Selasa, 01 Desember 2015

Geguritan



1.       Kuwi dolanan apa tenanan ?
Wujude ngono cilik
Nanging isine sadonya ana
Namung tunyuk rana tunyuk rene
Pagaweyane kaya dene dolanan
Nanging kok ya tenanan
Saka barang kang cilik iki bisa ngowahi kadadeyan
Sing becik bisa teka
Nanging ora dinyana sing memala uga asring teka
Barang cilik kuwi
Kang biyasane sinebut HP
Kadigdayane sekti mandraguna
Kaya-kaya saisi donya bisa diatur ing pucuking asta
Ragane padha anteng mandhengi kaca kang arupa-rupa
Nanging sapa ngerti sukmane tekan negara manca
Yen tak kira
Dhukun saiki wis ora payu
Kalah kondhang lan digdaya karo monopoline donya



2.       Telepon tunyuk
Ing jaman saiki
HP kuwi dadi piranti kang wigati
Piranti kang sekti
Butuh apa bae kabeh dijabani
Pucuking driji dadi sarana kang pesthi
Butuh blanja ?
Namung nunyuk toko pedia
Butuh lunga ?
Tunyuka traveloka
Butuh mangan ?
Golekana nomer 14022
Kabeh barang padha mara
Nanging dhuwit tetep paling utama




3.  Ngertiya nduk cah ayu

Ngertiya nduk cah ayu                                  
Kae Rama Biyungmu kerja golek guyu
Namung kanggo awakmu
Kanggo nuruti gaya metropolitanmu
Ngertimu namung njaluk dhuwit kanggo tuku paket internet
Ngertiya Rama Biyungmu sedina muput dleweran kringet
Namung ngerti njaluk wedak lan gincu
Rama Biyungmu saben dina gluprut lemah lan watu
Ngertiya sandhanganmu kuwi
Regane ora cukup sedina rong dina bayarane Rama Biyungmu
Ngertiya nduk cah ayu


Tidak ada komentar:

Posting Komentar