Minggu, 06 Desember 2015

Tradhisi ing Keraton Surakarta Hadiningrat "Kirab Kebo Bule"



Maesa Sura
Kirab Kebo Bule utawa maesa sura inggih menika tradhisi ingkang taksih kalampahan wonten ing Keraton Surakarta Hadiningrat. Adicara menika dipunlampahi nalika warsa enggal Hijriyah utawi wulan Sura. Kirab menika inggih dipunlampahi kangge mengeti dumadinipun kutha Surakarta nalika Keraton dipunpindhah saking Kartasura tumuju ing Surakarta. Ingkang kala semanten dipunpimpin kaliyan maesa kasebat.
Adicara kirab menika dipunlampahi tengah wengi utawi miturut kekarepan saking Kebo Bule keturunan Kyai Slamet. Miturut abdi dalem Keraton Surakarta, Kebo Bule menika jelmaan saking para leluhur. Kebo ingkang cacahipun 11 kasebat nggadhahi kulit warna albino, mula kathah ingkang mastani Kebo Bule. Adicara kirab menika dipunwiwiti saking Keraton Surakarta Hadiningrat, alun-alun lajeng dumugi ing Keraton malih.
Piranti wonten ing kirab kasebat boten namung maesa kemawon, nanging uga wonten pusaka ingkang dipunbekta para abdi dalem, pusaka kasebat inggih menika keris lan tombak. Para abdi dalem uga nglampahi tapa bisu, yaiku boten dhahar, sare lan gunem ngantos dumugi enjang. Rituwal kasebat ancasipun kangge ngrenungi kalepatan ingkang sampun kalampahan setaun kepengker. Wonten syarat ingkang kedah dipunlampahi saderengipun kirab menika, antawisipun ngagem rasukan ingkang warninipun cemeng, ngagem samir lan boten pareng ngagem sandal.
Wonten ingkang unik ing adicara menika, saderengipun adicara kirab, Kebo menika dipunparingi kopi ireng ingkang taksih panas sarta dhaharan ingkang dipunremeni kadosta tigan mentah, tela, gedhang lan kangkung.  Kebo kasebat uga dipunagemi sangsangan sekar mlati. Para warga ingkang mirsani sami rebutan sisa saking kopi ireng lan dhaharan kebo ingkang boten telas, janur, sekar ngantos wonten ingkang mundhut regedan saking kebo bule menika. Warga pitaya yen piranti-piranti kasebat bisa ndhatengaken kaberkahan.
 Tradhisi ingkang sampun kalampahan watawis 250 taun menika taksih dipunjagi ngantos dinten samenika. Nilai kesakralan dados daya tarik kagem masyarakat Solo lan sanesipun. Kathah warga saking dhaerah sanes kagem mirsani kirab menika. Mitos ingkang nyebar wonten ing masyarakat njalari tradhisi kasebat taksih wonten ngantos dinten samenika. 
Urut-urutaning adicara Kirab Kebo Bule inggih menika: 
 
Gambar 1. Nyiapaken piranti-piranti kangge jamuan Kebo Bule

Gambar 2. 3. Kebo Bule dhahar lan dipunagemi sangsangan

 

Gambar 4. Kebo Bule ingkang mimpin kirab
  
Gambar 5. Barisan pusaka lan abdi dalem ingkang nglampahi tapa bisu

 
Gambar 6. Para warga sami rebutan supados bisa ngaras lan mundhut sekar utawi dhaharan ssia Kebo Bule Kasebat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar