan tumuju ing sasana bujana mundhut dhaharan kanthi mardikaning panggalih sugeng dhahar nuwun.
yen anggenipun sade dhawe.  rampung panatacara nglajengaken acara candaipun.
Para rawuh sampun rampung ibu… anggenipun sadhe dhawet salajengipun badhe tumuju ing patenggan saperlu ngetang asilipun sade dhawet saha maringaken asilipun sade dawet dhumateng CPP.
Para rawuh kakung putri wredha mudha minulya setunggal baka setunggal lampahing tatacara pahargyan ing sonten punika sampun saget katindaaken kanthi raharja. Wahyaning mangsakala wus ndungkap titipurnaning pahargyan wonten ing sungapaning pahargyan kula pun… hambok bilih anggen kula ngayahi jejibahan wonten galab gangsuling atur, kitaling basa, kiranggin subasita myang tatakrama kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami. Jagra hangkara winangun, sujana marjayeng westhi puwara kasub kawasa wasita jro wedha muni. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti. Sugeng sonten sugeng kondur minangka panutuping atur bilahi taufik walhidayah wasalamualaikum wr.wb. nuwun, nuwun, nuwun.











PERTEMUAN KE-9
Pasrah Pengatin Priya
            Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam. Assalamualaikum wr.wb.
            Sabda minangka panggeh, tembung minangka kekenceng, inggih wacana minangka panancang. Netepi darmaning kekadangan turta sampun sumanggem mring sesanggeman, keparenga kula marak ing ngarsa panjenengan, awit titiwanci punika kula kadhawuhan dening bapak… sekaliyan kinen matur dhumateng bapak… sekaliyan.
            Ingkang punika keparenga kula amurweng gati. Bapak… ingkang minangka sulih sariranipun bapak sekaliyan ingkang kinurmatan. Sepisan     : kepareng matur bilih sowan kula sakadang sakingngantos dumugi ing ngriki tansah manggih wilujeng, boten wonten pepalang menapa. Sedaya awit saking berkahing Gusti lumantar pangestu panjenengan.
Ingkang angka kalih: lumantar kulo bapak… sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur dumateng bapak… sekaliyan. Ngancik ingkang angka tiga, inggih tritiyeng gati. Pisowan kula mestuti dhawuhipun bapak… sekaliyan turta jumbuh kaliyan rancangan sowan kulo sakadang. Dalu punika sampun anganti calon pengantin priya pun…. Pramila tumunten kula pasrahaken dhumateng bapak… sekaliyan sinartan panyuwun mugi keparenga amaringi wewarah, wewuruk sangu-sanguning abalewisma.
Bapak… ingkang kinurmatan, sowan kula sakadang ing dalu menika ugi kinanten uba rampe saha sarat sarana ingkang sanadyan wujud sarta ajinipun boten sepintena nanging mugi sedaya saget dados sarat sarana murih raket supeketing kekadhangan ingkang antawisipun keluarga bapak… lan keluargabapak … ing ngriki. Sedaya kula pasrahaken dhumateng bapak… sekaliyan.  
            Bapak ... inkang kinurmatan, kirang trep hambok bilih anggen kula matur anggandhar-andhar angendhukur. Pramila, damar mancung cinupet semanten atur kula hambok bilih anggen kula minangka dados sesulih kathah kirangipun keparenga hambedhah kuthaning pangapsami.
Miangka panutuping atur wasalamualaikum Wr. Wb.


Panampi ing Pahargyan Midodareni.
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam. Assalamualaikum wr.wb.
Tumrap para kadang muslimin, muslimat, asalamualaikum Wr. Wb. Minangka talangbasanipun bapak ... sekaliyan kepareng kula pun … nggempil kamardikan para rawuh saperlu ananggapi pangandikan bapak … sekaliyan ingkang lumantar bapak ….
Bapak … ingkang kinurmatan, trajuning sih saking bapak …  sekaliyan ingkang sampun rawuh ing ngriki satuhu adamel bombong sarta mongkokipun bapak … sekaliyan. Ingkang punika lumantar kula bapak … sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Salajengipun ugi sampun kula tampi salam taklim saking bapak …  sekaliyan tumunten badhe kula aturaken dhumateng bapak … sekaliyan. Bapak … ingkang minulyeng budhi. Rawuh panjenengan ingkang sampun anganthi calon pengatin priya pun dimas bagus… adamel suka gembira manahipun bapak …  sekaliyan. Pramila kanthi raos bombong katampi pasrahipun calon pengantin priya.
Kula ugi ngaturaken panuwun igkang tanpa upami tumrap sedaya sih peparingipun. Mugi hamimbuhi manunggaling tekad badhe sesarengan ngumpulaken balung apisah lumantar bebesanan. Salajengipun dhumateng bapak … sakadang sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken lelenggahan sinambi paring pangestu mugi calon pengatin anggenipun badhe nglampahi daup silakrama benjang enjang tansah pinaringan wilujeng nir ing sambekala.
Mekaten atur kula hambok bilih wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih panjenengan kula nyuwun lumunturing sih samudra pangapsami. Wasalamualaikum wr. wb.
  





PERTEMUAN KE-9
Pambagyaharja
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Mahaagung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam. Assalamualaikum wr.wb.
Para sesepuh myang pinisepuh  ingkang pantes sinungkeman. Para sanak kadang sentanawarga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja. Para rumaja putra rumaja putri ingkang satuhu kinasih ing Gusti,  waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Minangka purwakaning atur, keparenga kula ngaturaken pambagya wilujeng. Saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan tumrap rawuhipun panjenengan sedaya.
Ing salajengipun, mugi kepareng kula angambali atur uninga. Bilih wontenipun pajenengan sedaya karawuhaken wonten ing wismanipun Bapak….Ing ri-kalenggahan punika wigatos kasuwun pangestu saha kasuwun anjenengi anggenipun amiwaha putrinipun ingkang asesilih… pikantuk putra panenggaipun Bapak… sekaliyan saking … ingkang akekasih ….
Lumanthar kanthi puja-puji panjenengan sedaya, mugi-mugi Gusti ingkang Mahatunggal aparing nugraha agung dhumateng pengantin kekalih minggahipun ingkang sami mangun bebesanan. Mugi saget ambabar karahayon. Guyub rukun rerentengan-reruntungan anggenipun sami mangun bebrayan/balewisma enggal, widodo nir ing sambekala. Mugi kadumugen kang sinedya, ing satemah mahanani bagya mulya yuwana lair lan batos ing donya prapteng dlahan.
Boten kasupen Bapak… ngaturaken angunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Paringipun dana ingkang maneka warni, ingkang boten saget kaaturaken satunggal baka satunggal. Pamangku gati sekaliyan boten saget caos tetimbangan punapa-punapa. Kejawi amung tansah nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang Murbengtitah. Mugi kepareng anglunturaken sih nugraha dumateng panjenengan sedaya, satraju kaliyan sih kadarman panjenengan.
Ing wasana dammar mancung cinupet semanten atur kula. Hambok bilih wonten muna muni, tandhang graying, kitaling basa, lan kiranging subosita kula titah sak wantah nyuwun agunging samudra pangaksami.  

Panatacara Membuka Acara.
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Mahaagung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam. Assalamualaikum wr.wb.
Para sesepuh myang pinisepuh  ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri ingkang tansah kinasih ing Gusti,  waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti dawuhipun pamangku gati nuninggih bapak … ayah pengantin putri/yang punya hajat) sekaliyan keparenga kula pun … (panatacara) marak ing ngarsa panjenengan awit ing titiwanci punika kula kadhawuhan mranatacara wonten ing pawiwahan dhaupipun … (nama pengantin putri) putrinipun bapak… ayah pengantin putri) sekaliyan, kaliyan dhimas … (nama pengantin laki-laki) priyatmajanipun bapak…(ayah pengantin putra) sekaliyan saking….
Para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Burat padha tresning putra, sisa brama welut wisa. Hambok bilih wonten lumunturing sih. Mugi keparenga kula anggaturaken reroncen lampah-lampahing tatacara pahargyan/pawiwahan  ing   siang punika ingkang asasana ing…(tempat/nama desa) amarengi hari…surya kaping…           (tanggal) warsa masehi.
Menggah reroncening tatacara pahargyan/pawiwahan ing siang menika nuninggih.
1.      Sepisan pambuka utawi purwaka.
2.      Dwi tyat cara utawi tatacara ingkang angka kalih. Praptanipun calon penganten priya ing sasana hargya tumunten kalajengaken pasrah panampining pengantin priya. Pasrah pengantin priya mangke badhe katindakaken dening bapak…(wakil orang tua pengantin priya), dene panampi mangke badhe katindakaken dening bapak …(wakil orang tua pengantin putri).
3.      Purnaning pasrah panampining pengantin priya tumunten badhe kadhaupaken nut tatacara adat Jawi tilaranipun para leluhur linuhung Jawi.
4.      Panggihing pengantin ing mangkeh badhe karegengaken dening ibu…(nama juru rias) saking sanggar rias… kalebet tatacara candakipiun ngantos sungkeman utawi ngabekten sedaya mangke badhe kapratitisaken dening rising juru paes ( juru rias).
5.      Tatacara candakipun atur pambagyaharjo saking pamangkugati sekaliyan ingkang badhe katindakaken dening bapak… (wakil orang tua pengantin putri) ingampingan/jinajaran dening bapak… (nama orang yang mendampingi) tuwin bapak … (ayah pengantin putri.)
6.      Sak-paripurnaning pambagyaharja, para rawuh kepareng paring pudyasta warja, pudyastuti dumateng pengantin sekakaliyan minggahipun ingkang sami mangun bebesanan kanthi ajawat asta utawi salaman.
7.      Saksampunipun paring pangestu kanti ajawat asta, para rawuh ingaturan tumuju ing sasana bujana saperlu mundhut unjukan sarta daharan ingkang kasamaptaaken dening para kadang biyantu karya ing reh bujana nuninggih para kadang saking … (Catering). Mekaten para rawuh reroncen lampahing tatacara pawiwahan ing siang punika. Ing salajengipun sinampi nengga tumapaking adicara saha tatacara sumangga panjenengan sedaya kula derekaken hanyekecakaken lenggah sinambi mangun oneng mangun rarasruming driya utawi kangen-kangenan. Sumangga nuwun.

Nutup Pahargyan
            Para rawuh ingkang dahat kinurmatan setunggal baka setunggal lampahing tatacara pahargyan ing dalu punika sampun katindaaken kanthi raharja. Wahyaning mangsa kala wus ndungkap titipurnaning panargyan. Wonten ing sungapaning pahargyan kula pun… ingkang piniji pinitaya minangka panatacara hambok bilih anggen kula angayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur kiranging subasita myang tatakrami kula nyuwun lumunturingsih samudra gung pangaksami.



Ngaturi Dhahar Para Tamu
            Para rawuh kakung putri wredha mudha minulya samangke sampun tabuh…(jam/waktu) wekdal nuswantara iring kilen (WNIK). Pahargyan ketingal saya muyeg, regeng turta guayeng. Gayeng regengipun pahargyan kejawi awit sinengkuyung dening para kadang pamangku gati ingkang sinepuhan dening …(ketua panitia). Ugi awit saking rawuhipun para sesepuh, pinisepuh sanak kadang ingkang sedaya tansah sok glogok angenipun paring pangestu.  Sedaya adamel bombong manahipun pinangantin kekalih langkung-langkung pamangkugati sekaliyan. Ananging saksampunipun kula taliti kanti premati pangestu panjenengan dereng nama jangkep menawi  panjenengan dereng kepareng minangkani panyuwunipun pamangkugati sekaliyan. Panyuwunipun namung setunggal, para rawuh ingaturan jengkar saking papan palenggahan tumuju ing sasana bujana. Panjenengan sedaya ingaturan mundhut unjukan sarta daharan ingkang sampun kasamaptakaken dening risang biyantu karya ing reh bujana. Ingkang punika sumangga para rawuh. Sugeng dhahar sugeng ngunjuk kanthi mardikaning penggalih. Simanbi midangetaken ungeling gendhing-gendhing ingkang kaaturaken dening kadang paniti pita swanten. Sumangga nuwun.

Wasita Adi (Kata-Kata Mutiara)
-         Triprakara kang tankena kapurba dening pangwasaning manungsa, siji tekaning kabegjan, loro temuning jodho, telu tibaning pati.
-         Manungsa wenang angrancang, muhung gusti kanga paring pasti. (Ki Nartosabdo)
-         Ing lair angudi kardi, jroning batin angesti gusti. (Ki Nartosabdo)
-         Sapa sugih sedulur sasat sugih apager wesi. (Jawi Kina)
-         Sapa weruh panuju bakal rahayu lan bakal katekan kang dituju. (Jawi Kina)
-         Sapa tekun kanthi ateteken mesti bakal katekan. (Ki Nartosabdo)
-         Aja lali sumber mundhak aber, lali sumber bakal ketiwasan. (Ki Nartosabdo)
-         Sing sapa mbibiti ala wahyune bakal sirna. (Ki Nartosabdo)
-         Kridhaning ati tan bisa mbedhah kutahing pasti, budhi dayaning manungsa ta kuwawa handhuwa garisig kang kuwasa. (Ki Nartosabdo)
-         Muga-muga jeneng ira (pengantin kekalih), tansah pinaringan nugrahaning gusti kang maha mirah lan maha asih. Pinayungan ing kayuwanan, ayem, tentrem, sepi ing sambekala, linuludhan drajat semat pangkat sarta sinandhangan ing suka basuki, wirya widodo. ( Ki Ageng Sarwadi Probowidjojo)
-         Dak kekudang mugi sira bisa-a angayomi, angayemi, angayani, sarta angayani sakulawangsane. (Ki Ageng Sarwadi Probowidjojo)
-         Dak gegadhang ing tembe dadya janma pinasthika kang kasinungan triprakara. Guna, gunem, myang gunawan. Guna, lire kasinungan kapinteran lan migunani bebrayan. Gunem, werdine micara sarta mardawa basa. Gunawan, tegese anteng lan antep. (Ki Swagotra)
-         Muga-muga  pinanganten kekalih jroning lironsih padha tansah silih asah, silih asih lan silih asuh, tan pisah sarikma pinara sasra. (Ki Swagotra)
-         Mugi-mugi pinanganten kekalih tansah atut-runtut renggang gula kumepyur pulut guyub rukun rerentengan reruntungan ing donya prapteng delahan. (Ki Swagotra)
-         Mugi mugi sri-pengantin kekalih minggahipun ingkang sami bebesanan. Sanityasa manggiha nugraha, bagya mulya, yuwana lair batos, wiwit saking marcapada dumugi ing lokabaka. Linuludan ing drajat, semat, keramat sarta sinandhangan ing suka basuki.
-         Dadosa tiyang ageng ingkang agung, ageng kalenggahanipun sarta kawibawanipun miwah agung bebudenipun. Antrang bebasan her-gung raja manung, dasar sugih, sigih turta sembada ing samudayanipun.
-         Sagah kajibah, mingkuh katempuh para rawuh, labet saking awrat     angemban ayahaning gati, turta sampun sumanggem liring sesanggeman,, pramila mboten sakadaring lampah sagaduking manah, senadyan anempuh bebasan ateken janggut asuku jaja, wewangsalan mrica kecut waton muni, mugi keparenga kula ngaturaken gupitaning wacana reroncen saastra wosing sedya kanthi reringkesan.
-         sabda minangka panggeh, tembung minangka kekenceng, inggih wacana minangka panancang mugi keparenga kula mangejawantahaken bebundhelaning cipta sumirating rasa, tuwin pagedhonganing karsa anggen kula piniji ing kardi, pinitaya ing karya  nuninggih amasrahaken calon penganten priya. (Ki Swagotra)
-         wijang wijiling wicara, cetha ngegla wahyaning wacana, ing satemah kawawa amiyak warana narbuka sedyatama, tumandhuk dumateng para sesepuh miwah pinisepuh ingkang sampun kepareng rawuh wonten ing wisma pahargyan punika.
-         Kemrungsunging cipta kumrengsenging rasa, kumrangsanging karsa, mahanani tuna dungkaping karya, sandhe kang sinedya, kadya sumumpel ing jangga ing satemah tan bangkit angandika pribadi. Daya-daya anglintir jejibahan, mitaya sulih sarira sung pudyastawarja. (Ki Swagotra)
-         Peputra ginadhang-gadhang  dadya taruna ngungkuli bapa. Ywa kongsi mrucut saka kekudangan, ucul saka ngembanan, nalisir saka rerantaman, myang ywa kongsi linggar saka kautaman. (Ki Swagotra)
-         Dadya janma pinastika mustikaning pra sujanma kang kawawa nahen hawa, bangkit angendali diri. Sanityasa karyenak tyasing sesama, nindakake trikarsa budaya, amemayu hayuning bawana. (Ki Swagotra)
-         Aja kesusu ngluputake benering liyan, lan aja sumengka andhaku sarta mbenerake lupute dhewe.  (Ki Nartosabd

PERTEMUAN KE -10&11
Wataing Dina lan Pasaran
Dina





No
Dina
Watak
Angka



1
Senin
Soma
4



2
Selasa
Anggara
3



3
Rabu
Budha
7



4
Kamis
Respati
8



5
Jumat
Sukra
6



6
Sabtu
Tumpak




7
Minggu
Radite




Pasaran





1
Pon
Palguna




2
Wage
kresna/ cemengan




3
Kliwon
Kasih




4
Legi
Manis




5
Paing
Jenar







Tuladha Salam Pambuka
Islam, Assala-mualaikum warrahmatulla-hi wabarakatuh
Kristen, Sih rahmat lan tentrem rahayu saking allah rama kita tuwin gusti yesus sang putra mugi tansah wontena ing kita sedaya.
Hindhu, aum swasti astu
Salam Umum/Netral
-         kula nuwun
-         winantu ing pakurmatan
-         mahardikeng tyas ring kamardikan
-         kasugengan miwah katemtreman mugi kasarira ing kita sedaya.
-         Nugraha gung mugi tansah lumuntura dating kita sawegung.
-         Nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang aha tunggal, mugi sanityasa sumandha wonten ing jiwanggo kita, waradin sagung dumadi, raharjo niskala.
-         Kasugengan, katentreman kabagyan, kamulyan, miwah pepajaring gusti ingkang maha tunggal mugi tansah kasarira ing jiwaraga kita, waradin sagung dumadi.
-         Winantuing panembrama.
-         Winantu ing santi puja
-         Winantu ing palingga murda


Nglenggahaken Temanten Putri

          Sampun wonten sasmita bilih sri temanten putri anggenipun ngrasuk busana wontening tepas wangi (kamar penganten)  sampun paripurna. Tumunten kalenggahaken ing sasana rinengga (pelaminan) ingkang dipunkanthi Ibu …saha Ibu …. Tindakipun sri penganten putri ambabar Ketawang Puspawarna.
            Mencorong pindha barleyan sumorot pindha srengenge, lah menika ta atmaja sri penganten putri nimas ayu …. Kinanthi manjing ing sasana kursi rinengga (pelaminan). Yekti sang pinanganten putri pinunjuling warni. Bebasan pucuk rambut tumekaning pada ampeyan tan wonten kuciwanipun.   Apa ta agemanira?Angagem cundhuk mentul ingkang winangunkalawan cundhuk wulan tumanggal. ebah-ebah kinarya lumampah pindhane wanodya kang ngawe-awe marang pacangane.  Ukel rinengga puspita katumpangaken ing  jaja pindhane teksaka ingkang nedheng lumampah (ula mlaku).  Ageman kebaya warni cemeng sinulam benang emas, dhasar angagem sangsangan rukmi mila kasoroting pandhang  pating calorot pating galebyar kaya lintang aliyan.
Sinjang sidomukti, kacetha bilih sri penganten nedya nggayuh kamukten gesangipun. Ngagem canela warna langking (cemeng ) sinulam benang  emas. Lumaksana lon-lonan yen cinandra tanpa beda prameswari nata. Nalika samana risang temanten putri wus lenggah anggana raras (piyambakaan). Jroning manah hamung tansah hangengrantu (nengga) rawuhipun kang garwa.  
(gendhing suwuk/mandheg)

Temanten Kakung rawuh.
            Sagung para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan. Katingal mancorong tejane nenggih warnane temanten kakung pun bagus … kairing  rama ibu sekaiyan, menapa dene para kluwarga. Tumunten tumuju dhumateng sasana wiwaha.
Tindakipun sri penganten kakung kinurmatan ungeling Ladrang Wilujeng. Bagus  warnane anom dhasare tur sembada wiratama nenggih menika ta risang penganten kakung pun bagus …. Apa ta agemanira? ngagem dhestar pinarada mas byur, sesumping kembang kanthil, kekalung melathi rinonce. Agemanira cemeng sinulam benang mas sami kang garwa. Paningset cindhe, epek baludru, wangkingan warangka ladrang ukiran nunggak semi. Ponang kang wrangka pinaringan sekar melathi, ebah-ebah kinarya lumampah tanpa beda kaya jejaka kang ngawe-awe marang pacangane.
Sinjang sidomukti sami kang garwa kinasih, canela warni cemeng nggameng. Bagus bergas tanpa beda kaya narendra gung ingkang nedya sinewaka. Nalika samana denya lumampah sampun dumugi ing papan pawiwahan, tumunten kaadani titilaksana upacara pasrah-panampi penganten kakung, nuwun.

PERTEMUAN KE 12&13

Panggih
           
            Wus ndungkap wahyaning mangsakala panggihing sri penganten nenggih Ayu … lan Bagus ….Ungeling lancaran kodhok ngorek mangungkung kadi canthuka nggegantang mangayubagya panggihing penganten. Kocapa kang cinarita, nalika samana lampahnya sang temanten wus celak-wus celak, saksana sami pepandengan catur netra temah mbabar daya pangaribawa ngantos mahanani geter jroning nala. Dupi wus caket sigra risang  temanten kakung ambalangaken  sedhah lininting ingkang sinebat gondhang tutur.
Gentos sang penganten putri ugi ambalangaken sedhah lininting ingkang sinebat gondhang kasih. Apa ta werdine ron  suruh, Ron suruh lumah lan kurebe yen dinulu seje rupane , lamun ginigit tunggal rasane  Mengku teges nadyan sajuga priya sajuga wanita, nanging sampun manunggal cipta rasa lan karsane nedya mangun bebrayanan kanthi pancadaning palakrama.
Saksana risang penganten putri lenggah timpuh sarwi sumembah dhumateng kang raka, mengku pasemon arsa setya bekti dhumateng guru laki  ngantos sak lami-lami. Sigra sang penganten kakung ngidak tigan. Ponang kang tigan kapidaking pada tengah pecah … saknalika, kaprahing tembung ngidak wiji dadi, kinarya pralampita nedya misah kaliyah rama-ibu, nedya madeg bale wisma  mandireng pribadhi.
Daya-daya risang penganten putri hamijiki pepadaning kang raka mawi toya sekar setaman ingkang winadhahan bokor kencana. Apa ta werdine. Bilih suku menika kagem tindak lire…..ngicali tindak tanduk sikep laku pakarti ingkang mboten sae. Sakathahing sambekala bisoa sirna, sebel sial bisoa uwal, pepalang bisoa ilang hawit saka pangaribawaning Kang Maha Wikan.
Katingal jumeneng jajar sri temanten, daya-daya Ibu … nyingebaken sindur dhumateng pundhakipun sri penganten, dene pucuking sindur kaasta panjenenganipun bapak …  binayangkari sri-penganten manjing ing sasana pawiwahan. Apa ta werdine kang rama wonten ngajeng?  Lire tansah hanenuntun dhumateng sri temanten saha lumakua dalan kang  bener tuwin pener. Dene kang Ibu mapan wonten wingking tansah tut wuri handayani. Yekti limang  prakara kang tanpa bisa ngungkuli garising Kuwasa: siji pesthi,  loro jodho, telu wahyu papat kodrat lima bandha donya, sedaya hamung kapurba-kawasesa wonten astaning Gusti Kang Mahakuwasa. Pambudidayaning manungsa mboten saget ngungkuli garisang Kawasa, kridhaning ati tan kuwawa mbedhah kuthaning pasthi.
            Nalika samana sampun dumugi ing sasana kursi rinengga. Tumunten kalajengaken adat Krobongan, kawiwitan saking upacara bobot timbang/pangkon. Panjenenganipun bapak hamangku putra pinanganten, ingkang kakung mapan ing jejengku kanan dene kang putri mapan ing jejengku kering. Salajengipun kang Ibu mundhut pirsa. “abot endi bapakne? putramu sakloron iki abot endi bapak? Lajeng dipunwangsuli,”Padha abote ibu. Muga-muga putramu sakloron iki timbang katresnane lan timbang gegayuhane bu”
Tumunten kalajengaken tanem jero ugi winastan nglenggahaken sri temanten, bebasan nandur becik tukhul becik, jenak jinem tentrem ayem anakku sakloron anggone jejodhohan nganti kaken-kaken lan ninen-ninen.Menggah adicara candhakipun nuninggih upacara  kacar-kucur. Kacar-kucur dumados saking palawija, kacang-kacangan, kedele jagung  jinangkeban wos jene, dlingo-bengkle, arta logam receh ingkang winadhahan klasa Bangka utawi tilam lampus. Mengku surasa piyantun kakung kang wus mangun bale wisma wajib maringi nafkah lahir batin marang garwane, langkung-langkung babagan arta.
Samanten ugi piyantun estri anggone  ngecake ya kudu gemi, nastiti, ngati-ati. Piyantun putri sampun ngantos boros. Menawi boros sami kaliyan kancane setan. Sakparipurnaning kacar-kucur, tumunten kalajengaken dhahar walimah. Dhahar ingkang namung setunggal piring kadhahar temanten kakung putri. Ingkang sepisan temanten kakung bagus … ngladosi dhumateng kang garwa. Kosok wangsulipun temanten putri ayu …ugi angladosi dhumateng kang raka.
Rampung anggenipun sami dhahar kalajengaken ngunjuk toya wening sesarengan, minangka pralampita bilih saklebeting bebrayanan. Bungah-susah,  padhang peteng, ngrekasa-mulya tansah dipun-lampahi sesarengan kanthi linambaran tresna asih. Inggih raos tresna asih menika ingkang saged nglestantunaken anggen mangun bale somah ngantos kaken-kaken, ninen-ninen. Amien.

Sungkeman

Para tamu kakung putri ingkang kinurmatan. Saksampunipun Bapak/Ibu … rawuh lan pinarak lenggah, daya-daya sri penganten badhe sungkem wonten ngarsanipun rama lan Ibu, esthining manah mugi-mugi anggenipun mangun bale somah tansah manggih kawilujengan lan karaharjan, kanthi kinurmatan ungeling ldr mugi rahayu.        
Lamat-lamat kapyarsa ungeling ladrang mugi rahayu, hangiring dhumateng sri penganten badhe sungkem dhumateng rama lan ibu. Saksana jengkar saking lenggahipun risang pinanganten, tumunten kalolos dhuwungipun menapa dene canelanipun.  Sigra lumaksana angeka pada (laku dhodhok) marak sowan dhumateng ngarsanipun  Bapak/Ibu …
Saksampunipun dumugi ngarsanipun rama lan ibu. Singra lenggah timpuh wadana tumungkul hamarikelu muka yayah konjem ing bantala. Ponang asta nyungkemi dhateng jejengku kanan ingkang rama.
Sepisan            : Sri penganten ngaturaken sembah pangabekti dhumateng rama lan Ibu, lan ugi nyuwun pangapunten sedaya dosa lan lepatipun kang putra.
Kaping kalih : sri penganten nyuwun pangestu  mugi-mugi anggenipun bebrayanan manggih kawilujengan. Nalikanipun  Bapak/Ibu … dipunsungkemi kang putra, sigra karangkul  sri penganten kekalih  sarwi angelus-elus rikmanipun, angepuk-epuk pundhakipun. Jroning batos Rama Ibu tansah hanyenyuwun dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih mugia tansah paring pangayoman dhumateng sri atmaja penganten.
Nalika temanten sami sungkem dhumateng rama ibu, temah ambabar daya pangaribawa. Swasana dados dhedhep tidhem mboten wonten ingkang nyabawa, bebasan ron-ronan datan obah samirana datan lumampah. Sekar sami megar maweh ganda arum mangambar-ambar, kaya-kaya asung pakurmatan dhumateng sang pinanganten. Sedaya para tamu kakung putri, para pinesepuh sesepuh sami trenyuh mirsani penganten ingkang nedheng sungkem dhumateng kang rama lan ibu.
Ing mangke sri temanten gentos sungkem dhumateng Bapak/Ibu … Nalikanipun temanten sungkem sakala Bapak/Ibu … nggregel trenyuh ngondhok-ondhok jroning manah, ngantos mboten karaos medal eluhipun, temah tumetes dhawah ing pangkon pindhane kados  mutiara ingkang dhawah. Rumaos bombong, mongkog lan bingah …. dene sri penganten sampun jumbuh lan gambuh gegayuhanipun. Sarwi dipunweling supados rinten dalu tansah manembah dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi supados gesangipun saged lestari kang kaesthi, sembada kang jinangka, rahayu kang tinuju.


Panyandra Panggih
Tri Prakara kang tan kena kapurba dening pangwasaning manungsa. Siji tekaning kabegjan,  loro temuning jodho telu tibaning pati. Inggih awit berkahing Gusti lumantar pangestunipun para rawuh, samangke penganten badhe kadhaupaken nut tatacara adat Jawi tilaranipun para leluhur linuhung Jawi. Penganten priya samangke sampun kakanthi tumuju ing sasana dhaup. Mekaten ugi penganten putri sampun kakanthi mandhap saking sasana pinajang tumuju ing sasana panggih. Saya caket anggenipun lumampah mangkana panganten wus apagut tingal. Nulya penganten ya kendel satataning netya tumungkul pertiwi wandanane. Ngeningaken cipta nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang akarya jagad inggih Gusti ingkang Mahaagung.
Plok….. penganten gya amurwani laksitaning tatacara panggih. Dhumawahing gondhang tutur saking pambalanging penganten priya tinimbangan dening keplasing gondhang asih saking regemaning penganten putri. Patitis pambalanging penganten. Gondhang tutur dumawah wonten ing wonga-wonganing penganten putri pindha keplasing warastra asmara lungit nunjem telenging jejantungira. Sang dyah ayu pepujaning nala. Dene gondhang asih dhumawah ing pucuk jempolipun penganten priya kadya suka pepeling mring penganten putri murih tansah mestuti mring wewarahing garwa.
            Salajengipun, penganten priya gya ngidak wiji adi. Prolll... pecah tigan tinapak ing pada. Pecahing tigan minangka tandha yekti bilih sampun dhumawah wahyaning mangsa kala penganten kekalih anggenipun badhe mangun ulah kridaning priya wanodya, mrih marem careming salulut. Penganten putri gya amijiki ampeyanipun penganten priya. Ing pangajab mugi risang sakaning balewisma resik sarta suci lair lanbatosipun gelar sarta gulungipun. Saksampunipun winijian ampeanipun dening penganten putrid. Kanthi linandhesan rasa tresna lan asih penganten priya anglanting kang garwa kinen jajar wonten ing sisih keringipun penganten priya.
Penganten tumunten sinengeban sindur dening kang ibu... saksampunipun sinengkeban kanthi patrap ingkang ngarah-arah aririh. Sinartan santi puja mring Gusti kang Mahaasih. Bapak… tumunten anganti penganten sekaliyan tumuju ing sasana pinajang. Nuninggih sasana ingkang pinajang pajang mawi pepasren ingkang manekawarni. Ing ngriku ketingal ngegla dampar palimanan palenggahanipun penganten sarimbit. Saksampunipun dumugi wonten sasana pinajang tumunten katindakaken tatacara bobot timbang. Penganten samangke kapangku dening bapak … penganten priya wonten ing suku kanan deneng penganten putri wonten ing jengku kering. Tatacara bobot timbang tandha yekti bilih pangrengkuhipun bapak …sekaliyan dateng putra mantu tan beda kaya putrane dhewe.
            Saksampunipun nindakaken tatacara bobot timbang Bapak…gya jumeneng ngeningaken cipta nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang Mahaagung. Wening ciptaning Bapak…tumunten nglenggahaken penganten sekaliyan jajar sumandhing wonten ing dampar palimanan. Tatacara candakipun samangke ingkang badhe kagelar nuninggih tatacara kacar-kucur utawi tatacara guna talikrama. Ubarampenipun tatacara kacar-kucur nuninggih kacang kawak, dele kawak, redana lan sanes-sanesipun samangke ugi sampun kasamaptakaken dening risang biyantu karya ing reh ubarampe kapasrahaken penganten sekaliyan.
Saklajengipun gya sinuntak sok glogok dening pengantin priya katampi dening penganten putri kacang kawak atuta kang dadi sanak, kacar kucur atuta kang dadi sedulur. Salajengipun liron guna kas kaya ingkang sampun katampi dening penganten putri gya binundelan. Saksampunipun binundelan tumunten badhe kaaturaken dhumateng kang ibu, kinen sinimpen wonten ing pedaringan. Minangka pamusthi utawi pawitan anggenipun mangun balewisma.
            Tatacara gunatalikrama sampun rampung samangke badhe kagelar tatacara boja krama, dhahar kembul utawi kaprah sinartan dulangan, ubarampenipun ugi sampun kasamaptakaken. Saklajengipun kanthi linandhesan rasa tresna lan asih penganten gya dulang-dulangan, mangkana hab-hab sesendhok mboko sesendhok. Werdinipun tatacara boja krama anut andharanipun kanjeng R.M. Yosodipura saking keraton Surakarta Hadiningrat nuninggih pralambang ulah kridaning priya wanodya utawi sanggama pramila wonten ing Surakarta Hadiningreat tatacara boja krama katindakaken wonten ing kamar penganten nuting jaman kelakone samangke katindakaken wonten ing sasana pinajang-pajang utawi sasana rinengga.
            Toya wening ugi samangke sampun kasamaptakaken gya kainum sesarengan dening penganten. Sruput glenggeng-glenggeng seger sumringah raosipun toya wening ingkang sampun kainum. Ing pangajab mugi penganten sekaliyan anggenipun ngancik tatanan inggal tansah manggih bagya mulya yuwana lair lan batos. Ayem tentrem jumbuh kaliyan watakipun toya ingkang ngadahi daya asrep.
            Para rawuh kakung putri wredha mudha minulya tatacara boja krama sampun rampung. Katur bapak… sekaliyan sumangga panjenengan kula derekaken jengkar saking papan palenggahan tumuju ing sasana palereman hangaturi risang besan.  Samangke sampun lumebet ing sasana hargya. Rawuhipun gya pinapak dening pamangkugati sekaliyan. Mangkana ingkang mangun bebesanan gapyuk gya ajawat asta, risang besan tumunten ingaturan tumuju ing sasana pinajang saklajengipun ingaturan pinarak wonten palenggahan ingkang sampun sumadya awit sekedhap malih badhe sinungkeman dening pengantin  sekaliyan.
            Para rawuh tatacara sungkeman utawi ngabekten badhe katindakaken namung sakderengipun katur bapak… wontena keparengipun tumuju ing sasana pinajang saperlu anglolos duwungipun penganten priya. Lilnolos duwungipun, penganten priya nganti kang garwa sowan dhateng rama ibu saperlu badhe ngaturaken sungkem sinartan nyuwun tambahing pangestu mugi anggenipun mangun balewisma wilujeng tentrem sepi ing sambekala. Kanthi lampah ndodok anggenipun sowan, saklajengipun kandhes mandhes lair kandhasing batos penganten gya ngaturaken sungkem.
            Ketingal brebel-brebel wijiling kang waspa. Nangis kang sungkem muwun kang disungkemi. Sinuntak pangestunipun rama ibu tumandhuk dhumateng penganten sekaliyan inggih pangestunipun rama ibu ingkang dados pamusthi. Pinaringan pangestu dening rama ibu penganten manunggal lair lan batosipun badhe netepi kekudanganing rama ibu guyub rukun ing donya prapteng dlahan kanthi linandesan ing rasa tresna lan asih mawadah worohmah.
Jumbuh kaliyan dawuhipun Gusti ingkang cinitra ing serat arum ayat 21: Wamin ayati anqolakqolakum min anfusikum azwaja litaskunu ilaiha wajaala bainakum mawadatan warohmatan inafi dalika laayatin lika umi yatakafarun. Ingkang saripatinipun: Lan sakperangan saka tandha pangwasaning Gusti, inggih punika Gusti sampun nyipta jodho kanggo sira kabeh saka jinisira. Gusti uga wus nyipta rasa tresna lan asih supaya urip ira padha tentrem babrayan karo dheweke. Kang mangkana iku satemene minangka tandha pangweasaning Gusti tumrap wong-wong kang gelem hamemikir.
Cethanipun, saksampunipun pinaringan pangestu dening rama ibu penganten kalebet janma tama kang wus antuk nugraha, titianipun nityasa hamemangun marta martini pasrah sumarah mring Gusti, sembahyang tarak brata myang tapa brata.
Wewangson ingkang nate kababar dening anung-anunging budhaya Jawi nuninggih Ki Nartosabdo ingkang nate ngendika mekaten: Kang eling gusti bakal mukti, lali sumber bakal aber tansah hamemangun karyanak tyasing sasama hangaksama mring sama samaning dumadi. Asung pitulungan mring janma kang pantes tinulung. Asung sandhang kang kawudhan, asung teken kang kalunyon. Asung boga kang kaluwen kanthi rasa tresna rame ing gawe sepi ing pamrih.
            Langkung-langkung sakderengipun penganten anglampahi dhaup silakrama ugi sampun pinaringan pitutur mliginipun saking bapak … ingkang kala semanten sampun paring wursitawara kanthi hametik hasta brata.  Hasta wolu, brata lampah. lampah wolung prakara nulad watakipun alam kang gumelar: surya, candra, kartika, mendhung, geni, bumi, banyu sarta angin. Mliginipun ingkang watak rembulan sampun rumasuk wonten sanubarinipun penganten kekalih. Jumbuh kaliyan wewangson kina ingkang ungelipun kados mekaten: sasi brata umarsa kang rat kabeh guyunta mamanis yatulya amerta ulahta merdu komala myang katon. Asing matuha panditat swagotran. Menggah werdinipun utawi saripatinipun kula mboten mangertos.


PERTEMUAN KE-14&15

Panyandra Kirab Kanarendran
            Rampak runtut swaranya angayut-ayut, lah punika ta wau swaraning pradangga, ambabar Ketawang Langen Gita Srinarendra, umiring tindakira sekaring pahargyan pawiwahan, anenggih sang pinangantyan kekalih, ingkang arsa kirab, nulad adi endahing budaya.
            Sinten ta ingkang sinaraya anawung kridha minangka pangarsaning lampah ingkang sinebat subamanggala; satuhu punika ta panjejenganipun Bapak… dhasar dedeg pidegsa apangawak prabata, sembada ing driya tan  amingkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karya. Kasembuh wiwit nalika timur mula anggung ginunggung ginala-gala ingulig marang pepoyaning kautamen, mila boten nama mokal kalamun ta anggenira kapiji minangka subamanggala, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subasita.
Kautamaning sang subamanggala saya ngalela, kacihna lebda ing adi endahing budaya, katitik nggenira mangarsani kirabing penganten, tumapaking pada tinata runtut nut iramaning gendhing, sinawung ebahing asta mangulah langen mataya. Kawuryan wandana madhep pandulu tumungkul ing bantala, sakedhap sakedhap asta angapurancang.
            Wurining subamanggala ana mudha tumaruna lumaksana jajar kalih ingkang dahat mabukuh pratandha prayitneng kewuh, sayekti punika ingkang sinaraya mangulah kridha minangka yuda manggala, kaprah sinebat talangpati, pratiwamanggala, ugi winastan satriya kembar. Dene ingkang maragani nuninggih Bagus… dalasan Bagus….
Kekalihnya samya kembar, kembar ing busana kembar ing warna, dinulu sasat jambe sinigar. Sunaring pasuryan sumunu wenes agilar-gilar; busana sarwi jenar, pra kenya dadya kumesar, andulu bregase satriya kembar.
            Ingkang tut wuri, ana kenya tanggung andon lampah, tuhu punika minangka patahing pengantyan. Pinaragan dening Rara… saha Rara… inggih awit denira dereng pana dateng adi endahing budaya, marma asring lumaksana asmu pepeka, parandene tan dadya saru kuciwa, malah akarya sengseming nala.
            Sanadyan paribasan durung tedhas geget suruh, durung tedhas gigit jambe, parandene sampun bangkit angarahprana, akarya sengseming wardaya. Ingkang magkana kena kinarya pracihna lamun benjang dewasa bakal bangkit angentasi karya.
            Gebyar-gebyar pating calorot busananing penganten  sarimbit, cinandra kadya daru lelana. Apa ta busanane? Penganten kakung angagem makutha awarna kresna pinalipit ing rukmi, asesumping sekar kanthil. Dhasi mungguwing jangga lir ginupit, amimbuhi pekiking penganten kakung, dahat adi dahat luhung. Atela awarni langking sinulam benang kencana pinetha roning gadhung amalengkung, prabane ngenguwung. Sangsangan rukmi cinarub wor sangsangan sekar mlathi rinonce munggwing pamidhangan kanan miwah kering, angelawer tumibeng jaja cinandra kadya taksaka ngulet rumambat. Paningset cindhe winangun sekar mancawarni. Epek baludru sinulam benang mas, keris ladrang ukiran nunggak semi, selut cetha angalela sadriji gedhene pinatik ing sosotya nawaretna. Miwah rinengga puspita adi rinonce satekem gedhene, angalewer, ebah-ebah kinarya lumampah, ngengreng mrabu kinarya kadulu. Nyamping sidoasih sinerat rumit angrawit pinarada ing kencana tinaretes, gumebyar anelahi. Canela warna kresna rinenggeng sosotya, pating galebyar kinarya lumaksana, tinon saking mandrawa pindha sirahing nagaraja ingkang nuju tapak maruta.
            Sinigeg gantya kang winursita, kuwung-kuwung akekuwung ambabar teja manda maya, tejaning risang suryeng ratri, pranyata lamun tan kuciwa memanise. Meloking wandana sumunar agilar-gilar angelam-lami pindha kencana binabar.
            Palarapaning penganten putri sinungging pepaes awarna kresna, ireng, meles, menges, anjanges pantes. Cecundhuk pinetha wulan tumanggal, denapit centhung kanan kering, lir peksi jiwa-jiwa. Chundhuk mentul pinasang titi tata pinatut, katiup ing maruta kasilir kadi kembang dewandaru. Lamun ginupit ing wardaya kadya astane Kenya sulistya angawe-awe munggwing kekasihe. Ukel kapetha bokor mangkurep kapetet ing sesekaran pinilih, sineseg ing sarana kang sarwa manik, amung amimbuhi kasulistyane risang penganten putri.
            Kebayak landhung langking warnane ugi tan kari sinulam ing benang rukma, kaistha sekar tunjung seta, tuhu endah tuhu edi, sangsangan mas sinangkling carub wor sangsangan sekar mlathi ginubah, kumalewer maripit ing jaja lir naga taksaka marepeg angalon lampah. Sidoasih nyampinge kembar kalawan nyampinge penganten kakung. Pralampita kembar tresnane, kembar bibit, bebet, bobote. Raket supeket akekanthen asta, tan ginggang  sarema pinara sasra, sanepa renggang gula kumepyur pulut.
Cat kicating pada jumangkah gumebyar dening rengganing canela kang sarwa sesotya, asri dinulu kadi wredhu lumaku ing wanci dalu. Ingkang lumaksana aneng wurinira, salajur sisih jajar kalih, nalika ingkang samya kapiji ing gati minangka putri dhomas. Katemaha pinilih para kenya ingkang maksih remaja putri, sulistya ing warni, mumpuni ing kardi, dhasar merak ati, atul penembahe ing Gusti, angrungkepi jejering wanitajati, nulad mring laksitaning para putri pinunjul ing uni, bekti tresna ing sesami.
Sanyata kathah pra mudha tumaruna anandhang wigena, andulu para kenya listuhayu, kumrangsanging raos kadya kaselak jajar sumandhing. Wondene ingkang lumaris ing sawuntatira, para kadang warga wandawa, sami-sami sarimbit kalayan garwa, estining parasdya. Suka puji asung pangastuti mring penganten, mugi tulusa bebrayan begja raharja ring donya prapteng delahan.
Ingkang tut wuri handayani ing salampahira, inggih punika ingkang rama ibunipun penganten putri, jejer kalenggahanipun dados pethiting kirab. Satindak tumoleh nganan, sapecak uminger ngering, lamun ta kawijila pangunandikanira estu atur puja pambagya katur sagunging para tamu sutresna; jaja ambek bombong mongkog, karoban luhuring budi darmane para rawuh, ingkang wredha sudi angestreni dhauping putra siwi.
Kawuwusa lampahing pinangantyan anjog ing wiwaraning sasana budaya, nulya sang subamanggala suka sasmita mring ingkang binojakrama, kinen gya angrucat busana narapati, gumantya busana satriyaditama manjing jroning sasana busana.


Kirab Kasatriyan
            Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa kentar-kentar angambar kongas gandanya marbuk arum awangi, sumirat sirat teja maya-maya, saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata tejane sang pinangantyan, mijil saking wisma busana arsa mahas ring wisma wiwaha.
            Wus lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya nggenguwung prabane, sang saya mencorong guwayane, sangsaya manteb penggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pemanahan, akekanthen asta kalayan Dewi Semangkin atmajanira Sri Sultan Drawa ing Kaliyamat, lagiya angenggar-enggar driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani pajrahing sari puspita, ingkang nedheng mangudar wewangi. Sang senapati kembar kadi sang Suwandageni atmajane Ki Demang Sangkal Putung kalawan sang Agung Sadayu, yoganira Ki Sadewa, kekalihipun tus wijil Saking Jatinom.
            Kang apindha putri astha sata anglur-selur dalilir kadya putri boyongan saking wewengkon predikan ing Toya Biru. Sumusul ing munggwing wuntat, punika rama Ibunipun memayungi lampahing penganten sarimbit. Sadaya berawa sarta mempen ing puja-puji santi astuti santi, basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.
Sang pinangantyan tuhu loro-loroning atunggal, tunggal-tunggaling aloro; kang sajuga priya kang sawiji putri; geleng gilik golong rumasuk jumbuh angurut ing cipta, rasa, daya, miwah karyane munggeng jejer kalenggahane sowang-sowang. Rumangsa handarbeni, wajib hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani.
Pilah-pinilah sajuru-juru, gilig golong gegelengane, datan wor suh tataning titi laksita; napak tilas sang sujana sarjana pinastika ingkang wus cinandhi ing awiyat, jinempana ing maruta, nenggih Ki Hajar Dewantara, ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
Kang cinandra ing ngarsa nenggih risang subamanggala dalah risang sinatriya kembar. Menggah ingkang ginupita ing madya tan liyan sang pinangantyan kekalih; wondene kang winedhar ing wuri ingkang rama Ibu, ingkang anggung mangastungkara mrih paran parasdyane putra binerkhahan. Ingkang putra ginadhang-gadhang dhadhag angadhepi godha panggodha, amberat salwiring ridhu hangayani sanggyaning dasih kaswasih.
Sumringah bingar sinawung suka ing wardaya sang subamanggala siddhakara, tulus lulus angentasi karya, nut laksitaning paratama. Sigra sang subamanggala asung sasmita mring sang pindha narapati miwah parameswari, ingaturan lenggah ing sasana minulya, dene mring kang samya angiring ambayangkara ingaturan bedhol wangsul ing papane sowang-sowang, cinandra lir sata matarangan.  


Gaya Bahasa Prosesi Kirab Kanarendran
Yata sang penganten anyar, sarira jenar memangir
Waradin sarandu nira, pindha kencana sinangling
Tamu samya angliling, leng-lenging driya kapanduk
Rasa mamanuhara, kaya milu hanglakoni
Sang pengantyan, Sinungga binayang karya 
Pocapan
Goreh gumoreh ramya gumuruh swantening rare kang samya ndherek jagong yayah renanira, labet saking kedangon kang sarta sumuking angga wus tan kena. ngampah, wauta kang kaya mangkana, tanggap risang subamanggala, saksana gya sung sasmita dhumateng risang wasesa pangadi busana pangadi sarira hiya juru paesing penganten kekalih. Sanggyaning para pangarak pangarih pangombyong penganten, kinen samya sawega ing gati mranata dhiri anut pepintaning jejibahan sowang-sowang nyat samya satata pacak baris arsa anggarubyuk tindakira risang apindha narendra miwah risang narpadayinta.
Panyandra
            Anenggih punika ta candrane kirap kanarendran jroning pawiwahan.  Candra: werdine gegambaran carita mawi pepindhan. Laksitacara: tegese lakuning tatacara. Kirab: lire mijil lumampah kanthi arak-arakan kanarendran ngemba patraping ratu. Dene pawiwahan: mengku wredi bilih dhauping penganten punika gegambaraning cariyos panganten sang apindha raja kang mijil binayang bayangkarya.
            Sumorot cahyane gumebyar prabane hanelahi, sasat angasorake: surya, candra, daru myang kartika kang amadhangi jagad raya, wimbuh weh martana mring sagung dumadi. Sinten ta ingkang wonten ing ngarsa lumaksita sung tuladha? Tuhu punika warnanira risang subamanggala nenggih cucuking lampah. Dhasar maksih jejaka tur ta lebda ing reh kridha mataya nenggih beksa, bangkit mangwaseng wiramaning lampah, wignya ing reh mardawa rawita utawi anguwaosi mring gendhing.
            Lumaksana ajajar sawurinira anenggih punika risang talangpati hiya satriya kebar. Sakarone pan yayah jambe sinigar byak, prasasat kembar ing rupa, padha dedeg piadege, nunggal busanane padha lagak myang lageyane. Ingkang katon menik-menik lumampah thimik-thimik, konyal kanyil nanging datan nganyelake, nenggih punika ingkang sinebat patah. Dhasar masih prawan sunthi, yen dikandhani malah nuturi. Gonas ganes nenes kenes gandes luwes sasolahe.
            Sinten ta ingkang mencorong tejane, sumorot sucitrane sinembuh murub mubyar busanane ing satemah mrabawa mrabu anawung punika? yekti punika risang apindha nareswara nareswari nenggih penganten sarimbit kang pindha srinarendra miwah risang prameswari. Kekalihe wus winenang angrasuk busana narendra tuwin narpadayinta, tarlen muhung labet wus samya amundhi peparing palilah dalem risang pamasa kang ngrenggani puraya gung ing keraton Surakarta Hadiningrat. Jer sinten kewala ingkang nedheng nambut silaning akrami, sampun pinarengaken anggadhuh tuwin angrasuk busana kanarendran myang busana narpadayinta.
            Satuhu ingkang kadhaku mengku pagedhonganing wasita sinandi, ngemban trikarsa budaya ing reh busana, murih sanityasa samya memundhi, memetri miwah mestuti sarta angirib-irib bebuden luhur utamaning nata mungguh gumelare, penganten sakaroron yoga samya berbudi bawa leksana. Lire berbudi: rila legawa ing driya, anggung denya paring dana. Dening bawaleksana: kudu anatepi pangandikaning kang wus kawijil ing lesan.
            Ingkang adhampyak-dhampyak tut wuntat punika pepethaning putri dhomas. Putri: wanita dho: kalih samas: kawanatus. Putri dhomas : putri dhomas ateges putri wolungatus cacahe. ing mangkya pinetha mung cacah wolu. Sadaya masih kenya, dhasar ayu-ayu warnanira tur ta endah edi busanane. Tuhu akarya lara brangta.
            Dene minangka pethiting lampah, nenggih punika risang pamangkugati miwah besan, kang samya tut wuri handayani. Hayu, rahayu niskala, satuhu. Sinigeg Panyandrane nuwun. Sumirat sirat narawung ujwalanira, anawengi wangkawa ing sajroning sanahargya. Lire: sumorot cahyane, anglimputi teja ing sajroning papan pakurmatan, anjog ing pesta andrawiwaha. Teja-teja sulaksana tejane kang nembe manjing sasana wiwaha. Wingking pundi kang pinangka ngajeng pundi kang sinedya, sinten sinebat ing wangi? Anenggih punika ta warnanira satriya bagus saking Surabaya putra panenggaking Bapak H Prayoga S.H. M.Ba. ingkang akekasih: Bagus Gumilang Herman Hermawan, S.H miwah sekaring Wisma Badhak II/ 31 Semarang, putrinipun suwargi Bapak Ir H Sutardi ingkang angka tiga, ingkang asesilih: retnaning ayu kusumaning dyah Ir Novita Permatadewi. Yata punika sanes bremara mangun lingga kang arsa mangrurahsari, apan pranyata punika sang apindha bremara kang angayomi sari. Apa ta werdine? Tetela punika sanes priya gumagus kang nedheng adol bagus wonten ing sangajenging wanita, ananging sejatosipun punika satunggaling satriya ingkang angayomi putri, ingkang lagya anindakaken kirab kasatriyan.
Kekalihipun samya aprasetya sanityasa guyub rukun, renggang gulakumepyur pulut, gendhon rukon, gandheng renteng, reruntungan ing donya prapteng dlahan. Tan arsa ginggang sarikma pinara sasra, sarta tan arsa pisah wiwit saking loka bawana tumekeng lokabaka.
            Kang kaesthi jroning kapti: pangesthi kudu sinartan pamusthi, tegese: kang katuju jroning batin: gegayuhan mono kudu kinanthen pawitan. Marma kekalihe kudu arsa mestuti dhawuhing para leluhur linuhung nuswantara, angemba satriya tama myang putri sejati, trahing kusuma rembesing madu, turasing andanawari kang kaplantrang dadya basa salah kaprah: wijiling andanawarih. Kekalihipun arsa nglenggahaken jejere sowang sowang.
            Satriya kudu tansah amamardi budya tulus, mengku ing reh kasudarman, momong, momor, momot, mengkoni. Mangkana uga swami kudu bisa angemong garwa, angemot sarta bisa mengku lan kudu bisa angemong garwa, angemot sarta bisa mengku mring ala beciking garwa. linambar: saguh, wani, ngreti, bisa amrantasi karya. Gumelare kudu bangkit : angayani, angayoni, angayemi, myang angayomi mring sisihane.
Dene  wanita kang ajejer garwa, yogya anulad lekasing putri sejati, tansah bekti mring gurulaki, widagda anujuprana, amirapet ing arenggang, lire tan agawe kogel gelaning kakung, kapara tansah ngestokake dhawuhing kakung. Sinigeg panyandrane.
              



PANYANDRA  PROSESI PANGGIH oleh Sayuti Anggoro
Watugong Banyumanik Semarang Dhaupipun putra saking Prof. Dr. Sudijono Sastroatmodjo, M.Si. (Rektor Unnes)
            Sampun dungkap wancinipun upacara panggih, Rombongan saking kilen hanggegek ingkang sinepuhan panjenenganipun Bapa Partaya menapa dene sakwingkingipun inggih wujudipun priyantun putri ingkang hangasta wujuding pisang sanggan. Pisang raja satangkep matemu rose miwah sekar sepapan. Dene pisang sanggan ingkang wujudipun pisang raja satangkep muga-muga ingkang padha mangun bebesanan Bapa Suparta menapa dene Bapa Sudijono Sastroatmadja sekaliyan saged tangkep sajumbuh cipta rasa tuwin karsanipun. Inggih menika boten sanes namung ngentasaken putra kekalih dene suruh kang rose matemu yektos raose ingkang pada mangun bebesanan inggih saged pinanggih samudayanipun lumaku kanthi sae lumaku kanthi becik tuwin anggadhahi gegayuhan ingkang luhur inggih menika ambabar asma ingkang arum ingkang nyawiji kalawan pisang sanggan. Ing mangke sampun kapasrahaken dhumateng panjenenganipun Ibu Hj. Suparta lan katampi. Sasampunipun katampi mekaten penganten putri Ayu Nita Setyawati, S.T. ugi sampun miyos saking tepas wangi, tepas panggenan wangi sampun mastani. Pepanggenan ingkang wangi iku uga sinebat tata rias. Ingkang menika dhumateng gung para tamu nyuwun gunging pangestu panjenengan mugi panggih nemu manggih lancar. samudayanipun sampun cerak sampun cerak sampun cerak, sigra pepandengan catur netra mambabar raose tresna mahanani daya pangaribawa. Kumlawening asta ambalangaken sedhah lininting tuwin gondhang asih, apa ta werdine? Suruh, suruh dinulu beda rupane lumah lan kurebe yen ginigit tunggal raosipun. Nadyan priya sajuga wanita sajuga nanging wis manunggal cipta lan karsanipun
            Sang penganten kakung ngidak tigan mungel mak klukuk." Penganten putri daya-daya mijiki ssampeyanipun ingkang raka mawi toya setaman. Apa ta sebabe diwijiki ssampeyanipun? Krana suku menika kangge tindak. Manten putri wajib ngengetaken dhateng tindak tandukipun ingkang raka kang nalisir saking kautamen. Kaya ta watake drengki, srei, dhekil, methakil, dahwen ati open, lan sapiturutipun. Menawi tindak ingkang nalisir saha tumindak nalisip menika saged dipunsingkiri ingkang surasanipun mbabar asma ingkang arum. Tur ta penganten putri kedah bekti dhateng ingkang raka cundhuk kaliyan Serat An-nisa bismillahirohmanirohim “ari jalu kala wanisa alayah” sing tegese “penganten kakung iku iman kudu ngayoni, ngayemi, lan ngayomi.” Penganten putri kudu bekti dhateng ingkang raka saksana kajumenengaken.
 Yayah drajate priya lan wanita menika sami, sing beda hamung kuwajibane. Sasampunipun jumeneng jajar, panjenenganipun Bapa H. Suparta mapan wonten ing ngajeng ibu mapan wonten ing wingking saksana angaweraken sindur ingkang awarni pethak kaliyan abrit. Gene sinebut sindur  jarene yen wis dadi manten isin mundur. Limang prakara kang ora bisa disumurupi dening manungsa siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat kodrat, lima donya bandha. Sedaya kapurba kawasesa wonten astanipun Gusti Kang Mahakuwasa. Pambudidayaning manungsa boten saged ngungkuli garising kawasa. Kridhaning ati tan bisa mbedhah kuthaning pasti. Bapa Hj Suparta mapan wonten ing ngajeng anuntun penganten kekalih. Mlakua dalan kang bener tuwin pener Ibu Hj Suparta semat-sematan wonten ing wingking nuninggih boten sanes tut wuri handayani tindak ingkang dhateng kasaenan kasengkuyung pangestunipun rama twin ibu kapering wingking nuninggih kang rayi Mbak Fitri kang tuhu tresna asih dhateng mbakyunipun wiwit upacara siraman ngantos ing dinten kalenggahan mangke. Boten kantun ingkang besan panjenenganipun Bapa Sudijono Sastroatmaja sekaliyan ingkang mangayubagya dhumateng sang pinanganten.
Ing mangke sampun dumugi ing sasana mulya tumunten kalajengaken upacara pangkon utawi timbang. Bapak saha ibu para tamu menika upacara timbangan, Bapak Suparta mangku penganten kekalih, Ibu ngendika “abot endi Pak” Bapak mangsuli “padha abote Bu” wiwitan katresnane lan saiki tak lungguhake mak cenuk nuk-nuk-nuk-nuk. “Sing guyub sing rukun ya” “ya mak” banjur Ndhuk Wiwit aja padha cecongkrahan mengko mundhak ngedohake rejeki. Para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan ila-ila para kina tiyang Jawi ingkang mantu sepisanan kawontenaken adicara bubak kawah bubak tegese ndhudhah, kawah sampun mastani. Abot-abote ibu menika nglairaken utawa miyosaken anak sepisan toh nyawa kaya wot sirotol mustakim nanging yen wis saking nugrahaning Gusti, Mbak Wiwit ngantos remaja putri ngantos emah-emah wilujeng boten wonten alangan setunggal menapa. Raosipun gurih tuwin manis mugi-mugi sang penganten nemu memanising urip bagya mulya nganti kaken-kaken ninen-ninen. KaJawi raosing manis toyanipun menika wau wening tur ta resik. Kamulyan kawibawan kabagyan dipunraosaken Bapak Suparta nanging mugi tumurun dhateng putra wayah bebasan turun pitu mugya manggih kamulyan lan kabagyan makaten tiyang Jawi.
Para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan paripurna tumapakipun tenggak tumapakipun bubak kawah kalajengaken upacara kacar-kucur ugi winastan tampa kaya. Dene kacar-kucur menika wau wujudipun wos jene lan kacang-kacangan jagung dhele menapa dene arta logam receh. Ingkang winadahan klasa bangka utawi tilam lampus. Menika simbul priyantun kakung yen duwe asil kudu sak glogok banyu jun aja ngengeh-engeh kabeh diwenehake garwane. Aja nganti ana duwit lanang marakake duraka. Semanten ugi penganten putri kang wus nampa kaya saking garwane. Anggone ngecakake kudu gemi ngati-ati aja boros-aja brah-breh. Gaji patang yuta metune enem yuta menika boros. Omah-omah sepasar bubar. Sokur gaji patang yuta metune patangatus. Liyane ndherek bapak ibu. Wose penganten putri menika kudu kaya genthong yen wus mlebu metune angel.  Nanging ampun ngatos kebangeten sing lanang jaluk bensin wae diangel-angel, marakake ana dhuwit lanang. Mula ya Mbak, Mbak Wiwit kudu gemi ngatur asile sing kakung yen pinter mengko ditabung turahane dideposito. Dipundhutke tanah, dipundhutke mobil, dipundhutke TU 60 lan sanes-sanesipun. Wosipun mekaten piwulang Jawi dhateng manten sekaliyan. Gandheng Mbak Wiwit menika dereng kulina nata asilipun kang raka titip rumiyin dhateng Ibu Suparta.
Saparipurnanipun upacara kacar-kucur kalajengaken upacara walimahan utawa dulang-dulangan, nyuwun pangapunten nadyan tamunipun dereng dipunaturi dhahar. Mas Ganjar lan Mbak Wiwit ndhisiki awit saderengipun dados manten kekalihipun pasa dangune 40 dina mula awake rada kuru, menika wujudipun mawadah twin warohmah sing kakung asih marang sing putri sing putri asih marang sing kakung. Nah sing kakung ndulang sing putri sing putri gentos ndulang sing kakung. Lambang rumah tangga menika bisa lestari kanthi asih ingasihan. Bandha donya boten saged kangge nglestantunaken rumah tangga. Aceh menika sugih yogya inggih sugih kenging gempa bumi boten wonten semenit wes luluh lantak. Rupa inggih boten saged, Mas Ganjar taksih bagus Mbak Wiwit taksih ayu, pipinipun taksih kenceng nanging menawi sampun umur 70 inggih sampun boten malih. Mila rupa inggih boten saged, jabatan kedhudhukan inggih wonten purnanipun. Ingkang nglestantunaken sami-sami ingasihan simbolipun sami-sami angladosi sami-sami angasihi. Alon-alon mas, sing tegen ngladosi. Sedaya ingkang mirsani sami ndongong, Mbah Putri Pacitan menika boten kedhep. Gadis-gadis ingkang dereng emah-emah sami meri gek kapan ya aku dadi manten kaya Mbak Wiwit Mas Ganjar kae gek nyenengke banget.


PANYANDRA  SUNGKEMAN oleh Sayuti Anggoro
            Para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan sampun paripurna tatacara panggih tumunten kalajengaken adicara ngabekten. Dhumateng panjenenganipun Bapa Drs. Suparjo sesepuh kula aturi nglolos dhuwungipun penganten kakung Mas Ganjar
            Para tamu  kakung putri daya-daya penganten kekalih badhe sowan inggih awit saking sesak saha sekeling raos rinujit manahipun penganten kekalih. Repepeh-repepeh lumaksana angeka pada tegesipun laku dhodhok sowan dhumateng ngarsanipun Bapa Hj Suparta. Ingkang lenggah kapering kilen. Saksama sumembah dhumateng jejengkunipun ingkang rama. Ingkang sepisan sang penganten ngaturaken sembah pangabekti dhateng bapak lan ibu nyuwun pangapunten sedaya kalepatan miwah dosa-dosa ingkang kapengker. Angka kalih nyuwun pangestu dhumateng rama lan Ibu mugya tansah manggih kamulyan kabagyan katentreman gesangipun. Kapingtiganipun ndongakaken bapak ibu mugiantuk bagas waras panjang yuswa temah saged nenggani putra-putra wayah lan buyut, panjenenganipun Bapak Suparta dalasan garwa nalika disuwuni pangestu sang penganten kekalih njegreg yayah tugu sinukerta, hangrangkul-hangepuk pundhakipun ngeninging batos nyuwun dhateng kamurahaning Gusti Kang Mahaagung mugi tansah hangayomi dhateng lampahipun raja sehari hiya sang penganten ingkang nembe kawisuda krama yayah kaya rinujit sang penganten ing batos awit nampi sih saking rama tuwin ibu mahanani dhedhep tidhem tan ana kang nyabawa toya tan ebah samirana datan lumampah kaya kaperbawan sang penganten tidhem ngadhepi. Mendhung-mendhung kang tumiyung samya miyak kanan kering asung pepuji dhumateng sang pinanganten kekalih kembang-kembang sami ambabar maweh ganda arum angambar-ambar kaya asung pepuji rahayu sang kang nembe kawisuda krama. Para sesepuh pinisepuh samya puji dzikir. Pating brengeng kaya sesantining para brahmana ibarating kaya bremara kang lagi ngisep sarining madu. Nalika semana sampun paripurna, gantos sungkem dhateng kang rama. “Ah anakku Ngger   Ganjar, Bapak Ibu rumangsa bugah nyawang sliramu sakaloron, sing guyub sing rukun ya le guyub rukun kuwi gaman sing ampuh. Sing abot dadi entheng sing ruwet dadi padhang. Dadi wong lanang sejati angayomi marang garwamu. Semono uga Nduk Wiwit anakku  sing daktresnani dadia ibu kang sejati ya Ngger  , Ibu ingkang minangka dadi tetimbangane garwamu. Ibu kang baut nata balewisma. Ibu kang wasis nggulawenthah anak-anakmu dadi bocah kang luhur. Eling ya Ngger  swarganing anak kuwi gumantung ana dlamakaning ibu sing tegese tumindake ibu kudu bener kudu apik kudu bisa kanggo tepa tuladha anak-anakmu.  Jaganen  kahormatane rumah tanggamu aja lali panembahmu marang Gusti rina kalawan wengi dimen antuk tuntunaning Pangeran Kang Mahakuwasa. Aja lali nyuwun pangestu marang eyang putri,
Para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan sampun purna anggenipun ngendikan. Samenika sang penganten gantos sungkem dhateng eyang putri. Repepeh-repepeh, lumaksana hangeka pada. Sungkem dhateng eyang putri ingkang sampun lalu yuswa dipunrangkul dipunepuk pepundhakipun dipunaras mawangsul-wangsul nanging batosipun tansah nyuwun dhateng Gusti Ingkang Mahakuwaos, mugi-mugi wayah penganten anggenipun emah-emah lulus raharja dumugi purwaning kabahagyan. Mangkana sang penganten kekalih sampun purna anggenipun ngabekti dhateng eyang

1 komentar:

  1. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    BalasHapus