Judhul :
Singkar
Karangan : Siti
Aminah
Lampahan ing
panguripan manungsa
Crita kang nduweni judhul Singkar iki pantes diwaca kanggo para mudha amarga nyritakake kahanan
urip kang maneka warna. Iya perkara katresnan, kulawarga, masyarakat uga
kahanan kang ana ing pendhidhikan. Kabeh iki mau dikemas ana ing sajroning
crita kang nrenyuhake, uga nduweni amanat kanggo sing maca.
Jejodhonan kang ora
dikarepake Narumi amarga dipeksa karo ibune njalari Narumi nglampiaske marang
anake, Nina. Kahanan iki kang njalari Nina minggat saka omah, amarga dheweke
wis duwe pilihan dhewe kanggo pacangan uripe. Pancen bab omah-omah kuwi ora bisa
dipilihake wong liya sanajan kuwi wong tuwane dhewe, amarga kudu didhasari rasa
katresnan supaya ora kapedhotan ing tengah dalan. nalika jamane Narumi, anak
perawan kang wis lulus SMP langsung dinikahake karo wong sing wis dipilihake
wong tuwane. Nanging beda karo jamane Nina kang wis saya modern, ditambah maneh
pendhidhikane Nina sing S1, mesthi wae dheweke milih kanthi mateng babagan
pacangan urip.
Kabeh wong tuwa mesthi
pengen sing paling apik gawe anak, ora ana wong tuwa kok terus nyilakani anak.
Sanajan anak seneng wong tuwa melu seneng, nanging nalika anak susah sabisaa wong
tuwa melu ngrewangi. Iki uga kang ana ing pikirane Narumi, dheweke pengen anak
perawan siji-siji kuwi entuk pacangan kang apik, gemati, sregep, lan kabeh kuwi
mau tumuju ing Kurniawan. Nanging anake ora bisa nrima pangarep ibune amarga
dheweke wis duwe pilihan yaiku Nusa, kanca kuliahe.
Kabeh wong kuwi bisa
berubah dadi kang luwih apik, kalebu Nusa. Nanging kasunyatan getir kang pernah
dialami Nusa 2 taun kepengker, ndadekake srimpet ing sesambungane marang Nina.
Amarga dheweke wis duwe anak jalaran pacaran sing keblabasen. Saka kaluputan
kuwi dheweke janji bakal tanggung jawab, nanging ora direstuni karo wong tuwa
pacangane. Kadadeyan iki kang gawe Nusa manut marang wong tuwane lan ora bakal
tumindhak nekat maneh.
Kabeh kadadeyan kang wis kelakon kuwi bisa dadi guru
kanggo manungsa supaya ngerti babagan apik lan ala, uga aja nganti mbaleni
kaluputan kang wis ditindhakake. Saiki Nusa lila nglakoni urip ing Singkar.
Desa cilik kang durung makmur, tetandhuran wae ora ana sing urip ing mangsa
ketiga. Nanging dheweke pengen bantu para warga supaya kabutuhan pangan tetep
kacukupan ing mangsa ketiga. Tani ing desa Singkar dikeki penyuluhan babagan
tetanduran sing apik lan diajak gawe program irigasi kanggo sawah-sawah.
Semana uga kang dilakoni Kurniawan, nom-noman kang sregep
ngrewangi wong tuwane ana kebon salak, lan gaweyan apa wae ana ngomah kang kudu
ditandhangi wong lanang. Nalika ngerti bapake duwe wedhokan liya kang njalari
pisah karo ibune, dheweke tambah sregep
anggone ngewangi ibune. Nganti ora ngurusi awake dhewe, sing penting isa mbantu
ibune golek pangan lan mbayar sekolah adhine.
Kabeh kadadeyan kang dilakoni Nina, Nusa, kurniawan lan
Narumi mau bisa ndadekake rusake hubungan marang anak,wong tuwa utawa
pacangane. Mula crita iki bisa dadi guru kanggo sing maca supaya ngati-ati
anggone tumindhak. Amarga tumindhak kang ora dipikir dhisik bisa gawe larane
ati wong liya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar