1. Kenya
lugu
Crita
kenya kang ora patiya ayu
Mangkat
sekolah ngluru ilmu
Pangarep-arepe
supaya ora dadi babu
Uga bisa
ngewangi Bapak lan Ibu
Pancen dhasare bocah kang lugu
Diapusi wedokan juragan ciu
Jarene arep diwengku
Nanging omongane ora kena dipitaya
Jebule didadeke wanita
Wanita kang wis ora sampurna
2. Limangewu
rupiah
Rungakna
pitik-pitik wis padha mapan aning kandhange
Mega wis
angslup sawalike segara gedhe
Bocah-bocah
padha njagong ing serambi langgar
Ngadhep
dampar sinambi nderes Qur’an
Swara
adzan wis padha ngumandhang
Wis ora ana wong kang nyambut gawe
Kabeh wis padha mlebu omahe
Nglerenke awak sing njarem sakabehane
Nanging Mbah Darso durung ketingal aning ngomah
Isih ngider golek ewonan rupiah
Kanggo nyukupi panguripan kang saya suwe saya mblandrah
Nanging kasile ora punjul saka limangewu rupiah
3. Urip
kang migunani
Urip kuwi
ora salawase
Kabeh aji
nalika ing wayahe
Yen wayahe
ganti, kabeh ora ana ajine
Kang maune
disunggi
Saiki
ngglasar ora ana sing preduli
Yen wis ngono kuwi
Apa kang bisa katindhakake
Pontang panting ora ana genahe
Saya suwe ilang kapangan mangsane
Saora-orane urip kuwi kudu migunani
Nduweni aji kanggo wong liya
Supaya ora muspro yen wancine wis teka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar