KRUPUK ABANG PUTIH Jogja
Bantul, www.jogjatv.tv – Ing taun
70-an, krupuk pohung, ingkang namanipun
krupuk abang putih, mujudaken
nyamikan ingkang mirunggan. Sinaosa
bahan bakunipun glepung tapioka lan cara ngocalipun prsaja,
ananging krupuk punika, sakelangkung
miraos, boten kawon
kaliyan krupuk damelan pabrik. Ananging awit pangrembakaning jaman, krupuk punika tansaya kadhesuk, satemah
cacahing perajin kantun sekedhik.
Padhukuhan Klisat
Srihardono Pundong Bantul, wiwit jaman kamardikan kawentar
minangka teleng produksi krupuk
abang putih. Warga ing desa kasebat,
rikala samanten racak makarya minangka
perajin krupuk pohung punika. Nanging
samangke cacahing perajin krupuk abang
putih, kantun sekedhik. Mratahipun
krupuk damelan pabrik njalari krupuk abang putih, kirang dipun pikajengi masyarakat.Sabar, satunggaling perajin krupuk
abang putih, mratelakaken, saben dinten ngocal 50 ngantos 70 kg glepung tapioka,
kangge damel krupuk, suda kathah
tinimbang 15 taun kapengker. Rikala semanten Sabar damel krupuk ngantos sa-ton saben dinten, dipun
biyantu dening welasan tanaga karya. Samangke Sabar ndamel krupuk nasionalis
punika namung kaliyan semahipun. Regi krupuk abang
putih mentah Rp 18.000,00 saben kilo . Samangke panyadenipun saya winates,
namung dipun sade dhateng Imogiri iring
kidul lan Kecamatan Panggang.Awit saking punika, para perajin ngajab
pemerintah cawe-cawe milujengaken
produksi krupuk mirunggan saking Pundong
punika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar