Embung
Tekan saiki aku isih bingung, ngopo kok bisa dijenengi embung. Entuk bahasa saka ngendi aku yo
ora mudeng. Sing tak ngerti, ning embung kuwi ana kolam iwak, gazebo sak
tengahe kolam sing dihubungke karo jembatan lan kursi sak pinggir-pinggire
kolam sing biasane dinggo lungguh-lungguh mahasiswa sing nggarap tugas utawa
liyane. Ing sisih kiwa embung ana Masjid Ulul Albab, cah Unnes biasane nyebut
MUA. Mburine ana omah sing gawe nampa tamu-tamu penting, nanging sak ngertiku
yo ora ana tamu sing nginep rono. Sing dodol jajanan yo akeh ana sak pinggire
embung, pengen sing asin apa pedes kabeh ana.
Jam setengah sewelas sakdurunge kuliah MKU ana FIK, aku
mampir ning embung. Panas pancenan, amarga wit-witan sing ana sakpinggire embung
durung padha gedhe. Tapi tetep wae eneng mahasiswa sing nglakokake kegiatan ana
kene, senajan ora rame kaya nak wayah sore. Ning kene ana sing lagi mentoring,
nggarap tugas lan ana sing lungguh-lungguh kaya aku ngene iki. Saben wayah sore
rame meneh, ana sing mancing, mlaku-mlaku, nongkrong, tapi paling akeh yo
mahasiswa sing padha pacaran. Biasane wayah sore ya ana warga sing mancing ning
kene. Embung kuwi panggonane strategis, ana sak tengah-tengahe Unnes, yaiku
ning simpang pitu sing akeh dilewati mahasiswa lan warga, dadine akeh sing
nggunakake embung gawe ngumpul kara kanca-kanca.
Saka kadohan embung kuwi pancen katon apik, nanging
nalika dicedhaki panggonane reged banget. Ana ning njero kolam, banyune katon
ijo lan akeh sampahe. Ora ngerami, pancen ora ana tempat sampah sak pinggire
kolam, ana siji loro sing jarak’e adoh saka palungguhan. iki sing marakake
mahasiswa padha ngguwaki sampah saenggon-enggon, nalika ana udan, sampahe keli
ning njero kolam. Njajal wae nak taman sing ana
ning embung kuwi luwih dirumat, banyu ana kolam kerep-kerep diresiki,
fasilitas kaya tempat sampah lan wi-fi ditambahi lan kesadaran mahasiswa
ngguwak sampah ana panggonane, mesti embung bakalan tambah endah lan akeh sing
nekani.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar