Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 001-105)
Katalog
|
:
|
|||||||
Sambung
|
:
|
|
||||||
Pêthikan saking Kabar Angin
--- 1 ---
Wontên gêgêmpalan cariyos tanah Ngatasangin, nagari
Marutamanda ingkang jumênêng nata binathara Prabu Sindhung Aliwawar, misuwur
karatonipun, sang prabu anêngênakên para brahmana kinèn nganggit-anggit sêrat
Wedha anggancarakên pêpakêming praja saha aluraning para nata lêluhuripun,
dhasar sang prabu piyambak limpad ing saniskara, kathah kêkaranganipun sang
nata ingkang kenging sinudarsana dhatêng para ratu sarta para adipati,
punapadene para ulu-uluning praja sanèsipun, awit saking kontaping asmanipun
sang prabu, kathah para nata ingkang sami nungkul botên kalayan kagêbag ing
prang.
Sang prabu garwanipun kawan dasa padminipun kêkalih
sarta kathah ingkang sami amêdali, dene ingkang garwa kêkalih inggih sampun
sami apêputra rambah-rambah sarta miyos [mi...]
--- 2 ---
[...yos] kakung utawi putri. Putranipun sang prabu
gunggungipun sampun tigang dasa, ananging satunggal botên wontên ingkang
sugêng, seda sawêg miyos, utawi sawêg yuswa sapêkên, sawênèh yuswa salapan,
tuwin sapihan, lami-laminipun yuswa kalih taun, pintên-pintên isarat ingkang
murih wilujêng nanging cabar botên wontên ingkang dados, ing wangke[1] para garwa kandhêg botên wontên ingkang
anggarbini. Sang nata sangêt sungkawa ing galih, angèngêt-èngêt badhe curêsing
têdhakipun, ngantos supe dhatêng kawibawan sarta botên karsa angrêmbag
prakawising nagari, mêmpên wontên ing panêpèn, saha botên wontên wêwênganing
galih kajawi kêncêng namung badhe anganyut tuwuh.
Sang prabu ing wanci lingsir dalu anis saking pura,
korining panêpèn kakancing saking jawi, botên kanyanan bilih sang prabu botên
wontên ing panêpèn, tindak [tinda...]
--- 3 ---
[...k] kori bêbutulan lêpas lampahipun, wanci gagat
enjing dumugi ing padhusunan, soroting srêngenge sumirat abrit badhe amadhangi
jagad, kados maripatipun tiyang sakit, êbun ingkang nêlêsi gêgodhongan
ngalêmpak badhe tètès pating parêntul kados intên rinonce adamêl lalame[2] galihipun sang prabu, jêgigrèg
kaluriking[3] ayam wana mlangkring wontên panging
kusambi kados namudana ing tindakipun sang nata, kathah lêlangêning margi
mênawi kacariyosna sadaya. Sang namur lampah dumugi sukuning rêdi wanci sêrap,
ing ngriku wontên pasareanipun tiyang Buda, sang nata lajêng minggah dhatêng
pasarean karsa nênêpi.
Sasêraping srêngenge kados badhe angêlêm jagad, adamêl
anglêsing galihipun sang nata, dhasar nuju wulan kôntha, lintang-lintang kêlêm
dening kaling-alingan mêndhung angêndhanu amratandhani badhe tumuntên jawah,
[ja...]
--- 4 ---
[...wah,] sang nata saya putêk ing galih saking botên
kauban wangon, acipta badhe kalêbus dening kajawahan. Sumiliring maruta mônda
ambêkta gandaning sêkar kumuning ing pasarean, amêmungu rujiting galihipun sang
nata, mêndhung kapanduk ing angin piyak asar-saran kados amêngani soroting
lintang, gumêbyar amadhangi salêbêting astana, sasirnaning mêndhung kabuncang
ing angin, sakeca galihipun sang nata, lajêng nata panggenan ingkang badhe
kadamêl sare wontên sangandhaping astana, godhong palasa garing dipun
kalêmpakakên, kangge lèmèk sarira, ulon-ulonipun pogogan kajêng samboja sang
nata lajêng mapan sare wontên ing ngriku, nanging tansah kalisikan dening
mirêng swaraning kutu-kutu walang ataga, dumêling tumangkêp ing talingan,
sarêng wanci lingsir dalu sang nata lajêng nungku muja samadi angêningakên
cipta, nutupi babahan nawa sanga, pêjah salêbêting gêsang.
--- 5 ---
Botên antawis dangu pasarean karaos ebah, tumuntên ing
ulon-ulon katingal ambalêdhag lajêng wontên tiyang agêng inggil brêngos capang,
pasariranipun mêlês, paningalipun andik, mungu dhumatêng sang nata,
pangandikanipun erak-erak.
Kaki prabu, tangia, jare prihatin, jêbul lembon.
Sakala sang prabu wungu saking samadi kagèt aningali:
matur sarwi ngrêrêpa, dhuh sintên paduka ingkang anêdhaki tiyang kawêlasasih,
punapa pukulun dewa ing Suralaya.
Kulup kalingane sira durung sumurup marang jênêng
mara, ingsun iki eyangira buyut dhewe Prabu Bajrapati, sira durung ana ingsun
wus tinêkakake ing janji murut marang kadewatan.
Dhuh kangjêng eyang tiyang sêpuh kula, kula nyuwun
mugi kacangkinga dhatêng kadewatan, kula sampun botên [botê...]
--- 6 ---
[...n] rêmên wontên ing marcapada, kathah rêribêd ingkang
angeram-eramakên.
O putuku wong bagus, sira ora kêna andadak môngsa,
sira wis pinêsthi ing dewa kang linuwih bakal nêdhakake para ratu ing
Ngatasangin, dadi sira ora bakal curês têdhakira lêstari turun-tumurun
angratoni nagara Marutamanda saka têdhakira, ora kasêlanan ing wong liya,
nanging wijinira mung kari siji sarta kang kêlar dadi wêwadhahe uga mung siji
iya iku Dèwi Angin-angin, sutane Bagawan Anila ing patapan Sadhaka, yèn kalakon
sira dhaup, sira bakal asêsuta jalu abagus rupane limpad panggraitane, nanging
sajumênêngira akèh sambekalane, luput-luput sira anêmahi pati, mulane
diprayitna aja kongsi kalenan ing samubarang obah osiking praja, sanadyan
sadulurira dhewe sira kawekanana, mangkono manèh solahbawaning [solahbawa...]
--- 7 ---
[...ning] wong sajroning kadhaton, kudu sira
kawruhana, sanadyan pramèswarinira dhewe ora kêna sira pikir lômba. Kandhêg
samantên pangandikanipun Sang Prabu Bajrapati musna sapangajêngan, bêngkahing
siti pasarean pulih kados wingi uni. Sang prabu sangêt lêgêg ing galih, dangu
botên angandika, angèngêt-èngêt ingkang mêntas kasat mata, punapa supêna punapa
wungu, wusana priksa ing yêktosipun yèn pinanggihan ingkang eyang buyut
piyambak ingkang sampun murut ing jaman kailangan, kêncênging galih lajêng
badhe ngèstokakên wêlingipun ingkang eyang nglajêngakên tindakipun dhatêng
patapan Sadhaka, tansah wirandhungan ing galih, mudhun saking sukuning rêdi
saribit anut têtirahing acala, kathah lêlangêning margi yèn kacariyosna.
Enggaling carita tindakipun sang prabu sampun dumugi sukuning rêdi Sadhaka.
Gêntos cariyos ing patapan Sadhaka, sintên [sintê...]
--- 8 ---
[...n] jêjulukipun ingkang adhêdhepok, inggih punika
Bagawan Anila sidik ing paningal, sumêrêp sadèrèngipun winarah dhasar
winongwong ing dewa, kagungan putra putri satunggal, sawêg nêdhêng-nêdhêngipun
birai, apêparap Dèwi Angin-angin, punjul ing warni, karêmênipun sang dèwi
angendhang-endhang, wanci enjing umun-umun tumurun saking arga ngundhuh sêkar
gambir ing patêgilan, ambaladêr kados mirah sumêbar ing têgal, pikantuking
sêkar dipun wadhahi poncoting kasêmêkan, sabên-sabên lajêng karonce kangge
sangsangan gêgubahan surèngpati, lajêng anggagas pantês-pantêsipun kaagêma ing
satriya. (punapa sang putri sampun wani angas: mênawi). Sawêg katungkul
angundhuhi sêkar kagèt wontên satriya rawuh, bagus taksih taruna, sang putri
gugup lajêng minggah dhatêng ardi inguwuh botên sumaur, sêkaripun kècèr
kocar-kacir tansah tinolèh sarwi ambênakakên [ambênakakê...]
--- 9 ---
[...n] kumlèwèring kasêmêkan, sang nata ngantos
kamitênggêngên mriksa citranipun sang ayu, gêbyaring pranaja kèsisan dening
wudharing poncotipun kasêmêkan, kanyana andaru rêntah wontên ing patêgilan,
sampuna andaru gadhah suku sarta sêlak oncat pancèn kenging katubruk ing sang
nata.
Sang nata saya awirandhungan nututi tindakipun sang
rêtna minggah ing rêdi.
Sang ayu kapêthuk ingkang rama sang pandhita wontên
lêlêngkèhing rêdi, dipun pêpoyani bilih wontên satriya kurang ajar angêtutakên
sariranipun, mandêng kumêdhèp têsmak kados aningali dhatêng bedhangipun, badhe
dipun balang sela botên siyos (kados dipun balang tingal, dene cumbu lajêng
anututi).
Sang pandhita gumujêng anglajêngakên tindakipun,
kapêthuk sang nata lajêng ingacaran lajêng, sang nata taklim sêsarêngan [sê...]
--- 10 ---
[...sarêngan] tindakipun, dumugi ing padhepokan
jumujug ing sanggar palanggatan: satata lênggah.
Sang pandhita angrêrêpa matur angasih-asih. Kaaturan
sênggang prêmbage rawuhipun gusti kula ingkang sinuhun wontên ing padhepokan
kula.
Sang prabu kagèt dene sang pandhita sampun sumêrêp dhumatêng
sariranipun, anyipta bilih sang pandhita tasdik ing paningal, wangsulanipun:
sangêt ing panarimah kula sih panakramanipun sang pandhita dhumatêng kula.
Sang pandhita. Kula rumaos bêgja kamayangan karawuhan
sêsotyaning bumi kados sarira paduka, bokmênawi ilapat badhe ambêkta kabêgjan
agêng dhumatêng kula.
Sang prabu. Kados têbih ingkang makatên, ratu sangsara
koncatan sihing dewa, dêstun ambêkta rêribêd utawi wêwêlak ingkang sagêd adamêl
têruhing
--- 11 ---
asrama ngriki, punika wontên èmpêripun.
Sang pandhita. O: nyawa gusti kula, botên wontên
titahing dewa ingkang kados ratu, panjênêngan paduka sawêg kenging cobaning
dewa, dipun narimah ing galih, manungsa namung sadarmi anglampahi.
Sang prabu. Panêmbahan, anggèn kula dhatêng ing ngarsa
sampeyan, dhapur angèstokakên wangsiting dewa ingkang lumantar saking eyang
Prabu Bajrapati, kula kinèn angêbun-êbun enjing, anjêjawah sontên dhumatêng
sampeyan, punika ingkang dados jalaraning mêntasipun kacintrakan kula.
Sang pandhita. Sang prabu dipun sarônta ing galih
môngsa wontêna lêpatipun: botên, awit têtiyang ingkang kagêbêng dados
wêwêngkonipun sang prabu, punika kadarbe dhumatêng sang prabu ugi, namung pun
rara sangêt giras (kados glathik ajaran) kula rih-rihipun rumiyin, paduka kula
aturi ngaso wontên [wontê...]
--- 12 ---
[...n] ing bale kambang kemawon. Sang pandhita lajêng
amanggihi ingkang putra, têmbungipun: nok, kowe apa wis olah-olah digawe suguh
dhayoh sing kurang ajar mau.
Aku suthing[4] rama, olah-olah, bonggan sira nyuguh
wong kaya mêngkana.
Aja ngono: ta, kae rak kaprênah sadulurmu dhewe.
Sadulur saka ngêndi.
Sadulur pancêr lanang, mêngko takonana dhewe sajarahe.
Kowe apa lali: ngono.
Wis rada lali, kok.
Anua kae atiku minggrang-minggring bae, sumêlang nèk
ora barès.
Barès bangêt (nrima ngadu kêcik).
Sang prabu kaaturan rawuh ing dalêm pêngkêran jumujug
ing
--- 13 ---
wingkingipun sang pandhita: sang pandhita ngandika
dhatêng ingkang putra sarwi kesah, takonana dhewe kono sajarahe.
Dospundi sajarahe la: mas.
He:
He: pripun, criyose samang niku sadhèrèk kula pancêr
jalêr.
Hê êh.
Hê êh: pripun.
(didol nguwong awakku, iki mau rêmbuge kêpriye,
pangunandikanipun sang prabu) sang nata angsal pamanggih dadakan, lajêng
angandika: satêmêne aku iki sadulurmu lanang: pancêr lanang.
Têgêse pripun, sadulur lanang pancêr lanang: niku.
Aku kok ya rada bingung dhewe, ngêndikane kyai ngono
mau. Cêkake mêngkene bae, aku iki mau didhawuhing[5] kyai dikakake mulang maca
--- 14 ---
karo kowe.
Dadi kula êmpun bisa maca niku diwulang malih.
E klaru,[6] ngaji: dudu maca.
Dhisik lèh kula bisa ngaji: kalih maca.
Karênan galihipun sang nata tumingal musthikaning
patapan ingkang sawang kumala (sasat polê) dhasar sang nata widagda ing
pangrêngih sêmu cucut, adamêl rantasing galihipun sang rêtna kados kapanduk ing
sara sangkali, têmah ngadhoko ing kisma larut bayuning angga kados dèn lolosi,
swanita kumyus amarawayan, sang juwita kasambut ingêmban dening sang nata
rinabasèng ing basa srênggara kinidungan ing sêkar langênjiwa: kalintu
kinanthi.
rimbaning lèk wanci surup / miyak wandakara kandhih /
kumênyar kang taranggana / rêbut sorot maratani / pidik ngênani wadana- / nira
risang magêng wingit //
gumêbyar agawe kêpyur / dhèr-dheran galihiraji /
sinawang oncat alingan [alinga...]
--- 15 ---
[...n] / buwênge kang asta kering / griwa katon
maya-maya / saya gègèr tyas narpati //
sorote kang pandam kurung / nyunari jroning jinêmrik /
katon pranaja gumêbyar / rêmu-rêmu sêmu kuning / kalingan wastra ngangrangan /
sang dyah sumungkêm gêguling //
sang kakung kakênan ing kung / mangrêpa mangarih-arih
/ babo yayi eman-eman / biratên tikbranta gusti / dasihe tadhah dêduka /
sumanggêm ngrabasèng sari //
sang rêtna atangkis gêlung / sêkar mawur maratani / lir
sinêbar anèng jaja / kongas gandanya mênuhi / kèbêkan sajroning tilam / wimbuh
gambira sang aji //
sabdaning kakung mrih lulut / ing kênya sêdhêng birai
/ kadi sinênggrang ing sima / muriring tyas èsmu ajrih / sang dyah maksih wani
angas / êmar pinurwa ing rêsmi //
anua nika bok ampun / grimingan gawe pangkirig / ati
kula tab-êtaban / sumuke kêpati-pati / mang mrika dirada bênggang / ampun
ngêsuk-êsuk mriki // cuthêl.
--- 16 ---
Ing wanci enjing mèh silêming lintang-lintang ing
langit, samirana midit ambêkta gandaning sêkar ing patamanan, sang prabu
akalihan sang rêtna wungu sare lajêng akanthèn asta midêr-midêr ing patamanan,
sang prabu mêthik sêkar taluki lajêng cinundhukakên dhatêng ingkang rayi sarwi
angandika: yayi bêcik nuli kondur marang praja, kêtêmu bok ayunira sakarone,
sira dadi pamungkasing soriningsun, aturipun sang putri: nuwun inggih sandika.
Sang pandhita sawêg tumêdhak saking ing pahoman, sumêrêp ingkang putra
arêruntungan sangêt êntyarsaning galih sarwi ngandika:
Dhenok, rewangmu caturan kuwi sapa.
Sang rêtna tumungkul, lajêng sarêng andhèrèkakên
tindakipun ingkang rama. Sang prabu wontên ing Tanggulangin, sampun samadya
côndra ulah raras karasikan, kasok sihipun dhatêng sang rêtna, karsanipun sang
prabu saèstu badhe kondur dhatêng ing nagari, lajêng matur
--- 17 ---
dhatêng ingkang rama: nyuwun pamit, sang pandhita
anglilani, sang nata lajêng utusan puthut jêjanggan manguyu cantrik, ngampil
nawala dhatêng kyai patih. Para utusan enggal lumampah, dumugi ing nagari
lajêng sowan ing ngarsanipun kyai patih sarta matêdhakakên sêrat saking sang
nata. Sêrat lajêng binuka, ijêmanipun:
Sawise salam ingsun kakang Adipati Tanggulangin.
Kapindhone ingsun paring wêruh yèn ingsun linggar saka
kadhaton wus luwih samadya côndra, ing mêngko ingsun ana ing wukir Sadhaka
sarta palakrama olèh sutane sang pandhita Anila, ingsun mundhut pêthukan
jêmpana titihane yayi dèwi sarta titihan ingsun dhewe jaran Si Meganônda
apadene wadyabala saprayoganira, titi lajêng tapak astanipun Sang Prabu:
Sindhung Aliwawar.
--- 18 ---
Satamating sêrat kyai patih anjêngêr dene ngantos
katilapan ing tindakipun sang nata, rahayunipun amanggih sugêng, karsanipun
kyai patih amêthuk piyambak anindhihi para wadyabala, sami sanalika ing praja
orêg kados wontên damêl agêng, gancanging carita lajêng bidhal atembak-tembun
jêjêl apipit, sêlur dumugi sukuning rêdi Tanggulangin, sang pandhita mêthuk
rawuhipun kyai patih, tundhuk wontên ing margi lajêng arêrangkulan, sarta
lajêng kèrid sowan ing ngarsanipun sang nata, kyai patih lumajêng agurawalan
anyungkêmi padanipun sang nata sarwi lara-lara karuna, sang nata anênggak waspa
pangandikanipun: wis kakang, aja korasakake lêlakon kang wus kapungkur, balik
saungkur ingsun, yayi dèwi sakarone sarta garwa-garwaningsun paminggir apadene
sadulur-sadulur ingsun, apa padha rahayu.
--- 19 ---
Kawula nuwun saking pangèstu paduka sami raharja botên
wontên sangsayanipun.
Sarêng sampun lêrêm sadalu: sang nata bidhal kondur,
ingkang rayi sang rêtna anitih jêmpana kaayap ing parêkan cèthi pêthukan saking
nagari. Kyai patih sarta wadyabala ingkang sapalih anggarêbêg sang putri,
ingkang sapalih anggarêbêg sang prabu, sang pandhita andhèrèkakên dumugi
sukuning ardi: lajêng wangsul, lêpas lampahipun sang nata rawuh ing nagari saya
abusêkan, dados têtingalanipun têtiyang sanagari, pikramanipun sang nata kados
mêntas andon pêrang unggul ing yuda amboyong putri dhomas, sang nata kondur
angadhaton, kapanggih kalihan ingkang para garwa kados sami supêna kemawon,
sang nata widagda ulah asmaragama, para garwa sami kawaratan ing sihipun sang
prabu, mila botên wontên ingkang rêngat ing manah anggènipun sang nata
palakrama
--- 20 ---
enggal, awit sami rumaos botên wontên bedanipun
kalihan saban-saban. Sang prabu lulus mukti wibawa botên towong anguningani
prakawising nagari ingkang kenging andadosakên rahayuning praja, antawis sataun
têntrêming nagari, tumuntên ingkang rayi Dèwi Angin-angin katingal
angidham-idham kaworan, sang nata saya kasok sihipun, punika andadosakên kirang
sayoginipun dhatêng ingkang para maru, sadaya sami ewa aningali, wêwah-wêwah
para maru wau satunggal botên wontên ingkang ngandhêg, punika saya andadosakên
ing kêmeronipun,[7] sayêktosipun: wijinipun sang nata
namung kantun satunggal punika sarta namung Dèwi Angin-angin piyambak ingkang
kuwawi dados wêwadhahipun, inggih kados wêcanipun Sang Prabu Bajrapati ing
nginggil wau.
Sang nata inggih sampun nguningani yèn sang ayu Dèwi
--- 21 ---
Angin-angin dipun sêngiti dhatêng ingkang para maru,
sumêlangipun sang nata bokmanawi ing salah satunggilipun para maru wontên
ingkang nandukakên karti sampeka ingkang sagêd andadosakên bilainipun sang
rêtna, prayitnanipun sang prabu lajêng karsa pindhah wontên ing yasa kambang
muhung kalihan ingkang rayi. Kaprayitnanipun sang prabu botên pisan adamêl
suruding manahipun ingkang para maru malah anuwuhakên bêntèr anguntar-untar.
Sanadyan sang prabu sagêd anêtêpi wajib dhatêng ingkang para garwa sarta tanpa
suda ing sih pangêla-êlanipun, ewadene sabên sang nata wontên ing yasa kambang
para garwa sami rêrubukan amirêmbag badhe pamiawonipun dhatêng Sang Rêtna
Angin-angin, pramèswari kêkalih ingkang andombani prakawis wau lajêng mêling
wisa dhatêng juru panênungan, pikantuk wisa mandos ingkang botên kenging
tinawa, kathah aosipun, tumuntên dipun wor ing rujak, kaparingakên
[kaparingakê...]
--- 22 ---
[...n] dhatêng ingkang rayi Dèwi Angin-angin saking
ingkang bok ayu pramèswari kêkalih, rujak katampèn, aturipun: nuwun, rujak
lajêng dipun dèkèk ing kênap sacêlaking pasarean, dipun tutupi ing srêbèt
pêthak, sang ayu badhe asêsuci rumiyin, karsanipun mangke badhe dipun dhahar
kalihan ingkang raka sang prabu kados sabênipun, sang prabu kondur saking
pahêmanipun para brahmana anjujug ing kamaripun ingkang rayi nanging pinanggih
suwêng, parêkan kadangu munjuk yèn ingkang rayi sawêg têdhak ing pasiraman,
sang nata anguningani saosan rujak dipun sasabi srêbèt pêthak dipun nyana
saosanipun, sang nata botên mawi taha rujak lajêng kadhahar, dèrèng ngantos
kolu saking rumasuking wisa sang nata lajêng sumaput anggêblag wontên pasarean,
panjriting parêkan adamêl kagètipun tiyang sakadhaton, pramèswari kêkalih
ingkang rawuh rumiyin sumêrêp ingkang raka seda sarta sumêrêp [sumêrê...]
--- 23 ---
[...p] ingkang dados jalaranipun mêntas dhahar rujak
ingkang mawi wisa, pakintunipun dhatêng ingkang rayi Dèwi Anghin-angin,
ciptanipun namung badhe bela sarêng seda kalihan ingkang raka sang prabu,
sisaning rujak lajêng kadhahar dhatêng pramèswari kêkalih, sami sanalika seda
ing ênggèn, saya gumuruh swaraning tangis, Rêtna Angin-angin kasêsa anggènipun
dandos, dumugining pasarean ing ngarsanipun ingkang raka sampun pinanggih seda
katiga kalihan garwanipun kêkalih, loking kathah Dèwi Angin-angin ingkang
amisani dhatêng maru kêkalih sami dipun aturi rawuh ing yasa kambang kasêgah
rujak, sang nata tumut dhahar, punika dadosipun seda katiga pisan, Dèwi
Angin-angin cipta badhe tumut bela suduk sarira nanging kanggêg dening sawêg
anggarbini, gêdêring pawartos wau adamêl êmaring galihipun sang putri botên
sande sariranipun winayungyun tinarka ngracun dhatêng ingkang bok ayu, kalayan
rikating pamanggih [pamang...]
--- 24 ---
[...gih] lajêng oncat saking kadhaton mêdal ing kori
bêbutulan botên kantênan purugipun.
Otêring kadhaton ingkang rayi sang nata: Pangeran
Praconda enggal amalêbêt sarêng kalihan kyai patih anjujug ing yasa kambang,
sumêrêp ingkang raka sarta ingkang bok ayu kêkalih sami seda, sang pangeran
sarta kyai patih sangêt anglênggêr, botên sagêd ngandika namung tansah
winadulan dening para garwa pangrêmbe yèn sedanipun sang prabu sarta pramèswari
kêkalih saking pandamêlipun Dèwi Angin-angin, katôndha ing mangke Dèwi
Angin-angin los saking kadhaton.
Ingkang sakalangkung ribêd ing galih namung kyai
patih, enggal adhêdhawah bab samêktaning layon, sarêng sampun sadhiya layon
kaangkatakên mawi pakurmatan agêng, dumugi ing astana rêdi Pratipa kasarèkakên
jèjèr tiga sang nata wontên ing têngah nunggil [nung...]
--- 25 ---
[...gil] ingkang rama sarta para lêluhuripun.
Antawis pitung dintên kyai patih sarêmbag kalihan para
nayaka, sarèhning sang prabu botên kagungan putra, garwa ingkang sawêg bobot
lolos saking kadhaton, amargi nglampahi kadurjanan, ngracun dhatêng maru
pramèswari kêkalih sarta ingkang raka sang prabu katut kêracun. Panggalihipun
kyai patih ingkang sayogi anggêntosi karaton, namung ingkang rayi sang nata:
Sang Pangeran Praconda, para nayaka amrayogèkakên karsanipun kyai patih wau, awit
sang pangeran lêmbat bêbudènipun, sagêd nyakecakakên manahipun têtiyang alit,
dhasar wicaksana putus dhatêng kridhaning ulah praja sarta prang katètèr kala
kautus ingkang raka sang prabu ambêdhah nagari, kadadosakên senapatining prang:
botên nguciwani, kakêndêlanipun ing palagan kanthi wiweka. Kyai patih lajêng
adhêdhawuh badhe jumênêngipun sang pangeran [pangera...]
--- 26 ---
[...n] mawi pakurmatan agêng, sarta mawi sêsuruhan
andhatêngakên para ratu ing amôncapraja.
Jumênêng sang pangeran kabyawarakakên ajêjuluk Sang
Prabu Praconda, lêstantun botên wontên sangsayanipun, suyud ingkang wadyabala,
nagari tata raharja, gêmah aripah loh jinawi, mirah sandhang mirah pangan,
tulus ingkang sarwa tinandur.
Sang prabu dèrèng nate kagungan putra, sarta dèrèng lami
mêntas kasedan garwa, wontên marêmipun ing galih sakêdhik, amupu endhang saking
rêdi sakalangkung endah ing warni, inggih punika ingkang rayi Dèwi Angin-angin:
anama Dèwi Maruti, sasedanipun ingkang rama sang pandhita rêmbagipun para
puthut, jêjanggan, manguyu cantrik, Dèwi Maruti kêdah dipun susulakên dhatêng
ingkang bok ayu Dèwi Angin-angin dhatêng nagari, kalampahan Dèwi Maruti dipun
atêrakên dhatêng nagari, wontên ing margi kêpêthuk sang pangeran nuju
--- 27 ---
ambêbêdhag, ingkang ngatêrakên salah panampi, sang
pangeran kinintên begal ngadhang margi, lajêng sami lumajêng asalang-tunjang
rêbat rumiyin, Dèwi Maruti katilar, punika jalaranipun Dèwi Maruti kagarwa
dhatêng sang pangeran, nanging sang pangeran botên mawi ngunjuki uninga dhatêng
ingkang raka, awit katambêtan bilih punika ingkang sadhèrèk Dèwi Angin-angin.
Amargi saking susilanipun Dèwi Maruti bêkti ing kakung lêgawa lila ing donya
kontap kautamanipun, dhasar punjul ing warni wah sampun anggarbini, sang nata
kasok sihipun, Dèwi Maruti sajumênêngipun nata sang pangeran, kaangkat dados
pramèswari.
Gêntos kacariyos, salolosipun Dèwi Angin-angin, murang
marga nusup angayam alas, kandhêg wontên ing èrèng-èrèng lêlêngkèhing rêdi
ambambing, ing ngriku wontên kajêngipun bêndha dhoyong pinulêt ing mandira,
suluripun nutupi padhas curi ingkang rêmbês [rê...]
--- 28 ---
[...mbês] angêtuk saking sukuning rêdi, suluring
mandira pating krêncang sami tumali ing sela, pucukipun sami marêntul tètès
toyanipun dhawah ing sela tala ngantos anglumut, kalêmpaking toya kumriwik mili
mangandhap anjog ing sumbêran toyanipun katingal wêning, kathah minanipun
alit-alit pating sliri, sang rêtna kacaryan ningali kèndêl lênggah ing
pêpongoling padhas, sukunipun kêkobok toya sarwi kapijêt-pijêt wêntis karaos
sayah, dangu sang rêtna kèndêl wontên ing ngriku, anggagas lêlampahaning
sariranipun, pangunandikanipun salêbêting galih: aku iki kalêbu wong bodho têka
ora banjur milu bela ing sedane sinuhun, milaur oncat golèk urip nyingkiri
paekaning satru, pati iku prakara apa, kuwalik têmên pikirku malah anggolèki
sangsaraning dunya nampik kamulyaning swarga, sapele mung saka wêwêtênganaku
durung lair, upama
--- 29 ---
saiki aku nganyut pati (nguntal ambêkan) utawa
ngêndhat (niba ing jurang) saya bodho manèh, kuwandaku kaèsi-èsi bakal pinangan
ing sato, upama aku mulih marang pratapan, isin marang panêmbahan dene ora
susêtya ing laki dhêmên urip dadi endhang arahan, môngka aku wis tau ngrasakake
dadi pramèswarining nata sarta kinasihan, lah saiki apa kang bakal dak lakoni,
kabèh-kèbèh luput, kang luwih prayoga sarta kêna ingaran bênêr bêcik aku
andêdagan ana pasareane guru lakiku nglalu pati ana ing kono (pêjah saking
botên nêdha) kuwandaku kadêngangang juru kunci bakal dikubur awor karo sang
prabu. Salêbêtipun ngunandika tansah ngrêntahakên waspa acarocosan, sang rêtna
kêncêng ing karsa lajêng tindak dhatêng pasarean rêdi Pradipa, nalika samantên
sedanipun sang prabu sawêg pikantuk tigang dintên, sang rêtna linggar saking
têlihing jêjurang [jêju...]
--- 30 ---
[...rang] tindak nusup-nusup ing bêbondhotan pados
margi pawanan ingkang kambah ing manungsa sarta anggagas timbuling sarira.
Maskumambang
dhuh pangeran dununge pêpujan mami / prak ati paduka /
ngilangkên langêning bumi / mêsat angênani manah //
lir kataman saradibya ingkang lungit / tatu tan katara
/ rantas têtalining ati / ngantak-antak minta toya //
tètèsana martaning sabdanta gusti / kaya sabên mana /
baya nora aningali / dasihe kawêlasarsa //
nèng madyaning wulupan[8] karèndhèt ing ri / rêncêm lir rinanjam
/ mung mangajab-ajab ati / dhuh gustiku antènana //
dasihira punagi tan nêdya kari / sumusul paduka /
nadyan kalêbèng yumani / kawula tan nêdya pisah //
sokur bage antuk pangapurèng Widhi / nèng Endrabuwana
/ sakaroron lir ing nguni / ulah raras karasikan //
rêrêpanên ing sêkar kênya kadhiri / kang ngênganyut
driya / dasihira
--- 31 ---
nuli guling / sarwi bantalana asta //
Kapanjangên mênawi kalajêngna, cinêndhak lampahipun
sang rêtna sampun dumugi ing rêdi Pratipa wanci gagat bangun lajêng angrungkêbi
pasareanipun ingkang raka sarta nangis alantik-lantik, sambatipun: nyawa
ingkang pêrak ati, ingkang sumèh, ingkang ngêla-êla, ingkang ambingahakên
manahing cèthi kados kula punika, punapaa kula paduka tilar kawêlasasih, kula
botên sagêd kantun, paduka wungu: kula wontên ing ngriki, paduka rêrêpa kados
sabên-sabênipun punika, siti pasareanipun sang nata ngantos kêbês dening
luhipun sang putri, sang rêtna botên surut karsanipun namung cipta bela
palastra.
Wanci sidhêm kayon angin kèndêl botên lumampah sarta
botên wontên swaraning kutu-kutu walang ataga namung pangêcêking jangkrik upa
dumêling kados amêtik karna, salêbêtipun sang putri angêkêp siti pasareanipun
[pa...]
--- 32 ---
[...sareanipun] ingkang raka: karaos ebah, sang putri
botên pisan rumaos ajrih, malah bingah wontêna kala rupa ingkang dados jalaran
anginggalakên pati, saya dangu saya karaos sêru ebahipun, tumuntên wontên swara
lamat-lamat kamirêng saking jawi: sambêtipun: aku uculana, tumuntên kèndêl,
botên wontên swara kêmirêng malih, sang putri botên talompe siti pasarean
urugan enggal lajêng dipun dhokèri kalayan têmbagi padupan, gampil kemawon inggih
ing siti urugan, amargi siti wêdhi kawoworan bubukan arêng, sarêng sampun
anggêpok tabêla têtela kêmirêng yèn salêbêting tabêla wontên swara
gêrêng-gêrêng, sang putri botên pisan anggadhahi ajrih malah daya-daya nuntên
sagêda rampung badhe sumêrêp warninipun ingkang raka, tutuping tabêla lajêng
kabujat sarana linggis ingkang kalêrêsan kantun kapêndhêm wontên ing ngriku
--- 33 ---
(tujunipun wontên linggis kantun ing ngriku, anua
kadospundi), mênganing tutup tabêla têtela yèn ingkang sinuhun taksih sugêng
paningalipun mêncorong, sang putri panggah ing galih namung murih tumuntênipun
rampung padamêlan punika, botên mawi wicantên sakêcap, ingkang raka karangkul
lajêng kabopong kabêkta mêntas, sarta enggal lajêng dipun lukari agêm-agêmaning
mayit, sang nata kawungokakên sarta tansah dipun arasi tanpa wicantên sakêcap,
sariranipun sang putri katingal cêmêng kados tiyang puwa-puwa dening kenging
arêng salêbêting kaluwat, sang nata pandung salêbêting galih yèn punika ingkang
rayi ingkang dados têlênging galih, mila namung kèndêl tanpa ngandika sakêcap
dhasar sariranipun taksih sangêt lêsu, sarampungipun anglukari raka sarta
sasampunipun kalênggahakên, têtela yèn sang nata sugêng, sang putri lajêng
jêrit sakayangipun ngantos angacêcêng, punika sumêrêpipun sang
--- 34 ---
prabu yèn punika ingkang rayi Dèwi Angin-angin, lajêng
dipun rungkêbi sarta gêntos dipun tangisi, dangu sang putri anggènipun kantu,
sarêng èngêt sampun wontên ing pangrangkulanipun ingkang raka, sang putri
gêntos angrangkul dhumatêng ingkang raka sarwi lara-lara anangis, sang nata
tumut bela karuna, sarêng sampun sarèh sang prabu angandika.
Kalingane kowe yayi kang ngêntas aku saka ing pati,
kowe tak kandhani: satêmêne nalika aku kapidhara mêntas mangan rujak, aku isih
eling wèntèh-wèntèhan yèn aku tinarka wis seda, nanging aku arêp calathu yèn
ora seda: ora bisa, saka ampuhing wisa kang ana ing rujak isih dak kêmbêng ana
ing tutukku, tak utahake ora kêna, kalakon aku disirami sarta banjur ingupakara
kaya patraping mayit, iku aku isih eling kabèh, saiba ta kakune atiku isih
--- 35 ---
sugêng tinarka seda, nganti tumêkane dilêbokake ing
tabêla kaangkatake marang pasarean kene banjur dilêbokake ing kaluwat, aku isih
sumurup bae, nanging ora bisa suwala awit awakku kaku ngacêcêng kaya kayu, iku
aku rumasa yèn sida tumêka ing pati dipêndhêm urip-uripan, aku banjur pasrah
marang Pangeran, sawise atiku sèlèh: rujak kang mawa wisa kêna dak utahake:
nanging wis kasèp, awit wis ora ana wong kang dak sambati, sarèhning aku wis
ana sajroning tabêla lan ana sajroning kaluwat, awakku saya lêsu dening ora
kalêbon rijêki, wusana aku krasa didhudhuk ing wong sarta banjur dilukari saka
panganggoning mayit, jêbul kowe nyawaku kang asih marang gêgêbale.
Gusti: kula botên nyana andhawuk sêsotyaning bumi
ingkang sagêd ngandika kados sarira paduka,
--- 36 ---
salêbêtipun ingkang rayi matur tansah dipun usapi
pasuryanipun ingkang kenging ing angusing arêng jati cipta kula namung
panggangguning brakasakan ingkang wontên salêbêting kaluwat, pangangkah kula
manawi sampun dumugi ing tabêla, kula korugana pêjah awor kalihan panjênêngan
paduka, botên nyana paduka malah pinanggih sugêng. Ing mangke gusti ingkang
dadosan[9] karsa paduka kadospundi.
Aku mung nurut sakarêpmu bae: yayi.
Kula nuwun, pamirêng kula kabar pêpêkênan, rayi paduka
Sang Pangeran Pracondha jumênêng nata anggêntosi panjênêngan paduka, awit saking
pamilihipun kakang patih sarêmbag kalihan para nayaka.
Sang prabu sarêng midhangêt aturipun ingkang rayi
lajêng mupus ing galih botên karsa têtukaran arêbat kamuktèn kalihan ingkang
rayi Sang Pangeran Pracondha, lajêng angandika.
--- 37 ---
Yayi: kowe tak jak lara, ayo mulih marang pratapan
Sadhaka bae, anglêbur tapak tilase sang pandhita, napakake wêwêtênganamu bisaa
amijèni para ratu ing Atasangin, kaya kang kawêcakake dening eyang Prabu
Bajrapati, pangandikane ora liya saka darahku lan darahmu, asile apa rêbut
kamuktèn karo sadulur dhewe.
Gusti: kula namung andhèrèk sakarsa paduka.
Sang nata lajêng linggar saking pasarean rêdi Pratipa
kalihan ingkang rayi Dèwi Angin-angin, rêruntungan sami anamur lampah.
Mêgatruh
mudhun saking Pratipa sarwi mêgatruh / titi sunya
gagat enjing / nuju tanggal ping nêmlikur / ngrinakkên padhanging sasi /
sumilak taranggana byor //
rêbut sorot sêsirat dadya sêsuluh / alon tindak sang
kaswasih / kang rayi sarwi tinuntun / manjat èrèng-èrèng wukir / wanci bangun
praptèng ngisor //
--- 38 ---
hyang raditya mungup sing udayèng ranu / miyak
lêlamuking ardi / kabèh katon rêmu-rêmu / malah sampun saput siti / tètèsing
bun ting talêthok //
tumarontong hyang bagaskara kadulu / mawèh enggaring
lumaris / srigunting munya jêthithut / nèng pucuking wit kusambi / kadi
nambrama sang katong //
sumêngèring arina giwar lumayu / sira kadi tuduh margi
/ ing ngriku kèh ri kêmarung / kacêr nèng panging pring ori / thit thut thèt
muni tan anggop //
isthanira mawantu atur pudyayu / kathah lêlangêning
margi / sang prabu tindakira wus / lêpas ngambah margi alit / galêngan gung
menggak-menggok //
têpèng wana ingôngsa tilas binrujul / kinothak
kinôntha sabin / wênèh wus linèr ing garu / siniku pinèt pasagi / mèt lêmpar
ywa lêgak-lêgok //
ing lêlowah linarik-larik linajur / tinanêman kênthang
jawi / gêgumuk pagagan agung / mangsane wus malêncuti / ginawaran ting
garendhol [garendho...]
--- 39 ---
[...l] //
yèn dinudud sing gubug pating kêranthuk / môngka
wêwêdining pêksi / kapiandhêm sami mabur / binubuh dipun bandhili / ampingan
êpanging kêpoh //
yèn katungkul narutul nêba angêbyuk / gugup gagaping
têtali / tinula-tula dinudut / bubar malih kanang pêksi / wèh ascaryaning
lungandon //
Cinêndhak tindakipun sang prabu sampun dumugi ing
patapan Sadhaka, nanging pinanggih suwêng, ingkang rama sang pandhita sampun
seda, ingkang rayi Dèwi Maruti nusul dhatêng ing nagari kabegal dening bajag
ngadhang margi. Sang nata saya mupus ing galih, lajêng anggêntosi
kapandhitanipun ingkang rama marasêpuh, tansah anungku puja samadi, sang putri
angendhang-endhang. Pratapan ing Sadhaka wontên tungganganing rêdi kêkalih,
papanipun waradin, ing pêpèrènging rêdi anjurang wontên guwanipun patapan,
padhasipun curi tumawing angêsong kathah rêrêmbêsanipun toya saking lambunging
rêdi
--- 40 ---
pating srèwèh mili ngalêmpak anjog ing lêlêngkèh
tinambêng ing sela tala lubèr mili dhatêng ing patapan, angubêngi capuri sarta
wontên ingkang kasudhèt malêbêt ing yasa kambang, angoncori sêkar-sêkar ing
udyana, wêdalipun toya gumrojog anjog ing jêjurang mawur kados dhawahing warsa,
antawis pitung wulan anggènipun sang prabu wontên ing asrama, pambobotipun Dèwi
Angin-angin sampun dumugi ing wanci, dados wontên ing nagari sawêg bobot kalih
wulan, karaos nyakiti badhe kagungan putra, ingkang raka sangêt marma[10] dhumatêng ingkang rayi, tumuntên
ambabar miyos kakung bagus ing warni, pamulunipun manis, paningalipun gumilar
kados kaca, kaparingan nama Radèn Timur, kasok sihing rama ibu, Radèn Timur
kalawun-lawun, diwasanipun wontên ing pratapan.
Kacariyos Radèn Timur kados lare kajiman, botên rêmên
têtunggilan dolan kalihan lare kathah, [ka...]
--- 41 ---
[...thah,] rêmênipun puruhita dhatêng para pandhita
mitranipun ingkang rama, anggêguru ngèlmu kadigdayan kanuragan, tumplak
kawruhipun para pandhita sadaya, dene ingkang rama piyambak kathah piwulangipun
bab kawruh karaton, cinêndhak yuswanipun Radèn Timur sampun wolulas taun
lumampah, osiking galih botên rêmên wontên ing pratapan, rêmên wontên ing praja
suwita ing ratu: lajêng sowan ingkang rama, têmbungipun:
Kangjêng rama: kula punika rumaos bosên wontên ing
rêdi, kapingin suwita ing ratu wontên nagari, kula nyuwun lilah badhe ngawula.
Sang prabu sumêdhot ing galih miyarsakakên aturipun
ingkang putra, têmahan rêntah waspanipun, kèngêtan yèn ta panjênênganipun
jumênêng nata, ingkang putra dados pangeran adipati, môngka punika badhe
ngawula. Dangu sang prabu botên angandika [angandi...]
--- 42 ---
[...ka] angèngêt-èngêt punapa lêkasing karsanipun
ingkang sayogi linampahan, wusana pinanggihing pambudi badhe kintun sêrat
dhumatêng ingkang rayi, nanging botên lampah ngêblak, lampah sandi, sang prabu
sampun midhangêt pawartos yèn ingkang rayi Prabu Praconda sampun apêputra miyos
putri saking ingkang rayi ipe Dèwi Maruti, anggènipun kagungan putra bêbarakan
kalihan panjênênganipun, namung lêt kalih wulan, pangandikanipun dhatêng ingkang
putra, sarèhna dhisik kulup karêpmu iku, aku arêp awèh layang marang kang bakal
kosuwitani. Ingkang putra lajêng mundur.
Sang prabu nyiyosakên karsanipun, paring sêrat dhatêng
ingkang rayi, nanging asmanipun kasamar lajêng mundhut ron tal kasêrat ing kanaka,
sarêng sampun rampung lajêng nimbali cantrik ingutus dhatêng nagari mundhi
nawala, ki cantrik winêling nampèkakên nawala wau dhatêng wadana ingkang saos
ing srimanganti, bilih sampun katampèn [kata...]
--- 43 ---
[...mpèn] lajêng nulaka wangsul, sampun mawi ngêntosi
wangsulan.
Ki cantrik nampèni nawala lajêng kemawon lampahipun
dumugi ing nagari anjujug pasowan sri manganti nampèkakên nawala dhatêng wadana
ingkang saos sarta lajêng nulak wangsul botên mawi pamitan, inggih kados
wêlingipun sang prabu.
Wadana ingkang saos ing srimanganti ngantos
kamitênggêngên kadhatêngan cantrik ingkang murang tata, dumrojog tanpa larapan
nampèkakên sêrat tanpa wicantên, dipun pitakèni kèndêl kemawon, kesah dipun
uwuh botên sumaur, sarêng sêrat dipun tingali ngalamatipun konjuk ing sang
prabu, enggal wadana ingkang saos canthèl unjuk nyuwun lilah sowan ing
ngarsanipun sang prabu.
Sang prabu nuju lênggah ing panêpèn kalihan ingkang
garwa Dèwi Maruti kaadhêp para biyada parêkan cèthi, dangu [da...]
--- 44 ---
[...ngu] sang prabu imbal pangandika kalihan ingkang
rayi, wontên ingkang karaos ing galih bab anggènipun botên sagêd pêputra malih
kalihan ingkang rayi, kajawi namung satunggal thil miyos putri, dalah saking
ampeyan satunggal botên won[11] ingkang mêdali, osiking galih sampun
mupus, namung kapengin momong mantu sagêda pêputra kakung ginadhang anggêntosi
kaprabon, nanging sang nata ing galih sakalangkung ngungun, bab lêbête
jodhonipun ingkang putra Dèwi Sumilir, ngantos kawêdal pangandikanipun dhatêng
ingkang rayi.
Yayi, aku ora anduga jêrone jodhone anakira Si Sumilir
bocah wis umur 18 taun lumaku têka durung ana sing ngrasani, patut-patute wis
dadi parêbutane para ratu akèh, ciptaku kang mêngkono mau ora nglêngkara mirit
saka sampurnane rupane anakira, yèn ta alaa, utawa duwea [du...]
--- 45 ---
[...wea] cacat: seje catur, patut bae durung ana kang
ngrasani.
Gusti: sawêg pandugi kula para ratu anggènipun botên
ngraosi dhatêng putra paduka, punika kawuwung[12] saking ajrih, amargi saking kêbawah
kêprentah dhumatêng panjênêngan paduka.
Bênêr yayi dèwi: para ratu kang padha kêbawah
kêprentah padha duwea wangwang, nanging dalah kang nglakokake êdom sumurup ing
banyu iya ora ana, mangkono manèh para ratu liyane iya ora ana kang ngrasani,
apa kalakon wong duwe anak wadon disorohake: wis ora bae.
Gusti: karsa paduka ingkang kasêsa, lare sawêg ngumur
18 taun, sampun kagalih jodhonipun, ing têmbe môngsa kiranga: botên.
Ora kêsusu mêngkono: yayi, mung gumun sêbêle.
--- 46 ---
Dèrèng dumugi imbal wacana kasaru unjukipun nyai lurah
anampèni aturipun wadana ingkang saos srimanganti nyuwun lilah badhe sowan ing
sang prabu, wontên damêlipun ingkang gati.
Sang prabu kagèt ing galih, kinintên mênawi wontên
damêl, wadana ingkang saos srimanganti ingandikan kalilan malêbêt ing panêpèn,
lajêng kadangu.
Apa ana gawenira sira anjaluk kêtêmu ing panjênêngan
ingsun.
Kawula nuwun, gusti jrih kawula kaabdèkakên, kawula
ngunjukakên sêrat saking pandhita ing rêdi, ingkang kabêkta ing cantrik, lajêng
kaaturakên lêlampahanipun, sang prabu gita anggènipun nampèni sêrat sarta
lajêng kawaos, têmbungipun,
Pèngêt, iki nawalaningsun, sang prabu ... kang
andarbèni tah-talatah nuswa Ngatasangin kabèh kang akadhaton ing Marutamanda
ing mêngko lagi nglakoni [ngla...]
--- 47 ---
[...koni] karsaning dewa mawiku ana ing pacrabaan
Sadhaka, dhawuha marang sira yayi Prabu Pracondha kang misuwur asmane prawira
ing paprangan sarta ambêk martotama kalok ing liyan praja, kang anggadhuh
karaton ingsun sarta angrênggani pura ing Marutamanda, muga dinirgakna ingkang
yuswa sarta kuwarasan salawas-lawase.
Liring nawalaningsun, ingsun midhangêt pawarta saka
bocah ingsun cèkèl jêjanggan, manguyu cantrik kang padha dêdagangan sayuran
marang nagara, yèn sira kagungan putra putri wus nêdhêng birai, kêkasih Dèwi
Sumilir pinunjul ing rupa susila bêkti ing wong tuwa, iku mênawa andadèkake
lêgane atinira, lan sakarone yayi Dèwi Maruti, putrinira Rara Sumilir ingsun
pundhut, bakal ingsun dhaupake lan pulunira[13] dhewe putraningsun Radèn Timur, sarta
sawuse kalakon dhaup karaton kang sira lakoni ingsun [ing...]
--- 48 ---
[...sun] pundhut bali banjur ingsun paringake marang
kaki putra, sira lan ingsun padha narima angêmong putra bae, ingsun ngarêp-arêp
wangsulanira.
Tinulis ing pacrabaan Sadhaka ...
Sadulurira wrêdha bagawan ...
Satamating pamaos sang prabu duka yayah sinipi
wadananipun abrit kados rah, netranipun kumukus kados bêl mêdal dahana, awit
rumaos dipun cêcampahi sarta dipun diksurani dening pandhita awon ing rêdi,
ngaturi sêrat tanpa parikrama têmbung ngoko rumakêt ngakên sadulur ing
panjênênganipun sang prabu, nyuwun putranipun badhe kapêndhêt mantu, sarta mawi
têmbung rodaparipaksa sang nata kaaturan sèlèh kaprabon, galihipun sang prabu
brangasan, yèn ta wontêna tiyangipun amêsthi dipun jur sami sanalika, amargi
sang prabu botên katuwuhan gali[14]
--- 49 ---
pisan-pisan yèn ingkang raka Sang Prabu Sindhung
Aliwawar dados gêsang saking ing pati, sèwu nglêngkara yèn sêrat wau sakinga
ingkang raka, namung dipun nyana sêrat saking pandhita edan kemawon, kyai patih
ingandikan malêbêt, enggal-enggal.
Sowanipun Kyai Patih Tanggulangin, sang nata taksih
katingal duka, kyai patih anggagas salêbêting galih, apa baya kang dadi karsane
sang prabu, têka katon ringas têmên pasuryane, ora bisa anduga: aku.
Sang nata botên mawi ngandika tansah gêrêng-gêrêng,
sêrat lajêng dipun uncalakên dhatêng kyai patih, sêrat katampèn lajêng kawaos,
dèrèng ngantos dumugi sêrat lajêng kasuwèk-suwèk, kyai patih katingal sumuk ing
bêndu sarta lajêng munjuk:
Gusti mênawi wontên lilah paduka: kawula nyuwun lilah
ngrumiyini lampah saha wadyabala ingkang sapalih,
--- 50 ---
badhe ngrisak patapan ing Sadhaka, ingkang ngantos
dados karang abang, pandhitanipun badhe kawula cêngkalak, konjuk ing ngarsa
paduka dadosa pangewan-ewaning têtiyang sanagari (dubilah athik ana wong kaya
mêngkono, kulite apa sacêngkang têka wani mêjanani wong sanagara).
Pangandikanipun sang prabu, iya kakang dhisika, nuli
cêkêlên, aku sêlak kapengin sumurup rupane pandhita mênyunyang iku.
Kawula nuwun sandika: mugi angsala pangèstu paduka
tawar mêngsah pandhita, (jajal-jajal nyêngkalak wiku).
Kocapa kyai patih saha wadyabala sapalih kêbut bidhal
dhatêng ing wukir Sadhaka, andalêdêg kados toya mila[15] saking êrong, warni-warni dêdamêl sarta busananing
prang ingkang rêkta pindha giri pawaka, ingkang krêsna pindha dhandhang
rêraton, ingkang pita pindha podhang rêbut wowohan, ingkang seta pindha kuntul
nêba,
--- 51 ---
ingkang ijêm riyu-riyu pindha biruning langit, tangèh
winuwusa dêdamêl sarta busananing prang, kyai patih nindhihi baris, ginêlak
lampahipun sampun dumugi sukuning rêdi Sadhaka wanci sêrap kandhêg kasaput ing
dalu lajêng akêkrapa wontên ing patêgilan, pakuwonipun kyai patih sarta para
bupati ngalêmpak wontên tarub wangunan, katutup ing motha wungu mawi
bilik-bilik panggenan panglêrêban sare, ing têngah lowah panggenan parêpatan
angrêmbag prakawis ingkang badhe linampahan, sasampunipun para wadya ngaso kyai
patih lênggah ing panirat nimbali para bupati kakarsakakên apirêmbagan,
karsanipun kyai patih utamining lampah kêdah mawi utusan aparing sumêrêp
dhatêng ingkang mawiku, sampun lajêng kagropyok purun, kados angoyak wraha,
punika tindak nistha dene êtrapipun prawira nindakakên pratingkah rodaparipêksa,
para bupati nayogyani, [na...]
--- 52 ---
[...yogyani,] lajêng nglampahakên utusan mantri.
Gêntos kacariyos, Sang Prabu Sindhung Aliwawar ingkang
mawiku sampun midhangêt pawartos yèn Kyai Patih Tanggulangin tinuduh ingkang
rayi Sang Prabu Pracondha ngrisak patapan ing Sadhaka, sang prabu pirêna ing
galih kalêrêsan anggènipun masang kala desa, karsanipun badhe amanggihi dhatêng
kyai patih, dèrèng dumugi pangunadikaning galih kasaru dhatênging utusan,
putranipun kyai patih anama Ngabèi Samirana, kairit dening cantrik: Sowan
ngarsanipun sang prabu, utusan wau pandung dhumatêng warnanipun sang prabu,
têmbungipun santak botên mawi rêringa anglênggahi tindaking dutotama. Hèh sang
pandhita: wruhanamu aku dutane sang mantri wisesa Radèn Adipati Tanggulangin,
aranku kang misuwur Ngabèi Samirana, rawuhe radèn apatih ing patapanmu kene:
kautus ing gusti Sang Prabu Pracondha, nimbali marang kowe, yèn [yè...]
--- 53 ---
[...n] nutut ingandikakake ngirit kalawan aris, yèn
mogok ingandikakake ambônda, yèn bôngga ingandikakake ngrampungi pisan.
Sang prabu ayêm ing galih mèsêm sarwi mangsuli
sasêmbranan, mêngko ta: sing tak pilih êndi, kabèh-kabèh pait aku êmoh, tutura
marang Si Adipati Tanggulangin, sakarêpe dadi.
Ciptanipun Ngabèi Samirana yèn ta angsala parentah saking
ingkang rama, sami sanalika punika sang prabu badhe kacêpêng awit saking
winangsulan sasêmbranan, sumuking nêpsu katingal andik kumukus netyanipun kados
amêdala dahana. Sang prabu saya pirêna ing galih anguningani kawantêraning
putranipun kyai patih, pangunadikaning galih: lali têmênan Si Samirana besuk
kêrtaning jaman bocah kang mangkono kuwanène patut dinadèkake bupati tamping.
Samirana: kêpriye kang dadi wangsulanamu kang kêna dak
aturake [a...]
--- 54 ---
[...turake] marang kyai patih.
Sang prabu: aku ora mangsuli manèh kajaba mung sumarah
sakarêpe Si Adipati Tanggulangin.
Ngabèi Samirana nulak wangsul tanpa pamitan sarwi
wicantên: antènana sesuk yèn ing kene wis dadi karangabang kowe lagi rumasa
kêduwung sarta mari sêmbrana.
Sang prabu saya suka ing galih dipun puruni dening
Ngabèi Samirana.
Ngabèi Samirana lajêng lampahipun dumugi ing pakuwon
ngarsanipun kyai patih, matur sarèhing dinuta, miwitli[16] malah amêkasi. Kyai patih lêgêg ing
galih miyarsakakên aturipun Ngabèi Samirana, dene sang pandhita botên
anggadhahi gigrig ing manah kadhatêngan mêngsah ingkang tanpa wicalan, pangunadikaning
galih: baya pandhita iku duwe aji pangabaran kang bisa gawe pangapêsaning
mungsuh,
--- 55 ---
yèn ora mêngkonoa: mokal, awit ora ana wong kang tanpa
maras, môngka ing pratapan katon mamring ora ana wong sikêp gêgaman. Ngantos
dalu kyai patih lênggah wontên madyaning tarub wêwangunan, para bupati
sapanêkaripun sampun sami kadhawuhan bibaran amasanggrahan piyambak-piyambak,
kyai patih taksih lênggah ijèn, dalah ingkang para abdi sampun sami kadhawuhan
ngaso.
Sang pandhita ing dalu punika karsa amanggihi kyai
patih tindak ijèn dhatêng pasanggrahaning mêngsah mangagêm sarwa pêthak angasta
lantaran êcis, tanpa larapan anjujug ngajêngipun kyai patih taksih jumênêng
sarwi ngandika: kakang: padha bêcik bae satêkanira ana ing patapan Sadhaka.
Kyai patih sakalangkung kagèt ing galih mangkorog gêgithokipun, dipun nyana yèn
setan brakasakan ing patapan sumêdya ngrêridhu, kyai patih botên mangsuli
namung maspadakakên [maspa...]
--- 56 ---
[...dakakên] sarta matak môntra wikrama, nanging dipun
kêdhèpakên botên sagêd ical, punika kyai patih sawêg andugi yèn dede setan
brakasakan, sayêktosipun janma manungsa, dangu anggènipun ningali, salêbêting
galih botên kasamaran yèn ingkang jumênêng wau Sang Prabu Sindhung Aliwawar,
punika saha adamêl kodhênging galihipun kyai patih, awit yèn yitmanipun sang
prabu ingkang nêdhaki, dipun kêdhèpakên amêsthi ical, sarèhning ing paningal
sampun têtela yèn sang prabu, kyai patih lajêng amangsuli: gusti panjênêngan
paduka têka salah wèwèng wontên ing patapan Sadhaka botên lajêng sampurna jati,
murut dhatêng kadewatan. Sang prabu gumujêng kyai patih lajêng dipun rangkul,
punika kyai patih sawêg sumêrêp yèn têtela sang prabu. Sang na[17] lajêng nyariyosakên lêlampahanipun turut botên wontên
ingkang kalangkungan, salêbêtipun sang prabu ngandika: kyai
--- 57 ---
patih tansah angrêntahakên waspa, satêlasing pangandika:
kyai patih matur. Dhuh gusti: kawula rumaos manggih ratu pituruning dewa
ingkang sagêd angasrêpi jagad, ing mangke panjênêngan paduka kawula dhèrèkakên
kondur angrêngganana malih ing karaton Marutamanda, rayi paduka Sang Prabu
Pracondha wangsula kalênggahanipun lami nyatriya agêng malih angawat-awati
panjênêngan paduka.
Kakang bangêt panarimaningsun, sêtyanira marang
panjênêngan ingsun, ingsun rumasa ora bisa malês, nanging karêp ingsun, ora
mêngkono, adoh nyipta kawibawan, amarga ingsun wis yuswa sarta wis lawas ora
ngasta karaton, bokmênawa malah agawe rêngkaning praja. Dene karsaningsun ora
liya mung arêp momong gustinira kaki adipati, kaya layang ingsun marang yayi
Pracondha.
Gusti: karsa paduka punika, kawula botên sagêd
[sagê...]
--- 58 ---
[...d] maoni, kawula amung jumurung saha ngèstokakên
karsa paduka, nanging panjênêngan paduka kêdah botên kawula[18] aturi kondur dhatêng nagari.
Karêpira iku ora ana pakewuhe kakang, nanging sira
katêmua dhisik karo yayi dèwi lan kaki adipati munggah mênyang pacrabakan
ingsun: saiki.
Kawula nuwun inggih sandika.
Kyai patih lajêng andhèrèkakên konduripun sang prabu,
nanging botên kalilan anggugahi para bupati sarta para wadyabala ingkang sami
lêrêp ing pasanggrahan.
Sang prabu lajêng tindak namung kalihan kyai patih
minggah dhatêng ing pratapan, ingkang rayi sang prabu: Dèwi Angin-angin dèrèng
sare nglêmbur nyulam agêmipun jubah ingkang raka, ingkang putra ugi dèrèng sare
sawêg nocogakên sêrat Bomakawya kêkarangan saking Kêling, kasaru rawuhipun sang
prabu, kadhèrèkakên kyai
--- 59 ---
patih. Kyai patih sumêdhot sumêrêp dhatêng Dèwi
Angin-angin, sarta sumêrêp dhatêng Radèn Timur warnanipun botên kalih kalihan
ingkang rama, sang prabu angandika, yayi: kakang patih têka ing patapan arêp
mondhongi marang ingsun: bagèkêna.
Nuwun inggih sandika. Pun kakang punapa sami wilujêng
dhatênge wontên ing pratapan Sadhaka.
Kula nuwun pangèstunipun gusti kula kangjêng ratu
êmas: nuwun wilujêng.
Suguhên apa-apa: yayi.
Nuwun inggih sandika.
Bok sampun gusti: dalu-dalu.
Tiyang wontên, punika camcaman pangunjukan wedang jae
saosane sang prabu sampeyan lorod: môngga.
Inggih nuwun. Kalêrêsan gusti asrêp-asrêp wontên ing
rêdi, pikantuk ngombe wedang jae, sagêd [sagê...]
--- 60 ---
[...d] panas dhatêng badan.
Punika ulam ayêm kidang angsale ngala pun cantrik kala
wau siyang, sampeyan têdha kalihan lopis: eca.
Inggih nuwun.
Kakang: prayogane sira muliha dhisik marang nagara
matura yayi prabu ngaturna lêlakon kang wis ingsun têmu sarta kalawan parênge
yayi prabu ingsun nyidakake karsaningsun kaya kang wus muni ing layang ingsun
panglamar.
Kawula nuwun inggih dhatêng sandika. Ing wanci enjing
kyai patih mudhun saking ardi rawuh ing pasanggrahan lajêng awêwartos dhatêng
para bupati ingkang pinanggih sariranipun kala wau dalu, para bupati sami
malêngak èsmu kagawokan, wusana lajêng tata-tata bidhal wangsul dhatêng nagari.
Kacariyos Sang Prabu Pracondha sapêngkêripun kyai
patih tansah angajêng-ajêng dhatêngipun sarta ambêktaa [a...]
--- 61 ---
[...mbêktaa] pandhita, dèrèng dumugi panglocitaning
galih kasaru gègèring jawi sami alok dhatêngipun kyai patih, sang prabu enggal
miyos sinewaka, kyai patih lajêng ngandikan[19] lajêng dhatêng pasewakan, dèrèng
ngantos matur sampun kadangu, êndi kakang pandhitane.
Kawula nuwun gusti, pandhitanipun kalintu raka tuwan
Sang Prabu Sindhung Aliwawar, sande seda lajêng mawiku wontên ing patapan
Sadhaka. Lajêng kaaturakên lêlampahanipun ingkang raka miwiti malah amêkasi.
Sang prabu sakalangkung ngungun wusana bingah ing galih dene ingkang sadhèrèk
namung satunggal sampun seda sapunika pinanggih sugêng malih, karsanipun
daya-daya badhe lajêng sowan dhatêng ingkang raka sarta lajêng amondhongi dipun
aturi kondur dhatêng nagari. Sang prabu lajêng apradandosan, ingkang rayi Dèwi
Maruti, sarta ingkang putra Dèwi Sumilir sami kakarsakakên [kakars...]
--- 62 ---
[...akakên] dhèrèk pisan, sang pramèswari sakalangkung
bingah badhe kapanggih kalihan ingkang bok ayu, botên lami sampun samêkta
lajêng bidhal, kêbut tiyang sanagari.
Sang nata pandhita sampun midhangêt pawartos yèn
ingkang rayi Sang Prabu Pracondha sarta garwa putra sowan dhatêng ing patapan,
sang nata karsa amêthukakên rawuhipun ingkang rayi sarta ingkang garwa Dèwi
Angin-angin tuwin ingkang putra Radèn Timur sami kakarsakakên dhèrèk, Dèwi
Angin-angin sakalangkung bingah badhe kapanggih kalihan ingkang rayi Dèwi
Maruti, sarta kapengin badhe sumêrêp ingkang putra kapenakan ingkang apêparab
Dèwi Sumilir sarta ingkang badhe kapundhut mantu, tindakipun sang nata pandhita
kadhèrèkakên para ajar, wêwasi, puthut, cèkèl, jêjanggan, manguyu, cantrik,
indhung-indhung, galuntung, botên kantun, sang pramèswari kadhèrèkakên
[kadhèrèkakê...]
--- 63 ---
[...n] para endhang, dêdungik, abêtan, obatan,[20] ubon-ubon, bidhang dhayang, sontrang
mêntrik, ugi botên kantun tiyang sapatapan kêbut sami andhèrèk sadaya.
Tindakipun Sang Prabu Pracondha dumugi sukuning ardi
Sadhaka, ingkang raka sang prabu sampun dangu angêntosi wontên ing tarub
wangunan, sarêng katingal ingkang raka jumênêng wontên madyaning têtarub, Sang
Prabu Pracondha lumajêng gurawalan angrungkêbi sampeyanipun ingkang raka sarwi
lara-lara karuna pindha wanodya, Sang Prabu Sindhung Aliwawar tansah nênggak
waspa wusana botên sagêd nahanakên têmahan anglud tumut bela karuna. Makatên
ugi Dèwi Maruti sarêng kapanggih kalihan ingkang bok ayu sangêt kasok ing galih
kèngêtan kala timuripun ingêmong dening ingkang bok ayu alara-lara karuna
sambat amêlasasih, ingkang bok ayu tansah carocosan [carocosa...]
--- 64 ---
[...n] angêbêsi pungkuranipun ingkang rayi, tiyang
sapasanggrahan tumut bela karuna sadaya.
Namung kyai patih ingkang botên tumut karuna malah
sasêmbranan kalihan cantrik, oraa: trik, kowe kuwi anu apa athik padha milu
nangis pating slênggruk, apa kowe sumurup rêmbuge prakara iki.
Botên dara patih, sayêktosipun manah kula punika
taksih mêjaho, namung anggêripun tumut nangis nama botên kainan.
Ora kainan kêpriye.
E, bilih wontên ganjaran dhatêng ingkang sami tumut
nangis badhe botên kêlangkungan.
Dadi tangis golèk pêndhok, iku arane.
O, têbih ingkang makatên wau mênggahing kula, awit
kula namung nrimah jubah, botên pados lowongan jajar kêmit siti.
--- 65 ---
Sarèhning mung nrima jubah koarani apa.
Inggih botên mawi nama namung blaka wijaya, nyuwun
lorodan jubah: epah anggèn kula tumut nangis.
Sirêp ingkang sami nangis, sang prabu sêpuh angandika,
wis yayi aja sira rasakake lêlakon kang wis kapungkur, balik ing saiki ayo
golèk pikir kang prayoga linakonan, sang prabu bidhal kondur dhatêng patapan,
kêbut sawadyabalakuswa, sami sanalika ing pasanggrahan kados nagari, jêjêl
uyêl-uyêlan sami pados pamondhokan, sang prabu wrêdha saha taruna sarta sang
pramèswari sakalihan, sami botên kenging pisah andumugèkakên onêngipun, makatên
ugi Radèn Timur kalihan ingkang rayi Dèwi Sumilir rukun anggènipun saduluran,
nanging ciptaning galih sanès, sami rumaos kogug yèn dadosa garwa, mila
rakêtipun saduluran botên mawi angandhut wadi.
--- 66 ---
Antawis pêndhak dintên sang prabu wrêdha saha taruna
sami paginêman, ingkang kakarsakakên ngadhêp namung Kyai Patih Tanggulangin,
pangandikanipun sang prabu wrêdha. Yayi karsaningsun sira lêstaria jumênêng
nata binathara ana ing nagara Marutamanda, ingsun wus narima mawiku ana ing
Sadhaka bae, sarèhning sira ora duwe yoga jalu, anakira kaki Timur sira angkata
dadi pangeran adipati anom, sarta ing têmbe dhaupa karo sutanira nini Sumilir,
ingsun wis pitaya ing sira.
Gusti ratu sadhèrèk kawula sêpuh, kawula botên bingah
jumênêng nata bilih ningali panjênêngan paduka nandhang papa cintraka wontên
ing ardi, anggèn kawula kalampahan jumênêng ratu namung saking pamêksanipun
kakang patih, amargi kawula rumaos taksih tidha-tidha, botên sande dados
gêgujênganipun para ratu ing ngamôncapraja, ananging sarèhning panjênêngan
[panjênêng...]
--- 67 ---
[...an] paduka seda, kadospundi anggèn kawula badhe
nyelaki dhatêng pamêksanipun kakang patih wau, kalampahan kawula jumênêng nata
akanthi prihatosing manah. Wusana ing mangke panjênêngan paduka aparipurna
botên dumugi ing layon, kawula sèwu bingah prasasat amanggih sêsotyaning bumi
ingkang badhe nyoroti surêmipun praja ing Marutamanda salaminipun paduka tilar,
dene kawula narimah wangsul nyuwita ing panjênêngan paduka nyatriya kados
ingkang sampun kalampahan.
Yayi prabu sira aja wangkot, sira mung sadarma
anglakoni parentah ingsun, ora kêna sira popo[21] lan maninge enz asthabrata.
Aturipun sang prabu taruna, ratu sadhèrèk kawula sêpuh
mugi angsala pangèstu paduka sagêd anglampahi ing rèh paduka ingkang sampun
kadhawuhakên, saha badhe kawula èstokakên kanthi pangaji-aji saha [sa...]
--- 68 ---
[...ha] botên supe angluhurakên asma paduka ing
salami-laminipun.
Andungkap sawulan sang prabu taruna wontên ing
pratapan Sadhaka: sampun kalilan kondur saha garwa putra sarta Radèn Timur
ingkang minôngka pambajênging putranipun sang prabu taruna: kabêkta. Untabing
bala asêlur lumampah urut galêngan kados sela blêkithi, ing pratapan koncatan
mêmaniking praja katingal nyênyês, roda mala pêpês dening katrajang ing angin,
suwir kadadak, katingal amêmêlas, kathah lêlangêning wukir yèn kacariyosna
sadaya.
Sarawuh ing praja sang prabu lajêng amranata
sawarnining prakawis ingkang pêrlu-pêrlu angèstokakên piwêlingipun ingkang raka
sang prabu, andadosakên sakecane manahipun têtiyang alit, sarta ing sabên-sabên
sang nata angrêmbag prakawis, ingkang putra Radèn Timur kakarsakakên andhèrèk,
antawis [antawi...]
--- 69 ---
[...s] sataun, Radèn Timur sampun katingal limpad ing
panggraita, lantip ing pasang cipta sarta simpên wiweka, kasok sihipun sang
prabu, tumuntên Radèn Timur kaangkat dados pangeran adipati anom, jumênêngipun
mawi pasamuwan agêng, ingkang raka sang prabu inggih dipun aturi uninga, inggih
asangêt suka pirênaning galih sarta aparing pangèstu wilujêng. Antawis sataun
malih karsanipun sang prabu, pangeran adipati anom, badhe kadhaupakên kalihan
ingkang putra Dèwi Sumilir, nanging sangêt ing pamoponipun, ingkang putra
piyambak inggih sangêt ing pamoponipun, amargi rumaosipun sang rajaputra,
dhatêng ingkang rayi sang rajaputri sampun kados sadhèrèk piyambak, rintên dalu
pêpanggihan akula-kuli, makatên ugi sang rajaputri dhatêng ingkang raka sang
rajaputra botên wontên sanèsipun, têbih cipta ingkang makatên.
--- 70 ---
Rukunipun saduluran sang rajaputra sang rajaputri
adamêl sêkêling galihipun sang prabu, lêpat ing pangajêng-ajêngipun, karsanipun
sang nata namung badhe kasarèhakên rumiyin, mênawi sampun tita taksih wangkot,
badhe kapêksa saking pangwasaning ratu. Ingkang raka sang prabu inggih sampun
dipun aturi uninga ing bab wau punika, sampun saèstu adamêl èmênging galih.
Kandhêg samantên gêstos[22] kacariyos.
Wontên gêgêmpalan kôndha sabêdhahipun nagari ing
Pôncaruka ingkang jumênêng nata binathara ajêjuluk Prabu Baratkatiga kagungan
putra putri kiwa ing warni ngantos anggagrag botên sagêd apalakrama, kajawi
lumuhipun ingkang katariman, sang nata piyambak lingsêm mikramakakên putra wau
punika, mila ngantos sarisaking praja lêstantun botên palakrama, sarta lajêng
anglès saking salêbêting pura tanpa kanthi pados margining pêjah malêbêt ing
wanapringga [wanapring...]
--- 71 ---
[...ga] sêdyanipun sang ayu sajumênêngipun ingkang
rama badhe wahdat tanpa krama, sarta kalayan panarimahing galih mupus dhatêng
papêsthèning sariranipun, sarisaking karaton sariranipun aji godhong salêmbar,
pêpuntoning karsa mila lajêng anis saking pura wau sarta botên sumêrêp badhe
kadadosaning sariranipun, sang ayu kaparingan jêjuluk dhatêng ingkang rama:
Dèwi Rasêksi, inggih saking awoning warninipun wau ngantos kados danawa èstri.
Sang ayu wontên madyaning wana kèndêl wontên ing
rêrèjèng cêlak guwa miring aup dening kayoman ing kajêng trênggulun, ing ngriku
wontên pancuran alit ingkang mêdal saking lambunging rêdi dhumawah ing sela
tala lètèr kados pinatar dening tansah kêcuran toya marta rintên dalu kumucur
swaranipun angêrês-êrêsi manah. Sang ayu kapengin badhe siram anêlês rema
lajêng ngrucat busana botên mawi wigih awit lôngka [lông...]
--- 72 ---
[...ka] mênawi wontêna janma ingkang sagêd dhatêng ing
ngriku, sanadyan sang ayu asipat danawa, nanging pasariranipun lurus jênar
apindha bêngle kèris, dhasar mêntas kasongan ing raditya umobing rudiranipun
wadana apindha kapundhung pinêcah abrit amaya-maya.
Ing salêbêting guwa miring wontên pandhita rêksasa
ingkang maratapa anênêdha pitulunging dewa ingkang linuwih, sagêda punjul
sasamining tumitah amêngku buwana ing tanah Ngatasangin, nalika sumêrêp
dhatêngipun sang ayu mawas saking salêbêting guwa aling-alingan pongoling
padhas ingkang dados warananing guwa, sagêd waspada botên kanyanan saking jawi.
Sang pandhita rêksasa ing batos eram ningali dene wontên jilma[23] manungsa ingkang sagêd ngambah ing
patapanipun, dangu ngawasakên saparipolahipun sang rêtna. Sang rêtna:
anggènipun siram nêlês rema, pancurating toya pancuran ing[24] dhumawah ing sirah mawur kados anaman
[a...]
--- 73 ---
[...naman] jala tumangkêp ing sarira pindha mina
wontên salêbêting wisaya, saya adamêl ribênging manahipun sang pandhita
rasêksa, sang pandhita tansah mangu-mangu mulat dhumatêng warnanipun sang
rêtna, wudhar subratanipun acipta rêsmi, enggal mêdal saking ing guwa nyêlaki
sang rêtna sarta nandukakên têmbung pamiluta angarih-arih manis amanuhara, dhuh
woding ati mara: rara, sapanên dasihira kang nandhang wiyoga kadadak kêna ing
kêmate wêwayanganing warnanira kang tumiba ing tirta sugônda.
Kados punapa kemawon kagèting galihipun sang rêtna
sarêng sumêrêp wontên rasêksa angrêrêpa, githokipun mangkarag wulunipun
anjêgrig, sariranipun gumêtêr, biyas paningalipun, lajêng ngadhoko timpuh
asinjang rambut, sanadyan sang rêtna apindha rasêksi inggih ugi sangêt gila
sumêrêp rasêksa, awit katêmbèn sumêrêp sawêg sapisan punika. Sang rêtna namung
acipta pêjah lajêng narik patrêm badhe suduk [su...]
--- 74 ---
[...duk] sarira, enggal sang pandhita rasêksa ngrêbat
patrêmipun sang putri, sarta sang putri lajêng winasesa rinodapaksa kados
satataning rasêksa.
Rêroncènipun botên kacariyos, sang ayu sampun mupus
narimah ing pêpasthèning sariranipun, têntrêm sakaroron wontên ing pratapan,
sang rêtna sampun ngidham-idham kaworan, kapengin gêcok mêntah.
Lah sapunika mantun têmbunging putri: santun
têmbunging dênawa inggih punika wontênipun nama dênawa jalêr: rasêksa dênawa
èstri: rasêksi saking namanipun pandhita rasêksa, dèwi rasêksi.
Wong lanang: aku kapengin gêcok mêntah golèkna saiki,
yèn ora koturuti aku mati.
Hah, ngêndi ana putri doyan gêcok mêntah.
Sing marai doyan iya rohmu kiye, yèn aku dhewe môngsa
doyana, yagene kowe salah gawe wong lagi adus, dikêpruk nguwong dhasmu.
--- 75 ---
Adhuh biyung: athik malih lantap sinèh, dene biyèn
apik alus.
Tobil-tobil, gêdhe têmên angkuhmu jaluk diajèni, apik
alus iku rak yèn ana ing kadhaton, winongwong ing rama ibu laki olèh satriya
bagus, balik ana ing dhangkamu laki olèh buta bêrduwak, gawene apa athik
nganggo olas-alus, agal bae apa ora uwis.
Agal iya agal, nanging ora prak pruk mêngkono.
Aja crèwèt dirampog, nuli minggata, aku sêlak ora
bêtah nyêgah kapenginku.
Bojlèng-bojlèng bêlis laknat ajejegan: ora, kêpruk,
rampog, iya ta wis tak lunga, dibêcik saungkurku, aja sêdhih bae, dhenok, olèh
ora: ora lawas aku nuli bali.
--- 76 ---
E, e, aja mainan kowe, mêsthi olèhna, aja salah
wèngwèng.
Salah wèngwèng nyang ngêndi, sêtun mampir nyang
abipraya.
Aja lo: aja, kowe rak durung bayar kontrobisi.
Dièwèng-èwèng kakangne nara: kasèp.
Adhuh babo wong ayu kalingane trêsna marang pun
kakang, apa baya kang tak walêsake kajaba trêsnaku sakranjang gambir iki tak
sokake marang kowe kabèh.
Wis ta aja kakehan calathu, nuli mangkata.
Iya tak mangkat, karia slamêt, pêthèkna[25] olèhe.
Iya wong lanang nyangoni slamêt.
Sigêg gêntos kacariyos, Sang Prabu Bajrapati ingkang
akadhaton siluman wontên ing dhasaripun rêdi Saribit, miyarsa yèn ingkang wayah
buyut Sang Prabu Sindhung Aliwawar ingkang mawiku wontên pratapan [pratapa...]
--- 77 ---
[...n] Sadhaka sarta Sang Prabu Pracondha ingkang
angrênggani kadhatod[26] ing Marutamanda, sami tikbra ing galih
dening pugalipun ingkang putra Radèn Timur sarta Dèwi Sumilir mopo jinatu krama
kalihan ingkang sadhèrèk nak sanak piyambak, supêkêtipun saduluran kados
tunggil sayayah rena. Dangu Sang Prabu Bajrapati anggalih sayoginipun ingkang linampahan,
ngowêl ing kalih-kalihipun sampun ngantos curês turunipun ingkang wayah buyut,
mokal yèn cidraa wêcaning dewa ingkang sampun kadhawuhakên dhatêng Prabu
Bajrapati, sang prabu angêningakên cipta dhasar sampun sarira bathara, sakêdhap
sampun pikantuk sarana ingkang sagêd andadosakên kamulyaning praja. Mêsat
saking pura siluman aniyup dhatêng ing kadhaton Marutamanda, wanci sidhêm kayon
anjujug ing kaputrèn, sang putri sawêg lênggahan kalihan ingkang raka Radèn
Timur, aginêm raos wêwadining Sastrajendra [Sastraje...]
--- 78 ---
[...ndra] Yuningrat, inggih punika kawruh
kasampurnaning pati, sang putri cinandhak kabêkta muluk ngambara, kadospunapa
kagèting galihipun Radèn Timur, sarta mirêng sambatipun Dèwi Sumilir akèn
nututi, tiyang sakadhaton otêr tangis gumuruh kados anjêbol-jêbolna kadhaton,
sang prabu sarta sang pramèswari enggal rawuh ing kaputrèn, sang putri
pinanggih sêpên, sarta botên wontên abdi ingkang kenging kadangu, rajaputra
sampun oncat saking kadhaton namung kalihan panakawan kêkalih anututi duratmaka
ingkang andhustha ingkang rayi sang putri, sirêping tangis sang prabu sawêg
sagêd miyarsakakên aturing êmbanipun sang putri, yèn sang putri sawêg
lêlênggahan kalihan ingkang raka Radèn Timur, tumuntên wontên saking nginggil,
raksasa punapa manungsa nyandhak sang putri kabêkta ngambara silum, rajaputra
lajêng nututi sapurugipun anut swaraning tangis, sang prabu lêgêg ing galih,
sang pramèswari [pra...]
--- 79 ---
[...mèswari] anjrit karuna dhawah ing kisma ngantos
kantu saya adamêl wêwah giyuhing galihipun sang prabu, ingkang rayi kacandhak
katarik wontên ing pangkon sarwi ingêmêk-êmêk êmbun-êmbunanipun, sarêng èngêt
lajêng angrungkêbi ingkang raka: sarwi matur, gusti pun Sumilir wontên pundi,
kula botên sagêd kantun, sang prabu angandika: sarèhna pikirmu yayi dhisik, tak
ngaturi uninga marang pratapan, sang prabu lajêng utusan ngaturi ingkang raka.
Utusan enggal lumampah, dhatênging utusan ing pratapan, matur sarèhing dinuta
sarta angaturi rawuhipun sang prabu. Sang prabu wrêdha sakalangkung kagèt sarta
ngungun ing galih lajêng enggal tindak, sarawuh ing kadhaton, taksih amêningi
otêring pura, sang prabu taruna lumèngsèr lênggah marikêlu nêmbah sarwi matur,
gusti putra paduka pun Sumilir dhinustha ing duratmaka, putra tuwan pun Timur
ingkang ngodhol lampahing duratmaka. Sang prabu
--- 80 ---
wêrdha tansah kèndêl, anggagas salêbêting galih bab
lêlampahanipun ingkang putra Radèn Timur lajêng angêningakên cipta, sami
sanalika angsal sasmitaning dewa yèn ingkang putra namung kinarya lêlampahan
amatêngakên tapanipun, ing têmbe dhuri[27] badhe manggih kamulyan sarta saèstu dhaup lan ingkang
putra Dèwi Sumilir, nanging ing mangke taksih sinamar dening jawata ingkang
linuwih, sanadyan namung kaaling-alingan gedhong[28] salêmbar: botên katingal, luwar
anggènipun angêningakên cipta lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi, yayi:
prakara putranira sakarone wis aja sira rasakake, mung pinasrahake marang dewa
kang linuwih bae, awit kabèh-kabèh saka karsaning Hyang Jagad Pratingkah,
kawula mung sadarma anglakoni, ing mêngko mung padha mêmuji rahayune putranira
sakarone.
Kadospundi: gusti, punapa kula botên mawi
--- 81 ---
budidaya nyêbar para wadyabala angulari ing kesahipun
putra tuwan pun Timur, sarta angisêp-isêp dununging ênggènipun putra paduka pun
Sumilir.
Kang mangkono iku luwih prayoga yayi, nanging satêmêne
mung ganêp-ganêpe bae, têka bakal olèh gawe: ora, dene kang luwih pêrlu sira
anyênyuwuna pitulunging dewa: dinêmên.
Kula nuwun, punika ingkang mêsthi kula lampahi sarta
kalayan dhawuh paduka.
Wis yayi: ingsun banjur nulak bali mulih marang
pratapan.
Punapa botên mawi kèndêl sakêdhap angêsatakên riwe.
Wis ora yayi, Sang prabu lajêng kondur dhatêng ing
pratapan, botên karsa kadhèrèkakên, lajêng saya anggêntur tapa.
Sang Prabu Pracondha utusan animbali kyai patih, kyai
patih sampun wontên ing srimanganti tugur
--- 82 ---
kalayan ingkang para nayaka sarta sampun midhangêt
pawartos yèn ing kadhaton wontên damêl agêng bab icale putranipun sang prabu:
Dèwi Sumilir, sawêk angginêm sarta angudaraos sintên ingkang mara sandi
mêjanani dhumatêng sang prabu: andhustha dhumatêng sang putri, nanging
binudi-budi mêksa botên sagêd pinanggih, awit para ratu ing ngamôncapraja têtimbanganipun
sang prabu sami apawong mitra sae saeka kapti, mokal mênawi anindakna pandamêl
awon, awit kenging tinêmbung sangkaning aris, dhasar sang putri dèrèng darbe
pêpacangan, pinacang lan ingkang sadhèrèk piyambak Radèn Timur, sami lumuhipun,
ngantos misuwur ing praja liyan ing bab sandening pêpacangan, lêgêg galihipun
kyai patih sarta para nayaka botên wontên ingkang sagêd angsal wêwêngan buntu
pikiripun kados sinumpêt. Kêsaru dhatênging utusan saking kadhaton, kyai patih
ingandikan, lajêng kèrid [kè...]
--- 83 ---
[...rid] ing lampah dumugi ngarsanipun sang prabu:
kadhawahan lênggah, nyakêt sarta kaparingan sumêrêp ing bab wau punika mawi
winangsit ing dhawuh pituturipun sang prabu wrêdha, kyai patih wontên asrêpipun
ing galih sakêdhik dene taksih anggadhahi pangajêng-ajêng badhe karaharjaning
têmbe. Dhawuhipun sang prabu, kakang: saiki sira amataha kancanira bupati
patang wadana angulari lungane kaki putra sarta ngisêp-isêp panggonane nini
putri, lakune aja kumpul, binancang-bancanga mangalor mangidul, mangetan lan
mangulon, êndi kang olèh gawe enggal ngaturana uninga.
Kawula nuwun inggih dhatêng sandika, saha sadèrèngipun
wontên dhawuh paduka anglampahakên utusan, kawula sampun andhawuhakên waradin
dhumatêng abdi paduka para wadana tamping angupadosi sarta ngulat-ulatakên
kadosa dhawuh wau punika.
--- 84 ---
Sukur: kakang, yèn wis sira dhisiki parentah, wis
kakang: banjur tindakna.
Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, kyai patih mêdal
saking kadhaton wangsul dhatêng pasowan srimanganti, andhawuhakên timbalanipun
sang prabu, para nayaka manggalaning praja sami apradandosan sarta lajêng
bidhal saking ing pasowanan kemawon, asowang-sowang andum lampah, sami
kapacuhan botên kalilan mantuk bilih dèrèng kapanggih sang raja putri.
Sang prabu botên karsa miyos sinewaka amancasi
saliring prakawis kados saban-saban, kapasrahakên dhumatêng kyai patih sarta
kondhangipun para nayaka sakawan ingkang sami tinanggênah têngga praja, sang
prabu mêmpên wontên ing sanggar pamujan, nungku puja samadi anyênyuwun
karaharjaning putra.
Gêntos kacariyos lampahipun Sang Prabu Bajrapati
ngambah ing gêgana cumlorot kados thathit niyup mangandhap, [manga...]
--- 85 ---
[...ndhap,] icalipun wontên ing rêdi Saribit, inggih
punika kadhatonipun siluman Prabu Bajrapati, sang putri kaudhunakên saking ing
gendhongan, jlêg katingal kadhaton nawa rêtna pinajang linungsir-lungsir, ing
jrambah ginêlaran babut dêdamêlan tanah Ngindi, saka sinêkar kinayu apu
apêpulêtan, ing langitan linangse ing maliyo seta, ing têngah kapasangan dilah
lilin sèwu mawi pangapit krun cawang tiga lung-lunganipun kênaka luru sinuji
pindha godhonging kêmuda, ing saka-saka sami kapasangan teplok adhapur pêksi
branjangan mabur kêkêjêr, gaganging teplok akik ijêm, umpaking saka sela
lintang katingal pating parêlik, sarasahipun sela cêndhani warni biru laut,
pating jalèrèh kados ilining toya, wêdalan ing nagari Kusta,
undhak-undhakanipun tundha sanga, ing pêngkêran patamanan agêng wontên bale
kambangipun, toyanipun tansah angombak dening kêjogan pancuran [pancura...]
--- 86 ---
[...n] ingkang mêdal saking lambunging ardi Saribit,
lubèr anêlêsi patamanan, balunganing bale kambang kajêng cêndhana mawi sunduk
kili ingukir kinarawistha, payonipun kajêng wêsi ingkang botên sagêd risak
salami-laminipun.
Sang putri kenging daya prabawanipun ingkang eyang
canggah Prabu Bajrapati, wontênipun ing kadhaton siluman anyupèkakên dhatêng
rama ibu, namung miturut sapangrèhipun ingkang eyang, sang putri kadunungakên
wontên ing yasa kambang majêng mangidul, gapura majêng mangetan, kori kamar ingkang
kilèn namung isi pasarean kathil, bakalipun kajêng arêng-arêng lis-lisan
kinarawistha ing kêncana mulya, kasuripun sutra kêling cinuki ing songa wungu,
kajêng sirahipun sutra lumbu, kamar ingkang wetan namung isi padandosan,
kalihan pasuryan sapirantosipun, tuwin lêmari gêdhah alit wadhah agêm-agêman,
ing jrambah rêsik ginêlaran babut sêsêkaran, [sêsê...]
--- 87 ---
[...karan,] namung ing têngah kapasangan kursi gadhing
satunggal, kênap alit satunggal katumpangan primbon, sarta têpining jrambah
katherekan rêca kêncana luru, nêstha tiyang jalêr èstri kathahipun gangsal
jodho, namung ingkang sajodho kinarukup ing sutra jêne, sang putri lênggah ing
kursi gadhing karsa mariksani primbon, kalolos saking ulêsipun sutra jêne,
katingal samakipun mubyar tinarètès ing sêsotya, sang putri eram katêmbèn
sumêrêp samak ingkang makatên warninipun, sarêng kawiyak saya eram ing galih
dening sastranipun sinêrat ing toya êmas sadaya sarta padanipun mawi kinurung
ing lung-lungan, pinindha lunging sêkar sônggalangit rumambat ing pêparang
rumpil, sarta sastranipun Kawi Kêling, sang putri wiwit timur ngantos diwasa
pinrêtêg ing piwulang wontên ing pawiyatan agêng gurunipun kawan likur, sang
putri sampun lêbda dhatêng têmbung sarta sastra Kawi Kêling, mila karêmênan
maos [mao...]
--- 88 ---
[...s] sêrat parimbon wau. Suraosipun anyorahakên
lêlampahanipun para ratu agêng ing Ngatasangin, tumuntên nyandhak cariyosipun
para ratu lêluhuripun ing nagari Marutamanda, wiwit ingkang eyang warèng
ingkang jumênêng nata sapisan ing Marutamanda, inggih punika ingkang rama
ingkang eyang canggah Sang Prabu Bajrapati, sarta amratelakakên lêlampahaning
karaton tuwin gambaring sarira kadhapur rêca, ing palêmahan ngandhap kacirenan
sastra Ibrani mawi titimôngsa yuswa sarta ing sedanipun, sang rêtna kagèt ing
galih jumênêng saking kursi lajêng nyakêt ing gambaripun ingkang eyang warèng
kakung putri lajêng dipun ngabêktèni, rêca ing kiwanipun sang putri botên
pandung yèn gambaripun ingkang eyang buyut Prabu Bajrapati kakung putri ugi
lajêng dipun ngabêktèni, nanging ing kiwanipun malih taksih kalih rakit sarta
ingkang dipun lurubi jêne sarakit, sang putri dèrèng sumêrêp [su...]
--- 89 ---
[...mêrêp] gancaring cariyosipun, lajêng lênggah
wangsul ing kursi andumugèkakên pamaosipun, inggih ugi tunggile cariyosipun
ingkang eyang putra wayahipun Prabu Bajrapati, têlasing cariyos namung dumugi
samantên, sang putri jumênêng malih saking kursi nyakêt panggenaning rêca
ingkang dèrèng dipun ngabêktèni: ugi lajêng dipun ngabêktèni, kantun sarakit
ingkang dipun ulêsi jêne ugi badhe dipun ngabêktèni, ciptanipun: môngsa dedea
tunggilipun rêca gambaripun ingkang para lêluhur: botên, sawêg dipun bikak
kagèt ing galih yèn rêca sarakit punika gambaripun Sang Pangeran Timur kalihan
gambare sariranipun, acêcêpêngan asta sarwi liling-liniling, sang putri
ngênglêng dadakan, sêbutipun, babo kalingane wong kang mêrak ati kae katêmu ana
kene, manis sampeyan amêmanas manah, antêng sampeyan adamêl rêntêng, èsêm
[è...]
--- 90 ---
[...sêm] sampeyan adamêl sêngsêm ingkang botên têlas-têlas,
sumèh sampeyan anggrêgêtakên manah, namung kuciwa sampeyan: tani, botên kèndêl
pangamenipun Dèwi Sumilir malah lajêng angrêrêpi.
Mijil
tanggapana rasaning tyas mami / wijile gumolong /
mring andika salami-lamine / dasihira ubayèng dumadi / nora nambut krami / lyan
sira wong bagus //
nadyan kongsi praptèng nini-nini / dèn atêmah kêmpong
/ babo amung nganti sarirane / bodho têmên kakang adipati / nonton Si Sumilir /
têka amitambuh //
apa warnaku kurang prak ati / dene mengoh-mengoh /
netraningsun kocak lir srêngenge / otot sumambung masêmu wilis / pranaja ngong
iki / cumlorot lir daru //
jôngga lumung kadi lunging pakis / apa golèk gondhok /
rema mêmak amêmês ingore / sêsinomku mrênthêl ngudhup turi / apa golèk brintik
/ bragadag [braga...]
--- 91 ---
[...dag] dinulu //
bau wijang anggandhewa gadhing / apa golèk ceko / lagi
tumon wong kang kaya kuwe / baya iku lananging kêmangi / eling trahing wukir /
blêjêd tani yutun //
tinggal lanjaran lawan wa aji / garwane kêmroyok /
sabên mênyang pura tanpa gawe / bok ya duwe kuwanèn sathithik / dlêlêg kaya
bayi / apa baya busuk //
yèn lilinge sumêlèt ngênèni / mokal yèn balênto / ewuh
têmên pamikirku kiye / apa dadak nganggo diwarahi / tur nèh aku isin / durung
tau-tau //
Kandhêg samantên gêntos kacariyos lampahipun Radèn
Timur kalihan panakawan kêkalih anama pun Grubug tuwin pun Grêbêg, sarêng
katilapan swaraning tangis saya ribêd ing galih, badhe wangsul lingsêm dhatêng
ingkang rama Sang Prabu Pracondha, dene cabar ing damêl tanpa kasêktèn
pisan-pisan, tansah anutuh sarira anggènipun dinama-dama ing rama ibu prasasat
[prasa...]
--- 92 ---
[...sat] dados wisaning gêsangipun, mila Radèn Timur
pratignya salêbêting galih sanadyan ajura atêmah bubuk badhe botên kondur bilih
botên sagêd kapanggih ingkang rayi Dèwi Sumilir, lampahipun Radèn Timur amurang
marga nusup angayam alas, karèndhèt-rèndhèt ing ri bandhil, samargi-margi
angrêntahakên waspa katonton warnanipun sang ayu, panakawan kêkalih tansah
sêsambat angaruara ngajak wangsul dhatêng nagari, nanging botên piniyarsa
dhatêng Radèn Timur, sampun lêpas lampahipun, kandhêg wontên satêngahing
wanapringga ngaub sangandhaping kajêng gurda wanci surya gumiwang
nêdhêng-nêdhênge panasipun, suluring gurda angrongkop tumali ing sela nutupi
udaling toya ing sêndhang, wêdaling toya pating srèwèh lajêng ngumpul dados
satunggal, swaranipun kumrusuk ambarêbêgi kuping, lajêng anjog ing lêlêbak
mawur kados dhawahing jawah kasabêt ing angin, Radèn Timur
--- 93 ---
karênan ningali kèndêl wontên ing ngriku, lênggah
sèndhèn wit gurda, tansah kèngêtan dhatêng ingkang rayi Dèwi Sumilir acipta
brônta:
Pangkur
kapungkur rèhing sujana / kasabêt ing dahat turida
gati / barêbêl wêtuning êluh / kasok brônta mangarang / lir tinigas pagas
têtalining jantung / ura ruhara kalintang / sêsêg uswasa tan aris //
pêtêng panduking paningal / lir tiniban hru
pamungkasing pati / ngalèlèh kadi nandhang puh / nèng têtambining wrêksa / gung
sêsambat dulunên kang kawlasayun / suka kulinèng wulusan / mung mangajap-ajap
pati //
yèn tan panggih sira mirah / ingkang sawang gêbyaring
sitarêsmi / netra lir kilat mabarung / gênjoting kanang imba / angobahkên bayu
wilis kang sumambung / lir saradibya lumarap / tumancêp ngênani ati //
pangarasan maya-maya / masmu rêkta lir mawar wanci
enjing / wèh sugônda marbug arum / orêm tyas kudhandhangan /
--- 94 ---
angulari tanpa sêdya nut ing suku / pindha kinjêng
tanpa soca / tan wruh sidaning dumadi //
lung gadhung mulêt wilada / kèngêl dening katêmpuh
erawati / kadi jangganira manglung / ngungak kang kasangsaya / sêsuluring mandira
kataman bayu / bayak manglaga lir asta / arsa tumulung ing dasih //
tuna dungkapira têmah / kèdêr muwêr mawur pating
saluwir / ginayuh saya mandhuwur / sida kari anggana / nèng pêparang parêk
têpining pêparung / tanwun kalêbèng jêjurang / tanpa tilas praptèng pati //
angkup karakêt ing êpang / kêlèk-kêlèk nyabawa
amêlingi / pindha kang sata mangalup / ngulari renanira / lir mangkana
wandèngwang upaminipun / gung sêsambat ngaruara / angarang tan bisa aring //
nyalèntrèng kang himalaya / tumawêng ing acala
angêmuli / rumamyang mulêt kadulu / lir rimongira mirah / wanci enjing midêr
ing taman mèt santun / kêpyuring kang riris manda ./ mawèh kêkêsing akingkin //
silêming hyang bagaskara / sandyakala sumuluh maratani
[mara...]
--- 95 ---
[...tani] / lokat kalingkap kapanduk / dening sunaring
surya / rêmu-rêmu amarna sèsi sawêgung / dadakan asalin cahya / pindha kêncana
sinangling //
ambirat mêsuming rupa / nadyan kusut kawuryan katon
kuning / babo nanging mung sapangu / oncat datanpa tilas / mung pêpêtêng ngalingi
cintranta masku / tanwun ngong mati mangarang / pun Grêbêg nyauri ririh //
Dara: sampeyan kok jêbul ngame: ngotên, blai ane, la
dhèk kriyin dospundi ta, kok botên didêkêp, sakniki êmpun digondhol ing buta
ditangisi.
Radèn Timur kagèt, sanalika èngêt yèn wontên
salêbêting sêdhih nandhang brônta dhatêng ingkang rayi Dèwi Sumilir, ciptanipun
namung badhe alabuh pêjah, lajêng ngandika dhatêng panakawanipun kêkalih:
Pang: Sapa mau sing sambat ngaruara ngajak bali mulih.
Groeb: Pun Grêbêg.
--- 96 ---
Pang: Iya Bêg.
Gerb: Ênggih
Pang: Biyèn kowe rak wis tak tari apa kowe gêlêm milu
salakuku, wangsulamu gêlêm, barêng wis ana ing saba paran pijêr muni bae.
Gerb: Ênggih lêrês kriyin kula matur sagah, nanging
rak botên janji mlampah nekad mêkètên, mêrgi sing limit disimpangi, pados mêrgi
sing rungkut-rungkut, nèk anu nyêbur sumur mawon pindhah, kula ênggih dhèrèk,
ning ngantun, iye[29] ngono ora, kang.
Groeb: Lha wong kowe ora dhêngêr kêrsane dara, iku rak
digawe lampah, angèl iku mêrgane gampang, beda karo kowe, sing kogolèki
gampange dhisik, angèle katêmu ing buri, mulane kowe tansah kasurang-surang
bae.
Gerb: Em, kaya guru, sarira pakênira dospundi:
[dospu...]
--- 97 ---
[...ndi:] mas.
Groeb: Aku mono jaragan, kapenakku wis tak êntèkake
dhisik, saiki mung kari rêkasane bae: dhapur nyaur, besuk tontonên.
Gerb: Toblas, lèhmu ngêntèkake kamuktèn dhèk kapan,
bok aja sêngung: Sèh Tekawêrdi, kaya aku ora wêruh jogèdmu.
Pang: Grêbêg, yèn kowe rumasa abot ngêtutake aku bêcik
balia bae, aku tak nutugake laku karo Si Grubug bae.
Gerb: Gêdhugane nèk dipênggak banjur nundhung, êngga
anjlog jurang mawon sisan, ning ênggih sampeyan kriyin, kula ngentun kaping
kalih.
Kocapa lampahipun ditya rasêksa kados kinoncang ing
dewa kalunta-lunta botên mirangguhi janma manungsa langkung ing wana, upami
wangsula [wang...]
--- 98 ---
[...sula] botên ambêkta janma acipta lingsêm dhatêng
ingkang rayi, sêdyanipun sang pandhita rasêksa badhe ambarak tiyang dhatêng
padhusunan kemawon, sawêg kamanah-manah: brêbêt mambêt gandaning manungsa,
enggal mrêpêki dhatêng panggenaning gônda kapagih[30] Radèn Timur sarta panakawan kêkalih,
sang pandhita rasêksa girang ing manah ngandhêg lampahipun sang pangeran.
Boet: mandhêga mandhêga lakumu aja bacut.
Groeb: Ut, bilai: ca, ana wewe.
Greb: wewe kêpriye, kuwi rak sanga bang.
Groeb: dudu uwong, wewe koèmpêrake sanga bang, lha
wong kancilên lèhmu pèi mau bêngi nekad ngêdhagake paseban Radyapustaka dadi
salah ton, pèh bêrgadag bae diarani sanga bang, kuwi rak rambut, aluwung
aranana buta rambut gêni: rada ana èmpêre.
--- 99 ---
Gerb: La: apa galak, kang.
Groeb: Takonana dhewe kono.
Gerb: Nèk patute tutut, kêtara plengah-plèngèh ngono.
Groeb: Saya edan kowe kuwi, ana buta ngisis siyung
diarani plengah-plèngèh.
Gerb: Siyunge kuwi aku dhêmên: kang, digawe ali-ali
apik, putihe: putih gadhing.
Groeb: Coba jalukên nèk awèh gawenên ali-ali, tak damu
saka buri.
Greb: Bok kowe: kang, tak sambat jalukake.
Groeb: Lo, kok ora bacut edan, nganggo eling duwe
wêdi, dhèk kapan aku dadi sambatamu.
Gerb: Aja sumêlang: kang, dak tanggung bêdhahe dodotmu
sêmpale rangkamu.
Groeb: Wis, ora caturan karo kowe.
--- 100 ---
Gerb: Oraa: untune le sapêthèl-pêthèl kuwi silèh,
upama nglêthus êndhasmu rak mak cêplus têmênan.
Groeb: Nèk Dhangan polane bêcik êndhasmu dhewe.
Gerb: Jare mau wis êmoh caturan, banjur mak cag bae.
Groeb: La wong kêbangêtên unimu, sing bêtah
ngrungokake bae: sapa.
Pang: Bok wis mênêng: gene, iki rak kêsandhung ing
bêbaya.
Greb:[31] He: satriya, mandhêga mandhêga aku jaluk baturmu siji
bae.
Boet:[32] Dara, pun Grubug mawon diparingake, kula tumut
ngrencangi nyêpêngi sukune.
Groeb: Iya iya ngedana manèh nèk arêp kêtiban tangan
dhasmu.
--- 101 ---
Greb: Duka panjênêngane: kowe.
Pang: Buta buta aja salah gawe wong lêlaku,
mêmangsanmu kidang mênjangan, golèka ing grumbul-grumbul kang pêtêng, yèn
baturku kojaluk, aku ora awèh.
Boet: He: satriya kowe aja pêpeka, baturmu ulungna,
awèh tak jaluk, ora awèh iya tak jaluk, budi tak sêmbadani, bôngga tak
rampungi.
Pang: Buta sikara, aja dupèh kowe gêdhe dhuwur rosa
birawa nganggo siyung, angkaramu bisa gawe apêsing juritmu.
Boet: I: babo babo wong iki ora kêna ginawe bêcik.
Lajêng dados brawala, sang pangeran cinandhak lêpat,
tinubruk mangiwa milar manêngên sarwi nyampe pok kuping kapilêng ngantos
ngugut-ugut,[33]
--- 102 ---
tinubruk manêngên milar mangiwa sarwi nyampe cêcêngêl
ngantos mêgap-mêgap, tinubruk saking wingking tuna dungkapipun dhawah krungkêb
ing siti ngantos ababak bundhas, tinubruk abên ajêng tinêpak mukanipun kantu
anjêrbabah andhêpani siti. Kandhêg wirodanipun sang pandhita rasêksa tansah
agêrêng-gêrêng rumaos botên kaconggah nyêpêng dhatê[34] sang pangeran, sêbutipun, i, i, i,
bojlèng bojlèng bêlis laknat ajejegan, ya dewa bathara jagad, abot sanggane
satriya iki. He he satriya aja girang-girang gumuyu antènana bêdhatku ing buri,
janji kêna dak saut amêsthi pêdhot lambungmu, aja mati tanpa aran: sapa
jênêngmu.
Gerb: Kasèp mas êmpun tabokan lagi takon jênêng,
digawe napa la, klairan, sêpuhipun, griya botên ditakèkake pindhah.
Boet: Hus aja calak, aku dudu, mas buta asu.
--- 103 ---
Gerb: E, dados buta asu.
Boet: Hus, dudu, buta, asu.
Gerb: Has, hus bae, wong kene ora kasil: kok.
Boet: Hus, lungaa.
Gerb: Hus, inggih.
Sang ditya rasêksa angêtog karosan, gogot caruk asilih
ungkih, sang pangeran kasaliring kenging sinaut binucal sêbrung dhawah ngadêg,
tinangisan ing abdinipun kêkalih. Môngga dara sami mlajêng mawon, butane galak
sayêktos.
Pang: Kowe kuwi gêmbèng têmên ta: Grubug, Grêbêg, wong
ora ana apa-apa ditangisi, rak wis lumrahe wong kêrêngan iku gênti kêlindhih.
Gerb: Mênawi pun Grubug lasar gêmbèng, dara, tiyang
mripat [mri...]
--- 104 ---
[...pat] yuyu.
Groeb: Kowe sing mripatmu mlolo athik iya milu nangis.
Gerb: Wong grubyug tembo kok, mèlu golèk pêndhok,
satêmêne mung tangisan bae, ora nganggo êluh, dara seda utawa ora iku ingatase
aku padha bae.
Groeb: Lha wong ya kowe trah kuli mulane pikirmu
cêthèk, ora kaya aku, jêro.
Gerb: Jêro iya jêro, jarene aku iki sadulurmu tunggal
ngringkêl, la, kowe trah apa.
Groeb: Nèk aku isih têdhaking kusuma, rêmbêsing madu
trahing andanawa rih, beda karo bathangmu.
Gerb: Saya ribêng galih mami / miyarsa ing aturira /
tunggal wêlat seje-seje / lah apa darunanira [da...]
--- 105 ---
[...runanira] / ingsun arsa miyarsa / matura ingkang
satuhu / kang wani nyôngga upata //
Groeb: Sida edan kowe iku dadak ura-ura, kowe jaluk
dibladhahake.
Gerb: Hê êh.
Groeb: Simbok iku rak ora krama, galihe rada bantêr
bigar nyepak dara panji klanthung mêtoni mami, nyalêthik gamêle bah kapitan,
mêtoni sira, mulane beda.
Gerb: Dadi sira lawan mami / padha kêna ingaranan /
Grubug Grêbêg anak ...
Groeb: Bacutna, bacutna, nèk arêp komêt dhasmu.
Gerb: Ora, wong wis cukup: kuwi.
Pang: Grubug, jupukna panahku sing tak tinggal ana ing
ngisor kayu gurda mau, tak lêpasane panah bae: butane.
Groeb: Inggih, mênika.
--- 106 ---
Sang pandhita rasêksa kadhawahan jêmparing deni[1] sang pangeran, pêdhot utamangganipun,
kasarêngan dhatêngipun dèwi rasêksi nusul ingkang raka saking dene lami botên
wangsul-wangsul, sumêrêp ing pêjahe lakinipun, sang ayu anjrit karuna, i wong
lanang, antènana aku, kowe tak belani.
Gerb: Wit, kêblak kulon, nglamongan têka, rupane athik
bêlang kok dhuwur: kênci, ngisor dika, upama tanpa êndhas iba ayune.
Boet: Kowe sapa ngadhangi lakuku.
Gerb: Kula niki mandhor ing ... hut, apa ta iki
têmbunge sing alus, redhakture ora wêruh ajêng golèki sampeyan kêtêmu ontên
ngriki, dhapur kêbênêran.
Boet: Anu apa aku kogolèki.
Gerb: Dhawahe dara bèi Ondêr Nglawiyan, tose
--- 107 ---
sampeyan sade jambêt abrit.
Boet: Apa têgêse jambu abang.
Gerb: Bodho timên sampeyan niku: nèh, sêkopên abrit.
Boet: Ora nglakoni mêngkono aku.
Gerb: Ayak, ngono wae selak.
Boet: Ora tênan, aku dudu wong ala, dudu sing
kogolèki.
Gerb: Prakara ngotên niku gampil, kantênane mangke nèk
êmpun dikomisi, ngadêg napa linggih.
Boet: Sêmbrana kowe kuwe, sing arêp mriksa aku sapa.
Gerb: Ênggih tuwan dhoktêr kalih dara bèi ondêr.
Boet: Athik aku arêp dilinggihake ngisor ora awèh
linggih kursi wong aku bôngsa Kurès.
--- 108 ---
Gerb: Milane niku, ngrika rak bôngsa asin.
Boet: Sanadyan mangkonoa, aku mopo.
Gerb: Ênggih kantênane mangke nyêtilpon têng nagari
sakêdhap. Kring kring kring, êmpun têrang dhawuhe, sakajêng sampeyan kenging.
Boet: Ah, ya wis, tak mulih bae nunggang sêpur.
Gerb: Botên kenging.
Boet: Aja ngewuh-ewuhi lèhku arêp belani bojoku:
sêmingkira lo, tak pancas cundrik lambemu: kasèp.
Gerb: E, la, botên ta, nèk cas cès niku.
Boet: Enggal minggata: bangsat.
Gerb: Enggal, inggih: enggal, bangsat.
Boet: He satriya, aku belakna pisan patine bojoku.
Pang: Dikapara maju tak untapake patimu.
--- 109 ---
Dèwi rasêksa mangsah sarwi narik patrêm, nirbita
nirwikara lajêng kadhawahan jêmparing dening Radèn Timur, tigas murdanipun,
sapêjahe dênawa kêkalih wontên swara kapyarsa sarta lajêng ngatingal
sanginggiling tênggak.
He: Timur, wruhanira, ingsun jawata Sang Hyang
Kumajaya sarta garwaningsun Dèwi Kumaratih, padha kêna upataning Sang Hyang
Jagadnata, amarga nglangkahi wêwayangane, ingsun sinabdakake dadi rasêksa
banjur tapabrata ana ing guwa miring, yayi dèwi iya sinabdakake dadi rasêksi,
banjur manjanma dadi putrane Prabu Baratkatiga, ing mêngko wis ana
pangapuraning dewa ingsun bisa kumpul, sarta banjur padha ruwat dening sira,
marmane ingsun malês pitutur marang sira, kang sira upaya golèkana ana
sadhasaring wukir Saribit, kalawan pitulunging dewa bokmênawa bisa nuli katêmu.
Sakèndêling wasita Sang Hyang Kumajaya sarta Dèwi
--- 110 ---
Kumaratih lajêng musna, Radèn Timur kantun anggana.
Kocapa Radèn Timur, wontên asrêpe ing galih angsal
pitêdahipun ing dewa anglajêngakên tindakipun kalihan panakawanipun kêkalih:
nuju ing sukunipun rêdi Saribit, samargi-margi tansah wirandhungan, dumuginipun
pasarean wanci tunggang gunung, pêksi sami mencok ing êpangipun kajêng kanigara
arame rêbat papan badhe tilêm, ngocèh pating caruwèt angrêrujit galihipun Radèn
Timur, kèndêling pêksi ngocèh srêngenge sêrap, papêtêng andhatêngi kados badhe
angêlêm pasarean adamêl anglêsing galihipun Radèn Timur, orong-orong mungêl
amêlingi amêwahi kuwuring galih dening kabrêbêgên, saya dalu araras,
lintang-lintang mungup saking lêlamuking langit, pating krêlip ngujwala sumunar
amadhangi pasarean, sawênèh cumlorot alihan, kados rêntahing sêsotya ingkang
mawa praba, [pra...]
--- 111 ---
[...ba,] nuju tanggal kaping kalih dasa sampun dalu
wêdaling sitarêsmi katingal mungup saking tanjêbing langit, taksih
kaaling-alingan dening pangkêluking udaya, soroting sitarêsmi kados upaminipun
saradibya sèwu rumujak, angênani aluning udaya sumyur kumracak pêcah anêmpuh
parang karênan aningali isining wiyat, ical sêkêling galihipun Radèn Timur,
dhasar panakawanipun kêkalih sampun sami tilêm asênggoran wontên ing talundhag
gapuraning pasarean, saking kasayahên anggènipun lêlampah, Radèn Timur sagêd
angêningakên cipta botên kuwur dening bekanipun panakawan kêkalih. Sèndhèn ing
wit samboja sidhakêp saluku tunggal nutupi babahan nawa sanga, ngêningakên
pôncadriya, pêjah salêbêting gêsang.
Kocapa Prabu Bajrapati ingkang akadhaton ing alam
limunan ardi Saribit, suka ing galih dene [de...]
--- 112 ---
[...ne] kadugèn karsanipun, Radèn Timur lajêng kawalik
tingalipun, luwaring samadi sampun katingal wontên salêbêting udyana endah
wontên bale kambangipun, inggih puniha[2] panggenanipun Dèwi Sumilir kados
ingkang sampun kacariyos ing ngajêng, sang pangeran dingkik-dingkik lêbêtipun
ing yasa kambang, bokbilih wontên tiyangipun ingkang têngga. Korining bale
kambang katingal mênga sakêdhik, dhasar sabên-sabên bontên[3] kakancing, karsanipun Dèwi Sumilir
namung amurih isis, sang pangeran ngintip saking jawi awit katingal wontên
dilahipun lilin kapasang ing pakakèn êmas, lajêng malêbêt kaling-alingan
undhuking dilah ing kathil katingal wontên putrinipun ingkang sare, sang
pangeran sagêd nguningani namung saking sajawining klambu, klambunipun
ngangrangan pêthak karangkêpan ngangrangan ijêm, ing jawi kacancutakên cumathèl
ing canthelan êmas mawi sirah pêksi jiwa-jiwa maripatipun mirah siyêm, laripun
êmas [êma...]
--- 113 ---
[...s] rinaja wêrdi, ingkang sare katingal sumorot
kuning sêmu ijêm rêmu-rêmu, sang pangeran eram salêbêting galih,
pangunadikanipun, mokal ing jagad anaa loro putri kaya iki, liyane yayi
Sumulir, kang tak erami ora êntèk-êntèk, mung olèhe jèblês rupane ora siwah
karo yayi Sumilir, iba dhêmêne sing duwe bojo dene ana rupa kaya mêngkono,
nanging yèn nonton wêwêging sarira isih wutuh ayam mokal yèn wisa winisik ing
satriya, sang juwita alihan anggènipun sare kasêmêkan marucut têpinipun saking
salêmpitaning lambung têngên kumlèwèr majêng ngatingalakên lêlêngkèhing ardi
kêmbar, sang pangeran saya kuwur ing galih. Sang rêtna mirêng kalêsêding swara
wungu saking sare nanging taksih rêm-rêm ayam, sumêrêp wontên satriya bagus
nyamar wontên ing undhuking dilah, kinintên manawi pandung aguna
--- 114 ---
badhe mara sandi, sang rêtna prayitna ngunus
patrêmipun, ciptanipun samangsa pandung aguna kumlawe miyak kalambu pasarean,
amêsthi dipun patrêm dhadhanipun, awit sang putri sampun pratignya botên sagêd
tumingal satriya bagus liyanipun ingkang raka Radèn Timur, salêbêting galih
eram ningali bagusipun sang nyamar lampah, saya eram malih ningalli pasang
rakite anggènipun jèblês kalihan ingkang raka Radèn Timur, saya dipun
waspaosakên dangu-dangu botên samar têtela yen ingkang raka sang pangeran, jlog
saking pasarean botên tolih wudharing kasêmêkan lajêng ngrangkul dhatêng
ingkang raka sarwi anjêrit alara-lara karuna, salêbêtipun sêsambat sarwi
ambênakakên kasêmêkan. Sang pangeran sawêg sumêrêp yèn ingkang ngrangkul
sariranipun tanpa warana rimbag kriya wantah ingkang rayi piyambak Dewi Sumilir
ingkang dados têlênging galih, dipun upadosi anjajah
--- 115 ---
dhusun milangkori. Enggal gêntos dipun rangkul sarta
tumut ambênakakên wudharing kasêmêkan (dana bau) ingkang rayi dipun muwuni,[4] dangu namung tansah tangis-tinangisan,
sirêping tangis amêngakakên lawang suka, ingkang rayi tansah ingarasan sarwi
sinilakakên sêsinomipun ingkang sami rêbah ing pasuryan, pangandikanipun: yayi
atiku apa wis ana ing kowe.
Ngaping kalih damêl kakang mas sampeyan punika, kala
taksih wontên ing kadhaton kula sampun anyênyadhang sih, ananging sampeyan
ingkang kasangêtan, botên wontên antawisipun pisan-pisan bilih karsa
angrêntahakên piwêlas.
Iya yayi aku sing luput saking lagi kasêngsêm marang
kawruh kasampurnan, ora luwih mung apuranira bae yayi, saiki aku sumanggêm
nampani dêduka jurên ana ing pasarean.
--- 116 ---
Kakang mas, kula sampun marêm ningali sarira sampeyan,
sarta bilih kakang mas asih dhatêng kula, mugi dipun sabar ing galih, kakang
mas mugi angèngêtana bilih kêkudanganipun rama ibu saha kangjêng uwa kakung
putri kula pinacang jinatukrama kalihan sampeyan badhe binayangkarya sarta
kinarirêngga wontên ing Purantara, wusana glèthèk pêthèlipun mung ijen-ijenan
wontên ing kêbon, punika sangêt ing panuwun kula.
Kêbona kae rak dudu sok kêbona, isih kêboning narpati.
Sanadyan makatêna punapa bedanipun kalihan jina.
Kanggêg galihipun sang pangeran acipta salêbêting
galih lêrêp aturipun ingkang rayi, pangandikanipun, iya yayi aku mung nurut
sarta sumarah ing sakarêpmu bae, nanging wong iki isih wêngi bok ya padha turu
ana ing pasareanmu.
--- 117 ---
sumôngga kula aturi sare piyambak, kula têngga wontên
ngriki kemawon.
Turnèh bliyut tunggu wong turu.
Botên.
Ora ta: bêcik awor turu ana kathil, dilêt-lêti guling
sing dhuwur.
Yèn jugrug.
Dibênakake.
Bônggan prawan tilêm jogan: kangkang mas.
Apa kowe turu ana ing jogan, wong turu kasur kok, seje
ilab wah aling-alingan guling.
Gawok-gawok nun, kula aturi sare piyambak, kula sampun
tuwuk tilêm.
Sang pangeran botên karsa sare piyambak, andumugèkakên
ginêman kaliyan ingkang rayi prakawis rèmèh-rèmèh sinambi gêgujêngan, sarta
sampun marêm [marê...]
--- 118 ---
[...m] aningali manising wadana. Seje catur yayi sing
pêrlu kudu tak sumurupi durung tak takokake.
Punapa.
Gonmu ana ing kene nêmu kamulyan gêdhe angênggoni
suyasa endah kang ora kêna minurwat ajine, lan nalikane kowe ginawa ing buta
kae biyèn, iku kapriye lêlakone.
Suyasa punika kagunganipun eyang ijêngandika canggah
Prabu Bajrapati ingkang sampun murud ing kalanggêngan. Mranyanyang lajêng
akadhaton wontên ing ngriki, witne kadhatonipun sarwa rêtna, kados kadhaton ing
kaendran, dene ingkang ambêkta kula kala samantên punika dede dênawa, inggih
eyang Prabu Bajrapati, kula lajêng kadunungakên wontên ing ngriki punika, dene
kangjêng eyang sabên dintên rawuh kaping kalih enjing sontên, namung pêrlu
anuwèni dhumatêng [dhuma...]
--- 119 ---
[...têng] kula. Mangke sakêdhap eyang kados rawuh
mriki. dèrèng dumugi anggènipun ngraosi: Prabu Bajrapati katingal rawuh,
ingkang wayah kakung putri lajêng sami mêthuk angurmati ing rawuhipun, tundhuk
wontên ing palataran lajêng sami andhodhog ngapurancang, radèn putra rinangkul
lungayanipun dhatêng ingkang eyang, sarwi dipun arasi êmbunipun, sarta dipun
kudang-kudang kados taksih timur, tumuntên amriksani ingkang wayah
kalih-kalihipun katingal taksih sami wêtah, anglênggahi kautaman putraning ratu
saha andadosakên êntyarsaning galihipun, lajêng angandika mas putu ing saiki
sira sakarone wis pinarêngake dening dewa kang linuwih, kang angèl dadi
gampang, adoh dadi cêdhak, tinêmu kang sira upaya, ing mêngko sira wus padha
diwasa nêdhêng-nêdhênge nambut silaning akrama, lan manèh rama ibunira
sakarone, padha nandhang sukawa[5] saka lunganira, mulane saiki [sa...]
--- 120 ---
[...iki] sira sakarone ingsun ulihake marang
Marutamanda.
Kawula nuwun eyang pêpundhèn kawula, kawula namung
andhèrèk sakarsa paduka.
Wis sira padha mêrêma supaya ora singunên, ingsun gawa
mêtu gêgana.
Rajaputra rajaputri sami mêrêm angèstokakên dhawuhipun
ingkang eyang, sami sanalika sariranipun kraos kacangking ibêripun ingkang
eyang, namung sakêdhap netra sampun karaos sumèlèh byar katingal wontên
salêbêting kadhaton Marutamanda sarta ingkang eyang sampun botên katingal, ing
kadhaton otêr gumuruh loking cèthi parêkan yèn rajaputra rajaputri rawuh ing
kadhaton tanpa sangkan, sang prabu Pracondha nuju katamuan ingkang raka Sang
Prabu Sindhung Aliwawar: sakalihan, mirêmbag bab ing kesahipun rajaputra
rajaputri, mirêng loking cèthi [cè...]
--- 121 ---
[...thi] parêkan yèn ingkang putra sakalihan dhatêng
wontên ing kadhaton tanpa sangkan, sang prabu sakalihan gurawalan kalihan
ingkang rayi sang pramèswari sakalihan, sami rawuh ing kadhaton, yèktos yèn
ingkang putra sakalihan sami wontên ing ngriku, enggal sami rinangkul dening
rama ibunipun piyambak-piyambak, sarta sami dipun muwuni,[6] dangu pangunjaraning galih botên mawi
andangu sakêcap namung tansah dipun muwuni,[7] wusana sarèh lajêng sami satata
lênggah, Sang Prabu Sindhung Aliwawar andangu dhatêng ingkang putra Radèn
Timur, kaaturan gancaripun ngantos titi, lajêng andangu ingkang putra Dèwi
Sumilir, ugi kaaturan gancaripun ngantos titi, ingkang rama Sang Prabu
Pracondha sarta sang pramèswari sakalihan, punapadene para cèthi parêkan, amirêngakên
aturipun rajaputra rajaputri sami malêngak, amung Sang Prabu Sindhung Aliwawar
ingkang botên patos eram, sarta
--- 122 ---
malah cariyos lêlampahaning sariranipun kala nênêpi
dhatêng pasarean Saribit. Yèn sampun kapanggih kalihan ingkang eyang Prabu
Bajrapati, nanging kadhatonipun botên kaparingan sumêrêp, taksih têrang
rajaputra rajaputri.
Sami sanalika puniha Sang Prabu Pracondha lajêng
paring uninga dhatêng kyai patih ing bab kapanggihipun ingkang putra kakung
putri sarta adhêdhawuh kinèn samêkta pamiwahaning putra lajêng badhe
kadhaupakên tumuntên mawi pakurmatan agêng, sarta mawi sêsuruhan angatur-aturi
para ratu ing amôncapraja, punapadene kinèn nimbali para wadyabala ingkang sami
ingutus lêlayu ing musnanipun ingkang putra tuwin kinèn nimbali pun Grubug
tuwin pun Grêbêg ingkang sami kantun wontên ing rêdi Saribit, sadaya dhawuh
timbalanipun sang prabu sampun kalampahan.
Cinêndhak sang rajaputra sang rajaputri sampun
kalampahan [kala...]
--- 123 ---
[...mpahan] dhaup, bawahanipun sakalangkung agêng,
makajanganipun wontên ing alun-alun ngantos kawan dasa dintên para wadyabala
sami amangun suka awijah-wijah.
Sang rajaputra sang rajaputri rukun anggènipun
palakrama, adamêl êntyarsaning galihipun ingkang rama sang prabu sarta ingkang
ibu sang pramèswari. Andungkap sataun Sang Prabu Pracondha kêkah ing karsa
badhe sumalah[8] dhatêng ingkang putra mantu, pinambêng
dening ingkang raka Sang Prabu Sindhung Aliwawar: botên kenging, namung
kapingin badhe mawiku marêm aningali kawibanipun[9] ingkang putra kemawon.
Ugi sampun kalampahan Radèn Timur jumênêng ratu,
ajêjuluk Sang Prabu Timur kaèstrènan para ratu agêng-agêng ing Ngatasangin
sarta para ratu karerehanipun, suyud ingkang wadyabala, misuwur asmanipun sang
prabu adil paramarta, agêng ganjaranipun [ganjaranipu...]
--- 124 ---
[...n] dhatêng kawula alit, botên towang anguningani
prakawis ingkang andadosakên raharjaning praja, sabên wolung dintên sapisan
têdhak ing pahêmanipun para brahmana angrêmbag pêpakêming praja sarta
sajarahing para lêluhur ing jaman kina punapadene angungsêd sèlèhing têmbung
sarta wêwadining tulis.
Kyai Patih Tanggulangin sakalangkung pirêna ing galih
anguningani gustinipun sang prabu taruna sampun widagda ulah kridhaning praja,
sampun tanpa winaonan, ing galih sampun tega tilar kuwajiban agêng wau punika,
ing wanci dalu lajêng malêbêt ing kadhaton, sowan ing ngarsanipun sang prabu.
Sang prabu nuju lênggah ing panêpèn sawêg anggalih
sastra wedha kalihan brahmana kêkalih ingkang dados galihipun sang prabu, kagèt
dhatêngipun kyai patih, anyana wontên damêl, brahmana kêkalih sampun tinundhung
mêdal, kyai patih kadhawahan majêng sarta
--- 125 ---
kadangu pêrlunipun sowan, kyai patih matur, gusti:
misuwuring asma paduka sae dados pangalêmaning kathah, dhasar mumpuni ing
kawignyan, sampurna ulah praja, matêng ing dugi prayogi, sagêd dhatêng êmpan
papan nuwuhakên manah kawula tega dhatêng ing panjênêngan paduka. Gusti:
sarèhning kawula sampun sêpuh kawula nyuwun kèndêl badhe andhèrèk nyênyèkèl
dhumatêng rama tuwan sang raja pandhita ing dhepok Sadhaka.
Dangu sang prabu botên paring pangandika wangsulan,
galihipun sang prabu kados coplok rêntah dhawah ing siti, pangunandikaning
galih: pira-pira potange wa patih marang praja Marutamanda, saiki wis katon
tuwa, aku wajib malês kang angalèbi saka kabêcikane. Sang prabu mênawi
pêpanggihan piyambak kalihan kyai patih katêlah taksih krama, lajêng ngandika:
Wa andadosakên kagèt sarta pangunguning galih
--- 126 ---
kula anggène pun uwa darbe atur nyuwun kèndêl, sintên
ingkang badhe kula tantun-tantuni mênawi wontên prakawis pêrlu ingkang ngantos
adamêl kawêkèning panggalih kula.
Gusti: kawula badhe botên anegakakên dhumatêng
panjênêngan paduka ing samôngsa-mangsanipun kapundhutan pirêmbak, saèstu badhe
kawula dhanganakên.
Anake pun uwa punika pintên.
Namung kêkalih gusti, ingkang sêpuh èstri kawula
emah-emahakên angsal bupati tamping, ingkang nèm jalêr: pun Samirana kaganjar
rama tuwan Sang Prabu Pracondha kadadosakên mantri anèm lêbêt, mawi andangu
anak gusti.
Kula ragi katambêtan, dhatêng sanèse pun Samirana,
kajawi makatên: kajêng kula sarèhning anake pun uwa jalêr namung pun Samirana,
punika badhe
--- 127 ---
kula angkat dados warôngka kula anggêntosi uwa patih.
Gusti: pun Samirana taksih tuna ing budi, mênawi
adamêl kaduwungipun panggalih paduka.
Kajêngipun uwa, sami tuntun-tuntunan kalihan kula,
kalih dene malih têdhane pun uwa siti ingkang saprapat, kula bêktakakên dados
sêsangune pun uwa andhèrèk kangjêng rama.
Nuwun, gusti, kawula kaparingan kucah têdha. Kyai
patih sampun kalilan mundur.
Ing dintên sênèn kadhawuhan sowan pêpak, botên wontên
ingkang sami anggraita ingkang badhe dados karsanipun sang prabu. Sarêng
kadhawuhakên kèndêlipun kyai patih orêg tiyang sapanangkilan, ananging lajêng
sirêp sami sanalika sarêng kadhawuhakên ingkang sumilih dados warôngka ingkang
putra piyambak Ngabèi Samirana sarta kaganjar nama Radèn Apatih Samirana,
[Sa...]
--- 128 ---
[...mirana,] punapadene kyai patih wrêdha kaparingan
têdha saprapating lênggahipun lami, têtiyang sapasewakan sami suka sukur
bingahing manah angluhurakên asmanipun sang prabu.
Sang Prabu Timur lulus mukti wibawa, jumênêng nata
binathara taksih tinêngga a[10] rama ibu, ing sabên-sabên mangun bujana wiwaha
ingkang rama ibu sami kaaturan têdhak anjênêngi, kyai patih wrêdha andhèrèk,
botên têlas yèn kacariyosna kawibawanipun Sang Prabu Timur.
Kacariyos Sang Prabu Timur sampun kagungan putra
kêkalih pambajêng miyos putri botên kalih kalihan ingkang ibu Dèwi Sumilir,
kaparingan nama dhatêng ingkang eyang Prabu Sindhung Aliwawar: Dèwi
Bantarangin, ingkang rayi miyos kakung kaparingan nama dhatêng ingka[11] eyang Prabu Pracondha: Radèn Prakêmpa,
Sang Prabu Timur lajêng kandhêg botên kagung-kagungan putra malih, kacariyos
[ka...]
--- 129 ---
[...cariyos] Dèwi Bantarangin kados lare kajiman,
limpad ing panggraita, kalêbêtakên ing pawiyatan agêng pinrêtêk ing piwulang
warni-warni, gurunipun tigang dasa nêm, botên namung kawruh ing wanodya
andondomi, nyulam, nênun, nyongkèt, ngalualam, dalasan kawruh ulah praja, ulah
prang, anganggit-anggit putus sadaya, nanging ingkang rayi Radèn Prakêmpa botên
makatên, nampik dhatêng sadaya piwulang malah ing batos amaoni, ciptanipun
salêbêting galih: aku ora dhêmên ginadhang anggêntèni rama prabu, cikbèn bok
ayu Bantarangin bae sing anggêntèni pamikirku: wong sugih dhuwit iku pangwasane
ana sadhuwuring ratu, mulane aku bakal ngawula ing dhuwitku bae, supaya
pangwasaku luwih saka rama prabu, ratu tansah susah anggalih wêtuning balanjane
kang didhahar ing sabên taun, sarta balanjane ingkang para abdi, luwih susah
manèh yèn mêtokake wragading [wraga...]
--- 130 ---
[...ding] prang, prasasat dhuwit disêbar ing laut,
beda bangêt karo wong among dagang marentah wong mung sacukupe, dadi ing
sakarêpe, kabèh uwong prasasat kêna pinarentah, jajah mênyang êndi-êndi ora ana
sing malangi, cêkake kêna ingaranan dununging kamuktèn iku mung ana kapila.
Kacariyos Sang Pangeran Prakêmpa tansah anglirwakakên
pasowanan, karêmênipun kesah andon numpang para juragan ingkang sami dagang
layar, sang pangeran sampurna dhatêng lampah among dagang, sarta sampun nate
ngayoni anglampahakên kagunganipun baita piyambak dagang dhatêng tanah Indhu
kathah kauntunganipun, punika saya majêngakên karsanipun sang pangeran,
kasugihanipun sang pangeran saya andêdêl, gêdhongipun arta kêbak, dhasar
pambêkanipun lumuh pêparing, dalasan ingkang dipun dhahar sadintênipun dipun
cuki, sangêt nguciwani, botên mungguh ing atasipun [ata...]
--- 131 ---
[...sipun] putraning ratu ingkang ginadhang raja,
malah para abdinipun kathah ingkang dipun suwak, namung ngagêm sapêrlunipun
kemawon.
Ingkang rama Sang Prabu Timur rumaos angsal pamêlèhing
dewa dene pêputra kakung kagungan pambêkan ingkang sakalangkung nistha, sadaya
dhawuhipun sang prabu ingkang amurih andadosakên karaharjan: botên dipun gêga,
kapambêngan anggènipun karsa among dagang: botên kenging, malah asring kawêdal
kamipurunipun amaoni karsanipun ingkang rama sarta kawêdal botên kapengin
ginadhang binadhe raja, namung badhe alêlayaran, sang prabu rumaos kawêkèn
amituturi, lajêng kapasrahakên dhumatêng ingkang rama sang raja pandhita
sakalihan.
Ingkang eyang Prabu Sindhung Aliwawar sarta ingkang
eyang Prabu Pracondha sabên-sabên rawuh ing kadipatèn, mituturi dhatêng ingkang
wayah amantunana lampah
--- 132 ---
among dagang, kaawit[12] punika nisthaning satriya, nanging sadaya
pangandikanipun botên dipun gêga, malah saya sêngkut pangupadosipun barang
dagangan ingkang kinintên pajêng wontên ing nagari sanès. Ingkang eyang sami
mutung botên karsa rawuh-rawuh malih dhatêng ing kadipatèn. Kandhêg samantên
cariyosipun nagari Marutamanda.
Kacariyos ing nagari Pôncaruka laladanipun nagari
Marutamanda wontên juragan sugih anama Kyai Bayubajra, misuwur kautamanipun,
rêmên adêdana dhatêng pêkir mêskin, kathah pitulunganipun dhatêng sêsami-sami,
supêkêt dhatêng pangagênging nagari, kontap ing namanipun kyai sudagar kalok
dhatêng liyan praja. Kyai juragan sampun wanci sêpuh dèrèng gadhah anak,
kacipta badhe curês turunipun, ing wanci bakda sêmbahyang ngisa apirêmbagan
kalihan semahipun, têmbungipun:
--- 133 ---
Bokne: kêpriye kang dadi pamikirmu ing bab ênggonku
salaki rabi karo kowe kaya wis tita ora bisa patutan, môngka kasugihaku saya katon
andêdêl, sabarang sing tak karêpake dadi, sing tak cipta katêkan, apa iki
panglulu, saka ing têmbe saora anaku bakal mawut kadarbe ing sanak sadulur akèh
kang ora milu nglakoni panas pêrihe.
Kula ngatên bapakne: wong wadon, sakarsa sampeyan
dados, sampeyan bucala enjing sontên botên ontên sing mambêngi, dhasar kula
ênggih êmpun rumaos awon, botên sagêd anak-anak.
Mêngko ta: mêngko, aku iki caturan, ora arêp padu,
karo dhèk kapan aku tau rêrasan arêp rabi, cilike wis tau ngiwa, kajaba dudu
karêpku, aku wêdi dhêndhaning Allah kalakuanaku
--- 134 ---
kang mangkono iku apa ora wis anelakake yèn aku asih
trêsna marang kowe.
Ênggih sokur nèk mêkotên, sadasa-dasa kêpripun tiyang
êmpun dados bêjane tiyang kêkalih, kêjawi mung dilampahi.
Ora mêngkono bokne, manungsa wajib istiyar, karêpku:
ayo padha nglakoni cêcêgah, aku arêp ngrapa, kowe nyirika iwak ambêkan, sarta
cêgah sahuwat ing dalêm satus dina.
Ênggih: ta, kula wau dhèrèk-dhèrèk mawon, satauna rong
tauna kula botên manah sing mêkotên niku. Benjing Anggara Kasih mawon wiwite,
sakniki Slasa Pon, ngajêng niki Slasa Kliwon (= Anggara Kasih) dados kirang
wolung dintên.
Sampun kalampahan kyai juragan sarta semahipun sami
asêsirih, sarêng sampun pikantuk 100 dintên, wanci lingsir dalu rêmbulan sampun
ngayom,
--- 135 ---
kyai juragan kêkadhar wontên ing latar, tilêm
saliyêpan supêna dipun panggihi tiyang kaki-kaki sarta wicantên:
Kirik kirik, yèn kowe kapingin arêp duwe anak, galo
bayi wadon dibuwang ana ing jaratan kae jupukên, iku turasing ratu patutan karo
sadhèrèke dhewe, sarèhning kang mangkono iku laku nistha murih sirnaning
pocapan ala, mulane jabang bayi iku binuwang: isih sakêmbing-êmbinge, banjur
opènana, bojomu konên borehan nganggo gêtihing bayi iku, ora lawas bojomu
amêsthi ngandhêg.
Kyai juragan kagèt anggènipun tilêm tangi guragapan,
èngêt bilih supêna, lajêng anggugah semahipun panuju tilêm wontên ing trêtêpan,
dipun cariyosi ing bab impènipun wau punika, ingkang èstri gawok mirêngakên,
awit piyambakipun [piyambakipu...]
--- 136 ---
[...n] inggih supêna makatên ugi, sarta inggih lajêng
criyos dhatêng kyai juragan, tiyang kêkalih golong ing pamikir badhe nyatakakên
supênanipun, lajêng sami dhatêng ing jaratan tiyang kêkalih, sayêktos manggih
bayi kados ingkang kasupêna wau, bayi lajêng kabêkta mantuk kaupakara kados
salimrahipun, nyai juragan lajêng adus wuwung angèstokakên wêlingipun kaki
sêpuh, bayi dipun sêsêpi piyambak, mêdal toyanipun susu, dumlundung kalis ing
sêsakit, sarêng sampun ngumur salapan, nyai juragan lajêng angidham-idham
kaworan, kyai juragan botên kenging winiraos ing bingahipun, dene manggih anak,
semahipun ngandhêg, anakipun pupon dipun namakakên Rara Pôncawati sarêng sampun
ngumur sadasa wulan, nyai juragan gadhah anak mêdal jalêr bagus warninipun,
dipun namakakên Bagus Pôncawora, dintên punika kyai juragan amêngakakên lawang
suka, [su...]
--- 137 ---
[...ka,] adana driyah dhatêng pêkir mêskin, sidêkah
botên wontên pêdhotipun, lulus botên wontên sangsayanipun, lare kêkalih rukun
anggènipun saduluran sarta botên sumêrêp bilih dede sadhèrèkipun, kyai juragan
nyai juragan trêsnanipun dhatêng Rara Pôncawati botên sanès kalihan trêsnanipun
dhatêng anakipun piyambak Bagus Pôncawora, awit kajawi trêsna saking ngêmong
alit mila inggih tansah kèngêtan jalaranipun sagêd gadhah anak saking Rara Pôncawati,
sarêng sampun agêng dipun pêndhêtakên guru, kathah bayaranipun, lare kêkalih
landhêp-landhêp manahipun, samukawis ingkang kawulangakên dening guru: sagêd
nampèni, kathah kasagêdanaipun, sarta limpad panggraitanipun, sarêng sampun
diwasa: anakipun piyambak Bagus Pôncawora dipun emah-emahakên ngantos rambah
kaping pitu bojonipun tansah pêjah-pêjah kemawon dene [de...]
--- 138 ---
[...ne] Rara Pôncawati dipun tantun badhe dipun
emah-emahakên botên purun, sêdyanipun wahdat tanpa laki mila dipun langkahi
adhinipun ngantos rambah kaping pitu, kyai juragan susah ing manah bab panase
anakipun jalêr ngantos dados têtampikanipun têtiyang sanagari: anakipun èstri
botên purun laki.
Kyai juragan sarta nyai juragan sampun sami sêpuh,
sanadyan kasugihanipun botên kenging winiraos, nanging mênawi ngèngêt-èngêt
dhatêng anakipun botên pajêng rabi, lajêng ngandhung susah wusana kyai juragan
ngênês kacandhak ing sakit lajêng ajal, botên gantalan wulan nyai juragan
nututi ajal, lare kêkalih sami lola botên gadhah bapa biyung, sarta sami
kapêksa nindakakên padamêlaning têtiyang sêpuhipun, Bagus Pôncawora sampun
sinêbut nama juragan agêng taksih neneman, pamit dhatêng
--- 139 ---
bakyunipun Rara Pôncawati badhe kesah layaran
angurusakên prakawise bapakipun ingkang wontên para juragan ing nagari sanès,
Rara Pôncawati dipun bêbahi nata prakawising griya, kalampahan juragan neneman
kesah, wontên ing saba paran dangu angurusakên prakawis, antawis satêngah taun
wontên kabar mantuk.
Ing palabuhan nagari Pôncaruka sakalangkung agêng,
pintên-pintên baita dagang ingkang labuh jangkar ing palabuhan, tiyanging baita
katingal angrangap kados wit-witan angarang, baita ingkang abêbanjêngan ingkang
minôngka pulonipun, abyoring dilahing baita tanpa wicalan pindha lintang alihan
pating calorot.
Para juragan jibêg wontên têpining palabuhan,
angêntosi dhatêngipun juragan neneman, ingkang dados gêgêntos dados ulu-uluning
para juragan wau, [wa...]
--- 140 ---
[...u,] botên antawis dangu katingal wontên sakoci
nuju dhatêng ing dharatan, inggih punika ingkang dipun tumpaki juragan neneman,
inggih ingkang dipun êntosi dening para juragan wau, sarêng sampun cêlak sami
surak-surak ngaturi panêmbrama ing dhatêngipun, juragan neneman ataklim sarta
suka panarimah dhatêng para juragan ingkang sami mêthuk wau lajêng sami
lumampah asêsarêngan, nanging juragan neneman sêmu suntrut, katingal prihatos
sangêt, botên mawi wicantên sakêcap ngantos dumugining griyanipun, mila para
juragan botên anglajêngakên ginêman pitakèn bab pêrlunipun, sarêngan lajêng sami
mantuk, sanès dintên kemawon kaangkah badhe têtuwi pitakèn warti ing bab
padamêlan among dagang sarta mitakèkakên pêrlunipun wau punika.
Juragan neneman wau sae lêlabuhanipun, kados jênate
tiyang sêpuhipun Kyai Juragan Bayubajra, [Bayu...]
--- 141 ---
[...bajra,] mila inggih enggal misuwur ing
kautamanipun, saking rêmên adêdana kêncêng dhatêng ing agami, anglampahi
sêmbayang gangsal wêgdal botên nate towong, sanadyan wontên ing saba paran ing
saênggèn-ênggèn sabên wanci wêkdal inggih sêmbayang, sarèhning kyai juragan
dados cacadan ing bab panasipun, amargi sampun semah kaping pitu, rabinipun
tansah pêjah-pêjah kemawon, mila lajêng dados têtampikanipun tiyang sae.
Antukipun kyai juragan dhapur angêndhong susah kèpi
wontên salêting[13] tilêm, kadhatêngan tiyang kaki-kaki
awêwarah, têmbungipun: Pôncawora kowe nuli muliha, awit towe[14] arêp tinêkakake ing janji, aja kongsi kalakon mati
ana ing saba paran, nanging ana iparate[15] yèn kowe bisa nglakoni somah olèh bok
ayumu dhewe Rara Pôncawati iku kowe bakal ora tinêkakake [ti...]
--- 142 ---
[...nêkakake] ing janji malah bisa anak-anak lanang
lan wadon padha wicaksana. Kyai sudagar rumaose sadhèrèkipun inggih namung
satunggal Rara Pôncawati punika dados nama gêdhana gêdhini, sampun sami lola
tinilar ing bapa biyung, botên sumêrêp mênawi sadhèrèk pupon.
Sumôngga mugi kagaliha ribêding manahipun juragan
neneman, badhe pados ucap awon punapa yèn kalampahan asemah kalihan bok
ayunipun piyambak, wah sampun misuwur yèn awakipun dados têtampikanipun tiyang
kathah, dados anggènipun ngrabi sadhèrèk wau saking sampun kabêtah botên pajêng
rabi, kajawi ingkang makatên sangêt pakèwêd utawi rumaos botên sagêd mêdal
ngucap nantun ngrabi dhatêng sadhèrèk, makatên malih susah anggènipun taksih
ênèm sugih rajabrana saupami saèstu tinêkakakên ing janji, sintên ingkang
--- 143 ---
badhe anggadhahi kasugihanipun ingkang botên kenging
winical, pêpuntoning manahipun namung badhe pratela sawantahipun dhatêng Rara
Pôncawati, ing wanci sontên bakda sêmbayang ngisa Rara Pôncawati dipun undang,
Rara Pôncawati dhatêng inggih botên mawi rêringa inggih kados adat sabên,
juragan neneman kèndêl botên sagêd wicantên, ulonipun kados dipun kancing,
ngantos dipun têrang dhatêng Rara Pôncawati, têmbungipun:
Anu apa dhi aku kok undang, apa arêp mangan,
sudhiyane: uwis.
Juragan neneman sêrêt wangsulanipun, Ora arêp madhang,
arêp kôndha impènku dhèk ana ing prau.
Impèn apa.
Kyai juragan lajêng apratela bilih ing bab wau punika,
dèrèng ngantos dumugi Rara Pôncawati ngadêg sarta lara-lara anangis mawi
ngundhat-undhat angundhamana [a...]
--- 144 ---
[...ngundhamana] ing bab awoning tindak ingkang
angêrês-êrêsi punika, saking botên pajêng rabi lajêng ambêbujuk dhatêng
sadhèrèk piyambak.
Juragan neneman botên pisan sakit ing manah awit sampun
lêrês kemawon samantên nêpsune bok ayunipun, sarta botên pisan gadhah cipta yèn
badhe roda paripêksa agêngipun nyênggara macan, têbih ingkang makatên, juragan
neneman namung narimah ing takdir wisesaning Pangeran ingkang Maha Agung. Wiwit
ing dintên punika Rara Pôncawati botên purun kêpanggih kalihan adhinipun sarta
lajêng kèndêlan, juragan neneman inggih lajêng lumuh pêpanggihan lalihan[16] Rara Pôncawati sarta ing batos sampun
anyandèkakên badhe botên mituruti wangsit ingkang kèpi salêbêting tilêm, para
rencangipun kyai juragan jalêr èstri botên wontên sumêrêp sababipun anggène
lurahipun jalêr èstri kèndêlan, [kèndê...]
--- 145 ---
[...lan,] namung dipun nyana sulaya utawi padudon ing
rêmbag kemawon.
Sarêng andungkap tigang wulan, sudagar neneman
nandhang sakit sarta lajêng sangêt kemawon, madal sawarnining jêjampi, Rara
Pôncawati botên kêkirangan pangopènipun, nanging namung dipun pitadosakên
dhatêng ingkang para rencang kemawon, saking mêtêking sakit juragan neneman
ngantos botên èngêt dipun pêtiki dhatêng para rencangipun, Rara Pôncawati kagèt
mirêng pêpêtik wau enggal lumêbêt ing griya sumêrêp adhinipun sampun apindha
layon, lajêng dipun rungkêbi sarta dipun tangisi sarwi asêsambat: dhi, aja
mati, sing tak ngèngèri sapa, salêbêtipun juragan neneman dipun rukêbi,[17] bok ayunipun, pulih pramananipun,
kêkêtêkipun wangsul, sumêrêp dipun tangisi dhatêng Rara Pôncawati rencang
lajêng dipun kèn sami sumingkir, juragan neneman wicantên:
--- 146 ---
Bok ayu ayake iki wahanane wangsiting kèpi sajroning
turu kang wis tak kandhakake marang kowe biyèn kae, dadi yèn kandhaku mau
kotampani ngomandaka: ora wurung aku bakal tumêka ing pati. Wangsulanipun Rara Pôncawati
sarwi anangis, kêpriye dhi yèn kowe mati: aku ora bisa kari, puluh-puluh
kêpriye dhi iya tak turut karêpmu iku anggêre kowe ora mati, nanging yèn nganti
kawruhan wong kene aku ora kêlar nyôngga wirange.
Mêngkono bae bok ayu kowe tak jak andon among dagang,
barang-barangku tak dolane kabèh, sarta aku bakal ora bali mulih mrene.
Iya dhi sakarêpmu anggêre bisa nasabi marang laku
nistha iku.
Wiwit ing dintên wau sudagar neneman lajêng wiwit
saras [sa...]
--- 147 ---
[...ras] sakitipun, sarta sampun nunggil manah kalihan
Rara Pôncawati.
Sasampunipun sudagar neneman mranata bab panyadening
griya saisinipun, sarta pasitèn badhe bidhalipun among dagang namung piyambak,
botên suka dipun nunuti dhatêng para mitranipun sêsamining juragan, punika
adamêl eraming manahe para mitranipun wau, nanging botên sagêd andungkap punapa
ingkang dados wadinipun.
Juragan neneman kalihan Rara Pôncawati, bidhal saking
nagari Pôncaruka lajêng numpak baita ambabar layar dhatêng ing nagari Ngindhu,
amargi saking kasugihan sarta bèrbudinipun juragan neneman, wontên ing Ngindhu
dèrèng dangu lajêng misuwur juragan neneman utami.
Juragan neneman anindakakên padamêlanipun kalayan
kawasisaning budi padhang, dêdaganganipun enggal [eng...]
--- 148 ---
[...gal] pajêng sarta dados pangalêman ing sae sarta
mirahipun, juragan neneman lajêng tumbas pasitèn sacêlaking muara, ing ngriku
dipun adani kadamêl griya, mênggah pasitèn punika wontên ing lêlêngkèhing rêdi
tambênging sagantên, anêngênakên bênawi agêng ingkang anjog ing muara,
angiwakakên pasabinan ingkang koncoran toya saking rêdi, kenging binasakakên
kiwa adhakan, amargi saking baweraning papan pantês dadosa karatoning Raja
Ngindhu.
Juragan neneman adamêl griya papak wangun pasagi,
korinipun sawidak, ing têngah kagodhag margi angin mawi torong pindha angaping
naga dhawah ing usus-usus sagêd angisisi gêdhong-gêdhong saubênging griya,
jarambahipun sela cêndhani kuning marginipun dhatêng kamar kalemekan babut
sulaman wêdalan ing Kusta dilahipun lilin kromprol, pakakènipun [paka...]
--- 149 ---
[...kènipun] pêthakan pêlikan sinilih asih êmas,
têngahing griya ingkang kagodhag mubêng kadamêl patamanan, sela curi rinakit
pindha kêkarang, kadhapur gumuk, lambunging gumuk punika mêdal toyanipun saking
urung-urung tosan pêndhêtan saking rêdi, gumuk karang punika katanêman simbar
sarta lumut ingkang gêsangipun tumèmplèk wontên ing sela, udaling toya
manginggil malêngkung saasta kêpyuripun maradini tanêman ingkang wontên
caluwêkaning gumuk karang, rêrêmbêsanipun ngalêmpak kumriwik anjog ing
balumbang ngêsong dhatêng sukuning gumuk karang kathah minanipun pating sliri
mlêbêt mêdal ing êrong adamêl lam-laming paningal, têmbusanipun anjog ing têlih
toya alirap-lirap lubèr kumruwuk mili turut taritising gêdhong papak
saubêngipun, kangge asah-asah barang rêgêd ingkang mêntas kangge. Padusanipun
adhapur lojèn pasagi wontên ing pojok amrêgil,
--- 150 ---
kayoman dening sêkar kalak kawak, apêpulêtan pindha
balongsonging griya pasiraman, tangèh mênawi kacariyosna rêrêngganing
griyanipun juragan neneman.
Kacariyos kyai juragan sampun asêsuta mêdal dhampit
jalu wanita sami sampurna ing warni botên mambêt sutaning sudagar,
saparipolahipun angiribi putra putrining ratu, bokmênawi kabêkta saking ibu,
sinung aran Jaka Erawana Rara Erawati dumlundung kalis ing sêsakit, lare
kêkalih pinrêtêg ing piwulang, kathah guru-gurunipun ngiras pamong agêng
balanjanipun, awit kyai sudagar bèrbudi botên ngowêl wêdaling arta dhatêng
wragading wêka, anak kêkalih sami bangun turut tansah adamêl ascaryaning
manahipun kyai juragan, lare kêkalih sampun sami diwasa sagêd nyulihi
pandamêlaning bapa biyung, angêrèhakên tiyang têtumbasan jalêr èstri pinatah
--- 151 ---
nyambut damêl wontên ing griya.
Gêntos kacariyos ing nagari Marutamanda,
panjênênganipun Prabu Timur sampun botên sagêd anyabarakên lami-lami malih
amaringi inah dhatêng wangkoting galihipun ingkang putra Pangeran Adipati
Prakêmpa anggènipun tansah among dagang botên kenging pinambêngan,
anglirwakakên pangêmbating prakawis ingkang katindakakên wontên pangadilan
kadipatèn ingkang sampun dados wajib tuwin gêgêbênganipun, namung pinitadosakên
dhatêng santananipun sang prabu, sarta anggènipun sampun botên nate sowan ing
ngarsanipun sang nata, tinimbalan tansah nyuwun pamit, kados gila dhatêng
ingkang rama. Sang prabu kêdah nêtêpi wajibing ratu sanadyan putra bilih sampun
botên kenging kadamêl sae inggih kêdah kaplaksana punapa lêrêsipun, ing ari
Soma sang prabu miyos tinangkil, katingal angêmu duka kumukus netyanipun,
[ne...]
--- 152 ---
[...tyanipun,] ringas pasuryanipun, garap ingkang pangandika
para nayaka andhèr wontên ngarsa konjêm amarikêlu, kyai patih lênggahipun
kapara ngajêng, sang prabu andhawuhakên pangandika dhatêng kyai patih: Kakang
Samirana, sarèhning putraningsun Pangeran Adipati Prakêmpa têtela yèn ora kêna
ingsun galih sayogane, tansah laku nistha dhêmên among dagang tinggal
kautamaning satriya ambaèkake sabarang parentah ingsun, ing mêngko ingsun
anêtêpi wajibing ratu, putraningsun Pangeran Adipati Prakêmpa ingsun rucat
kalungguhane, dene kang ingsun gêntèkake sarèhning putraningsun mung loro
kakung putri, mulane putraningsun putri Dèwi Bantarangin, ingsun gantèkake dadi
pangeran adipati, sarta ingsun gadhang anggêntèni kaprabon ingsun.
Kyai patih sakalangkung kagèt ing galih awit
karsanipun sang prabu botên kadhawuhakên rumiyin, namung [na...]
--- 153 ---
[...mung] kawêngku saking kawicaksanan sarta limpading
panggalih padhang, kyai patih tansah anglênggêr dangu botên ngaturi wangsulan,
para nayaka dhêdhêp tanpa sabawa. Sarèhning kyai patih botên sagêd amaoni
karsanipun sang prabu, dhasar kêdah makatên ngadilipun, kyai patih munjuk
sandika saha lajêng kabyawarakakên ing tiyang sapanangkilan, rucat sarta
jumênêngipun putra putrinipun sang nata. Sarèhning sang pangeran botên sowan,
kyai patih lajêng utusan nayaka kêkalih dhatêng kadipatèn, andhawuhakên
rucatipun, inggih sampun kalampahan saha sampun ngaturi uninga ing sang prabu,
lajêng kabyawarakakên dhatêng sajawining nagari tuwin dhatêng kitha-kitha bawah
nagari Marutamanda ing bab rucat sarta jumênêngipun putra putrinipun sang nata
wau inggih ugi sampun kalampahan.
Pangadilan kadipatèn sapun[18] kapasrahakên dhumatêng sang
--- 154 ---
putri, kaasta wontên salêbêting kadhaton, ing
samôngsa-mangsanipun andhawuhakên karampungan, kadhawahakên sarta kaparingan
tapak asta saking ing kadhaton dhatêng kondhanging pangadilan, amargi saking
limpading panggalih adamêl pangeram-eraming kathah bab jêjêging anggènipun
angadil-adili sang putri, botên wontên tiyang mêsgul, ingkang kawon rumaos ing
kawonipun, ingkang mênang rumaos nampèni pangadilan lêrês.
Kacariyos Sang Pangeran Prakêmpa sarêng anampèni
dhawuh yèn karucat pangkatipun pangeran adipati: têtiyang ingkang mirêng
kemawon sami murinding, dene ngantos samantên dukanipun sang prabu, môngka
putra namung satunggal, punika sang pangeran botên pisan katingal kagèt, malah
katingal pirêna ing galih, kados ical kalilipipun sagênthong, panggalihipun
sampun ludhang badhe botên wontên ingkang [ing...]
--- 155 ---
[...kang] makèwêdi, ing samôngsa-mangsanipun karsa
tindak lêlayaran amêsthi kadugèn, para punggawa paringipun ingkang rama ingkang
minôngka pamong sarta ingkang satyatuhu, wicaksana, sampurna ulah prang sami
kaaturakên wangsul dhumatêng ingkang rama, pagalihipun[19] sang pangeran, punika inggih mindhak
makèwêdi ugi, sang pangeran anyêlakakên bêrah tuwin kuli ingkang rosa-rosa
angkat junjung mawi têtindhih tiyang ingkang ragi mangrêtos dhatêng petang,
abdi arahan ingkang makatên punika panggalihipun sang pangeran langkung
mikantuki, tinimbang punggawa ingkang kathah têdhanipun kasagêdanipun namung
pitutur utawi parentah kemawon, botên tèyèng tumindak angkat junjung piyambak.
Sang pangeran sampun kagungan baita piyambak, ing mangke karsanipun badhe andon
dagang ngantos têtaunan laminipun, kagungan arta dipun kuras katêlasakên sadaya
katumbasakên dagangan warni-warni, ingkang
--- 156 ---
kinintên pajêng wontên ing nagari sanès, wangsulipun
kaangkah badhe ambêkta dagangan ingkang kinintên pajêng wontên ing nagari
Marutamanda, sarêng sampun samêkta kaêmotakên ing baita sadaya, angkatipun
botên pamit dhumatêng ingkang rama, namung tilar wêling dhatêng ingkang ibu yèn
tindakipun lêlayaran badhe lami konduripun, nalika sang pangeran ambabar layar
mangkat saking palabuhan ing Marutamanda kalêrêsan angsal angin sae lêpas
lampahipun, ingkang tinuju ing ênu dhatêng nagari Ngindhu, sarêng lampahipun
dumugi têngah-têngahing sagantên Ngindhu kapêthuk bajag sami anumpak tembo
sarta lajêng ngrampid baita. Para awaking baita sami kagèt sarta ajrih
amapagakên, sadaya dêdamêlipun malah dipun bucali lajêng sami angêdhunakên
tembo saking baita sarta lajêng sami dipun tumpaki sawênèh ambyur ing sagantên
lajêng angrangsang tembo saking kasêsanipun ajrih bilih kacêpêng [ka...]
--- 157 ---
[...cêpêng] ing bajag, sami rêbat koripan
piyambak-piyambak. Sang pangeran sangêt eram ing galih nyumêrêpi
jirih-jirihipun para kuli, kathahing bajag kintên-kintên namung wontên
salangkung, bêrahipun sang pangeran langkung tiyang kalih atus banthuk-banthuk
sarta sami asikêp dêdamêl, punika lajêng gugup asalang tunjang rêbat plajêng
rumiyin, satunggal botên wontên ingkang purun lawan, punika sang pangeran sawêg
sumêrêp yèn pêrlu angangge tiyang sae sakêdhik, tinimbang tiyang awon kathah,
nanging sumêrêpipun sampun kasèp, sang pangeran kantun anggana, kulinipun bibar
sadaya, satunggal botên wontên ingkang kantun, badhe dipun lawan piyambak
rumaos botên kaconggah mêngsah tiyang salangkung, sang pangeran lajêng dipun
cêpêng ing bajag, kabêsta sarta kaêrut ing tiyanging baita, dipun lukari
kapadosan gembolanipun arta, nanging botên wontên, dipun pitakèni wontên ing
--- 158 ---
pundi soroging pêthi arta, sang pangeran kèndêl
kemawon, ing batos taksih kagungan rumaos owêl, kagunganipun arta kathah
sangêt, anggènipun kêklêmpak saking sakêdhik dipun rencangi kangelan sarta
cêgah dhahar eca badhe dipun pêndhêt malaha dhatêng bajag, nanging owêlipun wau
damêl sangsaraning sarira, sang pangeran lajêng dipun gêbagi ing panjalin
ngantos ngêmu rah, saking botên sagêd anahanakên sakit, lajêng blaka ing
pandèkèkipun, wiwit punika sang pangeran sumêrêp dhumawahing bilai agêng
ingkang kasandhang amargi saking kasugihanipun, sarta sumêrêp yèn pituturipun
ingkang rama awanti-wanti ingkang tansah dipun tulak, punika lêrês sadaya, punapadene
sumêrêp yèn kaluhuraning panjênêngan nata beda utawi dede iribanipun kalihan
kaluhuraning sudagar sugih, awit têntrêming sudagar namung bilih kaayoman
prabawaning ratu wontên salêbêting nagari, [na...]
--- 159 ---
[...gari,] sudagar ingkang sawêg alêlayar kados
sariranipun tanpa aji pisan-pisan, gampil rinampas ing bajag, beda kalihan
panjênêngan ratu ingkang alêlayar andon prang, kajèn kèringan ing
saênggèn-ênggèn, mênawi kapêthuk bajag, bajagipun niba tangi mlajêngakên
tembonipun sami pados koripan, sadaya kaduwungipun sang pangeran sampun kasèp.
Baitanipun sang pangeran lajêng dipun lampahakên dening bajag, anuju pulo
suwung, dumugining palabuhan lajêng labuh jangkar, sang pangeran lajêng dipun
uculi bêbêstanipun sarta dipun atag ngusungi barang saking ing baita dhatêng
dharat, sang pangeran dèrèng nate anglampahi padamêlan awrat, kapêksa amikuli
barang kathah, bilih rêmbên kagêbag ing panjalin, sariranipun angêmu êrah kados
punapa kemawon raosing galihipun sang pangeran anglampahi padamêlan kados
padamêlanipun tiyang tumbasan, [tumbasa...]
--- 160 ---
[...n,] sarira cape amarlupa ngantos botên sagêd
anggulawat, lajêng dipun kèndêli, bilih sampun ragi pulih kêkuwatanipun dipun
trapakên ing damêl malih, bilih katingal aras-arasên dipun gêbag, makatên ing
sadintên-dintênipun, ngantos barang salêbêting baita mêntas sadaya, baita
lajêng dipun bur kèrêm wontên ing ngriku, sang pangeran sariranipun
gagrakusika, tobat kaping sèwu dhumatêng ingkang rama, anggènipun amaoni karsa
saha botên miturut piwulangipun, punagi salêbêting galih kapok sajêgipun gêsang
yèn kamipuruna malih dhatêng ingkang rama bilih sariranipun sagêd mêntas saking
sangsara.
Mênggah griyaning bajag-bajag wau wontên
èrèng-èrènging ardi ingkang ngongkang sagantên, pangagênging bajag amatah dhatêng
kalerehanipun, sabên dintên lampah giliran tiyang salangkung-salangkung dipun
kèn ambêbegal wontên ing sagantên, sarta wontên ingkang [ing...]
--- 161 ---
[...kang] kapatah nyade barang pikantukipun ambêbegal
dhatêng nagari sanès-sanèsipun, antukipun ambêkta têtumbasan kabêtahaning
griya. Sang pangeran botên kalap ing damêl tansah sêsakitên, kajênging bajag
badhe kapêjahan kemawon, utawi kacêmplungakên ing sagantên, sang pangeran
mirêng rêmbag ingkang anggêgirisi wau alit galihipun, sanadyan sampun wontên
salêbêting sangsara ingkang tanpa timbang inggih taksih owêl dhumatêng manising
gêsang, asrêp galihipun sarêng pangagênging bajag botên suka namung akèn ambêkta
sang pangeran dhatêng nagari Ngindhu kasadea wontên ing ngriku, awit ing nagari
Ngindhu taksih kêlampah sade tinumbas tiyang, kinintên sang pangeran kathah
aosipun, warninipun sae kathah kasagêdanipun, namung angêntosi ing
samôngsa-mangsanipun sang pangeran sampun sakeca sakitipun lajêng badhe kasade
dhatêng Ngindhu, sarêng sampun [sampu...]
--- 162 ---
[...n] sakeca inggih lajêng dipun angkatakên.
Gêntos kacariyos, Kyai Juragan Pôncawora Nyai Juragan
Pôncawati sampun dangu amanah jodhone anakipun, nanging botên wontên ingkang
panuju ing manah, nuju satunggil dintên kyai juragan kadhatêngan tiyang amindha
juragan, sade tiyang tumbasan satunggal abagus warninipun, nanging awakipun
sangêt risak angantawisi dening kawratan ing damêl, kyai juragan inggih sampun
sumêrêp yèn ingkang mindha juragan wau: bajag, nanging apitambuh. Tiyang
tumbasan dipun tawèkakên gangsal atus dinar, amargi kathah kasagêdanipun,
pareyalan inggih sagêd. Ing batos kyai juragan sampun angajêngi, awit kalêrêsan
botên gadhah pareyalan, nanging samudana nampik, têmbungipun: kula botên golèk
tukon wong bagus, golèk tukon wong ayu, sanadyan luwih larang mêlih: kula
[ku...]
--- 163 ---
[...la] arêp. Pareyalan kula êmpun duwe.
Ingkang mindha juragan, sampeyan tumbas samurwatipun
kemawon kula suka, amargi kula bêtah arta.
Juragan, yèn awèh satus dinar, kula tuku.
Ingkang mindha juragan, sumôngga: satus dinar kula
caosakên, sarêng sampun tampi bayaran sarta amasrahakên tiyang tumbasan, lajêng
nulak wangsul ambayar[20] layar mantuk.
Kyai juragan wêlas sangêt ningali dhatêng tumbasanipun
jêjaka, wicantênipun: thole aku arêp sumurup jênêng lan kang ayoga marang kowe:
sapa, pinangkamu saka ing nagara ngêndi, sababe kowe dadi wong tukon kêpriye.
Sang pangeran dipun pitakèni bab wau punika dangu
botên mangsuli, kamanah ing dalêm batos, badhe prasaja sumêlang mênawi botên
sae kadadosanipun, awit nama anglêngkara bilih pangeran adipati [adi...]
--- 164 ---
[...pati] anom, gadhah tindak nistha alampah dagang
ijèn namung kalayan bêrahipun kemawon, punika badhe sagêd anuwuhakên
pamaibênipun kyai juragan, pinanggihing pambudi lajêng amangsuli: kumbi, nama
kula pun Bayu anaking juragan ing nagari Marutamanda, tumut dagang layar pun
bapa dhatêng ing nagari pundi-pundi, wusana manggih tiwas wontên têngah lautan
kabegal ing bajag, bapa kula sarta awaking baita sami kapêjahan, sawênèh kacêgurakên
ing sagantên, namung kula piyambak ingkang dipun gêsangi, sarta lajêng
kapatrapakên ing padamêlan awrat, wusana kasade dhatêng sampeyan punika.
Kyai juragan nyatakakên wicantêning jêjaka, punapa
têmên sagêd kawruh among dagang, sang pangeran dipun dadar ing kasagêdan bab
lampahing kasudagaran, atumbas sarta asade barang, punapadene lampahing
padagangan candhak kulak wontên ing purug, sang pangeran [pangera...]
--- 165 ---
[...n] amangsuli pratitis, malah kyai juragan rumaos
kawon wêgig, Jaka Bayu lajêng dipun kanthi dados kondhang nindakakên padamêlan
awrat, lampahing sade tinumbas botên nate kablowok, lampahing tangguh awis
mirahing dêdagangan, botên nate nguciwani, lampahing petang arta botên nate
kisruh, awit saking punika adamêl rêntahing manahipun kyai sudagar, Jaka Bayu
kawêdalakên saking tiyang tumbasan, sarta kaganjar arta kathahipun sèwu uwang
mas.
Jaka Bayu sakalangkung kagèt amirêngakên wicantênipun
kyai juragan, asuka kadarman agêng makatên, lajêng amangsuli: sakalangkung ing
panuwun kula kyai, kula kawêdalakên saking tiyang têtumbasan, namung pêparing
sampeyan arta sèwu uwang mas, punika kula aturakên wangsul, amargi botên wontên
pêrlunipun mênggahing kula, kula sampun narimah namung nampèni [na...]
--- 166 ---
[...mpèni] pêpancèning sandhang têdha kemawon (ing
pagêdhonganipun, Ki Jaka Bayu sampun apratignya ing salami-laminipun badhe
botên gadhah rêmên dhatêng yatra kados ingkang sampun, kajawi namung badhe
nindakakên pangwasaning yatra bilih ing têmbe sagêd gadhah arta kados waunipun.
Awit sampun nate anglampahi rêmên dhatêng yatra sarta sampun kalampahan sagêd
simpên pintên-pintên èwu mantên, artanipun pêthak ngantos dipun kulah,
artanipun êmas dipun dèkèk ing pêthi wêsi ngantos bêntêt, arta samantên wau
saupami dipun tindakakên pangwasanipun, amêsthi ngungkuli pangwasanipun ratu
ing alam dunya ingkang agêng piyambak, sarêng botên makatên, malah dados
wisaning gêsangipun, sadaya artanipun kabêskup ing bajag, wêwah-wêwah badanipun
pinisakit lajêng kasade dados tiyang têtumbasan).
Kyai juragan eram ing manah dene Jaka Bayu
--- 167 ---
katingal kautamanipun botên ajêng dipun sukani yatra,
kyai juragan saya sih trêsna, ciptaning batos, Jaka Bayu badhe kapêndhêt mantu
piyambak, lajêng dipun sadulurakên kalihan anakipun jalêr Jaka Erawana, awit
têtela yèn dede tiyang pidak pandarakan, kajawi saking pratelanipun Jaka Bayu
piyambak, inggih katitik saking solah bawa musna-muni,[21] punika ingkang dados panêngêran agêng,
sadaya amratandhani yèn Jaka Bayu asalipun tiyang sae, tuwin katitik bagus ing
warni botên kuciwa kadhaupakên kalihan anakipun Rara Erawati, namung kantun
angêntosi môngsa nipising padamêlan kemawon, sarta jangkêpipun Jaka Bayu mawi
katantun rumiyin, dados botên kuciwa ing sêmu, sanadyan ing batos dipun
tamtokakên ajêng, awit saking anakipun ayu tanpa cacad sarta kathah
kasagêdanipun, wah Jaka Bayu kawisesa wontên ing tanganipun, nanging [na...]
--- 168 ---
[...nging] prayoginipun badhe mawi tatakrami:
katantun, dados nama botên rabi pêksan saking kawisesa wau.
Gêntos kacariyos Sang Prabu Timur sampun midhangêt yèn
ingkang putra Sang Pangeran Prakêmpa andon lêlayaran pamitipun dhatêng ingkang
rayi sang pramèswari badhe lami konduripun, sanadyan ingkang putra pugal botên
mituhu dhatêng pituturing bapa, ewadene sang prabu taksih kagungan marma,
dhawuh amêmanuki ing lampahipun lêlayaran ingkang putra, bokbilih amanggih
bêncana wontên ing saba paran, kasaru lêbêtipun Kyai Patih Samirana, sang prabu
angintên bilih wontên damêl, lajêng kadangu: kakang baya ana gawe kang wigati
dene lêbunira ora kalawan ingsun timbali.
Kawula nuwun, gusti, kawula angunjuki uninga abdinipun
putra tuwan ingkang sami andhèrèk lêlayaran [lê...]
--- 169 ---
[...layaran] sami mantuk kalayan kasarakat, pisah
kalihan gustinipun, amargi kabegal ing bajag wontên ing sagantên Ngindhu,
barang isining baita karampas sadaya, putra paduka sang pangeran kacêpêng ing
bajag lajêng kabêkta dhatê[22] padununganipun, kilap lajêng kasedanan
utawi kagêsangan.
Sang prabu kumêpyur ing galih ngantos angrêntahakên
waspa, ketang wêlas dhumatêng ingkang putra, lajêng angandika: kakang sira
amataha abdiningsun prajurit sinêlir sabragada mawa têtindhih angrêbuta Si
Prakêmpa, yèn kêna aja kongsi tumêka ing pati, mêsakake, ala-ala yèn isih urip,
anaa sadulure nini putri.
Kyai patih tumut bela karuna midhangêt mêmêlasing
pangandikanipun sang prabu, unjukipun sandika sarta lajêng adhêdhawuh
samêktaning dêdamêl prang, lajêng bidhal ginêlak lampahing prajurit, mancal ing
baita ambabar [a...]
--- 170 ---
[...mbabar] layar kalêrêsan angsal angin sae sampun
dumugi palabuhan padununganipun bajag, enggal minggah angrampid rêdi, bajag
sami kagegeran kadhatêngan prajurit sami ambêbahak sarta amêmêjahi tiyang tanpa
dosa, wontên ingkang lawan kèlês botên môngga puliha, para bajag sasisanipun
ingkang pêjah sami bibar asarsaran lumajêng dhatêng ing wana sarta malêbêt ing
jêjurang, sang pangeran botên sagêd pinanggih, amargi sampun kalajêng dipun
angkatakên dhatêng ing Ngindhu, para prajurit kandhêg anggènipun angrisak
padununganipun bajag, wusana angsal pitakenan semahing bajag ingkang kacêpêng
yèn sang pangeran taksih sugêng botên kapêjahan, nanging sampun kêlajêng dipun
sade dhatêng Ngindhu, dèrèng dangu angkatipun, para prajurit lajêng bidhal
saking padununganing bajag ngrantun dhatêng ing Ngindhu. Sadumuginipun ing
Ngindhu lajêng malêbêt dhatêng nagari lampahipun parênca [pa...]
--- 171 ---
[...rênca] sami pitakèn dhatêng para juragan punapa
wontên ingkang mêntas tumbas tiyang nama Prakêmpa, winangsulan: botên, sarta
sami nêdahakên tiyangipun têtumbasan, para utusan dangu analasah wontên ing
wêwêngkonipun nagari Ngindhu, ananging mêksa botên angsal damêl, sarèhning
sampun tita pangupadosipun botên sagêd pinanggih, giliging rêmbagipun kêdah
wangsul mantuk angaturi uninga ing Sang Prabu Timur, lajêng bêdhol jangkar
ambabar layar mantuk dhatêng nagari Marutamanda. Botên kacariyos lampahing
margi sampun dumugi ing nagari Marutamanda sarta lajêng ngaturi uninga ing Sang
Prabu Timur, nyorahakên sadaya lampah-lampahipun titi botên wontên ingkang
kalangkungan, sang prabu lêgêg ing galih gèk wontên ing pundi dununging
putranipun, asrêping galih dene botên pinêjahan, karsanipun sang prabu badhe
dipun sarirani piyambak kapadosan dhatêng Ngindhu pitêpang [pi...]
--- 172 ---
[...têpang] kalihan nata ing Ngindhu nyuwun
pitulungipun anggaledhah tiyang sapraja, sarèhning badhe alêlampah dangu, sang
nata mawi mranata nagari ingkang badhe kapasrahan ing sapêngkêripun tindakan,
panggalihipun sang nata ingkang putra sang putri kados sampun kenging
kapasrahan padamêlan agêng punika, namung kantun anggalih kondhangipun kemawon,
awit kyai patih badhe kakarsakakên andhèrèk, salêbêtipun sang prabu tata-tata,
ingkang putra sang putri kacandhak ing gêrah panas, sarta lajêng sangêt
kemawon, madal sawarnining jêjampi wusana lajêng gêrah kênganglangan,
sariranipun kantun gagrakusika sangêt orêming galihipun sang nata sarta sang
pramèswari Dèwi Sumilir, tansah amuwuni, galihipun sang prabu pêcah dados
kalih, putra kakung dèrèng kinantên pêjah gêsangipun, putra putri gêrah
angranuhi, wusana saking kawêkèning galih daya-daya ingkang putra sagêda
[sagê...]
--- 173 ---
[...da] sênggang lajêng kadamêl sayêmbara, sintên
ingkang sagêd nyênggangakên gêrahipun sang putri kaêbang dados jatukramanipun,
sarta kaangkat dados nayakaning praja, pintên-pintên dhukun utawi tabit[23] sowan ing karaton ngusadani sang putri,
nanging cabar botên wontên ingkang angsal damêl.
Gêntos kacariyos anakipun juragan Pôncawora: Jaka
Erawana, bagus ing warni kathah kasagêdanipun, nanging sulaya kalihan
wêwatêkaning bapakipun, botên rêmên lampah among dagang, ingkang dipun rêmêni
dhatêng kapriyayèn, nêdha lilah dhatêng bapakipun suwita ing ratu, nanging
botên dipun lilani, sarta dipun sêrêpakên yèn kapriyayèn punika awrat
pikulanipun, botên kenging sinanggi miring sarta botên kenging rinoban ing
yatra, dene bilih sampun kalampahan dados tiyang agêng saya agêng
kasusahanipun, kathah ingkang dipun manah sarta
--- 174 ---
kathah têtanggêlanipun, lêpat-lêpat sagêd dhumawah ing
papa, aundur[24] saking kalênggahanipun, beda kalihan
lampah among dagang ngèngèr wontên pangwasaning artanipun piyambak, botên
wontên ingkang maoni sarta nglêpatakên, akathah-kathah pituturipun kyai
juragan, ananging Jaka Erawana ing batos botên mituhu, namung ajrih amaoni
kajênging bapa, mila dipun lampahi gêgramèn kalayan prihatosing manah, sanadyan
kêcèh arta botên adamêl bingahing manahipun, ing satunggal dintên Jaka Erawana
mirêng saking cariyosipun nakoda ingkang sawêg dhatêng saking lêlayaran, yèn
ing nagari Marutamanda ngadêgakên sayêmbara pamulyaning gêrah mawi pangêbang
ganjaran putri sarta pangkat agêng. Jaka Erawana kados dipun unggar manahipun,
rumaos sagêd angadêgi sayêmbara wau sarta rumaos sagêd anampèni ganjaran agêng
punika, amargi Jaka Erawana [E...]
--- 175 ---
[...rawana] limpad dhatêng ngèlmi padhukunan, nêlas
paguronipun, sarta sagêd ngèlmi daya prabawa. Jaka Erawana nilip lampah botên
pamitan dhatêng bapakipun, kêsah kalihan rencangipun sakawan anumpak baita
cêmplon, bablas ambabar layar nuju dhatêng ing nagari Marutamanda, lêstantun
lampahipun, dumugi ing pabeyan sumêrêp undhang-undhang katèmplèkakên ing
balabag bapang wontên ing prapatan, dipun ungêlakên tètès kados carisoying
nangkoda, Jaka Erawana lajêng lumampah ijèn malêbêt ing nagari, rencangipun
dipun tilar wontên ing baita, dumugi ing panitèn, Jaka Erawana dipun andhêg dening
juru panuksma awit solah bawanipun angantawisi bilih tiyang amônca sarta lajêng
kagledhah pinanggih ing gembolanipun arta êmas sakanthong, dipun pitakèni,
ngakên arta punika artanipun piyambak, kangge sangu kêkesahan, [kêkesah...]
--- 176 ---
[...an,] saha arta sambêtan punika sapele ingatase
piyambakipun, awit piyambakipun anaking sudagar ing nagari Ngindhu, juru
panuksma saya kirang sakeca manahingpun,[25] mokal yèn têmêna makatên, awit tiyang
lumampah ijèn tanpa kanthi, ambêkta arta êmas samantên kathahipun, amêsthi
anggènipun nyolong, Jaka Erawana lajêng dipun cêpêng kadakwa lampah samar,
nanging yatranipun êmas sakanthong kabêskup, botên kaladosakên ing parentah,
Jaka Erawana kalêbêtakên ing kunjara, sarta lajêng kaleban prakawis
sanès-sanèsipun ingkang pêrlu, ngantos nêm wulan wontên ing kunjara botên
katindakakên prakawisirpun[26] dèning jaksa, awit juru panuksma
ingkang gadhah lêladosan dèrèng ngladosakên papriksan lajêng los saking bale
griyanipun, saanak putunipun sadaya, adamêl kamuktèn wontên ing panggenan sanès
saking kasugihanipun [kasugih...]
--- 177 ---
[...anipun] rampasan arta êmas sakanthong wau.
Kacariyos sang prabu sabên dintên wiyosan jumênêngan
sataun sapisan, rawuh ing kunjaran, amriksani kawontêning pasakitan, sarta
sabên-sabên asring amaringi pangapuntên utawi maringi sudaning paukumanipun
pasakitan ingkang sampun anglampahi paukuman, sanadyan sang nata wontên
salêbêting prihatos, inggih botên karsa anglirwakakên padamêlan ingkang sampun
katamtokakên. Rawuhipun ing kunjaran, sang prabu kagèt amriksa pasakitan jêjaka
bagus, botên pantês yèn anglampahana kadurjanan, sang prabu adatipun botên nate
karsa andangu prakawising pasakitan ingkang sawêg katindakakên utawi ingkang
taksih gumantung prakawisipun, namung andangu prakawising pasakitan ingkang
sampun rampungan kemawon, sarta unjukipun jaksa kêdah kalayan cêkak,
prakawisipun
--- 178 ---
ngakên mungkiripun, enggal laminipun, kantun pintên
paukumanipun, punika botên makatên, sang prabu botên andangu prakawising
pasakitan ingkang sampun kasudhiyakakên kados sabên, andangu prakawising
pasakitan Jaka bagus, jaksa gugup awit dèrèng nindakakên prakawisipun, matur
bilih kasupèn, nanging sang nata botên duka, malah karsa andangu dhatêng
pasakitan piyambak. Lêlaran kang kaya sira, apa sira ora olèh piwulanging wong
atuwanira dene kongsi anglakoni panggawe kadurjanan, apa kang sira lakoni.
Dhuh gusti ratu kêkasihing Allah ingkang misuwur ambêk
paramarta paring usada ing karogan, paring boga ing kalapan, paring têkên ing
kalunyon, saha kontap ing kautaman paduka angèbêki jagad, dhasar sumbaga
wirotama, para ratu sami sumêmbah angèstupada botên kalayan pinukul ing prang,
awit [awi...]
--- 179 ---
[...t] saking kasudarman paduka ingkang minôngka
sarana dêdamêl pamunahing ripu sakti, sarèh paduka ingkang angenggalakên
suyuding para nata. Dhuh gusti unjuk kawula mênggahing pandangu paduka botên
wontên titahing Allah kalêbêt ing siksa namung tiyang ingkang lampah awon,
amargi saking kamlaratanipun, sanadyan tiyang ingkang lampah sae: inggih saking
kasaenanipun ingkang dipun andêl-andêlakên, sarta tiyang sugih inggih saking
kasugihanipun ingkang adamêl botên marêm-marêming manahipun, tiyang pintêr inggih
saking kapintêranipun ingkang dipun unggul-unggulakên, sadaya punika botên
sagêd oncat saking wisesaning Pangeran, ananging punapa karsanipun Pangeran
amurih awon minôngka pamalêsing kalêpatan: punika botên, sayêktosipun karsaning
Allah mênggahing manungsa namung amurih sae.
Ingsun eram miyarsakake aturira atètèh [atè...]
--- 180 ---
[...tèh] titih iku nelakake yèn sira kadunungan
kawicaksanan, sarta nelakake yèn sira wong bêcik lan wong sugih kêna paekaning
satru nganti bisa kalêbu ing pidana, apadene nelakake yèn sira wong agama
Islam, apa ora mangkono.
Dhuh gusti: ratu binara,[27] ingkang abdi sirik ngaturakên
mênggahing kasaenan kawula, sami ugi kawula angalêm dhatêng badan kawula
piyambak, awit punika ingkang kawula anggêp wijining kalêpatan prasasat nêdha
wisa mandi, ananging punapa manungsa botên ngudi witing kasaenan supados sagêd
nampèni wohing kautaman, ingkang dipun margèni saking kasagêdan, punika tiyang
wicaksana ingkang misuwurakên, dede badanipun piyambak, utawi dede tiyang juru
panggunggung. Makatên malih ingkang abdi sirik ngaturakên tiyang ingkang miawon
dhumatêng kawula, awit malah punika ingkang
--- 181 ---
kawula anggêp mitulungi dhumatêng kawula, sagêd kawula
kapanggih kalihan ratuning bumi kados panjênêngan paduka, dados kawula taksih
kasambutan dèrèng suka panarimah.
Apa ingsun bakal kapêpêtan tumindake prakaranira
dening panggawenira dhewe.
Gusti, punapa wontên prakawis ingkang winados badhe
botên pêcah utawi botên kasumêrêpan ing sanès, ngantos bêjading jagad, kados
botên.
Ingsun ora maoni marang tekadira, nanging ingsun wajib
angrampungi prakarane lêlaran sajroning kunjaran, aranira sapa, kawijilanira
ing ngêndi, agamanira apa, sêdyanira marang ngêndi, gonira kalêbu ing kunjaran
kadakwa apa.
Kawula nuwun gusti: nama kawula pun Erawana, anakipun
juragan ing nagari Ngindhu, agami kawula Islam, [I...]
--- 182 ---
[...slam,] sêdya kawula badhe sowan ing panjênêngan
paduka, dene anggèn kawula kalêbêt ing kunjaran amargi kadakwa lampah
nyalawados saking bêbêktan kawula yatra sangu kêkathahên, punika ingkang
murugakên bilai kawula saha ingkang kawula anggêp kabêgjan agêng.
Kêpriye têgêse aturira iku lan kêpriye goningsun bisa
ngandêl marang aturira.
Kawula nuwun, bilai kawula amargi kalêbêt ing kunjara,
bêgja kawula badhe sagêd kadugèn sêdya kawula, saha ing têmbe panjênêngan
paduka sagêd nguningani nyatanipun punapa ingkang kawula aturakên.
Kabêgjan apa kang wus sira têmu.
Kawula nuwun, sêdya kawula sowan ing ngarsa paduka
sampun sagêd kalampahan.
Iya bênêr sira wis ana ing ngarsaningsun, ananging apa
[a...]
--- 183 ---
[...pa] aran bêgja, mulane ingsun kapengin sumurup apa
kang dadi karêpira.
Kawula nuwun gusti, awit saking sampun wontên lilah
paduka kalilan anglairakên sêdya kawula, kawula nuwun mênggah sêdya kawula wau
badhe ngadêgi sayêmbara pamulyaning gêrahipun putra paduka sang rajaputri.
Sang nata sakalangkung kagèt ing galih dene Jaka
Erawana kaconggah ngadêgi sayêmbara, gèk punapa ingkang kangge sarana
mulyakakên gêrahipun ingkang putra, awit para tabit ingkang puljul[28] ing kawruh panênungan, sami cabar ing
damêl, ewadene badhe kacoba kapriksa mênggahing kasagêdanipun, paribasanipun
wontên: giri lusi, janma tan kêna ingina, sang nata lajêng angandika: apa sira
wis anggêguru bab ngèlmu padhukunan.
Kawula nuwun gusti, saking pamardinipun bapa kawula
pinrêtêk [pi...]
--- 184 ---
[...nrêtêk] ing piwulang kawruh warni-warni wontên ugi
tandhanipun kasagêdan kawula saking para guru sawatawis, nanging ingkang
langkung pêrlu kalangkunganing manungsa botên saking wêwarahing guru, saking
kalêpasaning budi padhang. Usada saking juru ngracik jampi punika beda kalihan
usada pêparinging Allah ingkang mijil saking kalêpasan, anggènipun matur kalihan
nyaosakên sêrat sabongkok saking para gurunipun warni-warni sarta kathah
ingkang sanès bôngsa.
Sang nata sakalangkung ngungun anguningani sêrat-sêrat
pratandhaning kasagêdan kathahipun 36 cocog kados tangguhipun sang nata
salêbêting galih, yèn jêjaka punika dede tiyang sabarangan, sang nata lajêng
adhêdhawah dhumatêng jaksa kinèn angluwari Jaka Erawana saking kunjaran sarta
lajêng ingandikakakên dhèrèk tindakipun sang nata. Wontên ing pôncaniti sang
nata kèndêl pinarak sinewaka, Kyai [Kya...]
--- 185 ---
[...i] Patih Samirana ingandikan majêng angirida Jaka
Erawana, sarta lajêng kadangu, ing mêngko sira wus kalakon malêbu sayêmbara
pamulyaning gêrahe putriningsun nini putri ana ing ngarsaningsun, lah ing
mêngko kapriye kang dadi lêkase karêpira, apa sira ngêtrapake isarat utawa
têtumbal, lan ngêmpakake gêndam, guna dhêsthi tuwin donga panênungan, apadene
namakake têtômba sapanunggalane.
Kawula nuwun gusti, sadaya punika botên dados sarana
pamulyaning gêrahipun putra tuwan, namung kawula nyuwun lilah kapanggih ing
putra paduka badhe kawula tarik alusipun dening kawruh daya prabawa.
Sang prabu rêngu ing galih amidhangêtakên kamipuruning
aturipun Jaka Erawana nyuwun kapanggih ingkang putra sang putri dhawuhipun, iya
bakal ingsun pituruti [pituru...]
--- 186 ---
[...ti] aturira, nanging yèn cabar gawenira, amêsthi
sira ingsun kêthok gulunira padha ing sanalika iku.
Kawula nuwun gusti, punika pangandika ingkang pantês
kawula luhurakên, sarta badhe kawula lampahi kalayan eklasing manah anglampahi
paukuman pêjah, bilih kawula botên sagêd ngantasi[29] damêl.
Jaka Erawana lajêng kadhawuhan ngirid malêbat dhatêng
ing kadhaton, sang putri gêrahipun saya ngranuhi, rinubung ing êmban cèthi
parêkan, sarta tansah tinangisan dhatêng ingkang ibu. Dhatênging utusan ngirid
Jaka Erawana lajêng munjuk sang pramèswari, gusti sowan kawula kautus raka
paduka sang prabu angirid pisowanipun dhukun neneman sagah amulyakakên
gêrahipun putra paduka sang putri.
Sang pramèswari angandika, aku nganti rumasa jêlèh
nampani dhukun paringe sang prabu, siji ora ana kang olèh gawe, mung padha
umbag, ngumbakake kapintêrane, [kapi...]
--- 187 ---
[...ntêrane,] pêrlune olèha opahan pangangacêmonge,
iki manèh sing isih bocah yèn ngêntasana gawe.
Kawula nuwun gusti, sanadyan taksih lare nanging kados
kenging pinitados, awit kathah kasagêdanipun.
Coba timbalana mrene.
Kawula nuwun, inggih sandika, Jaka Erawana lajêng
kèrid ing lampahipun utusan, dumugi ing ngarsanipun sang pramèswari lênggah
konjêm ing siti, sang pramèswari rêsêp ningali, ciptaning galih: bocah iki
bêcik têmên trêpsilane, dhasar bagus amêrak ati, patut dadia mantuku, muga anaa
pitulunging dewa bisa angêntasi gawe. Sang pramèswari angandika: bagea kowe:
dhukun nonoman kang ngadêgi sayêmbara pamulyaning larane nini putri, aku bungah
bangêt yèn kowe bisa ngêntasi gawe,
--- 188 ---
nanging yèn nganti cabar, umurmu amêsthi katêkêm ana
wêwênange sang prabu, kang mangkono iku apa ora gawe marasing atimu.
Kawula nuwun gusti narpadayita ingkang pinuji ing
jagad, sakalangkung panuwun saha pamundhi kawula sih marmanipun gusti kawula,
punika sampun kawula sumêrêpi saha sampun kawula sanggêmi, botên langkung
namung pangèstunipun gusti kawula ingkang kawula suwun, sagêda angsal damêl.
Lah saiki apa kang bakal kotindakake.
Kawula nuwun, mênawi kalilan kawula nyuwun kapanggih
putra paduka sang putri, badhe kawula sumêrêpi punapa ingkang dados talajêring
gêrahipun, punapa namung cêkap mawi usada kemawon, punapa kêdah mawi kadêmèk
ing tangan.
Saiki nini putri lagi turu, wis têlung dina
ngagak-agak ora ngliyêp.
--- 189 ---
Punika malah kêlêrêsan gusti, awit lampahing rah
kenging katitik saking kêndho kêncênging ambêkan.
Jaka Erawana lajêng kairid piyambak dening sang
rajaputri dumugi ing gêdhong pasarean, sang putri kapanggih sare miring
katingal ototking[30] jangganipun anggalêr cêmêng, Jaka
Erawana lajêng sumêrêp kemawon yèn ingkang dados jalaraning gêrahipun sang dèwi
saking otot ingkang anjog ing sirah kagubêt ing bayu ijêm, lajêng dipun pijêt
alon kawangsulakên ing ênggènipun lami, sang putri nglilir saking sare sampun
waluya jati, lajêng dipun rangkul dhatêng ingkang ibu sang pramèswari, sarta
lajêng enggal angaturi uninga ing sang prabu ing sêngganging gêrahipun ingkang
putra, sang nata gupuh têdhak ing kaputrèn, ingkang putra lajêng rinangkul
sarta adhêdhawuh dhumatêng Jaka Erawana sangêt ing suka bingahipun sang prabu,
Jaka [Ja...]
--- 190 ---
[...ka] Erawana kadhawuhan mundur kaparingakên dhatêng
kyai patih, sarta lajêng ingandikakakên sinau ulah praja, andhèrèk sarta
angladosi kyai patih, lajêng kakarsakakên tumut angrêmbag prakawis, botên
antawis lami katitik kasagêdanipun sarta sugih wiweka agêng kasujananipun, sang
prabu sakalangkung pirêna ing galih lajêng kaangkat dados mantri anèm, botên
lami kaangkat malih dados bupati tamping, wusana kaangkat dados nayakaning
praja sarta kapacang dados jatukramanipun sang putri badhe kalampahan tumuntên,
punapadene kagadhang badhe dados pamongipun sang putri bilih sampun jumênêng
anggêntosi ingkang rama.
Gêntos kacariyos, kados sarêng lampahipun, Kyai
Juragan Pôncawora sakesahe anakipun Jaka Erawana tanpa pamit, lajêng
angangin-angin lami botên pikantuk pawartos, wusana [wusa...]
--- 191 ---
[...na] angsal kabar têrang kesah ngadêgi sayêmbara
pamulyaning gêrah dhatêng nagari Marutamanda, kyai juragan asrêp ing manah
sarta angajêng-ajêng sagêda angêntasi damêl, awit Jaka Erawana putus ing ngèlmi
padhukunan, kyai juragan asantun cipta, manah anakipun èstri Rara Erawati, sampun
diwasa dèrèng wontên pasanganipun ingkang panuju ing manah, lajêng pirêmbagan
kalihan semahipun Nyai Juragan Pôncawati, têmbungipun:
Bokne: Wis lawas bocahku tukon Jaka Bayu kang wis dak
mardikakake sarta kang banjur dak kanthi dadi kondhangku laku among dagang,
katitik katêmênane sarta akèh kapintêranèh[31] malah kêrêp amaoni karêpku kang kinira
bakal tumiba ing pituna, tak nyatakake apa panêmune: bênêr, upama dak sidakna
aku tumiba ing luput, mulane bangêt pitayaku sarta banjur tak pasrahi bangbang
alum-aluming [a...]
--- 192 ---
[...lum-aluming] padagangan, aku mung kari nampani
pratelan bae, kèh sathithiking dhuwitku kang wis tumindak, utawa kang durung
tumindak, tuwin kang pancèn ora bisa tumindak kudu malêbu ing celengan, dene
kang isih tumindak cundhuk lan kèh sathithiking barange, gunggungane tikêl lan
kang wis kalakon, kasugihaku wis kêna ingaran tanpa wilangan. Ana kang agawe
eraming atiku manèh, Jaka Bayu iku sêpi marang pamrih lan ora dhêmên marang
dhuwit, dak wèhi dhuwit sèwu wang mas dibalèkake, sajêgku urip lagi tumon iki
wong ora dhêmên marang dhuwit. Sarèhning Jaka Bayu iku rupane bagus, kalakuane
bêcik, kandhane anaking juragan gêdhe, wis akèh labête marang aku, karêpku arêp
tak pèk mantu dhewe, mungguh karêpmu kêpriye.
Sadèrèngipun kula amrayogèkakên dhatêng karsa sampeyan
punika. Kula apratela rumiyin, [rumiyi...]
--- 193 ---
[...n,] kula sampun nate pranggulan sapisan kalihan
Jaka Bayu nuju anjênêngi tiyang ngudhunakên soga tingi saking gudhang, kula
pitakèni gita lajêng andhodhok, pitêmbunganipun alus andhap asor ngrêsêpakên
manah. Kula inggih amastani warninipun sae, pantês dados lakinipun putra
sampeyan pun êbèng, nanging mênggahing salira sampeyan punapa badhe botên
angsal pocapan awon mupu tiyang tumbasan, katomah têmên putra sampeyan botên
pajêng laki, môngka sayêktosipun pintên-pintên ingkang sami nakèkakên, anaking
sudagar sugih-sugih tuwin anaking priyantun sami sampeyan tampik, dalah
putraning punggawa inggih sampeyan tampik ugi, glèthèk pêthèlipun napung[32] mupu lare tumbasan, ingkang makatên
punika punapa botên kenging panyakrabawa pun êbèng lampah awon.
--- 194 ---
Kang mangkono iku wis dak sumurupi, ananing mungguhing
aku ora duwe sumêlang pisan-pisan, lan ora gigrig kataman ing ujar ala kang
dudu saka panggaweku, mangkono manèh mungguh yêktining kawruh bêcik iku ora
têdhas ing ala, karodene manèh bêcik mupu wong tukon kang ana ajine tinimbang
milala anaking priyayi kang tanpa aji.
Kula inggih andhèrèk sakarsa sampeyan, namung sok
sampuna matur, dene ing batos kula pancèn amrayogèkakên karsa sampeyan wau,
kalihdene malih mênggahing tiyang èstri bingah anglampahi kirang sandhang kirang
têdha anggêripun kalihan ingkang jalêr tinimbang ingênjong-ênjong nanging
kinamaru, sampun malih botên kêkirangan sandhang têdha botên kinamaru botêna
sangsaya bingah punika dede timbangipun, istingangkah putra sampeyan pun êbèng
malah badhe amisesa dhatêng ingkang jalêr, awit laki [la...]
--- 195 ---
[...ki] angsal lare tumbasan.
O, aja duwe cipta mêngkono bokne, gêdhene kêprungu
marang anakmu si êbèng amêmurung laku kautaman, iku dudu kudangaku yèn anak
wadon misesa marang kang lanang, wajibing wadon mung kudu bêkti marang laki,
yèn ora mêngkono sok ora bêcik dadine, mulane akèh wong wadon laki pindho ping
têlu saka pawitan wani marang wong lanang. Karodene manèh bakal mantumu iku
têtela dudu wong sabarangan, malah kiraku isih têdhaking kusuma rêmbêsing madu,
katitik saka solah bawa muna-muni, bagus alus sarta sêpi marang pamrih tajêm
polatane dene durunge kawadaka mung saka durung ana mangsane kawêdhar bae,
rupane isih ginawe wadi. Ing mêngko kowe nuli tata-tataa sasaput prantine wong
arêp mêmantu, tak arah tumuline kalakon, nanging sarate aja kuciwa ing sêmu
[sê...]
--- 196 ---
[...mu] Jaka Bayu arêp dak tari dhisik gêlême nglakoni
utawa ora, karodene anakmu si êbèng konên angladèkake pawohan yèn Jaka Bayu wis
ana ing ngarêpku.
Nyai juragan mundur saking ngajêngan lajêng anjujug
ing paningrat panggenanipun nyêrat Rara Erawati, sarwi wicantên, êbèng dene wis
sore têka isih ambathik.
Kantun sakêdhik êmbok, kêtanggêlan mênawi botên dipun
rampungakên pisan.
Biyang: sesuk apa ora kêna manèh, tak jungkati mrenea,
dene nganti mruwun ora kambon lênga.
Dhasar inggih kala wau siyang kula mêntas kramas,
dèrèng lisahan.
Layak. Bok Sombro jupukna cêncêman lênga ing brêsihan
kae.
--- 197 ---
Inggih, punika.
Yèn dokoki jêruk purut, kowe kuwi kakehan.
Rara Erawati lajêng dipun sêrati, remanipun
angandhan-andhan kados wudharing sêkar bakung, mawur kenging samirana,
sinomipun ngarompyoh pindha lunging pakis, lajêng dipun gêlung dhatêng nyai
juragan, sarta lajêng dipun kèn santun pangangge, bilih sampun, dipun undang bapakipun
dhatêng pringgitan angladosna pawohan, Rara Erawati anggraita yèn badhe dipun
tontoni ing tiyang, ananging sintên ingkang badhe nontoni, Rara Erawati dèrèng
kamirêngan, Rara Erawati lantip ing panggraita botên purun ngadi busana,
ngangge tapih bathik bolurambat sampun masêm, kêmbên rintik kêthelan. Rasukan
sêmbagi pêthak wêdalan ing Kusta, namung ngangge supe kêkalih, supe suwasa
mulya ing dariji panuduh têngên, supe mirah dalima ing jênthik kiwa, [ki...]
--- 198 ---
[...wa,] sêngkang padintênan dhapur sêkar sataman
sêling mirah intênipun barleyan alit-alit, gosokaning sarawèdi ing Indhu kantun
lasipun kemawon, sanadyan intênipun alit-alit sunaripun kados srêngenge ingkang
sawêg mungup saking tancêbing langit, godhohing kuping miyar-miyar kados pradapa,
tansah adamêl ebahing sêngkang pindha lintang liwêran angubêngi wadana ingkang
sawang rêmbulan, botên kacôndra sampurnaning warninipun Rara Erawati, lajêng
kèrid ing rena mêdal dhatêng paringgitan marêk ing yayahipun.
Kyai juragan sapêngkêripun ingkang èstri nyai juragan,
ngundang Jaka Bayu sarta sampun dhatêng wontên ing ngajêngipun, pangintênipun
Jaka Bayu botên sanès namung badhe dipun jak ginêman padamêlan kados
sabên-sabênipun, mila nyudhiyakakên sêrat-sêrat petangan, kyai juragan sumêrêp
mèsêm sarwi [sar...]
--- 199 ---
[...wi] wicantên: tak undang ora anggarap pagawean,
arêp tak jak rêmbugan seje. Aku kok durung tau takon umurmu. Apa wis ana
rongpuluh taun.
Sampun, sawêg lumampah, têtêpipun kalih dasa taksih
kirang wolung wulan.
Lagi sangalasane, punjul patang sasi. Karo adhimu si
bèng kacèk akèh, umure lagi nêmbêlas lumaku. Wontên ingkang karaos manahipun
Jaka Bayu saupami katantun kapêndhêt mantu kaangsalakên anakipun èstri ingkang
kapamèrakên wau: gèk kadospundi polahipun, purun: dede kajêngipun, ingatasipun
putraning ratu angsal anaking sudagar: nistha sangêt, wah dèrèng mêsthi ayu,
botên purun, ajrih dening kawisesa, salêbêting manah tobat dhatêng ingkang rama
anggènipun kamipurun nyulayani karsanipun, sawêg manah manah [ma...]
--- 200 ---
[...nah] badhe wangsulanipun, kasêlak dipun wicantêni
malih.
Yèn wong lanang wis umur 20 taun iku wis wayahe rabi,
ingatase kowe apa durung duwe niyat rabi.
Manah kula taksih têbih ingkang makatên, taksih rêmên
lamban, awit pintên-pintên rêribêd ingkang tumuwuh saking manahing èstri,
prasasat juru panggodha ingkang botên wontên sampun-sampunipun. Sawêg dumugi
samantên wangsulanipun Jaka Bayu kasaru dhatêngipun nyai juragan kalihan Rara
Erawati ambêkta lancang pakinangan, sakêdhap Jaka Bayu pagut tingal kalihan Rara
Erawati, Jaka Bayu kumêsar kados wontên calèrèt ingkang ngrumiyini santêring
ungêlipun balêdhèg, angartika salêbêting manah, dubilah wewe, jawane calèrèt
tanpa balêdhèg, upama balêdhèg: apa arêp nyambêr aku, hêm, rak mati sampyuh
[sa...]
--- 201 ---
[...mpyuh] athik ana wong ayu kaya mêngkono iku cikbèn
apa, pêrlune rak mung agawe edaning wong bae, kok ana liyane manèh: ora,
sarèhning aku uwong iya kudu kalêbu ing edan uga.
Kyai juragan awas ningali yèn Jaka Bayu kenging
sambanging wanodya: linglung dadakan. Kyai juragan asrêp manahipun, kadugèn
ingkang sinêdya.
Rara Erawati sasampunipun angladosakên lancang
pakinangan, lajêng wangsul malêbêt ing griya, lampahipun amucang kanginan sarwi
nolih-nolih amaoni pucuking kasêmêkan kalingkab dening sumiliring angin.
Jaka Bayu kados pêcat nyawanipun tinilar calèrèt
gombèl nyulinga, ringas polatanipun, supe wontên ngajêngipun kyai sudagar,
rêngêng-rêngêng ngantos kawêdal:
Mijil
mijil saking suyasa tan aris / byar katon cumlorot
[cumlo...]
--- 202 ---
[...rot] / sapa wonge ingkang nora kagèt / nadyan sira
jêjanggan wêwasi / kang kulinèng ardi / unggyaning asamun //
mung mêmangan brêbêkan kaywaking / kalamun tumonton /
wurung samadi sida angame / anon cintranta sang kadi Ratih / aja ingkang kadi /
lumrah lir wandèngsun //
yêkti kadadak dadi dalêming / malah angêcêmong / dhuh
tulungên dasihira anggèr / usadanana kincanging alis / mung iku kang dadi /
pamurunging lampus //
Kyai juragan wicantên sarwi gumujêng, kowe kok baud
ngrêrêpi/: Bayu.
Jaka Bayu kagèt, èngêt yèn wontên salêbêtipun kunjana
kingkin, kèndêl anggènipun ngrêrêpi ambarêbêl mêdal luh.
Kyai juragan adamêl bingahing manah: wicantên
jalomprongan: Bayu, mulane kowe tak undang mrene arêp dak jak rêmbugan bab
gonku arêp duwe
--- 203 ---
gawe mantu.
Sintên ingkang badhe kaêntas sarèhning putra sampeyan
Jaka Erawana kesah angadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah dhatêng ing nagari
Marutamanda, dèrèng kinantên antukipun.
Dudu Jaka Erawana kang arêp tak êntas, adhimu Rara
Erawati.
Pikantuk ing pundi.
Durung karuwan, mung arêp tak tubruk-tubrukake bae,
anggêre babag karo umure, wong bocah wis akir balèg.
Sampun pintên ta: umuripun.
Nêmbêlas taun lumaku.
Dene kok sawêk umur nêmbêlas taun, kasêsa-sêsa ingkang
dipun kasêsani punapa. Bok kapadosakên jodho ingkang prayogi, sampun dipun
tubruk-tubrukakên makatên, mêsakakên ingkang nglampahi. [nglampah...]
--- 204 ---
[...i.]
Olèhku arêp nubruk-nubrukake mau saking wudhune, ora
ana kang nakokake, ayake saka kiwaning rupane iku.
Môngsa botên wontên ingkang nakèkakên, kula mirêng
pintên-pintên ingkang sami ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, panjênêngan
sampeyan botên kaparêng.
Bênêr, olèhku nampik iku mung andhisiki laku bae, ora
wurung adhimu yèn ditontoni bakal tinampik.
Sabap punapa dipun tampik.
Sabab ala rupane, wagu tênagane, kiwa polatane.
Ingkang criyos sintên.
Aku kiyi.
Mênawi kula mastani botên makatên, dados
kosok-wangsul. [ko...]
--- 205 ---
[...sok-wangsul.] Lha wong sing ngarani kowe:
sadulure. Pancène arêp tak pacangake kowe, barêng kowe lumuh rabi dadi mung têtêp
dadia sadulurmu bae.
Anggèn kula matur lumuh wau rak namung saupami
kemawon, atur gêgujêngan, botên sayêktosan.
E, kajaba ta yèn saiki kowe nganggo têmbung: upama.
Kacariyos Jaka Bayu sampun kapacangakên angsal Rara
Erawati, sarta sampun katamtokakên dintên tanggal wulanipun anggènipun badhe
ambawahi, kyai juragan, lajêng anêdah sadhèrèkipun anèm, nama Bagus Bisaka
dipun kèngkèn nusul Jaka Erawana dhatêng nagari Marutamanda ngundang mantuk
sakêdhap anênggani pikramènipun Rara Erawati, Bagus Bisaka lajêng pradandosan
namung ambêkta rencang sakawan, sarta [sar...]
--- 206 ---
[...ta] lajêng babar layar lêpas lampahipun, tumuntên
Jaka Bayu dipun kèngkèn mranata prakawis padagangan dhatêng liyan nagari
salêbêtipun badhe gadhah damêl: kèndêl, sarta nyuruhi dhatêng mitranipun para
sudagar agêng-agêng dipun purih sami dhatêng anjênêngi pikramèn, Jaka Bayu ugi
lajêng apradandosan lajêng mangkat babar layar lêpas lampahipun.
Kerkenanipun[33] kyai juragan, Bagus Bisaka cinêndhak:
sampun dumugi ing nagari Marutamanda sarta sampun angsal sêsêrêpan yèn Jaka
Erawana angsal damêl anggènipun ngadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah sarta
sampun angsal ganjaran kakulawisudha dados punggawa agêng apangkat adipati saha
kapacang badhe dados êmbananipun sang putri ingkang binadhe raja, sangêt ing
bingahipun, Bagus Bisaka lajêng lampahipun kandhêg ing regol, canthèl atur
dhatêng abdi ingkang saos, kauningan lajêng katimbalan, [katimba...]
--- 207 ---
[...lan,] sang adipati botên pandung dhatêng ingkang
paman bagus Bisaka enggal binagèkakên kalayan taklim, Bagus Bisaka sampun
sumêrêp ing kaluhuranipun ingkang putra, sakalangkung angaosi sarta lajêng
matur sarèh ingutus ingkang rama, sang adipati kumênyut ing galih kèngêtan
dhatêng ingkang rama ibu sarta ingkang sadhèrèk, pangandikanin:[34] paman, kula botên supe dhatêng raka
ijêngandika kyai yèn kamulyan kula samantên punika atas dede kaskaya kula
piyambak, sadaya-sadaya taksih saking brêkahipun raka ijêngandika kyai, sarta
kula botên supe anggèn kula dipun juju kados pêksi dipun kêmpit kados wade
pinrêtêk ing piwulang warni-warni pintên-pintên guru kula ingkang bayaranipun
kathah, punika saking raka ijêngandika kyai sadaya, mila kula katimbalan mantuk
supados anjênêngi pikramènipun sadhèrèk kula: amêsthi botên kula awratakên,
sanadyan [sanadya...]
--- 208 ---
[...n] kula sampun apangkat agêng, ananging botên
badhe ngalitakên kaluhuranipun têtiyang sêpuh kula, nanging kula kêdah nyuwun
lilahipun sang prabu rumiyin, sarta mranata prakawis ingkang kula bêbahi
nindakakên salêbêtipun kula kêkesahan.
Adipati Erawana sampun saos unjuk nyuwun lilah tuwi
têtiyang sêpuhipun, amargi sampun lami botên kapanggih, ngiras pantês badhe
anjênêngi pikramèning sadhèrèkipun èstri, laminipun kaangkah namung sawulan,
dhawuhipun sang prabu sampun kaparêng sarta botên kalilan langkung saking
sawulan, sang adipati lajêng apradandosan, ambêkta rajakaputrèn sarta barang
raja pèni badhe pasumbangipun dhatêng ingkang sadhèrèk, sarta karsanipun lampah
lêlancaran namung ambêkta abdi sacêkapipun, botên bêkta prajurit sinêlir,
kagalih makèwêdi bilih wontên griyanipun ingkang rama, sarêng sampun samêkta
lajêng
--- 209 ---
bidhal babar layar lêpas lampahipun, sarêng pikantuk
tigang dintên dumugi tikunganing sagantên Indhu wanci dalu kapapag baita bajag,
kapitaning baita enggal angingêrakên lampah badhe nyimpangi, ananging kawon
rikat, para bajag sampun nyakêti baita sarta lajêng sami naracag natasi
tangsul, wontên ingkang ngrayah barang sawênèh amêmêjahi tiyang, tiyang sabaita
apuyêngan, botên sagêd kêkiwul pangrampasing bajag, baita katarik ngantos
dumugi pinggiring rêdi ingkang ngongkang sagantên, inggih punika padununganing
bajag ingkang ambêbegal, botên dangu bajag ing dharatan ambyuk dhatêng baita
angrêrayah sarta anyêpêngi tiyang lajêng kabêsta kainggahakên ing dharat, sang
adipati winayungyung baitanipun lajêng dipun kèrêmakên. Sang adipati
sarencangipun lajêng kalêbêtakên ing guwa pakunjaran, ing ngriku kathah
panunggilanipun tiyang pasakitan, ugi panunggilanipun [panunggi...]
--- 210 ---
[...lanipun] tiyang lêlayaran dipun begal, punika
dipun sadèni saking sakêdhik, makatên pandamêlan bajag ing pulo suwung.
Gêntos kacariyos lampahipun Jaka Bayu sarencangipun
awaking baita ambêkta pisungsung angsal-angsal sarta barang dêdagangan
sawatawis, angulêm-ulêmi dhatêng para juragan ing liyan nagari, lampahipun ugi
kabegal ing bajag, botên sanès kados lêlampahanipun Adipati Erawana, lajêng
kalêbêtakên ing guwa pakunjaran sarencangipun, Jaka Bayu sampun nate
angraosakên kasangsaran salêbêtipun wontên tanganing bajag, anglês salêbêting
manah namung pasrah dhatêng ingkang damêl gêsang, sarta nêtah dhatêng
sariranipun anggènipun kamipurun nyulayani karsanipun ingkang rama satêmah
nandhang papa cintraka rambah-rambah sarta dèrèng angsal pangapura, tobat
salêbêting manah, bilih sagêd luwar saking sangsara namung badha[35]
--- 211 ---
miturut ing sapangrèhipun ingkang rama, sampun ingkang
dhumawah ing sakit, sanadyan dumugia ing pêjah badhe dipun lampahi kalayan
eklasing manah.
Kacariyos salêbêting guwa pakunjaran, antawis wontên
tiyang sèwu dipun cadhong sêkul gabah arang ulamipun gêrèh, sabên dintên suda
wêwah, ingkang kawêdalakên lajêng kasade dhatêng ing tanah-tanah, makatên
pandamêlipun bajag ing pulo suwung.
Kacariyos Jaka Erawana wontên salêbêting kunjaran
angrumiyini lêbêtipun Jaka Bayu botên lirip manahipun, pados kanthi ingkang
purun sabaya pêjah kadugi dipun jak anjêbol pakunjaran, ananging dèrèng angsal
kônca ingkang kenging pinitados, sadaya tanpa budi, purunipun muta tuli tanpa wêweka
sarta tanpa kawruh ing kaprawiran, kagèt sumêrêp Jaka Bayu kalêbêt ing
kunjaran, lajêng dipun cêlaki sarta dipun rangkul, têmbungipun: adhi sampeyan
[sa...]
--- 212 ---
[...mpeyan] kabilaèn kados kula.
Jaka Bayu gêntos angrangkul, kakang Erawana sadhèrèk
kula jalêr, kula sampun kaping kalih punika kalêbêt ing kunjaran ngriki,
ananging ingkang rumiyin lajêng kalêbêtakên ing romah sakit amargi saking
sakit, sarêng sampun saras lajêng kasade dhatêng rama ijêngandika kyai juragan.
Adhi: sampeyan punapa botên gadhah akal oncat saking
panganiayanipun bajag, dene kalangkungan sampeyan petang among dagang tangguh
tuna bathi anggêgirisi, rama ijêngandika kyai tansah angalêm, rumaos kawon
kalihan sampeyan.
Kados sanès êmpanipun kasagêdan kula wontên ing papan
ngriki. Kula inggih sinau ulah prang, piwulanging guru tumplak sadaya, ananging
kala samantên manah kula kirang majêng dhapur botên kalêbêt.
--- 213 ---
Sok makatêna akal ingkang sagêd oncat saking: ngriki
botên gadhah.
Inggih makatên, ananging sarèhning sapunika kêpêksa
kêdah gadhah akal pamalês dhatêng panganiaya ingkang anggêgirisi punika
sumôngga mangke samangsanipun rangsum dhatêng lajêng sami ngamuk kemawon.
Punika taksih kasar, kajawi botên mêsthi sagêd mênang,
saking kawon bagas kawon samêkta, kula sampeyan namung tangan thok, wah dèrèng
sabiyantu kalihan têtiyang punika sadaya, tiwas rame botên sagêd kalampahan
niyatipun. Kajêng kula sapunika badhe miluta manahipun têtiyang salêbêting
kunjaran punika sadaya, kula jak ambobol kunjara sarta lajêng minggat dhatêng
ing wana, wontên ing panggenan bawera kula badhe botên kirang akal, sarta botên
wêgah mêngsah kalihan bajag musibat punika.
Kula sakalangkung amrayogèkakên kakang, mugi [mu...]
--- 214 ---
[...gi] lajêng sampeyan lêksanani kajêng sampeyan punika.
Kacariyos Jaka Erawana lajêng angêngipuk manahipun têtiyang kunjaran, awit
saking manis sarta sagêdipun, têtiyang sakunjaran sami kèlu sadaya, wiwit ing
dintên wau lajêng ambobol kunjara kaprênah pipinipun kori bêbutulan, kamanah
têmbusipun kalihan petangan ngèlmu bumi, ingkang kadamêl pirantos ambobol
bujadan èsèl kori pakiwan, sabên wancinipun rangsum dhatêng panyambutipun damêl
kèndêl, tatuning babahan katutup ing gêlaran, sarêng sampun pikantuk wolung
dintên: butul, Jaka Erawana mêdal rumiyin, nitik panggenan ingkang badhe
kapurugan, sadaya wana glêdhêgan, botên wontên padhusunan ingkang katingal,
ingkang kathah namung tiyang pawanan sami manggèn ing èrèng-èrèng rêdi tuwin
wontên ing lêlêbak ingkang wontên lèpènipun, Jaka Erawana bingah salêbêting manah
--- 215 ---
kadugèn ingkang dipun kajêngakên badhe malês dhatêng
panganiayanipun bajag. Jaka Erawana enggal wangsul kapanggih Jaka Bayu mirêmbag
badhe losipun, kaangkah mangke bangun enjing, sarêng sampun samêkta lajêng
bidhal kêbut tiyang sakunjaran, lajêng malêbêt ing wana sacêlaking rêdi Brama,
wana punika botên wontên têtuwuhanipun kajêng agêng, namung kathah
têtuwuhanipun gadhung walur tuwin wi wana, punika ingkang dipun pilih dening
Jaka Erawana kamanah sagêd nyambung umur kangge gajuling têdha salêbêtipun
kasangsara. Ing wanci enjing konanganipun dhatêng bajag, yèn pasakitan
sakunjara sami anjêbol miruda dhatêng wana, ananging para bajag ayêm kemawon,
botên purun nututi, awit botên sande têtiyang wau badhe sami wangsul
piyambak-piyambak saking satunggal-satunggal, utawi garubyugan, amargi saking
kaluwèn botên sagêd nêdha wontên ing
--- 216 ---
wana, punika sampun dados adatipun makatên, sabên
wontên pasakitan miruda botên antawis dintên, inggih wangsul piyambak saking
kaluwèn.
Kacariyos Jaka Erawana lêpas budinipun, sagêd damêl
tosan sarta lajêng damêl pirantosing among tani, kudhi pacul, garu waluku
sasaminipun. Rencangipun lajêng kabage tiga, sabagean damêl griya pondhokan,
sabageanipun ambubak wana ingkang kakintên kenging kaoncoran toya lèpèn,
sabageanipun malih pados têdha karowodan gadhung walur uwi sapanunggilanipun,
sarta wowohan, kasambi ambêbêdhag buron wana. Pikantukipun katêdha waradin,
amargi saking sayuk sarta lajêng dados lantèh botên nêdha rijêki, malah sami
kuwat-kuwat, sasampunipun siti malumah lajêng dipun tanêmi gaga utawi jagung,
ingkang koncoran toya katanêman pantun, kasêrêg utawi kagadhu sawênèh [sawê...]
--- 217 ---
[...nèh] tadhahan, pikantukipun wiji saking
pitulunganipun tiyang pawanan sarta lajêng sami dados mitra sae, pawêdalipun
kaklêmpakakên ngantos pintên-pintên lumbung dados kasugihan agêng saupami
kasadea, Jaka Erawana rosa budinipun, botên kèndêl samantên, sanadyan sampun
sugih têdha dèrèng marêm bilih dèrèng malês dhatêng panganiayanipun bajag,
lajêng pirêmbagan kalihan Jaka Bayu, têmbungipun: Adhi ing mangke sampun
kadugèn niyat kula angêrèh tiyang samantên kathahipun sami manut miturut
sapangrèh kula sarta sami nganggêp bêndara dhatêng kula: sampeyan, sapunika
kajêng kula sampeyan kula dadosakên ratu, kula ingkang dados patih.
Jaka Bayu gumujêng, kajêng sampeyan punika harak dipun
gêgujêng ing lare, ratu punika botên gampil, kêdah mêrta sami abôndha bandhu
sarta sugih bala sugih dêdamêling pêrang, môngka dêdamêl sampeyan [sa...]
--- 218 ---
[...mpeyan] namung arit.
Mèmpêr, amargi sampeyan dèrèng sumêrêp kadibyan kula,
mênawi sampun mêdal bêdhat kula angêjur rêdi Brama punika kula sagêd, dene
dêdamêling pêrang punika pakartining lare alit, sakêdhap kula sagêd
angwontênakên.
Saya anggumujêngakên umuk sampeyan punika, tiyang
sagêd pitados namung wontên salêbêting supêna.
E, sampun makatên adhi, èngêta yèn ebahing baita
namung saking wêlah, kasoring pujôngga namung dipun dumuk lêpating têmbungipun
sagatra, tumpêsing wadya namung lêpat ubênging pêdhangipun senapati, ewadene
awonipun gêlar dene yêkti, kula badhe ngatingalakên kagunan kula nyithak
dêdamêling prang kalayan jênangan sela.
O sadulurku, kula kasupèn yèn wontênipun pirantosing
[pi...]
--- 219 ---
[...rantosing] among tani saking kagunan sampeyan, ing
mangke kula pitados, ananging sabab punapa kula ingkang sampeyan angkat badhe
dados ratu, botên sampeyan piyambak, awit ingkang kangelan sarta ingkang gadhah
akal inggih sampeyan piyambak.
Awit saking pitaken sampeyan sêpêning kamelikan kula
dados ratu wontên ing ngriki punika kula kapêksa cariyos ing bab lêlampahan
kula anggèn kula ngadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah.
Jaka Erawana lajêng nyariyosakên lêlampahanipun miwiti
malah amêkasi. Mênggah jumênêng kula adipati kapacang dados êmbanipun sang
putri ingkang binadhe raja, amargi putranipun sang prabu ingkang nama Radèn
Prakêmpa lumuh dhatêng karaton, rêmên lampah among dagang, malah sampun
kawrêtos seda kabegal ing bajag, lajêng wontên wrêtos malih
--- 220 ---
botên seda: kasade dening bajag dhatêng nagari Ngindhu,
dados sapunika Sang Pangeran Prakêmpa dados tiyang tumbasan, sang prabu badhe
tindak angulari piyambak, kacandhêt putranipun putri gêrah kadamêl sayêmbara,
inggih kados ingkang kula aturakên wau.
Sang pangeran lajêng angrangkul dhatêng Jaka Erawana
sarwi tinangisan, lajêng ngandika botên krama, kang aran Prakêmpa iku satêmêne
aku, kalingane kowe bakal dadi ipeku garwane kakang êmbok, aku bungah bangêt,
dene bakal duwe ipe pinunjul ing budi, dene sapungkurmu ngadêgi sayêmbara
karsane kyai aku arêp didhaupake karo sadulurmu wadon, aku uga wis parêng sarta
aku wis nyumurupi citrane kadangmu andadèkake rudahing atiku ngênglêng tumêka
saiki, bakal dhaupku mung ngêntèni têkamu sarta têkaku saka mranata padagangan,
[padaganga...]
--- 221 ---
[...n,] ora ngira yèn kasêngkala dadi tawaning bajag
sarta saiki manggon ing alas gêdhe.
Pangeran, kula botên nyana mênawi amanggih gusti kados
sarira paduka sarta badhe dados ipe kula. Sumôngga sapunika sami midêr-midêr
ing wana nitik sela ingkang kenging kajênang dados tosan. Sang pangeran kalihan
Jaka Erawana anjajah salêbêting wana sukunipun rêdi Brama, kadhèrèkakên ing
abdi sawatawis ingkang kapatah saba wana ambêbêdhag buron wana Jaka Erawana
eram salêbêting manah dene wana glêdhêgan samantên wiyaripun tanpa thêthukulan kajêng
lami, wontênipun namung kajêng enggal sadaya, sakêdhap Jaka Erawana sampun
nyandhak lidipun, yèn wana punika amêsthi korugan ladhu dening pambalêdhosipun
rêdi Brama, sarêng lampahipun saya nêngah manggih tosan gilig panjang tumancêp
ing siti, dipun bêdhol angèl, Jaka Erawana inggih
--- 222 ---
lajêng sagêd nyandhak lidipun, yèn punika tosan
pasangan balêdhèg ingkang wontên sanginggiling panggung utawi kadhaton, dados
siti ingkang dipun idaki punika têlênging kadhaton korugan ladhu dening
pambalêdhosipun rêdi Brama wau, lajêng matur dhatêng sang pangeran, gusti: wana
punika amêsthi tilas kadhaton, katitik saking tosan pasangan balêdhèg punika,
sarta saking têtuwuhan botên wontên ingkang têtuwuhan lami, sadaya têtuwuhan
enggal, kajêng kula wana punika badhe kula bongkar saking dayaning balêdhèg
damêlan, sokur namung kenging kagontor saking toya kawahing rêdi Brama
kaêjogakên mriki.
Apa kowe bisa gawe balêdhèg, lan kapriye akalmu
anggawa banyu saka gunung kokêjogake marang tanah ngare.
Baud sangêt kula bilih damêl balêdhèg, nanging
barangipun [ba...]
--- 223 ---
[...rangipun] kathah ingkang risak. Dene angilèkakên
toya saking rêdi saya gampil, namung mawi sarana talang tosan. Sapunika prayogi
dipun nyatakakên kadhudhuk, yêktos lan botênipun atur kula wau, mênawi yêktos
mangke kagalih malih, Jaka Erawana lajêng parentah dhatêng rencangipun
andhudhuk panggenan punika, kalampahan kadhudhuk sawêg angsal sakaki sampun
nanggor sela, lajêng dipun kèn kêndêl pandhudhukipun, Jaka Erawana maspaosakên
pasang rakiting sela têtela yèn candhi kadhaton ing jaman kina. Jaka Erawana
lajêng matur: gusti, panggenan punika sampun têtela yèn candhi kadhaton,
sumôngga sami kondur dhatêng pakuwon, kula damêl gambar rumiyin, supados
wontêna ancêr-ancêripun têtiyang ingkang kula patah badhe nyambut damêl. Sang
pangeran lajêng kondur, Jaka Erawana lajêng dhatêng ing panyêratan ningali
pêpêthan [pêpê...]
--- 224 ---
[...than] bumi, sakêdhap sampun mangrêtos lajêng
adamêl gambar kawahipun rêdi Brama, toyanipun kajêbol kailèkakên dhatêng candhi
kadhaton sarana talang tosan, sang pangeran pirêna ing galih ningali
gambaripun, namung ing batos mêlang-mêlang mênawi lêpat petangipun, Jaka
Erawana lajêng parentah wiwit nyambut damêl anjênang sela pintên-pintên èwu
jèdhi, sarêng sampun apindha jênang lajêng dipun sokakên ing kowèn, garingipun
sampun dados talang tosan, sabên rampung sacithakan: lajêng kapasang miturut
gambar, sumèlèh ing talang mawi bantalan tosan, margi ingkang nglangkahi jurang
mawi cagak tosan, botên wontên barang ingkang dipun pakèwêdi dening Jaka
Erawana, sadaya pinanggih gampil, sang pangeran tansah gèdhèg-gèdhèg ningali
kasagêdanipun Jaka Erawana, pantês dados ratu prajurit kinawasa, antawis namung
sataun pandamêling talang tosan [to...]
--- 225 ---
[...san] sampun dumugi têlênging candhi kadhaton, ing
ngriku dipun dèkèki têlih toya dipun kokop ususing pompa angin, sarêng dipun
cakakên kumrawak sumêmbur kados dhawahing toya jawah mawa prahara, tumêmpuh ing
ladhu kèrut dalah thêthukulanipun kèli dumugi ing jurang kados banjir bandhang
ing môngsa kawolu, antawis dintên pucaking candhi kadhaton sampun katingal,
lampahing pompa angin dipun angkah sampun ngantos adamêl risak, antawis sawulan
ladhu ingkang ngêlêm nagari sampun têlas, candhi kadhaton katingal ngalela
lajêng dipun rêsiki sarana sapu angin, samêndhang botên wontên rêrêgêdipun,
kamar-kamaring kadhaton kapanggih sawidak botên wontên ingkang kothong, kêbak
isi barang sadaya, kados ta: isi pirantosing pêrang sarta bêkakas dhahar sarwa
salaka, ingkang saprangkat tilas agêmipun sang prabu, sarwa êmas, tuwin
rajabrana agung, punapa
--- 226 ---
malih arta êmas saha arta salaka: kalih gêdhong, sang
pangeran lêngêr-lêngêr botên sagêd ngandika, kamirahaning Pangeran botên
kenging ginayuh ing manungsa, kala sariranipun kagungan rumaos rêmên yatra
malah sirna gêmpang binêskup ing bajag, sarêng pratignya botên rêmên yatra
kados dipun lulu kagunganipun yatra tumpuk angundhung-unthung.[1]
Kacariyos wêwêngkoning kadhaton namung saêpal mubêng,
bètèngipun sela grajèn taksih santosa, ing alun-alun sampun tinanêman waringin
kêmbar, margi-margi sampun dipun gêsangakên, sinarisig ing sela tala, têpinipun
katanêman pêthetan cêmara kasêling kênari, ing sisihipun asêm kasêling
waringin, asri tiningalan, toya kawah ing rêdi Brama ingkang tinalang,
têlihipun dados sagaran, lajêng kasudhèt-sudhèt, wontên ingkang mili dhatêng
ing kadhaton, sawênèh dhatêng ing patamanan, dene ingkang kathah kapêcah-pêcah
[kapê...]
--- 227 ---
[...cah-pêcah] mili wontên sakiwa têngêning margi mawi
got pasangan sela grajèn, kangge siram margi, tiyangipun bêktan saking
kunjaran, sampun kaprênahakên manggèn wontên saubênging kadhaton sajawining
balowarti.
Jaka Erawana matur dhatêng sang pangeran, gusti:
sarèhning panyambut damêl kula nama sampun rampung, sarta sampun têtela manggih
kabêgjan agêng, panjênêngan paduka saèstu kula jumênêngakên ratu, inggih
angratoni tiyang samantên punika, saha kêdah santun jêjuluk sakarsa paduka.
Iya kakang, aku mung nurut apa sapangrèhmu bae, gonku
jumênêng ratu mung sadrêma kawisesaa marang kowe, mulane kowe kang dak
karsakake dadi pêpatih, dene ing têmbe gampang yèn kowe wis dhaup karo kakang
êmbok angêmbani jumênênge ratu ana ing Marutamanda, aku golèk liru patih
--- 228 ---
liya, awit aku wis lila karaton ing Marutamanda
kadarbe marang kakang êmbok, kaya pratignyaku kang wis kawêtu.
Gusti: kula namung andhèrèk, punapa karsa paduka badhe
kula lampahi kalayan têmên-têmên, sanadyan kula sagêd anjara langit, inggih
taksih èngêt ing alit kula.
Jaka Erawana sampun kawêling badhe santune jêjulukipun
sang pangeran, ing dintên Soma Manis, sang pangeran lênggah sinewaka wontên ing
pagêlaran, pinarak ing dhampar gadhing: Jaka Erawana sumiwi wontên ing kiwanipun,
têtiyang bêktan saking kunjaran pêpak andhèr sami sowan, Jaka Erawana ngadêg
saking palênghan[2] sarta wicantên sêru: hèh mitraku kang
padha ana ing pasewakan iki kabèh, sumurupa yèn Jaka Bayu iku satêmêne gustimu
dhewe, Sang Pangeran Prakêmpa putrane Sang Prabu Timur kang misuwur ing jagad,
ing mêngko karsane sang pangeran, kalawan pangangkatku: jumênêng nata ana ing
pulo suwung ajêjuluk Prabu Wrêstibajra,
--- 229 ---
sapa kang ora ngèstokake têkakna karêpmu aku kang
nadhahi. Têtiyang sapanangkilan sami saur pêksi sarta bingah ing manah
jumênêngipun Sang Prabu Wrêstibajra, dene ngawula dhatêng gustinipun lami. Sang
prabu lajêng angandika, hèh bocah ingsun kabèh saka karsaningsun, ing samêngko
kakang Erawana ingsun kulawisudha ingsun junjung saka ing ngisor ingsun
sêngkakake ing ngaluhur, ingsun dadèkake pêpatih ingsun, kaarana: Adipati
Bajrarumung, sarta ingsun pasrahi bangbang alum-aluming praja ing
Candhipêndhêm, para kawula sami saur pêksi malih, sarta sakalangkung
mangayubagya ing karsanipun sang prabu, tumuntên bibaran ingkang sami nangkil,
ing antawis dintên sang prabu sampun sarêmbag kalihan radèn apatih
angulawisudha para dasih kapangkat saundha sabilik-bilik, misuwur adêging
karaton mirah sandhang mirah têdha, têtiyang pawanan ambyuk sami dhatêng
nagari, malah kathah ingkang sami katrêm tumut gêgriya wontên [wontê...]
--- 230 ---
[...n] nagari. Tumuntên radèn apatih yasa prajurit
gagalan, winulang ulah prang, sabên dintên dipun galadhi, botên antawis lami
para prajurit wau sampun sami linangkung kasagêdanipun, sarta sampun pinangkat
pangkat kalênggahanipun. Radèn apatih botên supe anggènipun badhe ngrisak para
bajag, lajêng utusan prajurit sêsêliran, nukup para bajag, nanging botên
kalilan amêjahi, namung kadhawahan nyêpêngi kemawon, para prajurit sêsêliran
sagolongan satus salawe enggal anglêksanani dhawuh bidhal dhatêng
padununganipun para bajag, ing sukuning ardi ingkang ngongkang sagantên,
dhatênging prajurit dumrojog tanpa larapan, lajêng ngiwut anyênyêpêngi sasat
andêkêpi cêcindhil, para bajag bingung abilulungan, tambuh-tambuh ingkang dipun
ungsi, pintên-pintên atus bajag ingkang dipun cêpêngi sami binêstanan sadaya,
sarta lajêng kabêkta dhatêng nagari. [naga...]
--- 231 ---
[...ri.] Sampun katur kauningan radèn apatih, sangêt
ing pirêna saha lêganing galihipun, dhawuhipun: para bajag ingandikakakên
anglajêngakên dhatêng ing wana yasa[3] kalêbêtakên ing kunjaran, ing ngriku sampun
kasudhiyanan têdha nyêkapi, para bajag botên dipun pundhut pêjah gêsangipun,
utawi botên dipun pundhut pitobatipun, namung dipun sumêrêpakên ing padamêlan
sae, sami kapêksa ingandikakakên lampah among tani anggaru maluku sabin, tuwin
ambrujul bubakan wana punapadene macul pêpunthuk, utawi anggêmpuri pêpèrèng
murih waradin, tumandangipun kalayan dipun jênêngi ing prajurit, mênawi wontên
bajag ingkang lêleda utawi botên purun nyambut damêl, lajêng ingandikakakên
mêjahi ngênggèn kasumêrêpana para bajag kancanipun nyambut damêl. Para bajag
sajêgipun gêsang botên nate nyambut damêl among tani, ing mangke
--- 232 ---
pinêksa angolah siti, sakalangkung kawrat[4] raosing manahipun, bingah anglampahi
ukuman sanès ingkang nglangkungi saking punika, anggêripun botên kêkênthang
kêpanasên amêgap-mêgap sabên dintên, sarêng wontên ingkang lêleda utawi mopo
ing padamêlan lajêng kairas dipun sênjata sirahipun, andadosakên girising
manahipun para bajag ingkang kantun, sawêg angsal pêpêjah kêkalih ingkang
kantun lajêng sae sadaya botên wontên ingkang tampik padamêlan, sawêg dipun
ingêtakên kemawon sampun tumandang ing damêl kalayan tumêmên, mênggah wiwitipun
nyambut damêl jam pitu enjing sasampunipun nêdha sarapan sarta ngombe wedang,
bibaripun pukul sawêlas, lajêng nêdha cadhong siyang sêkul gabah arang jangan
bêning sambêl lethok, ulam balur, suprandosipun panêdhanipun cekoh, jam tiga
kaêtrapakên padamêlan malih jam gangsal bibar lajêng nêdha malih, jam [ja...]
--- 233 ---
[...m] wolu sampun sami tilêm ngalisêg, enjing sawêg
tangi cawisanipun sampun sudhiya sarta lajêng dipun cakakên ing padamêlan malih
makatên salajêngipun, botên antawis lami lajêng sami matuh wêkêl-wêkêl
ngungkuli tiyang tani, sasampunipun siti malumah lajêng dipun tanêmi pantun,
gaga, jagung, canthèl, kênthang sapanunggilanipun, sarêng sampun wanci sêpuh
kadhawahan mêndhêti sarta lajêng kadhawahan numpuk wontên ing gudhang agêng
salêbêting kunjara, sawêg angsal kalih môngsa, gudhang agêng mèh bêntêt, bajag
tani botên mangrêtos karsaning nagari dene pamêdaling sabin namung dipun tumpuk
kemawon, kacariyos bojoning bajag kathah ingkang sami ngêtutakên dhatêng
nagari, nanging kaawisan botên kenging kapanggih kalihan ingkang jalêr, dados
sami ngalambrang pados padamêlan wontên nagari sawênèh wangsul mantuk, tumuntên
wontên dhawuh bojoning bajag tani kalilan kapanggih ingkang [ing...]
--- 234 ---
[...kang] jalêr, punika kados punapa ramenipun, tiyang
èstri pintên-pintên èwu gumarubyug dhatêng ing kunjaran sami madosi bojonipun
piyambak-piyambak, sarêng sampun tata kapanggih atêtangisan, pangagênging
prajurit dhatêng ing kunjaran, angêdumakên kitir roning êtal kasêrat ing wali
ing pinggir rinêngga ing sêsêkaran pari sawuli mawi ôngka urut kasêrat
namanipun bajag tani satunggal-tunggal, sarta lajêng kadhawuhan yèn
piyambakipun sadaya sami kalilan andarbèni wulu pamêdaling sabin ingkang
katumpuk ing lumbung garapanipun piyambak-piyambak mawi kaangkanan urut cocog
kalihan angkaning namanipun bajag tani satunggal-tunggal, sampun botên kenging
winiraos bingahipun para bajag tani dene anggènipun kangelan ing
salami-laminipun pamêdalipun ing dalêm sataun kaparingakên wêtah botên dipun
êlong sakêdhik-kêdhika sarta lajêng sumêrêp yèn karsanipun [karsanipu...]
--- 235 ---
[...n] sang prabu namung amurih sae sarta mantunana
lampah awon, para bajag tani lajêng kadhawuhan anglêstantunakên padamêlipun
têtanèn anggarap bêngkokipun piyambak-piyambak, saha kaluwaran saking kunjara
lajêng kadhawuhan gêgriya anyithaka wana kadamêl padhêkahan sasênêngipun, sarta
sabên tiyang salawe semah: dipun dèkèki pangagêng satunggal, buyaring bajag
tani saking pakunjaran manggèn ing sasênênge anggènipun adhêdhukuh
piyambak-piyambak, sanalika katingal kados dhusun tiban. Adêging karaton ing
pulo suwung misuwur ing ngamôncapraja, sarta sampun sami mirêng sirnaning bajag
ingkang dêdunung ing rêdi ingkang ngongkang laut dening sang prabu ingkang jumênêng
enggal, punapadene kawartos mirah sandhang mirah têdha, para kapila kados dipun
byukakên sami dhatêng mardagang.
Sajumênêngipun sang prabu, radèn apatih ingandikakakên
[ingandika...]
--- 236 ---
[...kakên] yasa anggêr-anggêring nagari, botên antawis
lami sampun dados sarta lajêng kasaosakên konjuk, andadosakên parênging
galihipun sang prabu, sarta lajêng ingandikakakên, anglimrahakên, suraosipun
kados ing ngandhap punika:
Panjênênganingsun Prabu Wrêstibajra kang angrênggani
kadhaton ing Candhipêndhêm, iya ing Pawana, kyating rat mêngku wadya gung,
sumbaga wirotama, kang kagungan mas ore tanpa takêran, kang bisa anyuyudake
bajag prawira mungsuhe para ratu ing ngalam dunya, sarta kang bisa ngimpun
sumêbare wong pangalasan ngalumpuk padha dadi kawulaningsun wong tani, sarta
kang kagungan patih bijaksana, awit saka kamurahaning dewa, ingsun jumênêng
ratu kalawan pangangkate wadyabalaningsun bajag tani sarta wong pangalasan,
sinantosan dening pêpatih ingsun, amurih
--- 237 ---
tata raharjaning praja, sira kabèh padha angèstokna
unining layang anggêr-anggêr ingsun, supaya sira kabèh bisa sumingkir marang
siasat ingsun, aja kongsi sira wani anglakoni panggawe ala. Suraosing
anggêr-anggêr botên kacariyos, namung kacêkak nagari ing Candhipêndhêm gêmah
aripah loh jinawi, tulus ingkang sarwa tinandur, botên wontên lampah culika.
Sang Prabu Wrêstibajra têtêp angrênggani candhi
kadhaton ing pulo suwung inggih ing nagari Pawana, inggih ugi karan ing
Candhipêndhêm, angratoni bajag tani sarta tiyang pawanan, sang prabu
andumugèkakên karsa badhe palakrama, saha bilih sampun kalampahan, lajêng badhe
nyawanakên[5] radèn apatih dhatêng ingkang rama Sang
Prabu Timur, ngiras pantês nyuwun pangapuntên, sarta nyuwun lilah jumênêngipun
ratu wontên nagari Pawana angsala pangèstunipun ingkang rama,
--- 238 ---
radèn apatih lajêng katimbalan ing sang prabu
kadhawuhan ingkang dados karsanipun wau punika, radèn apatih sakalangkung
jumurung, lajêng apradandosan sawadyabalakuswa saha sadêdamêling prang, botên
antawis lami sampun samapta lajêng bidhal gumuruh swaraning bala anglur kados
sela blêkithi, dumugi ing palabuhan baita prang sampun sadhiya, sang prabu
lajêng nitih botên pisah kalihan radèn apatih, kêbut sawadyabala abêdhol
jangkar, kêlabing bandera kados angenggalakên lampah, paksi laut ajêjodhon
kèndêl ibêripun sumèlèh ing unthuking toya ingkang muncrat sinêrang ing baita,
kombak kombul botên pisah, kados nyêmoni sang nawung brônta, pamilaring ulam
cucut adamêl kagèting manah ngênglêng. Cinêndhak lampahing baita sampun dumugi
ing palabuh[6] Indhu lajêng labuh jangkar, sang prabu
têdhak ing dharatan botên karsa lajêng dhatê[7] ing nagari
--- 239 ---
kèndêl wontên ing kabandaran atata pasanggrahan masang
motha maliyobara. Sang prabu botên sarèh ing galih lajêng karsa damêl sêrat
panglamar dhatêng Kyai Juragan Pôncawora, sarta lajêng kalampahakên ing abdi
prajurit kêkapalan salangkung mawi têtindhih upsir satunggal, lampahipun
asêsandêran, sakêdhap sampun dumugi ing griyanipun kyai sudagar, mudhun saking
kapal lajêng sami malêbêt ing palataran, kyai sudagar nuju lênggah wontên ing
pandhapa kagèt sumêrêp dhatênging prajurit kêkapalan mawi têtindhih upsir,
panyananipun badhe manggih pakèwêd, enggal mudhun saking pandhapa angacarani
dhatêng upsir wau sakarerehanipun malêbêt ing pandhapa, lajêng satata lênggah.
Upsir lajêng andhawuhakên timbalanipun sang prabu. Têmbungipun:
Kyai juragan timbalan nata.
Ênggèh
--- 240 ---
Kyai juragan.
Kula.
Pakênira tômpa dhawuhing nata Sang Prabu Wrêstibajra
ing pulo suwung, dhawuhing timbalan nata pakênira kapatêdhan sêrat.
Ênggèh.
Sêrat lajêng kawaos, têmbungipun:
Pèngêt, layang ingsun Sang Prabu Wrêstibajra, kang
sudibya wirotama bisa angrusak wêwêrining jagad gêgolonganing bajag ing lautan
kang padha ngrêrusuhi kawulaningsun kapila kang padha dagang layar, akadhaton
saka pêparinging dewa ing Candhigêdhe kang sinamar, kang ing mêngko wus katon
ngalela, sugih rajabrana tanpa wilangan uga saka pêparinging dewa, angratoni
bajag tani lan wong alasan kang ing mêngko padha dadi sujana, sugih wiweka,
sugih kagunan lan kaluwihan, warnaningsun bagus misih taruna sarta durung kagungan
pramèswari, [pra...]
--- 241 ---
[...mèswari,] sanadyan misik wanodya: durung, dhawuha
marang sira bapa juragan Pôncawora, kang misuwur kautamanira sarta linuwih
kasugihanira, lan ingajenan marang sapadhaning kapila.
Liring layang, ingsun miyarsa pawarta kang kagawa saka
ature para juragan kang padha mardagang marang nagaraningsun ing pulo suwung
yèn sira duwe anak wadon pinunjul ing rupa durung duwe laki, aran Rara Erawati,
iku yèn sêmbada kalayan atinira sakarone biyung juragan, sarta saka pangayubagyane
para kadangira, Rara Erawati ingsun pundhut dadia pramèswariningsun,
amêngkonana saisining kadhaton ing pulo suwung, pangrêp-arêp ingsun:
karsaningsun anuwilagônda marang sira muga katampana kalawan pirênaning ati.
Kang iku bapa: ingsun mundhut kang dadi wangsulanira.
Tinulis ing pasanggrahan Maliyobara ...
Sang Prabu Wrêstibajra.
--- 242 ---
Kyai Juragan salêbêtipun maos sêrat nawala paringipun
Sang Prabu Wrêstibajra, tansah carocosan kèngêtan dhatêng badhe mantunipun Jaka
Bayu, panglocitanipun salêbêting manah, aku ora bungah duwe mantu ratu
binathara kang gêdhe piangkuhe tinimbang karo wong cilik kang lêlabuhane kaya
Jaka Bayu andhap asor lêmbut bêbudène sêpi ing piangkuh adoh marang pamrih,
ratu iki apa bêcik tak enaki sarak, apa bêcik dak prasajani yèn anakku wis duwe
pacangan, ingatase aku wong wis kawilang bêcik, apa isih nganggo ujar lamis,
môngka wong samaya iku enggal lawas nganggo ana wusanane, têkaning ngêndon apa
aku bakal goroh, kajaba gêmpale kautamanku nganggo nêmu ribêd ing bab gorohku,
luput-luput sêmbire awakku bakal tumiba ing tiwas, balik aku prasaja ora awèh,
apa ana pakewuh kang andadèkake [anda...]
--- 243 ---
[...dèkake] kabilaènku, ayake ora, awit ora ana laku
pêksan sanadyan ratu iya isih ana sangisoring anggêr, dene awakku kayoman ing
anggêr, kajaba yèn aku nalisir saka ing pangayoman, amêsthi malah winasesa saka
luputku dhewe. Awit saka iku bêcik tak wangsuli prasaja bae. Priyantun upsir:
dhawuhipun sang prabu ingkang kawrat ing sêrat sampun kula sumêrêpi trang,
karsanipun sang prabu amundhut anak kula pun Rara Erawati, dados pramèswari
nata, punika pantês kula tampèni kalayan kaurmatan agêng saha pantês kula
sungga-sungga ing salami-laminipun, awit punika ingkang nama kabêgjan agêng
prasasat kula kaêntas saking siksaning naraka dhatêng ing suwarga. Sarèhning
kula sampun sagêd amastani ingkang makatên, dados kula inggih sagêd amastani
awon saening manungsa ingkang oncat sarta ingkang têtêp wicantênipun,
[wicantênipu...]
--- 244 ---
[...n,] dene tiyang ingkang taksih sagêd oncat
wicantênipun, sanadyan kaluhuranipun angungkuli langit, punika taksih kasor
kalihan tiyang ingkang têtêp wicantênipun. Awit saking punika mugi sampun
andadosakên duka saha cuwaning galihipun sang prabu, kula botên sagêd
ngaturakên anak kula pun Rara Erawati sanadyan kapundhut dados pramèswarining
nata, amargi sampun katrucut wicantên kula: pun Rara Erawati wau sampun kula
pacangakên kalihan rencang kula tumbasan nama Jaka Bayu, sapunika sawêg kula
kèngkèn mranata padagangan sarta angulêm-ulêmi dhatêng para sudagar pitêpangan
kula. Dene mênawi wontên dukanipun sang prabu agêngipun adamêl karisakan kula,
punika dede punapa-punapa ingatasipun kula, awit kula dèrèng oncat saking
têlênging manah lêrês, amung punika atur kula.
Upsir prajurit sinêlir anjêngêr midhangêtakên atur
[a...]
--- 245 ---
[...tur] wangsulanipun kyai juragan, ananging botên
sagêd amaoni dhatêng tekadipun kyai juragan anggènipun ngantêpi ujar ingkang
sampun kawêdal, upsiring prajurit sinêlir pamit lajêng nulak wangsul,
gêgancangan lampahipun enggal dumugi ing pasanggrahan Maliyobara, sarta lajêng
matur sarèhing lampah kautus, miwiti malah amêkasi. Ciptaning upsir sang prabu
amêsthi lajêng andhawuhakên dêduka awit tinampik panglamaripun: punika botên,
sang prabu malah katingal pirêna ing galih midhangêtakên kumapuruning atur
wangsulanipun kyai juragan, malah lajêng nimbali Radèn Apatih Bajrarumung,
kèrid lampahing utusan, sarta lajêng dipun pangandikani ing bab wau punika,
radèn apatih inggih botên katingal nêpsu, malah katingal bingah, upsiring
prajurit saya bingu[8] manahipun, awit tansah lêpat
tangguhipun, sarta botên sumêrêp ingkang dados sababipun. [sababi...]
--- 246 ---
[...pun.]
Sang prabu têdhak ing kamar panyêratan, radèn apatih
kakarsakakên andhèrèk, botên wontên abdi sanèsipun, sang prabu ngandika:
Kakang, aku bungah bangêt midhangêtake aturing upsir mau, dene ramakmu kyai
galihe isih kêncêng durung ana owah-owahe, ora mèlik marang kamulyan gêdhe kang
nyimpang saka ing laku bênêr, karêpku mêngko surup, kowe takjak nyamur mulih
nglugas raga tanpa rewang manèh.
Radèn apatih gumujêng sarwi matur, gusti: cocog
kalihan osiking manah kawula.
Sarêng wanci pukul 7 sontên, sawêg tanggal kaping 5
rêmbulan sampun katingal ngayom, sang prabu têdhak kadhèrèkakên radèn apatih
nilapakên ingkang para abdi, sang prabu sampun botên kasamaran tindakipun,
sarêng dumugi ing palataran pagriyanipun kyai
--- 247 ---
juragan botên katingal lênggah kados sabênipun,
tindakipun sang prabu lajêng kemawon anjujug ing panêpèn, kyai juragan
kapanggih lênggah pitêkur angèngêt-èngêt kadadosaning lampahipun Jaka Bayu dene
tanpa warti punapa kasêngkala wontên ing margi sarta anggagas lêlampahanipun
ingkang putra piyambak Jaka Erawana anggènipun kesah tanpa pamit, wusana
pikantuk kabar bêbaratan yèn kesahipun wau dhatêng nagari Marutamanda angadêgi
sayêmbara pamulyaning gêrah, dèrèng dumugi panglocitaning manah kasaru
dhatêngipun sang prabu lajêng pinarak ing ngajêngipun kyai juragan, Jaka
Erawana lênggah ing kajogan, kyai juragan botên pandung dhatêng warnanipun sang
prabu: lajêng dipun rangkul sarwi nangis, wicantênipun: Ora nyana kowe nuli
têka, pacangamu Si Rara Erawati disawèni ing ratu kinawasa luput-luput bakal
winisesa, tujune kowe nuli têka. Salêbêtipun [Salêbêtipu...]
--- 248 ---
[...n] sang prabu dipun rangkul sarta dipun tangisi
suka salêbêting galih, lajêng matur, dhatêng kula punika kalihan putra sampeyan
Jaka Erawana lênggah wontên ing kajogan punika, kyai juragan sarêng mirêng
pangandikanipun sang prabu yèn rawuhipun kanthi Jaka Erawana saya sêru
panangisipun sarta lajêng angrangkul dhatêng Jaka Erawana sarwi sêsambat anakku
Erawana kang tak trisnani têrus ing ati ya gene kowe tega ninggal aku,
kabungahaku ana ing dunya mung yèn nonton rupamu môngka aku kotinggal, prasasat
aku kopêksa ngombe wisa mandi supaya aku nuli luluh awor lan bumi, Jaka Erawana
karaos lêpatipun teganipun anilar tiyang sêpuh tanpa pêpoyan, kèlu nangis
anggalolo ngantos kêmirêng dhatêng Rara Erawati ingkang panuju nganggit sêkar
wontên ing gêdhong wetan, pamirêngipun Rara Erawati têtela botên anggadhahi
samar yèn sêsambating bapa anangisi [a...]
--- 249 ---
[...nangisi] anak, inggih punika sadhèrèkipun Jaka
Erawana ingkang kesah angadêgi sayêmbara: dhatêng, botên sarônta lajêng mêdal
gapyuk angrangkul pêngkêranipun sang prabu sarta dipun tangisi, awit dipun
nyana môngsa dedea punika ingkang sadhèrèk, mokal mênawi lênggaha ing kajogan,
sang prabu dipun arasi pêngkêranipun kèndêl kemawon, malah lênggah andhêkukul,
pangangkahipun sagêda mêntog pandhukuling rêdi kêmbar, pêngkêranipun sang prabu
gupak luh botên dipun raos, namung anggalih pikantukipun ngosodakên pêngkêran
ing rêdi kêmbar (kados maenda jawi rêmên kosod) tanganipun Rara Erawati ingkang
rumangkul ing jôngga: dipun uwik-uwik, lajêng dipun arasi (benjing mênawi
pêputra dêlap) kukunipun amawa cahya pating karêlip, dipun pèjèti, sang ayu
anggraita, ya gene sadulurku duwe patrap ora barès, saya [sa...]
--- 250 ---
[...ya] kêndho pangrangkulipun, wusana sumêrêp yèn
kyai juragan wontên ing kajogan angrangkul Jaka Erawana, dene ingkang dipun
rangkul punika Jaka Bayu, kados punapa kemawon lingsêmipun Rara Erawati, nyat
ngadêg saking ing ngriku lajêng malêbêt ing gêdhong atutup kontên, botên
mêdal-mêdal.
Kyai juragan pancèn sampun sumêrêp kalintuning
pangrangkulipun Rara Erawati: dhatêng Jaka Bayu, nanging dipun kèndêlakên
kemawon, sirêping tangis lajêng sami lênggahan satata, kasaru dhatêngipun nyai
juragan saking gandhok mêntas nata dhaharan, mirêng rame-rame lajêng dhatêng,
punika wiwit rame malih ngantos alantik-lantik tangisipun nyai juragan,
sasirêping tangis, kyai juragan wicantên, mêngko ta: bokne aku arêp caturan
karo anakmu sakarone pitakon lêlakone dene nganti padha lungse ing môngsa gone
lêlungan, tanpa warta pisan-pisan, [pisan-pisa...]
--- 251 ---
[...n,] barêng têka jêdhul bocah loro tanpa paliwara.
Jaka Erawana lajêng nyariyosakên lêlampahanipun
anggènipun ngadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah angsal damêl sarta angsal
ganjaran kaangkat dados adipati kapacang jatukramanipun sang putri lajêng
lêlayaran mantuk lajêng kacêpêng ing bajag kabêkta dhatêng ing pulo suwung: sigêg.
Sang prabu gêntos nyariyosakên lêlampahanipun,
amrasajakakên yèn sariranipun punika Pangeran Prakêmpa putranipun Sang Prabu
Timur ingkang misuwur ing jagad, nyulayani karsanipun ingkang rama alampah
among dagang kabegal ing bajag karampas barang gagunganipun[9] sadaya lajêng kabêkta dhatêng pulo
suwung, sarta lajêng kasade dhatêng-dhatêng[10] mriki santun nama Jaka Bayu, dados
kiyang[11] têtumbasan katrimah lajêng badhe
kapêndhêt mantu sarta lajêng dipun kèngkèn mranata padagangan, [pa...]
--- 252 ---
[...dagangan,] kabegal ing bajag malih kabêkta dhatêng
ing pulo suwung wau, punika tunggilipun kalihan Jaka Erawana, wontên salêbêting
kunjara tumuntên anjêbol kunjara minggat dhatêng ing wana lajêng lampah among
tani, wusana manggih candhi kadhaton, lajêng jumênêng nata, ajêjuluk Prabu
Wrêstibajra, Jaka Bayu kaangkat dados pêpatih nama Adipati Bajrarumung, lajêng
tindak anglamar kèndêl wontên pasanggrahan Maliyobara, lajêng utusan upsir
kapanggih kyai juragan, wusana sang prabu lajêng nilip tindak piyambak namung
kalihan radèn apatih kapanggih kyai juragan ing sontên punika. Satamating
cariyosipun sang prabu: kyai juragan lajêng sila makidhupuh angasih-asih
aturipun, dhuh gusti sapintên kalêpatan kawula dene ngantos katambêtan dipun ngèngèri
ing gusti: bilih botên wontên pangapuntên paduka.
Bapa: aja walangati, malah aku rumasa durung bisa
--- 253 ---
malês ing kadarmanamu, aku isih eling wenteh-wentehan
gonku dadi wong tukon, luware saka pitulunganamu, mulane kalawan lilane atimu
sakarone si biyung, yayi Erawati sida dak pundhut dadia pramèswariku amêngkoni
kadhaton ing pulo suwung, iku kang minôngka dadi wêwalêsku marang kadarmanmu
ing salawas-lawase.
Gusti: kawula botên gadhah wicantên kêkalih têtiga,
rumiyin mangke kawula sampun anglilahakên anak kawula Rara Erawati dhaup
kalihan Jaka Bayu sampun malih sapunika dhatêng malihanipun Jaka Bayu ingkang
sampun jumênêng pêpakuning bumi ing pulo suwung botêna saya ngaturakên.
Bapa: apa kang pinikir manèh saiki nuli mirantia
uparêngganing pikramaku, sarta aku bakal ngatur-aturi para ratu lan para
panggêdhe ing tanah Indhu kene, omahmu wus prayoga dadi kadhatoning
[kadhato...]
--- 254 ---
[...ning] ratu, mung kari amuwuhi rêrêngganing
têtuwuhan bae, ora susah pikramaku ana ing kadhaton pulo suwung, mundhak
kronehan tur padha bae. Tak arah bisaa kalakon sajrone sasi iki.
Kyai juragan enggal apêparentah samêktanipun
abon-aboning pangantèn. Umyung têtiyang ingkang sami nyambut damêl. Para
wadyabala ing pasanggrahan Maliyobara sampun bidhal dhatêng griyanipun kyai
juragan, sami sanalika ing ngriku apindha kadhaton.
Kacariyos Rêtna Erawati, ingkang taksih wontên
salêbêting gêdhong botên mêdal-mêdal, dipun uwuh ingkang ibu nyauri, nanging
botên karsa amêngani kontên, dados namung ingêntosan salintiripun kemawon, sang
rêtna anjarêm salêbêting panggalih sêrik dhatêng Sang Prabu Wrêstibajra,
anggènipun sang prabu murang tata angosodakên pêngkêranipun ing
--- 255 ---
prêmbayun, sangêt merang ing galih sirna trêsnanipun
ingkang wau-wau, malah linintu gêthing, ewa saparipolahipun, ciptaning galih
môngsa kalakona kowe mêngku marang aku, kang tak edani apa kurang ajarmu, he:
wong kang ora duwe wirang dingati-ati bakal pamalêsku ing têmbe, kokira aku
wong wadon kang tanpa budi kojawil sumrinthil, ora sumurup yèn aku putus ulah
prang môngsa kangelana mocok utamanggamu, ratu bodho kang kaya kowe ora duwe
kaluwihan, dadimu ratu ora saka kaskayamu dhewe saka panjunjunge sadulurku.
Sang ayu lajêng angrasuk busana kaprajuritan, mêdal saking gêdhong botên wontên
ingkang nyumêrêpi, lêpas lampahipun.
Ing wanci enjing kontêning gêdhong katingal mênga sang
rêtna pinanggih sêpi, kinintên mênawi dhatêng pasiraman, dipun upadosi botên
wontên, dipun uwuh [u...]
--- 256 ---
[...wuh] botên sumaur, parêkan cèthi sami opyak yèn sang
rêtna murca saking pagulingan, kyai juragan sarta nyai juragan dhatêngipun
angrumiyini, sang prabu sarta radèn apatih lajêng sami anututi otêr tangisipun
tiyang salêbêting kadhaton. Nyai juragan ngantos kalêngêr, dipun imur-imur
dhatêng ingkang jalêr, èngêtipun lajêng nangis malih asêsambat takèn anakipun,
saya ribêt manahipun kyai juragan, tidhêm tiyang sakadhaton, sang prabu lajêng
amatah abdi juru panginte, tarkanipun sang prabu: sang putri amêsthi dhinustha
ing duratmaka utusanin[12] ratu ing Ngindhu. Sang prabu kacuwan
ing karsa tansah anutuh sarira rumaos yèn dèrèng angsal pangapura. Utusanipun
sang prabu cabar botên wontên ingkang sami angsal damêl. Sang nata atajin
dhahar nendra sariranipun ngantos gagrakusika, ing wanci lingsir dalu angsal
sasmitaning dewa: kamirêng salêbêting luyut, he Prakêmpa:
--- 257 ---
pacanganira nini Erawati ora bisa katêmu saka sira
upaya, nanging yèn wus mangsane timbul: têka ana ing ngarêpira, ora kanyanan
pisan-pisan, sira sumurupa yèn karêpira palakrama andhisiki bakyunira, iku ora
bênêr, awik[13] bakyunira ora gèthèk ora ciri arêp sira langkahi,
mulane sira kasiku ing dewa kang linuwih, ing mêngko sira muliha marang ing
Marutamanda, nyuwuna ngapura marang ramanira kaki Prabu Timur sarta marang
eyang-eyangira kakung putri, lan nyuwuna idi jumênêngira nata ana ing pulo
suwung, bakal maratuwanira dadia pêpatihira, dene kakangira Jaka Erawana
balèkna pangkate lawas dadi adipati pamonge bakyunira, yèn sira ngèstokake
sapawêkasku: amêsthi sira nêmu raharja. Sang prabu kagèt wungu sare taksih
èngêt wenteh-wentehan sasmita ingkang kapiyarsa, nalôngsa salêbêting galih
tobat [to...]
--- 258 ---
[...bat] dhatêng ing rama ibu sarta ingkang
eyang-eyang.
Ing wanci enjing sang prabu lajêng nimbali kyai
juragan sarta radèn apatih, dipun pangandikani yèn sang nata angsal sasmitaning
dewa, lajêng kaandharakên urut botên wontên ingkang kalangkungan, sang prabu
angandika, bapa: utawa kowe kakang sarèhning gonku jumênêng nata mung sadêrma
awit saka pangangkate anakmu kakang patih, mulane prakara iki aku mung sumarah
apa sakarêpmu lan karêpe kakang patih, aku mung bakal manut miturut.
Kyai juragan, gusti kados botên wontên sayoginipun
malih kajawi namung ngèstokakên sasmitaning dewa, sapunika lajêng bidhal kondur
dhatêng ing nagari Marutamanda. Makatên malih ingatasipun kawula supe dhatêng
kawibawan ingkang kawula lampahi bilih angèngêti Rara Erawati ingkang dados
têlênging manah kawula ical botên kantênan purugipun.
--- 259 ---
Radèn apatih, gusti kados prayogi sasmitaning dewa
lajêng dipun èstokakên, awit sadaya ingkang kawêcakakên botên nalisir saking
nalar.
Sang prabu lajêng lênggah sinewaka pêpak ingkang para
abdi, Radèn Apatih Bajrarumung kalungsur kalênggahanipun wangsul kados
pangkatipun lami Adipati Erawana, ingkang kakarsakakên anggêntosi ingkang rama
radèn apatih piyambak: Kyai Juragan Pôncawora, kaparingan nama Kyai Adipati
Sindhungkara, lajêng dipun byawarakakên dhatêng ingkang para abdi sadaya, sarta
lajêng apradandosan sakulawarga sadaya, bidhal dhatêng nagari Marutamanda nitih
baita kapal prang lêpas lampahipun.
Kacariyos Dèwi Erawati pangagêmanipun cara kakung
langak-langak langkung ing margi sariranipun sumorot jênar pindha parada
binabar, sêpên sambekalaning margi dening tinarka kakung malah kathah para
wanita kapencut [kape...]
--- 260 ---
[...ncut] ngêtutakên ing tindakipun, sang pindha
kakung malêbêt dhatêng sakèthènging kitha anjujug pangagênging prajurit, dipun
pitakèni damêlipun, amangsuli mênawi kalêbêt badhe malêbêt dados prajurit.
Komandhan pikakèn,[14] jênêngmu sapa lan omahmu ing ngêndi.
Nama kula Jaka Urur griya kula taksih tumut tiyang
sêpuh kula tiyang ing kampung salêbêting nagari.
Apa wis andadèkake lilane wong atuwamu kowe malêbu
prajurit, awit awakmu katon ringkih, kaya pawakane wong wadon, ora kêlar
nyôngga pagawean abot.
Bapa biyung kula sampun anglilahakên kula malêbêt
dados prajurit sarta sampun dados kêkêncênganing manah kula, dene bab karosan
dede bêbahanipun manusa utami sarta botên kalêbêt kêkudanganipun têtiyang sêpuh
kula, sanadyan karosan kula angungkuli [angungku...]
--- 261 ---
[...li] karosaning maesa, mênawi manah kula kados
maesa inggih botên kalêbêt dados prajurit.
Komandhan eram salêbêting panggalih mirêngakên
patitising wangsulanipun Jaka Urur. Dipun dugèkakên pitakènipun: ya gene kowe
ora malêbu dadi panakawan, utawa carik kawulaning praja iku luwih prayoga
ingatase kowe, tinimbang malêbu dadi prajurit.
Kasênênganing manungsa botên kenging dipun jiyad ing
sanès: kajawi kawisesa, sarèhning kula botên kawisesa mila kula wênang milih
sasênêng kula piyambak, punika mênawi pangagênging prajurit sagêd ngagêm ing
damêl kula.
Apa owe[15] wis tau ulah gêgaman.
Dèrèng, malah nyêpêng kemawon dèrèng nate.
Iku saya agawe eraming atiku yèn wong duwe tekad
durung sumurup marang kang dikarêpake.
--- 262 ---
Punapa kasagêdaning manusa namung saking blilu tau,
botên kenging kajangkah saking wêninging budi sinau saking wêwarahing para
senapatining prang ingkang sampun sami misuwur asmanipun kawrat ing dalêm
sêrat-sêrat anggitanipun.
Apa kowe wis maca layang-layang iku.
Sampun.
Apa kêna tak dadar.
Sumôngga.
Komandhan lajêng amaringi pêdhang dhatêng Jaka Urur
kakarsakakên anggar kalihan kalerehanipun upsir.
Pasang gêlaripun Jaka Urur beda kalihan pangajaran
tanah Indhu, ingkang tinelad pangajaran tanah ing Bagêdat, katingal rênggang
nanging botên kenging sinusupan, adamêl eraming pandulon, lajêng wiwit main.
Botên ngantos sapanginang upsiripun sampun [sa...]
--- 263 ---
[...mpun] kalindhih ngantos kaping tiga inggih tansah
kalindhih-kalindhih kemawon, komêndhan karêmênên ningali alusing pamainipun
Jaka Urur, panyêpêngipun pêdhang palikêt, panakisipun[16] rikat kados kilat dipun sarêng kalihan
dhawahing pamalêsipun, sumêrêp-sumêrên[17] sampun kenging. Tumuntên santun
pangajaran sanjata, miturut aba tanpa winaonan, komandhan sakalangkung pirêna
ing galih, kalajêngakên pandangunipun: aku ora ngandêl marang kandhamu yèn
durung tau nyêkêl gêgaman, môngka kawasisamu wis ngungkuli upsir têtêlu.
Kula sumôngga ananging ingatasipun tiyang burus ing
manah têbih wicantên dora, doraning atur dados wisaning gêsangipun, makatên ugi
kula ing sasagêd-sagêd namung badhe wicantên sayêktosipun, utawi kèndêl.
Komandhan tansah eram ing galih midhangêtakên
[midhangêtakê...]
--- 264 ---
[...n] pratitising wangsulanipun Jaka Urur, Jaka Urur
sampun katampèn lêbêtipun dados prajurit, enggal inggah ing pakatipun,[18] awit kawasisanipun angungkuli samining
kônca-kancanipun prajurit, gathekan sangêt anampèni piwulang, sarêng sampun
pangkat upsir saha misuwur namanipun, punapadene sampun kauningan ing sang
prabu, malah sampun piniji ing damêl amapas karaman agêng, dados têtindhihing
prajurit, karaman kathah ingkang bôngga kèlês botên sagêd lawan, saya kanggêp
pasuwitanipun Jaka Urur.
Gêntos kacariyos tindakipun Prabu Wrêstibajra
lêstantun sampun dumugi palabuhanipun nagari Marutamanda, lajêng labuh jangkar,
karsanipun sang prabu botên mawi angaturi uninga rumiyin dhatêng ingkang rama,
mindhak adamêl kagèt, lajêng badhe sowan kemawon, ananging sumêbaring pawartos
enggal kauningan [kau...]
--- 265 ---
[...ningan] ing Sang Prabu Timur, yèn ingkang putra
Pangeran Adipati Prakêmpa: kondur, saha sampun jumênêng nata wontên ing pulo
suwung ajêjuluk Maha Prabu Wrêstibajra, ingkang andhèrèkakên Adipati Erawana,
sarta bapakipun dados pêpatihipun Sang Prabu wrêstibajra, nama Adipati
Sindhungkara. Sang Prabu Timur gugup ing galih karsa mêthuk piyambak ing
rawuhipun ingkang putra sarta ingkang badhe mantu, awit sampun lungse ing
panganti wusana dhatêng piyambak tanpa cêcala. Tindakipun sang prabu namung
kadhèrèkakên ing abdi salêbêting kadhaton ingkang panuju saos, Sang Prabu
Wrêstibajra sampun bidhal saking palabuhan, dèrèng têbih sumêrêp yèn ingkang
rama katingal mêthuk, sang prabu gurawalan amlajêngi ingkang rama tundhuk
angrungkêbi pada sarwi lara karuna kados sêsambating wanodya. saha matur: gusti
kawula nyuwun pangapuntên paduka anggèn kawula kamipurun amaoni [amao...]
--- 266 ---
[...ni] karsa tuwan, kawula sampun tobat, botên
malih-malih anglampahi padamêlan ingkang nyimpang saking kautamèn, botên
mungguh ingatasipun putraning ratu, Sang Prabu Timur tansah nênggak waspa
kalihan tansah angrangkul jangganipun ingkang putra, pangandikanipun: wis kulup
aja sira rasakake lêlakon kang wus sira têmu, balik ing mêngko wis padha nêmu
raharja: payo nuli kondur marang kadhaton, katêmua ibu lan bakyunira, sang
prabu lajêng kondur angadhaton kadhèrèkakên ingkang putra. Radèn Adipati
Erawana wangsul dhatêng padalêmanipun lami sarta ingkang rama Kyai Patih
Sindhungkara. Sarawuhipun sang prabu ing kadhaton saya udan tangis, sambatipun
pramèswari Dèwi Sumilir kados calapita, tangèh mênawi kacariyosna wênganing
suka ingkang nêmbe pinanggih amêngkêrakên duhkita ingkang lumèngkèt ing manah
salami-laminipun.
--- 267 ---
Cinêndhak antawis sampun wontên sawulan laminipun Sang
Prabu Wrêstibajra rawuhipun wontên ing Marutamanda, anuju satunggil dintên Sang
Prabu Timur lênggah ing panêpèn kalihan ingkang garwa, ingkang putra Sang Prabu
Wrêstibajra: katimbalan, dangu sang prabu anggalih sayogining karsa ingkang
badhe kadhawuhakên dhatêng ingkang putra, wusana ngandika: kulup sarèhning
ingsun wus tuwa kapengin kaya eyang-eyangira magawan ana ing aldaka karo
ibunira, ing mêngko karsaningsun liru patra tôndha nama maune marang bokayunira
saiki marang sira, masrahake kaprabon kang dadi wajibira nampani aliwaris saka
lêluhurira.
Kawula nuwun gusti, sakalangkung panuwun saha pamundhi
kawula sih wilasa tuwan dhumatêng kawula, namung mugi sampun andadosakên dêduka
mênawi kalilan kawula badhe angèstokakên wangsiting dewa jumênêng ratu wontên
ing pulo suwung, awit ing ngriku marginipun[19] [marginipu...]
--- 268 ---
[...n] sagêd kawula kapanggih kalihan pacangan kawula
Rara Erawati anakipun Bapa Patih Sindhungkara, awit saupami kawula botên sagêd
panggih kalihan pacangan kawula ingkang sampun kalêbêt ing manah botên sagêd
supe-supe, kados kawula badhe linglung ing salami-laminipun, kajawi ingkang
sapunika: kawula sampun nate dosa ing panjênêngan paduka, ngantos kalorod
saking kaluhuran kawula pangeran adipati anom. Kaping kalih panjênêngan paduka
sampun amaringakên kaluhuran kawula wau dhatêng kakang êmbok, bokmênawi adamêl
mêsguling manahipun kakang êmbok, karsa paduka wau mugi kalêstantuna ing têmbe
sumèrèn paduka dhatêng kakang êmbok, dene kawula sampun narimah jumênêng ratu
alit wontên ing pulo suwung kabawah ing nagari Marutamanda acaos bulubêkti
dhatêng panjênêngan paduka utawi dhatêng kakang êmbok bilih sampun jumênêng[20]
--- 269 ---
ratu, saha panuwun kawula mugi wontêna karsa paduka:
tumuntên miwaha dhumatêng kakang êmbok, amargi kawula rumaos kapotangan sangêt
dhatêng kakang Adipati Erawana, jumênêng kawula ratu saking pangangkatipun pun
kakang, saha supados kawula sagêd angraosakên suka parisuka pikramanipun kakang
êmbok, mupung kawula taksih wontên ngriki, dèrèng mantuk dhatêng ing pulo
suwung. Kados carita aturipun Sang Prabu wrêstibajra dhatêng ingkang rama Sang
Prabu Timur.
Sang Prabu Timur dangu kèndêl botên ngandika anggalih
lêkasing karsanipun ingkang putra, dipun tintingi salêbêting batos: Kathah
lêrêsipun, wusana ngandika: kulup, sarèhning wis dadi kêncênge karêpira ingsun
mung sumarah bae nanging sabên tanggaping warsa aja tan ora sira sebaa marang
panjênêngan ingsun, ora saka ingsun kapengin nampani bulubêktinira, malah
ingsun ora karsa tômpa nanging sira elinga yèn [yè...]
--- 270 ---
[...n] putraningsun kakung mung sira dhewe, dene
panuwunira nuline dhaup bokayunira, iku luwih prayoga. Sang prabu jêngkar
saking ing panêpèn lajêng sinewaka animbali Radèn Apatih Samirana,
ingandikakakên tata-tata badhe pamiwahaning putra sarta kadhawuhan
angulêm-ulêmi dhatêng para ratu ing amôncapraja, prêpêking damêl sakalangkung
umyung, ing alun-alun makajangan, para punggawa sami suka-suka, kathah
têtingalan ingkang nêngsêmakên, pangantèn kakung putri sampun wiwit kasêngkêr,
sarta para tamu sampun wiwit dhatêng, sakalangkung agêng pikramènipun sang raja
putri ingkang binadhe raja, ing kadhaton tansah bujana minum, kados gêrah
swaraning tiyang dumugi dintên panggihing pangantèn, saya rame mawurahan,
tumuntên kadhaupakên, kaestrenan para ratu pinisêpuh, saha lajêng satata
lênggah sarta lajêng sami dipun ngabêktèni, lajêng sami wangsul pinarak ing
pandhapa malih andumugèkakên [a...]
--- 271 ---
[...ndumugèkakên] suka parisuka, ngantos wolung dintên
ing kadhaton bojana andrawina. Kyai Patih Sindhungkara kados tiyang bingung
nyumêrêpi kamulyaning anakipun sang pinangantèn, sintên ingkang sagêd nyana yèn
anaking juragan winiwaha wontên salêbêting kadhaton, botên kacariyos
sapatêmoning kakung lan putri rukun arêrentengan, kados mimi lan mintuna adamêl
sêngsêmipun ingkang sami ningali, ingkang rama ibu sakalangkung êntyarsaning
galih, dumugi kawan dasa dintên bojana sawêg luwaran.
Kacariyos Sang Prabu Wrêstibajra botên sagêd nayuti
ardaning brangtanipun dhatêng Dèwi Erawati, tansah katingal wontên salêbêting
supêna, lajêng matur dhumatêng ingkang rama ibu nyuwun lilah kondur dhatêng
pulo suwung, angèstokakên wangsiting dewa sagêdipun kapanggih kalihan Dèwi
Erawati yèn Sang Prabu Wrêstibajra sampun kondur ing pulo suwung, mila ing
galih [ga...]
--- 272 ---
[...lih] kasêsa bokbilih ingkang dados panggalih
kasêlak dhatêng amêningi suwêng, botên sande badhe dados damêl malih.
Sang Prabu Timur sarta pramèswari sami kamiwêlasên ing
galih midhangêtakên aturipun ingkang putra Prabu Wrêstibajra, wusana anglilani
ing pamitipun, namung kawêling sampun nyupèkakên ing sabên tanggap warsa
kadhawuhan sowan saos bêkti: dipun kangêni. Ingkang putra nyandikani kalayan
têmên-têmên.
Sang Prabu Wrêstibajra kadhèrèkakên Kyai Patih
Sindhungkara, bidhal sawadyabala kondur dhatêng ing pulo suwung, lêstantun
lampahipun rawuh ing kadhaton botên amanggih pakèwêd, sang prabu lajêng
amranata prakawising nagari, kyai patih kirang nyêkapi dhatêng pangrèhing among
praja, awit dèrèng nate nglampahi, beda kalihan ingkang putra, purunipun dados
êmbanan namung kapêksa saking wasitaning dewa,
--- 273 ---
awit saking punika sang prabu kapêksa nyarirani
piyambak, dados pangagênging pangadilan amancasi prakawis sarta dados
têtindhihing bala têtiyang wanan sarta bajag tani, ginulang ulah pêrang kados
kala Adipati Erawana, tumindakipun kalayan prihatosing galih pêcah kalih
kidhung dening koncatan patih wicaksana sarta susah kèngêtan murcanipun sang
ayu Erawati.
Gêntos kacariyos ing nagari Indhu, mirêng pawartos yèn
pulo suwung wontên ingkang jumênêng ratu, akadhaton ing Candhipêndhêm,
angratoni bajag sarta tiyang wanan karsanipun sang prabu: karaton Candhipêndhêm
ingandikakakên ngrisak, sampun ngantos kalajêng-lajêng andarbala, bokmanawi ing
têmbe angrêriwug wêwêngkoning karaton Indhu mindhak adamêl susah sang prabu
adhêdhawuh kinèn anglurugi, ingkang kapatah dados senapatining prang upsir Jaka
[Ja...]
--- 274 ---
[...ka] Urur, sanadyan taksih nèm sarta taksih
apangkat upsir, nanging sang prabu sakalangkung pitados masrahakên padamêlan
awrat saha ingkang gawat dhatêng upsir Urur wau, saha upsir Urur dipun êbang
bilih sagêd angêntasi damêl sapisan punika amêsthi badhe nampèni kamirahanipun
sang prabu: pangkat agêng narik dhatêng kaluhuran ingkang pantês ingaji-aji
dening têtiyang ing nagari Indhu, upsir Urur kados dipun unggar manahipun,
dhasar wantêr sudibya wirotama. Sarêng sampun samêkta lajêng bidhal, lêstantun
lampahipun dumugi palabuhanipun pulo suwung lajêng alabuh jangkar. Upsir Urur
sampun sumêrêp dhatêng ingkang jumênêng ratu, ciptaning manah namung sagêda
malês ukum ing kirang ajaripun, botên pisan anggadhahi cipta nambut silaning
akrama malah sangsaya sangêt pamadosing sariranipun sampun ngantos kajodheran,
sarta sampun narimah wahdat tanpa [ta...]
--- 275 ---
[...npa] krama, saha sampun sênêng ulah kaprawiran
dhasar sampun tinêtêpakên dados senapatining prang anindhihi prajurit sinêlir,
Upsir Urur lajêng amatah cundaka nonjok sêrat panantang, sampun ngantos kuciwa
anglampahi tindaking senapati nistha, cundaka kêkalih sami numpak kapal
arêrikatan, enggal dumugi ing kadhaton Candhipêndhêm, sang nata nuju miyos
sinewaka, pêpak andhèr ingkang wadyabala, kyai patih wontên ing ngarsa, sang
prabu awas tumingal yèn wontên cundaka kêkalih, ing galih ragi kumêdhap mênawi
cundakaning mêngsah nêlukakên panjênênganipun, sintên ingkang badhe dados
andêl-andêling prang kajawi namung sariranipun piyambak, cundaka kêkalih mudhun
saking kapal, lajêng ing lampahipun nuju ing panangkilan, para punggawa sami
cingak sadaya, cundaka lajêng matur tètèh atitih botên lirip kinêpang ing
tiyang sapanangkilan, têmbungipun, sang
--- 276 ---
prabu: kula ingutus gusti kula senapatining prang
ingkang anindhih prajurit sinêlir ing Indhu, apêparap, Urur, ingkang misuwur
asmanipun pinunjul ing bumi, saking kawantêran sarta kasudiranipun prang,
amaringakên sêrat dhumatêng sang prabu.
Sêrat katampèn ing sang prabu lajêng kawaos,
têmbungipun:
Pèngêt, layang manira kusuma Urur senapatining prang
kang dadi panguyunane para prajurit sinêlir ing Indhu, kang wus misuwur ing
jagad wiryawan sêkti môndra guna, bisa manjing ajur ajèr, kawêntaring
kawantêran sarta kasudiran manira agawe kêkêsing mungsuh, satêmah padha
sumêmbah makidhupuh ora kalawan manira gitik ing prang, dhawuh amarang pakênira
ratu nistha kang ora duwe kasêktèn pisan-pisan, kang gêlêm nyêbut: Prabu
Wrêstibajra.
Liring layang: panjênêngane ratu manira midhangêt pawarta
[pa...]
--- 277 ---
[...warta] yèn pakênira jumênêng ratu ana ing pulo
suwung mung kalawan pangangkate patih pakênira anake juragan Pôncawora ing
Ngindhu, ora saka kaskaya pakênira dhewe, iku agawe ênêke para prawira ing
Ngindhu, dêlap-dêlap pakênira urip, nampani kawibawan ora kalawan tinuku ing
prang, ing mêngko karsane sang prabu pakênira ingandikakake nglorod, balia dadi
kuli kaya batur tukon manèh, yèn pakênira ora nutut amêsthi tugêl gulu pakênira
pinangan ing pêdhang manira.
Sang Prabu Wrêstibajra kados tinêpak ing wong
wasuryanipun,[21] dèrèng dumugi pamaosipun: sêrat
sinêbit-sêbit sarwi ngandika: kongkonan, tutura karo Si Urur sakarêpe tak
tadhahi, layake ora cuwa gandhèng kunca karo aku. Caraka lajêng nulak wangsul,
matur ing gustinipun: Kusuma Urur, yèn Sang Prabu Wrêstibajra badhe amapagakên
[amapaga...]
--- 278 ---
[...kên] prang.
Sang Kusuma Urur ringas pasuryanipun, enggal
adhêdhawuh dhumatêng ingkang para wadya, kinèn ngrisak sarta ambêbahaki
padhusunan têpis iring praja, kathah ingkang karisakan, têtiyangipun sami ngili
dhatêng ing kitha, saha adamêl gègèring nagari.
Kyai Patih Sindhungkara sampun samêkta sawadyabala
kuswa sami asikêp dêdamêl, cucuking baris sampun bidhal dhatêng sajawining
kitha, pêthukan cucuking baris, ing Ngindhu lajêng campuh prang sakalangkung
rame, sampun kathah longipun ingkang pêjah, Kusuma Urur masang gêlar tiga warna
sumusup tasik, barisipun katingal mandhêlong, bala ing Candhipêndhêm ngêsuk
rumujak badhe numpês mêngsah, botên sumêrêp bilih panjawat kiwa têngên,
pêthiting tiga warna anggubêd nangkêbi saking wingking, dalah Kyai Patih
Sindhungkara kalêbêt ing gêlar kenging kapikut sarta lajêng kalêbêtakên ing
wrangkan, Sang Prabu Wrêstibajra
--- 279 ---
kantun anggana, namung rinêksa dening abdi magêrsari,
karsanipun sang prabu badhe soroh amuk ambelani kyai patih sarta ingkang para
abdi. Tumuntên Kusuma Urur andhawuhakên parentah dhatêng para prajurit sinêlir
angèndêli pangrisakipun dhatêng mêngsah, awit sampun kathah ingkang kabandhang:
sisanipun kantun sakêdhik, wêlas saupami karisak, awit sampun tanpa kiwul, Sang
Kusuma Urur karsa angêmbari pamukipun Sang Prabu Wrêstibajra sampun ayun-ayunan
wontên ing palagan sami nitih turôngga kawot sakapraboning prang, sang prabu
eram tumingal dhatêng ingkang mêthukakên prang, bagus taruna sariranipun lurus
kados putri, malah warninipun jèblês kados ingkang dados têlênging galih: Dèwi
Erawati, sampuna prajurit kakung sarta mêngsah amêsthi botên kolu milawani
prang, awit kinintên môngsa ambangkata prang tandhing kalihan ingkang sarira,
sarta eman mênawi kabranan [kabrana...]
--- 280 ---
[...n] utawi anêmahi pêjah, sang prabu alon
pangandikanipun, sapa baya kang mêthukake tandangku ing ayuda, dene satriya
isih jèdhèng, êndi senapatining prang kang aran Urur.
Aja tambuh ratu nistha, ratu rusuh kang dhêmên
ngrèmèhake bumining wadon (sang prabu botên anggraita ingujar-ujaran têmbung
makatên) iya aku senapatining prang kang saguh mocok utamanggamu payo mêdhatia
tak kêmbari sabudimu.
He, lonyo ing pangucap, eman rupamu bagus, yèn kêna
tak eman mundura bêcik ngawula marang aku mêsthi dak kasihi.
Babo-babo abamu kajaba yèn wis ana asu tatah, iku
kalakon kang dadi karêpmu, yèn ing jagad isih kasorotan padhanging srêngenge
kaya tangèh aku gêlêm ngawula marang kowe, kang tak pengini apa rusuhmu. Sang
prabu kabêranang tansah dipun [dipu...]
--- 281 ---
[...n] erang-erang lajêng nyandhak dêdamêl, sang
kusuma dipun sabêt ing pêdhang: katangkis, pêdhang malêsat, santun waos, sang
kusuma dipun talorong ing waos, dipun indhani, waos kalêbêt ing cangklakan
lajêng dipun kêmpit sarta lajêng katarik saking pucuk, sang prabu dhawah
kajalungup, sarêng dhatênging pangagêng prajurit, sang prabu katawan sarta
lajêng dipun awêri cindhe kasangsangakên ing jôngga, sang prabu botên suwala
kairid dhatêng pakuwoning mêngsah. Sang Kusuma Urur lênggah samadyaning tarub
wangunan ingadhêp para prawira jibêg kados sêkar sataman, sang prabu
kaajêngakên sarta taksih kaajenan kalênggahakên wontên nginggil sangajêngipun
Sang Kusuma Urur. Sang prabu waspada ing warnanipun Sang Kusuma Urur: kados
jambe sinigar palih kalihan citranipun ingkang rayi Dèwi Erawati, namung kaot
jalu lan wanita, saking kumênyuting galih ambarêbêl mêdal waspanipun botên
karaos.
--- 282 ---
Sang Kusuma Urur gumujêng latah, lidok pêthèkku si
nistha cilik atine nangis wêdi mati. Aja sumêlang atimu yèn kowe gêlêm têluk tak
uripi, ora ana carane prajurit linuwih mêmati mungsuh kang wis katawan.
Sang prabu amangsuli: sêrêt pangandikanipun, Urur:
luput pêthèkmu, aku ora watak cilikan atèn, sarta tak tobatake yèn aku nungkula
marang kowe, suka lila jurên diatêmah bubuk tinimbang aku têluk.
Apa mulane kowe carocosan ana ing ngarêpku.
Kowe sumurupa Urur: ajaa aku kasambut ing prang sarta
bakal kopatèni amarga saka gonku ora gêlêm nungkul, aku iya bakal mati anganyut
tuwuh ambelani pacangaku kang musna saka ing pagulangan,[22] dene gonku nangis mau: ora saka wêdi
[wê...]
--- 283 ---
[...di] mati, saka karêrônta atiku rupamu mèmpêr
rupane pacanganaku, dadi aku wis lêga lila marang patiku, kowe tak anggêp
pacangaku: wis kêtêmu, bakal misesa marang patiku, iku kang tak anggêp
ngatêrake nyawaku marang jaman kailangan: lah wis mara patènana, aku o[23] gêlêm têluk marang kowe.
Sang Kusuma Urur kados sinêndhal galihipun
midhangêtakên pasambatipun sang prabu, sirna larut dukanipun ketang wêlas
dhatêng pêpacanganipun lami, nênggak waspa dangu botên sagêd ngandika. Wusana
lajêng parentah dhatêng pangajênging prajurit kinèn anglêbêtakên kamar: sang
prabu, sorog kapundhut kaasta piyambak, dhawuhipun: cikbèn lêrêm dhisik ratune
wong Candhipêndhêm ana ing kamar pamondhokan bae, aja ana ing tarungku awit
kurang urmat marang sariraning ratu: sanadyan wus dadi tawan, mênawa kêtêmu
atine gêlêm têluk, awit saiki: isih kabranang nêpsu. Sesuk [Se...]
--- 284 ---
[...suk] yèn isih wangkot bakal tak patèni.
Para prawira lajêng angèstokakên dhawuhipun Sang
Kusuma Urur, sang prabu kalêbêtakên ing kamar pakuwon, sarta para prawira
sampun sami kalilan bibaran, Sang Kusuma Urur lajêng malêbêt ing dalêm, lukar
agêm-agêman, lajêng sare wontên ing kathil, waspanipun andrês amarawayan
ngantos angêbêsi singêp, kèngêtan ingkang rama ibu sarta anggènipun badhe
pinangantèn, wusana sande saking kabaranang runtik, ing mangke kapanggih sami
ijèn, punapa badhe nindakakên pandamêl ingkang nêrak awisaning agami, kajawi
kanisthaning lampah mawi duraka ing Pangeran. Sang Kusuma Urur karsa badhe
pêpanggihan kalihan sang prabu sarta badhe kaajak dhahar ing wanci dalu, sang
kusuma sampun dandos kaprajuritan lênggah ing galdri wingking ngajêngakên
ara-ara wiyar papaning prang, lintang sumêbar ing langit, sorotipun amadhangi
pasanggrahan, paksi kudhasih
--- 285 ---
mungêl badhe mapan tilêm angêrês-êrêsi manah, sinauran
ungêling paksi tuu anggantêr, saya adamêl anglêsing manah. Sang kusuma lajêng
adhêdhawuh dhatêng abdi kabincih kinèn ngaturi ing sang prabu, kaajak lênggah
dhahar. Sang prabu sawêg lênggah ing kursi angajêngakên candhela,
angèngêt-èngêt badhe kalampahanipun ing dintên benjing enjing bilih saèstu
kasedanan, sang prabu botên kagungan lirip ing galih malah rumaos bêgja dene angsal
jalaran ingkang nguntapakên pati, wah angsal pocapan sae, tinimbang
angagak-agak ngêntosi dhatêngipun Rêtna Erawati prasasat angêntosi timbulipun
watu itêm, kasaru dhatêngipun abdi kabincih sang prabu kaaturan lênggah dhahar
dhatêng Sang Kusuma Urur, sang prabu eram ing galih dene Sang Kusuma Urur karsa
nyarwe badhe pitêpang sae kalihan mêngsah ingkang sampun katingal wangkot botên
miturut ing kajêngipun. Sang prabu
--- 286 ---
kèrid lampahing utusan, rawuhipun ing galdri Sang
Kusuma Urur kurmat jumênêng saking palênggahan, sang prabu kaaturan pinarak
lèr, Sang Kusuma Urur wontên kidul, kêlêtan meja dhahar, dilah ingkang
amadhangi palênggahan katutup ing dalancang toya ijêm, nyunari wadananipun Sang
Kusuma Urur riyêm-riyêm kados murca kinêdhèpakên, sang prabu kuwur ing galih
dene warnaning satriya apindha putri. Sang kusuma matur sarwi mèsêm, sang prabu
dipun sakeca ing galih anyirnakna panggalih was sumêlang kaanggêpa botên
ajêjagongan kalihan tilas mêngsah, ajêjagongan kalihan sumitra sae.
--- 287 ---
Yayi kados têbih yèn kula anggadhahana cipta ingkang
nyulayani parikramaning têmbung manis, kajawi ingkang makatên, pêjah gêsang
kula sampun katêkêm wontên ing asta sampeyan, sarta kula sampun lilah kapundhut
pêjah gêsang kula wau dhatêng sang dèwaning ayu.
Lho, têka mawi ngandika dewaning ayu.
E, e, iya jagad dewa bathara, kula kasupèn mênawi
lêlênggahan kalihan pramodaning prang: wong bagus, kula sêngguh kalihan, wong
ayu.
Punapa inggih kasupèn sayêktos, punapa pancèn anjawat
kula sampeyan kintên putri.
O, sang kalêngkaning rat, botên pisan-pisan kula
anjêjawat anganggêp putri dhatêng sarira sampeyan, namung saking lunyunipun
kêcap kula kalintu amastani: wong ayu, katarik saking manising wadana ingkang
mêrak ati apindha wanodya. Sarta kula purun upata mênawi kula anjarag wicantên
kados ingkang kapangandikakakên wau, kajawi namung têmên wicantên kalintu.
Kalintuning pangandika sampeyan punika nelakakên yèn
sampeyan asih trêsna dhatêng pêpacangan sampeyan.
--- 288 ---
O, kadospundi sang kasumbung ing jagad, botên namung
sih trêsna kemawon, mawi kula punagèni mênawi kula botên sagêd kapanggih
kalihan pêpacangan kula wau kula botên tumolih dhatêng kawibawan, badhe kula
belani anganyut tuwuh, mila anggèn kula kapundhut pêjah gêsang kula wau, kula
anggêp margi ingkang utami piyambak, ambelani pêjahing bala sarta icaling
pêpacangan kula.
Punapa pêpacangan sampeyan warninipun ayu.
Botên basa, kula dèrèng sumêrêp warni ayu mêrak ati
kados pacangan kula.
Mèmpêr kados sintên.
Adhuh, mila kala wau kula angrêmpêlu mastani wanodya
dhumatêng sang prawirèng jurit, awit warninipun pacangan kula jiblès ingkang
sarira.
Sang Kusuma Urur gumujêng sarwi amangsuli: môngsa
kados pangandika sampeyan wontên tiyang ingkang sami warninipun, [war...]
--- 289 ---
[...ninipun,] Gusti Allah anitahakên makatên.
Kula botên maoni pamaibên sampeyan dhatêng cariyos
kula, ananging atur kula wau têmên yèn warninipun pacangan kula kados jambe
sinigar palih kalihan warna andika.
Sang Kusuma Urur tuwuk anggènipun rêraosan kalihan
sang prabu, waspada ing solah bawa muni-muni pinunjul ing akathah adamêl
sêngsêming galihipun sang kusuma, anarik brôngta dhatêng sang prabu dhasar
warnanipun sang prabu bagus jêtmika sumèh amêrak ati wimbuh amêmêlas, adamêl
rongèhing galihipun Sang Kusuma Urur, nanging sang prabu botên anggraita.
Sang Kusuma Urur matur dhatêng sang prabu: kakang
prabu punapa sampun sarèh galih sampeyan botên nampik dhatêng parimarmaning
senapati ingkang ambêk utama, lêpating pamisesa ingkang namu[24] murih dhatêng karaharjan pinanggih ing
mêngsahipun, kakang prabu karsa takluk dhatêng ratu [ra...]
--- 290 ---
[...tu] kula.
Yayi, sang kalêkaning[25] rat, pangandika sampeyan pantês kula
aosi sarta kula dhèrèk kanthi eklasing manah, awit parimarma ingkang mijil
saking kautamèn sami ugi kalihan pariwaraning yayah rena dhumatêng wêkanipun,
murih dhatêng kasaenan, mila parimarma sampeyan wau pantês kula aji-aji ing
salami-laminipun, ananging kadospundi sagêd kula gêsang bilih namung kanthi
prihatos mindêng botên manggih kasênêngan, inggih punika murcaning pêpacangan
kula, tekad kula badhe botên ewah saking mêmanising jagad ingkang botên
têlas-têlas, ananging kula rumaos wajib abela pati sumusul dhatêng têlênging
cipta ubaya, mila kula namung nyuwun ukum pati saking pamalêsing pisae ingkang
kula tampèni awon, inggih punika saking wangkoting manah lumuh dhatêng
karaharjan, awit sanadyan kula kaapuntên [ka...]
--- 291 ---
[...apuntên] ing sadosa kula, kula inggih badhe
nganyut pati, namung mênawi wontên piwêlas sampeyan, kula nyuwunakên
pangapuntên gêsangipun pêpatih kula: Adipati Sindhungkara, awit botên tumut
dosa kados kula.
Galihipun Sang Kusuma Urur kados coplok rêntah dhawah
ing siti midhangêtakên pasambatipun sang prabu, ngantos angrêntahakên waspa,
yèn ta wontêna ingkang rama Kyai Juragan Pôncawora, inggih punika Kyai Patih
Sindhungkara, Sang Kusuma Urur badhe ambadharakên sarira lajêng panggih kalihan
sang prabu ulah raras karasikan, ananging sêpêning wali adamêl kanggêging
karsa, awit pratingkah ingkang nyulayani pêpacaking agama prasasat alampah jina
dados pocapan awon, sang kusuma amangsuli atur, kula aturi nyarèhakên malih
kakang prabu galih sampeyan, kula dèrèng kolu nyedani satunggaling [satungga...]
--- 292 ---
[...ling] mêngsah ingkang amêmêlas kados sarira
sampeyan, namung pamundhut sampeyan gêsangipun pêpatih sampeyan, punika
andadosakên dhanganipun panggalih kula sarta lajêng badhe kula dhawuhakên
luwaripun saking wrangkan ing dintên benjing-enjing. Kakang prabu têka katingal
asih dhatêng pun patih, punapa taksih kalêbêt santananipun sang prabu.
Yayi: bapa patih botên kalêbêt wôngsa, sayêktosipun,
punika badhe marasêpuh kula ingkang ayoga yayi Erawati.
Kadospunapa kagèting galihipun Sang Kusuma Urur, yèn
patih ingka[26] ing kunjara ingkang rama piyambak Kyai
Juragan Pôncawora, sarta ing galih sakalangkung bingah badhe kapanggih kalihan
ingkang rama sarta kadugèn karsanipun salêbêting galih. Sang Kusuma Urur lajêng
adhêdhawuh dhatêng abdi kinèn angluwari kyai patih sarta ingandikan dhatêng
pasanggrahan [pasanggraha...]
--- 293 ---
[...n] sarwi matur dhatêng sang prabu. Kakang prabu
bapa patih kula luwari sapunika kemawon, mêsakakên tiyang sampun sêpuh.
Kula sakalangkung bingah, sarta sangêt ing panuwun
kula dhatêng kadarmanipun yayi sang kasumbung ing rat.
Botên antawis dangu kyai patih katingal dhatêng kèrid
lampahing utusan, lajêng majêng makidhupuh lênggah ing ngandhap sila tumungkul,
kyai patih sarêng sumêrêp dhatêng Kusuma Urur sumêdhot manahipun, amargi ing
warni jiblès putranipun ingkang murca Rara Erawati, kyai patih botên sagêd
ngampêt wêdaling êluh têmah anarocos pindha turasan, galihipun sang prawirèng
jurit kados sinêndhal kèlu bela karuna nanging sinamun ing pangandika: Bapa:
aku wêlas marang kowe wis tuwa kasangsara tinawan ing mungsuh, ing mêngko ilangna
prihatinmu kowe tak lêstarèkake dadi pêpatihing nagara Candhipêndhêm,
--- 294 ---
angêntèni ratu anyar kang bakal tinêtêpake dening
ratuku Maha Prabu ing Indhu, awit ratumu lawas bakal dak sedani kang awit saka
karsane dhewe.
Gusti: sang prawirèng laga, kula nuwun mopo
kawangsulakên pangkat kula lami dados pêpatihing nagari Candhipêndhêm ngriki,
kula nyuwun ukum pêjah kemawon, ambelani ratu gusti kula saha badhe mantu kula
Prabu Wrêstibajra.
Ora: ta, aku ora anglilani, wong kowe wis tuwa sarta
dudu bênêre ambelani bakal mantu, karodene manèh amurih utamaning laku, belane
sang prabu aja ambelani pacangan, bêcik ambelani garwa, mulane saiki uga sang
prabu nikahêna karo Rara Erawati.
Ihik, dene anèh karsanipun sang pangeran, punapa sang
prabu punika nikah angin.
Ora ngapaa bapa, sanadyan anglêngkara mêsthi kalakon
[ka...]
--- 295 ---
[...lakon] karêpku iki, kajaba saka ing pangwasaku iya
uga aku mung nglêstarèkake karêpmu yèn Rara Erawati wis kolilakake kagarwa
marang Sang Prabu Wrêstibajra.
Sang prabu tumut gumujêng sarta anggalih lêrês
karsanipun sang pangeran, yèn sedanipun ambelani garwa, botên pacangan.
Kalampahan sang prabu nikah Rara Erawati, ingkang
musikumi kyai patih, piyambak, saksi kêkalih mundhut abdi kabincih, sang prabu:
pangantèn jalêr, sang pangeran: awit saking adrênging karsanipun piyambak,
dados sêsulih minôngka sariranipun pangantèn èstri sami wontên ngajêngipun kyai
patih, pragading[27] panikah sang pangeran lajêng ngabêkti
dhatêng sang prabu sarta dhatêng kyai patih, dipun pambêng botên kenging,
karsanipun sang pangeran anêtêpi anggènipun dados awaking pangantèn, tumuntên
satata wangsul dhatêng
--- 296 ---
palênggahanipun piyambak-piyambak, sar[28] pangeran karsa andumugèkakên paginêman kalihan sang
prabu, namung kyai patih sampun kalilan ngaso dhatêng ing pasanggrahan.
Ing pagêdhonganipun, karsanipun sang dèwi sanpun[29] kadugèn, kantun badharipun kemawon,
taksih pakèwêd anggènipun nyangkani sang prabu pamit ngaso: kaandhêg, inggih
andhangani lajêng andumugèkakên andrawina sarta linuding gôngsa angrêrangin,
sang pangeran karsa abawa swara piyambak, swaranipun rênyah kados sundari,
rumpakanipun anggêpok lêlampahanipun sang prabu, sang nata nyathêt salêbêting
galih: dudu suwadine, lajêng santun rêrêpèn lêlampahanipun satunggaling putri
ingkang kawêlasasih, sang prabu: kajawi sêngsêm miyarsakakên swara arum
linuding gêndhing eram kawasisanipun sang pangeran anganggit dadakan tanpa
kandhêg turut kados apalan. [apa...]
--- 297 ---
[...lan.]
Sang Kusuma Urur saya botên sagêd nahan brônta nanging
botên sagêd mêdharakên sarira, lajêng adamêl kaduking pangunjuk, sang prabu
sampun karaos, ananging Sang Kusuma Urur botên tahan kados sang prabu sampun
supe purwa duksina anglêgèyèh sare wontên ing kursi, cahyanipun gumilang kados
sasôngka ingkang botên kaaling-alingan mega, pangarasanipun abrit kados sêkar
mawar ing wanci enjing, lathi mèngèr-mèngèr pindha kapundhung pinêcah,
sinomipun risak dèning tênaga kawuron angrompyoh nyakênthung barèh tatanipun
wontên ing palarapan, pindha pradapaning pakis kataman bayu, tênaganipun Sang
Kusuma Urur botên mambêt kakung kados satuhu putri, sang prabu ngantos brôngta,
pangunandikaning galih, athik ana wong lanang rupa lan tênagane utawa ulone
jiblès kaya wong wadon
--- 298 ---
Sang Kusuma Urur dipun uwuh ing sang prabu: sampun
botên nyauloni, têtela sare. Sang prabu marma ing galih sang kusuma dipun
cêlaki badhe kajunjung sarta lajêng badhe kasarèkakên ing kathil, asta kiwa
têngên kawêngkang badhe kajunjung katingal mênthêking payudara apindha wanodya,
sang prabu kèndêl panjunjungipun, maspadakakên barênjul ingkang nyandhung
manah, saya kirang sakeca ing galih lajêng dipun lajêngakên rasukanipun
kabalêdhèhakên, ing nglêbêt katingal pranajanipun dipun ubêd-ubêdi ing plangi
kuning, sang prabu anjêngêr, wusana nekad dipun lajêngakên malih angêndhokakên
setubanda, purnama kêmbar ambêsat mancorong pindha thathit, sang prabu
sapandurat botên sagêd ngandika, têtela yèn ingkang rayi Dèwi Erawati: malih
kakung, sang prabu botên karsa mungu awit sang kusuma sangêt ing wurunipun,
lajêng kapondhong kasarèkakên ing kathil: aririh, [ari...]
--- 299 ---
[...rih,] lajêng siningêban tinêngga sarwi kinêbutan,
sang prabu kapok adamêl pratingkah kados ingkang sampun. Amargi saking
sangêting wuru sang kusuma tansah kêdabigan, amiwal singêb karaos gêrah
katingal sariranipun ingkang pindha kêncana binabar rimbag kriya wantah, ing
jagad sunyaruri kapadhangan dening purnama kêmbar, sang prabu enggal anutupakên
singêb sarwi ngêrêmakên tingal, ajrih mênawi sumaput kapraban soroting purnama
wau, iba rêkaosing galihipun sang prabu anglampahi padamêlan awrat ingkang
tanpa timbang, amisesa ajrih mênawi kaputungan galih kados ingkang sampun,
nêngga wungunipun raosing galih prasasat angêntosi timbulipun watu itêm, awit
botên wontên antawisipun wungu, sarêng anggagat bangun sang prabu karaos sarip,
lajêng angrungkêbi sampeyanipun ingkang rayi, kêbutipun taksih kaasta, sagêd
[sagê...]
--- 300 ---
[...d] angliyêp sawatawis. Sang putri sampun ragi ical
wurunipun, nglilir karaos sampeyanipun dipun rungkêbi ing tiyang, sarta eram
dene sariranipun sampun wontên ing pasarean, môngka ing dalu bujana kalihan
sang prabu, wusana inggih lajêng sumêrêp yèn ingkang andhêkoni sampeyanipun wau
ingkang raka sang prabu, sarta angintên yèn ingkang nyarèkakên sariranipun ing
kathil: inggih sang prabu, makatên malih angintên yèn sang prabu sampun sumêrêp
dhatêng yêktining sariranipun malihan putri, awit agêm-agêmanipun sampun lukar
dening sangêting wurunipun, saha sang putri sumêrêp yèn sang prabu botên nindakakên
patrap kados ingkang sampun, bokmênawi kapok, awit katingal lênggah wontên ing
dagan dhêkukul andhêkoni sampeyan, mila sang putri lajêng rêntah galihipun,
amungu sang prabu: alon, gusti gurulaki kula paduka wungu, sampun wontên
[wo...]
--- 301 ---
[...ntên] ing dagan, kula aturi sare minggah, sang
prabu sawêg layap-layap mirêng pangandikanipun ingkang rayi: guragapan wungu
lajêng nyandhak kêbut ingkang sumèlèh saking asta, sang putri wungu ingkang
raka dipun rangkul: cuthêl.
Ing wanci enjing sang kusuma taksih ngagêm cara kakung
mêdal saking pasanggrahan, kanthèn asta kalihan sang prabu, para wadyabala
sampun pêpak andhèr, Sang Kusuma Urur aparing sumêrêp dhatêng pangagênging
prajurit yèn Sang Prabu Wrêstibajra ing punika sampun karsa nungkul, sarta pangagênging
prajurit sakalerehanipun sami kadhawuhan wangsul dhatêng nagari Ngindhu atur
uninga ing sang prabu yèn lampahipun Sang Kusuma Urur ambêdhah praja ing
Candhipêndhêm saking pangèstunipun sang prabu: sampun kalampahan bêdhah,
ratunipun nungkul, saha mênawi kalilan saking karsanipun sang prabu: nagari wau
kasuwun gumadhuh wontên Kusuma Urur, ing sabên warsa [war...]
--- 302 ---
[...sa] sowan sarta nyaosakên bulubêkti, sadaya wau
kawrat ing sêrat, kanthi sêrat tutupan satunggal, ingkang nyariyosakên lêlampahaning
sariranipun sarta Sang Prabu Wrêstibajra.
Pangagênging prajurit lajêng samêkta saha lajêng
bodhol dhatêng palabuhan, numpak baita bêdhol jangkar ababar layar bidhal
wangsul dhatêng nagari Ngindhu lêstantun lampahipun.
Ingkang kantun wontên ing pasewakan, sang pramèswari
Erawati matur dhatêng ingkang raka, sinuhun: kula amasrahakên paprentahaning
nagari dhumatêng ing asta tuwan, karêmbaga kalihan rama patih, kula namung
angamping-ampingi kemawon, awit saru tiningalan, utawi asring andadosakên jalaran
rêtuning praja bilih paprentahan katindakakên dening wanodya, sanadyan wanodya
wau amumpuni ing kasagêdan, inggih ugi ing batos kapaibên utawi [u...]
--- 303 ---
[...tawi] kaina dhatêng para punggawaning praja
ingkang sami kirang lêpas ing budi. Mila kalampahan anggèn kula suwita dhatêng
sang prabu ing Ngindhu: mangangge cara jalêr pangangkah kula sampun ngantos
kanyana èstri, dados maha dhatêng kalêpatan nyamur lampah, bilih kacurnan,
inggih badhe nampèni pidana, nanging kula têmah inggih saking punika wau
ingkang kula kawekani.
Yayi, pun kakang ora nyelaki sumanggêm kalawan
têmên-têmên, nindakake pagawean abot iku nanging aku mung sadêrma anglakoni,
kabèh-kabèh isih atas karsamu, aku upamane giyota: kowe kang dadi kamudhine,
sanadyan kotumbukake ing parang ora anggarantês, saking aku tanpa budi tanpa
kapintêran, kaya angganing giyota mau saka dhèk bocahku ambaèkake pituture guru
parta[30] ora miturut marang kangjêng rama, kowe
iya wus nguningani dhewe yêktine calathuku mau, mulane [mu...]
--- 304 ---
[...lane] aku anarima têrusing ati mung dadi ratu
athung-athung sarta narima dadi juru panêbah tilam bae.
Sinuhun, sampun sumêlang ing galih kula badhe botên
negakakên padamêlan awrat wau.
Yayi: yèn kaparêng saiki prayoga budhal saka ing
pasanggrahan kondur marang kadhaton.
Kula sumôngga.
Bapa patih apa ora prayoga jinatenan kêkêramu ing dina
iki.
Kados prayogi mênawi sampun kondur dhatêng ing
kadhaton, sarta kula sampun mangangge èstri.
Sang prabu botên amaoni karsanipun ingkang rayi, sarta
lajêng adhawuh kondur angadhaton, botên dangu wadyabala sampun mirantos, kyai
patih anindhihi baris dados panganjuring lampah: sarawuhipun sang prabu ing
kadhaton Candhipêndhêm, botên lajêng lênggah sinewaka, lajêng kondur angadhaton
[angadhato...]
--- 305 ---
[...n] akanthèn asta kalihan Sang Kusuma Urur, para
wadyabala dèrèng anggraita, makatên ugi kyai patih ugi dèrèng anggraita bilih
Sang Kusuma Urur malihan putri sarta taksih kinintên tilasing mêngsah ingkang
sampun dados sumitra sae. Kyai patih sarta para wadyabala dèrèng kalilan
bibaran taksih sami kadhawuhan sowan magêlaran, ngêntosi wiyosipun sang prabu.
Tindakipun sang nata dumugi paningrati[31] pandhapa, agêmipun pêdhang sang kusuma
kaparingakên abdi kaparak, sang kusuma lajêng kapondhong ing sang prabu adamêl
cingak saha eramipun ingkang para abdi, dene tilas mêngsah kapondhong pinindha
garwa liniling sarta dipun arasi. Rawuh ing kadhaton lajêng anjujug ing kamar
dandos, sang kusuma enggal ngrucat busana kaprajuritan, dandos cara putri
pramèswarining nata, miyos saking kamar akanthèn asta lajêng lênggah ing
parasdya: sakalihan, [saka...]
--- 306 ---
[...lihan,] kyai patih ingandikan malêbêt, botên dangu
sowan kalihan para bupati nayakaning praja tarap andhèr wontên kajogani[32] paningrat pandhapa ingkang lèr, kyai
patih eram ningali dene sang prabu lênggah sampun mawi pramèswari, botên andugi
saking pundi pinangkanipun pramèswari punika sarta Sang Kusuma Urur botên
katingal wontên, kyai patih lênggah andhêkukul.
Sang pramèswari matur dhatêng ingkang raka, sinuhun:
kula nyuwun lilah badhe ngrakul[33] dhatêng pun bapa supados icala onêng
kula dhatêng tiyang sêpuh sarta supados icala prihatosipun pun bapa.
Iku kang luwih prayoga yayi: aku bangêt anjurungi
karsamu iku: payo nuli tak kanthi, sang prabu jumênêng lajêng nganthi ingkang
garwa tindak dhatêng panggenanipun kyai patih. Kyai patih katêdhakan sang prabu
sakalihan, enggal kurmat andhodhok ngapurancang, [ngapura...]
--- 307 ---
[...ncang,] sarèhning paraning tingal namung dhatêng
sang prabu, mila botên waspada dhatêng citranipun sang pramèswari, sang prabu
jumênêng wontên ing ngarsanipun kyai patih tanpa ngandika, nanging kyai patih
sakalangkung kagèt dipun rangkul dhatêng sang pramèswari, wusana sumêrêp têrang
yèn sang pramèswari punika putranipun piyambak Dèwi Erawati ingkang murca
saking pagulingan, kyai patih gêntos angrakul[34] kalihan ambêngok nangis sêru pindha
wanita, sarwi asêsambat mêlasasih anakku kang tak trêsnani, kang tak itik-itik
cilik mula, kang bangun turut, kang wêdi marang wong tuwa, kang ora tau agawe
êsaking ati, kang tansah agawe bungah sadina-dina, kongsi diwasa mèh
pakalakrama[35] olèh putraning ratu kang wus jumênêng
ratu, arêp gawe cêndhaking umure wong atuwane, kolu ninggal lunga murca ora
karuwan parane, apa wong tuwane kang kaya aku iki bisa urip kalawan sênêng,
kajaba [kaja...]
--- 308 ---
[...ba] mung bakal ambelani pati golèk jalaran kang
bisa ngenggalake sêdyane, jêbul katêmu ana kene wis karo pacangane, payo gèr
kowe nuli tak nikahake karo sang prabu, aja kongsi nglakoni duraka nêrak
laranganing agama palakrama tanpa nikah.
Sang pramèswari lajêng satata lênggah wontên ing
ngajêngipun kyai patih, sang prabu têdhak saking ing dhampar lajêng tumut lênggah
ing têngênipun ingkang rayi, para nayaka lajêng sami mundur sumewa nêbih.
Sang pramèswari matur dhatêng ingkang rama sarwi
mèsêm, punapa kula badhe sampeyan nikahakên malih kalihan sang prabu.
Kyai patih anjêngèk, dhèk apa olèhku nikahake kowe
karo sang prabu.
Pramèswari, sampeyan punika kasupèn, kula sampun
sampeyan nikahakên, sumôngga ta sampeyan matur ing sang prabu.
--- 309 ---
Kyai patih, ora lola-lali, punapa inggih: gusti,
kawula sampun nikahakên pun rara kalihan panjênêngan paduka.
Sang prabu. Bênêr ature yayi dèwi, malah komusikumi
dhewe, sarta yayi dèwi munggah dhewe.
Kyai patih. Kawula bingung gusti pangandika paduka
punika, yêktos kawula nikahakên anak kawula kalihan panjênêngan paduka, nanging
ethok-ethokan kemawon, tanpa wujud, ingkang dados acung-acu[36] sêsulih Kusuma Urur ingkang ngasta
bangbang alum-aluming nagari ngriki.
Sang prabu. Iya iku yayi dèwi, mulane mêmpêng olèhe
dadi sêsulih.
Sang pramèswari, maleroki ingkang raka sarwi
anjêngkangakên, anggèn kula kêdah ngawaki piyambak punika botên saking kapengin
tumuntên kagarwa, namung nêtêpi utamaning nikah.
--- 310 ---
Kyai patih kados siniram ing toya windu asrêping
manahipun.
Sang prabu lajêng adhêdhawuh dhatêng kyai patih kinèn
utusan ngaturi uninga dhatêng ingkang rama Sang Prabu Timur ing Marutamanda,
yèn sang prabu sampun kalampahan dhaup kalayan Dèwi Erawati, angrênggani wontên
ing kadhaton Candhipêndhêm, sang prabu kanthèn asta lajêng jêngkar angadhaton.
Kyai patih mundur magêlaran, lajêng amêdharakên wêwadi
wau punika dhatêng para nayakaning praja, sarta lajêng matah utusan dhatêng
nagari Marutamanda.
Gêntos kacariyos Sang Prabu Ngindhu miyos sinewaka,
andangu cundakanipun Kusuma Urur ingkang sawêg dhatêng. Cundaka lajêng
angaturakên sêrat kêkalih ingkang satunggal palapuran bab pamunah ripu dibya
ngantos adamêl pêpati kathah wusana mêngsah kalindhih sarta ratunipun kapikut
wontên samadyaning palagan,
--- 311 ---
sarta lajêng nungkul, wondene anggènipun Kusuma Urur
kandhêg wontên ing Candhipêndhêm, sabab botên ngirid pisowaning ratu mêngsah,
mugi sang prabu kaparêng anguningani sêrat tutupan ingkang kasarêngakên kalihan
palapuran pêrang. Sêrat lajêng kabuka ing sang prabu, ijêmanipun Sang Prabu
Wrêstibajra sakalihan sang pramèswari Dèwi Erawati, angaturakên ingkang sêmbah,
saha ngaturakên gancaring lêlampahanipun miwiti malah amêkasi, turut botên wontên
ingkang kalangkungan, Sang Prabu Wrêstibajra sarta pramèswari Erawati anênuwun
mugi kaparêng anggawuh[37] kagunganipun sang prabu, nagari ing
Candhipêndhêm satalatahipun, saha ing sabên taun badhe sowan piyambak
angaturakên bulubêkti asok galondhong pangarêng-arêng, pèni-pèni rajapèni
gurubakal gurudadi. Sang prabu ing Ngindhu trênyuh ing galih kamiwêlasên
nguningani lêlampahanipun Sang Prabu Wrêstibajra
--- 312 ---
sarta pramèswari Erawati, lajêng adhêdhawuh dhatêng
juru panyitra kinèn amangsuli sêratipun sang prabu ing Candhipêndhêm,
amarêngakên punapa ing sapanyuwunipun, saha adhêdhawuh kinèn amèngêti
lêlampahanipun sang prabu sarta pramèswari ing Candhipêndhêm, katunggilna
kalihan cariyos nitik ing karaton ing Ngindhu, dhawuhipun sang prabu sadaya
sampun kalampahan. Saha sampun utusan matêdhakakên sêrat wangsulan dhatêng ing
nagari Candhipêndhêm.
Kacariyos ing nagari Candhipêndhêm saya katingal
kamajênganing têtiyang ingkang sami anggaota, pandhe, sayang, gêndhing,
kêmasan, sasaminipun, rame sabawaning nagari, juragan ing amôncapraja kathah
ingkang dhatêng ambêkta dêdaganganipun warni-warni sarta kilak dêdagangan ing
nagari Candhipêndhêm kabêkta mantuk, palabuhan ing ngriku sampun dados
palabuhan agêng.
--- 313 ---
Sang Prabu Wrêstibajra sampun sakeca ing galih
nagarinipun dados gêmah ripah loh jinawi, malah sampun kagungan osik badhe saos
bêkti dhatêng ingkang rama Sang Prabu Timur sarta lajêng badhe kaaturan têdhak
dhatêng ing Candhipêndhêm, anguninganana kamuktènipun sang prabu. Namung
saprakawis ingkang karaos ing galih bab botên kèndêling lindhu ing
Candhipêndhêm, dening kawahipun rêdi Brama katingal saya ciyut kasumpêlan siti
walirang saking ngandhap, saupami ngantos pampêt saèstu ambêbayani, kayêktosan
êmaring galihipun sang prabu, ing satunggil dintên rêdi Brama malêthos,[38] siti walirang kombul ing tawang
anglimputi buwana pêtêng dhêdhêt alimêngan, tumuntên katungka dhatênging lahar
mili saking kawahipun rêdi Brama nutup kadhaton Candhipêndhêm pulih waradin
kados waunipun, têtiyang sanagari tumpês botên wontên ingkang gêsang. Sang
prabu seda wontên ing kadhaton, [kadhato...]
--- 314 ---
[...n,] nunggil ingkang rayi sang pramèswari.
Punika cuthêling cariyos lêlampahanipun Pangeran
Prakêmpa inggih Prabu Wrêstibajra, ing bab kamipurunipun dhatêng ingkang rama
sanadyan sampun tobat kaping sèwu ewadene taksih amanggih piwalês seda siniksa
ing Pangeran, dene ingkang garwa Dèwi Erawati inggih ugi kalêpatan
angènthèngakên sutrêsnanipun yayah rena anis saking sasana adamêl orêming
manah, prasasat amaoni kajênging yayah renanipun wau, mila katut anêmahi
sangsara nunggil ingkang raka. Sayoginipun ing agêsang namung angagêngna
kaajrihan sarta katrêsnan dhatêng bapa biyung têrus ing manah, punika tuking
budi kautamèn, bilih dipun èstokakên, amêsthi badhe botên kaduwung ing
salami-laminipun.
Kacariyos Sang Prabu Timur nuju miyos sinewaka,
ingkang wontên ing ngarsa Pangeran Adipati Erawana [E...]
--- 315 ---
[...rawana] jajar kalihan Radèn Apatih Samirana, dangu
sang prabu angèngêt-èngêt ing bab kadadosaning putranipun, Sang Prabu
Wrêstibajra, punapa sampun sagêd kêpanggih kalihan pêpacanganipun Dèwi Erawati,
ingkang dados pangajapaning tawang, sarta sang prabu ing galih rumaos kangên,
awit sampun lami botên kêpanggih karsanipun ing dalêm batos badhe têdhak têtuwi
dhatêng ing Candhipêndhêm, sawêg badhe kapangandikakakên dhatêng radèn apatih
midhangêt jumêgur kados swaraning mariyêm sèwu, sarta botên dangu jawah awu,
wusana angsal pawartos yèn ing nagari Candhipêndhêm kobong dening
pambalêdhosing rêdi Brama, tiyang sakitha pêjah korugan lahar. Sang prabu
anglês galihipun wêlas dhatêng ingkang putra Sang Prabu Wrêstibajra, amêsthi
seda korugan ing lahar ugi. Sang prabu badhe karsa sèlèh kaprabon dhatêng
ingkang putra mantu, Sang Pangeran Erawana nanging dipun gendholi dhatêng Kyai
[Kya...]
--- 316 ---
[...i] Patih Samirana, sanadyan sèlèha kaprabon, bilih
ingkang putra Dèwi Bantarangin sampun apêputra kakung sarta sampun diwasa,
kandhêg karsanipun sang prabu, lêstantun angasta pusaraning praja, lulus botên
wontên sambekalanipun, dumugi yuswa 75 taun, sarta ingkang putra sampun
kagungan putra abêbranahan, ingkang pambajêng kakung kaparingan nama Radèn
Uswasa, sarêng sampun diwasa lajêng kaserenan karaton, ajêjuluk Sang Prabu
Uswasa, putra mantu lêstantun dados pangeran adipati wrêdha ngiras angêmbani ingkang
putra piyambak, dene Sang Prabu Timur lajêng amagawan.
Tamat.
--- 317 ---
Inhoud.
Anila, Bagawan ... ing rêdi Sadhaka, pêputra kalih
sami èstri 1. Dèwi Angin-angin, kagarwa Prabu Sindhung Aliwawar 2. Dèwi Maruti,
kagarwa Pangeran Pracondha.
Urur Zie Erawati
Erawana, Jaka ... = Patih Bajrarumung, anakipun Kyai
Pôncawora, Nyai Pôncawati, sadhèrèkipun satunggal èstri nama Rara Erawati =
Kusuma Urur, kapundhut garwa Radèn Prakêmpa, dene awakipun piyambak kapundhut
mantu Prabu Timur, angsal Dèwi Bantarangin.
Erawati, Rara ... = Kusuma Urur zie Erawana.
Uswasa, Radèn ... wayahipun Prabu Timur saking Dèwi
Bantarangin.
Angin-angin, Dèwi ... putranipun Bagawan Anila,
kagarwa Prabu Sindhung Aliwawar.
Rasêksa, pandhita ... krama angsal Dèwi Rasêksi.
Rasêksi, Dèwi ... zie Baratkatiga.
Timur, Radèn ... putranipun Prabu Sindhung Aliwawar,
patutan saking Dèwi Angin-angin.
Tanggulangin, patihipun Prabu Sindhung Aliwawar.
Sindhung Aliwawar, Prabu ... ing nagari Si
Marutamanda.
Sindhungkara zie Pôncawora.
Saribit, rêdi ... zie Bajrapati.
Sadhaka, rêdi ... zie Anila.
Samirana, anakipun Patih Tanggulangin, dados patihipun
Radèn Timur.
--- 318 ---
Sumilir, Dèdi[39] ... putranipun Pangeran Pracondha patutan saking Dèwi
Maruti.
Wrêstibajra zie Prakêmpa.
Pôncaruka, nagari ... zie Bayubajra.
Pôncawora, Jaka ... = Patih Sindhungkara, anakipun
Juragan Bayubajra, rabi pikantuk sadhèrèk angkat puponing bapakipun, nama Rara
Pôncawati.
Pôncawati, Rara ... anakipun Juragan Bayubajra, karabi
dhatêng Bagus Pôncawora, anakipun Juragan Bayubajra wau.
Pracondha, Pangeran ... ingkang rayi Prabu Sindhung
Aliwawar.
Prakêmpa, Radèn ... = Jaka Bayu = Prabu Wrêstibajra,
putranipun Radèn Timur, patutan saking Dèwi Sumilir, sadhèrèkipun satunggal
putri nama Dèwi Bantarangin.
Pratipa, rêdi ... pasarean utawi astana karaton.
Pawana = Candhipêndhêm.
Maruti, Dèwi ... putranipun Bagawan Anila, kagarwa
Pangeran Pracondha.
Marutamanda, nagari ... zie Sindhung Aliwawar.
Grêbêg, Grubug} panakawanipun Radèn Timur.
Bantarangin, Dèwi ... putranipun Radèn Timur patutan
saking Dèwi Sumilir, sadhèrèkipun satunggal kakung nama Radèn Prakêmpa.
Baratkatiga, Prabu ... pêputra Dèwi Rasêksi, krama
antuk pandhita rasêksa.
--- 0 ---
Bisaka, sadhèrèkipun nèm Juragan Pôncawora.
Bajrarumung zie Erawana.
Bajrapati, Prabu ... ingkang eyang buyut Prabu
Sindhung Aliwawar, seda amrênyanyang sumare ing rêdi Saribit.
Bayu zie Prakêmpa.
Bayubajra, Juragan ... ing nagari Pôncaruka.
--- 0 ---
ADMINISTRATIE ... Soerakarta, Juni 1902.
SOSODORO
Ngabèi Wirapustaka angaturi uninga dhumatêng para
abonêmèn, ing sapunika padamêlan Administrasi dipun tindakakên dening Tuwan E
Mudhi, pramila para abonêmèn sami kaaturan, bayaran Sasadara benjing bibar
Garêbêg Mulud Be punika mugi lajêng kapasrahna dhatêng Tuwan E Mudhi, saha
ingkangh taksih kawalêdan sapintên kathahipun miturut pêthuk ingkang sampun
dipun tampèni inggih kapasrahna dhatêng Tuwan E Mudhi.
Ngabei WIROPOESTOKO dan toewan E. MOODY membri taoe
pada sekalian abonnement njang sekarang pakerdjaan administratie di djalanken
olih toean E. MOODY di pangetjapan Bromartani. Maka sekalian abonnement di
minta bajaran,,Sosodoro" garebeg Moelood Be njang aken dateng, dan
sateroesnja soepaja di kirimken pada toean E. MOODY. Dan waledan bajaran di
minta djoega soepaja di kirimken pada toean E. MOODY tadi.
WIROPOESTOKO ... E. MOODY.
Copyright © 2011-13
Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar