Umure Unnes wis
setengah abad
Kamis (5/3) 2015 wiwit jam 7 esuk, ing lapangan lari FIK (Fakultas Ilmu
Keolahragaan) katon kaya segara manungsa. Ewonan wong ana ing kono padha melu
acara pembukaan Dies Natalis utawa Ulang Tahun Unnes kang wis umur setengah
abad. Mahasiswa, dhosen, pejabat Unnes lan tamu undangan tumpleg bleg ana ing
kono. Pengisi acara uga ora kalah akehe, ana penari kolosal kang cacahe ana 250
penari saka Mahasiswa PAUD (Pendidikan Anak Usia Dini), kolaborasi BEM (Badan
Eksekutif Mahasiswa) lan Mahasiswa FIS (Fakultas Ilmu Sosial), formasi huruf
saka Mahasiswa Bidikmisi kang kawaca Unnus 50th lan liya-liyane.
Ulang
Tahun Unnes kaping 50 Tahun iki mboyong
tema “Konservasi Unggul”. “semoga unnes menjadi kampus konservasi unggul
dan menjadi contoh bagi kampus-kampus lain di Indonesia” pangandikane Rektor
Unnes, Prof. Dr. Fathur Rakhman, M.Hum sadurunge ngempakake sirine gawe tanda
acara iki dibukak. Ana maneka warna acara kanggo ngrayakake Dies Natalis,
nganti suwene kurang luwih sesasi, saka acara jurusan tekan Universitas.
Upacara penutupan dianakake Tanggal 30 Maret, lan ditutup karo pagelaran
ringgit Tanggal 2 April ana ing auditorium kang didhalangi Ki Mantep Sudarsana
kang nduweni julukan dhalang setan.
Sauwise
Upacara Pembukaan, diterusake jalan sehat tekan auditorium. Mahasiswa padha
baris miturut Fakultase dhewe-dhewe karo nggawa atribut kang rupa-rupa supaya
katon rame. Saben wong entuk jatah kupon undian siji gawe ngrebutake hadiah
kang maneke warna, ana 15 sepeda gunung, 3 mesin cuci, 3 kulkas, voucher
pesawat Garuda Indonesia tekan Surabaya lan hadiah utama 2 sepeda motor. Ing
kono uga ana pasar tugu kang ngadol jajanan, klambi lan gantungan kunci.
Upacara
pembukaan Dies Natalis lan jalan sehat iki rampung jam 1 awan. Kuliah dimulai
maneh jam 11 awan, sanajan wis mundur 2 jam. Saliyane kanggo ngrayakake Ulang
Tahun Unnes, Mahasiswa uga bisa padha refresing lan ora sepaneng anggone mikir
kuliah amarga kuliah lagi wae diwiwiti 2 Maret kepengker. Sauwise preinan karo
tengah sasi, Mahasiswa bisa padha temu kangen lan guyon karo kanca-kanca maneh
disambi jalan sehat tekan auditorium.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar