Selasa, 29 Desember 2015

Conto Pidhato Basa Jawa



Tema : unggah-ungguh padinan

Assalamu’alaikum wr, wb.
Nuwun,

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha asih mugi kajiwa kasarira  wonten ing kula dalah panjenengan sedaya, amiin.

Para ulama ingkang tansah sumandhing Kitab Suci wahyuning Ilahi, ingkang tansah dhahat satuhu kinabekten.

Para Bapak saha Ibu Dhosen dalah sedaya Dhewan Yuri, ingkang sinubeng pakurmatan.

Para sanak kadang mitra pitepangan, sumarambah para rawuh sami, ingkang pantes tampi pakurmatan.

Kaparenga matur, ngancik alam modheren punika kulo dalah panjenengan tamtu inggih nedya mujudi, ndhapuk, saha kagum kabudayan ingkang laras tuwin murakabi tumpraping bebrayan.

Boten saged selak bilih kabudayan enggal punika kaprabawan majenging kawruh dalah teknologi enggal, punapa dene kenging daya pangaribawanipun bangsa manca ingkang sampun majeng. Boten mokal manawi bebrayan kula panjenengan lajeng asring sulap, blereng gebyaring kabudayan enggal kasebat. Kabudayan alam mardika, ingkang kaudi kaliyan mardika ugi. Rasuan, dolanan, tontonan ugi bebrayan sampun kathah ingkang nyonto utawi niru budaya manca, ngantos lajeng kados dene kirang amigatosaken dateng kabudayanipun piyambak, Luwih luwih para lare nem-neman, dipun kandani tiyang sepuh boten purun manut, kalih tangga teparo boten tepang, boten purun srawung, malah kabudayanipun piyambak asring dipun tengeri cap: kolot, kirang gaul, ndesa lan sanes-sanesipun.
Para rawuh ingkang minulya

mangga kita angen-angen dawuhipun Allah SWT wonten surat Al Israa’ ayat kaping 23. Bismillahirrohmanirrohim…..

ingkang artosipun kirang langkung mekaten : kula dalah panjenengan sami dipun anjuraken guneman dalah ngomong ingkang sahe dhumateng tiyang sepuh kekalih, ampun ngantos guneman kasar punapa malih nyentak. 

Ningali pesen ingkang saged dipun pendhet saking ayat kasebat, kula dalah panjenengan kedah gadhahi sopan santun utawi unggah ungguh, andhap asor dalah patuh dhumateng tiyang sepuh, keranten guneman kasar mawon boten pikantuk punapa malih tumindak ingkang boten mranani dhumateng penggalih.

Pendhidhikan dipun milai saking kulawarga. Sabab, menawi kaliyan tiyang sepuh dalah sanak kadang saged tumindak santun insya Allah srawung wonten ing masyarakat ugi saged santun.

Kawontenan kabudayan jawi ngingingi hal punika penting sanget, keranten kabudayan jawi punika kabudayan ingkang nukulaken karakter lemah lembut, alus, gadhahi tata krami ugi ingkang baken saged damel tentrem wilujenging sanes, ngiras tumut damel tentrem wilujenging pribadi.

Makaten ingkang saget kula aturaken, mugi manfaati dhumateng kula piyambak sumarambah kanca-kanca sedaya, amiin.
Wa billahi al taufiq wal hidayah, wassalamu’alaikum wr,wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar