Senin, 07 Desember 2015

Geguritan



1.       Pucuking Godhong Pring
Pucukung godhong pring
Kang gawe pratandha tekane mangsa rendheng
Pucuking godhong pring gogrog saenggon-enggon
Gawe bungahing liyan kang mangerti pratandha alam
Ora pratandha
Nanging ya kuwi celathune alam
Nanging akeh manungsa kang ora rumangsa
Alam ngandhani yen arep gantine mangsa
Nanging manungsa ?
Ora bisa ngreksa
Alam ngandhani yen arep tekane memala
Nanging manungsa ?
Ora ana sing nglegewa


2.       Pitakonane tole
Bapak kenapa kok pring uripe grombolan ?
Marga pring kuwi kaya manungsa
Ora bisa urip yen ora ana kanca
Apa tau weruh pring urip ijen ?
Mesthine bakal ambrug keterak angin
Aduuuh Bapak tanganku kena lugut pring
Marga pring nduweni tameng
Kanggo njaga supaya ora ana sing kewanen
Sanajan ta mangkana
Pring nduweni guna kang ageng sanget
Ngertiya le
Ing ngisore wit pring kae
Ana banyu kang nglimpah-nglimpah
Banyune bening kependhem ing jero lemah
Marga banyu udan kang kesaring oyoting pring
Ajeg ngetuk sanajan liyane garing
 

3.       Onthel lan obore
Urip kuwi kaya numpak onthel
Kudu ngerti ilmu lan lakune
Supaya ora keblandra ing uripe
Nanging numpak onthel uga kudu ana lampune
Kanggo obor sukma lan ragane
Yen mlaku tanpa lampu
Urip namung urip tanpa ana sangune
Sangu kanggo dina mbesuke
Dina kang salawase
Nanging yen mlaku tanpa onthele
Uripmu kalah karo liyane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar