Judhul :
Krikil kriki pasisir
Karangan :
Tamsir AS.
Bektine
anak marang wong tuwa
Manik kuwi bocah kang sregep lan ngabekti marang wong tuwa
uga kakangne. Saben dina nemandhangi pagaweyan omah kang bisa dilakokake.
Minangka simboke lara, dheweke lunga nemoni kakangne ana ing bandharan judhi
kanggo jaluk dhuwit. Nanging tekan kana namung entuk pisuhan saka kakangne lan
bali tanpa nggegem dhuwit salembara. Untunge tekan dalan dheweke dibarengi karo
Samsul, wong kang ditresnani banjur diwenehi dhuwit ewonan telung lembar.
Sanajan wis dipisuhi karo kakangne, kenya kuwi tetep
ngabekti marang kakangne. Nalika bapake ngongkon supaya golek kerja ana ing
kutha, Manik njaluk pituduh marang kakangne. Kenya kang isih lugu lan durung
ngerti rekasane urip ana ing kutha, nyanggupi panjaluke bapake nyambut gawe ana
ing kutha sajedhake pesisir. Dheweke uga pengen mbiyantu kabutuhan kulawargane
sanajan simboke lara, bapak lan kakangne namung dolanan dadhu lan ombe-ombenan
wae. Saiki bali, sesuk lunga maneh ora ngerti baline kapan.
Sing dadi pikirane Manik namung gegayutan karo simboke
kang lola ana ing ngomah. Nanging atine wis ditetegake, sanajan dheweke nyambut
gawe uga kanggo kulawargane. Sing dieling-eling kenya kuwi namung wekasan
simboke supaya ngati-ati anggone njaga awak, utamane karo wong lanang sing
pagaweyane namung nuruti napsu marang wong wadon. Bener wae, ana ing kutha
Manik kerja karo juragan Cina kang nduweni niatan ora apik marang dheweke
nalika bojone ora ning ngomah.
Apa kang wis dilakoni
Manik iki becike kudu ditiru karo anak ngendi wae marang wong tuwane. Ngabekti
sanajan wong tuwane wis sepuh lan ora becik tumindhake. Sabisa-bisaa ngelingke
manawa wong tuwane tumindhak salah. Amarga kabeh manungsa kuwi nduweni salah,
kalebu wong tuwane dhewe kang kudune digugu marang anak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar