1. Gara-gara
kowe
Saka
panggonan kang beda-beda
Tradhisi
lan kabudayan kang beda
Agama kang
uga beda
Apa maneh
watek kang mesthine beda
Kabeh tumuju ing papan siji
Lan kabeh ketemu amarga tujuwan kang
padha
Guyon lan tangis kang ana
Ora krasa tansaya gawe raketing
sukma
Sanajan
awak kesel lan jeleh amarga adat kang kudu dilakoni saben dina
Nanging
amarga kanca
Kanca kang
susah seneng melu ana
Kabeh dadi
ora ana sing muspra
2. Apa
kurang suwe ?
Apa kurang
suwe ?
Tresnaku
marang kowe
Seytaku kang
ora sepele
Taunan aku
ngenteni kowe
Nanging
meksa kowe isih ora pitaya
Coba apa
maneh kang bisa gawe kowe nrima ?
Apa kudu
nyuntak segara ?
Apa kudu
mindah bagaskara ?
Nanging
aku ora kuwawa
3. Koran
Minangka
sarana komunikasi
Maringi
kabar kang wigati
Kabeh
kadadeyan kang ana ing bumi
Nanging
yen wis ilang gunane
Ora ana
sing nggumateke
Namung
para bakul kanggo mbungkus dagangane
Utawa
tukang rosok sing ngupakara rejekine
4. Sega
jagung
Sega
jagung
Pratandha
susahe simbah kakung
Nalika
kerja rodi ing jaman Walanda
Isih mesa
sega jagung
Pirang-pirang
sing ora kejatah mangan
Namung
kerja awan tekan awan
Yen wani
nglawan
Nyawa dadi
jaminan
6. Janur
garing
Ngertiya
aku tresna kowe
Lair batin
ora bakal tak kuciwake
Setyaku
namung marang kowe
Entenana
aku gek ngusahake
Yen nganti
tak delok ana janur kuning nglengkung
Bakal tak
ganti karo blarak garing
Yen nganti
ana cengkir gadhing
Bakal tak
ganti karo bluluk garing
7. Kupluk
abang
Kupluk
abang pratandha sayang
Sayang
marang pangeran
Pangeran
kang maringi susah lan seneng
Uga
sekabehane kang tumemplek aning awakmu
Pangeran
ilahi
Kang
ndhawuhi supaya sabar lan aja iri dengki
Ya kupluk
abang kuwi
Kupluk
kang sejati
Ora namung
kupluk sing ngapusi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar