Senin, 07 Desember 2015

Ijazah Palsu



Ijazah Palsu Metu Maneh ing Jagad Pendhidhikan

Kasus pemalsuwan ijazah metu maneh ana ing donya pendhidhikan Indonesia. Direktur Eksekutif Institute for Education Reform Mohammad Abduhzen ngendika ana ing Mia (2015) yen perkara iki metu maneh amarga kurange pengawasan saka pamarintah. Perkara iki bisa dicek kanthi telaten karo Kemenristek Dikti ana ing Perguruan Tinggi. Ditambah maneh sanksi kang ditibakake kanggo pelaku utawa Perguruan Tinggi kurang gedhe. Namung sanksi administratif wae.
Virdhani (2015) mrathelakake, Menristek Dikti Mohamad Nasir nemokake kasus anggota dewan kang nggunakake ijazah palsu. Kasus iki ora namung dadi siji-sijine kasus ing Indonesia, amarga tansaya akeh kang nglapurake pejabat ing Indonesia nggunakake ijazah palsu. Saka pejabat desa, Bupati, PNS (Pegawai Negeri Sipil), nganti Gubernur ditemokake ana kang nggunakake ijazah sarjana strata siji (S-1) palsu.
Pasal 3 Undang-Undang Nomor 8/1974 ana ing Abdullah (1986:23) kang munine “Pegawai Negeri adalah unsur Aparatur Negara, Abdi Negara dan Abdi Masyarakat yang dengan penuh kesetiaan dan ketaatan kepada pancasila, Undang-Undang Dasar 1945, Negara dan Pemerintah menyelenggarakan tugas pemerintahan dan pembangunan.” Nanging apa kang dilakokake pegawai negara iki wis nglanggar apa kang wis diatur ana ing Undang-Undang. Yen pejabat pamarintahan wae mlenceng saka ttujuan pembangunan Negara Indonesia, kepriye arep dadi conto gawe rakyat Indonesai.
GBHN wis negasake ana ing Abdullah (1986:20)
Pembangunan Nasional bertujuan untuk mewujudkan masyarakat adil dan makmur yang merata materil dan spiritual berdasarkan Pancasila di dalam wadah Negara Republik Indonesia yang merdeka, berdaulat, bersatu, dan berkedaulatan rakyat dalam suasana prikehidupan Bangsa yang aman, tentram, tertib dan dinamis serta dalam lingkungan pergaulan dunia yang merdeka, bersahabat, tertib dan damai.
Tujuan pembangunan Nasional kuwi ora bakal kaleksanan yen masyarakate durung bisa tertib marang aturan kang ana. Luwih-luwih pejabat pamerentah kang kudune bisa dadi conto malah nglakoni perkara pemalsuwan.
            Sajake para pejabat negara wis padha lali marang janjine nalika dilantik, yaiku kang ana ing Prakoso (1987:32) kang unine “bahwa saya dalam menjalankan tugas saya akan bekerja dengan jujur dan cermat serta senantiasa akan mendahulukan kepentingan Negara Republik Indonesia daripada kepentingan pribadi atau golongan.” Nanging apa kang ditindhakake ora gayut karo kang dituturake. Durung dadi anggota dewan wae wis nglakoni tindhak pemalsuwan, apa maneh yen nganti terjun ing pamarintahan. Bakal luwih akeh maneh tindhakan kang nglanggar aturan ana ing negara, kayata korupsi. Amarga ana ing pamarintahan kuwi paling akeh godhaane karo dhuwit rakyat.
Babagan iki tansaya gawe rusaking tatanan pendhidhikan ana ing Indonesia. Pamarintah kang ora nduweni ilmu lan ora ngerti thethek bengek masalah politik melu nyemplung lan nduweni peran paling gedhe ana ing pamarintahan. Pamarintah minangka wakil rakyat, kang diparingi amanat saka rakyat wis ora tumindhak jujur, apa maneh nglaksanakake pagaweyan ing dina ngarepe.
 Ismail (2015) ngendika “Seorang dosen di Medan, Sumatera Utara, mengaku pernah ditawari ijazah S2 di salah satu kampus resmi di Jakarta. Harganya Rp 35 juta untuk jurusan manajemen.” Perkara iki ora bisa dianggep remeh ngono wae. Amarga bisa munculake sikap-sikap kapitalis ana ing Indonesia. Yen perkara iki ora diatasi luwih cepet utawa sanksi kang ditibakake ora mbekeki efek jera marang pelaku, bakal luwih akeh maneh tindhak penipuwan masalah ijazah kaya ngene iki.
 Wong-wong kang nduweni dhuwit akeh cukup melu perkuliyahan setaun utawa rong taun wae. Malah ana sing ora melu kuliyah babar pisan. Namung cukup mbayar dhuwit, ijazah wis dadi. Beda banget karo wong-wong kang nglakoni perkuliyahan miturut prosedur lan nganti saprene isih padha nganggur. Ora sebandhing karo wong-wong kang nduweni dhuwit akeh kang bisa tuku ijazah palsu nganti puluhan yuta rupiah.
Kanthi nggunakake ijazah palsu kang statuse luwih dhuwur, bisa ndadekakae jabatan kang bakal disandhang uga luwih dhuwur. Wis mesthi wae dhuwit kang mlebu bakal luwih dhuwur. Perkara iki banget ngrugikake negara. Anggaran kang metu kanggo mbiyayai anggota dewan ora sebandhing karo hasil kang diundhuh.
Kepriye dadine negara Indonesia iki yen pamarintahane wae ora nduwe SDM (Sumber Daya Manusia) sing ahli ana ing bidhange. Namung modhal bandha lan suara supaya bisa lolos persyaratan dadi pejabat negara. Nanging kasunyatane omongan lan apa kang ditumindhakake ora gayut.
Virdhani (2015) mrathelakake
Ditanya media saat itu, 'Lho, Bapak itu S-1 ya?' Pejabat ini menjawab, 'Bukan. Saya bukan S-1. Saya adalah S.Sos.' Dia malah enggak tahu. Lalu ditanya lagi, 'Lho, Bapak itu pakai ijazah palsu ya?' Anggota dewan itu menjawab lagi, 'Saya bukan membeli palsu. Saya belinya yang asli.' Itu kan lucu," ungkap Nasir usai meninjau pelaksanaan SBMPTN 2015 di kampus UI, Selasa (9/6/2015).
Apa kang diomongake anggota dewan kuwi nandhakake yen ilmu kang diduweni ora nyukupi kanggo mimpin negara iki. Minangka wakil rakyat kudune luwih ngerti kahanan kang ana ing Indonesia, kalebu babagan pendhidhikan. Ora malah nylewengake kapitayan saka rakyat.
            Asril (2015) ngendika “Menpan tidak menyampaikan secara rinci gubernur dan bupati mana saja yang terindikasi mengunakan ijazah palsu. Dia justru menantang wartawan untuk mendeteksi siapa-siapa saja pejabat negara yang terindikasi menggunakan ijazah palsu.” Iki nandhakake yen hukum ana ing Negara Indonesia kurang ketat pengawasane. Saka pirang-pirang pawarta kang ana, ora ana siji-sijia kang njlentrehake sapa wae anggota dewan kang kalebu pemalsuwan ijazah. Sanajan wis cetha yen ana media kang nglakokake wawancara karo anggota dewan.
            Menteri kang diwawancarai nduweni kesan nglindhungi pejabat kang kena kasus pemalsuwan ijazah. Padahal perkara iki wis cetha yen ngrugikake negara lan rakyat. Nanging perkara ijazah palsu iki ora dijlentrehake marang rakyat. Beda karo perkara pejabat kang kesandhung korupsi.
            Ant (2015) mrathelakake “Yuddy mengatakan para ASN tersebut tidak diberhentikan karena ada pertimbangan tahapan dan proses yang harus dilewati dalam pengabdian yang bersangkutan. "Tapi mereka menyalahgunakan kepercayaan dan diragukan integritasnya karena itu sanksinya adalah administratif,"  apa kang dingendikake Yuddy iki ora gayut karo aturan Undang-Undang kang ana ing Negara Indonesia. Amarga pegawai kang nggunakake ijazah palsu namung dicopot saka jabatane lan dimudhunake satingkat. Wis mesthi wae ora ana efek jera kanggo wong kang nggunakake ijazah palsu.
Kusumasari (2011) nyatakake
Pasal 69 ayat [1] UU No. 20 Tahun 2003 tentang Sistem Pendidikan Nasional yang mengatur bahwa “Setiap orang yang menggunakan ijazah, sertifikat kompetensi, gelar akademik, profesi, dan/atau vokasi yang terbukti palsu dipidana dengan pidana penjara paling lama lima tahun dan/atau pidana denda paling banyak Rp 500.000.000,00 (lima ratus juta rupiah).
Ana ing Undang-Undang wis ditulis nganti gamblang yen sapa wae sing nggunakake ijazah utawa sertifikat palsu bakal kena sanksi, ora namung sanksi administratif wae. Yen aturan kang wis ana iki ora ditegakake, ora ngeramake yen ing dina ngarepe bakal luwih akeh maneh wong kang bisnis lan nggunakake ijazah palsu. Amarga ijazah palsu luwih gampang lulus, lan jaminan entuk gaweyan luwih ana.
Mia (2015) nuturake “Kementerian Riset, Teknologi, dan Pendidikan Tinggi (Kemenristek Dikti) Senin (18/5) mengungkap 18 perguruan tinggi (PT) di Indonesia yang ditengarai melakukan praktik jual beli ijazah palsu.” Pemalsuwan ijazah iki ora namung salahe wong kang tuku wae. Nanging kesalahan uga saka Perguruan Tinggine dhewe. Amarga ora bakal ana edharan ijazah palsu yen Perguruan Tinggine ora melu cawe-cawe lan menehi fasilitas ngetokake ijazah palsu.
Susanti (2015) mrathelakake “Praktik jual-beli ijazah palsu jelas-jelas melanggar ketentuan dalam Undang-Undang Nomor 12 Tahun 2012 tentang Pendidikan Tinggi Pasal 28 ayat 6 dan 7, Pasal 42 ayat 3, dan Pasal 44 ayat 4. Ancaman pidananya penjara paling lama 10 tahun atau denda paling banyak Rp 1 miliar.” Saka Undang-Undang kasebut wis jelas yen sanksi kanggo lembaga kang gawe lan adol ijazah palsu luwih gedhe tinimbang wong kang nggunakake ijazah palsu.
Kabeh Undang-Undang ki ora ana gunane yen ora dilakokake kanthi tegas. Mula aturan kudu ditindhakake lan diawasi nganti temenan supaya ora ana pihak kang nylewengake ijazah. Pamarintah kudu adil nangani kasus antarane rakyat cilik lan pejabat negara. Sapa kang nandur bakal ngundhuh. Samana uga sapa kang nglakoni salah kudu gelem nglakoni sanksi kang ana.
            18 Perguruan Tinggi kang terbukti ngetokake ijazah palsu yaiku ana ing Jakarta, Bekasi, Tangerang, Kupang, Bogor, Depok Medan, lan Aceh. Saperangan gedhe saka Perguruan Tinggi ing Jawa. Lan kang wis kena hukuman yaiku ana ing Medan, University of Sumatra. Nganti saprene Kemenristek isih nglacak Universitas-Universitas kang ora nduweni ijin.
            Fungsi asli pendhidhikan saiki wis ilang. Pendhidhikan namung didadekake lembaga bisnis. Tugas utama donya pendhidhikan wis mulai nggeser. Saka mencerdaskan kehidupan bangsa supaya negara luwih maju malih dadi fungsi gawe golek dhuwit lembaga-lembaga tartamtu. Kalebu perkara pemalsuwan ijazah. Dhuwit kang dibayar mahasiswa palsu ora liya namung mlebu ing kanthong wong-wong kang ora nduweni tanggung jawab.
Tilaar (2009:12) ngendika “Lembaga-lembaga pendidikan dituntut melahirkan tamatannya yang menguasai ilmu pengetahuan dan ketrampilan.” Mahasiswa kang namung ngandhelake dhuwit supaya bisa oleh ijazah bakalan kalah saing karo mahasiswa kang pancen nduweni ilmu lan ketrampilan. Ilmu lan ketrampilan kuwi bakal migunani sanget nalika ana ing lingkungan utamane nalika ing pagaweyan.
            Pamerentah kudu luwih tegas nyeleksi lan ngawasi para pejabat negara utawa pegawai negara. Luwih-luwih ana ing penyaringan administratif kang kudu luwih teliti. Abdullah (1986:30) mrathelakake “penyaringan administratif dilakukan dengan meneliti syarat-syarat dalam pengumuman, dengan jalan meneliti semua lampiran yang ada.” Supaya perkara kaya mangkene iki ora kelakon maneh.


Wacan

Abdullah, Rozali.1986.Hukum Kepegawaian.Jakarta:Rajawali.

Ant.2015.“Menteri Yuddy: PNS Berijazah Palsu Tak Akan Dipecat”. http://news.okezone.com/read/2015/05/29/337/1157257/menteri-yuddy-pns-berijazah-palsu-tak-akan-dipecat(27 Juni 2015)

Asril, Sabrina.2015.“Menpan: Ada Gubernur dan Bupati Pakai Ijazah Palsu”.http://belitung.tribunnews.com/tag/menpan/(27 Juni 2015)

Ismail, Rachmadin.2015.“Cerita Dosen di Medan yang Ditawari Ijazah S2 di Jakarta Rp 35 Juta”.http://news.detik.com/berita/2919642/cerita-dosen-di-medan-yang-ditawari-ijazah-s2-di-jakarta-rp-35-juta(27 Juni 2015)

Kusumasari, Diana.2011. Ancaman Hukuman Buat Pengguna Ijazah Palsu”.http://www.hukumonline.com/klinik/detail/lt4ec22ad3b59a0/ancaman-hukuman-buat-pengguna-ijazah-palsu (28 Juni 2015)

Mia.2015.“18 Perguruan Tinggi Jual Ijazah Palsu”.http://www.jawapos.com/baca/artikel/17528/18-Perguruan-Tinggi-Jual-Ijazah-Palsu(28 Juni 2015)

Prakoso, Djoko.1987.Tindak Pidana Pemilu.Jakarta:Rajawali.

Susanti, Afriani.2015.“Jual-Beli Ijazah Palsu, Denda Rp10 Miliar Menanti”.http://news.okezone.com/read/2015/05/27/65/1156238/jual-beli-ijazah-palsu-denda-rp10-miliar-menanti(27 Juni 2015)

 

Tilaar, H.A.R.2009.Membenahi Pendidikan Nasional.Jakarta:Rineka Cipta.

Virdhani, Marieska Harya.2015.“Kisah Pejabat Pemakai Ijazah Palsu”.http://news.okezone.com/read/2015/06/09/65/1162639/kisah-pejabat-pemakai-ijazah-palsu(27 Juni 2015)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar