Pro-kontra Pendhidhikan antikorupsi
Sekretaris Jendral Pendidikan lan Kebudayaan Ainun Na’im
mrathelakaken, pendhidhikan antikorupsi sampun dilebetaken wonten ing kurikulum
sekolah dhasar ngantos pendhidhikan tinggi wiwit warsa 2012. Ananging boten
gampil nglaksanakaken program kasebat, amargi ngantos dinten samenika taksih
kathah perkawis ingkang kedah diadhepi. Kathah tiyang-tiyang ingkang boten
sarujuk manawi antikorupsi dipunlebetaken wonten ing kurikulum. Sanajan boten
mligi dados mata pelajaran, pendhidhikan antikorupsi menika namung
dipunseselaken wonten ing salah sawijining mata pelajaran ingkang wonten gandheng
cenengepun kaliyan korupsi, kayata Pendidikan Kewarganegaraan.(Panyebar Semangat
Pendhidhikan antikorupsi menika leres dipunlebetaken
wonten ing kurikulum. Jalaran saking perkawis-perkawis ingkang sampun
kalampahan, khususipun pejabat negara kang kedah dados conto kangge rakyat, nanging
kathah ingkang kejerat kaliyan korupsi. Manawi boten diantisipasi, KKN(Korupsi
kolusi Nepotisme) menika saged dados budaya wonten ing Indonesia. Rakyat boten
malih ngajeni negara, amargi pejabat negaranipun boten saged nglaksanakaken
amanat saking rakyat. Rakyat boten purun malih bayar pajak lan akibatipun
negara boten gadhah pemasukan, amargi pemasukan negara ingkang paling ageng
inggih punika saking pajak. Saking pajak punika negara saged mbangun fasilitas
kagem masyarakat kayata aspal, sekolah, puskesmas lan sapanunggalanipun.
Pendhidhikan antikorupsi punika ingkang sae
dipunlebetaken wonten ing kurikulum SMA lan Perguruan Tinggi. Amargi sampun
trep kaliyan Mulyasa wonten ing buku Kurikulum
Berbasis Kompetensi, pendhidhikan kang dipun ajaraken marang siswa kedah
trep kaliyan kemampuan lan kebutuhan murid. Murid SMA lan Perguruan Tinggi
perlu dipun adharaken babagan punika amargi sampun wancine terjun wonten ing
dunia pekerjaan lan srawung wonten ing masyarakat, utaminipun manawi sampun
bebrayan. Pendhidhikan antkorupsi punika saged damel pondasi lan sangu supados
siswa mangertos punapa kemawon kang dodos hakipun piyambak lan hakipun tiyang
sanes. Iga saged nglaksanakaken amanat saking tiyang sanes.
Pendhidhikan antikorupsi menika saged diajaraken wiwit
cara kang prasaja. Kayata lewat organisasi sekolah(OSIS, BEM, ROHIS, HIMA, lsp)
utawa organisasi kelas kang dipun awasi dening wali kelasipun piyambak. Saking
organisasi punika murid saged dipun ajaraken babagan keuangan supados
dipuntulis kanthi rinci, perkakas organisasi supados dijaga anargi punika
amanat saking sekolah lan dipun paringi informasi kasus korupsi ingkang sampun
kalampahan lan punapa kemawon kerugian kang ditanggung negara. Kanthi cara
ingkang pungkasan menika inggih saged nuwuhaken sikap nasionalisme wonten ing
dhiri siswa supados sami-sami njaga punapa kemawon ingkang sampun digadhahi
negara, ugi supados boten ical wonten ing tangan-tangan kang boten samestine,
kang saged njalari sangsaya mlarat panguripanipun rakyat alit.
Ananging pendhidhikan antikorupsi menika boten mligi
dados dalan ingkang paling sae kagem nangani perkawis KKN wonten ing Indonesia.
Kurikulum enggal punika kirang efektif amargi boten saged njamin murid-murid
punika supados boten blereng manawi dipun adhepaken kaliyan kasunyatan wonten
ing dunia pekerjaan. Ditambah malih kabutuhan kulawarga lan penghasilan kang
boten imbang. Perkawis kasebat kang saged nglunturaken punapa kemawon ingkang
sampun diajaraken kaliyan gurunipun.
Gurunipun piyambak inggih boten saged dijamin manawi
bebas saking kasus korupsi. Ampun ngantos dados Jarkoni(bisa ngajar ora bisa
nglakoni). Manawi gurunipun dereng saged dipastekake bebas saking kasus korupsi
punapa malih murid-muridipun. Amargi guru ingkang sae inggih punika guru kang
saged maringi tuladha, boten namung ngendika ngalor-ngidul kang boten wonten
isinipun. Tenaga pendhidhik inggih punika tenaga ingkang mangertosi ngantos
gamblang babagan punapa kemawon ingkang dipun ajaraken dening murid. Paling
boten saged tumindhak miturut pengetahuan ingkang sampun dimangerteni, boten
asal tabrak jalaran blereng gebyaring bandha kang wonten ing ngajenge.
Korupsi inggih punika kapinginan supaya nduweni sesuatu
kanthi cara gampil ananging ngrugikake tiyang sanes. Dados kasus korupsi punika boten mligi kados nilep
artanipun rakyat kemawon. Nanging uga saking perkawis kang sepele, kayata
nyontek. Nyontek punika sampun lumrah wonten ing kalangan pelajar, nanging
kalumrahan kang sepele kasebat ngajaraken tindhakan kang boten sae marang
murid. Saking tindhakan kang sepele kasebat bisa njalari murid nglakokake tindhakan
kang luwih boten trep, kayata korupsi ing sangajenge dinten. Samana uga kang
kadadeyan ing guru utawa tenaga pengajar. Korupsi kang asring dilakoni guru
punika yaiku korupsi jam pelajaran. Pelajaran sampun dipungkasi saderenge
wekdalipun. Pancinipun njalari murid bingah, nanging sejantosipun kahanan
kasebat inggih ngajaraken murid nglanggar aturan lan tata tertib. Amarga guru
kang dipun dadosaken panutan uga nglanggar aturan. Wonten malih tindhakan guru
marang murid kang nembe panas inggih punika pelecehan seksual, kang njalari
traumane anak ngantos diwasa.
Anggota KPK(Komisi Pemberantasan Korupsi) lan hakim mawon
wonten ingkang kejerat kaliyan kasus korupsi, punapa malih tenaga pendhidhik
kang dereng dangu menika nembe gencar didhawuhi supados ngajar babagan
antikorupsi. Tiyang-tiyang ingkang nangani bidang korupsi mawon boten luput
saking parkawis kang saben dintene dipun tangani. Mendah dene tenaga pendhidhik
kang boten nate kesorot publik.
Sampun kathah hukuman lan sanksi kanggo tindak pidana
korupsi. Kayata kang ditulis dening R.Wiyono wonten ing buku Pembahasan Undang-Undang Pemberantasan
Tindak Pidana Korupsi, inggih menika kang sampun katulis wonten ing Undang-Undang
No. 31 Tahun 1999 kang sampun digantos kaliyan Undang-Undang No. 20 Tahun 2001.
Nanging taksih kathah tiyang kang tetep nindhakaken korupsi. Bokmanawa
tiyang-tiyang punika rumangsa yen hukum ing Indonesia kirang teges. Amarga
taksih kathah tindak korupsi kang boten konangan tiyang sanes. Malah wonten
tiyang kang korupsi nanging taksih saged mlampah-mlampah ngantos Singapura,
menika jalaran kirang tegese hukum ing Indonesia.
Sejantosipun sadaya wau gumantung dhiri piyambak. Mangertos
pundi kemawon kang dados hake lan hak tiyang sanes kang taksih kekirangan. Kepriye
anggone nyambut damel kanthi cara kang halal. Ngantos direwangi adus kringet
nanging hasile taksih dereng nyukupi kabutuhan kulawarga kang tansaya kathah.
Nanging kang boten saged ewah punika yaiku rejeki kang halal njalari urip ayem
lan tentrem sanajan sarwa kacukupan.
Pendhidhikan ingkang sae inggih punika pendhidhikan agama
kang luwih dipadhetke malih, utaminipun kangge sekolah umum kang namung wonten
mata pelajaran agama 2 jam saben dintene. Wektu punika boten sebandhing kaliyan
perubahan jaman kang tansaya rusak jalaran kelebon kaliyan budaya manca kang
nyleweng saking budaya Indonesia kang sejati. Murid wonten ing Indonesia boten
namung betah didandosi babagan ilmu umum lan akademik, nanging uga kedah
didandosi babagan akhlak, moral lan pribadhinipun kang sampun luntur. Wonten
ing agama Islam korupsi menika cetha dikharamake. Malah Rasulullah sampun
ngendikan “terlaknatlah orang yang menyuap dan disuap.” (HR. Ahmad)
Tiyang-tiyang
padha tumindhak serakah lan rumangsa kirang marang punapa kemawon ingkang samun
digadhahi. Atinipun dados kasar, boten saged sumerep marang tiyang sanes kang
sarwo kekirangan. Tiyang pinter punika kalah kaliyan tiyang mangertos,
mangertos manawi tangga teparo lan sanak kadangipun sarwo kekirangan, mangertos
menawi bandha punika boten bakal dipun bekta ing alam kubur. Boten tiyang
pinter, nanging boten mangertos hak-hak punapa kemawon ingkah perlu
ditindhakake.
Sajake tiyang punika betah diajaraken syukur dhumateng
Gusti amargi sampun dipun paringi rejeki lan kasugengan sahingga bisa makarya.
Pendhidhikan agama punika paling boten saged nyadharaken tumindhak-tumindhak
ingkang kelentu lan saged ngandhelake iman marang Gusti Allah. Amargi sedaya
bandha kang diduweni wonen ing donya menika saged ical sawayah-wayah, kalebu
nyawa. Ngakaraken pendhidhikan agama marang anak punika inggih salah sawijining
kawajiban tiyang sepuh dhateng anak.
Ananging pendhidhikan agama punika inggih boten mligi
dados panutan kang paling sae. Amarga wonten ulama-ulama lan kyai kang
tumindhak boten miturut dhasar agama. Kayata nampa bayaran pengajian utawa
ceramah kang sejantosipun boten angsal ing agama. Wonten malih biro-biro haji
lan umroh kang nilep arta nasabahipun. Ingkang paling mbangetake yaiku kyai
kang nyabuli santriwatine piyambak. Ulama lan Kyai punika boten saged ngayomi
minangka dados guru spiritual, nanging njalari icalipun kapitayan rakyat
dhumateng Ulama.
Pancinipun sadaya wau inggih gumantung dhiri pribadhinipun
piyambak. Wong tuwa kedah milihaken pendhidhikan kang paling sae dhumateng
anak, kalebu pendhidhikan agama. Supaya anak angsal pendhidhikan kang sae,
miturut kemampuane anak. Ananging paling boten, pendhidhikan agama punika kedah
diajaraken marang anak, amarga kalebet kewajabane wong tuwa supados ngajaraken
ilmu agama marang anak. Manawi pelajaran antikorupsi punika boten kaleksana,
paling boten sampun ngguguraken kuwajibane wong tuwa marang anak. Ingkang
paling baken pendhidhikan agama punika boten namung ngajaraken pendhidhikan
donya kayata antikorupsi, akhlak, toleransi nanging uga ngajaraken pendhidhikan
akhirat.
Manawi ing tindhakan korupsi pancinipun kita saged angsal
punapa kemawon kang dipingini kanthi cara instan. Nanging manawi wonten ing agama
ngajaraken sedhekah. Sedhekah punika boten bakal njalari telase bandha, nanging
sangsaya nambah rejeki kita. Amargi sedhekah woten ing agama nduweni rumus
nglipat gandhakake kaping pitu punapa kemawon kang sampun kita paringaken
kangge sesami.
Daftar pustaka :
Drost, J. 2000. Reformasi
Pengajaran Salah Asuhan Orang Tua?. PT Graedia Widiasarana.
Hartanti, Evi .2005. Tindak Pidana Korupsi.Jakarta: Sinar
Grafika.
Majid, Abdul. 2004. Pendidikan
Agama Islam Berbasis Kompetensi. Bandung:PT Remaja Rosdakarya.
Mulyana, Rohmat. 2004. Mengartikulasikan
Pendidikan Nilai. Bandung: Alfabeta CV.
Mulyasa, E. 2006. Kurikulum
Berbasis Kompetensi. Bandung: PT Remaja Rosdakarya.
Nugroho, Riant. 2008. Kebijakan Pendidikan. Jakarta: Pustaka
Pelajar.
Wiyono, R. 2005. Pembahasan
Undang-Undang Pemberantasan Tindak Pidana Korupsi. Jakarta: Sinar Grafika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar