Sêrat Kôndha Bumi
--- 0 ---
Karanganipun Ki Padmasusastra
Tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing
Surakarta
(DIPERLINDOENGI HAK PENGARANG Stb. No. 600 Taoen
1912.)
Kawêdalakên sarta kasade dening: Toko buku: Tan Khun
Swi ing Kêdiri - Surakarta 1924
--- 2 ---
Padoeka Jm. Toean M. Ng. PRODJOPOESTOKO
(KI PADMOSOESASTRO)
Beliau seorang jang ahli dalam bahasa Djawa, dan
banjak mengarangkan kitab-kitab bahasa Djawa yang berfaedah.
--- 3 ---
Ing padhukuhan Maetala, pangagêngipun nama Umbul Jaga
Mandhala, wêkêl ing damêl, sugih rajakaya maesa lêmbu, rêmên ngingah pitik iwèn
ayam, kambangan, menthog, brati, banyak, ngantos tanpa wicalan, lumbungipun
kêbak pantun, tiyang nutu pating crêngklung, botên wontên kèndêlipun, mênir,
katul, dhêdhak, mêrangipun dipun jakatakên. Semahipun Ki Jaga Mandhala tariman
saking karaton, taksih kalêbêt santananing ratu, rukun anggènipun bêbojoan, Ki
Jaga Mandhala sae manahipun, wêlasan dhatêng tiyang pêkir mêskin, dipun tulung
sakadaripun, agêng dananipun dhatêng tiyang malarat, têtiyang sadhusun Maetala
sami ajrih asih dhatêng Ki Jaga Mandhala.
Ki Jaga Mandhala rumaos bêgja dene botên kirang sandhang
têdha, dhasar linulutan sarta ingaji-aji têtiyang sadhusun Maetala, punapa
kajêngipun ing saboboting awakipun sagêd kadugèn. Nanging mênawi ngèngêt-èngêt
anggènipun dèrèng gadhah anak, kabingahanipun sirna sadaya, sèndhèn ing saka
adhêlêg-dhêlêg botên wicantên. Ingkang èstri anggraita bilih ingkang jalêr
prihatos lajêng dipun cêlaki sarwi wicantên: Ontên napa sampeyan kèndêl mawon,
napa
--- 4 ---
ontên sing dados galihe.[1]
Kowe kuwi wong wadon, ora tau duwe susah, beda karo
wong lanang.
Bedane napa, sampeyan susah: kula ênggih tumut susah,
bingah ênggih tumut bingah, ontên namane tiyang èstri niku: suwarga nunut,
nêraka katut, nanging tiyang susah niku rak ontên jalarane.
Kabungahaning aurip apa mung gêndhon rukon bae, dhasar
wis sugih bêras pari kêbo sapi, omah gêdhe-gêdhe, sandhangan muwah-muwuh, balik
yèn aku kowe tumêka tuwa tiwas ora duwe anak, sapa sing anduwèni bandhamu iki
kabèh, ora wurung kadarbe ing wong kang ora milu kangelan.
Bok Jaga Mandhala kraos manahipun kêmbêng-kêmbêng
lajêng nangis sênggruk-sênggruk, wicantênipun:
Prakawis niku kêdah sampeyan galih sing sayêktos, kula
mirêng ontên tiyang sagêd, tilas priyantun saniki mawiku èntên ing Lêbu Pasir,
nama Kyai Rasatala niku bantêr tapane, sêpi têng pamrih, êngga sami sowan mrika
mawon nyuwun [nyuwu...]
--- 5 ---
[...n] pitulungane supados sagêda gadhah anak.
Aku iya wis krungu sarta sêdyaku iya kaya sêdyamu
kuwe, dadi ewon kêbênêran padha karêpe. wis ta sesuk bae mênyang Lêbu Pasir,
saiki gawea jadah jênang, jadahe rongpuluh ulig, jênange sapuluh tingkêm, karo
êndhog pindhang patang puluh, ginawe tutup rai olèh-olèh.
Ênggih.
Wanci enjing Ki Jaga Mandhala kalihan ingkang èstri
dipun iring ing rencang kêkalih minggah dhatêng rêdi Lêbu Pasir, dumugi ing
pacrabakan kalêrês sang wiku lênggah, ngadhêp parimbon.
Kula nuwun panêmbahan.
Padha ambacuta kene bae.
Inggih sandika.
Majua bae linggiha sing kapenak.
Inggih. Kula nuwun panêmbahan, sowan kula ing ngarsa
sampeyan kalihan tiyang èstri, sapisan: ngaturakên bêkti kula saha bêktinipun
tiyang èstri. Kaping kalih ngaturakên angsal-angsal jadah, jênang sarta tigan
pindhang sakêdhik, kagêm pacitan ngunjuk wedang ing wanci enjing.
--- 6 ---
Iya bangêt panarimaku, kowe anak putu saka ngêndi,
jênêngmu sapa.
Kula umbulipun dhukuh Maetala, nama kula Jaga
Mandhala.
Apa sing kawarta sugih kêbo sapi kae.
Saking pangèstu sampeyan inggih kula punika
warninipun.
Têkamu ing kene apa ana pêrlune.
Kula nuwun panêmbahan, sowan kula ing ngarsa sampeyan
dhapur kapêtêngan manah anggèn kula tiwas dèrèng sagêd gadhah anak, punika
mênawi kêparêng kula nyuwun pitulung isarat tumuntênipun kula sagêd gadhah anak.
Ana uga isarate, nanging nganggo laku, tur ora mêsthi
katarima, mung wajibing aurip nganggo istiyar, kowe apa kêduga nglakoni.
Inggih sandika, badhe kula lampahi kalayan sucining
manah, sarta lampah wau namung badhe kula anjingakên istiyar, kados dhawuh
sampeyan, dados istiyar wau dèrèng mêsthi angsal, nanging wajib kula lampahi.
Sukur yèn kowe wis duwe panêmu mung kok anjingake
marang istiyar, yèn ana cabare: aja ko arani goroh, mung lagi durung pinarêngan
bae.
Punika botên pisan-pisan mênawi kula anggadhahana
cipta
--- 7 ---
kados ingkang kapangandikakakên wau, kajawi namung
badhe ngèstokakên sapitêdah. Mênggah lampahipun mênawi botên wados mugi
kadhawuhakên.
Ora ana sing wadi mungguhing jamu, mung nalika
tibaning wiji sarêsmi iku ana patrape kang ginawe wadi, lakune diarani:
saptabrata, têgêse: laku pitu, mara rungokna tak wuruki êmèle. Lajêng dipun
wêjang, lair batosipun, pangandikanipun:
Ari Buda kasapta, angum tirta saparigi sapta, ing
Sukra kasapta, cumbana kasapta, ing tabuh sapta krêsna, rahsa rinêsêp siniram
ing tirta marta, dadya Atma Allah kang akarsa, têgêse:
Ari Buda kasapta (= dina Rêbo nêptu ... 7)
Angum tirta saparigi sapta (= adusa sumur ... 7)
Ing Sukra kasapta (= ing pitung Jumungah ping ... 7)
Cumbana kasapta (= cumbana ping ... 7) sabên Jumungah
cumbana sapisan, ping pitung Jumungah, dadi ping 7
Ing tabuh sapta krêsna (= wayah sore jam 7)
Anggèn kula badhe nglampahi supados botên kadho-kadho
mugi kadhawuhna pisan.
Mêngkene:
a. Sabên dina Rêbo ( = malêm Kêmis) adusa sumur 7
wiwit jam [ja...]
--- 8 ---
[...m] 6 sore, jam 8. 10. 12. 2. 4. bêngi, sarta jam 6
esuk, ganêp ping } = X 7
b. Sabên dina Kêmis esuk wayah jam 7, adus kramas sore
jam 7, (= malêm Jumungah, bakda ngisa cumbana.)
Lakune:
c. Sabên bêngi wayah jam 3 tutug jam 4 = 7 mêtu mênyang
latar ngadêg marêp mangulon, iyaiku ambarêngi têtuwuhan modot madungdung sari
mêkar, katrajang ing angimanda[2] anrajang panggonan samadi arum angambar, Gusti Allah
pinarak samadyaning jagad.
Êmèle:
d. He Allah, kawula ngestokakên karsa tuwan, kawula
badhe nurunakên wijining dumadi, mokal dhawahing wiji siya-siya, amêsthi tuwuh
tumêngkar ngisèni buwana, mugi tuwan nêmbadanana.
Uyup-uyup:
e. Sabên esuk wayah jam 7 godhong pace 7 lêmbar, sarta
--- 9 ---
pêntile kang tumrucuh 7 iji, karo adas pulawaras,
kunir asêm sapantêse, yèn wus olèh 7 dina lèrèn, nuli uyup-uyup manèh gilir
gumanti 7 Jumungah.
Jamune:
f. Sabên ing dina Rêbo, dadi 7 dina sapisan, suluring
mandira mudha lan suluring pandhan wangi satêkêm, jinantonan banyuning
êmpon-êmpon, ginêcak tanpa warih, antuk sabêruk pajamon, tinetesan banyuning
uyah lanang anaa 7 tètès.
Cumbana.
g. Patraping cumbana kudu môngsa loro ayo padha tak
wêjang ana ing pahoman.
Sumôngga.
Wis mangêrti, kowe.
Sampun.
Ayo bali mênyang ing jaba.
Sumôngga.
Mung iku, umbul, kalayan karsaning Allah sajroning 7
Jumungah, bojomu ngandhêg, wis ta padha muliha tak rewangi cêgah mangan cêgah
turu, kabula panyuwunmu.
--- 10 ---
Inggih, nuwun panêmbahan, badhe kula lampahi kalayan
têmên-têmên, mugi angsala barkah sampeyan, kula lajêng kalilan mundur.
Iya Umbul, nyangoni slamêt.
Inggih nuwun.
Kula nyuwun pangèstu panêmbahan.
Iya, nggèr, Nyai Umbul, nyangoni slamêt.
Inggih Nuwun.
Kacariyos Umbul Jaga Mandhala lajêng tapabrata kalihan
bojonipun, tilêm taritis, cêgah nêdha cêgah tilêm, ngèstokakên pituturipun sang
pandhita, kanyatahan bok Jaga Mandhala katingal ngandhêg sawulan, kados punapa
bingahing manahipun Ki Jaga Mandhala, amutahakên bôndha sagadhah-gadhahanipun
kadamêl dana driyah dhatêng pêkir mêskin, sarta botên kêndhat misungsung
dhaharan dhatêng sang pandhita. Dumuginipun ing môngsa sangang wulan, bok Jaga
Mandhala kraos nyakiti badhe gadhah anak, nanging kasêngkala, bayi botên
sagêd-sagêd mêdal, dipun isarati punapa-punapa ngantos nêlasakên gêndhing mêksa
dèrèng sagêd mêdal, ngantos 7 dintên, wusana sagêd mêdal, kêmêl mêdal dhampit,
(jalêr èstri)
--- 11 ---
sarêng kalihan pêsating yitmanipun bok Jaga Mandhala,
kados punapa susahing manahe Ki Jaga Mandhala, tinilar ing bojo jaka lara
rencangipun sapati-saurip[3] kados upaminipun karêbahan rêdi, wontên
panglipur sakêdhik dene manggih anak kêkalih jalêr èstri sami wilujêng sarta
katingal saras. Kulawarganipun Ki Jaga Mandhala sampun pêpak sami ngêntosi
parentah, layonipun bok Jaga Mandhala lajêng kinèn nucèni sarta lajêng
pinaripurna sakêdhap sampun rampung, botên nguciwani uparêngganing layon,
lajêng kinubur nunggil lêluhuripun.
Ing padhukuhan Maetala, wontên tiyang bêbojoan dèrèng
gadhah anak, nama Ki Jaga Mandhala, lajêng madhukun dhatêng Sang Pandhita
Rasatala wukir Lêbu Pasir, katarimah sagêd gadhah anak mêdal dhampit, nanging
bok Jaga Mandhala pêjah konduran.
Ki Jaga Mandhala rumaos susah ngopèni bayi kêkalih
dening tiyang jalêr sumêlang mênawi kapintên, pamanahipun prayogi kacaosakên
dhatêng sang pandhita, supados winimbasara wontên pratapan, ing ngriku botên
kêkirangan bidhang dhayang
--- 12 ---
sontrang, mêntrik[4] kalihdene
malih panganggêpipun Ki Jaga Mandhala, lare wau lare pujan, botên talompe
sarêng sampun paripurna pamêtaking layon, Ki Jaga Mandhala kairing
kulawarganipun sawatawis bidhal dhatêng padhepokan ing Lêbu Pasir, ambêkta
anakipun kêkalih, sarta ambêkta abon-abon sapêpakipun sakalangkung kathah,
dumugi ing pacrabakan lajêng anjujug ing panêpèn, sang pandhita sawêg nyêrat
wedha ing rontal, kagèt dhatêngipun ki umbul sarta ambêkta anak kêkalih jalêr
èstri, enggal sinapa.
Bagea sing lagi têka, kowe umbul ing padhukuhan
Maetala Ki Jaga Mandhala, apa padha raharja.
Kula nuwun panêmbahan, sowan kula ngaturi uninga bilih
abdi sampeyan tiyang èstri rencang lare mêdal dhampit, tiyang èstri pêjah
konduran, bayi kêkalih sami wilujêng, punika kula saosakên ing panjênêngan
sampeyan, dening kula tiyang jalêr dhudha rumaos botên sagêd ngopèni dhatêng
lare wau, dene prabeyaning lare sapamong inyanipun kula ingkang nyanggi, punika
wau kula ugi sampun ambêkta abon-abon [a...]
--- 13 ---
[...bon-abon] sawatawis, kula sumôngga.
Ora nyana aku, yèn bojomu kasêngkala duwe anak mati
konduran, iku baya wis pêsthine, manungsa mung sadarma nglakoni, ora liwat
pamujiku mung ditawêkal bae atimu, ngèlingana marang anakmu lanang wadon,
bokmênawa dadi wiji kêna kogondhèli, dene anakmu kopasrahake mênyang aku iya
tak tampani kalawan suka pirênaning atiku, anakmu apa wis kowèhi aran.
Dèrèng, kula sumanggakakên ing panjênêngan sampeyan,
mugi kaparingan nama.
Sing lanang tak jênêngake Puthut Sapartitala, sarta
kêna sinêbut radèn, dening isih warènging ratu turun saka biyung, sing wadon
tak jênêngake Endhang Siti Pasir, ngêpèk arane pratapanku sathithik.
Kula sampun amrayogèkakên, sarèhning sampun dumugi,
kula mugi kêlilan mundur.
Iya umbul, aku nyangoni slamêt.
Inggih nuwun.
Kacariyos Ki Umbul Jaga Mandhala, satilaripun ingkang
èstri manahipun ngênês, botên sagêd lipur dening gadhah anak [a...]
--- 14 ---
[...nak] kêkalih, malah sabên kèngêtan anênangi
prihatosipun, wasana kêcandhak ing sakit dados lan ajalipun, katunggilakên
kalihan ingkang èstri, ugi sampun ngaturi uninga dhatêng sang pandhita,
andadosakên pangunguning galih, lare kalih dados lare yatin, botên gadhah bapa
biyung, sigêg.
Kacariyos lare kêkalih winimbasara wontên ing
pratapan, dinusan ing toya gege enggal agêng, kalis ing sêsakit, kalajun
agêngipun, sasampunipun wanci ngumuripun pinrêtêk ing piwulang dening sang
pandhita, lare kêkalih landhêp-landhêp manahipun kados lare kajiman, sabarang
ingkang dipun wulangakên sagêd kalêbêt, alus bêbudènipun dhasar limpad ing
panggraita sagêd ngêmpakakên dugi prayogi, kasok sihipun sang pandhita,
winutahakên kawruhipun, dhatêng Puthut Sapartitala, winulang kawruh jaya
kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, botên têdhas tapak paluning pandhe
sisaning gurinda, sarta kawruh kridhaning praja, pangrèhipun dhatêng
balatôntra, rumusaking ripu dibya sumusuping byuha kalawêrit, widagda sadaya,
dhasar warninipun sêmbada dhegus, gêdhe bagus sarira abrit lir têmbaga sari,
brengos capang ngombak pindha [pi...]
--- 15 ---
[...ndha] parsa[5] tapak angin naut mêmangsan, pantês trahing winani,
sinêmbuh bantêr tapabrata anêtêpi ing kapandhitan, têbih dhatêng wanodya. Sang
Ayu Siti Pasir, dinama-dama dhatêng ingkang eyang, kinudang krama satriya,
marma winêlêg ing kramaniti asusilaning wanita among maru dhomas, sinihèng
priya.
Kacariyos Radèn Sapartitala, sanadyan kapati brata
tilar dhahar tilar guling, ancasipun botên dhatêng kapandhitan, rêmên suwita
ing nata, konjêm marikèlu wontên ngarsanipun ingkang eyang, tigang dintên
tigang dalu dèrèng sinapa, sang pandhita lêgêg ing galih, pangunadikanipun,[6] apa baya karêpe putuku iki, dene ora mobah ora mosik
ana ing ngarêpanku nganti têlung dina têlung bêngi, wusana ngandika, Kulup
Sapartitala, apa ana karêpmu kang wigati, dene ora lunga-lunga saka ing
ngarêpanku.
Pukulun, ila-ila punapa ingkang kula panggih bilih
kula botên prasaja kadangu sang panêmbahan, sajatosipun manah kula awrat mati
raga wontên ing pacrabakan, dene kaprawiran kula pêparingipun eyang badhe ical
tanpa lari, kêpêndhêm wontên ing balubukanipun latu pamujan, lêstantun ngantos
dumugi ing pêjah, dados badhe tanpa tilas mênggah ing gêsang [gê...]
--- 16 ---
[...sang] kula, kula nuwun eyang, mênggah ingkang
dados kajêng kula ingkang kalayan idi paduka, kula badhe suwita ing panjênêngan
ratu, kêpengin kaabdèkakên anyêmut gatêl, sukur bage sèwu katarimah pasuwitan
kula, sagêd dados punggawaning praja, punika eyang ingkang dados losing kajêng
kula.
Sang pandhita midhangêt aturing wayah sanalika kagèt,
dene ingkang wayah badhe tilar kapandhitan, rêmên dados brêtyapati, ananging
dangu-dangu karaos lêrês aturing wayah, wasana ngandika.
Kulup, karêpmu iku aku iya amrayogakake, ananging ora
gampang suwita panjênêngan ratu, ora cukup sangu kapintêran lan kaprawiran bae,
isih pirang-pirang prakara pawitane suwita kang kudu disumurupi, supaya
dhamangmu aja tumpang suh kang bakal kolakoni, tak tuturi rungokna.
1. Sêtya tuhu ing pangawulan, têgêse trêsna ing gusti
trus lair batin, sirik gêdhe nyatur cacading gusti, sanadyan mung ngêthuki bae
iya aran ala.
2. Srêgêp marang pagawean kang wus winajibake, nanging
ora susah dikatokake ing akèh, bêcik ora katon rampung, tinimbang katon ora
rampung.
--- 17 ---
3. Aja mèri marang sihing gusti kang tumiba ing wong
liya sanadyan wong liya mau ora nyambut gawe kaya kowe, kowe môngsa wêruha
karsaning gusti kang winadi.
4. Rumêksa lan ngowêl marang barang kagunganing gusti,
dikaya pangrêksa lan pangowêlmu marang barangmu dhewe.
5. Bisa simpên wadining gusti, ora kêprojol marang ing
liyan, sanadyan marang anak bojo iya ora, supaya kowe diandêl marang gusti bisa
simpên wadi.
6. Sumurup marang unggah-ungguhing tata krama, aja
kongsi kurang luwih, têgêse ngajèni marang sapadha-padha, angluhurake marang
wong gêdhe, nanging aja kongsi ora pratitis, yèn kurang aran digsura, yèn luwih
aran wong lamis, iyaiku sing diarani golèk pêndhok (pakandêlan).
7. Andhap asor, nanging aja asoring budi, têgêse
budimu kang ngumala, gêlêm kalah marang bôndha baumu, nanging ora gêlêm
dirèmèhake.
8. Ngalah basa sakêcap laku satindak, nanging aja dadi
tukang kalahan.
9. Yèn kowe dierang-erang ana ing pajagongan, aja
kolawani catur, mung ewanana bae, iku prasasat wis [wi...]
--- 18 ---
[...s] kotapuk raine.
10. Yèn kowe dikurangajari ing wong aja kok saru,
unènana: kewan ingkang tanpa budi gadhah tata krama, cumbu dhatêng
bandaranipun, manungsa botên mêkatên, dhèwèke wis ribut atine.
11. Yèn diwaoni gaweanmu kang wis korasa bênêr, aja
kopadoni, wangsulana: lêrês karsa sampeyan, mênggahing sampeyan, botên
mênggahing gusti.
12. Tutuping pituturku disrêgêp marang pasuwitan,
sanadyan pintêra bisa anjara langit yèn kêsèd, iya ora dadi dandanan.
Radèn Sapartitala mirêng pangandikanipun ingkang
eyang, ambarêbês ngêdalakên waspa rumaos dèrèng kanggenan, saha sêdya
angèstokakên piwêling, merang mênawi anggènipun badhe suwita ngantos katampik
dening kirang susila, Radèn Sapartitala matur: Pukulun, mugi kalilan ing dintên
punika ugi kula lajêng badhe dhatêng nagari pados pasuwitan.
Iya kulup, aku ora nyangoni apa-apa, mung puji dikirku
dadia sangumu suwita.
Aturipun Radèn Sapartitala: Nuwun. Radèn Sapartitala
[Saparti...]
--- 19 ---
[...tala] lajêng kemawon saking ngajêngan, botên mawi
mêmampir dhatêng dalêm pamitan ingkang rayi, lêpas lampahipun, botên kacariyos.
Endhang Siti Pasir wontên ing paningrat pacrabakan,
sawêg nganggit sêkar gambir angsalipun ngundhuh ing patamanan, dipun cariyosi
bilih ingkang raka dhatêng nagari pados pasuwitan.
Kados punapa kagèting manahipun, Endhang Siti Pasir
tinilar ingkang raka tanpa pêpoyan, narocos luhipun pindha turasan, nêtah
dhatêng ingkang eyang dene anglilani kesahipun ingkang raka, suwita dhatêng
nagari, sariranipun anggana tanpa rowang, raosing manahipun kados pinêcat,
botên wontên kabingahan ing pratapan ingkang pinanggih, kajawi namung ingkang
raka Raden Sapartitala, awit wiwit alit ngantos diwasa botên nate pisah sarta
sami pinanggih yatin tanpa yayah rena. Ciptaning galih moyar, badhe nusul,
pakèwêd sapisan, ingkang eyang môngsa kaparênga, kaping kalih sumusul dhatêng
nagari môngsa sagêda nunggil kalihan ingkang raka dening dèrèng manggèn sawêg
pados pasuwitan, sarta badhe amêmurung[7] lampah, putêk manahipun Endhang
--- 20 ---
Siti Pasir, pêpuntonipun badhe kesah saparan-paran
pados margining pêjah, awit wontên ing patapan botên kuwawi nandhang susahing
manah.
Ing wanci sontên srêngenge badhe sêrap, pêpêtêng
andhatêngi kados pangaluping jagad dhatêng Endhang Siti Pasir, sang rara
malêbêt dhatêng pamêlêngan kados sabênipun, botên wontên tiyang ingkang
anggraitani bilih sang rara nandhang tikbra, pêpuntoning panggalih lajêng badhe
lolos ing dalu punika namung angêntosi wanci bang-bang wetan, anyarêngi
lampahing bakul sêsadean dhatêng pêkên, saupami lumampah dalu kathah
mutowatosipun, sadalu mêrêm mêlik sang ayu botên sagêd sare, sarêng anggagat
enjing mêdal saking dalêm, botên wontên ingkang nyumêrêpi tindakipun sang dèwi,
lêpas lampahipun momor tiyang dhusun ingkang sami badhe dhatêng pêkên sade
godhong kajêng tuwin jêjanganan, sigêg botên kacariyos.
Ing wanci enjing bok êmban ingkang angladosi sang
dèwi, sampun sadhiya wontên ing kori, sarêng dipun antawisakên dangu dèrèng
wungu dipun thothok kontênipun, nanging ngantos rambah-rambah botên dipun
sauri, kori lajêng dipun wêngakakên, sang rêtna pinanggih sêpên, lajêng dipun
padosi dhatêng pasiraman [pasi...]
--- 21 ---
[...raman] sarta dipun uwuh inggih mêksa pinanggih
sêpên, bok êmban gadhah panyana yèn sang putri murca saking pagulingan, dening
tinilar ingkang raka Radèn Sapartitala, lajêng anjêrit alok sang putri murca,
sang pandhita kagèt saking panjêritipun bok êmban, enggal têdhak ing dalêm
ingkang wayah pinanggih sêpên, sakêdhap angêningakên cipta sampun botên
kasamaran badhe lêlampahanipun ingkang wayah sakalihan, nanging taksih sinamar
ing dewa, sanadyan namung kaling-kalingan godhong salêmbar yèn ingupadosan inggih
botên sagêd pinanggih, wasana mupus ing panggalih pasrah dhatêng dewa ingkang
linuwih, lajêng ngandika, Wis aja ana kang padha susah, bandaramu bakal mulya
kadadiyane, saiki lagi ginawe lêlakon, sang pandhita wangsul dhatêng pahoman
anungku puja sêmadi, nyuwun widadaning lêlampahan ingkang wayah sakalihan,
sigêg ing pratapan gêntos lêlampahanipun Radèn Sapartitala.
Kacariyos nagari Bantala Rêngka, ingkang jumênêng nata
binathara ajêjuluk Maha Prabu Sultan Mangkubumi, ratu jêjaka têbih dhatêng
wanodya, anêngênakên olah kaprawiran, mumpuni sakridhaning byuha kala wêrit,
têdhas marang jaya kawijayan muwah kanuragan, sabên-sabên karsa anjênêngi
panggladhinipun ingkang
--- 22 ---
para abdi prajurit sasêliran, tarkadhang karsa
anyarirani piyambak anglêrêsakên piwulang ingkang lêpat, mila ingkang para abdi
sangêt pangatos-atosipun, sampun ngantos kadhawahan bêbêndu, awit sang nata
widagda olah dêdamêling prang, misuwuring asmanipun sang nata angèbêgi
sacakraning jagad ingkang têpang kalihan prajanipun sang prabu, mila para ratu
kathah ingkang sami nungkul botên kalayan kagêbag ing prang, dening karobaning
warta kaprawiranipun sang nata, karêmênanipun sang parabu maos sêrat Wedha
sarta sêrat babading nagari, tuwin sêrat-sêrat anggitanipun para pujôngga,
ngantos sang prabu sagêd piyambak anganggit-anggit mirid yasanipun para
pujôngga wau, punika sagêd anêbihakên dhatêng sêngsêming wanodya, sang prabu
karsa krama bilih pikantuk wanodya ingkang sampurna ing warni, susila ambêk
ngumala, dhasar mêngku kasujanan, bilih botên makatên pratignya badhe wahdat
tanpa krama.
Patihipun sang prabu bijaksana, nyêpêng bang-bang
pangalum-aluming nagari, nanging sampun wrêdha, punika patihipun ingkang rama
sang prabu, lêstantun amatihi sang nata, nama Kyai Patih Janaloka. kyai patih tuna
botên apêputra kakung, putranipun namung sêtunggal putri nama Dèwi Pratiwi.
--- 23 ---
Sang prabu miyos sinewaka wontên ing sitibêntar,
ingkang wontên ngarsa Kyai Patih Janaloka sarta para nayaka wêwolu, sang prabu
kèmêngan badra hirawan, dene dèrèng kagungan senapatining prang, para santana
sarta para punggawaning praja dèrèng wontên ingkang dados panujuning galih.
Sarêng kalihan lampahipun Radèn Sapartitala dumugi ing nagari lajêng anjujug
ing alun-alun, pepe wontên sangandhaping wringin sêngkêran, mabukuh muka konjêm
ing siti, sang prabu awas ningali, ngandika dhatêng kyai patih, E bapa patih,
mata-mata kapèn kaya ana bocah pepe ana sangisoring wringin kêmbar, enggal
kongkonana mriksani, sarta kerida ing lakune. Caraka kapanggih Radèn
Sapartitala kadangu sarta lajêng kairid sumewa ing ngarsa nata, sang prabu
ngandika:
Kalingane kowe singgugmu kaya bocah saka ing gunung,
pepe ana ing wringin kêmbar, jênêngmu sapa, kang ayoga kowe sapa, sêdyamu apa.
Kawula nuwun, gusti, ratu agung ingkang binathara,
nyakrawati ambaudhêndha, nyawanipun têtiyang alit nagari Bantala Rêngka ingkang
asih ing dasih kaswasih, ingkang abdi nama pun Sapartitala, anakipun Umbul Jaga
Mandhala ing dhukuh Maetala ingkang
--- 24 ---
sampun tilar dunya, dipun sukakakên kapêndhêt anak angkat
dhatêng Rêsi Rasatala, ing patapan Lêbu Pasir, taksih kalêbêt bawah paduka
nata, dene sêdyanipun ingkang abdi nyuwun suwita ing panjênêngan paduka,
sanadyan ingkang abdi kapatah dados pakathik dening sêpên kagunan, ingkang abdi
namung sandika anglampahi kalihan eklasing manah.
Sang nata rêsêp amiyarsakakên aturipun Radèn
Sapartitala, salêbêting galih andugi yèn lare linangkung, dening pinupu ing
pandhita ingkang misuwur namanipun, katitik pratitising atur jangkêp tata
kramanipun, sakeca ulonipun, namung kaunipun raga taksih anggunungi.[8] Pangandikanipun sang prabu, Sapartitala sarèhning wis
dadi sêdyamu suwita ing ratu mudha, ing têmbe mung aja kaduwung bae, yèn ora
bisa nêtêpi pangarêp-arêpmu, aku sok wis akôndha aja nganti kêparan tutuh.
Adhuh gusti kula, ratu agung binathara ingkang misuwur
ing jagad, ingkang abdi botên supêna yèn amêmancènana karsa paduka, agêngipun
gadhah cipta murina ing manah dening botên angsal sih wilasa paduka têmah
dhumawah ing sanès, ingkang makatên [ma...]
--- 25 ---
[...katên] punika têtela ing lêpat kawula piyambak,
dede saking paduka, kawula sumêrêp yèn paduka jumênêng ratu kalipatullah,
sadaya ingkang kapangandikakakên sarta ingkang kakarsakakên namung wontên
samadyaning lêrês, kawulaning ratu kados upaminipun sarah munggèng lautan,
kombak-kombul sarta kentas dhatêng ing dharatan atas kawasananing alun, makatên
cipta kawula ing dalêm batos, badhe botên anggadhahi manah piduwung sarta
anggarantês, dipun bêdhèla manah kawula amêsthi tulisipun sami kados kêcap
kawula ingkang sampun kawula aturakên wau.
Sang prabu karênan ing galih midhangêtakên atur
wangsulanipun Radèn Sapartitala, lajêng jêngkar angadhaton, Radèn Sapartitala
ingandikakakên andhèrèk, kakarsakakên nunggil ing gêdhong patêngganipun para
panakawan kêkasih, cêlak ing kamar panêpèn, ingkang sewaka sampun bibaran.
Sang prabu sabên sontên pinarak wontên ing panêpèn,
ingkang kakarsakakên ngadhêp Radèn Sapartitala, sang prabu saya waspada yèn
Radèn Sapartitala mumpuni dhatêng kawignyan, botên antawis lami, lajêng
winisuda dados mantri anom lêbêt, sarta lajêng kakarsakakên andhèrèk tindakipun
sang nata dhatêng [dha...]
--- 26 ---
[...têng] gêdhong pangrêmbagan prakawis nagari kalihan
kyai patih sarta para nayakaning praja, Radèn Sapartitala kalilan usul
pamanggihipun.
Pintên-pintên prakawis ingkang ruwêt dados wudhar,
ingkang pêtêng dados padhang dening pamanggihipun Radèn Sapartitala, para
nayaka sami kawêkèn nututi mêmanahanipun Radèn Sapartitala, lêmbat bêbudènipun,
têbih jêjangkahanipun sumêrêp ingkang wêrit-wêrit, sang nata sakalangkung
kêparêng amiyarsakakên pamanggihipun sang prabu botên kuciwa Radèn Sapartitala
kaangkat dados punggawa, botên lami wontên lowongan bupati nayaka ajal, botên
gadhah waris anak jalêr, karsanipun sang prabu, Radèn Sapartitala kaangkat
dados bupati nayaka, sampun botên kuciwa angêmbat prakawising nagari.
Kyai Patih Janaloka sangêt sihipun dhatêng Radèn
Sapartitala, sadaya padamêlan ruwêt rêntênging praja kapasrahakên sadaya, awit
sampun kenging pinitados anampèni dhawuhipun sang prabu, kinintên badhe botên
madal sumbi. Osikipun Kyai Patih Janaloka sarèhning sampun sêpuh badhe sêsèlèh
kalênggahan dhatêng Radèn Sapartitala, amargi kyai patih tuna botên gadhah anak
jalêr, namung gadhah anak èstri [è...]
--- 27 ---
[...stri] satunggal nama Dèwi Pratiwi, pinunjul ing
warni sawêg mêpêg birai punika sagêda dados bojonipun Radèn Sapartitala,
paribasanipun nitipakên daging saêrêp tumut ngêpèk kamuktèn, nanging èwêt
marginipun dening anak èstri. Kados sarêng kalihan osikipun sang prabu, kyai
patih ingandikan dhatêng panêpèn, adatipun bilih katimbalan dhatêng panêpèn,
botên anggalih prakawising nagari, anggalih prakawis kadhaton.
Sowanipun kyai patih, sang prabu sampun lênggah
ingadhêp para kêkasih. Kyai patih lênggah andhêkukul marikêlu, dèrèng dipun
dhawuhi majêng, para kêkasih malah sami kadhawuhan mêdal, sang prabu kantun
pinarak ijèn, kyai patih anggraita bilih badhe nampèni dhawuh wados, botên
antawis dangu kyai patih ingandikan, mênawi piyambakan kramanipun: wa.
Wa, majua cakêt karo palinggihanku kene.
Nuwun sandika.
Apa kowe sumurup kang dadi karêpku.
Kula nuwun, namung Gusti Allah piyambak ingkang sagêd
nguningani saosiking pênggalih paduka.
--- 28 ---
Aja dadi kagèting atimu, Wa, karêpku ora marang bosên,
malah marang asih trêsna mênyang kowe, upama ajaa ana lêlakon kang tak kira
bêcik dadine, ênggonmu nyêkêl bang-bang pangalum-aluming nagara ing Bantala
Rêngka, amêsthi tak lulusake nganti kowe tumêka ing jangji mulih marang jaman
kêlanggêngan, sarèhning kowe ora duwe anak lanang, anakmu wadon mung siji, dadi
ora bisa ngrasakake kamuktèning bapa, nanging yèn anakmu bisa laki olèh warangkaning
ratu, kang anggêntèni kowe, kawibawanmu prasasat ora ilang. Awit saka iku, Wa,
patih, kalawan lêgane atimu, anakmu Si Pratiwi tak jaluk, arêp tak lakèkake
olèh Si Sapartitala, kowe ngasoa momong anak tak pasthi saprapating pamêtumu
dadi pêpatih.
Kyai patih mirêngakên pangandikanipun sang prabu kados
siniram ing toya windu, awit kapanujon sangêt kalihan kajêngipun, unjukipun:
Gusti ratu pêpundhèn kawula, karsa paduka ingkang kadhawuhakên wau punika,
ingkang abdi sampun botên sagêd amaoni, kawula amung andhèrèk sakarsa paduka,
botên langkung kawula namung anitipakên anak kawula èstri dhatêng pun
Sapartitala ingkang mijil saking karsa
--- 29 ---
paduka, awit kawula sumêlang dening punggungipun anak
kawula wiwit lare dumugi diwasa botên mambêt ajar, namung kawula êma-êma saking
gênging katrêsnan kawula anak namung satunggal.
Prakara iku wis ana ing aku, Wa, aja sumêlang atimu.
Wis ta, kowe mundura, Si Sapartitala tak timbalane.
Kyai patih lajêng mundur saking kadhaton, Radèn
Sapartitala katimbalan, sampun wontên ngarsanipun sang prabu, Radèn Sapartitala
botên gadhah manah rangkêp, namung kamanah katimbalan, dados adat kakarsakakên
tumut manah tata têntrêming praja. Dangu sang prabu botên ngandika, wiyosing
pangandika:
Sapartitala.
Kawula nuwun, gusti.
Umurmu wis pira.
Kawula nuwun, kawula sampun nate kadangu. Umur kawula
sêlangkung taun.
Apa kowe durung niyat rabi.
Dèrèng, malah sêdya kawula badhe angantuni
sasampunipun paduka apalakrama, kawula lajêng rabi.
Aja mêngkono, Sapartitala, kowe bêcik andhisikana aku,
karana aku durung karuwan apa karsa palakrama,
--- 30 ---
apa ora, lan bakal ana karsaku kang wigati, kowe rabia
olèh anake wa patih, yèn wis kêlakon, wa patih banjur arêp sèlèh kalungguhan
marang kowe, amarga wis tuwa kurang kêlar anglakoni pagaweyan abot, pêrlune
anitipake daging saêrêp marang kowe, aku wis marêngake.
Gusti, sarèhning awit saking karsa paduka, saèstunipun
unjuk kawula namung sandika nglampahi, namung raosing manah kawula botên môngga
anggêntosi kalênggahanipun kyai patih, dening kawula rumaos karoban sih dèrèng
sagêd malês kadarman, kajawi makatên kawula rumaos dèrèng nyêkapi nyêpêng
padamêlan agêng dados warangkaning nata binathara, makatên malih sumêlanging
manah kawula mênawi saya kathah tiyang ingkang ngèsêmi, dening kawula trahing
tiyang sudra papa aluraning pidak padarakan, kakarsakakên dados nayakaning
praja punika kemawon sampun adamêl orêging tiyang sanagari ingkang botên sagêd
anggayuh kalimpadaning panggalih paduka, saya malih kawula kakarsakakên dados
warangka nata, bokmênawi adamêl jêritipun isining bumi tinarka namung sih
paduka ingkang tanpa watês sarta katarik kamantu ing kyai patih, [pa...]
--- 31 ---
[...tih,] botên sumêrêp dhatêng pêrluning praja, praja
botên ngabdèkakên asli, ingkang kaabdèkakên budi.
Yèn wong dhêmên mikir caturing wong kang ora dhêmên
sarta wong kang ora sumurup, prasasat kowe mikir swaraning angin,
sadhela-sadhela atimu tansah kagèt, yèn wong ora duwe pangandêl marang awake
dhewe, ora wurung bakal duwe ati ruci sarta ngandhut sumêlang sadina-dina, ora
ngandêl marang wong kang kêna diandêl, tarkadhang bojone dhewe disujanani,
tinarka satrune, turu tansah mêrêm mêlik, esuk sore trataban watir yèn
kaluputan, iba rêkasaning ati yèn wong ora duwe pangandêl, prasasat niaya
marang awake dhewe, apa ora mêngkono.
Gusti, saking pangèstu paduka kawula sampun sagêd
ngangge kalakuan santosa, kawula botên bingah kaalêm padamêlan kula lêpat,
kosok wangsulipun botên susah kacacad padamêlan kawula lêrês, ananging loking
jana punika ingkang kêdah kawula kawekani, sok sampuna panjênêngan paduka
anguningani ciptaning manah kawula, dados badhe botên kagèt suraking tiyang
kathah ingkang sami nyantên awon kawêntar sagêd nêmpuh kapiyarsa ing
panjênêngan paduka, punika ingkang sagêd [sa...]
--- 32 ---
[...gêd] anipisakên pasuwitan, ical piyandêlipun
tiyang sanagari, punika bilih panjênêngan paduka keguh dhatêng panyantun awon
saha cêcampah wau punika.
Kang mangkono iku wus tak kauningani sarta panggalihku
ora banjur kèlu marang piala kang bisa gawe papa cintrakamu, bakal dak galih
kalawan wêning ati suci, nanging aku ora bakal nampik piwadul mau, awit iku
banyu suci kang bisa ambilasi mêntase ênggonmu mêntas adus lêlangèn ing
bangawan.
Kaluhuran dhawuh paduka, kawula sampun botên sagêd
mancèni, saha kawula namung sandika anglampahi rabi ingkang awit saking karsa
paduka.
Kacariyos sang prabu sampun andhawuhakên dhatêng Kyai
Patih Janaloka, putranipun èstri Rêtna Pratiwi kapundhut badhe katarimakakên
dhatêng Radèn Sapartitala sarta kadhawuhan samêkta bawahaning pikramèn.
Kyai patih enggal angèstokakên dhawuhipun sang prabu,
botên antawis dangu sampun samêkta, sarta sampun angaturakên dintên sae badhe
panggihing pangantèn.
Dintên ingkang sampun katamtokakên, Kyai Patih
Janaloka angulêm-ulêmi para sanak sadhèrèkipun sarta ngatur-aturi [nga...]
--- 33 ---
[...tur-aturi] para agung nagari ing Bantala Rêngka
tuwin jajahanipun, têmpuking damêl sakalangkung agêng bawahanipun, sampun
kalampahan panggih, lêt sadintên sang prabu têdhak tuwi, mawi pasamuhan agêng
malih, sang nata sakalangkung pirêna aningali pangantèn sakalihan.
Botên kacariyos rêroncèning damêl, pangantèn rukun
anggènipun palakrama, sarta Radèn Sapartitala sampun tapak sowan anggarap
padamêlan kados sabênipun.
Sang nata anyiyosakên karsanipun angèndêli kyai patih,
nuju ing dintên Kêmis kadhawuhan sowan pêpak, sang prabu andhawuhakên timbalan
yèn Kyai Patih Janaloka kalungsur kalênggahanipun mawi kaparingan pancèn
têtêdha siti sêprapating lênggahipun lami, orêk tiyang sapanangkilan ing
lèrèhipun kyai patih, dening botên manggih kalêpatan, malah mêntas miwaha putra
katêdhakan sang prabu. Punika amratandhani gênging sihipun sang nata dhatêng
kyai patih, para wadyabala sidhêm pramanêm, botên wontên banènipun walang
ngalisik. Botên antawis dangu, sang prabu andhawuhakên timbalan malih,
salowongipun patih ingkang kakarsakakên anggêntosi bupati nayaka anèm kalêrês
mantu Radèn Sapartitala, angrêp manahipun tiyang
--- 34 ---
sapanangkilan, sarta angalêmbana jêjêging adilipun
sang nata, patih wrêdha taruna lajêng sami majêng ngabêkti ing sang prabu, sang
prabu lajêng jêngkar kondur angadhaton.
Unduripun kyai patih wrêdha sarêng kalihan ingkang
putra mantu radèn apatih taruna dados pêpenginan ing rukunipun.
Gêntos kacariyos lolosipun Dèwi Siti Pasir lampahipun
amurang marga nusup angayam alas, tanpa sêdya anut paraning suku, namung pados
margi jalaraning pêjah, kandhêg wontên ing sêndhang agung satêngahing wana,
wontên kajêngipun bêndha growong, kagubêt ing mandira kang thukul ing paragak,
tambining bêndha, anggaligir pinulêd ing sulur mandira dados parigining
sêndhang, rawe-rawe tumali ing sela tala kados katingal sinandhat, udaling toya
mulêg angumbul ambèr ing clangap mili sumêntor dhawah ing julêkan anggrong
nyuwara gumrunggung ngumandhang kêmirêng saking nginggil, toyaning sêndhang akimplah-kimplah
wêning kathah minanipun wadêr pating sliri koyok agêgrombolan, tiganipun rintip
tumèmplèk ing sulur mandira ingkang kaclop ing toya gumêbyar kenging soroting
toya ingkang ambêdhah sêlaning gêgodhongan, pating krêtip kados bara kêlêm
salêbêting toya, sang ayu karênan ningali, kèndêl [kèndê...]
--- 35 ---
[...l] wontên satêpining bèji, lênggah ing sela, pada
kinumakên ing toya sarwi kinosokan, kalalaripun sinarap ing wadêr arêrêbatan,
sawênèh angrikiti kanaka adamêl risi, mênyat saking bèji, anon lawang guwa
kagubêt tambining sulur mandira, wontên korinipun jêplakan saking jawi, sang
dèwi badhe sumêrêp lêbêtipun, kolonging lawang guwa dipun angkat manginggil
gampil kemawon, katingal wontên undhak-undhakanipun sela cêndhani, sang ayu
kêpengin nyatakakên tindak mangandhap anêkak-nêkuk ngêlangut ngatos wontên
sèkêt undhak-undhakan dèrèng dumugi ing dhasar, dipun lajêngakên sawatawis
lajêng ngambah palataran wiyar lajêng gapura munggul, korinipun mênga kemawon,
sarta lajêng katingal botên wontên tiyangipun ingkang jagi, sang ayu têrus
malêbêt, katingal kadhaton Nawa Rêtna, wontên ratunipun putri wrêdha, katitik
remanipun sampun pêthak, lênggah sinewaka wontên samadyaning pandhapa,
cahyanipun gumêbyar kados sasôngka sawêg andhadhari, pamulunipun manis,
ingadhêp parêkan cèthi, sang prabu putri astanipun katingal angawe-awe, Dèwi
Siti Pasir botên wang-wang lajêng marêk makidhupuh angusapi lêbu.
Sang prabu putri ngandika sarwi mèsêm, bagea kang lagi
têka
--- 36 ---
putrine wong Lêbu Pasir Dèwi Siti Pasir.
Sang ayu eram salêbêting galih, dene sang prabu putri
pirsa sadèrèngipun winarah, matur sarwa angrêrêpa, dhuh sang misudhèng sih,
pangèstunipun sang adi pukulun, nuwun wilujêng.
Aku wus sumurup marang ajal[9] kamulanmu
rara Siti Pasir ing pratapan Lêbu Pasir, sarta sêdyamu sajroning ati ngupaya
sadulurmu lanang Radèn Sapartitala, arêp nusul marang praja pakewuh lakumu,
têmahan anrang wèsthi lunga saparan-paran anut lakuning pada, apa ora mêngkono,
rara.
Kula nuwun inggih, kasinggihan ingkang pangandika
sarema botên wontên ingkang sulaya. Kula nuwun, paduka ratu putri binathari
manggèn wontên ing kadhaton samun, punapa milanipun, saha kangjêng eyang
ingkang asma sintên.
Satêmêne aku iki randhane Prabu Bumi Padha, akadhaton
ing Bumi Dhasar (Guwa Seluman) kang kosumurupi iki, lumurug ing prang tumpês
sawadyabalane, aku kari mung karo para wanodya, dene jênêngku Kismawati.
Kangjêng eyang, kula sapunika kadospundi, kula nyuwun
pitêdahing rèh lampah kula, sagêdipun pinanggih kalihan sadhèrèk kula jalêr,
kula botên sagêd gêsang bilih botên nunggil [nung...]
--- 37 ---
[...gil] kalihan sadhèrèk.
Dhenok aja mêngkono karêpmu, kowe pinasthi bakal dadi
wêwadhahing têdhake para ratu ing Bantala Rêngka, kakanganmu kang dadi êmbanan,
lêstari ing sapandhuwure, malah saiki kakangamu wis andhisiki dadi patih ana
ing Bantala Rêngka, anggêntèni lêlakoning maratuwane, karêpku kowe saiki lèrèna
ana ing kene bae, angêntèni karsaning Pangeran bakal tibane jatukramamu,
bokmanawa ora suwe, iki wis mangsane.
Gêntos kacariyos, kocapa sang prabu kêpengin cangkrama
wontên ing wana Tibrasara, kawartos ing ngriku kathah bêbujênganipun kidang
manjangan[10] kancil
sasaminipun, pêksi-pêksi inggih kathah, dhasar satêngahing wana katrajang ing
lèpèn bênawi agêng kathah minanipun, karsanipun sang prabu botên namung
ambêbujêng buron wana kemawon, inggih ugi karsa ambêbêdhag sarta misaya ulam
lèpèn, sang nata lajêng adhêdhawuh dhatêng radèn apatih kinèn samêkta
upakartining têdhak pêpara sarta sangu motha pêthan kadhaton, dintên Buda
Cêmêngan sang prabu karsa bidhal, kaangkah ngantos samadya côndra laminipun.
--- 38 ---
Tiyang sapraja orêg dening sang nata dèrèng nate
têdhakan pêpara badhe ngantos sêmantên laminipun.
Ing ari Buda Cêmêngan sang nata bidhal, kadhèrèkakên
radên apatih, sarta nayakaning praja sêpalih, ingkang sêpalih kapatah têngga
nagari, untabing wadyabala kados sela blêkithi, anglur botên wontên pêdhotipun,
dumugi wana tarataban cêlak kalihan bênawi, motha pêthan kadhaton kababar,
pasareanipun sang nata pinagêran ing maliyo seta, binara ing sêkar sêdhah
salaka, samirana ngidid nampêg maliyo malêmbung pindha aluning sagantên, bara
pindha roning pisang suwèk pating saluwir katêmpuh drêsing angin-angin, botên
gigal saking papahipun, sang nata malêbêt ing kadhaton wangunan piyambak tanpa
kanthi, lajêng sare ing kanthil gadhing ngagêm kajang sirah (gêmbuk) satunggal,
angèngêt-èngêt karsanipun ing dintên benjing-enjing, wasana santun cipta karaos
dene botên wontên lêlayanipun ginêman, saupami sang prabu sampuna kagungan
pramèswari, amêsthi kathah pangandikanipun ing bab wau punika, langkung malih
kabingahan ingkang badhe pinanggih anggènipun karsa bêdhag pikat sarta ambêbujêng
buron wana, punapadene misaya ulam lèpèn, pikantukipun dados angsal-angsal, iba
agênging galihipun [galihi...]
--- 39 ---
[...pun] ingkang rayi. Nalika sêmantên kagungan osik
birai dhatêng wanita, karsanipun salêbêting galih, kondur saking pêpara badhe
karsa krama, ananging paningalipun sang prabu, sêpi botên wontên wanodya
ingkang panuju ing galih. Pintên-pintên para nata ingkang anglampahakên dom
sumurup ing toya angangkah putranipun kagarwa ing sang prabu, mawi ambêktakakên
gambaripun sang putri, ananging satunggal botên wontên ingkang katampèn,
tingalipun sang prabu dhatêng ing gambar, mêsum dèrèng pantês dados
timbanganing sariranipun, dhasaripun sang nata, tani, dangu ngraosakên sêbêle
jatukramanipun, sanadyan saking pandamêlipun piyambak, inggih mêksa ngrêsula,
wasana sare. Salêbêtipun sare supêna kapanggih wanodya endah ing warni, prasaja
agêm-agêmanipun, katingal nawung sungkawa, kapanggih kalihan sang prabu botên
katawis anggragap kados satatanipun wanodya lan priya kêpanggih ijèn, sang nata
kasabêt ing antêngipun sang pindha Ratih, nandhang wiyoga dadakan, nanging
ajrih lajêng amisesa, dening sang ayu katingal ambêg susila, botên kengis
wênganing netya pirêna, sang prabu anilakrami, anggèr sang pindha kumala dene
katingal kawêlasarsa wontên ing ngriki piyambak, sawêg dipun tata lajêngipun
ingkang sagêd [sagê...]
--- 40 ---
[...d] mêmalad driya kasmaran, kasêlak sang prabu
wungu. Guragapan madosi sang ayu, botên wontên, wasana sumêrêp ing yêktinipun
bilih supêna, sampun wanci anggagat enjing sang prabu lajêng wungu mêdal ing
jawi, para wadyabala taksih anggalasah sami tilêm, dalah radèn apatih sarta
para nayaka taksih wontên pamondhokan, sang nata lajêng ing tindakipun dhatêng
sêndhang patirtan sacêlaking kajêng wungu sakêmbaran, wiwaraning guwa kadhaton.
Kacariyos Sang Rêtna Siti Pasir ing sabên enjing wungu
sare lajêng dhatêng ing sêndhang patirtan, angagêm sinjang sare bathik
guringsing wayang sampun masêm, malah sampun kathah ingkang pêthak soganipun
katingal gumrining amêwahi cahyanipun sang ayu, dhasar kuning pindha bêngle
keris, rasukanipun sêmbagi pêthak mrutu sèwu wêdalan kusta, mawi kuthu baru,
ing jôngga katingal pêthak maya-maya, dhasar jôngga lumung angulan-ulan,
pranaja wêwêg kasingsêtan pamidihing kancing kuthu baru, katingal ambaludag
ambrol saking sètubanda, tujunipun têpining sètu ngawêng cumondhong angêndhoni
dados kêkawal ambèr ing toya, netranipun kocak kados hèr thathit, tangjêm[11] amitambuh botên salewengan, rema mêmak angêmbang
bakung,[12] ingore
--- 41 ---
kalambaran singêt limar kêtangi, kasiliring maruta
manda mawur pating salêbar ngrisakakên galihipun sang prabu, sinomipun barèh
wontên ing palarapan, dening mêntas wungu saking pagulingan, sang nata karaos
ing supênanipun, punapa sang ayu punika rencangipun sare kala wau dalu, dene
ing warna jèblès kados jambe sinigar palih, namung kaot supêna kalihan
sawantahipun, dangu-dangu sang prabu botên pitados ing supênanipun, ginalih
sayêktosipun inggih sang ayu punika rencangipun sare, nanging lajêng pinaibên
piyambak, kala punapa pinanggih kalayan wanita punika sadèrèngipun kasupêna.
Sang ayu kanggêk lampahipun badhe sêsarêngan sinatriya, tingalipun inggih badhe
dhatêng bèji patirtan, mila lajêng wangsul asêmu rikuh tindakipun baringkungan,
lajêng lampahipun.
Sang prabu kasabêt ing baringkung ngênglêng dadakan,
iba dipun kincanga ing imba ingkang rumambat ing oyot wilis, kados lumuh sami
sanalika, bobotipun dipun pitambuhi sang nata bingung, wasana anêmpuh byat
tumut ngêtutakên tindakipun sang putri botên angetang saru siku, sarta botên
sumêrêp badhe kadadosaning sariranipun, namung sok ugi sumêrêp dunungipun sang
putri.
--- 42 ---
Sang Prabu Kênya Kismawati, sapêngkêripun ingkang
putra Dèwi Siti Pasir dhatêng ing sêndhang patirtan, lajêng adhêdhawuh dhatêng
pawongan, kinèn amasangi palênggahan dhampar gadhing kêkalih, ingkang satunggal
lugas palênggahanipun sang prabu putri, satunggalipun pinatik ing nawa rêtna
dhawuh badhe palênggahanipun tamu, sang prabu kênya namung ngagêm busana sarwa
pêthak, mungguh kalihan sariranipun sampun yuswa, dhasar rema sampun pêthak,
katingal gumrining cahyanipun mancorong kaayap ing parêkan cèthi katanggung
badhaya srimpi, upacara banyak dhalang sawunggaling harda walika sami êmas
sadaya, Dèwi Siti Pasir sumêrêp ingkang eyang sampun lênggah lajêng kemawon
sumiwi wontên ngarsanipun iring kiwa kapara kawuri, lênggah makidhupuh konjêm
ing siti, ajrih dhatêng ingkang eyang dene dipun tutakên ing tiyang jalêr,
nanging ingkang eyang ing netya katingal angêmu rêna.
Lêbêtipun prabu botên nyana mênawi kêsasar dhatêng
kadhaton, anyipta badhe manggih bêbaya saking ratu ingkang jumênêng, dening
anggènipun ngêtutakên pawèstri, kinintên yèn punika garwanipun sang prabu ing
ngriku, nanging badhe wangsul lingsêm, katomah têmên priya ajrih ing pakèwêd,
mila lajêng kemawon lampahipun, langak-langak botên mawi wangwang,
ngatingalakên kasuranipun, [kasu...]
--- 43 ---
[...ranipun,] dhasar sang prabu prawira ing jurit,
têguh timbul botên têdhas tapak paluning pandhe sisane gurinda, panggalihipun
sang prabu môngsa sandea manggih pakèwêd. Botên, aluwung pêjah bêrgagah kalihan
pêjah mringkus, sampun pinuntu badhe botên mundur sajangkah, suka lila mantuk
aran.
Sang prabu putri sumêrêp rawuhipun sang nata jumênêng
saking palênggahan, lumampah sawatawis tindak, angurmati rawuhipun sang prabu.
Sang prabu sumêrêp yèn ingkang jumênêng ratu putri
wrêdha, enggal nyantuni patrap anoraga, mèsêm-mèsêm mamèt prana.
Sang prabu putri tanggap ing sasmita sarwi ngandika,
sumôngga anggèr, mas putu wong abagus, ratunipun tiyang Bantala Rêngka, kula
aturi lênggah ing dhampar gadhing.
Sang prabu eram ing galih dene sang nata dèwi sumêrêp
sadèrèngipun winarah, saya ajrih sungkêmipun sang prabu, wangsulanipun, sampun
eyang kula lênggah ing kursi kemawon.
Môngsa kadosa pangandikanipun sang prabu, kula punika
jumênêng ratu ing ngriki, kabawah parentahing wayah kula, kula nyuwun
pangapuntên dene dèrèng ngaturi uninga, ing têmbe môngsa sandea, botên, mila
sampun mawi [ma...]
--- 44 ---
[...wi] èwêd-pakèwêd lênggah ing têngên kula, paduka
ratu kula, wajib kula aosi ing salami-laminipun.
Sang prabu mituruti lajêng lênggah satata.
Dèwi Siti Pasir uninga ing sêmu rawuhipun sang prabu
saking sambang liring angêmu wados, lajêng mundur palarasan, malêbêt ing
dhatulaya.
Sang prabu matur dhatêng ingkang eyang raja putri
wrêdha, pukulun, ingkang asoca bathara, sanadyan karêntêging manah kula sampun
kauningan, nanging subasitaning basa, kula kêdah amêdharakên raosing manah kula
ingkang sampun kauningan salêbêting batos, kula nyuwun pitakèn, yayi dèwi
ingkang kula tutakên saking sêndhang wau, punapa wayahipun kangjêng eyang sarta
punapa sampun winêngku ing priya.
Sang nata dèwi wrêdha nolih ing pêngkêran, ingkang
wayah Sèwi Siti Pasir katingal sampun mundur malêbêt dhatêng pura. Lajêng
amangsuli, anggèr wayah ratu kula, punapa wontên ingkang kalêbêt ing panggalih,
mawi andangu lare wêdalan ing rêdi.
Walèh-walèh punapa kangjêng eyang, kula brônta dhatêng
lare wau, mênawi saèstu taksih lamban, kula suwun kaparênga dados sori kula,
môngka ing salaminipun ingkang sampun [sampu...]
--- 45 ---
[...n] kalampahan, manah kula têbih dhatêng wanodya,
malah anggadhahi cipta botên badhe krama, dening anon wanodya tansah adamêl
ewaning paningal, saking solah bawanipun kumini, botên mêrak ati. Beda têmên
kalihan anggèn kula ningali wayahipun kangjêng eyang, manah kula kados sinêgrok
rêntah dhawah ing siti.
Adhuh babo putuku wong bagus, punapa panjênêngan
paduka badhe karsa palakrama angsal anakipun tiyang pidak padarakan, ingkang
sayogi putra dhaup kalihan putri dewa-dèwi, rasêksa-rasêksi, makatên
kalimrahanipun, dados nyudakakên turasing ratu.
Kang singgihan[13] dhawuhipun kangjêng eyang, ananging mênggahing kula,
krama angsal putraning ratu ingkang ngêbrèh, carawak, lêngus, botên trêpsila,
kula pilampu krama pikantuk anaking punggawa ingkang sampurna ing warni,
susila, mrak ati, cumondhong karsaning kakung, kangjêng eyang mawi ngandika
tiyang pidak padarakan, dhatêng wayah piyambak, punapa darunanipun.
Makatên mas putu ratu kula, pun rara punika dede wayah
kula piyambak, lare yatin, sampun tinilar ing yayah rena, Kyai Nyai Jaga
Mandhala, umbul ing dhusun Maetala ingkang
--- 46 ---
asêsuta pinupu dhatêng Panêmbahan Rasatala ing wukir
Lêbu Pasir, diwasanipun rara kesah anumpal kèli anut paraning suku ngulari
kadangipun wrêdha nama Jaka Sapartitala, kasasar mriki sawêg pêndhak ari
punika.
Adhuh, ya jagad dewa bathara, kalingane jêbul adhine
si kakang patih dhewe, dene sampurna têmên rupane. Kangjêng eyang kapasang
yogi, yayi dèwi punika adhinipun pêpatih kula pun kakang Sapartitala piyambak,
dados sampun botên madal sumbi, kakangipun kula damêl pêpatih, adhinipun kula
pundhut garwa.
Mas putu ratu kula, kula mangayu bagya karsa paduka,
sapunika panjênêngan paduka kula aturi kèndêl lêrêp wontên ing kêdhaton mamring
kaanggêpa pasanggrahan ingkang kuciwa awit katêdhakan, sampun mungguh dhasar
paladènanipun lare pupon wêdalan ing rêdi.
Eyang, kula botên sagêd malês sih paduka, ingkang
badhe dhumawah, sarta ingkang badhe kula tampèni kalayan panuwun agêng, kula
anggêp pêparinging dewa, dhasar nyata eyang asarira bathari, sumêrêp
sadèrèngipun winarah, namung panyuwun kula ingkang botên kenging katampik,
kêdah botên kalampahan, [ka...]
--- 47 ---
[...lampahan,] kangjêng eyang kula pondhongi dhatêng
ing kadhaton kula, mugi kaparênga angêmong dhatêng panjênêngan kula sakalihan
garwa kula, awit kula sampun lola tinilar ing yayah rena, rama prabu saha ibu
sori sampun sami murud dhatêng kadewatan, panjênêngan paduka dados lêlintunipun
tiyang sêpuh kula, mugi sampun amanggih ajining kadhaton ing Guwa Siluman,
kadhaton punika kenging kula wêstani, tarungku pelag, sae punapa tiyang
tinarungku, mungguhipun namung kagêm pasanggrahan pamêsu katêdhakan ing
samôngsa-mangsanipun kawêdhêngan, sagêd anglêjarakên galih, kula ingkang
andhèrèk.
Dhuh mas putu ratu gusti kula, kula botên sagêd maoni
karsa paduka, kula namung andhêdhèrèk sapangrèh paduka, namung kalampahaning
bawahanipun wayah kula, kula suwun kalampahanipun wontên ing ngriki, sanadyan
namung kula wilujêngi jajan pasar[14] sakadaripun warôndha, jêr sampun dados
lêrêsipun, namung ingkang agêng paramartanipun wayah kula sang prabu.
Kandhêg cariyosipun sang prabu, ingkang kaaturan lêrêm
wontên ing Guwa Siluman, angêntosi pamiwahaning pasamuwan dèrèng [dè...]
--- 48 ---
[...rèng] samapta.
Gêntos kacariyos ing pabarisan, wanci enjing wadyabala
ambalabar sami akêkirab pradandosan samêkta saupakartining wisaya badhe
ambêbujêng, namung kantun angêntosi wiyosipun sang prabu, nanging sang nata
dèrèng katingal wungu, ingantosan ngantos wanci têngange. Radèn apatih enggal
nusul dhatêng pasarean, sang nata pinanggih sêpên, adamêl kagèt sarta
taratabing manahipun radèn apatih, sumêlang mênawi sang prabu ical kalap wontên
samadyaning wana, saking pandamêlipun drubigsa, awit ing wana Tibrasara misuwur
angkêripun, botên kenging janma mara janma mati[15] sato mara
mara sirna,[16] radèn
apatih enggal mêdal ing jawi ambibarakên barisan ingkang samêkta ambêkta wisaya
badhe ambêbêdhag, kasêbar malêbêt ing wana mangalèr mangidul, sarta mangetan bangilèn[17] ngupadosi sang prabu, ngantos sadintên muput, nanging
mêksa botên angsal damêl, radèn apatih sarta para nayaka inggih sami angawaki
piyambak ngupadosi sang prabu, ugi botên angsal damêl, sarèhning pangupadosipun
sampun tita botên sagêd kêpanggih, [kêpang...]
--- 49 ---
[...gih,] karsanipun radèn patih, ingkang kamanah
pêrlu ing bab pangrêksaning praja, sadèrèngipun kondur sang prabu sampun
ngantos manggih rêtu saking balelaning para pangeran putra santananing ratu,
ing nagari ing Bantala Rêngka. Radèn apatih saekapraya kalihan para nayakaning
praja mantuk angêjèki kadhaton, sami rumêksa tugur rintên dalu, ngêntosi
timbulipun sang nata, sarta nyêbar utusan ngisêp-isêp dhatêng liyan praja,
sigêg ing patuguran.
Kocapa sang prabu ingkang lêrêm wontên ing kadhaton
siluman, antawis samadya côndra upakartining pikramèn sampun mirantos, kacêkak
sang prabu sampun kêlampahan dhaup kalihan sang juwita, rukun anggènipun
palakrama, kados mimi lan mintuna botên nate bênggang sanyari tansah
rèntèng-runtung, sarêng sampun andungkap sêlapan dintên, sang prabu karsa
kondur sarta amboyongi dhatêng ingkang eyang, lajêng utusan abdi kaparak èstri
ing kadhaton, mundhi nawala kaparingakên dhatêng radèn apatih, ijêmanipun
matêdhani uninga yèn sang nata sapunika wontên ing kadhaton siluman sarta
sampun palakrama, angsal putri pêparinging dewa, lajêng kagancarakên wiwit
kêsasaripun sang prabu, kapanggih Nata Dèwi Kismawati
--- 50 ---
wontên ing kadhaton sèluman lajêng kapundhut mantu,
urut botên wontên ingkang kalangkungan, sapunika sang nata mundhut pêthukan
karsa kondur, kaancêr-ancêran bèji agung satêngahing wana Tibrasara. Kados punapa
bingahipun radèn apatih, enggal adhawuh samêktanipun ingkang para abdi,
kapradandosan sami sanalika sampun sadhiya, bidhal panganjuring baris mawi
pêthukan jêmpana joli sarta titihanipun kuda sang prabu, gumarêdêg ambrubul
kados lawa mêdal saking guwa, jurang pèrèng kêbak isi tiyang, ingkang katêrak
lampahing baris têmah dados ara-ara, tiyang padhusunan gêbèl sami ningali
ngêtutakên lampahing baris, saya wêwah agênging lampah, dumugi têpis wiringing
wana-wana ing guwa kadhaton siluman, sang prabu sampun midhangêt pawartos
dhatênging pêthukan saking nagari, sampun busana pangantèn sakalihan
pramèswari, ingkang eyang sang raja putri wrêdha botên kantun, saèstu
kaboyongan, miyos saking sêkèthènging kori jêplakan, ing ngriku dados papan
pamapagan jibêg wontên sangandhaping mandira goraya ingkang angayomi sêndhang
pasiraman, radèn apatih sumêrêp sang prabu jumênêng akanthèn asta kalihan
ingkang rayi sang pramèswari,
--- 51 ---
lumajêng gurawalan, anungkêmi pada sarwi kêlara-lara[18] karuna,
ingkang rayi enggal nyuwun lilahing sang prabu, mugi kalilan badhe ngabêkti
dhatêng kadang sêpuh, sang prabu pirêna ing galih kalilan panyuwunipun ingkang
rayi, sang putri lajêng andhodhok lampah bokong ngabêkti ing jêngkunipun radèn
apatih tanpa lilah, radèn apatih kagèt kinabêktèn ing garwa nata, sumingkir
akipa-kipa sarwi wicantên, gusti kula badhe adamêl bilaènipun ingkang abdi
(awit radèn apatih botên kaparingan sumêrêp, yèn garwanipun sang prabu Endhang
Siti Pasir ingkang rayi radèn apatih piyambak sarta radèn apatih botên pisan
purun ningali warninipun sang ayu, anglênggahi kasusilaning kawula, botên
pisan-pisan wênang ningali warnining gusti, sarta sayêktosipun pancèn pangling
babar pisan, dening ingkang rayi mangangge rajakaputrèn).
Sang prabu suka ing galih, ngandika kalayan gumujêng,
Kakang patih, tamatna yayi dèwi, iku sapa, aja wêdi-wêdi kaya jago kanji
mêngkono.
Sang putri tumut gumujêng sarwi wicantên, aku sapa
kang, kowe [ko...]
--- 52 ---
[...we] tak golèki anjajah desa milang kori, jêbul
kêtêmu ana kene wis wibawa mukti, dadi pêpatihing ratu binathara, amêngku putri
putraning patih kang minaratuwa, layak lali marang sêdulure wadon, kang
kawêlasasih manut tindaking pada.
Kados punapa raosing panggalihipun Radèn apatih
inguman-uman dhatêng ingkang rayi dhapur kalinganeya ingkang sarira piyambak
dados pramèswarining ratu, pasuwitanipun, kyai patih ambêngok sarosanipun, supe
yèn wontên ngarsanipun sang prabu, sarwi wicantên: Adhiku wadon kang lair
barêng sadina, sarta kang tak trêsnani cilik mula, arêp tak pondhongi mênyang
kapatihan, milua angrasakake kamuktènku, jêbul kaya mêngkono, dadine malah
kabali sura, dadi gustiku, kula sapunika basa krama dhatêng ingkang sarira
kangjêng ratu ratu sadhèrèk kula, kangjêng ratu lêstantuna basa ngoko angakang
dhatêng kula. Sang pramèswari sampun wangsul kanthèn asta kalihan sang prabu.
Para abdi ingkang wontên ngarsanipun sang nata pating palinguk botên wontên
ingkang sumêrêp têgêsipun, sang prabu ngandika: Kakang sira ngabêktia marang
eyang raja putri kang mupu arinira, kang jumênêng amriksani marang kowe, kyai
patih enggal sujud ing sampeyanipun raja putri, [putri...]
--- 53 ---
[...,] ingasta lungayanipun sarwi ngandika: Patih
Sapartitala, aku titip marang sariraku, besuk aku yèn tumêka ing jangji,
pêndhêmên kang jêro, anggêpên ninèkmu dhewe. O, gusti ratu putri pêpundhèn
kula, ingkang anjalari kamulyanipun sadhèrèk kula èstri, ingkang winêca kuwawi
dados wêwadhah, ingkang nêdhakakên karaton ing Bantala Rêngka, panjênêngan
paduka mugi awèta kula tingali ing salami-laminipun. Kèndêling pangandika, sang
nata andhawuhakên bidhaling baris, gumuruh swaraning tiyang arêbat papan,
sarêng mangkat dados ombaking samodra pasang, anrajang wana pajatèn[19] baludag dhatêng jurang têrjung kêbak
kados ilining ladhu (walahar), sampun kêbut saking kadhaton siluman, dumugi
têpis wiringing nagari saya abusêkan.
Cinêndhak tindakipun sang prabu sampun rawuh ing
kadhaton, sang prabu putri kasaosan dalêm ing panêpèn dalah ingkang para abdi,
sang nata karsa andumugèkakên bujana agêng, mawi sêsuruhan para ratu liyaning
praja.
tamat
--- 0 ---
Kôndha Bumi
Pratelaning nama-nama
Rasatala, ing Lêbu Pasir, pandhita ...
Kismawati, Prabu Putri Dèwi ...
Siti Pasir, Endhang ... (anak Jaga Mandhala)
Sapartitala, Puthut ...
Lêbu Pasir, patapan ...
Pratiwi, Dèwi ... (anak Patih Janaloka)
Janaloka, patihe Sultan Mangkubumi
Jaga Mandhala Kyai, fr. Jaga Mandhala Nyai} umbul ...
ing Maetala
Maetala, dhukuh ...
Mangkubumi, Sultan ... ing Bantala Rêngka
Bantala Rêngka, nagara
Bumipadha, garwanipun Prabu Putri Dèwi Kismawati,
kadhaton siluman.
--- 0 ---
BOEKHANDEL TAN KHOEN SWIE
KEDIRI en SOLO
Copyright © 2011-13
Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar