Sêrat
Rangsang Tuban
Sêrat
Rangsang Tuban, nyariyosakên lêlampahanipun pangeran kêkalih ing nagari Tuban,
ajêjuluk Sang Pangeran Warihkusuma sarta Sang Pangeran Adipati Anom,
Warsakusuma, ngantos satamating cariyos. Pêthikan saking Sêrat, Wedhaparaya, anggitanipun
Êmpu Manêhguna ing nagari Lamongan
Kaanggit
dening Ki Padmasusastra
Tiyang
mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta
Nalika
taun 1900
Kaêcap
wontên ing pangêcapan N.V. Budi Utama ing Surakarta 1912.
---
1 ---
Ing
nagari Tuban, wontên ingkang jumênêng nata binathara, ajêjuluk Prabu Sindupati,
agêng karatonipun, angrèhakên para ratu ing ngatas angin, ing bawah angin, sang
prabu tansah angêlar jajahan, misuwuring asmanipun angèbêki jagad, para ratu
sami suyud sumawita botên kalayan kagêbag ing pêrang, anggêpipun sami
ambathara. Sang prabu nêngênakên kaprawiran, mila ingkang para abdi sami ulah
kasampurnaning kawruh pêrang, aji jaya-kawijayan, kadigdayan lan kanuragan,
sami têguh-timbul, botên wontên ingkang têdhas tapak paluning pandhe sisaning
gurinda, limpad ing wiweka sugih gêlar panangkêping satru sêkti botên kanyanan
ing mêngsah, sumêrêpipun sampun kasèp kalêbêt ing byuha kalawêrit, angèl
wênganipun, kontaping kaprawiran, kasudiran sarta kawêgiganing pasang gêlar
wau: adamêl mirising para ratu ingkang dèrèng sami kawêngku ing jajahanipun
nagari Tuban. Garwanipun sang prabu sangang dasa sanga, nanging putranipun
namung kêkalih sami kakung, ingkang sêpuh mijil saking garwa pangrêmbe turasing
pandhita, kaparingan nama Radèn Warihkusuma, ingkang anèm miyos saking garwa
padmi putrining ratu, kaparingan nama Radèn Warsakusuma, punika ingkang
ginadhang anggêntosi karatonipun ingkang rama, radèn kêkalih [kêka...]
---
2 ---
[...lih]
rukun anggènipun saduluran, radèn sêpuh sangêt momong dhatêng ingkang rayi,
sarta ajrih asih narimah ing pandum ingkang sampun dados lêrêsipun jumênêng
pangeran agêng dados wêwêngkuning praja. Radèn anèm sangêt trêsna saha
rumêngkuh agêng gunganipun dhatêng ingkang raka prasasat dhatêng ingkang rama,
mila jumênêngipun pangeran adipati botên adamêl kêmeronipun dhatêng ingkang
raka, saking ingkang rayi rumaos kawêngku dhatêng ingkang raka.
Sang
prabu sangêt pirêna ing galih anguningani rukunipun ingkang putra anggènipun
saduluran, acipta badhe botên wontên sambekala ingkang dhumawah dhatêng putra:
bilih sang prabu sampun murud dhatêng têpêtsuci.
Jumênêngipun
sang prabu antawis pikantuk 50 taun, dumugi yuswa 75 taun, nandhang gêrah
sarira sadaya, sang nata karaos badhe puput yuswanipun, ingkang putra sami
ingandikan, wontên ing dagan sami angujungi sampeyanipun ingkang rama sarta
sami lara karuna sumêrêp netyanipun ingkang rama sampun asawang kunarpa,
ingkang rama angandika lirih: Kulup sakarone gêrah ingsun kaya wus ora waluya
dening usada, ingsun bakal tumêka ing pati, sira sakarone dibêcik sapungkur
ingsun, sang pangeran tansah sami carocosan, sang prabu mapat lajêng [la...]
---
3 ---
[...jêng]
seda, tangis gumuruh salêbêting pura, sang pramèswari sarta para garwa
pangrêmbe sami rêmpu ing galih koncatan sihing raka kados coploking sêsotya
saking êmbanan.
Sang
pangeran kêkalih lajêng matah bab upakartining layon, botên dangu sampun
samapta, sang prabu lajêng kaangkatakên kalayan pakurmatan agêng, kasarèkakên
ing astana nunggil para lêluhuripun.
Tidhêming
praja antawis, 7 dintên, karsanipun Sang Pangeran Warihkusuma ingkang rayi Sang
Pangeran Adipati Warsakusuma kaangkat jumênêng ratu anggêntosi ingkang rama
suwargi, kalampahan mawi pakurmatan agêng sarta mawi kajênêngan para ratu
ingkang nunggil jaman kalihan sang nata, misuwuring asmanipun sang prabu sairib
lan ingkang rama, pikêkahing praja ingkang dados tanggulanging mungsuh sêkti
namung Sang Pangeran Warihkusuma.
Kacariyos
Sang Pangeran Warihkusuma dèrèng mawi krama, kagungan pacangan sangkaning timur
kalêrês sadhèrèkipun nak-sanak piyambak saking bibi, kala samantên dèrèng
diwasa, sapunika sampun nêdhêng birai, karsanipun sang pangeran badhe nglamar
dhatêng ing rêdi, pamit dhatêng ingkang rayi sang prabu, nyariosakên karsanipun
wau punika, awit botên namung wajibipun ing agêsang [agê...]
---
4 ---
[...sang]
mawi krama, ingkang langkung pêrlu angestokakên piwêlinging kaki sang pandhita
ingkang sampun murud dhatêng ing jaman kailangan, yèn pinacang sangkaning lare
kalihan Endhang Wrêsti sutaning Umbulmudal, patutan saking endhang sadhèrèking
bibi. Sang prabu sarêng midhangêt yèn ingkang raka badhe palakrama sakalangkung
pirêna ing panggalih, lajêng adhêdhawuh karsa ngaturakên piyambak ing
tindakipun ingkang raka sang pangeran, mêthuk Endhang Wrêsti dhatêng ing rêdi,
tiyang sapraja otêr sami tata-tata.
Tindakipun
sang pangeran kalihan ingkang rayi sang prabu dhatêng ing rêdi Mudal, adamêl
orêging têtiyang sapraja sami kapiluyu tumut andhèrèkakên dhatêng ing rêdi
ngiras ningali, sakathahing bala ambalabar ngantos angèbêki papan, sanadyan ing
jurang-jurang kêbak tiyang, ing Mudal awutahan tiyang sapraja kados nagari
dadakan, Kyai Umbul sampun nampèni dhawuh rumiyin ing tindakipun sang pangeran
sakalihan ingkang rayi sang prabu, sarta sampun nyuwêngakên griya manggèn ing
gandhok, lajêng tata-tata saha sampun mirantos, ing griya dipun pajang
linungsir ing gêgodhongan wanan, lunging pakis lan pradapaning angsoka winor
lan soglènganing sêkar pudhak, tuwin mayanging jambe kinarawistha kinubêngakên
minôngka têtawing utawi palisiring [palisir...]
---
5 ---
[...ing]
pinarakanipun sang prabu lan sang pinangantèn, kongasing ambêtipun rêrêngganing
pinarakan kados wontên ing jaman limunan kadhatoning êjin pêri parayangan,
saka-saka sami kapasangan têtuwuhan, cêngkiripun gadhing tinulis ing kênaka
luru gambaripun Kumajaya lan Dewi Ratih, tarubipun sami kinayu apu ing
gêgodhongan sarta lunglungan tuwin sêsêkaran ingkang wangi-wangi.
Rawuhipun
sang prabu sarta sang pinangantèn katingal pirêna ing galih, Kyai Umbul
gurawalan mêthuk kalihan semahipun sami makidhupuh ngalosod ing siti, sang
prabu marma ing galih lajêng kinèn andhèrèk ing tindakipun. Rawuhing pêpajangan
lênggah kalihan ingkang raka sang pinangantèn, kaadhêp ing Kyai Patih
Toyamarta, kiwanipun Kyai Umbul, lajêng para nayaka ingkang sami andhèrèk,
tarab wontên ngarsanipun sang prabu. Kyai Umbulmudal matur, Gusti: Kawula
rumaos bêgja karawuhan ratu pituruning dewa badhe aparing nugraha dhumatêng
kawula, kawula kamipurun ngaturakên kasugêngan paduka, saha raka paduka sang
pangeran, sêmbah kawula konjuk ing pada paduka sang binathara.
Sang
prabu, Paman: bangêt tarimaningsun, sira apa padha basuki. [ba...]
---
6 ---
[...suki.]
Umbulmudal,
Kawula nuwun gusti, saking pangèstu paduka: basuki.
Sang
pangeran, Paman Umbul: pun Rara Wrêsti sampeyan dhawahi. marak ing ngarsanipun
yayi prabu, nunggila bibi wontên ing ngriku, ngarah punapa sadhèrèk piyambak,
yayi prabu dèrèng nate uninga dhatêng warnane yayi Wrêsti.
Ing
pagêdhongan, anggènipun pêpacangan sang pangeran kalihan Endhang Wrêsti sampun
sangkaning timur, dhasar sadhèrèk nak-sanak, mila sampun aprasêtyan yèn sang
pangeran badhe botên krama ing salami-laminipun bilih botên dhaup kalihan
Endhang Wrêsti, makatên ugi Endhang Wrêsti. Sang pangeran sabên wolung dintên
sapisan tindak ing Mudal, angendhang-endhangi pêpacanganipun, mila ing
kalih-kalihipun sampun saekapraya sami kasok sihipun, kalampahanipun namung
kantun ngêntosi diwasanipun Endhang Wrêsti kemawon, ing mangke badhe dhaup,
dumugi ingkang sampun dados pangajêng-ajêng ing salami-laminipun.
Nyai
Umbul mundur saking ngarsanipun sang prabu anjujug ing têpas wangi dununging
panyêngkêranipun ingkang putra, sang dèwi sawêg dipun [dipu...]
---
7 ---
[...n]
alub-alubi kablonyo ing gônda wida jêbad kasturi, kalulur sariranipun,
dhatêngipun Nyai Umbul, sang rêtna mingsêr anggènipun lênggah. Nyai Umbul
êntyarsaning galih ningali sampurnaning citranipun ingkang putra: sarwi
ngandika, dhenok, kowe ditimbali marang wong atuwamu ingandikakake ngadhêp sang
prabu, awit sang prabu durung uninga marang kowe.
Sang
ayu kagèt ing galih midhangêt pangandikanipun ingkang ibu Nyai Umbul, sarwi
matur: kakang mas pangeran punapa sampun anglilani.
Nyai
Umbul, sing dhawuh akon seba ing sang prabu iku: iya kakangamu sang pangeran.
Sang
rêtna ajrih maoni karsanipun ingkang raka, nanging botên karsa ngadi busana,
namung ngagêm nyamping patêlêsan sêmbagi kuning wêdalan ing Kustasawit kalihan
rasukanipun, tinutup ing paniti botên katingal kasêmêkanipun, namung wêninging
jôngga kawuryan sumorot apindha thathit, prêmbayunipun katingal sawêg gumana
saking kapathêt ing rasukan, kocaking netra pindha lintang karainan, dhasar
sêsinomipun barèh kados mêntas wungu saking sare, tindakipun mucang kanginan,
kicating pada gumêbyar pindha andaru lêlampah. Sang prabu aningali [a...]
---
8 ---
[...ningali]
citranipun sang kadi ratih, tumratab ing galih riwe kumyus amarawayan, cêkak
ingkang uswasa sêrêt ingkang pangandika, brôngta kasabêt ing sambang putri
dadakan, sang rêtna lajêng marak ing ngarsanipun sang prabu wontên kiwanipun
ingkang ibu ragi kapering, têlênging tingal namung dhatêng ingkang raka sang
pangeran, dhasar sampun kulina akula-kuli sinêmbuh sadhèrèk piyambak, wah
sampun apêpacangan timur mila, botên pisan kabrèbèl dhatêng sang prabu. Sang
prabu sami sanalika asantun cipta gênging dhatêng ingkang raka, rumaos kasoran
kabagusanipun, dene sang putri botên pisan nimbangi pêthuking ciptanipun, malah
karsa tumingal kemawon, sang putri: botên.
Cinêkak
sang prabu sagêd angecani sarak galihipun ingkang raka: yèn lajêng badhe kondur
tulak, botên sagêd angêntosi badhe pikramènipun ingkang raka, amargi
sariranipun karaos wontên ingkang kirang sakeca, sang pangeran namung
nyumanggakakên sakarsa, nanging wontên ingkang kacathêt ing galih. Sang prabu
lajêng adhêdhawah kondur, wadyabala busêkan pating bilulung kathetheran, awit
botên ngintên yèn sang prabu tulak kondur, namung kyai patih bijaksana sumêrêp
dhatêng wêwadining karsanipun sang prabu ingkang botên lêrês, mila botên tumut
tata-tata, [ta...]
---
9 ---
[...ta-tata,]
badhe ngantun kemawon, botên dangu sang nata bidhal, kaatêrakên ingkang raka
dumugi ing kikising dhusun: lajêng wangsul, tindakipun sang prabu dumugi
pôncaniti: lajêng sinewaka, nimbali kyai patih: kaunjukakên taksih kantun ing
margi, sang prabu sangêt duka lajêng nimbali senapatining pêrang Ki Tumênggung
Jalasêngara, kadhawuhan wangsul dhatêng ing dhukuh Mudal, saha wadyabalakuswa,
kinèn nyêpêng Sang Pangeran Warihkusuma sarta Kyai Umbul sagotrahipun,
griyanipun kadamêla karang abang, amargi sang pangeran tinarka balela ing ratu,
lajêng winêling wêwadining karsanipun sang prabu.
Ki
Tumênggung Jalasêngara sampun tampi ingkang dados karsanipun sang prabu,
sanadyan nyimpang saking lêrês, ki tumênggung namung badhe angestokakên dhawuh,
nêtêpi kasenapatènipun, katêmpuhakên ing rêdi sela amêsthi botên mundur,
mêngsah satru sêkti punika ingkang tansah dipun cêcadhang. Ki Tumênggung
Jalasêngara sawadyabala kuswa kêbut nulak bidhal wangsul dhatêng ing dhukuh
Mudal, samargi-margi galak kados danawa môngsa daging, namung apunagi pêjah ing
rana, anêtêpi trahing wirotama, amargi ing batos ki tumênggung rumaos awrat
anglampahi dhawuhipun sang prabu wau, kajawi botên kolu mêngsah gustinipun
piyambak,
---
10 ---
pancèn
rumaos botên kaconggah nyêmbadani sang pangeran, awit Sang Pangeran Warihkusuma
sêkti môndraguna, sagêd mancala putra mancala putri manjing ajur ajèr, lêmbat
kagunanipun pêrang, tangèh kasumêrêpan wêwadining pamasange gêlaripun ing yuda.
Awratipun kapiji ing ratu sarta sampun dados wajibing senapati, ki tumênggung
namung badhe soroh pati, lêpas lampahipun.
Gêntos
kacariyos ing padhukuhan Mudal, sapêngkêripun sang prabu: sang pangeran kirang
sakeca ing galih anggènipun sang prabu ningali dhatêng Dèwi Wrêsti kados mambêt
manah. Ing wanci sontên badhe dhauping pangantèn, usrêg swaraning têtiyang
nyambut damêl, têtingalan warni-warni, sêsuruhan ing wanci pukul tiga siyang
sampun wiwit dhatêng. Carabalèn sarta Kêbogiro umyang botên wontên kèndêlipun,
sang pangeran sampun wiwit dipun dandosi saagêm-agêmaning pangantèn, nanging
salêbêting galih tansah mangu-mangu kèngêtan ringasing pasuryanipun ingkang
rayi sang prabu nalika nulak kondur, bokmênawi anuwuhakên bêbêndu saking
kacuwan karsa, dèrèng dumugi panglocitaning panggalih kasaru gègèring jawi alok
wontên mêngsah dhatêng sarta sampun adamêl pêpati kathah, senapatining pêrang
Ki Tumênggung Jalasêngara. [Jala...]
---
11 ---
[...sêngara.]
Sang Pangeran Warihkusuma botên karsa adamêl karisakaning ingkang para abdi
mila wani pêrang, kajawi karoban lawan, lingsêm mêmêngsahan kalihan ingkang
rayi piyambak arêbat rabi, mila lajêng nutut kemawon, pasrah dhatêng
pêpêsthèning sariranipun, dhatênging senapati dumrojog tanpa larapan, sang
pangeran lajêng kaawêran cindhe: tanpa suwala, sarta lajêng kadhèrèkakên kondur
dhatêng nagari, kalêbêtakên ing warangkan, Kyai Umbul sagotrahipun kaboyong
kadalêmakên, namung sang juwita ingkang lajêng kalêbêtakên ing kadhaton, punika
ingkang dados parênging karsanipun sang prabu, ananging taksih kandhêg rikuh
ing galih bilih ingkang raka dèrèng kasedanan, sumuking duka sangsaya sangêt,
kyai patih kadangu punapa sampun dhatêng panusule ing tindakipun, kaaturakên
yèn kyai patih botên nusul, malah lajêng mantuk kemawon, punika sangsaya
amêwahi dukanipun sang prabu, rumaos dipun waoni karsanipun dhatêng kyai patih,
kurmukusing netya andik pasuryanipun abrit ngatirah mawinga-winga wêngis kados
bêl mêdal dahana, sang prabu dhawuh kinèn nimbali kyai patih enggal-enggal,
sarênga salampahipun.
Kyai
patih ingkang bijaksana, saunduripun saking Mudal anguningani [a...]
---
12 ---
[...nguningani]
tindakipun sang prabu amurang niti, gêla ing galih suwita ing ratu ambêk niaya
têgên anglampahi kanisthan, namung pados jalaran sagêda kèndêl pangastanipun
pusaraning praja, kasaru dhatêngipun utusan, kyai patih katimbalan
enggal-enggal. Kyai patih botên gita, lajêng sowan kèrid lampahipun utusan,
dumugining pasewakan sang prabu taksih lênggah lajêng ngandika: uwa patih, sira
lumakua dhewe marang warangkan, kakangmas Pangeran Warihkusuma: sedanana, awit
ingsun wis midhangêt têrang saha ature abdiningsun kêkasih yèn kakangmas cidra
ing jangji malik tingal sumêdya balela marang panjênênganingsun, lumakua saiki
dikêbat.
Kyai
patih ewa ing galih, anginggihi dhawuhipun sang prabu kalihan angangên-angên
punapa ingkang badhe linampahan, lajêng matur: gusti, kados prayogi raka paduka
dipun sedani wontên ing wana, supados botên kadêngangan ing para abdi kathah,
ical suwuripun wêntala paduka kolu nyedani sadhèrèk, kawula piyambak ingkang
badhe anglampahi dhawuh paduka wau.
Sang
prabu lômba ing galih kinintên yèn kyai patih badhe ngestokakên sadhawuh,
amarêngakên sapanuwunipun kyai patih. [pa...]
---
13 ---
[...tih.]
Dhawuhipun sang prabu: iya uwa patih, kakangmas sedanana ana ing alas bae,
sarta banjur sarèkna ana ing kono pisan, awit trahing kusuma kang wus nêmu dosa
ora kêna têtunggalan lan para lêluhure kang minulya, yèn wis kalakon bae sira
anglapurna, sarta angkatira anggawaa prajurit sagêgamane kang saparo, minôngka
pakurmataning lakune kakang mas.
Aturipun
kyai patih: sandika, sarta lajêng bidhal anjujug ing pawarangkan, sang pangeran
pinanggih lênggah sidhakêp ingadhêp abdinipun kêkalih, namung angajêng-ajêng
punapa ingkang dados karsanipun ingkang rayi sang prabu. Kyai patih lajêng
andhawuhakên timbalanipun sang prabu yèn sang pangeran kapundhut pêjah
gêsangipun, badhe kasedanan wontên ing wana, awit dosa balela ing ratu saking
aturing têlikipun sang prabu. Sang pangeran anglês ing galih dene badhe
kasedanan, sarta dipun lokakkên dosa balela ing ratu, sêrêt pangandikanipun:
uwa, punapa sampun sampeyan manah têrang kalihan para nayakaning praja anggèn
kula tinarka balela ing ratu, sarta pinanggih ing pangrêmbag punapa kula
kalêrês kokum.
Kyai
patih, pangandikanipun sang pangeran punika nama amêrangi [amê...]
---
14 ---
[...rangi]
tatal, samukawis ingkang sampun kula tindakakên, langkung malih ingkang kula
lampahi piyambak, punika sampun mêsthi mami[1] pikiran padhang, botên mutatuli,
botên awuran.
Sang
pangeran, uwa, punapa sampeyan kalintu tampi ing atur kula: mokal, kula punika
botên pisan maoni agêngipun mrêngkang saking wisesaning nagari ingkang
katindakakên dhumatêng uwa, namung kula nyuwun sumêrêp dununging kalêpatan kula
sarta punapa sampun lêrêsipun dhumawahing kukum pati.
Kyai
patih, benjing bilih sampun dumugi ing ênggèn pangisasan putra kula badhe
sumêrêp kalêpatan ingkang kapitakèkakên ing putra kula wau, sapunika dèrèng
mangsanipun, sarta putra kula badhe botên amastani lêpating panindak kula.
Kyai
patih kanthi nayakaning praja saha wadyabala andhèrèkakên ing tindakipun sang
pangeran kabêkta dhatêng ing wana nitih titihan taksih kaawêran cindhe, têka
malah amarasêmu kados pangantèn binayang karya, dados têtingalaning kathah,
ingkang sumêrêp prakawisipun sami kapiluh amarawayan wêlas ningali dhatêng sang
pangeran anggènipun badhe kasedanan tanpa
---
15 ---
dosa.
Galihipun sang pangeran kados rinujit, botên ajrih bab ing sedanipun, namung
kèngêtan dhatêng ingkang rayi Dèwi Wrêsti, katon mêloking wadana kocaking netra
èsmu balut, kala kapisah dadakan, karuna samargi-margi, parêntuling luh kados
intên rinonce, tètèsipun tansah adamêl kêpyuring galihipun sang pangeran,
ciptaning galih dipun awratakên rudahing galihipun sang putri tinimbang kalihan
pêcating nyawanipun.
Cinêndhak
lampahipun kyai patih sampun dumugi têngahing wana, sang pangeran tumêdhak
saking titihan, lajêng dipun rangkul dhatêng kyai patih sarta tinangisan, sang
pangeran botên andungkap ingkang dados karsanipun kyai patih salêbêting galih,
lajêng ngandika: uwa, sampun kados wanodya kula mawi katangisan, mindhak
anênangi manah susah, kula sampun lilah ing pêjah kula, suwawi tumuntên
sampeyan lampahi dhawuhipun yayi prabu.
Kyai
patih sêrêt amangsuli: anggèr prakawis karsanipun ingkang rayi sang prabu
ingkang botên lêrês, punika sampun kula manah akalihan kônca kula nayaka wêwolu
sarta sampun pinanggih ing pambudi, kênthêling rêmbag, putra kula botên
kasedanan, [kase...]
---
16 ---
[...danan,]
namung kesaha saking wêwêngkonipun nagari Tuban, angêntosana karsaning dewa
ingkang dhumawah dhatêng putra kula, dene tangis kula wau têka kula kêpêksa
pêpisahan.
Sang
pangeran midhangêt pangandikanipun kyai patih rumaos awrat oncatipun saking
nagari Tuban, bingah nêmahi seda saking botên dosa, nanging botên sagêd nampik
utawi maoni karsanipun kyai patih, sang pangeran lajêng anglugas raga bablas
tindak anut paraning suku, pêngkêran kalihan kyai patih wangsul dhatêng nagari.
Kocap
sapêngkêripun kyai patih, sang prabu botên sagêd nahan brangtanipun dhatêng
Endhang Wrêsti, lajêng kondur angadhaton, karsanipun badhe angimur-imur
rujiting galihipun Endhang Wrêsti, ananging Endhang Wrêsti botên kenging
cinêlakan tansah angasta patrêm, punaginipun sang dèwi: samôngsa sang prabu
cêlak amêsthi rinangsang ing patrêm, parêkan sampun wontên ingkang atur uninga
ing tekadipun sang ayu, sang prabu mênggah ing galih ewadene lajêng dipun coba
kêpanggih sang putri saking katêbihan sarwi ngandika: yayi, aja kêdawa-dawa
rujiting atimu, tolèhên aku ratu binathara angêsrahake pati urip marang kowe,
aku narima dadi êmbanmu. Sang putri amangsuli nyêngit [nyê...]
---
17 ---
[...ngit]
pêdhês cumalêkit sarta botên krama, têmbungipun: kowe têtêp ratu gêlah-gêlah
ing jagad, ora idhêp ing isin, watêkmu manggan, kolu matèni sadulur arêp
ngrasuk marang pêpacangane, kajaba yèn aku wis dadi bathang kêna kodêmok
awakku, lah mara nyatane prawira tadhahana patrêmku, mêngko aku pondhongên.
Sang prabu lingsêm mundur palarasan, osiking galih: kajaba mêngko bêngi bae yèn
wis turu dak parêkane. Lajêng adhêdhawuh dhatêng bok êmban ingkang kinathik,
sarta sampun tampi ingkang dados karsanipun sang prabu, angulat-ulatakên sang
dèwi sampun ngantos kanyanan.
Sang
putri sampun sakeca ing galih dene sang prabu botên nyiosakên karsanipun sarta
sampun botên katingal malih ing kadhaton, mêmpên wontên ing panêpèn.
Sarêng
sampun dalu wanci tidhêm kayon, sang putri kalêson sare wontên kasur sari.
Tumuntên bok êmban ingkang amarasandi enggal lapur ing sang prabu yèn sang
putri sampun sare, sang nata gita ing galih enggal rawuh ing pasarean, sarêng
ningali sênêning wadana kasorot ing pandam kurung maya-maya kados murca
kinêdhèpakên, sang nata botên sarèh, sang putri rinodapaksa, [ri...]
---
18 ---
[...nodapaksa,]
sapintên kuwating èstri winisesa ing kakung. Sang ayu saya anjarêm ing galih
rumaos cinidra ing rêsmi, nanging namung kèndêl sarwi mawas sang prabu, sang
nata uninga tansah winawas ing sang putri rumaos kapadhan ing karsa, supe bilih
sang rêtna taksih angasta patrêm ligan, salêbêtipun sang putri rinangkul sarwi
binantalan ing asta têngên, sang prabu dipun suduk ing patrêm kenging
kêkulunging manah têrus ing walikat, seda botên mawi sêsambat, kasumêrêpan
pawongan cèthi ingkang jagi pasarean sami anjrit karuna, otêr salêbêting
kadhaton, sang putri botên mawi anggragap namung cipta badhe suduk jiwa samôngsa
sampun nalarakên ing awone tindakipun sang prabu. Kasaru dhatêngipun kyai patih
saking ing wana lajêng anjujug ing kadhaton, badhe lapur sarèhing dinuta,
amêningi otêring pura yèn sang prabu seda kacidra ing sang putri. Kyai patih
gita lajêng malêbêt ing kamar pinanggih sang putri taksih wontên ing tilam,
nanging patrêmipun katingal sampun kawrangkakakên sumèlèh wontên ing ulon-ulon,
sang prabu kuthah ludira wontên ing pasarean, kyai patih alon pitakèn dhatêng
sang putri, têmbungipun: kadospundi dene putri adi têrahing pandhita têka
nindakakên pandamêl rajapati ingkang angêrês-êrêsi [angêrê...]
---
19 ---
[...s-êrêsi]
makatên. Sang putri lajêng anggancarakên lêlampahanipun wiwit pêpacangan
kalihan Sang Pangeran Warihkusuma saking karsanipun ingkang eyang sang wiku
sarta sampun aprasêtyan kalihan upata sinêksèn ing dewa ingkang linuwih, wusana
rinisak dening sang prabu kanthi ambêking rasêksa agoragodha nyimpang saking
kautaman ngagêm tindak nistha mêksa tiyang lumuh, lan malih tega dhatêng
sirnaning sadhèrèk, makatên pangandikanipun sang putri urut rèntès botên wontên
ingkang kalangkungan, tètèh titih tatag adamêl eraming galihipun kyai patih,
sasampunipun makatên: sang ayu pamitan lajêng badhe suduk sarira bela dhatêng
Sang Pangeran Warihkusuma ingkang sampun kasedanan.
Kyai
patih lêgêg ing galih midhangêtakên gancaring cariyosipun sang putri, lajêng
ngandika: sang ayu sampeyan sampun bela dhatêng sang pangeran, awit sang
pangeran botên siyos kula sedani, kula aturi kesah ing sapurug-purug. Dèrèng
dumugi pangandikanipun kyai patih, sang putri anjrit karuna sarta lajêng badhe
madosi sapurugipun sang pangeran, kyai patih mambêng, kasêrêpakên karsanipun
ingkang winadi.
Kyai
patih sarêmbag kalihan para nayaka yèn karaton ing
---
20 ---
Tuban
ing mangke kagantung wontên tanganipun kyai patih, angêntosi rawuhipun Sang
Pangeran Warihkusuma, kyai patih lajêng amatah upakartining layon, sarta amatah
wadyabala ingkang madosi sang pangeran, punapa dene nindakakên prakawis
kridhaning praja, sang ayu dipun aturi têtêp têngga pura tuwin angluwari Kyai
Umbulmudal dalah anak bojo lan kulawarganipun ingkang kinêbon kadalêmakên,
sampun kalampahan sadaya.
Utusanipun
kyai patih ingkang madosi Sang Pangeran Warihkusuma botên kalilan mantuk bilih
dèrèng pinanggih sang pangeran, ananging karsanipun ing dewa ingkang linuwih
sawêg kadamêl lêlampahan, pangupadosipun wadyabala wau sanadyan sinêbar mêksa
botên sagêd pinanggih, amargi sang pangeran sampun lêpas lampahipun.
Gêntos
kacariyos sang putri dados anggarbini, sarêng sampun dumugi mangsanipun ambabar
miyos kakung, kasaosan nama dhatêng kyai patih: Radèn Udakawimba, kalawun-lawun
agêngipun.
Kyai
Patih Toyamarta wontên asrêpe galihipun sakêdhik, sarêng sang putri kagungan
putra miyos kakung, ciptaning galih:
---
21 ---
bilih
utusanipun ingkang ngupadosi Sang Pangeran Warihkusuma sampun tita botên sagêd
pinanggih, Radèn Udakawimba ingkang badhe kaangkat anggêntosi ingkang rama Sang
Prabu Warsakusuma, sêdhêng Radèn Udakawimba sampun diwasa.
Gêntos
kacariyos malih Sang Pangèn[2] Warihkusuma lampahipun ngidul
ngilèn kados kinoncanging dewa ngantos dumugi ing nagari Banyubiru, ingkang
jumênêng ratu ajêjuluk Sang Prabu Hèrtambang, misuwur prawira ing yuda, kathah
têtêlukanipun ratu sami ngidhêp dhatêng nagari Banyubiru, sang prabu nêngênakên
para brahmana kinèn nganggit-anggit babading karaton, kadhawahan anglugokakên
lêlampahaning para lêluhuripun, awon sae kalêbêtna sadaya, dalasan cacadipun
sang prabu piyambak inggih ugi kadhawahan anglêbêtakên, panggalihipun sang
prabu: babad ingkang mawi rinêngga ing pêpaès badhe luntur dening dêrêsipun
wasitaning sêrat ingkang sagêd ambikak wèwadining pulas ingkang sinamun,
têmahan malicat katingal nyatanipun, ambalêntong dados andhêng-andhênging
sarira, punika ingkang dipun kalumuhi sang prabu, panggalihipun sang nata:
cariyos lugu punika kados sêmining kêkajêngan, katingal angrêsêpakên manah,
nanging cariyos ingkang mawi sêsunggingan punika kados angganing [angga...]
---
22 ---
[...ning]
pang ingkang katêrês, alumipun katingal anyênyêngit.
Sang
pangeran sampun pikantuk sêrêp bab lêlabuhanipun sang prabu cocog lan
panggalihipun, karsanipun sang pangeran badhe suwita lajêng malêbêt ing
alun-alun pepe wontên sakidulipun waringin kêmbar, sang nata pinuju miyos
sinewaka wontên ing siti bêntar, awas tumingal yèn wontên tiyang sowan pepe,
lajêng kadhawuhan nimbali, sang pangeran kèrid ing lampahipun, mabukuh lênggah
wontên ngarsanipun sang prabu, trêpsila tajêm ing paningal, sêmunipun mêngku
kasujanan, sang nata eram salêbêting galih ningali manising pamulu bagus
jêtmika, narka yèn trahing kusuma, lajêng kadangu:
Bagea:
sira kang lagi têka.
Kawula
nuwun: gusti, ratu ingkang kuwasa ing dunya, mugi-mugi lulusa ing kawibawan
paduka, nuwun: ingkang abdi kapatêdhan pambage.
Sira
sapa, pinangkanira ing ngêndi, kang yoga marang sira: sapa.
Kawula
nuwun, nama kawula pun Warihkusuma, wijil kawula saking ing pratapan laladaning
nagari Tuban, biyung kawula sutaning pandhita.
Sang
prabu nyathêt salêbêting galih yèn sudarmanipun winadi,
---
23 ---
mila
botên kalajêngakên pandangunipun ing bab wau punika, namung kadangu sêdyanipun,
pangandikanipun: sêdyanira pepe apa ana karêpira kang wigati, sarta kêna sira
pasthèkake yèn andadèkake dhanganing panggalih ingsun têtulung marang sira kang
ora andadèkake karibêdan ingsun.
Kawula
nuwun: Gusti, ratu kinawasa, ingkang abdi kamipurun anuwila gônda mênawi kangge
ingkang abdi nyuwun suwita wontên ing ngarsa paduka.
Apa
kang sira kêpengini dene sira duwe cipta suwita marang panjênênganingsun, ing
kene panggonane wong bususukbuk,[3] beda karo nagaranira ing Tuban,
akèh para sarjana kang nawurake kêkarangane tinulad para ratu, sanadyan ingsun
iya nulad ing Tuban.
Gusti,
kaluhuran dhawuh paduka, ananging ingkang abdi tuna ing budi sêpên kawruh, mila
ngantos kesah saking ing nagari Tuban, jalaran tinampik ing pasuwitan kawula,
kalampahana karaya-raya ingkang abdi ngantos dumugi ing ngarsa paduka ratu
bijaksana bèr budi asih ing apapa dhapur angungsi gêsang.
Sang
prabu miyarsakakên aturipun sang pangeran pirêna ing galih, lajêng jêngkar
angadhaton, sang pangeran kakarsakakên [kakarsakakê...]
---
24 ---
[...n]
andhèrèk. Cinêndhak: pasuwitanipun sang pangeran: kanggêp, rintên dalu tansah
wontên ngarsanipun sang prabu sarta tansah adamêl pirênaning galih, kathah
kêkaranganipun sang nata ingkang karampingakên dhatêng Sang Pangeran
Warihkusuma.
Salêbêting
galihipun sang prabu: kamokalakên yèn Radèn Warihkusuma dedea têdhaking kusuma,
katitik saking alusing bêbudènipun, wicaksana bèr budi bawa lêksana, mumpuni
kasagêdanipun ulah praja sarta ulah pêrang, punapa dene limpad ing têmbung
sampurna dhatêng wêwadining tulis, sarèhning wontên pêrlunipun ing atasing
sariranipun sang prabu kêdah nguningani aluraning lêluhuripun sang pangeran,
Radèn Warihkusuma kadangu: Warihkusuma, aja andadèkake kagèting atinira, ingsun
kêpengin sumurup wong akuwanira[4] kang yoga marang sira, awit nalika
sira ingsun dangu asal kamulanira: mung ngaturake kaki sarta biyungira bae.
Sang
pangeran sakalangkung kagèt ing galih midhangêtakên pangandikanipun sang prabu,
ngantos dangu kèndêl, ngangên-angên salêbêting galih, badhe matur kumbi: ajrih,
badhe matur prasaja: bokmênawi sagêd andadosakên jalaran botên sayogining
sariranipun, wusana pinanggih ing pambudi namung badhe matur
---
25 ---
sawantahipun,
bokmênawi sagêd pikantuk piwêlasipun sang prabu, lajêng matur: gusti, ratu
ingkang misuwur ing jagad, ingkang abdi badhe ngêkêr wadi dhumatêng namanipun
bapa kawula ing salami-laminipun, ananging ing mangke wadi wau pêcah awit
saking pandamêl paduka ratu kêkasihing dewa, ingkang abdi botên sagêd kumbi,
awit pêjah gêsang kawula katêkêm wontên ing ngasta paduka, kawula nuwun: bapa
kawula punika dede tiyang pidakpadarakan, ratu agung binathara anyakrawati
ambaudhêndha, ajêjuluk Maha Prabu Sindupati ingkang anggrênggani kadhaton ing
Tuban, kawula punika anakipun jalêr ingkang sêpuh patutan saking endhang,
anuntên adhi kawula putra saking pramèswari ingkang ginadhang anggêntosi
kaprabon, sasugêngipun kangjêng rama kawula kaangkat dados pangeran agêng, adhi
kawula kaangkat dados pangeran adipati anom, kawula sampun narimah ingkang
dados pamintaning bapa, saha rukun anggèn kawula saduluran, tumuntên kangjêng
rama seda, yayi pangeran adipati anom, kawula jumênêngakên ratu anggêntosi
kangjêng rama, lêstantun botên wontên sangsayanipun, tumuntên kawula badhe
palakrama angestokakên kêkudanganing kaki. Lajêng kaaturakên uruting
lêlampahanipun sandening palakrama,
---
26 ---
lajêng
badhe katêlasan wontên ing wana ngantos dumugi suwita ing sang prabu.
Sang
nata midhangêt aturipun Sang Pangeran Warihkusuma kamiwêlasên barêbêl
waspanipun, jog tumêdhak saking pinarakan angrangkul dhatêng sang pangeran,
sarwi angandika: pangeran kang kaya sira patut olèh piwêlas saka ratu kang
wicaksana, anulungi kasrakatira saka papêsthèning dewa kang wus sira sandhang.
Sanadyan ingsun ora kalêbu ing wêwilanganing ratu utama, nanging wênang uga
mitulungi marang sira mêntase saka ing kapapanira, saiki sira sinêbuta ing akèh
aran pangeran manèh, kalawan kaurmatan pantêsing pangeran putraning ratu sarta
kalawan wêwênang lan kamurahan ingsun.
Sang
pangeran lajêng sujud ing sampeyan saha amêmuji kaluhuranipun sang prabu.
Jumênêngipun
Pangeran Radèn Warihkusuma wontên ing nagari Banyubiru kabyawarakakên ing
akathah sarta kapiji angasta paprentahan agêng sampun botên nguciwani
pisan-pisan, awit sang pangeran sampun kulina ngasta paprentahan agêng ing
nagari Tuban, kasoksihipun sang prabu dhatêng Sang Pangeran Warihkusuma.
---
27 ---
Kacariyos
Sang Prabu Hèrtambang, putranipun namung satunggal putri dinama-dama dados
sêkaring pura, ajêjuluk Rêtna Wayi, pinrêtêk ing piwulang kawruh pangrèhing
praja sarta anggêr-anggêring nagari punapa dene kagunaning pêrang, sampurna
dhatêng pamasanging byuha kalawêrit, awit karsanipun sang prabu: sanadyan putri
ginadhang aggêntosi kaprabon, kathah para ratu ingkang sami ngêbun-êbun enjing
anjêjawah sontên, nanging sami tinulak, awit kêkudanganipun sang prabu: ingkang
putra kramaa satriya di ingkang wicaksana bèr budi bawa laksana, dadosa
êmbananing karaton, sawontênipun Sang Pangeran Warihkusuma, sang prabu kagungan
osik karsa mundhut mantu dhatêng sang pangeran, ing wanci sontên sang pangeran
dipun timbali dhatêng ing panêpèn, sang pangeran gita anyana yèn wontên
padamêlan pêrlu: lajêng sowan malêbêt, kaaturakên ing parêkan lajêng
katimbalan, sang prabu pinarak ijèn wontên ing kamar panyêratan.
Pangandikakanipun:[5] Pangeran, apa sira sumurup kang
dadi karsaningsun: nimbali marang sira.
Kawula
nuwun, Gusti, namung sang Hyang Wisesa ingkang nguningani karêntêging galih
paduka.
Sira
apa durung tau rabi.
---
28 ---
Kawula
nuwun, têka mawi andangu ingkang makatên, kawula sampun nate ngaturakên
lêlampahan kawula miwiti malah amêkasi kala kawula kadangu wontên ing kadhaton,
sanadyan ngantos ing dintên punika, misik wanodya kemawon: nuwun dèrèng.
Sabab
apa, lan ingsun durung kalalèn aturira biyèn marang ingsun.
Sababipun
botên wontên kajawi namung saking tani kawula, kalih dene malih raosing manah
kawula dèrèng sagêd angipatakên katrêsnan kawula dhatêng pêpacangan ingkang
sampun lèngkèt wontên ing jêjantung.
Apa
ora bakal mêndha ing salawas-lawase.
Sagêd
ugi bilih wontên pitulunging dewa ingkang abdi sagêd pikantuk jodho ingkang
timbang kalihan kaluhuran kawula.
Saupama
dudu dewa: ratu kang paring pitulung marang sira.
Saèstunipun
pantês mawi têtêbusan pêcating nyawa sarta wutahing rah kawula.
Pangeran:
kalawan dhanganing atinira sarta condhong: sira bakal ingsun pundhut mantu
dhewe.
Sang
pangeran kagèt ing galih lajêng nyungkêmi sampeyanipun [sampeyanipu...]
---
29 ---
[...n]
sang prabu sarwi matur: gusti, pêpundhèn kawula, ratu pituruning dewa, ingkang
abdi botên nyana kadhawahan rêmbulaning praja Banyubiru.
Pangeran:
payo milua tindak ingsun marang kadhaton, ingsun surupake marang nini putri,
aja kuciwa ing sêmu.
Sang
prabu tindak ing kadhaton anjujug ing dalêmipun ingkang rayi sang pramèswari:
sêpên, tindak ing kradenayon ing dalêmipun ingkang putra sang putri, sang prabu
lajêng ing tindakipun, sang pramèswari sarta ingkang putra sumêrêp gupuh mêthuk
rawuhipun sang nata: lajêng satata lênggah.
Sang
prabu, sira ingsun golèki wis kêtêmu ana ing kene: lagi apa.
Sang
pramèswari, kula nuwun, nglurug cuki kalihan putra paduka.
Sang
prabu, tutugêna ingsun milu nonton, anjagowi[6] (= anjagohi spr.) anakira.
Sang
pramèswari, sumôngga.
Sang
prabu, êlo aja kuwi: dhenok, sing kolakokake kuwe: lo.
Sang
putri botên kangjêng rama, sampun lêrês, punika badhe
---
30 ---
dipun
caplok.
Sang
prabu, o,o, iya bênêr sira.
Sang
putri ngagêm nyamping padintênan sêratan angrèni (= anggrèni de Hollander)
sampun masêm, kasêmêkanipun plangi wêdalan ing Indhu ngajêng tanpa rasukan,
ngagêm rimong ngangrangan biru langit, sariranipun katingal pindha ulam kalêbêt
ing jala, mênthar kados sêkar mlathi, baludaging prêmbayun kados anjêbolakên
kasêmêkan ingkang minôngka setu bandalayu.
Sang
pangeran tansah trataban ing galih sumêrêp warnanipun sang ayu, kathah iribipun
lan ingkang rayi Dèwi Wrêsti, malah mênang sengoh sang putri andêmênakakên
manah, rumaos marêm galihipun sang pangeran bilih saèstu kadhawahan rêmbulan
ingkang sagêd cuki raosipun krapês-krapês kadon[7] kênthos, sang putri nolih mundhut
gantèn pagut tingal lan sang pangeran sarêng kagètipun, (pancèn lairipun dèrèng
dipun gêbyag) sang putri anglocita: baya kuwe wong kang dadi ojat gêdêring
akèh: nyata bagus, emane mripate kaya kolik, nonton wong dupèh ora tuku bae,
layak kangjêng rama asih, magang lagi sakênyèk bae banjur winisudha dadi pangeran,
lah bok iya didadèkake tunggon ana ing kradenayon [kra...]
---
31 ---
[...denayon]
bae dhisik, cik bèn êntèk atine, tak garok tak lukokne ana ing pasêtrènku desa
Tilamsari, supaya mari adol sêngung, wangune kumintêr ngêndêl-êndêlake baguse,
aku gêthing têmên wong duwe pambêkan mêngkono kuwi, tur tak dadara kapintêrane:
dadi awu pangalêmbana manèh olèha, sida lêstari dadi tunggon, dikira aku kiyi
kaya dene putri lumrah kae, bisane mung wêdhak pupur, ora sumurup yèn aku lêbda
marang ingêring jagad, baya dhèwèke ora kulak warta adol prungu yèn putrane
sang prabu Hèrtambang ing Banyubiru ajêjuluk Dèwi Wayi, punjul ing apapak
mrojol ing akêrêp, mancala putra mancala putri, bisa manjing ajur ajèr. Anua
kae yèn nonton mêrak atine: iya kudu olèh pangapura sarta kudu olèh ganjaran
gambarku kang cinawi ing kênaka luru, pirabara liniru kang ginambar, nanging
aku gêmang.
Sang
prabu sakêdhap nguningani paguting tingal ingkang putra sami kapadhanipun,
sakalangkung pirêna ing galih, lajêng jêngkar saking kaputrèn kadhèrèkakên sang
pangeran sarwi rêraosan samargi-margi ingkang rèmèh-rèmèh, sang pangeran lajêng
kêlilan mundur.
Sang
prabu saya kasok sihipun dhatêng sang pangeran amargi
---
32 ---
tansah
katitik kawicaksanan sarta kawasisanipun angrênbag[8] prakawising nagari, botên pae lan
ingkang putra sang putri, pancèn sami pinrêtêg ing piwulang wiwit timur mila,
panggalihipun sang prabu badhe lintu patra tôndha nama sumerening karaton botên
dhatêng putra putri, sayogi dhatêng putra mantu bilih sampun kalampahan dhaup
sarta sampun apêputra.
Awit
saking punika lajêng kadhawuhakên waradin yèn sang pangeran kapacangakên ing
sang putri sarta sang pangeran lajêng kaangkat dados pangeran adipati anom.
Cinêndhak
botên antawis lami karsanipun sang prabu saèstu miwaha putra, mawi sêsuruhan
para ratu ing amôncapraja, dumugining dintên pikramèn bawahanipun sakalangkung agêng,
kyai patih sarta para niyakaning praja sami makajangan wontên ing alun-alun,
laminipun kawandasa dintên, nutug sami suka parisuka, dhauping pangantèn sami
kaèstrenan para ratu pinisêpuh, ing kadhaton kados jêbol-jêbola kêbak dening
kathahing tiyang, wêwangi ing kadhaton kasabêt ing samirana sumilir wêdalipun
angèbêki pasamuan, kados angin sugônda awor dhêdhaharan ingkang miraos kongas
ambêtipun, adamêl rêsêping para tamu. Tumuntên sang prabu sarta sang pramèswari
[pra...]
---
33 ---
[...mèswari]
punapa dene rara ratu sami kinabêktèn ing sang pinangantèn, sang prabu êntyarsa
ing galih ningali ingkang putra sang pinangantèn kadugèn ing karsa rêmpu
galihipun, putra namung satunggal putri dinama dama pikantuk kakung putraning
ratu binathara, bagus tanpa cacad, dhasar wicaksana alus bêbudènipun, ing galih
kados age-agea sèlèh kaprabon dhumatêng sang pangeran, sang prabu lajêng
andumugèkakên kasukan kalihan ingkang para tamu.
Gêntos
kacariyos ingkang wontên ing pêpajangan sang pangantèn kakung kados amanggih
rêtna sawukir, dhasar ayu putrining nata ginadhang binadhe raja, sang pangeran
sarèh ing galih, awit ingkang garwa mumpuni dhatêng kasusilan, sarta pinunjul
ing guna kasantikan, botên kewran ing agal lêmbut dhasar lantip ing panggraita
mêngku kasujanan, sang pangeran ngangkah-angkah angêmpakakên têmbung pamiluta
manis amanohara. Dhuh gusti rêtnaning pura ingkang abdi kamipurun anuwila
gônda, punapa kalilan awawan sabda, sanadyan gusti kula botên sotah ningali,
sok ugi namung karsa angandika kemawon dadosa pamurunging brôngta angarang.
Sampun pintên laminipun anggèn kula suwita wontên ing ngriki angêntosi
rêntahing
---
34 ---
kartika
saking ing langit ingkang kados warna andika, ing dintên punika kartika wau
rêntah wontên ing pangkon kula, punapa kula botên kalilan angêla-êla.
Pangeran,
sampeyan sampun sangêt-sangêt anoraga dhumatêng kula, kula dede lare alit,
sarèhning karsanipun kangjêng rama sarta ibu sori, kula kapatêdhakakên dhatêng
ingkang sarira dados garwa, dados kula kêpêksa suwita dhatêng tiyang ingkang
dèrèng nate kula wanuhi, sarta limrah ing laki pamisesanipun dhatêng ing rabi
angungkuli pamisesaning bapa biyung dhatêng ing anak, sapintên awratipun manah
kula pancèn amarentah dados kaparentah.
Dhuh
gusti pêpujan kula, kula botên pisan-pisan nganggêp kados ingkang
kapangandikakakên punika têbih pitung bêdahap mênawi kula anggadhahana cipta
kumawawa misesa wasa-wasa dhatêng ing rabi, malah kula nyuwun titip jasad kula
dhatêng sarira andika, kula namung têtêp dadosa pamongipun sang kadi Ratih.
Pangeran,
pangandika sampeyan punika sayêktosipun namung lamis kemawon, kajawi nyulayani
pranataning agama: botên wontên tiyang jalêr kawisesa ing èstri, dene ingkang
kêdah sampeyan tampèni panuwun kula sarta kalayan upata
---
35 ---
sampeyan,
punika bilih dhangan, kula namung titip dhatêng kangjêng rama sarta ibu sori
lumèbèripun dhatêng kula, sampun ngantos sampeyan gêrahakên galihipun, awit
potangipun kangjêng rama sarta ibu sori dhatêng kula, kula dèrèng sagêd nyaur,
môngka ing mangke kula prasasat dados tiyang tumbasan, sarta sampeyan ginadhang
badhe jumênêng nata anggêntosi karatonipun kangjêng rama.
Sang
pangeran kapranan ing galih midhangêtakên aturipun ingkang rayi ambarêbêl mêdal
luhipun sarwi ngandika aprasêtya yèn badhe botên adamêl saksêrik, malah adamêl
sukapirênaning galih ing salami-laminipun, ingkang rayi lajêng sinambut.
Ing
wanci enjing sang prabu sakalihan ingkang garwa sang pramèswari têdhak ing
kamar pangantèn, ingkang putra pinanggih suwêng tindak dhatêng udyana: lajêng
kasusul, pinanggih sang pangeran sawêg ngranggèhakên sêkar gadhung ingkang
rumambat mulêt witing sêkar pacar katut sagodhongipun, lajêng dipun lungakên
dhatêng ingkang rayi sarwi ngandika: yayi dialon iku ana rine yèn nocog tangan:
lara, sêkar gadhung dipun tampèni ingkang rayi kinuswa lajêng kacangking ing
asta kiwa. Kapêthuk ingkang rama sang prabu sakalihan ingkang [ing...]
---
36 ---
[...kang]
ibu sang pramèswari: lajêng sami andhodhok ngapurancang, ingkang rama sarta
ingkang ibu sangêt êntyarsaning galih nguningani dhatêng ingkang putra
sakalihan, sarwi ngandika: ingsun arani sira isih ana ing omah, jêbul wis
mênyang patamanan golèk kêmbang apa.
Kawula
nuwun, namung mlampah-mlampah kemawon, wontên ing tênggan kathah tiyang: yayi
dèwi botên kuwawi sumukipun, mêdal pados isis.
Wong
sing tunggu bêcik konên padha sumingkir, anaa ing jaba bae.
Kawula
nuwun, inggih sandika.
Ayo
padha mênyang kadhaton, ingsun lawas ora main catur karo sira.
Sang
prabu kasukan catur kalihan pangeran, gêntos kasêsêr kemawon.
Sang
pangeran matur, gusti putra dalêm yayi dèwi: sêmunipun kados sagêd catur.
O,
kêpriye pangeran, yèn ingsun catur karo bojonira: ingsun wêdi, awit kalah
pintêr, ingsun ora tau mênang.
---
37 ---
Botên
dhik kakangmas, kangjêng rama punika namung ngumpak kemawon.
Môngsa
ingsun ngumpak, mara pangeran, saiki salin mungsuh bojonira dibut ro karo
ingsun.
Sang
putri kakarsakakên catur kalihan sang pangeran, sang prabu anjagowi (= anjagohi
spr.).
Anggènipun
anglampahakên catur sang pangeran kêrêp diyon kalihan ingkang rama. Sang putri
tansah gumujêng kadhawahakên ing sanès, môngka anggènipun anglampahakên catur
sang putri kados botên dipun galih rikat angeram-eramakên, ngantos tigang
rambahan sang pangeran tansah kawon kemawon, ingkang sapisan balanipun taksih
wêtah ratunipun kakunêng: pêjah botên sagêd tutup, ingkang kaping kalih
balanipun dipun têlasakên ratunipun pêjah kalihan pidak wontên ing têngah.
Ingkang kaping tiga namung dipun oyak ing kapal kêkalih, ratunipun kasêsêr
oncat saking ênggèn pangrêksaning bala, kalêbêt ing gêlar lajêng kakuya-kuya
pêjah wontên palaganing mêngsah, balanipun taksih wutuh ayam, botên wontên
ingkang sagêd têtulung jalaran kaadhangan dening samêktaning byuha kalawêrit.
Sang pangeran lêga ing galih anguningani kawêgiganing pamasangipun
[pamasang...]
---
38 ---
[...ipun]
gêlar catur ingkang rayi, rumaos botên sagêd andungkap, bikakan pambêdhahing
gêlar sap pitu sampun kasumêrêpan rumiyin, lajêng ngandika: yayi aku wis kalah
têmênan wis ora wani mungmuhan[9] karo kowe manèh, kaluhuran dhawuhe
kangjêng rama.
Tiyang
sampeyan kawoni kemawon, upami sampeyan êpêng utawi sampun mêdal bêdhat
sampeyan, kula amêsthi kawon.
Dikalahi
kêpriye, wong kringête nganti gumrobyos mêngkene kiyi ngalahi.
Mênawi
sumuk.
Sumuk
ngisin-isin.
Botên.
Sang
prabu sangêt pirêna ing galih anguningani rukunipun ingkang putra tansah
arêruntungan kados mimi lan mintuna. Anggènipun palakrama sang pangeran antawis
sataun, ingkang rayi sang putri angidham-idham kaworan, sarêng sampun katingal
ngandhêg tigang wulan lajêng ngaturi uninga ingkang rama, sang prabu saya
sangêt bingah ing galih sarta saya sangêt pangêla-êlanipun dhatêng ingkang
putra sakalihan, prasasat botên wontên towongipun sang
---
39 ---
nata
adamêl bojana ngiras wilujêngan pamboboting putra. Sarêng sampun andungkap
môngsa lair: sang putri anggêrahi, otêr tiyang sakadhaton, nanging anggènipun
anggêrahi sang putri kasêngkala bayinipun nungsang mila dangu botên sagêd
mêdal, anggènipun anggêrahi ngantos pitung dintên pitung dalu, netyanipun
sampun asawang kunarpa, ingkang ibu tansah amuwuni wontên ing ngeringan,
langkung malih sang pangeran, anggènipun nyundhang wontên ing ulon-ulon, adus
luh anêlêsi kajang sirah ngantos kados turasan, botên dhahar botên sare, sang
prabu botên tahan nênggani ngiwa wontên ing panêpèn, botên dhahar-dhahar.
Sarèhning
sampun tita bayi botên sagêd lair, aturing dhukun sarta para tabib, bayi kêdah
kawêdalakên sarana pirantos, lajêng angunjuki uninga ing sang prabu, sang nata
saya putêk ing galih, kajawi marma sumêlang mênawi andadosakên jalaran sedaning
putra, ananging botên sagêd mênggah aturing dhukun, ingkang murih arjaning
putra. Dhawuhipun sang prabu: wis môngsa bodhoa sira, ingsun wis aja sira
unjuki uninga manèh prakara iku, ingsun mung nguningani bêcike sarta slamête
bae. Tumuntên para dhukun sarta tabib sami pirêmbagan sakecaning [sa...]
---
40 ---
[...kecaning]
panindak ingkang sayogi linampahan, ingkang sami nênggani wontên ing kamar sami
kaaturan mêdal sadaya, dalah sang pramèswari ugi kaaturan sumingkir, namung
sang pangeran piyambak ingkang taksih wontên ing kamar, anjagèni sariranipun
sang dèwi. Sarêng pirantos dipun cakakên gampil wêdaling bayi kalayan wilujêng
miyos putri, cêngèripun ing bayi tiyang sakadhaton gumuruh sami suka bingah,
bayi lajêng dipun upakara ing dhukun wontên ing jawi, namung sang juwita
lêsuning sarira saya ngranuhi tansah lês-lêsan botên èngêt, dipun arasi dhatêng
ingkang raka sarta dipun muwuni, sang rêtna sampun kasupèn, wusana puput
yuswanipun seda konduran, sang pangeran anjrit muwun angrungkêbi ingkang garwa
lajêng kantaka, sang pramèswari malêbêt ing kamar, ingkang putra sang rêtna
sampun pinanggih seda anjrit sarosa anggêblag lajêng kantaka, otêr tiyang
salêbêting kadhaton, gumêrah pindha swaraning jawah ingkang nrajang wana
pajatèn, ingkang sami nênggani wontên ing kamar bibar pating bilulung gumêdêr
angèbêki kadhaton, kêmirêng saking panêpèn pasingidanipun sang prabu, sang nata
enggal têdhak ing kadhaton, botên ngantos dipun unjuki uninga ing abdi,
angintên yèn ingkang putra dados lan sedanipun, rawuhipun ing kadhaton ingkang
[ing...]
---
41 ---
[...kang]
rayi sang pramèswari sampun pinanggih èngêt lajêng angrungkêbi sampeyanipun
ingkang raka sarwi lara karuna pitakèn putranipun, gusti kawula botên sagêd
kantun kalihan putra tuwan pun Wayi, paduka sarêng kalêbêtna ing kuburipun,
sang prabu kêrot kancing botên sagêd ngandika, ingkang rayi kakondurakên
dhatêng ing tênggan, sang prabu lajêng sinewaka, Kyai Patih Lodaka sampun
pitung dintên tugur sakancanipun para bupati wontên ing sri manganti, sarêng
mirêng ramenipun ing pura lajêng malêbêt botên kalayan dipun timbali, sang prabu
sampun pinanggih lênggah sinewaka wontên ing dhampar, kyai patih lajêng sowan
nyakêt, sang prabu tansah gêrêng-gêrêng dèrèng sagêd ngandika, wadananipun
katingal kados latu, kyai patih botên andungkap ingkang dados puruging bêndu,
jamakipun tiyang kasripahan punika: susah, sang prabu punika botên, malah
nawung duka.
Kyai
patih bijaksana botên mawi angêntosi dhawuhipun sang prabu bab upakarti sarta
rêrêngganing layon, sampun kadhawuhakên samapta rumiyin, sarta layonipun sang
putri sampun lajêng kabidhalakên dhatêng astana lêluhuripun sang prabu mawi
pakurmatan agêng, wêdalipun saking kadhaton botên kauningan ing sang nata,
kagalih mênawi saya adamêl rontaging galihipun [ga...]
---
42 ---
[...lihipun]
sang prabu.
Sang
nata andhawuhakên parentah dhatêng kyai patih: kakang layone anakira apa wus
sira pikir.
Kawula
nuwun sampun, saha sampun kawula angkatakên.
Kakang:
panggalih ingsun ora bisa tumingal marang putranira jabang bayi, awit samôngsa
ingsun tumingal bisa andadèkake kagèting panggalih ingsun, èngêt marang kang
wis layon, awit saka iku bokmênawa bisa amêmugut karênan ananingsun ing dunya,
iku banjur sira labuha ing bangawan bae, emanên yuswaningsun yèn nganti ora
widada saka pangaluping jabang bayi iku. Dene kang luwih pêrlu: ingsun aja
kongsi tumingal manèh marang si Warihkusuma, saiki sira tundhungên lunga saka
laladaning naganingsun[10] ing Banyubiru, balia marang
laladaning nagarane dhewe ing Tuban, yèn ora ngestokake parentah ingsun,
amêsthi ingsun patèni kalawan pangewan-ewan, awit kang dadi jalaran patine
putriningsun: saka awake, dadi wis têtela yèn lungane si Warihkusuma saka ing
nagarane mau pancèn ala, gawe sangaring nagara kang diambah. Apa karsaningsun
amêsthi kalakon padha sanalika iki.
Kyai
patih botên amênggak karsanipun sang prabu, namung baka[11] [ba...]
---
43 ---
[...ka]
dhèrèk kemawon, pamurihipun namung rumêksa ing kasugêngan, sarta karaharjaning
praja sampun ngantos gustinipun katuwuhan sêkêl awit saking prakawis punika.
Kyai patih mundur saking ngajêngan lajêng angruktèni pirantos badhe
panglabuhing jabang bayi, winot ing joli kajêng nagasari kinarawistha ing
sêsêkaran awig pakirtyanipun, sarta lajêng winot ing baita tembo mawi rinêngga
ing gêgodhongan pancasan enggal, aluming godhong katingal saking katêbihan
amêmêlas, sampun kalampahan jabang bayi kalabuh mawi pakurmatan lampah agêng.
Kyai patih lajêng kapanggih Sang Pangeran Warihkusuma, andhawuhakên karsanipun
sang prabu, yèn sang pangeran kadhawahan tundhung, botên kenging ngambah laladaning
nagari Banyubiru, amargi sang pangeran kagalih damêl sangaring praja sarta
adamêl jalaran sedanipun sang putri, sapintên rujiting galihipun sang pangeran,
mêntas kasedan garwa putranipun kalabuh, sariranipun katundhung, sang pangeran
lingsêm mulat sasamining tumitah, wanci lingsir dalu anis saking pura, lajêng
ing tindakipun malêbêt ing wanawasa pados margining pêjah.
Kocapa
Kyai Buyut Wulusan ing Sumbêrêja, padamêlanipun misaya ulam ing bênawi, nuju
wontên ing lèpèn kagèt [ka...]
---
44 ---
[...gèt]
sumêrêp wontên kêndhaga kèli winot ing baita tembo mawi ombyong-ombyong
gêgodhongan sampun sami alum, lajêng dipun candhangi, sarêng kabikak isi bayi
mawa teja, kyai buyut eram salêbêting manah, narka yèn bayi punika putraning
putri ingkang lampah jina lajêng kalabuh ing bênawi nyirnakakên tilas, kyai
buyut gadhah osik, bayi iki bêcik dak pupune, tinimbang mati aluwung dadia
bocah kêna dikongkon, karodene manèh bokne bayèk wis ping têlu gone duwe anak
pijêr mati bae, bocah iki yèn bisa dadi lanjaran, bayi lajêng dipun bopong
kabêkta mantuk, dipun sukakakên semahipun, nyai buyut kagèt sumêrêp ingkang
jalêr mantuk ambopong bayi, mulung tanganipun nampèni bayi sarwi pitakèn: iki
mau bayi olèhmu ing ngêndi.
Olèhku
candhang ing bêngawan.
Ayake
anake wong dhêmênan dikèlèkake.
Mênawa,
nanging dudu sok wonga, katitik wadhahe apik, didokok ana ing gêndhaga.
Aku
bungah bangêt bapakne gêndhuk, kowèhi anak, tak opènane sing bêcik, mêngko tak
gêbyur, banyuku susu
---
45 ---
isih
mêtu, dadi kêbênêran bangêt. Kojênêngake sapa: bapakne.
Tak
jênêngake Rara Sêndhang bae: bêcik, wong olèhku ana ing banyu.
Rara
Sêndhang ingupakara sarta sinêsêpan dhatêng Nyai Buyut Wulusan ing Sumbêrêja,
dumlundung kalis ing sêsakit, enggal agêng kados dinusan ing toya gege,
agêngipun Rara Sêndhang kalawun-lawun.
Gêntos
kacariyos, lampahipun wadyabala ing Banyubiru ingkang andhèrèkakên layonipun
sang putri dumugi ing astana layon kasèlèhakên, salêbêting krêndhasawa kêmirêng
saking ing jawi swara lamat-lamat, sarta kalêsêding layon katingal obah,
senapatining lampah enggal ambikak tutuping krêndhasawa, katingal sang putri
wungu sarta ngandika lirih, kangmas pangeran adipati ana ing ngêndi,
senapatining lampah nyana yèn sang putri waluya jati, lajêng matur: raka paduka
taksih wontên ing nagari, panjênêngan paduka punika sampun kaagêm-agêman
busananing layon, amargi seda konduran, sapunika sampun dumugi ing astana.
---
46 ---
Aku
gawanên bali, nanging aja kolukari, cik bèn dilukari kangmas pangeran dhewe ana
ing kadhaton.
Layon
lajêng kabêkta wangsul sarta mawi pratandhaning kabingahan, tambur slomprèt
mungêl mawi lêlagon gêndhing anganyut-anyut, gêdêring pawartos enggal dumugi
ing nagari yèn sang putri botên saèstu seda, ing mangke kabêkta wangsul kondur
taksih wontên salêbêting krêndhasawa bikakan.
Sang
prabu saha sang pramèswari sampun kaaturan uninga ing kasugênganipun ingkang
putra sang putri, kados punapa bingahing galihipun sang prabu, enggal têdhak
mêthuk akalihan ingkang rayi, saking kasêsanipun tindak dharat kemawon, titihan
rata kasusulakên katututakên wontên ing margi, sang prabu sarta sang pramèswari
lajêng nitih rata, antawis saonjotan layon katingal, rata kadhawuhan
ngrikatakên, botên sarèh karsanipun sang nata, dumugi pasanggrahan ing
Rancakarni: layon kèndêl, sang prabu sarta sang pramèswari rawuh gurawalan
lajêng ngangkat putra ingkang pindha layon, sang pramèswari anglukari ingkang
putra sarta lajêng ingagêman raja kaputrèn, ingkang putra tansah [ta...]
---
47 ---
[...nsah]
dipun arasi ingkang ibu, sang putri matur: kakangmas adipati wontên pundi, saha
anak kula punapa gêsang. Ingkang rama nênggak waspa sarwi ngandika: bojonira
mulih marang Tuban, mêngko ingsun utusan nimbali, dene anakira ingsun labuh
marang bêngawan. Sang prabu lajêng andhawuhakên dhatêng kyai patih kinèn
ngupadosi Radèn Warihkusuma, bilih botên pinanggih ing margi lajêng kadhawuhan
anglacak dhatêng nagari Tuban, makatên ugi anglari gêndhaga ingkang kalabuh ing
bênawi, anggènipun dhawuh sang prabu dhatêng kyai patih, kalayan bisik-bisik,
karsanipun sang prabu sampun ngantos adamêl kagèt utawi rontaging galihipun
ingkang putra sang putri, prakawis wau kêdah kawados, sampun ngantos sang putri
anguningani yèn ingkang raka sang pangeran kesahipun kadhawahan tundhung. Sang
prabu saha garwa putra lajêng bidhal kondur angadhaton, pulih rêntênging
galihipun sang prabu, kantun angêntosi dhatêngipun sang pangeran sarta
kapanggihing gêndhaga bilih bayi taksih sugêng.
Utusanipun
sang prabu ingkang nglari sang pangeran, botên angsal lacak, ngantos dipun
susul dumugi nagari Tuban, [Tu...]
---
48 ---
[...ban,]
malah wadyabala ing Tuban ingkang ngupadosi sang pangeran: dèrèng wontên
mantuk, mila utusan wau lajêng nulak wangsul ngupadosi dhatêng ing wana malih,
makatên ugi utusan ingkang nglari gêndhaga turut bênawi ngantos dumugi
sungapaning sagantên mêksa botên sagêd angsal lacak, para utusan wau sarêng
sampun tita pangupadosipun lajêng sami wangsul dhatêng nagari sarta lajêng
angunujuki uninga ing sang prabu. Sang nata botên andugi bab cabaring utusan,
bokmênawi karsaning dewa ingkang putra kadamêl lêlampahan, sang prabu mupus
salêbêting galih narimah punapa purbanipun Sang Hyang Wisesa, sang prabu
sadintên-dintên tansah angimur tikbraning galihipun ingkang putra sang putri.
Gêntos
kacariyos sang pangeran wontên salêbêting wana tanpa kanthi, ingkang kadhahar
namung wowohan sarta gêgodhongan nèm ing wana, sangêt anggènipun kasarakat,
ciptaning galih namung badhe anganyut tuwuh tansah nêtah sarira anggènipun
katula-tula, badhe garwa pêpacangan karêbat ingkang rayi sang prabu, angsal
panglipur sagêd krama putrining ratu, ayu pinunjul ing jagad, dèrèng ngantos
dumugi sawêg sataun tinilar seda. Galihipun [Galihipu...]
---
49 ---
[...n]
sang pangeran kados rinujit anglês tanpa karkat sèndhèn ing uwit bêndha dhoyong
ingkang pinulêt ing mandira goraya, samirana midit ambêkta gandaning sêkar saya
adamêl rêncêming galih, swaraning pêksi rame kados pencokan badhe mapan tilêm
tambah adamêl kuwur, pêpêtêng wiwit andhatêngi kados badhe angêlêm jagad,
punika ingkang amisesa têlasing galihipun sang pangeran, andhêkukul angrangkul
jêngku waspa adrês kados turasan, salêbêtipun wontên ngandhap bêndha tansah
mêrêm mêlik botên sagêd sare kèngêtan dhatêng ingkang rayi Dèwi Wrêsti, wanci
sidhên[12] kayon lintang sumêbar ing langit,
purnama mungup sapucaking aldaka sumorot kados wadananipun ingkang rayi,
cumêngèring kidang alihan tilêm kados panguwuh angaturi kondur dhatêng ing
nagari Tuban, sang pangeran tumratab ing galih, acipta ingkang rayi Dèwi Wrêsti
kados sumandhing lênggah, guragapan tinolih botên wontên, namung katingal
soroting rêmbulan ingkang ambêdhah lêlongkangan sêlaning godhong kumênyar amawa
praba, sang pangeran saya putêk ing galih. Salêbêtipun sare rêm-rêm ayam,
wontên swara kêmirêng, têmbungipun: Pangeran kang
---
50 ---
kawêlasasih
kados ijêngandika, pantês nampèni panglipur. Pangeran: sampeyan sumêrêpa yèn
rayi sampeyan sang putri: sugêng, sarta tansah ngajêng-ajêng rawuh sampeyan ing
nagari Tuban, amargi sapêngkêr sampeyan lolos: sang prabu seda. Sang pangeran
kagèt lajêng wungu, èngêt wêwentehan swara ingkang kamirêng, ananging pinaibên
ing dalêm batos. Sampun anggagat bangun enjing bun pating talêthog angêbêsi
sarira, mêdal saking ing wana sumêdya dhatêng padhusunan pados pitakenan ing
bab kawontênanipun nagari Tuban, punapa wontên èmpêripun kalihan swara ingkang
kêmirêng, wontên ing margi kêpêthuk tiyang ingkang badhe dhatêng pêkên, anglur
sami anggêgendhong. Bok ayu: sang prabu apa sugêng. Winangsulan, niku takèn
têka anyêrwètèh, sedane sang prabu êmpun kawak kuwi dika tekokake. Sang
pangeran ragi sakeca ing galih dene anètèsi swara ingkang kacêtha, lajêng
tindakipun sêdya kondur dhatêng nagari, nanging karsanipun botên mêdal ing
ngajêngan, mêdal ing pungkuran, panggalihipun: sapisan dèrèng tartamtu
sedanipun ingkang rayi sang prabu, kaping kalih bokmênawi [bo...]
---
51 ---
[...kmênawi]
nuwuhakên prakawis ingkang kirang prayogi.
Kacariyos
Sang Rêtna Wrêsti, sampun lami ing panganti rawuhipun ingkang raka Sang
Pangeran Warihkusuma, tansah gêlik-gêlik wontên ing kadhaton, raosing galih
kados wontên ing tarungku, sarta sampun botên kulina kalihan ingkang putra
Radèn Udakawimba, amargi wiwit miyos lajêng winimbasara dhatêng kyai patih
pinisah ngantos agêng. Ciptaning galihipun sang putri sampun botên kraos wontên
ing kadhaton, badhe wangsul angendhang-endhang wontên ing Mudal, nanging
kapambêngan dening parentahipun kyai patih ingkang misesani karaton, botên
anglilani tindakipun sang putri, awit sampun kaanggêp dados pramèswarinipun
Sang Prabu Warsakusuma ingkang sampun seda, sang putri karsa angenggar-enggar
galih amêng-amêng dhatêng pasanggrahan sajawining nagari, lasar sabên-sabên
sang putri ing ngriku pacangkramanipun, ngantos nyare kalih utawi tigang dalu:
sawêg kondur. Ing wanci sontên sang putri lênggah wontên talundhaging
yasakambang kaadhêp ing para cèthi parêkan, dhasar talundhaking yasakambang
munggul saking margi, tumingal wontên satriya lumampah turut [tu...]
---
52 ---
[...rut]
lalelayaning[13] udyana, tumratab ing galih èsmu
sumêdhot kados tindakipun ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, dangu dipun
awasakên kumêdhèp têsmak, wusana têtela yèn ingkang lumampah: ingkang dados
pangajapanipun ing tawang, enggal dipun palajêngi agurawalan, lajêng dipun
rangkul sarwi lara karuna sambat amêlas asih: nyawa ingkang kula êntosi mèh
dumugi ing pêjah sawêg katingal sapunika. Sang pangeran kagèt ing galih dipun
palajêngi sarta lajêng dipun rangkul ing putri ayu, ananging inggih lajêng
sumêrêp yèn putri punika ingkang dados têlênging galih: ingkang rayi Dèwi
Wrêsti, mila enggal gêntos rinangkul sarta dipun arasi sarwi muwun, dangu sami
tangis-tinangisan, sang putri lajêng pinondhong dhatêng ing yasakambang: botên
suwala, ananging sarêng badhe kasarèkakên sangêt ing panyêngkahipun, sang
pangeran eram salêbêting galih, ngèndêli karsanipun amurwarêsmi: sarwi ngandika
linuding pangêla-êla: yayi kang nawang kumala sarta kang bisa nyambung dawaning
umurku, apa kang dadi darunane anampik sihe pun kakang salawase ora bisa
ilang-ilang, ature sang putri: kakangmas: namung kandhêga samantên [samantê...]
---
53 ---
[...n]
kemawon, kula tuhu ing jangji yèn sampeyan dados guru laki kula ngantos dumugi
ing jaman kalanggêngan, nanging kenging ugi yèn kula nama cidra ing janji,
amargi sariraning sêkar ingkang taksih kudhup rinodapaksa kinisêp dening
kruraning bêrmara. Lajêng kacariyosakên lêlampahanipun miwiti malah amêkasi,
dados ing mangke kula namung anyênyadhang sihing guru laki kula ingkang kados sarira
sampeyan ngapuntên ing dosa kula agêng sèdhèng ing laki, namung kula têbusi
wahdat ing salami-laminipun, sarta anyirnakna dosa kula anglampahi rajapati.
Sang pangeran trênyuh ing galih midhangêtakên aturipun ingkang rayi, lajêng
ngandika: yayi, dosamu iku ora ngapaa, awit anglabuhi tuhuning prasêtya, malah
iku kang aran utama, ora kagiwang nampani rahsaning liyan, jamaking wanodya
kang durung tau-tau amêsthi korup marang sajatining rahsa mau, mulane bangêt
pangapuraku marang kowe, awit kowe ora luput, sanadyan ananing pêpati kowe iya
nora nêmu dosa, awit pamrajaya iku pamalêsing patrap rodaparipêksa, mulane
biratên tikbraning atimu, aku kang tanggung tumêkane
---
54 ---
pangayunaning
Pangeran, amêsthi ora nêmu siksa. Mangkono manèh yayi mungguh ing aku iya kêna
ingaranan ora nêtêpi janji, amarga aku iya wis palakrama sarta asêsuta wadon.
Lajêng dipun andharakên lêlampahanipun turut botên wontên ingkang kalangkungan,
sang rêtna anggènipun mindhangêtakên ngantos angrêntahakên waspa botên karaos,
satamating cariyos: sang putri katingal tutut, lajêng sami kèndêl ing
yasakambang.
Ing
wanci enjing sang pangeran lênggah kalihan ingkang rayi wontên ing paningrat,
kaadhêp ing cèthi parêkan, sang pangeran mundhut papan rontal kasêrat ing
kênaka, lajêng kadhawuhan maringakên dhatêng kyai patih.
Kacariyos
utusanipun kyai patih anggènipun anglari tindakipun Sang Pangeran Warihkusuma
anjajah dhusun milangkori: ngantos pintên-pintên taun, sarèhning sampun tita
botên sagêd pinanggih lajêng sami wangsul mantuk dhatêng nagari anjujug ing
kapatihan, kyai patih sawêg lênggah ing panêpèn kalihan ingkang putra Radèn
Udakawimba, sang bagus sawêg winulang patrapipun nyêrat sastra jêjêg, [jê...]
---
55 ---
[...jêg,]
utusan enggal sinapa, lajêng matur sami ngaturakên tiwas ing lampahipun, sarta
sami anggadhahi pangintên yèn pangeran kados lajêng anganyut tuwuh, awit
sawarnining panggenan dalah ingkang sungil-sungil sampun kaosak-asik mêksa
botên sagêd pinanggih, kyai patih midhangêtakên aturing utusan lêgêg ing galih,
botên sagêd andugi puruging tindakipun pangeran, kasaru dhatêngipun utusan
saking sang putri ambêkta papan rontal, enggal katampèn sarta lajêng kawaos,
suraosing sêrat saking Sang Pangeran Warihkusuma ngaturi uninga ing rawuhipun
sang pangeran, sarta kyai patih kaaturan rawuh ing pasanggrahan. Kyai patih
kagèt ing galih, bingah amarwata suta kados manggih sêsotya ingkang dhumawah
saking ing langit, enggal tindakipun dhatêng ing taman anganthi ingkang putra
Radèn Udakawimba, rawuhipun ing taman kapêthukakên sang pangeran sarta lajêng
gapyuk arêrangkulan sami angrêntahakên waspa. Kyai patih matur: kangjêng
pangeran, ingkang alus ing budi, ingkang ngagungakên paramarta, ingkang sagêd
angecani manahipun têtiyang alit, ingkang wicaksana bèr budi, ing mangke
---
56 ---
panjênêngan
paduka kula angkat dados susuhunanipun têtiyang ing nagari Tuban, lajêng paduka
tampèni sapunika kalayan panuwun agêng yèn karaton wau pêparingipun rama paduka
Sang Prabu Sindupati ingkang sampun suwarga, kula namung sadarmi ngampil
salêbêtipun nagari ara-uru, ing mangke paduka pulihakên risakipun, dene
putranipun rayi ijêngandika Sang Prabu Warsakusuma ing samangke taksih timur
sawêg kula prêtêk ing piwulang, sapunika têtêpa dados putra paduka pambajêng
sarta diwasanipun kula suwunakên kaangkata dados pangeran adipati, dados
panjênêngan paduka nama jumênêng anyêlani. Mênggah atur kula ingkang makatên
samantên wau sampun muphakat kalihan prikônca kula wadana jawi lêbêt, ingkang
punika punapa taksih wontên ingkang nalisir saking ing lêrês.
Sang
pangeran botên sagêd maoni karsanipun kyai patih dening sampun anglênggahi
lêrês, ananging salêbêting galih dhatêng ingkang putra kuwalon Radèn Udakawimba
sangêt botên sarju, awit punika tunggakaning kêmadhuh, ewadene sinamun ing
netya botên wontên antawising pinggêtipun ing galih, pangunandikanipun: gampang
---
57 ---
masalahe
besuk yèn aku wis jumênêng ratu sarta patutan karo yayi dèwi, Si Udakawimba iku
prakara apa. Sang pangeran ngandika: uwa patih kula namung andhèrèk punapa
sapangrèhing patih wisesa ingkang sampun sabiyantu kalihan para nayakaning
praja: kados sariranipun uwa. Pun Udakawimba punapa ingkang wontên ngarsanipun
uwa punika.
Inggih
punika putra paduka Radèn Udakawimba, nanging wiwit miyos kula wimbasara wontên
ing kapatihan, botên nate pêpanggihan kalihan ingkang ibu.
Prayoginipun
ing mangke kula pundhut wontên ing kadhaton.
Kula
nyumanggakakên sakarsa.
Sang
pangeran lajêng kondur angadhaton, kalihan ingkang rayi Dèwi Wrêsti saha
ingkang putra Radèn Udakawimba, wiwit punika kapanggihipun kalihan ingkang ibu
andhèrèk wontên salêbêting kadhaton.
Antawis
wolung dintên sang pangeran lajêng jumênêng nata saking pangangkatipun kyai
patih sarta para nayakaning praja, mawi sêsuruhan para ratu ingkang têpang
watês kalihan jajahanipun [jajahani...]
---
58 ---
[...pun]
nagari Tuban, pakurmatanipun agêng, ajêjuluk Sang Prabu Warihkusuma, kajèn
kèringan dhatêng para ratu sanèsipun, awit saking misuwuring kawasisanipun
kridhaning pêrang, jumênêngipun Sang Prabu Warihkusuma lulus botên wontên
sangsayanipun, nanging kalihan ingkang rayi kêlajêng botên sagêd apêputra.
Kyai
Patih Toyamarta sangsaya sêpuh, sarta sampun botên kuwawi ngêmbat nagari,
lajêng nyuwun kèndêl, saha narimah namung dados tuwangga nama wiku wontên ing
wukir, panuwunipun kaparêng sarta kaparingan pêpancèn siti kathah minôngka
dhaharipun, ingkang kakarsakakên anggêntosi bupati tamping putranipun pambajêng
kyai patih anama Arya Toyatuli. Wondene putranipun kyai patih têtiga, ingkang
anèm kêkalih sami dados nayakaning praja sami limpad-limpad ing budi nanging
botên kapilih, ingkang sêpuh kirang mangrêtos inggih Arya Toyatuli wau, mila
karsanipun ingkang rama kyai patih: Arya Toyatuli namung kapacak dados bupati
tamping kemawon, mênggah karsanipun sang prabu anggènipun ngangkat Arya
Toyatuli dados patih supados botên badhe
---
59 ---
maoni
karsanipun sang prabu, awit sang nata taksih simpên wêwados, sampun ngantos
kajodheran karsanipun dening pamambênging pêpatih, mila amilaur ngangkat bupati
tamping, aling-alingipun misudha dhatêng waris ingkang wajib. Inggih punika
putraning patih ingkang sêpuh piyambak, wondening karsanipun sang prabu ing
dalêm batos, Radèn Udakawimba badhe kasirnakakên.
Kacariyos
Radèn Udakawimba sampun yuswa 15 taun, diwasa kalawun-lawun tanpa pinardi
dhatêng ingkang rama sang prabu, sang bagus wiwit anggraita sêpên ing
pangajêng-ajêng yèn ta kaangkata pangeran adipati anom, awit sangêt dipun
cêri-cêri dhatêng ingkang rama sarta asring sinungan ujar ingkang angêrês-êrêsi
turasing ratu angkara, Radèn Udakawimba putêk ing galih, dhatêng ingkang ibu
botên sakangsalan, awit kirang kulinanipun, kalih dene malih ingkang ibu sangêt
ajrih dhatêng ingkang rama, osiking galih botên sande badhe sangsaya
kadaud-daut risaking sarira bilih ngantêpi pasuwitanipun dhatêng ingkang rama,
prasasat angêntosi timbuling watu itêm, Radèn Udakawimba ing wanci dalu anis
saking kadipatèn, tanpa
---
60 ---
kanthi
tindak nurut lampahing toya bênawi lêpas lampahipun.
Enjing
kauningan ing sang prabu: lolosipun Radèn Udakawimba, sang nata apigugup sarta
adhêdhawuh kinèn ngupadosi, nanging bilih botên sagêd kapanggih kadhawuhan sami
wangsul kemawon. Ingkang ibu sang pramèswari muwun wontên ing kadhaton, lajêng
angimur dhatêng ingkang raka, sang prabu sagah amulari piyambak, botên ngantos
lami utusanipun sang nata sampun sami wangsul ngaturakên tiwasing lampah botên
wontên ingkang lêbda ing karya, ical larinipun, sang prabu botên gita malah
dhawuh ingandikakakên sami kèndêl kemawon, sampun ngantos wontên ingkang
rêraosan bab murcanipun rajaputra.
Gêntos
kacariyos ing padhukuhan Sumbêrêja: Kyai Agêng Wulusan, mêntas kadhatêngan
sayid saking Ngarab anama Sèh Jumadil Kubra bin Mukamad Daos, mêdharakên
sakathahing ngèlmi saraking rasul, Kyai Agêng Wulusan kalindhih kawruhipun
lajêng anggêguru, malah lajêng tinetesan ing ngèlmi kasampurnan, panunggaling
kawula Gusti,
---
61 ---
sumêrêp
ing sangkan paran, saking sêngsêmipun lajêng tilar agaminipun Buda dalah kadang
warga sarta rencangipun sadaya, sami manjing agami Islam, mungkul ibadahipun,
ngadêgakên barjumungah, adamêl masjid agêng, surambinipun panjang têpang
kalihan griya pawèstrèn kiwa têngêning masjid, kinubêngan toya balumbang,
sirahing toya saking lambunging ardi gumrojog anjog ing parang pêpongol,
salaliman ingkang ambandhing cêlak jurang sirung, lajêng tinambêng ing tambak
sela tala lubèr mili agêng ing lêlêngkèh èrèng-èrènging ardi, sinusuk kangge
margining toya ngalêmpak lajêng angoncori têtanêman ing asrama, wontên ingkang
kasudhèt malêbêt ing capuri masjid angjog ing balumbang, toyanipun mili
akimplah-kimplah adamêl sêngsêmipun para ingkang sami sêmbayang dhatêng masjid.
Kyai
agêng adamêl langgar wontên sakilèning pandhapa kêlêtan kêlir laleyaning
capuri, rintên dalu wontên ngriku têkabul ngèlmi, sinambi mêmulang para siswa
ingkang kinasih, dene pamulanganipun agêng wontên ing surambi, gurunipun kyai
pangulu sarta para katib, rintên dalu botên wontên kèndêlipun sami tilawat
Kuran.
---
62 ---
Gêntos
kacariyos lampahipun Radèn Udakawimba turut bênawi dumugi ing dhukuh Sumbêrêja,
ngongkang bênawi mêngkêrakên rêdi, kiwa têngênipun pasabinan êloh toya pating
srèwèh, Radèn Udakawimba lajêng malêbêt ing dhusun sumêrêp masjid agêng ing
surambi kathah lare sami ngaos, Radèn Udakawimba lajêng nunggil kalihan lare
kathah, kadêngangan dhatêng kyai pangulu: dipun pitakèni, thole kowe bocah saka
ing ngêndi aku nêmbe tumon, lan jênêngmu sapa. Radèn Udakawimba mangsuli, kula
lare saking nagari Tuban, nama kula pun Udakawimba, pisowan kula badhe andhèrèk
ngaos wontên ing ngriki, kyai pangulu rêsêp aningali dhatêng warninipun Radèn
Udakawimba bagus mêrak ati taksih lare, lajêng dipun parentahi: thole mêngko
bubar ngaji kowe milua aku bae, tak opèni ana ing omahku, nyambia angon kêbo,
pangonku kurang siji. Kacariyos Radèn Udakawimba kèndêl wotên ing griyanipun
kyai pangulu, sabên wanci lare ngucul tumut angèn maesa dipun sambi kalihan
damêl ringgit rumput dondoman, dangu-dangu lajêng damêl isthaning driya,
tumuntên damêl [da...]
---
63 ---
[...mêl]
kadhaton mawi bètèng sarta jagan angèmpêr-èmpêr kadhatonipun ingkang rama,
katingal angrêmênakên, Radèn Udakawimba pancèn wasis dhatêng pakartining kriya,
salêbêting manah saupami wontêna bôndha baunipun kadugi adamêl biting santosa
ingkang angèl kabêdhah ing mêngsah, ing batos amaoni kadhatonipun ingkang rama,
dene katingal ringkih sarta tanpa wêwados, gampil kabêdhah ing mêngsah,
bobotipun Radèn Udakawimba taksih lare sampun gadhah gagasan samantên, saiba
diwasanipun kados botên kenging cinakrabawa ing sanès, èngêt-èngêt têdhaking
ratu prajurit dhasar wijiling amaratapa aluran saking kaki. Bilih sampun wanci
anggiring, Radèn Udakawimba dhatêng ing masjid sinau ngaos, enjing sontên
makatên lampahipun, botên ngantos lami sampun limpad angungkuli lare kathah,
kauningan dhatêng Kyai Agêng Wulusan, Radèn Udakawimba katimbalan dhatêng ing
langgar kilèn pandhapa, kèrid dening kyai pangulu, Radèn Udakawimba anoraga
lênggah makidhupuh, Kyai Agêng Wulusan pirêna ing galih aningali warninipun
Radèn Udakawimba, bagus mêrak ati pamulunipun [pamulu...]
---
64 ---
[...nipun]
manis, dhasar trêpsila tajêm polatanipun.
Kyai
Agêng Wulusan ngandika dhatêng kyai pangulu. Pangulu si Udakawimba tak jaluk
ngèdhêg ana ing ngarêpanaku, karêbèn ngaji kitab, karo arêp tak wuruki pasèhing
pangajine.
Kula
sumôngga.
Radèn
Udakawimba rintên dalu wontên ngarsanipun Kyai Agêng Wulusan, winêlêg ing
piwulang, sadaya piwulang kacakup botên wontên ingkang kècèr, sangêt lêganing
galihipun Kyai Agêng Wulusan pikantuk murid landhêp manahipun, Radèn Udakawimba
tumuntên badhe katetesan ngèlmi sajati. Radèn Udakawimba botên mawi
sêmang-sêmang andhèrèk karsanipun Kyai Agêng Wulusan, anuju satunggiling dintên
sampun bakda sêmbayang ngisa Radèn Udakawimba katimbalan kadhawuhan malêbêt ing
langgar, botên kêlilan maos kitab, dipun pangandikani: jêbèng wis mangsane kowe
nampani pitutur jati, pêrlune ing têmbe bakal dak wêjangake ana môngsa loro,
saiki sinaua sumurup gêlaran wiriting Pangeran, wis ditêmbangake karo kang
jalela, lah iki layange wacanên tak rungokne.
---
65 ---
Nuwun
inggih sandika.
Pangkur
Pangkur
wuryaning gitaya / sadurunge kaki sira dumadi / anèng ngêndi dunungipun /
yêktine saking ora / bapa biyung dadi lantaran tumuwuh / tan nêdya yoga mring
sira / mung nêkakkên ardèng budi //
tibaning
kang rahsa mulya / nèng manikêm urip lawan pribadi / bundêr samrica binubut /
kumêdut salaminya / sumrambahing angga bisa dadi wujud / bayi lair sing
wêtêngan / dadi manungsa sajati //
kadunungan
pôncadriya / kapiyarsa panggèn dalan pangèksi / pangucap lawan ciptanung /
nanging durung têtela / awit durung kadunungan rasa tuhu / ri wusnyantuk rasa
tama / mundhak-mundhak sabên ari //
nganti
praptaning diwasa / pôncadriya jumênêng lawan titi / bisa angrungu angambu /
wêruh lawan angucap / tômpa saka isbatujait liripun / yèku warah saking liyan /
mula jimatun wus tampi //
aran
têtêp tinêtêpan / luwih èlèk dayaning sanubari / beda-beda ciptanipun / kang
aran Johar Ngaral / lamun sira nyipta barang kang durung wruh / Johar Parit
lamun sira / nyipta barang kang wus uning //
lawan
datu maulana / lamun sira nyipta angganta kaki / pinindha mlaku [mla...]
---
66 ---
[...ku]
lan lungguh / anèng panggenan liyan / sakêclapan ing kene sayêkti suwung /
katon ngalih anèng kana / byaring tyas wus ngrasa bali //
pusaka
pudya kidungan / pandhitadi aran rêsi artati / Artadaya kang jêjuluk / karya
gita pralambang / anênangi sanggyaning kang mudhapunggung / isine kang wuluh
wongwang / suwung obah kênèng angin //
tapake
kontul anglayang / manuk mibêr muluk ngungkuli langit / kalawan gigiring punglu
/ kuda ngrab ing pandêngan / wêkasaning langit lan jaladri agung / tanggal
pisan kapurnaman / sêntèg pisan anigasi //
kabèh
dayaning budaya / anganakkên cipta lan siring ati / pinindhana: watêsipun / lan
ana tilasira / apa dene kinira sapisan cundhuk / kalawan panjêring nala /
rampunging babar pisani //
pralambang
bumi pinêtak / duhkitèng tyas lumèngkèt tan ngêndhani / kanang pawana tiniyub /
yèku bantêring manah / ciptèng nala lumaku rosaning bayu / apèk gêni adêdamar /
wong ngangsu pikulan warih //
yèku
pacanging tyastama / gung ngupadi undhake kawruhnèki / tanapi kang banyu kinum
/ yèku adhêming manah / angungkuli adhême kang tirta salju / dahana murub
binakar / yaiku panasing ati //
luwih
---
67 ---
panasing
dahana / lan srêngenge pine padhanging ati / sumêblak nora kêbundung / dening
ima manampak / lawan malih pralambang galihing kangkung / iku hawa datan obah /
ngêdhêm sajroning ginaib //
susuh
angin ngêndi gonnya / upadinên ing dalil Kuran muni / waladahu wakaribun /
minkibaril warita / Gusti Allah rêrakêtan dunungipun / lan rasa nikmat mupangat
/ anèng gon ingkang winadi //
kusuma
anjrahing tawang / pindha kombang angajab tawèng sêpi / iku tirtaning kêmumuh /
lamun têdhuh kawuryan / lir angganing kapuk kataman ing banyu / mratani
madyaning jagad / iki pralambang artati //
lan
manèh sambunging tata / sinukarta rinambahakên malih / kodhok ngêmuli lèngipun
/ raga môngka canthuka / anèng ngêrong yèku nyawa isbatipun / karsane kang
karya tita / raga angêmuli urip //
kang
rôngka manjing curiga / munggèng jawi isbate ponang ragi / yèku anglungguhi
suwung / môngka lamun supêna / antuk jaman sayêktine nora mêtu / upama bisa
umahya / murut marang têpêtsuci //
randhu
alas nut sembukan / randhu alas isbate punang ragi / sembukan nyawa liripun /
kalamun raganira / pisah lawan jiwanta
---
68 ---
sayêkti
layu / bali marang ananira / yèku sampurnaning pati //
ana
manuk bango buthak / lamun ngêndhog nèng ngênthak-ênthak sêpi / dene kalamun
jinupu:k / juga obah sadaya / kang kadyèku awang-awang uwung-uwung / kang
dinumuk ora kêna / anèng jagad anglimputi //
suwunge
amêngku ana / kang winêngku udara lawan angin / udara nora lumaku / angin katon
lumampah / awit saka kasorotan sang hyang banu / bisa nangèkakên panas /
udarobah dadya angin //
cublak
suwêng suwêngira: / si gêlèntèr mambu kêtundhung mundhing / êmpak êmpong
lira-liru / iyèku swasananta / mlêbu mêtu ingaranan lira-liru / ing suwung kang
mêngku ana / mungguh sajroning aurip //
cebol
arsanggayuh lintang / janma lumpuh bisa ngidêri bumi / angên-angên jatinipun /
lan manèh ingkang wisma / kang tan mambu gêgaman apa liripun / iyèku ciptaning
manah / nganakkên rupaning panti //
beda
ingkang aran wisma / dudu wisma yêktine suwungnèki / lawan malih sualipun /
êndi guru sanyata / tan yyan angên-angênira: wit amêngku / pangadilan amongraga
/ jaksa patih pangulu ji //
lan
manèh ki bale atma /
---
69 ---
êmoh
lara kalawan êmoh mati / môngka raga kang kêtêmpuh / kêna ing lara pêjah /
marma kaki kang awas tibaning sêmu / nanggulang karsèng murkèngrat / wit
raganta kang nglakoni //
anadene
kang udara / jagad gêdhe kalawan jagad cilik / yèkti tanna bedanipun / napas
mêtu ing grana / nupus mêtu tutuk abab aranipun / tênapas mêtu ing karna /
anpasing netra umijil //
anpusakum
mêtyèng raga / rêngganganing kanang swanita mijil / wuta tuduh marga tuhu /
angambu antuk gônda / katampaning ati wêruh dunungipun / sinidikkên datan cidra
/ yêkti gandaning mêmanis //
kang
aran talining gêsang / swasananta tan kandhêg rinawêngi / tanpa pakon
lampahipun / iyèku aran nyawa / balik sapa iya ingkang ngajak turu / lawan
ingkang ngajak gêsang / tunggale kang ngajak mati //
sapa
kang karya ambêkan / wit udara mênêng datan lumaris / obahe iku kêtundhung /
dening maujud liyan / iya iku tunggale kang ngajak lampus / ngêbut ênênging
udara / dadyambêkan manjing mijil //
lira-liru
datan pêgat / U: umanjing Allah: wêdalirèki / salat daim aranipun / puji tan
kênèng pêgat / cêdhak lawan susuh
---
70 ---
angin
dunungipun / yèku marga parapatan / kumpuling rahsa sakalir //
sanggyaning
para malekat / Jabarail Mingkail lan Ngisrapil / Ngijrail lan Ngijajilun /
padha amasang gêlar / angrêridhu gumiwanging tyas mrih dudu / marma kaki ywa
pêpeka / yèn luput ambilaèni //
sapa
kang bisa narbuka / wadiningrat: antuk rahmating Widhi / yèku tirta kamandhalu
/ panglêburing cintaka / kaarsayan kamoitan wus kapungkur / mung nikmat lawan
mupangat / lir rasa jingga taruni //
Durma
al
islamu: dabikul nupusatina / min sèpi muklipatin / kang ingaran Islam / wong
kang bisa amragat / ing nêpsunira pribadi / pamragatira / ing pêdhang nulayani
//
antamutu
kabêlalmutu jarwanya / mati sajroning urip / ing ngêndi marganya / walahu
karibuna / yèku min kibaril warit / Allah rakêtan / ing unggyan kang winadi //
walaohu
layukayapu artinya / Allah iku tan kêni / yèn kinayangapa / miyarsa tanpa karna
/ angandika tanpa lathi / lamun tumingal / tanpa netra udani //
kang
ingaran nênggih sipat kalih dasa / wujud ananing Widhi / kidam matismaya /
bakal langgêng tan owah / mokal lapah lil kawadis / bèdèng kaanan [kaana...]
---
71 ---
[...n]
/ kiyamu binapsihi //
iya
iku jumênêng kalawan dhawak / wadoniyah sawiji / kudrat kang kuwasa / iradat
aran karsa / ngèlmu kawruh kayat urip / samak miyarsa / dhasar wruh kalam
angling //
pan
kadiran kuwasa muridan karsa / ngaliman kang undhagi / kayan ingkang gêsang /
samingan kang miyarsa / basiran ingkang ngawruhi / muntakaliman / iyèku ingkang
angling //
pikukuhing
Islam pan limang prakara / sadat ingkang rumiyin / waashaduana / lailaha
ilullah / waashaduana nênggih: / Nabi Mukhamad / iya rasulullahi //
satuhune
pan ora ana Pangeran / nanging Allah sayêkti / pan satuhunira / Kangjêng Nabi Mukhamad
/ utusaning Maha Suci / artining sadat / ngandêl marang Hyang Widhi //
kaping
kalih ashaduana ilaha / ilaana kang arti / satuhune nora: / nana aran Pangeran
/ nanging ingsun kang mandhiri / angandêl marang: / angên-angên lan eling //
kang
kaping tri: ashaduana ilaha / ilahuwa kang arti / satuhune nora / nana aran
Pangeran / nanging suwung kang mandhiri / angandêl marang: / jumênêngirèng
ghaib //
kaping
catur ashaduana ilaha / illa anta kang arti / satuhune [satuhu...]
---
72 ---
[...ne]
nora / nana aran Pangeran / nanging kudrat kang mandhiri / angandêl marang: /
ana lawan pribadi //
kaping
kalih salat warna ro winahya / juga salat ngabêkti / subuh lohor ngasar /
mahrib kalawan ngisa / ping kalih ran salat daim / swasananira / lumaku manjing
mijil //
iya
iku puji kang tan kêna pêgat / u: kalamun umanjing / utêg têgêsira / Allah:
kalamun mêdal / angên-angên lawan eling / swarèng sasana / yèn suptagung
kapyarsi //
kang
kaping tri jakat warna ro winahya / juga jakat wèh picis / miwah rajabrana /
lawan eklasing manah / dwi jakat danakkên kardi / myang kabêcikan / nanging
kang sêpi pamrih //
kaping
catur wong pasa tiga winahya / juga ngam datan bukti / sarupaning pangan /
nanging lamun tan bêtah / nginang udud iku kêni / noraran batal / dwi kas yèku
tan bukti //
sarupaning
pangan apadene kinang / lan udud nora kêni / tri wong pasa aksa / iku
sasênêngira / nanging ywa lali ngabêkti / riwusing nadhah / mrih antuk sihing
Widi //
kaping
lima khaji warna ro winahya / juga wong munggah khaji / mring nagari Mêkah /
laju maring Madinah / nujum astana jêng nabi: / dinil mustapa / nayakèngrat
sinêlir //
---
73 ---
salallahu
angallaihi wasalam / dwi têgêse wong muphti / sajatining Islam / wallahu
karibuna / yèku minkibaril warit / Allah rakêtan / lan unggyan kang winadi //
kang
ingaran: sarengat iku sêmbahyang / lan anut rèhing nagri / tarekat tatanya /
sapa ingkang sinêmbah / lan apêpatut mèstuti / agnyaning praja / ywa kongsi
salah dalih //
de
kakekat manêmbah sabênêrira / lan manut rèh kang titi / komram ing sapraja /
makripat kinawruhan / ya nêmbah kang tanpa budi / lan manut prentah / ywa tan
wrin kang kinardi //
kang
ingaran: lêluri dayaning kudrat / kayata: bayi lair / warnane ki jabang / nêmu
saking kaanan / pêpak saranduning dhiri / tur yayah rena: / nira tan ngrasa
ngukir //
de
nalaring yèku bayi sinusonan / karo-karoning tunggil / bisa tanpa ajar / nêtêpi
prajanjian / saking lêluhurirèki / nganti tan ngrasa / amung nêtêpi wajib //
de
ngakali yaiku bayi dinadah / nglêstarèkkên pakarti: / nira janma wrêdha / pênêt
kadadiannya / sumambung tumrahing wuri / tur kinurmatan / pêncar praptèng
samangkin //
de
ngadadi: bêbayi pinulasara / wusing diwasa nuli / pinardyèng piwulang / dening
yayah renanya [rena...]
---
74 ---
[...nya]
/ ing kawruh sabilik-bilik / pangarahira: / ywa kongsi tibèng nisthip //
kang
ingaran: dat sipat asma: apêngal / yèku rupa sawiji / dat: araning rupa /
sipat: tandhaning rupa / asma jênêngirèng warni / miwah apêngal: /
panggawenirèng warni //
kang
ingaran: wajib wênang: lawan mokal / yèku asmaning Widhi / wajib: sinêbuta /
lan wênang: ingandêla / nanging mokal wujud dadi / awit tan ganjar / mulung
saking ngastèki //
dalil
Kuran: bakaratan waasila / esuk sore mèngêti / ananing pangeran / mung yèn ing
wayah rina / yèn wêngi kêkês murinding / kêndêl swuh sirna / têpa luh wèh
mêmanis //
Dhandhanggula
ciptèng
nala nora maro kapti / kang katampan dening woding prana / lir pangrasa upamine
/ lêbda mangapus kinung[14] / nanging nora bisa anyambi /
pakarti liyanira / beda kang winuwus / rasa bisa maro karsa / angrasakkên lêgi
atanapi pait / barêng padha kêrasa //
netra
ugi bisa maro kapti / kadi ta anon lintang rêmbulan / dinulu katon karone /
grana bisa angambu / bêbarêngan wangi lan pêsing / karna amaro karsa / awit
bisa ngrungu / unining bêndhe
---
75 ---
angangkang
/ bêbarêngan lawan jumêdhoting bêdhil / mung dhêle kang kapyarsa //
pagawean
tumindak pribadi / obahe lawan nora ingagnya / lembehan lumaku kêdhèdhèp /[15] lêluri aranipun / dene lamun dipun
owahi / binarêng kang lembehan / anjog yèn lumaku / kang kêdhèp pyêke ginantya
/ angowahi lêluri ran jirim jisim / yèku agnyaning driya //
kang
ingaran Mukhamad kakiki / jumênêng kita lawan priyôngga / têlung prakara adêge
/ Mukhamad jaba milu / raga kita ingkang sajati / Mukhamad jêro ana / jro
paesanipun / Mukhamad kadim awarna / wêwayangan kang ana sajroning manik /
mêngku têlung prakara //
iya
iku rasul awarna tri / juga rasul jaba pratandhanya / yèn krasa gatêl awake /
rasul jro kalihipun / angrasakkên lêgi lan gurih / rasul kadim ping tiga /
krasa jroning turu / kapenak lan tan kapenak / apadene ngrasakkên panganan adi
/ nir rasane sanyata //
maol
kayat yèku banyu urip / utawa tirta ingkang nirmala / sastrajendrayu wus dene /
bunbunan kang kumêdut / ingaranan panggonan suci / yèku betal mukadas / lan
pujining rasul / yèku kêkêtêking jaja [ja...]
---
76 ---
[...ja]
/ apadene pujining roh tuwuh sidhi / kêdut kêtêking tangan //
Nur
Mukhamad lir soroting rawi / iya iku wayanganing netra / lawan pinêtêl katone /
praptaning môngsa layu / yèn tan keguh kagodhèng eblis / ing kono dunungira /
amanggih swargagung / mung rasa nikmat muphangat / limut marang kaananirèng
dumadi / tan jalu tan wanita //
dalil
Kuran ana ingkang muni / betal makmur ênggon paramean / yèku utêk angêmbêng we
/ wor tirta kamandhalu / angêbêsi otot kang manjing: / ing netra lan ing karna
/ ing grana myang tutuk / yèn asat kang tirta marta / anuwuhkên rogèng raga
angranuhi / luput-luput antaka //
Kyai
Agêng Wulusan têlas piwulangipun dhatêng ingkang putra Radèn Udakawimba, kasok
sihipun, malah salêbêting galih: Radèn Udakawimba badhe kapupu kapundhut mantu
piyambak, nanging dèrèng kawêdhar, awit Rara Sêndhang dèrèng diwasa.
Kacariyos
Radèn Udakawimba karêmênipun anênêpi dhatêng ing rêdi-rêdi sarta ing
jurang-jurang, pinambêng dhatêng ingkang rama Kyai Agêng Wulusan: botên
kenging. Galihipun [Galihi...]
---
77 ---
[...pun]
Radèn Udakawimba kados rinujit kèngêtan sariranipun dhumawah ing papa sande
dados gêgadhanganing satriya ingkang binadhe raja, ing wanci bakda sêmbahyang
ngisa nilapakên ingkang rama kesah nênêpi dhatêng ing rêdi kados sabênipun,
nuju wulan purnama hyang sitarêsmi katawêng ing imalaya nipis rumamyang
katingal lumampah badhe oncat saking pêpêtêng, lintang-lintang sami surêm
sorotipun kados dening kênyaring sasôngka rudatos angêmu susah, lampahipun
Radèn Udakawimba dumugi sukuning rêdi Kênaka, wontên guwanipun panêpèn,
angongkang jurang ingkang angubêngi rêdi, rêdi Kênaka botên patos agêng nanging
mênggêr, antawis namung saêpal mubêng, lambunging rêdi ingkang sisih kidul
mêdal toyanipun lajêng mili mangilèn angoncori pasabinan ing Sumbêrêja, ingkang
lèr kalèthèkan jurang ambambing, radèn sare wontên ing guwa alèmèk ron palasa
aking, akajang sirah tugêlan kajêng sêmpu, sadalu amêrêm mêlik botên sagêd sare
ngantos mèh gagat enjing, botên amanoni utawi botên angsal sasmita
punapa-punapa, kakên galihipun lajêng sare pisan. Ing wanci byar hyang aruna
nyoroti lawanging guwa,
---
78 ---
Radèn
Udakawimba wungu saking sare kagèt aningali sadhasaring jurang nyrêmomok kados
wana kawêlagar, dipun waspaosakên têtela yèn wontên mrêngangah abrit dening
kasorotan padhanging srêngenge, radèn eram ing galih dene wontên kêtingal anèh
salêbêting jurang, sêkunging galih badhe kanyatakakên dhatêng ing dhasar, Radèn
Udakawimba lajêng mudhun pados margi ingkang rèpèh, wusana manggih
undhak-undhakan sela cêndhani sampun katutup ing rumput mêrakan, radèn eram ing
galih dene undhak-undhakan wontên ing jurang, lajêng gampil udhunipun, namung
kantun miyak rêrungkudipun, dumugi ing ngandhap: Radèn Udakawimba sumlêngêrên
aningali wêdhinipun abrit kawoworan mas ore sarta sêsotya amôncawarni, katingal
pating karêlip, saha eram malih têtela yèn ingkang katingal abrit wau tutuping
kori gapuraning kadhaton: têmbaga sari kagêmbêlèng, wontên sorogipun agêng
taksih manjing, kori lajêng kawêngakakên gampil kemawon, byar katingal candhi
kadhaton salêbêting guwa, kados punapa kemawon eraming galihipun Radèn
Udakawimba, [Uda...]
---
79 ---
[...kawimba,]
saha eram malih dene salêbêting guwa kados kaswargan sagêd padhang kados
kapadhangan ing diwangkara, botên sumêrêp bilih sampun wontên pintên-pintên
bolongan margi angin ambêkta pêpadhang saking jawi, Radèn Udakawimba lajêng
malêbêt dhatêng kadhaton, dumugi kori agêng kèndêl aningali rêrêngganing kori,
tutuping kori gêmbêlèngan salaka pêthak, tinatah ing kênaka angrawit, têbênging
kori wontên sasêratanipun budakala, mungêl: Sang Prabu Kalapardha, iya
Sangkalawêrdati, gêgunungan utawa ratune para diyu rasêksa kang adhêdhôngka
saubênging guwa-guwa sarta gunung-gunung talatahing nuswa Jawa kang angrênggani
sarta akadhaton ing Tirtakandhas.
Radèn
Udakawimba sawêg sumêrêp yèn punika kadhaton ing Tirtakandhas, ing galih ragi
ajrih bilih taksih rêksasanipun, nanging ing sêrat pêpakêm cariyos purwa Prabu
Kalapardha sampun tumpês sawadyabalanipun kala andhustha Dèwi Erawati dening
Wasi Jaladara sarta Radèn Pamade. Amargi saking nyênyêtipun botên wontên sabawa
kêmirêng, nelakakên suwêngipun kadhaton, [kadhato...]
---
80 ---
[...n,]
mila Radèn Udakawimba sirna sumêlangipun, korining kadhaton lajêng kasorog
mênga, sangêt eraming galih dene botên wontên ingkang katingal rêpit, sadaya
taksih wêtah ayam, rêrêngganing prabasuyasa sarwa êmas, radèn lajêng ambikaki
gêdhong-gêdhong salêbêting kadhaton, sadaya kuncinipun taksih sami manjing ing
inêbipun piyambak-piyambak, pintên-pintên rajabrana karaton taksih pêpak, tuwin
bêkakas dhahar sawa êmas tuwin salaka, wusana ambikak gêdhong rajabrana, ing
ngriku kalêmpaking donya arta mas sarta salaka pintên-pintên kulah, mas ore
sampun kawadhahan ing êncèh agêng: pintên-pintên kathahipun, Radèn Udakawimba
mangartika salêbêting galih: yèn rajabrana iki lêstari kaduwe ing aku kabèh,
kasugihaku angungkuli para ratu ing ngalam dunya kang misuwur dhewe. Nanging
yèn luput-luput sêmbire nganti kauningan ing ratu kang ambawahake padhukuhan
ing Sumbêrêja kene wurung sugih: rajabrana kadarbe ing liyan, awake malah
kaparentah.
Radèn
Udakawimba sampun kacariyosakên ing ngajêng yèn lantip yêyasan pakartining
kriya, kagungan osik [osi...]
---
81 ---
[...k]
yèn sapucaking ardi badhe kadamêl kadhaton, saubênging rêdi kapasangan bètèng,
jurang ingkang minôngka larènipun, jurang Kênaka kabobol anjog ing kadhaton,
mawi pipa ingkang amadhangi margi, dados rajabrana lêstantun wontên ing ngriku,
namung kapêndhêt saking ênggènipun kemawon, dhasaring jurang dados pasimpênan
rajabrana agung, taksih kathah malih osiking galihipun Radèn Udakawimba, lajêng
mêdal saking jurang laju kondur kapanggih ingkang rama. Kadangu dene ngantos
siyang sawêg wangsul, radèn matur bilih katilêman wontên ing jurang. Antawis
dangu Radèn Udakawimba matur dhatêng ingkang rama yèn anggènipun asring nênêpi
angsal kamirahaning pangeran sagêd nyipta wêdhi dados mas ore.
Kyai
agêng kagèt mirêng arturipun ingkang putra, cobage: nyatakna kawruhmu iku,
amêsthi aku lan kowe dadi wong misuwur. Ingkang putra matur: punika botên
kenging kasat mata ing sanès: rama, kêdah mawi salat kajat wontên ing rêdi
namung kalayan ijèn. Mênawi kaparêng: rama namung narimah anampèni saking kula
sacêkapipun karsa sampeyan, sarta sakajêng kula, nanging mênawi kaparêng
[ka...]
---
82 ---
[...parêng]
rama sampun mawi mêmancèni kajêng kula anggèn kula badhe angwêdalakên wragad
kathah angrêjakakên dhukuh ing Sumbêrêja.
Iya:
gèr aku bakal nurut ing sakarêpmu, nanging nyatakna kandhamu iku, dadi ora kaya
caturane wong ngimpi.
Mangke
dalu kula wangsul nênêpi, enjing kula wangsul, ambêkta kasagahan kula wau.
Bakda
salat ngisa Radèn Udakawimba tindak kados sabênipun, sarta ambêkta kandhi
agêng, dumugi ing guwa lajêng sare kemawon, enjing mudhun dhatêng ing jurang
lajêng malêbêt ing guwa kadhaton, ambikak gêdhong rajabrana, mêndhêt mas ore
sakandhi ngantos kêbak, lajêng kondur kapanggih ingkang rama. Ingkang rama gita
amêthukakên ingkang putra sarta lajêng dipun jak malêbêt dhatêng dalêm,
pratingkahipun kadamêl wados, bêbêktanipun ingkang putra lajêng pun sok wontên
ing bèri salêbêting gêdhong. Ingkang rama anjêngêr dene wontên mas ore samantên
kathahipun, nanging ingkang putra botên pisan-pisan katingal tumut eram,
eramipun sampun katilar wontên ing jurang kadhaton: ingkang tansah winados,
ingkang putra
---
83 ---
lajêng
dipun rangkul sarta dipun pangandikani: gèr, kowe lan aku bakal misuwur sugih
saka rajabrana pêparinging Allah, aku kang bakal anglêbur mas iki sarta
andadèkake dandanan kang akèh pangajine.
Kacariyos
Radèn Udakawimba lajêng angirup tiyang kriya sami dipun jak gêgriya ing
padhukuhan Sumbêrêja, dipun cêkap kabêtahanipun, botên antawis wulan padhukuhan
Sumbêrêja dados nagari, karsanipun Radèn Udakawimba dipun lêksanani, nyithak
banon pintên-pintên kêthi, ngobong gamping pintên-pintên lumbung, tandho wêdhi
ngantos kados rêdi, kasarêng panggarapipun bètèng sarta pangêburing rêdi,
punapadene pangrakiting kadhaton, tuwin margi agêng têrusan lan margi
simpangan, dalasan tanêman rêrêngganing kadhaton miwah pêpêthetaning margi wau
ingkang amurih aub, kajêng kênari, cêmara tuwin asêm, wringinipun katanêm ing
prapatan, kagalih sarênga dadosipun, amargi saking kawasisanipun Radèn
Udakawimba: dadosing nagari brêng kados nagari tiban, uparêngganing kadhaton
sarwa kancana, kori jêplakan ingkang manjing ing guwa dhasar: winadi, sumingit
[sumingi...]
---
84 ---
[...t]
ing lengkonganing paningrat panêpèn, tinatanan rêrêngganing pamujan asarwa
kênaka, bilih kabikak bolonganipun bundêr pindha pipaning margi angin, wontên
timbalanipun bêsatan tarikan sarta uluran kawat balêdhèg, sakêdhap sagêd dumugi
ing ngandhap, sakêdhap sampun wangsul dumugi ing nginggil, sanadyan tukangipun
ingkang sami nandangi botên sumêrêp kajêngipun, sarta botên sumêrêp dhasaring
guwa, wêdaling prabeya sadintên-dintên ambèr kados udaling umbul ing môngsa
rêndhêng, têtiyang alit ingkang sami nyambut damêl sadintên-dintên tanpa
wicalan, kathah ingkang lajêng sami anjrak tumut gêgriya ing padhukuhan
Sumbêrêja. Èrèng-èrènging rêdi sacêlaking margi agêng kasipat kadamêl
pakampungan, trêping griya atharik-tharik tiningalan anglam-lami.
Kacariyos
Kyai Agêng Wulusan tansah ngalêmbana ing kagunanipun Radèn Udakawimba, botên
nyana bilih padhukuhan Sumbêrêja enggal dados nagari agêmah arja, mirah
sandhang pangan, para juragan sampun kathah ingkang sami dhatêng sarta adamêl
pamondhokan agêng. Ciptanipun kyai agêng: Radèn Udakawimba tumuntên badhe
kapundhut [kapundhu...]
---
85 ---
[...t]
mantu, awit Rara Sêndhang sampun nêdhêng birai.
Radèn
Udakawimba kondur dhatêng padhukuhan kangên badhe kêpanggih kalihan Kyai Agêng
Wulusan, wanci wimbaning sandyakala: anjujug ing panêpèn, kados
sabên-sabênipun, kaprêgok Rara Sêndhang mêntas angladosakên wedang jae dhatêng
ingkang rama, sang rara sampun nêdhêng birai sarta sampun wiwit jajal-jajal
ngagêm kasêmêkan, awit bilih dipun mêkaki sampun ambaludag, ananging taksih
sabukwala, amargi taksih kidhung pangagêming kasêmakan, dados tansah marucut,
dilalah kapêthuk radèn bagus, sang rara gugup ambênakakên kasêmêkanipun,
nanging pucuking kasêmêkan kêsupèn taksih dipun cêpêngi ing asta kiwa kemawon,
pun jajal-jajal adamêl bilai anjalari baludhaging toya bênawi botên kêpambêng
ing setubanda, nampyuk galihipun sang pangeran, kêlêm kabalabak dening karoban
ing mêmanis, sang juwita enggal oncat malêbêt ing dalêm, sang pangeran kantun
anggana sumingêb kados kasabêt ing poncot kasêmêkan ingkang mawa wisa mandi,
tujunipun kêngengehan sagêd ningali kicating pada jumangkah katingal gumêbyar
dening kawingkising sumilakipun [sumilaki...]
---
86 ---
[...pun]
poncoting tapih, kêlap-kêlap kados wêrdu gangga lumampah ing wanci dalu,
nanging têka dados usada: botên, malah dados wisuna agêng adamêl rontog sarta
rujiting galihipun sang pangeran. Lêbêtipun ing panêpèn Radèn Udakawimba sampun
katingal anandhang brôngta kenging sambanging putri lêlampah. Ingkang rama
anggraita pêthuk kalihan karsanipun, ing batos badhe panantunipun kados botên
madal sumbi. Ingkang rama gita anapa. Radèn, nganti lawas têmên ora
ngendhang-endhangi mulih.
Inggih
rama, amargi saking kathahipun padamêlan ingkang kula kajêngakên sarta kêdah
kula lêrêsakên piyambak, ing mangke saking pangèstu sampeyan, prasasat sampun
rampung aparipurna.
Sukur:
ênggèr, nanging pangrunguku gonmu yasa omah angimba-imba kadhaton, sarta bètèng
samono ambane iku apa ora nuwuhake dukane sang prabu ing Tuban, ginalih yèn
kowe sumêdya balela ing ratu.
Prakawis
punika: rama, mugi sampun kagalih, dhasar sampun kula niyatakên amêmêngsahan
kalihan ratu ing Tuban, awit punika satru kula.
---
87 ---
Kapriye
ênggèr, kang kogawe milawan mungsuh ratu abôndha-bandhu misuwur kaprawirane.
Rama:
punika sampun kula kawekani sarta kula botên wangwang dhatêng kasêktènipun sang
prabu, angabên wulêding kulit, atosing balung tuwin pamasanging byuha
panangkêping satru kula badhe botên wingwrin utawi mundur sajangkah.
Ênggèr,
aku ora liwat mung andongakake katêkane apa sasêdyamu. Kajaba iku ênggèr,
sarèhning kowe isih lamban, sarta wis môngsa rabi, apa ora prayoga kowe nganggo
garwa, miliha anake para rôngga dêmang ngabèi, êndi kang kosênêngi, mêngko
dakdhodhoge lawange, takrewangi suku jaja atêkên janggut karo pamanamu si
pangulu olèhku arêp ngrabèkake marang kowe.
Sakalangkung
panuwun kula rama: sih mule sampeyan dhatêng kula. Ila-ila punapa ingkang kula
panggih mênawi kula botên matur satêmênipun, kula matur: ing ngajêng kula botên
gadhah cipta badhe rabi, têbih ningali dhatêng wanodya endah, nanging sarêng
kula sumêrêp dhatêng citranipun yayi Sêndhang manah kula kagiwang, mila parêng
botên parênga putra
---
88 ---
sampeyan
yayi Sêndhang kula suwun piyambak dadosa jatukramakula, malah kula apratignya
salêbêting manah: kula badhe botên rabi ing salami-laminipun bilih botên angsal
yayi Sêndhang, pramila panyuwun kula dados botên katanggêlan anggèn kula ngakên
bapa dhumatêng panjênêngan sampeyan.
Kyai
Agêng Wulusan asrêp ing galih midhangêtakên aturipun ingkang putra Radèn
Udakawimba, walèhipun punika ingkang dipun upadosi. Radèn apa kang pinikir
manèh yèn wis dhasar dadi kêncênge karêpmu, aku wis anglilakake adhimu rara
Sêndhang koêmong dhewe, mung aku titip yèn ora ana kanggone bae aja
kosiya-siya, ulihna marang aku, awit bocah ugungan cilik mula ora mambu ajar.
Rêntah
galihipun Radèn Udakawimba midhangêtakên pangandikanipun ingkang rama. Rama
kula botên cipta krama, namung badhe ngêmong dhatêng yayi Sêndhang ing
salami-laminipun.
Botên
kacariyos rêroncenipun, Radèn Udakawimba sampun kalampahan dhaup kalihan Rara
Sêndhang agêng [a...]
---
89 ---
[...gêng]
bawahanipun, ngantos pintên-pintên dintên pasamuwaning pangantèn, nêlasakên
suka-parisuka. Sasampuning kawandasa dintên, Radèn Udakawimba sakalihan ingkang
rayi Dèwi Sêndhang nyuwun rilah ingkang rama bibi misah badhe angênggèni
kadhaton wangunan sapucaking ardi, ingkang rama saha ingkang bibi inggih
anglilani kalayan suka pirênaning galih.
Kacariyos
Radèn Udakawimba lêstantun mukti wibawa, nanging salêbêting galih dèrèng marêm
yèn dèrèng malês ukum dhatêng ingkang uwa. Radèn Udakawimba sampun dangu
kaklêmpak bala adamêl prajurit suralodra asikêp tamèng towok, surapanglawung
asikêp waos, surawarastra asikêp jêmparing, surapawaka asikêp sanjata,
suradahana nyêpêng mariyêm, surapati prajurit sinêlir, sadintên-dintên tansah
ingulig kasudiran sarta kawantêraning prang, sasampuning matêng dhatêng wêwadi
pamasanging gêlar sarta sasampunipun samêkta, punapadene sasampunipun kagalih
kuwawi lumawan mêngsah prajurit ing Tuban, Radèn Udakawimba lajêng adhêdhawuh
nglurug dhatêng nagari Tuban, sariranipun dados senapatining prang anindhihi
baris, para [pa...]
---
90 ---
[...ra]
prajurit muntab kakêndêlanipun gambira ing manah, bidhaling baris andalêdêg
kados toya mêdal saking rong, ambrol kados enggal-enggala anglarutakên bala ing
Tuban.
Gêntos
kacariyos nagari ing Tuban, panjênênganipun Prabu Warihkusuma sampun midhangêt
pawartos yèn ing padhukuhan Sumbêrêja wontên kraman, gêgununganing kraman
anakipun mantu Kyai Agêng Wulusan, dados prajurit kinawasa sêkti môndraguna,
sagêd manjing ajur-ajèr, sarta misuwur sagêd damêl mas ore, kasugihanipun
angungkuli para ratu sugih ingkang misuwur ing jagad, sarta kasugihanipun wau
dipun wradinakên dhatêng para kawulanipun, mila kawulanipun sami ajrih asih
sarta sêtya tuhu ngidhêp saparintahipun, sang prabu rumaos wingwrin, karoban
dening pawarta, lajêng miyos sinewaka pêpak ingkang wadyabala, kyai patih
sampun wontên ing ngajêngan, sang prabu andangu dhatêng kyai patih, bapa apa
kang dadi wartane ing jaba.
Kawula
nuwun gusti, wontên kraman agêng ing padhukuhan Sumbêrêja, ingkang
angeram-eramakên enggalipun sagêd [sagê...]
---
91 ---
[...d]
yasa kadhaton kinubêng ing balowarti kandêl saêpal mubêng, sarta sagêdipun
kaklêmpak bala piniluta rinoban ing arta busana, punapadene kawartos sagêd ulah
prang kados trahing kusuma, kasêmbuh gadhah kawruh sagêd damêl mas ore,
sumêlang kawula mênawi putra tuwan Radèn Udakawimba, badhe malês ukum dhatêng
panjênêngan paduka, awit rumaos kasakitakên manahipun suwitanipun wontên ing
ngarsa paduka.
Uwa,
kaya ana èmpêre tangguhira iku, lah ing mêngko kêpriye kang dadi pamikirira,
dèrèng dumugi pangandikanipun sang prabu kasaru gègèr ing jawi lêbêtipun bupati
tamping tanpa larapan, kêplajêng mêntas prang kalihan cucuking baris ing dhusun
Sumbêrêja, tanpa kiwul linud winêjêg purun risak tanpa kukupan.
Sang
prabu gugup pandangunipun, apa Si Udakawimba kang dadi gêgununganing kraman.
(Bupati
tamping) Kawula nuwun gusti, ingkang pindha ratu inggih senapatining prang
kadosdene putra tuwan Radèn Udakawimba, awit warnanipun gagah prakosa arawis
capang sariranipun cêmêng, putra tuwan tanpa ngagêm rawis tuwin [tuwi...]
---
92 ---
[...n]
sariranipun kuning anêmugiring, (lolosipun Radèn Udakawimba dèrèng ngagêm
rawis, cêmênging sarira amargi kêkênthung anggènipun ajênêngi yêyasan, dipun
sarirani piyambak), sang prabu lajêng adhêdhawuh mêpak bala, otêr tiyang
sanagari, botên dangu sampun samapta, ingkang dados cucuking lampah inggih
senapatining prang putranipun kyai patih ingkang sampun dados nayakaning praja
nama Radèn Lodaka, sang prabu karsa nyarirani prang kadhèrèkakên kyai patih
wrêdha, dumugi kikising praja kandhêg dening panyêranging mêngsah sampun
angrampit kitha, sang prabu gugup lajêng amasang gêlar ombaking samodra pasang,
sagung wadyabala tinata ambalabar angèlèbi[16] papan, para bupati dados panjawat,
sang prabu kalihan kyai patih wontên ing têngah. Radèn Udakawimba enggal malik
gêlar jurang gêmpal, lajêng pêrang brubuh, bala ing Tuban ingkang minôngka toya
mili dhatêng ing jêjurang sirna larud tanpa lari. Makatên upaminipun bala ing
Tuban kalêbêt ing gêlar tanpa budi kapikut sami asrah bongkokan, Sang Prabu
Warihkusuma enggal oncat saking palagan, binujung dening Radèn Udakawimba botên
sagêd kêcandhak, kêtilapan awor pakathik, kyai patih
---
93 ---
sampun
sêpuh tansah ingampingan dening ingkang putra Radèn Lodaka punika gampil
kêtawanipun, wusana kyai patih sumêrêp yèn mêngsahipun ingkang putra piyambak
Radèn Udakawimba, kyai patih botên pandung, awit Radèn Udakawimba dipun pundhut
putra wiwit timur mila, lajêng dipun rangkul sarta dipun tangisi, Radèn
Udakawimba inggih bela karuna, dangu arêrangkulan, wusana kyai patih ngandika:
kadospundi: gèr, mas putu gusti kula ingkang dados karsa sampeyan têka badhe
ngrisak dhatêng karaton kagungan sampeyan piyambak.
Rama,
kula badhe botên adamêl risaking wadya alit, agêngipun adamêl sedanipun
kangjêng uwa, sayêktosipun namung badhe nyêrêpakên ing awone tindakipun uwa
prabu dhatêng kula, sarta supados mantuna panganggêpipun ingkang nyimpang
saking kautamèn, anganggêp anak kuwalon, utawi tunggakan kêmadhuh, botên
nganggêp anak kapenakan, wusana kangjêng uwa lajêng oncat saking palagan, iba
kangjêng ibu dukanipun dhatêng kula, saupami kula lajêng angatingal. Awit
saking punika rama, kula botên lajêng angêbroki kadhaton,
---
94 ---
badhe
lajêng ngupadosi pangungsènipun kangjêng uwa, amêsthi dhatêng ing Banyubiru,
awit pamirêng kula sang prabu putri ing Banyubiru ingkang apêparab Dèwi Wayi
mêntas sinerenan kaprabon saking ingkang rama Prabu Hèrtambang, punika
garwanipun kangjêng uwa, pangangkah kula bilih kenging nagari Banyubiru karèha
nagari Tuban, ing mangke rama kula aturi wangsul dhatêng nagari saha wadyabala
sadaya, nindakakên prakawising praja kados saban-saban sarta rumêksaa kangjêng
ibu, ngantos sadhatêng kula ambêkta kondur kangjêng uwa. Namung putra sampeyan
uwa, Radèn Lodaka kula têdha kula jak anglurug dhatêng ing Banyubiru, sarta
dadosa pêpatih kula, kula jak laralapa anglampahi panas pêrih, kyai ingkang
rila.
Mas
putu gusti kula, kula sampun botên maoni karsa sampeyan, sampun lêrês sadaya,
sarta kula badhe ngestokakên ing wêling sampeyan rumêksa praja sadungkap kula
tiyang sampun sêpuh, punapadene kula sampun lêgalila pun Lodaka sampeyan
karsakakên dhèrèk andon prang. Têlas rêmbagipun radèn putra kalihan kyai patih,
lajêng sami bidhal andum paran sarta andum [a...]
---
95 ---
[...ndum]
wilujêng.
Gêntos
kacariyos lolosipun Prabu Warihkusuma saking paprangan, anarka bilih
nagarinipun sampun kaêjegan mêngsah, punapa Radèn Udakawimba punapa tiyang
sanès, punika dèrèng kantênan, mupus salêbêting galih, kêncênging karsa badhe
mawiku kemawon lajêng tindak amurang margi, dumugi sukuning ardi Rancakarni
cêlak pasanggrahanipun Prabu Hèrtambang ngiras kangge pakèndêlan layon, punika
wontên marginipun angambat simpangipun ingkang dhatêng pasanggrahan, turut
pèrèng minggah dumugi ing lambunging ardi, ing ngriku wontên guwanipun alit
acèkli, kados tilas pratapaning maharsi, katitik wontên paomanipun,
wêwêngkoning guwa: patamanan, nanging katingal sampun risak, kêkajênganipun
agêng-agêng, kadosta: kumuning bang, nagasari, soka tuwin sanès-sanèsipun,
angayomi pamidikan, sang prabu kacaryan ing galih sumêdya kèndêl têtruka wontên
ing ngriku. Wêwêngkoning guwa lajêng dipun rêsiki sarta lajêng damêl pasarean
kalikaning kajêng sêcang ginapit ing panjalin wungu, kajang sirahipun dhumpal
kajêng walulin, sang prabu [pra...]
---
96 ---
[...bu]
pados rêrêmbêsan toya unjuk, manggih bêlik alit wontên ing loroganing asrama,
wêning toyanipun, mili pating srèwèh anut ing lêlêdhokan dening botên dipun
kalêmpakakên, anjog ing jêjurang kumriwik ngorêgakên padhas rêngka gumrênggêng
tanpa kèndêl kêmirêng angêrês-êrêsi manah kados pasambatipun sang prabu
anggènipun nandhang papa cintraka pisah lan garwa putra. Sang prabu
padamêlanipun namung anênanêm palawija kênthang jagung tuwin canthèl, kangge
panggêsangan salêbêtipun matiraga, sabên dalu botên towong wontên ing paoman
anêgês karsaning dewa ingkang linuwih ing atasing sariranipun punapa lulus
botên sagêd angsal pangapuntên, ananging dèrèng angsal wêwênganing sasmitanipun
dewa, mila sang prabu tansah nungku puja samadi.
Gêntos
kacariyos, Sang Prabu Hèrtambang sampun yuswa sarta sampun rumaos kathah tunadungkapipun
pangastaning pangadilan, karsanipun ingkang winadi angêntosi timbulipun ingkang
putra mantu Sang Pangeran Warihkusuma, ananging tita botên sagêd pikantuk
wartos, sarèhning sampun botên kenging dipun êntosi, karsanipun lajêng badhe
[ba...]
---
97 ---
[...dhe]
sèlèh karaton dhatêng ingkang putra Dèwi Wayi, kalampahan pisèlèhipun sang
prabu katampèn dhatêng ingkang putra, jumênêngipun sang prabu putri mawi
pasamuwan agêng sarta mawi kajênêngan para ratu ing amôncapraja, pangastaning
paprentahan sarta pangadilan parapabên, panêrak tuwin lampah kadurjanan sampun
botên nguciwani, kawasisanipun malah angungkuli kala taksih kaasta ingkang
rama. Nagari Banyubiru tambah tataraharja, mirah sandhang pangan, tulus ingkang
sarwa tinandur, sang prabu putri adhêdhawuh karsa tindak pêpara ing talatahipun
nagari Banyubiru, bokmênawi taksih wontên papan ingkang maluwa dèrèng dipun
griyani ing tiyang sarta pasitèn ingkang bêra jalaran kirang kacêkapanipun
ingkang anggarap, tindakipun sang prabu putri sagêlar sapapan, sarta mawi
andhungan dhahar kanggenipun ing dalêm sawulan, awit badhe dangu ing
konduripun. Kacariyos tindakipun sang prabu putri sampun pikantuk samadya
côndra. Lêrêsipun ing saênggèn-ênggèn lajêng kapasang motha pinindha kadhaton,
kinêpang para wadyabala tarab sami amasang layar pamondhokanipun
piyambak-piyambak, sadangune [sa...]
---
98 ---
[...dangune]
tindakipun sang prabu putri botên pikantuk titik karisakaning dhusun tuwin
padhukuhan, sadaya sami katingal rêja, pakaranganipun andhêndhêng angestokakên
parentahipun umbul sarta paragakipun, nalika punika tindakipun sang prabu putri
kadalon wontên sukuning ardi Rancakarni, dhatêng pasanggrahan taksih têbih,
mila lajêng amasang motha wontên ing ngriku, sêraping srêngenge ginantosan
padhanging rêmbulan nuju tanggal kaping wolu, sitarêsmi rêmu-rêmu kalingan
ngrêgêmênging mega cêmêng apindha rêksasa kados angangkah badhe môngsa
rêmbulan, lêpat tujunipun ingkang pindha pragalba, rêmbulan oncat dhawah ing
mega pêthak, prabanipun sigar salong anyoroti siluk-siluking jêjurang, kados
wayanganipun sawêr tapak angin, ebahing gêgodhongan katêmpuh ing angin kados
pangawening astanipun satriya ingkang kawêlas asih, anênangi brangtanipun sang
prabu putri kèngêtan dhatêng ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, samirana
midit ambêkta gandaning sêkar kumuning, campur kalihan sêkar kalak, angrêmêt
galihipun sang prabu putri. Sang nata botên sarèh ing galih lajêng [la...]
---
99 ---
[...jêng]
dandos cara kakung asikêp pêdhang tamsir mêdal saking pakuwon tindak ijèn karsa
nyalamur, mubêng amriksani jajahaning rêdi, anyêyupe brangtanipun dhatêng
ingkang raka, wontên margi ngambat mêdal èrèng-èrènging ardi dipun turut
minggah, panggalihipun sang prabu putri bokmênawi wontên pandhitanipun ingkang
maratapa, mokal bilih wontên margi botên wontên tiyangipun, sang prabu putri
pancèn wantêr ing galih dhasar sampurna ulah dêdamêl, mila botên kagungan miris
lêlampah dalu ijèn, antawis saonjobtan[17] tindakipun sang prabu putri, ing
lambunging ardi katingal kêlip-kêlip wontên damaripun, enggal dipun prêpêki
rawuh sangajênging guwa sumêrêp pandhita taruna bagus rêspati sawêg nungku puja
samadi, sang prabu kèndêl botên sabawa, kalihan amaspaosakên warninipun
pandhita, sêdhêng sang pandhita kèndêl panungkunipun, salêbêting galih eram
dene wontên pandhita taksih neneman gêntur maratapa punapa ingkang dipun
kajêngakên, sang prabu ngalêm salêbêting galih: bagus têmênan pandhita iki,
kang tak erami ora êntèk-êntèke olèhe jiblès karo kang lunga andon, apa baya
dhèwèke mawiku ana kene. Sasampunipun sang pandhita [pandhi...]
---
100 ---
[...ta]
amudhar asta lajêng lênggah timpuh angajêngakên lawanging guwa, sang prabu
têrang ing paningal yèn sang wiku ingkang raka sayêktos, mèh anjêrit nanging
dipun sabili, lajêng dhèhèm ngatingal wontên sangajêngingipun sang pandhita,
sang wiku sangêt kagèt ing galih dene dalu-dalu wontên prajurit dhatêng ing
guwa patapan, panyananipun badhe nukup sariranipun, gêtêring galih kalihan
angacarani.
Sumôngga
sang prawira ing prang kula aturi malêbêt ing guwa rumpil, rawuh sampeyan ing
pratapan dalu-dalu tanpa kanthi amratandhani satunggaling prajurit wantêr ing
paprangan, bèr budi lêgawa ing pati, awit Hyang Wisesa rumêksa ing kawantêran
sampeyan kinêmulan ing rahayu.
Sang
prabu putri lajêng malêbêt satata lênggah wontên ing galar kalothokaning kajêng
tingi ingkang ginapit ing panjalin wungu. Sang pandhita tumratab ing galih sumêrêp
warninipun sang prabu dene jiblès kalihan warninipun ingkang rayi Dèwi Wayi,
ngantos kamitênggêngên dangu botên ngaturakên pambage, malah lajêng carocosan
ngêdalakên luh botên karaos, galihipun sang prabu kados sinêndhal, [si...]
---
101 ---
[...nêndhal,]
nanging tansah dipun sabilakên, lajêng ngandika:
Kakang
wiku, punapaa sadhatêng kula ing ngriki kakang wiku kirang pirêna ing manah,
malah katingal prihatos ngantos angrêntahakên luh.
O,
iya jagad dewa bathara, kalingane aku iki mau karawuhan sêsotyaning jagad, dhuh
sang sudibya pangapuntên paduka ingkang kula suwun, kula kasupèn bilih kula
katamuan sang prawiranom, utusaning dewa ingkang badhe angasrêpi manah kula,
sang kasumbung kasêgahan panakrama sarawuhipun ing pacrabakan kula dalu-dalu.
Kakang
wiku, ing sadèrèng sasampunipun dahat kalingga murda, kula tampèni ing asta
kêkalih, kapêtêk ing pranaja, tumanêm kêkulunging manah, dadosa rat daging
kayuwanan, amêwahana bawa lêksananipun rayi sampeyan pun andon lêlana.
Kula
anilakrami ing ngajêng pundi pinôngka, ing wingking pundi sinêdya, sintên
kêkasihipun sang pangeran.
Kakang
wiku, kula prajurit lêlana dikara, andon pêrang angrupak jajahaning mêngsah,
ingkang sudi nêbut nama kula
---
102 ---
Pangeran
Wayi.
Sang
pandhita anjêngêr midhangêt wangsulanipun sang pangeran, dene asmanipun sami
kalihan namanipun ingkang rayi Dèwi Wayi ingkang sampun murud dhatêng
têpêtsuci, ciptaning galih: apa yayi dèwi nitis dadi lanang, lagi wêruh iki
ngèlmu panitisan dadi sungsang buwana balik, wong wadon nitis marang wong
lanang. Saya kodhêng panggalihipun sang wiku, dene sang prabu putri
sakalangkung suka ing galih ambêbingung galihipun ingkang raka,
pangandikanipun.
Kadospundi
kakang wiku têka kados tiyang kodhêng apêpanggihan kalihan kula, môngka kula
badhe pitakèn punapa-punapa dhatêng kakang wiku.
Walèh-walèh
punapa, anggèr, sampun antawis gangsal wêlas taun laminipun kula kasedan garwa
putrining ratu, warninipun jiblès kados panjênêngan paduka.
Sang
prabu gumujêng ngakak, sanadyan yêktosa makatên kakang wiku, tiyang kula punika
kakung têka sampeyan brangtani, garwa sampeyan rak putri: ta.
Mêrangi
tatal paduka punika, sok wontêna putri: inggih èstri:
---
103 ---
Milanipun
kula matur, asil punapa ambrangtani tiyang jalêr.
Lêrês,
mila wontên tiyang kodhêng inggih saking paduka kakung sarta garwa kula sampun
murud dhatêng jaman kailangan. Nanging kok kasangêtên têmên jiblèsipun.
Sang
prabu saya gumujêng kêkêl, sarwi ngandika: punika saya mokal kakang pandhita
yèn wontên titahing dewa wontên ingkang sami warninipun, dêstun mèmpêr punika
kula pitajêng.
O,
iya dewa iya bathara, punapa kula dadak mawi upata yèn wicantên kula punika
damêl-damêl, utawi botên salêrêsipun.
Sang
prabu putri rumaos sampun dumugi anggènipun ambêbingung dhatêng ingkang raka
sarta rumaos wêlas bilih kêdangon, karsa badhe ambadharakên sarira, lajêng
ngandika:
Kakang
rêsi, sarèhning sapunika sampun dalu punapa kenging kula nêdha sipêng wontên
ing ngriki.
Kula
sakalangkung dangan kasipêngan sang pangeran. Ananging sang pangeran punapa
kêparêng anggalundhung namung ngagêm kajang sirah dhumpal kajêng.
Botên
dados punapa dhasar sampun kula kajêngakên,
---
104 ---
kula
badhe sèlèh sikêping kaprajuritan sarta cucul pangangge ing jawi supados mantun
sumuk wontên salêbêting guwa.
Kula
sumôngga.
Sang
prabu kantun ngagêm rasukan pamêkak madya (entrok), sutra kuning sinulam ing
bênang mas, baludaging pranaja amratandhani yèn sayêkti wanodya.
Sang
pandhita awas tumingal têtela yèn sang pangeran malihan putri, yèn ta ingkang
garwa Dèwi Wayi sampuna seda sarta kasat mata piyambak ing sedanipun, amêsthi
sang malih warni lajêng kapondhong, awit têtela yèn garwanipun, sarèhning
sampun seda: dados matur anoraga. Dhuh sang damêl kuwuring manah kula punapa
paduka putri prajurit têka amiguna dhatêng tiyang tapa.
Sang
prabu putri tansah gumujêng sarwi amangsuli: dhasar sampun kula sêdya badhe
adamêl wudharing subratanipun kakang wiku. Sang rêsi dipun cakêti sarta lajêng
dipun rangkul gapyuk kaarasan wanti-wanti sarwi ngandika:
Kakang
adipati ingkang mawiku, kula rayi sampeyan pun Wayi ingkang gêsang ing pati
saking dening pitulunging dewa, saha
---
105 ---
sampun
jumênêng nata anggêntosi karatonipun rama ijêngandika kangjêng rama, lajêng
lêlana ngupadosi dunungipun sarira sampeyan, botên nyana kêpanggih ijèn wontên
salêbêting guwa samun.
Kados
punapa plonging galihipun sang pangeran, midhangêtakên aturipun ingkang rayi,
sang rêkna[18] gêntos dipun rangkul sarta
wanti-wanti dipun arasi sarwi muwun acarocosan, saking kasokipun ngantos
magêp-magêp, sang putri botên sah saking pangkon. Lajêng sami angandharakên
lêlampahanipun piyambak-piyambak, satamating cariyos, sang prabu putri matur
dhatêng ingkang raka:
Kakang
mas sampeyan lajêng kula pondhongi dhatêng pasanggrahan sarta lajêng kondur
dhatêng nagari Banyubiru, kula sèrèni kaprabon, awit saking pralilah kula saha
pralilahipun kangjêng rama.
Yayi
dèwi maha prabu, bab ênggonmu karsa amboyongi marang aku, iku ora bêbakal,
nanging bab pisèlèhing kaprabon, iku bangêt ing pamopoku, awit jumênêngku ratu
ana ing Tuban tiwas tanpa [ta...]
---
106 ---
[...npa]
gunasêkti sarta sêpi ing kawicaksanan, gampang rinusak ing mungsuh tanpa kiwul,
beda karo jumênêngmu sinuyudan ing wadyabala, sanadyan jumênêng ratu putri
kaloka kajanapriya, kuncara ing amôncapraja, para ratu ing ngatas angin bawah
angin padha suyud kèdhêp kabèh, awit saka misuwuring kaprawiranmu, liraping
pêdhang agawe mirising mungsuh, lan awit saka kondhanging kagunanmu ulah
gêlaring prang agawe mirising mungsuh sêkti, dhasar sumbaga wirotama, kontap
ing kaluwihanmu, mulane aku wis narima dadi êmbananing ratu musthikaning jagad.
Sampeyan
punika baud ngumpak dhatêng kula, ngantos sagêd adamêl mongkoging manah jirih.
Ora
yayi, aku mung pratela sabênêre bae, ora ngumpak, ora ngonggrong. Karodene
manèh yèn parêng ing galih, mungsuhku kang ngêbroki kutha Tuban môngsa bodhoa
sirnane dening kowe.
Prakawis
karsa sampeyan punika kula selak: botên, sagah: dèrèng kinantên, awit kêdah
kula rêmbag kalihan uwa patih tuwin nayakaning praja, punapadene [pu...]
---
107 ---
[...napadene]
dhatêng senapatining prang ingkang badhe anglampahi damêl, sapunika prayogi
lajêng kondur dhatêng pasanggrahan kemawon, sapunika sampun anggagat enjing,
dhatêngipun ing pasanggrahan: sêdhêng para wadya sampun sami kirab.
Ing
wanci saput siti sang prabu putri sakalihan ingkang raka têdhak saking
pratapan, pêdhut angampak-ampak angrêmêng margi, rumput kêbunan kasrampat ing pada
angêbêsi busana, lamuk sinêrang soroting surya ingkang sawêg mungup saking
tancêbing langit saya tipis wusana sirna, kantun ingkang ngrêmêng ing
kêkajêngan, kawistara jêlarèhing margi kathah sêsimpanganipun, sang kalih
awirandhungan lampahipun sarwi ginêman prakawis rèmèh-rèmèh ingkang adamêl
ascaryaning galih, wanci byar rawuh ing pasanggrahan, wadyabala sami kagèt dene
sang prabu putri rawuh sampun sakalihan kalihan ingkang garwa Pangeran
Warihkusuma, para abdi botên wontên ingkang pandung dhatêng sang pangeran, sami
surak gumuruh ambal-ambalan, kyai patih sarta para punggawa kagèt lajêng mêdal
saking pakuwonipun piyambak-piyambak, kapanggih kalihan sang pangeran
[pange...]
---
108 ---
[...ran]
sampun akanthèn asta kalihan ingkang rayi sang prabu putri, sami suka-suka
sarta sami ngaturakên pambage wilujêng, lajêng satata lênggah ing pasanggrahan,
sang prabu putri lajêng mangandikakakên kapanggihipun ingkang raka mawiku
wontên ing guwa patapan sarta mangandikakakên lêlampahanipun sang pangeran
kalihan titi botên wontên ingkang kalangkungan, sang prabu putri mundhut
pirêmbag ing bab pamalêsipun dhatêng kraman ingkang ngrabasèng kitha Tuban.
Aturipun
kyai patih sarta para nayaka sarêmbag kalihan senapatining prang: pantês sang
pangeran angsal piwêlas pamurina saking sang prabu, dèrèng dumugi anggènipun
pirêmbagan kasaru dhatêngipun pacalanging baris, ngaturi uninga yèn wontên
dêdamêl agêng lumampah nuju ing pasanggrahan, sang prabu putri angintên yèn
punika mêngsahipun ingkang raka sang pangeran, lajêng adhêdhawuh samêkta prang
sarta dhawuh nata gêlar wana kawêlagar, angèl sasak-sasakanipun.
Radèn
Udakawimba sampun kaaturan uninga yèn cucuking baris kandhêg dening kapambêng
baris malang ing margi, kados [kado...]
---
109 ---
[...s]
sarayanipun ratu ing Tuban. Radèn Udakawimba anguningani gêlaring mêngsah
rumaos kawêkèn sarta ngalêm salêbêting galih bab rapêting pasangipun gêlar
angèl sinusupan, ewadene Radèn Udakawimba sagêd anggalih ungguling yudanipun,
lajêng adhêdhawuh masang gêlar ombaking samodra pasang tumêmpuh ing pêrang,
angêlêma ubaling dahana, lajêng prang brubuh, sampun kathah longipun ing
pêpêjah, sang prabu putri sumêrêp yèn gêlaripun kenging kasusupan, lajêng
amalik gêlar setubanda ambrol, bala ing Sumbêrêja kèrut larut kapalayu kalêbêt
ing gêlar, Radèn Udakawimba kesisan bala, badhe katukup lajêng oncat saking
palagan, kadhèrèkakên para prajuritipun sinêlir lèrès sumêdya kondur abêbiting
wontên salêbêtipun kitha, supados mêngsahipun ngêlud sapurugipun, wontên ing kitha
Sumbêrêja amêsthi gampil kapracondhang saking santosa sarta wêriting balowarti,
angèl lêbêt-lêbêtanipun, marwasa mêngsah saking sanginggiling balowarti, gampil
kemawon, tikang-tikunging margi lampahing mariyêm prigêl sangêt, botên wontên
kidhungipun pisan-pisan, awit saking kawasisanipun Radèn [Ra...]
---
110 ---
[...dèn]
Udakawimba. Sang prabu putri sumêrêp yèn sesaning mêngsahipun ingkang botên
katawang: lèrès, lajêng ingêlud sapurugipun dumugi ing Sumbêrêja, malêbêt ing
balowarti ingkang angeram-eramakên santosanipun, sang prabu kandhêg wontên ing
jawi, panggalihipun sang prabu wadyabalanipun amêsthi badhe nêmahi risak bilih
pangrêbating balowarti namung kalayan wantah kemawon, gampil tinumpês ing
gurnat gutuk api dening kêpapan wontên ing margi sungil. Sang prabu lajêng
ambudi sarana ingkang kenging kadamêl gêlar garudha nglayang, lajêng adhedhawuh
yasa palwa udara, bakalipun motha kinêlam ing wêsi janur, ingêsapan saking latu
balêdhèg, sagêd mumbul ing gêgana, sarêng sampun samêkta lajêng katumpakakên
para prajurit pêpilihan sami asikêp dêdamêl, sang nata piyambak yasa sakoci
boma, katitihan kalihan ingkang raka sarta para wirotama, sami andêdêl muluk
ing gêgana angungkuli baluwarti, lajêng cumlarot saengga thathit, tumuju ing
kadhaton sarta lajêng dipun brêgi, para prajurit mangrêmpak saking wingking
adamêl karisakaning mêngsah, Radèn Udakawimba gugup dening dipun [di...]
---
111 ---
[...pun]
kagètakên dhatêngipun, botên kantênan tataning baris, awit linambung saking
wingking dhatêngipun saking gêgana rikat kados angin, Radèn Udakawimba kasêlut
ing papan kacêpêng dening senapatining prang lajêng kaawêran cindhe kaladosakên
ing ngarsanipun sang prabu putri sakalihan sampun sinewaka wontên ing pandhapa
agêng, sarêng kalihan sowanipun para wirotama kairid senapatining prang ambêkta
pangagênging kraman sampun kaawêran cindhe, kasowanakên ing ngarsanipun sang
prabu mabukuh wontên ing siti, Sang Pangeran Warihkusuma botên pandung yèn
pangagêng kraman ingkang putra kuwalon Radèn Udakawimba. Lajêng kadangu:
Kalingane
kowe Udakawimba, kang gawe ura-uruning praja Tuban, sarta agawe karusakanaku,
awit kowe panjilmaning satruku turase yayi Prabu Warsakusuma, ing mêngko kowe
bakal nampani pidana saka pangwasane yayi dèwi maha prabu, Radèn Udakawimba
tumungkul tan panon rad idhêpipun.
Sang
prabu putri lajêng ngandika dhatêng Radèn Udakawimba, radèn: aku pitakon marang
kowe, saiki apa kang
---
112 ---
kokarêpake,
nungkul, utawa: ora.
Kawula
nuwun, gusti, ingkang abdi angaturakên pêjah gêsang, mênawi kenging mugi kaabdèkna.
Kowe
apa wis somah.
Kawula
nuwun sampun: gusti, pikantuk anakipun Ki Buyut Wulusan, nama Rara Sêndhang.
Timbalana
mrene sarta wong tuwane lanang wadon.
Ki
Buyut Wulusan saakrabipun, sakacêpêngipun Radèn Udakawimba sami adus luh
ngalêmpak wontên ing kadhaton, amêmuji lêpating paukuman pêjah, Radèn
Udakawimba, kasaru wontên utusan saking ngajêngan, ki buyut saanakbojonipun
katimbalan, lajêng kèrid salampahing utusan, Rara Sêndhang lumampah ing têngah
kaapit ing yayah renanipun, mangangge lungsêd rambutipun maruwun, katingal
amêmêlas, dumugi ing ngarsanipun sang prabu putri lajêng sami lênggah
makidhupuh konjêm ing siti, sang prabu putri awas tumingal ing citranipun
ingkang pindha ratih Rara Sêndhang botên kalih kalihan sang prabu putri kados
jambe nèm sinigar palih, namung kaot anèm kalihan sêpuh, pangunandikanipun sang
prabu [pra...]
---
113 ---
[...bu]
putri: elok têmên Buyut Wulusan duwe yoga kaya mêngkono. Sang prabu ugi
malongok andulu citranipun Rara Sêndhang, dene angêblêgi citranipun ingkang rayi.
Sang
prabu putri lajêng andangu: aja dadi atimu kaki Wulusan, aku pitakon marang
kowe ing satêmêne, Rara Sêndhang iku apa anakmu têmênan, dene citrane
angeram-eramake.
Kawula
nuwun: gusti, ila-ila punapa mênawi kawula matura dora ing panjênêngan paduka,
kadangu ing ratu ingkang kuwasa ing bumi, sayêktosipun Rara Sêndhang punika
anak kawula pupon, pikantuk kawula cadhang ing bênawi, wontên ing kêndhaga,
kèli isi bêbayi.
Sang
prabu sumêdhot ing galih bokbilih punika putranipun ingkang dipun labuh ing bênawi,
sang prabu lajêng ngandika, gêndhagane saiki apa isih.
Kawula
nuwun, taksih, kawula tarang wontên ing langitan.
Mara
jupukên.
Kawula
nuwun, inggih sandika. Gêndhaga kapundhut lajêng kacaosakên ing ngarsanipun
sang prabu putri sarta lajêng [la...]
---
114 ---
[...jêng]
katingalan kalayan titi, bakalipun kajêng cêndhana kinarawistha ing lunglungan
apindha alum, wontên sasêratanipun Ibrani mungêl rajaputri putrinipun Dèwi Wayi
patutan saking Pangeran Warihkusuma, ingkang seda konduran, dèrèng dumugi pamaosipun
sang prabu putri anjrit mudhun saking palênggahan angrangkul ingkang putri Dèwi
Sêndhang sarwi lara-lara karuna, nanging Dèwi Sêndhang botên tumut bela karuna,
awit botên sumêrêp darunanipun, makatên ugi Sang Pangeran Warihkusuma, saya
botên tumut bela karuna namung kèndêl, nanging amêraki ingkang rayi angudi
punapa darunanipun muwun, dangu botên angsal wangsulan, wusana dipun aturi yèn
Dèwi Sêndhang punika putranipun sang pangeran ingkang linabuh ing bênawi, sang
pangeran lajêng ambêngok tumut karuna sarta brêng tiyang sapasewakan sami bela
tumut karuna. Sirêping tangis: sang prabu putri wangsul lênggah ing dhampar
ingkang putra Dèwi Sêndhang botên pisah wontên ing ngarsanipun sarta tansah
dipun tingali, Radèn Udakawimba kadhawahan anglukari pusaranipun cindhe sarta
ingapuntên dosanipun têtêp minantu ing sang prabu ing Banyubiru. Wontên ing
padhukuhan Sumbêrêja andumugèkakên sukaparisuka, antawisipun [a...]
---
115 ---
[...ntawisipun]
sawulan: sang prabu putri karsa kondur dhatêng ing Banyubiru, ingkang putra
sakalihan andhèrèk, sarawuhipun ing nagari ingkang rama Sang Prabu Hèrtambang
kaaturan rawuh ing nagari saking pacrabakan, sarawuhipun kapêthuk ingkang
putra, sang prabu putri sampun akanthèn asta kalihan ingkang raka Sang Pangeran
Warihkusuma, sarta kadhèrèkakên ingkang putra Dèwi Sêndhang akanthèn asta
kalayan ingkang raka Radèn Udakawimba, putra wayah sami tundhuk angaraspada,
lajêng sami dipun rangkul gêntos-gêntos, awit sang prabu wrêdha sampun kaaturan
uninga ing bab lêlampahanipun ingkang putra.
Antawis
sataun Radèn Udakawimba wontên ing Banyubiru lajêng kajumênêngakên ratu saking
wêwênangipun sang prabu putri: wontên ing nagari Tuban, namung sabên warsa
kadhawuhan sowan saos bêkti laminipun sawulan. Sang Pangeran Warihkusuma botên
karsa kondur dhatêng ing Tuban, lêstantun angêmbani ingkang rayi sang prabu
putri wontên ing Banyubiru kemawon. Dene ingkang rayi Dèwi Wrêsti kadhawuhan
momong ingkang putra Prabu Udakawimba, kalihan sariranipun têtêpa dados
sadhèrèk nak-sanak.
Tamat.
---
0 ---
INHOUD
Hèrtambang,
Prabu ...: Ratu ing Banyubiru,
Udakawimba,
Radèn ...: Putranipun Prabu Warsakusuma patutan saking Dèwi Wrêsti,
Rancakarni,
Ardi ...
Toyatuli,
Radèn ...: Patihipun Radèn Warihkusuma nalika jumênêng ratu wontên nagari
Tuban, anakipun Kyai Patih Toyamarta,
Toyamarta,
Kyai Patih ...: Patihipun Prabu Sindupati, tumurun dhatêng Prabu Warsakusuma,
ingkang ngopèni Radèn Udakawimba duk timur.
Tuban,
nagari ...: Ingkang jumênêng ratu Prabu Sindupati, lajêng ratu Prabu
Warsakusuma, lajêng ratu Prabu Warihkusuma, lajêng ratu Prabu Udakawimba,
---
0 ---
Sindupati,
Prabu ...: Ratu ing Tuban, pêputra kalih R. Warihkusuma, saking ampeyan, R
Warsakusuma, saking pramèswari,
Sumbêrêja,
dhukuh:dados nagari kraman,
Warihkusuma,
R., Warsakusuma, R.: Sami putranipun Maha Prabu Sindupati
Wrêsti,
Endhang: Ingkang ibu R. Udakawimba, Sutanipun Umbulmudal
Wayi,
Dèwi ...: Putranipun Prabu Hèrtambang, kagarwa R. Warihkusuma,
Lodaka,
R. ...: Anakipun Kyai Patih Toyamarta dados patihipun R. Warihkusuma sakêdhap,
nalika jumênêng ratu ing Tuban
Pandhita,:
Pêputra kalih sami èstri, a. Endhang, dados garwanipun paminggir Prabu
Sindupati,
---
0 ---
Patutan
R. Warihkusuma, b. Endhang, angsal Umbulmudal, patutan Rara Wrêsti, dados R.
Warihkusuma en Wrêsti panggih nak-sanak
Jalasêngara,
Ki Tumênggung ...: Senapatining prang ing nagari Tuban
Jumadilkobra
Bin
Mukhamad Daus, Sèh ...: Gurunipun Kyai Agêng Wulusan, manjing agami Islam,
Mukhamad
Daus, zie Jumadilkobra,
Mudal,
Umbul ...: Bapakipun Endhang Wrêsti.
Copyright
© 2011-13 Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar