1.
Aku tresna kowe dina iki
Aja kok jorke tresnamu marang aku
Aku wedi gawe kuciwane atimu
Aja banget-banget anggone seneng aku
Kowe durung ngerti eleke tingkah polahku
Kaya biyasa aku ora
bisa janji
Namung bisa nyawang
manise esemu
Esem kang gawe
krenteging atiku
Kaya biyasa aku ora
bisa janji
Namung bisa gumun
nyawang kapribadenmu
Ndadekake aku prakara
kang wigati
Nanging kaya
biyasane aku ora bisa janji
Namung bisa muni
Aku tresna kowe
dina iki
Tak sebut jenengmu
R..
Jeneng yen tak
sebut isih gawe krenteging sukma
Jeneng kang gawe
ancleping ati
Kaya krikil
kegebyur banyu ning kali
Keli nganti samudra
gedhe
Kagawa rana rene
nganti ilang perihe
Tak sebut jenengmu
R..
Jeneng kang gawe
rasa sing beda
Jeneng kang tak
bela-bela
Ora trima yen ana
sing maido
Ora marga jenenge
Nanging marga kowe
Wong sing nduwe
jeneng R.
3.
Cecak nguntal baya
Apa kowe kelingan ?
Kelingan marang janjimu
Tekan saiki aku isih ngenteni
Sanajan ora bakal kanthi
Sanajan aku salah yen isih nepati
Amarga aku saiki wis ora aku nalika samana
Amarga akeh wanita kang luwih sampurna
Nanging
Atiku meksa ora gelem lunga
Sanajan kaya cecak nguntal baya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar