Katalog
|
:
|
|
Sambung
|
:
|
-
|
PRABANGKORO
--- 0 ---
Sêrat
Prabangkara
Nyariyosakên
Prabu Ôndakara ing Nagari Indhu kecalan putra ingkang binadhe raja, nama
Pangeran Adipati Prabangkara. Ngantos dumugi ing konduripun, krama angsal
pacanganipun nama Rara Apyu.
Kaanggit
dening: Ki Padmasusastra
Tiyang
mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta
Kawedalakên
sarta kasade dening Toko Buku: Tan Kun Swi Ing Kadhiri Taun 1921.
--- 1 ---
Ing nagari
Indhu wontên ingkang jumênêng nata ajêjuluk Maha Prabu Ôndakara, agêng
karatonipun, pintên-pintên nagari ingkang sami suyud nungkul aris botên kalayan
kagêbag ing prang, kapraban ing kawibawan dening kontaping asmanipun sang
prabu, dhasar ratu agung binathara, nyakrawati ambaudhêndha. Patihipun sang
nata taksih kalêbêt santana ajêjuluk Radèn Apatih Giripawaka, bijaksana mêngku
bang-bang pangalum-aluming praja, sinuyudan ing wadyabala. Putranipun sang nata
kakung putri wontên satus kirang sêtunggal, sami mijil saking garwa paminggir,
sang prabu anggènipun krama sampun lungse ing môngsa, kadugi sampun yuswa sèkêt
taun, pramèswari nata ajêjuluk Dèwi Gêniara, sapunika anggarbini, sarêng
ambabar miyos kakung amuragili, dados putranipun sang nata jangkêp satus sawêg
miyos lajêng kaparingan jêjuluk Pangeran Adipati Prabangkara, sang rajaputra
sakalangkung dinama-dama, kalis ing roga walagang kados siniram ing toya gege,
cinitra warnanipun sang pangeran pindha bang-bang mudhun saking ardi ruruh sêmu
jatmika mêrak ati, tumuntên kalêbêtakên ing pamulangan agêng nunggil lare
kathah.
Ing
pamulangan lare, kathah woworanipun lare èstri ingkang dèrèng diwasa sarta
dèrèng kapisah panggenanipun, wontên lare èstri satunggal anaking jurutamanipun
sang prabu anama [ana...]
--- 2 ---
[...ma] Rara
Apyu, endah ing warni sanadyan dèrèng pêcah pamoripun, sampun angantawisi yèn
badhe pinunjul ing bumi, cinitra warnanipun Rara Apyu, sariranipun singsêt
amênjalin kuning wênês maya-maya lumêr apindha pradapaning angsoka, wadananipun
mancorong pindha kartika mabangun, sotyanipun kocak amawa praba. Ing
pagêdhongan bok jurutaman punika badaya ing karaton taksih kalêbêt santananipun
nata kalêrês misan, punika dipun karsakakên sang prabu, lajêng pun trimakakên
dhatêng ki jurutaman mêdali Jaka Gêniroga, tumuntên ingkang rayi Sang Prabu
Pangeran Ôndapawaka satêdhak ing patamanan sriwadari: nyare, bok jurutaman kang
ngladosi wontên ing yasakambang, punika wanuhipun pangeran, sarêng sampun
patutan satunggal, inggih pun Rara Apyu, sang pangeran mantun karsa, dados sang
pangeran adipati: ing kabatosan kalihan Jaka Gêniroga: sadhèrèk tunggil bapa,
kalihan Rara Apyu sadhèrèk nak-sanak, dene Jaka Gêniroga kalihan Rara Apyu
sadhèrèk tunggil biyung. Sang pangeran saya diwasa, makatên ugi Rara Apyu saya
nêdhêng birai, sang pangeran botên sagêd amênggak karsa dening karoban ing
mêmanis, ananging Rara Apyu nyolong pêthèk, katingalipun tutut, yèktosipun
kêsit, botên kenging ginagampil sarta botên kenging rinoban ing arta [ar...]
--- 3 ---
[...ta]
busana, punapa pawèwèhipun sang pangeran: dipun tampik.
Nuju wanci
sontên sang pangeran alêledhang sêsarêngan kalihan Rara Apyu, rêraosan prakawis
rèmèh-rèmèh ngantos dumugi ing kêbonraja, kèndêl lêlênggahan wontên ing kursi
patèn sangandhaping wit cêmara, nuju tanggal kaping wolu, rêmbulan sumorot
amadhangi patamanan, wadananipun sang pindha ratih katrêsan ing pêpadhang,
mêlok rêbat sorot kalihan prabaning purnama, saya kuwur panggalihipun sang
pangeran, yèn ta sampuna kapadhan sih amêsthi lajêng winasesa, kuciwanipun sang
rara katingal prayitna sarta botên purun pinarpêkan, ananging liringipun tutut,
amratandhani yèn asih trêsna dhatêng sang pangeran, sang pangeran èmêng ing
galih wusana ngandika:
Nyawa woding
atiku, apa kang dadi sababe barang pawèwèhku kotampik, apa pancèn ora kasdu
marang kang awèh.
Kowe aja
kaliru tômpa, kowe rewangku sêkolah cilik mula, bênêre kowe wis sumurup marang
atèn-atènku, ênggonku ora basa marang kowe apa ora wis amratandhani yèn aku
rumakêt marang kowe, lan atiku apa wis ora kalêbu ing atimu, manisku apa wis
ora [o...]
--- 4 ---
[...ra] ra
nyukupi yèn aku asih trêsna marang kowe.
Iya iku sing
gawe kodhênging atiku, dening pawèwèhku: kabèh kotampik.
Kowe iku
jare pintêr, nyatane bodho, kêthul atimu, apa pawèwèh iku dudu urub-urubing
budi kang nuntun marang piala, samôngsa aku wis nampani pawèwèhmu, aku bakal
kowisesa pindha wong tukon, iku dudu karêpku, awit aku ora arêp adol awak, arêp
adol trêsna.
Ora
pisan-pisan yèn aku ciptaa mêngkono, sêdyaku mung marang bêcik.
Tandhane:
Kowe bakal
tak pundhut garwa mêtu saka wong atuwamu, ora dakgawe sabarangan.
Ya gene ora
nuli koklaksanani.
Mêsthi nuli
daklaksanani yèn kowe wis nimbangi marang katrêsnanku.
Bênêr
pêthèkku yèn kowe iku bodho, katrêsnanku marang kowe kang daklantari saka
manising ulat wis tak tampakake lawas marang kowe, nanging kowe ora rumasa yèn
wis anampani, isih mêksa anjaluk walèhku, dadi aku saiki kêpêksa nglairake,
saka boting katrêsnanku marang
--- 5 ---
kowe, iya
dakpituruti uga. Sumurupa pangeran: yèn aku ora bakal laki tumeka ing pati yèn
ora olèh kowe, wit cêmara kang kumrisik kabaratan kang anêksèni marang
prasêtyaku iki, lah mrenea kowe tak rangkul.
Sang
pangeran gurawalan anyakêt, ing ngriku têmpuking katrêsnan sajawining parewana.
Wis ayo
padha mulih, iki wis rada wêngi, aku têrna sadhela, balia ana ing lawang bae.
Wis mêsthi
kowe tak têrake, môngsa tegaa: aku.
Putra lan
putri lajêng ing lampahipun kondur, sigêg.
Sang Prabu
Ôndakara enjing miyos sinewaka, pêpak andhèr ingkang wadyabala, ambalabar
ngantos dumugi ing pamurakan, radèn patih wontên ing ngarsa tumungkul
amarikêlu, sang prabu angandika.
Kakang.
Kawula
nuwun, kula.
Kapriye
anane kaki adipati, dene wis lawas ora milu angadêgi ana pasamuwaning
pangadilaningsun, pamite lara, nanging yêktine ora, sabên ingsun utusan niliki
tinêmu suwung, kaya gila andêlêng marang panjênêngan ingsun.
Kawula
nuwun, bawaning lare: putra dalêm gampil angampangakên [angampang...]
--- 6 ---
[...akên]
katrisnan, awit sumêrêp yèn katrisnan dalêm botên sagêd ewah saking têlênging
galih, dene anggènipun nilar kêwajiban agêng dening sampun wontên ingkang dipun
andêlakên, para nayakaning praja sami wicaksana bèrbudi.
Iya bênêr,
ananging olèhe gila marang panjênêngan ingsun sarta olèhe wani ninggal marang
kêwajiban iku dening apa, amêsthi ana nalare kang êros.
Botên liya
namung awit saking pamêksa kawula saha para nayakaning praja amundhi dhawuh
timbalan dalêm anantun tumuntên karsa krama, pikantuk putrining ratu ingkang
timbang kaluhuranipun putra dalêm, ananging putra dalêm mrêngkang rèhing
kautaman kagungan pamilih, krama pikantuk anakipun tiyang pidakpadarakan, abdi
dalêm pun jurutaman ing sriwadari anama Rara Apyu.
Apa durung
sira surupake yèn putraning ratu ora kêna krama olèh wong cilik, kudu olèh
putrining ratu, utawa olèh santana putrane wong gêdhe têdhaking karaton, awit
bakal dadi sêsêmbahane wong akèh.
Kawula nuwun
sampun botên kêkirangan anggèn kawula anyêrêp-nyêrêpakên sarta mardi
piturutipun dhatêng panjênêngan dalêm, ananging tansah wangkot, namung ngagêm
karsanipun piyambak mawi nyorahakên kêkajênganing tiyang botên kenging pinêksa
ing liyan, sanadyan ratu botên wênang amêksa dhatêng tiyang ingkang lumuh:
[lu...]
--- 7 ---
[...muh:]
utawi botên ajêng, upami kalampahan karsaning ratu ingkang makatên wau, punika
nyulayani kalayan pranataning agama, prasasat mêksa akèn nêdha têtêdhan ingkang
dipun gigoni, mutah wontên sapangajêngan, prasasat pamalês panganiayanipun sang
prabu. Akathah-kathah anggènipun damêl sêsorah ingkang nelakakên lêrêsing
karsanipun yèn kêkajênganing manungsa botên kenging kawisesa ing ratu, sanadyan
ratu wau têtiyang sêpuhipun inggih ugi botên kenging dening amung dados
jalaran, têtêp gêsanging manungsa macung[1]
piyambak-piyambak ing pangayunanipun Pangeran. Dene ingkang kêdah pinituhu
sabarang rèh dêdamêlaning manungsa punika têtiyang alit botên kenging mrêngkang
sapangrèhing ratu ingkang kinuwasakakên dening tatananing agêsang. Cêkakipun
putra dalêm sagêd amawali kajêng kawula saha para nayakaning praja anggèn
kawula ngêmban dhawuhing timbalan dalêm.
Agawe gawoke
panggalih ingsun, dene nganti samono wangkote. Sarèhning sira wis ngaturake
cabar, ing mêngko sira lèrèna angrêmbug prakara iku, bakal ingsun pasrahake
marang bok ratu, supaya maripiha marang anake, yèn mêksa cabar: ingsun dhewe
kang bakal amisesa ing atase wêwênanging bapa marang anak.
Sang prabu
jêngkar kondur angadhaton, kyai patih sarta para
--- 8 ---
nayakaning
praja bibaran mundur sowang-sowang.
Kacariyos
sang prabu kondur angênyapura kêpanggih lan ingkang garwa, jinatenan ingkang
dados karsanipun sang nata ingkang kadhawuhakên dhatêng radèn apatih sarta
muphakat lan para nayakaning praja, anantun palakrama dhatêng ingkang putra
pikantuk putrining nata ingkang sumbut kalihan kaluhuranipun sang prabu,
panantun wau katampik, pangandikanipun sang nata:
wangkote
anakira: ora mung lumuh pinalakramakake bae, malah duwe karêp dhewe, moh
ngambah dalan kang marang kautaman, milih ngambah dalan kang marang kanisthan,
arêp apèk bocah anake wong pidakpadarakan abdiningsun jurutaman ing sriwadari
aran Rara Apyu ginawe swami, saiba loking jana ilanging kautamaningsun, dene
putraningsun kang ingsun gadhang gumanti kapraboningsun pramèswarine wong
pidakpadarakan. Mungguh wangkote anakira ingsun pasrahake marang sira, nganti
sapiturute, yèn wis kêlakon sira paripih, apa ature anakira, sira nuli
angunjukana uninga marang panjênêngan ingsun.
Sang
pramèswari sapandurat botên sagêd ngandika, dene ingkang putra gadhah watak
pugal dhatêng tiyang sêpuh, môngka ingkang sampun kalampahan, namung tansah
andadosakên parênging galihipun ingkang rama, sang pramèswari munjuk:
--- 9 ---
Gusti,
dhawuh dalêm saèstu badhe kawula lampahi kalayan pamardi ingkang ngantos putra
dalêm miturut punapa parênging karsa dalêm, karosan kawula misesa dhumatêng
putra dalêm, botên liya namung saking dêrêsipun dhawahing luh kawula, bokmênawi
sagêd anyandèkakên gonjinging manahipun putra dalêm dara pangeran ingkang
gumiwang dhatêng Rara Apyu.
Nuli lakonana
bok ratu, si thole aja sira undang, mundhak saya gumyu[2] atine,
kalahana wae mênyanga kadipatèn mêngko sore.
Nuwun inggih
sandika.
Kacariyos
Rara Apyu wanci sontên majang wulan nuju tanggal kaping pitu lênggah, wontên
ing undhuk sangandhaping kajêng tanjung kasorot padhanging rêmbulan ingkang
mêdal lowahan sêlaning godhong tanjung andhawahi jajanipun sang ayu, katingal
murub ngujwala ijêm pindha andaru sumamar wontên ing pêpêtêng, rencangipun lare
èstri dipun kèn mêndhêti sêkar tanjung ingkang sami rêntah coplok saking
kudhupipun kêsuk dening ebahing godhong kapanduk sumiliring angin ambêkta gônda
wangi saking panggenan ingkang katrajang, têmpuh lan ambêting sêkar tanjung
sumawur andhawahi pangkonipun sang ayu, sakala rujit galihipun anggagas badhe
kadadosaning ubaya: lajêng angrêrêpi:
Mijil
dhuh
pangeran woding driya mami / gung katon katongton [katongto...]
--- 10 ---
[...n] /
wong jêtmika nylèwèng nora barès / èsêmira grêgêtake ati / yèn pinandêng wêdi /
malah amitambuh //
yèn
tininggal rikat anututi / ingandêgan mogok / manas ati bae salawase / yèn wong
nora prayitna ing batin / yêkti wus kajodhi / tinawan ing mungsuh //
baya nora
bisa antuk kalih / kaya si mêngkonok / mêrak ati saparipolahe / saradane babo
mathêt lathi / wajanira kengis / gumêbyar narawung //
kadi katiban
sara sangkali / luluh jiwanyawor / tujune Si Apyu nora gègèr / mung atine bae
rontang-ranting / tanwun raga mami / mati tanpa tatu //
tambanana
dimèn wurung mati / matura sang katong / iya kaya ubayamu biyèn / jare karsa
sira nganggêp cèthi / ingsun anti-anti / jêbul nora muncul //
sabên katon
saguhe dharindhil / apa baya goroh / sawangane: cidra nora duwe / yèn kandhane
kêna dèn gondhèli / nadyan rama wibi / mambêng tan rinungu //
nanging
kapriye ragèngsun iki / bisane kalakon / sudra papa apês bêbasane / kadi kate
pan angrangsang ardi / tangèh praptèng nginggil / malah kajalungup //
dening tan
tolèh dhiri pribadi / turune wong asor / nanging apa: ta: kaluputane / ing
atase wong salakirabi / wênang nampik milih / Dyah Apyu kapiluh //
Rara Apyu
sabên sang nata parêpatan lan kyai patih saha para
--- 11 ---
nayakaning
praja, anglampahakên têlik pangendrajala sadhèrèkipun jalêr anama Gêniroga,
suwita nayakaning praja, mila punapa ingkang karêmbag sang rara sagêd sumêrêp,
saking sadhèrèkipun wau, pangrêmbag ingkang wêkasan, sampun têtela têrang yèn
sang pangeran badhe winisesa dhatêng ingkang rama sang prabu pinalakramakakên
angsal putrining ratu ingkang timbang kalihan kaluhuranipun, karsanipun sang
prabu amêsthi kalampahan, Rara Apyu anglês manahipun, anggadhahi pamikir yèn
prasêtyanipun kalihan sang pangeran badhe wudhar tanpa dados, dening kêncêngipun
sang prabu, mila sêdya anganyut tuwuh, ananging pêcating nyawanipun kasêksèna
dhatêng sang pangeran, Rara Apyu sadalu mêrêm mêlik botên sagêd tilêm, anggagas
kêdadosaning awakipun, kênthêling pamikir badhe oncat saking balegriyanipun,
bokmênawi dados lantaran sagêdipun kalampahan panggih kalihan ingkang dados
pangajapaning tawang kagarwa sang rajaputra, pagas têtalining trêsnanipun
dhatêng yayah rena.
Rama,
biyung, kowe padha karia slamêt, aku pamit lunga saparan-paran anggolèki kang
ora ana, angêgungna pangapura, ênggonku tansah gawe sêdhihing atimu.
Wanci
anggagat bangun enjing mangkat saking griya, lêpas lampahipun.
--- 12 ---
Kacariyos
kyai jurutaman jalèr èstri, sampun sumêrêp yèn Rara Apyu badhe kagarwa dhatêng
sang pangeran, wontênipun badhe kagarwa dening susilaning pambêkanipun, botên
kenging ginagampil, sarta botên kenging winasesa utawi rinoban ing rajabrana,
ing batos sakalangkung bingah sarta amêmuji kalampahanipun. Ciptanipun:
Saiba
bungahku upama kalakon aku sida duwe mantu sêsotyaning bumi kang ginadhang dadi
ratune wong Indhu: aku bakal luwar saka ing papacintraka.
Sarêng Rara
Apyu botên katingal wontên ing griya, dipun padosi sawêwêngkoning griya botên
pinanggih wusana sumêrêp yèn panganggenipun suwèk sawatawis botên wontên, kyai
jurutaman jalêr èstri angintên yèn anakipun kesah, lajêng anjêrit tiyang
kêkalih asambat-sambat botên sagêd kantun, kyai jurutaman enggal dhatêng
kadipatèn, sowan sang pangeran, badhe ngaturi uninga ing bab icalipun Rara
Apyu. Sang pangeran nuju lênggah wontên ing panêpèn ijèn, kagèt mriksa
dhatêngipun kyai jurutaman botên kalayan dipun timbali, sampun nyana yèn wontên
prakawis pêrlu, dèrèng matur sampun kadangu damêlipun, kyai jurutaman matur
miwiti malah amêkasi, sang pangeran kagèt ing galih tumratab tab-taban, ananging
sinamun ing netya, pangandikanipun:
--- 13 ---
Wayah apa
olèhe lunga.
Sawêg enjing
punika wau gusti, kados dèrèng têbih kesahipun.
Kiramu
parane mênyang ngêndi.
Pandugi
kawula kesah tanpa sêdya. Dening tansah angèngêt-èngêt dhumatêng panjênêngan dalêm,
sarta sampun sawatawis dintên nyêgah nêdha tilêm.
Wis ta: kowe
muliha bae, tak golèkane dhewe, kowe aja wara-wara, lawas enggal amêsthi bisa
kêtêmu, kowe têntrêma ana ing omah, aja lunga-lunga lan aja cilik atimu, iki
tampanana dhuwit limang atus ringgit gawenên sangu urip sajrone kowe daktinggal
anggolèki anakmu.
Sakalangkung
panuwun kawula gusti, nanging mênawi kêlilan kawula nyuwun dhèrèk satindak
dalêm.
Aja paman,
aku arêp lumaku ijèn, yèn nganggo rewang mundhak amêmurung laku, wis ta: balia
mulih, tak dandan.
Sarèhning
sampun dados parêngipun karsa dalêm makatên, kawula inggih botên sagêd maoni,
botên langkung abdi dalêm kawula namung ngaturakên pêpuji mênggah ing
kasugêngan dalêm wontên ing saba paran, kawula lajêng kêlilan mundur.
Iya juru
taman.
--- 14 ---
Kangjêng
pangeran lajêng têdhak ing kamar panyêratan ngantos sawatawis dangu, rampung
anggènipun nyêrat lajêng dandos ngagêm agêman cara sudagar, namung sangu arta
êmas sarajud, tindakipun nilib mêdal ing kori butulan, lêpas lampahipun.
Kacariyos
abdi dalêm êmban ing kadipatèn, ingkang kinathik sang pangeran, rintên dalu
botên nate pisah, sumêrêp yèn gustinipun botên wontên, enggal kapadosan,
nanging botên pinanggih, lajêng sagêd andugi kemawon yèn sang pangeran murca
saking kadhaton kadipatèn, dening kawratan brôngta dhatêng Rara Apyu, bokmênawi
lajêng ngupadosi purugipun, awit êmban punika wau sumêrêp ing lêbêtipun
jurutaman, sarta dipun pitakèni pêrlunipun sowan sang pangeran prasaja ngaturi
uninga ing kesahipun Rara Apyu, ananging êmban botên angintên yèn sang pangeran
tega tilar kawibawan, mila botên dipun kawekani, êmban enggal lapur ing sang
prabu. Dupi sang prabu miyarsakakên unjuking êmban kumêpyur ing galih gugup
enggal têdhak dhatêng kadipatèn kalihan sang pramèswari, sarawuh ing kadipatèn,
yêktos pinanggih suwêng, sang pangeran murca botên wontên ing dalêm, ing
pasarean dipun priksa wontên sêrat sumèlèh ing ulon-ulon, enggal kapriksa ing
sang prabu, têmbungipun:
kawula
nuwun, atur sêmbah kawula Pangeran Adipati Anom: [A...]
--- 15 ---
[...nom:]
Prabangkara, konjuk ing panjênêngan dalêm gusti tiyang sêpuh kawula Sang Prabu
Ôndakara, ratu agung binathara nyakrawati ambaudhêndha, ingkang mêngku bala
mayuta-yuta, jinajaran ing liman paprangan satus, akêkutha bacingah, akadhaton
rinêngga ing sêsotya pêlikaning bumi, abalowarti santosa, dados tanggulanging
ripu dibya ingkang sumêdya angrangsang biting, tanwun kèlês dening samêktaning
byuha kalawêrit, ingapit mariyêm ing segog-segoganing balowarti, ajêjagang
sagara yasa, tangèh kenging sinabrangan, anampèni kaluhuran saha kamulyan
pindha kawasaning nabi panutan kawula.
Kawula
nuwun, gusti ratu bapa sinuhun kawula, kawula botên anyupèkakên sih wilasa saha
katrêsnan dalêm dhumatêng kawula, saha tumanêming manah ngantos dumugi ing
pêjah, sarta kabêgjan ingkang sampun kawula tampèni kalayan kaurmatan, abdi
dalêm kinèdhêpan saha ingajenan têtiyang saisining praja dening prabawa dalêm,
jumênêng pangeran adipati anom, saha ginadhang anggêntosi karaton dalêm, bilih
panjênêngan dalêm sampun sarira nabi, ananging sadaya kabêgjan ingkang
pinanggih ing manungsa, agêng alita sami kemawon, sayêktosipun namung wontên
ing wanita ingkang cocog kalihan manahipun, sanajan ratu ingkang mêngku jagad
asring kadunungan susah [su...]
--- 16 ---
[...sah]
dening pramèswarinipun pugal, carawak, mawali pikajêngan, botên mêrak ati,
ayunipun sirna tanpa lari, môngka abdi dalêm kawula pinêksa saking pangawasa
dalêm, muphakat lan kajêngipun uwa patih sarta para nayakaning praja badhe
pinalakramakakên pikantuk putri ingkang dèrèng kawula sumêrêpi mêmanahanipun,
saupami kêlampahan kawula apalakrama miturut kajênging sanès, ingkang botên
anglampahi susahipun, sami ugi kawula tumbas barang ing wanci dalu,
katingalipun sae, namung saking padhanging latu sapêlik, cacadipun pintên-pintên
botên kasumêrêpan, ananging sampun kêlajêng kawula tumbas sarta gêtun kawula
sampun kasèp, kabucal santun ingkang prayogi, nama siya-siya sarta santunipun
wau tarkadhang malah langkung awon malih tinimbang kalihan ingkang dipun bucal,
cêkakipun kenging kaupamèkakên kawula pinêksa nêdha wisa mandi ingkang sagêd
angrisakakên kaèngêtan kawula.
Awit saking
punika gusti, kawula kapêksa anyèlèhakên kawibawan, dening botên kuwawi kataman
sêkêling manah ingkang sagêd mugut panjanging nyawa kawula, milalu nandhang
papa cintraka, angupadosi pêpacangan kawula sangkaning lare Rara Apyu, anakipun
jurutaman ingkang nistha kawijilanipun, awit amung punika ingkang dados witing
kabingahan bilih sagêd pinanggih, ananging punapa nama bêgja: namung nama
kanisthan ingkang kanthi [ka...]
--- 17 ---
[...nthi]
katêntrêmaning manah, sarta sagêd amanjangakên umur kawula. Botên langkung
gusti, kawula nyuwun pangapuntên kaping sèwu, anyirnakakên runtiking panggalih
dening wangkot kawula botên miturut dhatêng pangrèhing tata darma ingkang sagêd
narik dhatêng widadaning kaluhuran dalêm, kinosoka wangsul angrêntahakên
piwêlas saha matêdhani pangèstu wilujêng kadumugèn sasêdya kawula, makatên
malih pangèstunipun rayi dalêm kangjêng ibu kawula suwun.
Konjuk …
Ingkang abdi
Pangeran: Prabangkara
Satamating
pamaosipun sang prabu pangastanipun sêrat anggrègèli: botên karaos waspa drês
marawayan, anètèsi sasêratan adamêl bawuring tulis, kaasta badhe kaambalan
malih sampun botên cêtha. Sang pramèswari botên kasamaran yèn sêrat punika
têtilaraning sêratipun ingkang putra sang pangeran, sarta têtela yèn sang
pangeran oncat saking kadhaton, sang pramèswari anjrit karuna sumungkêm ing
pangkonipun ingkang raka sêsambat amêlas asih akèn anusulakên utawi ambelakakên
pêjah sarêng lan ingkang [ing...]
--- 18 ---
[...kang]
putra: wusana kantu. Sang prabu saya barubah ing galih, angêngimur tikbraning
galihipun ingkang garwa sarta nyakecani galih: yèn sang prabu badhe nyarirani
piyambak tindak angulati ingkang putra, sang nata lajêng kondur angadhaton, amêmulih
rêntênging galihipun ingkang garwa, sarêng sampun ragi lipur lajêng tinilar.
Sang prabu miyos sinewaka, para putra santana miwah para wadya pêpak andhèr,
kyai patih sumiwi ing ngarsa amarikêlu. (kacariyos: lolosipun sang pangeran
sampun misuwur sanagari, adamêl orêging manahipun têtiyang alit, awit kaicalan
mêmaniking praja ingkang badhe sumilih karaton ing Indhu) sang nata dangu botên
ngandika, dhêdhêp botên wontên sabawa, dalah angin kèndêl botên lumampah,
wusana ngandika. He, sakèhe putra santananingsun, muwah abdiningsun bumi ing
Indhu, sarta satalatahe kabèh, samurcane putraningsun kaki adipati, wêwênanging
paprentahan kadipatèn ingsun asta dhewe, saupama kaki adipati kabanjur ora ana
timbule nganti panjênêngan ingsun murud ing jaman kalanggêngan,
putra-putraningsun kakung ora ana kang ingsun lilani gumanti ing karaton
ingsun, karsaningsun, kacêkêla marang sawijining putra santananing karaton saka
pamilihe wong akèh, kang ingaran bêcik dhewe, bisa angenaki lan angayomi marang
atine wong Indhu, samono iku mawa watêsan, [wa...]
--- 19 ---
[...têsan,]
lawas-lawase mung limang taun, kajaba saka karêpe wong cilik kudu anjaluk salin
sadurunge limang taun, utawa anjaluk lêstarine sawise limang taun, panggêdhe
kang dadi pangayoman wau. Supaya putra santananing karaton padha amarsudia
undhaking kapintêrane, lan ambangun bêciking kalakuane dadia pangalêmaning
akèh, antuk pituwasing sinau bisa angundhuh wohing kangelane angrasakake
rasaning nikmat lan muphakat, iya iku têlênging kabêgjan lan kaluhuran kang dhuwur
dhewe sangisoring ratu, lan supaya ora andadèkake tuwuhing ciptane ala para
putra-putraningsun kang pancèn ora ingsun gadhang anggêntèni kaprabon ingsun.
Para putra
santana saha abdi dalêm sadaya sami saur pêksi mangayubagya karsa dalêm sang
prabu.
Sang nata
andhawuhakên dhatêng kyai patih, para abdi kapêtêngan ingandikakakên ngupadosi
murcanipun ingkang putra, botên kalilan mantuk bilih dèrèng pinanggih, makatên
malih para putra santananipun sang prabu sami ingandikakakên ambêbujêng buron
wana, bêdhat pikat pêksi tuwin misaya ulam lèpèn, paring kabingahan tur ngiras
ngupadosi sang pangeran, bokmênawi lumêbêt ing wana-wana tuwin ing
jurang-jurang, awit ingkang dipun kuwatosakên sang prabu: bokmênawi sang
pangeran lajêng nganyut tuwuh dening botên kapanggihe pangupadosipun
[pangupadosi...]
--- 20 ---
[...pun]
Rara Apyu, merang wangsul dhatêng praja, awit sang nata sampun uninga
wêwatêkanipun ingkang putra ènthèng dhatêng ing pêjah tinimbang kalihan botên
kadugèn karsanipun. Dene sang nata karsa nyarirani piyambak ngupadosi ingkang
putra sang pangeran, ingkang rayi sang pramèswari kakarsakakên andhèrèk, saha
mawi kadhèrèkakên para putra santana miwah para abdi dalêm pêthilan, têdhak ing
pasanggrahan wêwêngkoning nagari Indhu.
Kacariyos
para abdi kapêtêngan sampun lumampah rumiyin pisah-pisah purugipun, tumuntên
para putra santana sami agêgolongan pêncar lampahipun, wusana ingkang angantuni
lampah têdhakipun sang prabu saha pramèswari dalêm ingkang kajujug rumiyin,
pasanggrahan ingkang cêlak narmada, amêngkêrakên arga, ngiwakakên wanapringga,
kathah bêbujêngan kidang manjangan sarta kancil, pêksi, mêrak, satawana
tutut-tutut dening awis kambah ing tiyang ambêbujêng, saking kaawisan, kêjawi
namung sang prabu piyambak sarta awis-awis ing têdhakipun.
Sinigêg lampahing
cundaka sarta têdhakipun sang prabu lêlangên ing narmada sarta ing wanawasa.
Gêntos kacariyos lampahipun Rara Apyu murang marga malêbêt ing wana sêpi,
punagining manah aluwung mantuk aran mênawi sande kawêngku sang pangeran,
ingkang dados têlênging manah, sêsambatipun: dhuh pangeran, prak atimu kang
--- 21 ---
ora
êntèk-êntèk, gumarit ana têlênging ati, apa baya cidra ubayane marang aku
dening karoban ing kawibawan sarta abot mrêngkang saka pangwasaning bapa. Ratu
angkara ambêg niaya, anêrak pêpacaking agama, misesa marang wong lumuh
salakirabi jiyadan, anyêri-nyêri marang kawijilane wong asor, ora duwe piwêlas
marang karusakaning anak, tangèh duwea piwêlas marang wong sudra papa kaya
awakku. Luluh manahipun Rara Apyu,. Ambarêbêl luhipun carocosan, lumampah
sasêlot-sêlotipun anut paraning suku, bang-bang wetan hyang aruna mêdal saking
tanjêb langit mungup-mungup anyoroti sèsining buwana, pradapaning angsoka
sêngklèh kawratan dhawahing bun ingkang angêbêsi, kados anyêmoni Rara Apyu
pêpêsing manah kawratan trêsna dhatêng sang pangeran, satawana jêgigrèk mungêl
wontên ing parumputan lajêng angèrèki babonipun, Rara Apyu ewa umiyat,
ciptaning manah: bok aja agawe mêngkono ana ing sapangarêpanku, apa ora kêna
kosarèhake nganti mêngko yèn aku wis liwat. Botên kacariyos langêning margi,
lumampah kêpanasan sadintên botên kèndêl, kandhêg lampahipun wanci tibralayu,
wontên sangandhaping kajêng bêndha kawak, tambinipun alongsor pindha taksaka
mulêt padhas awaking sêndhang, suluripun tumali ing sela kados sinalang, toyanipun
wêning [wê...]
--- 22 ---
[...ning]
pindha kaca kathah minanipun alit-alit pating sriwêt, ilining toya kumriwik
anjog trêjunging jêjurang mancur kasorotan surya gumêbyar, amawa cahya pindha
sambartaka anucup toya, dhawah ing sela gajah miring muncrat apindha wrêsti,
sumawur anêrak hawa, sang rêtna karênan tumonton langêning toya, lênggah wontên
tambining wrêksa saha lulur-lulur suku sarwi anyawuki toya amasuh pada,
waspanipun tètès botên karaos, asêsambat:
Maskumambang
dhuh
pangeran dununge katrêsnan mami / baya tan supêna / dasihe kawêlas asih /
angambah wana wulusan //
pada rapuh
darêjêg ingkang ngengingi / sêbit kang busana / dening pangrèndhèting êri / tan
surud mêksa sinêrang //
lir siniksa
ngambah pêparanging ardi / rusaking wadana / kasongan panasing rawi / babo sapa
kang kelangan //
dasihira
mung angayam-ayam pati / lamun tan panggiha / kalawan pangeran mami /
marmènggal nyawa nusula //
yèn kasuwèn
babo lamun tan mênangi / ingsun nganyut jiwa / pira larane wong mati /
tinimbang dadi pocapan //
jêr awake
cilik mula mêmarahi / anèng pacrabakan / anggung gawe awèh liring / lah iki
kêpriye mana //
liringira
dadi ingsun tuku pati / nanging iya ora / lamun sira gêlis prapti / ngong anti
nèng pinggir sêndhang //
Kados sarêng
lampahipun, ananging cariyosipun kadamêl [kada...]
--- 23 ---
[...mêl]
gêntos, tindakipun sang pangeran saking kadipatèn ugi wanci anggagat enjing,
lêpas lampahipun amurang marga ngambah pasabinan tanêmipun wanci gumadhung,
ijêm anglangut ebah kêtrajang ing angin kados ombaking sagantên lirap-lirap,
kumriwiking toya bêdhahaning galêngan anjog ing tulakaning sabin ngandhapipun
munthuk pêthak pating plêmbung arêroncenan pindha cakênthunging sinomipun sang
rêtna, amêmungu rujiting galihipun sang pangeran, cangak mabur urut-urutan
kados atuduh margi, êmprit unjal nusuh têngahing godhong pandhan, uwitipun
manglung ing wangan, adamêl ewaning galihipun sang pangeran, panglocitanipun:
kapriye dene khewan cilik bisa olèh kasênêngan agêndhon rukon, manungsa sing
kaya aku malah kasarakat, gêndhon rukon manèh bisaa, kêtêmu wae kang tak upaya
durung mêsthi. Tindakipun sang pangeran dipun lajêngakên dumugi ing parêdèn
ngambah pagagan, panasipun sumingêb ngantos rumaos botên kuwawi anglajêngakên
lampah, pados pakèndêlan wontên sangandhaping kajêng gayam angrêmbuyung,
uwitipun kêkalih angapit sêndhang, antawising uwit wontên selanipun agêng
kacêpit ing oyoding gayam kados kêkayud, ing nginggil lètèr, toyanipun
akimplah-kimplah lubèr mili dhatêng wangan, sang pangeran karênan ing galih
wijik pada lajêng minggah ing sela lètèr [lè...]
--- 24 ---
[...tèr]
anggaloso sarean, angin sumribit kados angiliri sumuking sarira, miyarsa
ungêling pêksi bêrkutut asêsauran, nonop ing êpanging kajêng, sang pangeran
kêgagas ing galih angèngêt-èngêt citranipun sang dèwi, panglocitanipun: adhuh,
apa ana wong duwe warna kaya yayi Apyu, mokal yèn Gusti Allah nitahna manèh
manungsa kaya mêngkono.
Pangkur
mungkur
karênaning candra / nira Apyu tuhu punjul ing bumi / wadana lêkêr dinulu /
dhasar mêntas lêlampah / kasorot ing raditya ing wanci surup / lumarap silêming
tirta / gumêbyar lir sitarêsmi //
netra lir
sagara muncar / kocak dening gênjoting kêdhèp aris / imba jait amalêngkung /
bayu ijo rumêngga / angawêngi kadi têtali gumantung / pangarasan maya-maya /
masmu rêkta dening gêtih //
waja rêntêt
runtut rata / putih gilap pindha tètèsing warih / wèh kêsare kang andulu /
lathi sigar ing wohan / mèngèr-mèngèr kadi gêbyaring kang banu / tumrontong
madhangi jagad / wèh enggar isining bumi //
rema mêmak
ngendrawila / kadi sêkar bakung kasilir angin / kêkêtêp kadi [ka...]
--- 25 ---
[...di]
pinatut / ngrompyoh[3] anyimbar
wrêksa / athi-athi nyaluwêng ngudhuping mênur / jaja wêwêg wêlar wijang /
sarira ambêngle keris //
babo kang
purnama kêmbar / ingkang wanci yèn pêlêm matêng ati…
Dumugi
samantên sang pangeran pêtêng paningalipun, wusana kantu ngantos sawatawis
dangu, sarêng wungu kèngêtan yèn sariranipun nate anggêguru kalêpasaning ngèlmi
panggandan, sarêng dipun watêk lajêng sumêrêp puruging lampahipun Rara Apyu
enggal tinututan, mila lampahipun namung untap-untapan kemawon, sarêng dumugi
sacêlaking sêndhang: panggandanipun kèndêl mulêk wontên ing ngriku. Sang rara
pinanggih tumungkul sarwi mêtêk pada, luhipun carocosan, botên sumêrêp
dhatêngipun sang pangeran, sumêrêp-sumêrêp sampun rinangkul sarta dipun arasi
pungkuranipun, sang rara kagèt, nanging lajêng sumêrêp yèn ingkang raka, sang
ayu apongah-pangihan katêmbèn dinêmèk ing kakung ingkang dados têlênging manah,
wicantênipun: nyawa, aku ora nyana yèn bisa kêtêmu
--- 26 ---
kowe, sing
nuduhake paranku mrene: sapa.
Ora ana, iya
mung saka kêncênging ati sarta kalawan pitulunging Allah.
Têkamu
murungake patiku, iku yèn prasêtyamu kotuhoni, têlênging atiku mung mênyang
kowe, aku ora abot labuh pati tinimbang kowe mrêngkang saka wisesaning wong
atuwa-tuwamu kang nyimpang saka pranataning agama, awit kowe bakal tumiba ing
nistha sarta koncatan sih dening anjurungi karêpmu kang ingaran ora bênêr sarta
anglêlingsêmi utawa anggêgawa marang sanak sadulurmu, apadene bakal angilangake
kaurmataning turunmu, iku kabèh kang dadi jalaran: awakku, mulane ilanging
pakèwuhmu kudu wadal nyawaku, aku ora anggrantês lan ora ngarani cidraning
ubayamu.
Têkaku iki
amratandhani yèn ora ngowahi prasêtyaku kang kasêksèn witing nagasari ing
patamanan raja, kumrisiking angin anggawa sugônda arum, obahing gêgodhongan ing
pataman, iku padha nêtêpake ing prajanjianku mau, dhèk samana kowe durung
diwasa, saiki wis nêdhêng birai, pantês-pantêse saiki aku wis bisa olèh
pratandhaning sih katrêsnanmu. Dene karêpe wong atuwa-tuwaku, upama tibaning
udan sinêmèni kumrasak anggêgirisi, nanging ana kanyatakane ora, dening wis tak
kalumuhi [kalumuh...]
--- 27 ---
[...i] lunga
saka nagara. Karêpku: yèn kowe condhong, aku arêp ambanjurake oncat saka
têtêkêmaning wong atuwaku, kaya-kaya aku bisa urip kanthi sênêng anggawa sangu
kalawan pawitaning kapintêranaku, anggêre sakaroron karo kowe, tinimbang aku
mindêng susah sajroning kamuktèn ana wêwênanging wong tuwaku, bêcik mindêng
bungah sajroning kasrakat saka kaskayaku dhewe.
Aku ora
mancèni marang bantêring tekadmu dhasar alambaran kawruh. Ananging bokmênawa
durung kopikir sing matêng, mungguh kalakone karêpmu kang mêsthi aku lan kowe banjur
tumiba ing papa, padha uga wong bingung ana ing saba paran, ora karuan tujuning
karêpe, luwih manèh nganggo kaputungan sangu, prasasat kanêpsone bocah marang
bapa biyunge, sanadyan nganti anjêbolake langit sap pitu, malah winasesa
jinêmpalan marang bapa biyunge mau, pakolèhe mung nandhang lara lan pituna,
mangkono uga karêpmu iku, ora beda karo pamularing bocah mau. Panêmuku kang
sayoga linakonan, kowe mituruta marang pangrèhing rama ibumu pinalakramakake
olèh putri kang timbang lan kaluhuranmu, aku narima wahdat tanpa krama utawa
nganyut pati andhisiki kowe. Prasêtyaku iki apa wis ora nyukupi yèn sih
trêsnaku luwih saka kowe. Dene karêpmu aku
--- 28 ---
kopurih
nglanggati tibaning sih iku dudu pratôndha yêkti, malah kinosokbali dadi
talutuhing jagad anyirnakake rahayuning budi.
Wangsulanipun
sang pageran: mungguh prasêtyane wadon kang kaya prasêtyamu mau patut tinuku
ing larapati, sarta aku uga wis nyandhak liding karêpmu mau yèn mung
anglungguhi marang kautaman sarta anêtêpi pêpacaking agama, dadi ora ngilangake
aran bêcik ing salawas-lawase. Aku iya amrayogakake lêstarine sêdyamu kang
marang kautaman, sarta aku narima bakal anampani sih ana tibaning môngsa kang
pinarêngake dening Allah, amarga aku ora bisa anglakoni among suka saka
pamardining yayah rena kang nyimpang saka karêpe kang nglakoni, awit prasasat
wong pinêksa mangan sêsukêr, saiba koguging ati, pêpuntoning atiku: aku bakal
labuh marang kowe, ninggal kawibawan lan kaluhuranku, tinimbang aku bakal
simpên susah sajroning mukti bêcik bungah sajroning papa, tur durung karuan yèn
aku tumiba ing papa dening kagunanku arupa-rupa saka piwulanging guru-guruku.
Karêpmu
kêpriye.
Kowe arêp
takjak lunga rangkat mênyang tanah kang ora kêbawah kaparentah ing nagara
Indhu, ing kana aku lan kowe bakal gêndhon rukon ing salawas-lawase.
--- 29 ---
Apa kowe ora
bakal kêduwung.
Kêduwung iku
wong kang ora duwe marêm, ing kene aku ora tinêmu marêm, kêpriye gonku bakal
kêduwung ana ing kana, apêse iya mung kaya saiki bae, iku yèn kowe ora
pinarêngake dening Allah dadi jodhoku, ananging Gusti Allah iku sipat rahmad
lan rakim, sapa têmên-tinêmênan, apa aku lan kowe ora têmên-têmên aprasêtyan.
Lah ing
mêngko apa kang pinikir manèh, kajaba mung banjur dilakoni, karêpmu mênyang
ngêndi.
Kowe arêp
takgawa mênyang nagara Kusta, iku misuwur gêmah arjane, wong ora kangelan golèk
pagawean kang kêna ginawe cagak katêntrêmaning uripe.
Ing Kusta
kalêbu adoh saka ing kene, kang ginawe sangu apa.
Aku wis
anggawa sangu dhuwit sawatara cukup ginawe prabeyaning laku lan katêntrêman
têkane ana ing pondhok sadurunge olèh pagawean, lah iki dhuwit êmas sarajut.
Wa, yèn
dhuwit êmas sarajut prasasat cukup ginawe kasênêngan salawase urip, ananging
aku duwe sumêlang yèn wong lêlaku adoh anggawa dhuwit akèh iku sok bisa
--- 30 ---
amêmurung
laku dening dhuwite iku dadi sambekala, sing mêsthi mindêng rumêksa marang
dhuwit iku angungkuli rumêksane marang awake dhewe, karêpku: bêcik anggawa
sacukupe bae, saturahe gawenên kabêcikan marang wong padesan ing bawahmu kene,
bokmênawa ing têmbe ana pamalêse marang kowe.
Yèn aku ora
mêngkono, sumêlang sing disumêlang apa, anggawa dhuwit êmas ora kasat mata ing
liyan, beda karo anggawa dhuwit salaka katon motol-motol, awit sing pêrlu
dakkawekani yèn wis ana ing saba paran, sadurunge olèh pagawean aja kongsi tumiba
ing papa dening kaputungan laku.
Yèn wis dadi
kêncênging atimu aku mung jumurung, mung sok uwis aku kôndha, dadia tambahing
pangati-atimu, tutug ing panggonan kang sinêdya.
Sarèhning
wis gilig ing rêmbug sakarone, lah payo saiki mênyang karajaning desa kang
katon iki, ngrampungake prajangjianing paningkah, dadi ênggone bakal lunga
andon wis ora nganggo sônggarunggi, tutug ulah rarasing karasikan ana ing
panggonan satibaning lakune, sangune wis nyukupi ginawe prabeya sapantêse.
Iya prayoga
mêngkono yèn kowe wis nyata kêna takantêpi.- [ta...]
--- 31 ---
[...kantêpi.-]
Iku catur
kang tanpa gawe.
Kacariyos
sang pangeran sarta Rara Apyu tindak saking pakèndêlan, lampahipun
awirandhungan, mêngkêrakên wana tarataban ngancik pagagan, pantun gaga katingal
ijêm angrêmbaka, sawênèh sampun malêncuti, pêksi êmprit anêba ginusah sarta
binandhilan dhatêng lare ingkang têngga sarwi sabawa: we yo we yo. Anglam-lami
pamirêngipun sang among wingit, timun sêkaripun angayangan pating prêlok pindha
kokar rêrêngganing pranaja sawênèh sampun sumêrit, Rara Apyu kêpengin badhe
angilèni, nanging kawêkèn botên gadhah arta pêcah, sang pangeran sumêrêp enggal
mitêmbung angilèni timun wontên saking gangsal kemawon sarwi ambikak rajut
mêndhêt arta mas satunggal botên mawi owêl, ciptaning galih: namung anggêripun
sang ayu kadugèn karsanipun, ingkang gadhah timun nuju dhangir dipun pitêmbungi
ngilèni timun gangsal sarwi nêdahakên wang mas satunggal, gugup ing manah
enggal mêndhêtakên timun ingkang sawêg sumêrit-sumêrit sampun pikantuk sadasa
taksih badhe dipun lajêngakên, lajêng dipun pênggak dhatêng sang pangeran:
êmpun pak sêmontên mawon, (sang pangeran namurkula, janji tiyang sêpuh dipun
basani). Timun dipun saosakên sang pangeran sarwi nampèni yatra mas kalayan
bingahing manah, sarta
--- 32 ---
lajêng
mantuk asanjang-sanjang dhatêng têtiyang ingkang kapanggih yèn wontên priyantun
jalêr èstri kados anamurkula, bèr budi sugih yatra mas, ingkang kêtingal
kemawon sarajud, botên dangu kêwêntar têtiyang ing ngriku sadaya sarta lajêng
anjirap sami ningali. Umbulipun karajan ing dhusun Gumantar anama Pêdhakbrama,
inggih sampun midhangêt pawartos, gawoking manah angêmu wados, panglocitaning
manah: anèh têmên wong bèr budi gêlêm tuku timun sapuluh kalawan wang mas siji,
iku yèn dudu benggoling kècu iya wong inggatan, apêse wong rangkat, awit
anggawa wong wadon, aku wajib nindakake prakara iku kalawan rêpit, aja nganti
gawe girase wong iku sarta iku bakal sumurup ing kanyataane, coba tak têmonana
dhewe apa sing dadi kaniyatane.
Sang
pangeran arêruntungan malêbêt ing dhusun nyabrang lèpèn alit sêsidhataning
lèpèn agêng ing Gumantar, lêbêtipun namung sadhêngkul, dhasaripun wêdhi grasak,
sakalihan sami wijik pada katumpangakên pongoling sela ingkang botên kacakan
toya, mêntasipun sagêda katingal rêsik badhe ngambah salêbêting dhusun, mêntas
saking lèpèn kapêthukakên kalihan Umbul Pêdhakbrama, sarta ingacaran: môngga
anggèr kula aturi lajêng pinarak ing sudhung kula, kula umbulipun ing dhusun
Gumantar ngriki.
--- 33 ---
Sang
pangeran kagèt salêbêting galih dene sariranipun sampun misuwur ing têtiyang
sadhusun anjirap sami ningali sarta sampun pinêthukakên ing umbulipun, wusana
ngandika: inggih paman, samang kriyin tuduh mêrgi, lan bangêt panarima kula sih
marmane paman têng kula.
Sumôngga
anggèr, kula rumiyin, lah punika warninipun sudhung kula, panjênêngan sampeyan
kula aturi pinarak ing pandhapa, rayi sampeyan kajêngipun pinarak ing griya,
kêpanggih ingkêng bibi.
Ênggih
paman.
Kula
ngaturakên sugêng sampeyan.
Ênggih
paman, samang sami wilujêng.
Môngga dara
ayu kula aturi pinarak ing ngambèn.
Ênggih bibi.
Kula
ngaturakên sugêng sampeyan dara ayu.
Ênggih,
samang sami wilujêng.
Inggih
nuwun.
Napa êmpun
rampung angsal samang andêrêpake.
Dèrèng: dara
ayu, kantun kalih ibên dèrèng dipunni ketanggêlan dèrèng sêpuh, kados sapêkên
êngkas kenging dipun pêndhêti.
Panèn môngsa
katiga niki pantun napa: bi.
--- 34 ---
Panèn
katigên makatên nama pantun wulu, dipun wastani panèn gabên.
Paman,
dhatêng kula ing ngriki dhapur angribêdi, lare èstri sing sarêng lampah kula
wau: pacangan kula, wiwit lare mila, ing mangke ajêng kula rêsiki ontên masjid
samang ngriki, kula nêdha pitulungane paman prasabên têng ki pangulu, sakancane
tuwin abon-abon sapanunggalane napa carane dhusun ngriki samang èntêni
sêdantên, kula mung kantun amêrnèkake arta mawon sapintên cêkape.
Umbul
Pêdhakbrama sarêng midhangêt pitêmbunganipun sang pangeran, sampun andugi yèn
tamunipun tiyang rangkat sarta kinintên anginggatakên yatranipun tiyang sanès,
anggadhahi cipta badhe nandukakên piawon, wangsulanipun botên salêrêsipun,
namung angecani manah kemawon, kajêngipun: mênawi sampun kalampah aningkah
lajêng badhe kacêpêng kaaturakên ing nagari, dene ingkang dipun manah pêrlu
kacêpêngipun arta mas, punika ingkang badhe dados cilakaning prakawis colong.
Anggèr karsa sampeyan punika gampil kalampahanipun, prakawis pangulu
sakancanipun kêlêbêt dados kalerehan kula, namung kantun andhawahi kemawon,
abon-abon bibi ijêngandika sagêd angwontênakên kalayan gampil, saking pangèstu
sampeyan ing ngriki botên kêkirangan punapa-punapa [punapa-puna...]
--- 35 ---
[...pa]
namung arta srakah, punika ingkang kêdah dipun wontênakên, awit badhe katur
dhatêng nagari, nanging kathah kêdhikipun miturut têtiyangipun, dados kula
dèrèng sagêd angwontênakên bilih dèrèng têrang têtiyanganipun, panjênêngan
sampeyan asma sintên, ingkang apêputra sintên, apangkat punapa, punika badhe
kalêbêt ing buk.
Wangsulanipun
pangeran: arta srakah badhe kula wontênake kiyambak, sapintên kathah kêdhikipun
botên kula manah, abon-aboning paningkah samang wêrnèkake minôngka tandhaning
katrêsnan: ênggih sangêt panêdha kula. Dene samang êmpun botên susah pitakèn
nama kula tuwin namane bapa kula, kang mêsthi samang ênggih êmpun nyandhak
liding wangsulan kula wau, ontêne kula kongsi têkan ngriki: ênggih ontên sababe
gêdhe mungguhing kula, nanging dede prakawis kadurjanan, lan panêrak kang
nyulayani anggêring nagari, mung prakawis kula kiyambak, niku samang pitados
yêktose wicantên kula niki, awit salamine kula dèrèng nate utawi botên badhe
sinau wicantên dora, niku têmên mugi samang andêl wicantên kula wau. Lah niki
arta mas salawe samang tampèni kangge upakartine pikramèn kula, samang rêngga
ing sapatute, samang angkah benjing dhawah ing wulan purnama, niki êmpun
tanggal ping pitu, dados ming kirang pitung dintên kalampahan. Yayi
--- 36 ---
dèwi
(pitêmbungan yayi dèwi anuwuhakên panggraitanipun Umbul Pêdhakbrama yèn ingkang
namurkula satuhu trahing kusuma cidra ing panjênêngan ratu, saya mêmpêng
sêdyanipun badhe adamêl piawon). Samang sanjangi kajêng kula wau, lan pun bibi
samang purih ngupadrawa ing sapantêse mawon sarta agônda wida, nanging botên
apêpaès, liyane ênggih napa cara-caraning pangantèn, badhene minggah kiyambak
têng masjid.
Inggih: gèr,
sandika, sampun mawi kuwatos, punapa ingkang dados karsa sampeyan amêsthi badhe
kêlampahan kalayan sampurna.
Nyai
Pêdhakbrama tilas badhaya ing karaton, anggènipun laki sampun kaping pitu,
wêkasanipun angsal Umbul Ki Pêdhakbrama wau, tampi parentah saking laki dipun
kèn andandosi sang juwita, cara pangantèn, Nyai Pêdhakbrama sampun botên
kewran. Sang ayu binonyo ing kum-kumaning oyod-oyodan ingkang wangi-wangi,
linulur pathining êmpon-êmpon, rinatus ginônda wida, botên rinêngga ing pêpaès,
namung kapêthêt wuluning athi-athi sarta kapagas palêngkunging imba, dinulu
saya amarasêmu kadi pangantèn ingkang mêntas pinurwa ing gati, riyêm-riyêm
pindha kartika mabangun, rikuh kapadhangan soroting surya ingkang sawêg mungup
saking tancêbing langit, têmah alingan kêmul cakrawala ngêdhêm angêntosi
dhadharing
--- 37 ---
sitarêsmi,
makatên pêpindhanipun sang ayu katingal rikuh dhatêng sang pangeran, sang rêtna
dèrèng maharjèng busana sawêg dipun alub-alubi lênggah salêbêting gêdhong,
kathah ingkang kagagas ing galih, pangunandikanipun: satêmêne aku iki ora aran
bêgja laki pangeran adipati anom kang ginadhang raja, awit sang pangeran olèh
bêbênduning Allah, ambaèkake pituturing sudarma linggar saka ing kadhaton,
tinggal kawibawan, kang dadi jalarane: rupaku, dadi rupaku kang mêrak ati gawe
linglunging wong kang andêlêng, satêmêne malah dadi talutuhing jagad, karana
aku kêna ingaranan dadi satruning nagara rangkat karo sang pangeran, dadi
jalaraning bilaine, iba dosaku marang Allah, lulusku kagarwa ing sang pangeran,
padha uga karo laki olèh lêlaran, awit sang pangeran têtêp aran wong ngulandara,
kang jalaran saka panggawene rupaku, apa aku duwe cipta suda katrêsnanku marang
sang pangeran, iku ora pisan-pisan, sanadyan mung ngimpi bae: ora, malah wuwuh
sungsun timbun atumpa-tumpa, ananging katrêsnanku sajroning urip, iku ora
nyukupi pamalêsku mungguhing sang pangeran, malah dadi wisaning sugênge, kang
sayoga kudu tak labuhi pati, patiku olèh aran bêcik, sêtya tuhu marang janji,
lan dadi têbusan pamurunging sangsarane sang pangeran, sêrêt ulonipun sang ayu
ngalèlèh wontên ing
--- 38 ---
pasarean,
wusana narik napas puput yuswanipun kasumêrêpan Nyai Pêdhakbrama, anjrit karuna
asambat: kêna ngapa iki mau. Sang pangeran gita malêbêt, sumêrêp ingkang rayi
sampun asawang layon, linglung dadakan: wusana kantu. Ki Pêdhakbrama enggal
dhatêng atêtulung, lajêng bisik-bisik, wis nyai aja rame-rame, iki karo pisan
wis padha mati, bêcik banjur tak kèlèkake ing bêngawan bae, tinggalane dhuwit
akèh, dhèk mau kanthonge rajut dititipake marang aku, isi dhuwit mas kabèh.
Sang pangeran sangêt kantu tanpa nglilir: sanadyan pramananipun taksih ebah.
Pamanahipun Ki Pêdhakbrama janji dipun lêbêtakên ing toya inggih lajêng dados
lan pêjahipun sayêktos. Ing wanci sontên putra putri kabungkus ing mori pêthak
kapocong kados satataning layon, lajêng kakèlèkakên ing bênawi, sang putri
lajêng kasarap ing baya lulus ing sedanipun, sang pangeran angsal parmaning
Pangeran, tumumpang ing ramon kèli lêpas purugipun, nanging taksih salêbêtipun
kantu.
Ki
Pêdhakbrama lajêng suka-suka kalihan anak putu tuwin rencang-rencangipun
sadaya, dèrèng kacariyosakên lajêngipun.
Kacariyos
kados sarêng lampahipun sadhèrèkipun jalêr Rara Apyu ingkang nama Gêniroga,
salolosipun sang
--- 39 ---
pangeran
kalihan Rara Apyu lajêng anututi botên kantênan lurugipun sarta tanpa sêdya,
namung anut saparaning suku turut bênawi, sarêng dumugi tikungan, wontên ing
pawêdhèn sangandhaping kajêng ingas, wontên baya mêntas saking kêdhung kados
anandhang sakit, mungkak-mungkuk badhe mutah (wusana lajêng mutah pocongan)
sasampunipun mutah baya lajêng wangsul ambyur dhatêng kêdhung, Jaka Gêniroga
anyêlaki panggenaning pocongan, botên wontên gandanipun mayid, dipun
uthik-uthik ing têkên sirahipun, tangsul muka wudhar kêtingal gumêbyar pindha
wulan karainan, wusana botên pandung yèn punika adhinipun Rara Apyu, enggal dipun
rungkêbi sarta dipun tangisi, dene pinanggih pêjah kauntal ing baya, lajêng
dipun bikak buntêlipun mori, ing nglêbêt taksih mangangge sarwa sae kados
mêntas dados pangantèn, kêkêtêgipun dipun tingali taksih ebah, botên dangu
nglilir sang paripurna, kados punapa bingahipun Jaka Gêniroga, Rara Apyu enggal
dipun rangkul sarta dipun tangisi malih. Rara Apyu pitakèn: êndi kangjêng
pangeran, lan têkamu apa wis suwe.
Jaka
Gêniroga lingak-linguk sarta botên sagêd mangsuli ingkang dados pitakènipun
Rara Apyu, wicantênipun: Mêngko, ta, aku mau ki nêmu pocongan jisim diutahake
saka cangkêming baya, lah iku buntêle mori isih nglumbruk [nglu...]
--- 40 ---
[...mbruk]
wusana jisim mau urip dadi kowe, kêpriye olèhku bisa mangsuli pitakonmu mau,
aku ora kêtêmu karo kangjêng pangeran.
Rara Apyu
angrêmpêlu salêbêting manah: dadine aku iki mau mati sarta wis dibuntêl ing
mori iku, nanging dhèk kapan olèhku dicaplok ing baya, aku ora wêruh, lan aku
têka dadi lunga saka ing omahe biyung Pêdhakbrama: apa dhèk aku sêmaput ana ing
paturon kae dianggêp mati sarta banjur dibuntêl ing mori dicêmplungake ing
bangawan iki, mung iku sing rada ana èmpêre. Si kakang bêcik ora takkandhani
bae, mundhak amêmurung laku. Panggagasipun Rara Apyu lêlampahanipun kalêbêt
dados kaelokan mila lajêng kèndêl, angênêb basa, sêdyanipun namung badhe
ngupadosi sang pangeran, ketang wêlas dene sampun dipun labuhi tilar kawibawan,
badhe wangsul dhatêng griyanipun Ki Pêdhakbrama kamanah kathah pakèwêdipun,
dening wontên lêlampahan awakipun dipun kèlèkakên ing bênawi. Wicantên dhatêng
kakangipun: kakang, yèn kowe wêlas marang aku, aku tutna saparanku, aja
kopalangi kang dadi karêpku, sêdyaku banjur anggolèki sang pangeran, ora bali
mulih, takpunagèni olèhku anggolèki nganti tumêka ing pati: ora mulih yèn ora
kêtêmu.
--- 41 ---
Wangsulanipun
Jaka Gêniroga: wis mêsthi kowe taktutake saparanmu nganti bisane kêtêmu karo
kangjêng pangeran.
Gêntos
kacariyos kentiripun sang pangeran ngantos dumugi sungapaning sagantên wêdhi,
kentas wontên ing gisik, dening kasêmpyok ing alun, dipun panggih tiyang Baduwi
ingkang sami misaya ulam enggal kabikak ulêsipun inggih punika ingkang dipun
meliki, saking takdirollah sang pangeran amanggih sugêng nglilir anggènipun
kantu, ing galih sakalangkung kagèt dene sariranipun pinanggih wontên ing gisik
samudra mêntas kabuntêl mori pinindha mayit, ingadhêp tiyang cêmêng-cêmêng
pating caruwèt, sami ugi kalihan kagètipun tiyang Baduwi dene manggih mayit
dados gêsang, ciptanipun badhe kasade dhatêng juragan tiyang. Sang pangeran
botên suwala dening botên sumêrêp basanipun, namung priksa sakêdhik kalih
kêdhik nalika winulang ing pawiyatan luhur inggih punika basanipun tiyang
Baduwi, sang pangeran anggraita yèn sariranipun kalêbêt ing bêbaya agêng,
sampun sumêrêp cariyos wêwatêkanipun bôngsa Baduwi, manggan sarta siya-siya
dhatêng sasamining tumitah, botên dangu tiyang Baduwi ngatag lênggah dhatêng
sang pangeran sarta asasmita dipun jak kesah, sang pangeran botên talompe wungu
saking pocongan, sarèhning sampeyanipun kêbêbêd ing mori dangu, tindakipun ragi
saleoran, punika dipun kintên [ki...]
--- 42 ---
[...ntên]
damêl-damêl, sang pangeran dipun dhodhog kapurih enggal tindakipun, sawêg
punika sang pangeran jajal-jajal kadhawahan tangan tiyang, rumaos kenging
wêwêlakipun ingkang rama anggènipun mrêngkang nulak karsa botên angajêngi
dhatêng pandamêl sae nêmah dhatêng pandamêl awon, ananging gêtunipun sampun
kasèp, sarta botên lirip ing tekad anggènipun labuh pati dhatêng pacangan, mila
lajêng kapupus punapa dhawuhing takdiripun badhe dipun lampahi kalayan eklasing
manah, supados angènthèngakên panggalih nyangkul sakathahing padamêlan awrat
ingkang badhe dipun lampahi, awit sang pangeran sampun mirêng rêraosaning
Baduwi yèn sariranipun badhe dipun sade dhatêng juragan tiyang ing Yahman, sang
pangeran angrês galihipun tut wingking tiyang Baduwi ngambah pawêdhèn ing wanci
tibra kala, sampeyanipun malêpuh sampun botên karaosakên, ciptaning galih:
sanadyan pinupuha ing tiyang Baduwi bilih sang pangeran sampun ambruk sayêktos
ical karkatipun dados yèn mangke siniksa gampil ing pêjahipun, ciptanipun sang
pangeran tansah sulaya ing pangajêng-ajêng, tindakipun sampun angêtok karosan,
taksih tansah dipun pisakit turut margi, dening namung kamanah rindhik, botên
rikat kados piyambakipun, têka gadhah têpa bêtah ing panas ngantos kados
minangsi badanipun, sarta ngapal ing talapakan ngantos kados kuliting warak,
--- 43 ---
punika
sampun botên kemawon. Sang pangeran anguwat kuwatakên lampah ngantos dumugi ing
griyanipun tiyang Baduwi, griya wau botên wontên èmpêripun griya tiyang, namung
adhapur sudhung wontên ing lêlêgokaning pundhuk pawêdhèn, têtiyang Baduwi
lajêng sami nêdha pating kucapak, sêkul ulam panganan dipun carub dados
satunggal, lajêng dipun suri puhan, dipun wênyêt kalihan pisang, blêkêtrêk
kados têdha babi, sang pangeran sangêt gigu ing galih, wusana rampunging nêdha:
lorodanipun dipunsukakakên dipun purih nêdha, sang pangeran botên karsa dhahar
anêmah luwe, dipun pêksa namung tansah kèndêl, lajêng dipun gêbagi ngantos
ngêmu rah, inggih mêksa kèndêl kemawon sarwi ambêtah-bêtahakên sakit, namung
ngajêng-ajêng lajêng dipun sedani, wusana sêsêpuhipun Baduwi wicantên,
jarwanipun: wis aja kopêksa mangan, ora kêna ginawe bêcik, wong mung dipurih
lêmu awake supaya akèha rêgane yèn didol bae: ora gêlêm, dipilaur lara awake,
sesuk yèn ngêlèh amêsthi gêlêm mangan. Baduwi sanèsipun wicantên: yèn sesuk
gêlêm mangan, yèn ora: môngka dadi kalirên utawa mati: kêpriye, ora wurung
kelangan mung bathi ambuwang bathang, Baduwi sanèsipun malih wicantên: bêcike
saiki diangkatake bae didol mênyang juragan sapayu-payune tinimbang karo rawat
bakal bathang,
--- 44 ---
bêcik
kangelan saiki, kuru-kuru lowung isih bisa dadi dhuwit, ora usah dilêmokake.
Rêmbag punika ingkang dipun rujuki ing kathah, lajêng matah Baduwi kêkalih
ambêkta sang pangeran lumampah dalu, awit yèn kabêkta ing wanci siyang kuwatos
sumêlang mênawi ambruk wontên ing margi dening risaking awakipun, botên kuwawi
lumampah panas ngambah ing pawêdhèn, sang pangeran dèrèng têntrêm sariranipun
mêntas sayah alêlampah lajêng dipun gêbagi, wusana lajêng dipun jak lêlampah
malih ingkang dèrèng dipun sumêrêpi têbih cêlakipun, sang pangeran eklas ing
galih lilah ing sedanipun, sarta sadaya lêlampahaning sarira anggènipun manggih
papa cintraka, punika kaanggêp lêrês têrusing galih, awit salêbêting galih
tansah kibir ngêndêlakên kasagêdanipun, ing mangke nampèni pamêlèh wontên
tanganing Baduwi botên kenging dipun sadèni kasagêdan ingkang kangge tiyang ing
alam donya, ingkang kangge tiyang rosa saha lêma, sang pangeran lajêng pinêksa
mangkat ing dalu wau, sigêg.
Gêntos
kacariyos, sajêngkaripun Sang Prabu Ôndakara sakalihan sang pramèswari pêpara
dhatêng pasanggrahan sacêlaking narmada, ikang para putra sami kadhawuhan
pêncar purugipun bêdhat pikat ing wana ngiras ngulari ingkang rayi pangeran
adipati, wontên putranipun sang prabu ingkang pambajêng saking ampeyan,
ajêjuluk Pangeran Prabanggêni, gêrah galihipun dening sasirnanipun [sa...]
--- 45 ---
[...sirnanipun]
ingkang rayi Pangeran Adipati Prabangkara, botên ginadhang anggêntosi ingkang rama,
karsanipun kabiyanton dhatêng ingkang rayi-rayi sakawan ingkang tunggil bibi,
lajêng ngraman, nanging botên amurih risaking wadya, namung angêngirup tiyang
sarta namung jumênêng pangeran adipati, karsanipun anyêmoni dhatêng ingkang
rama yèn sariranipun nyuwun kaangkat dados pangeran adipati, awit
panggalihipun: ingkang rayi Pangeran Adipati Prabangkara sampun têtêp nama
awon, ambadal karsanipun ingkang rama sarta lolos tilar kawibawan, ngupadosi
tiyang èstri ingkang alit kawijilanipun, balelanipun sang pangeran inggih
sampun konjuk kauningan ingkang rama sarta sang prabu inggih sampun nyandhak
dhatêng pasêmonipun ingkang putra Pangeran Prabanggêni yèn nyuwun kaangkat
dados pangeran adipati anom, ananging botên kagalih saking awrating sihipun
dhatêng ingkang putra Pangeran Adipati Prabangkara, mila balelanipun sang
pangeran: ingandikakakên ngèndêlakên kemawon, ing wingking badhe kagalih mênawi
ingkang putra pangeran adipati anom lêstantun ing murcanipun, sigêg.
Gêntos
kacariyos, Rara Apyu lajêng alêlampah tanpa sêdya anut paraning suku dipun
tutakên dhatêng kakangipun Jaka Gêniroga, dumugi sukuning rêdi Padhas,
satêngahing wana Wulusan amanggih sêndhang toyanipun biru saking bêningipun,
satêpining
--- 46 ---
sêndhang
kubêngan têtuwuhan sompol wana angrêmbuyung, sêkaripun abyor dados pêpaèsing
sêndhang asri dinulu, udaling toya namung katingal marêmpul, dening têlêngipun
korugan latêk saking bosokipun gêgodhongan ing wana, utah-utahan toyaning
sêndhang dhawah ing pêpèrèng sela curi, kumriwik pating srèwèh anêngsêmakên
pandulu, ing ulon-uloning sêndhang katuwuhan mandira goraya, suluripun dhawah
sanginggiling toya pating srawe ebah kapanduk ing maruta pindha tangkêbipun
langsening patanèn, anênangi rujiting manahipun Rara Apyu, ardinipun alit
padhas pêthak pating krêlip, mila nama ardi Padhas, asri dinulu saking
katêbihan, marginipun limit alamat-lamat kados wontên tilasipun tiyang ingkang
asring mlampah dhatêng sapucaking ardi. Rara Apyu anglajêngakên lampahipun
minggah manginggil, kapengin badhe sumêrêp pucakipun, sangêt rêkaosing lampah
dening botên nate lumampah minggah ing ardi, sinêngkakakên sampun dumugi ing
pucak, pucaking ardi katuwuhan kajêng kusambi ayom angrêmbaka, tambinipun
mubêng ulêt-ulêtan pindha taksaka gambuh, lambunging ardi ingkang iring lèr
mêdal toyanipun mancur dhawah ing jêjurang, botên kalap kangge têtanèn,
imbanging ardi ingkang iring kidul wontên guwanipun tilas patapan, taksih
katingal wêwêngkonipun, mawi yasakambang kisèn toya rêrêmbêsan,
--- 47 ---
botên sagêd
suda, nanging botên sagêd ambèr, Rara Apyu sêngsêm aningali pasang rakiting
guwa patapan, sumêdya kèndêl wontên ing ngriku, napak tilas dhatêng ingkang
yasa patapan, angêntosi karsaning Allah dhatêng ing takdiripun, kakangipun
dipun jarwani kajêngipun, namung sumarah anut sakajêngipun, amargi rumaos kawon
kalêpasaning budi. Guwa lajêng pinaripurna rêsik angilak-ilak, korining guwa
katingal gatraning tatahanipun pindha gapura, ingukir ngrawit ngemba lung
têtuwuhan ing wana, katumpangan gatraning inêbipun sasisih mèpèd, sasisihipun
mênga sapalih katingal amarasêmu, ugi sami ingukir pindha gêgubahan sêkar
risudha, bungkulipun kados sêkar capaka mèdêm badhe mêgar, ing nglêbêt
sakalangkung bawera, ing têngah wontên patanènipun, kasur bantal gulingipun
padhas patèn, gêgêrêtanipun katingal pating krêlip amawa praba, sami ingukir
sasêkaran, dalah sajèn-sajèning patanèn, kados ta: kêndhi pratola (= prethoela
Skr.) dalah bokoripun, klêmut, lorobonyo, dilah sèwu sami padhas patèn sadaya,
tiningalan pating pancurat anglam-lami pandulu, kamaripun ingkang alit patanèn:
kalih sisih atêtêmbusan, sadaya wontên kanthilipun patèn, ginatra rêrêngganing
pasarean, sarta pasrèn temboking kamar pindha lung gadhung rumambat bundhêt
amulêt wit wilada, sawênèh [sawê...]
--- 48 ---
[...nèh]
lung pakis sêmpal dalasan pangipun, punapadene prabatang dhongkar dening
wirodhaning banthèng tandhing kalihan pragalba, buron wana kidang manjangan
kancil katingal kabarasak ngungsi ing pêpèrèng, dinulu sangêt anêngsêmakên.
Rara Apyu anjajah salêbêting guwa, amanggih kori ingkang sinamar, namung warni
pasrèning tembok, ananging pêdhoting lung-lungan angantawisi yèn botên namung
pasrèn, sayêktosipun kori sinamun, sarta katitik sasêlaning lunglungan wontên
sasêratanipun, sarêng dipun waspaosakên sêratan Ibrani, Rara Apyu widagda
dhatêng saliring sastra, sarêng dipun waos mungêl: ing jêro isi rajabrana agung
kagungane Sang Prabu Karun, soroge wis matrap dhewe anutupi lomponganing gêmbok
sumarma ana têngahing kudhupe kêmbang tarate kang isih mèdêm, kaubêngna mangiwa
amêsthi lawanging gêdhong rajabrana mênga kalawan gampang. Rara Apyu botên
talompe lajêng nyêpêng êgaring sêkar tarate sela kaubêngakên mangiwa, yêktos
lumampah ebah jêthèt katarik mênga, bya[4] katingal
rajabrana gumêlar sawiyaring gêdhong ingkang kasamun, Rara Apyu ngantos
sumêngêrên, wusana lajêng katutup. Panglocitanipun: rajabrana iki yèn bêcik
pangruktine lan panindake bisa dadi kasugihan angungkuli kasugihane para ratu
ing ngalam dunya, sarèhning kasugihane wis ngungkuli ratu, arêp dadi ratu iya
ora [o...]
--- 49 ---
[...ra]
angèl, nanging yèn nganti walèh utawa kuwanguran malah bisa agawe bilaining
awake, sanadyan si kakang kudu tak kawekani, ora tak balakani ananing barang.
Bokmanawa saiki niyatku bakal katêkan, malês panganiayane ratu kang ambêk dir
tanpa têpa nyimpang saka pêpacaking agama, coba tak rêmbugan mêtu karo si
kakang.
Kakang: kowe
apa wis nyandhak kang dadi karêpku lèrèn ana ing kene.
Durung, iya
mung lagi nurut sakarêpmu bae.
Karêpku: aku
arêp malih lanang banjur ngirup wong sakiwatêngêning alas iki utawa ing
padesan-padesan liya-liyane, yèn wis kalakon suyud, aku banjur jumênêng ratu,
kowe kang dakdadèkake patih.
Ih, tobil,
athik kaya caturane wong andalêming mêngkono, kowe mau apa ngimpi: ta: rara,
utawa apa owah pikirmu.
Titikên saka
solahbawaku lan pratitising clathuku, luwih manèh yèn wus ana kanyataane, kowe
bakal ora ngarani mangkono.
Iya bênêr
nanging karêpmu iku padha uga karo ngrungokake kandhane wong mêntas ngimpi,
awit wong ngraman iku kudu linulutan ing wong akèh, luluting wong saka
bojakrama [bojakra...]
--- 50 ---
[...ma] lan
dana.
Iya kakang
aku iya wis sumurup, sarta kabèh iku iya bakal daklêksanani.
Sing kogawe
bôndha apa, wong ngraman iku ora sêdhêng bôndha sapele, aku sumurup yèn kowe
ora duwe bôndha.
Rara Apyu
lajêng ngatingalêkên yatra mas sakojong sarta sêsotya, ingkang botên kenging
minurwat ajinipun sakanthong anggènipun mêndhêt kala ambikak gêdhong rajabrana,
têmbungipun: kakang aku iki duwe ngèlmu panggêndaman, bisa anjupuk dhuwit
sathithik-sathithik saka ing ngêndi-êndi kang ora andadèkake sangsaraning wong
lan ora bisa konangan, panyanane ilang cinolong ing lêlêmbut, utawa luput
petunge, mulane kowe dingandêl marang aku.
Jaka
Gêniroga malompong dipun cariyosi makatên, angintên yèn cariyosing adhinipun:
têmên, sangêt ajrihipun, lajêng miturut punapa barang rèhipun Rara Apyu,
têmbungipun: kêjaba: ta, yèn mêngkono, aku saiki ngandêl calathumu, lan miturut
parentahmu, aku mung sadarma nglakoni, upama aku prau kowe kêmudhine.
Yèn wis
mêngkono lêga atiku, karêpku guwa iki kang iring wetan, kulon lan kidul,
dakbalowarti, takgawe ciyut [ci...]
--- 51 ---
[...yut]
bae: sapos mubêng, kandêle rolas kaki, nganggo dokokan panggonan mariyêm, lor:
ora susah dibalowarti, wis olèh jurang jêro, dokokana lawang tangkêban kang
agapit wêsi: têlu. Lah iki dhuwit mas gawanên marang kutha ijolna dhuwit putih
lan ngajaka tukang batu, undhagi, pandhe, kêmasan, sayang lan liya-liyane,
wèhana bayaran tikêl, yèn gêlêm saanak bojone boyongana, karibêdane cukupên,
bata wêdhi gamping: bêcik gawe ana ing kene bae, supaya wong banjur bisa gêlis
akèh ngumbara nyambut gawe mrene, sukur banjur bisa katrêm, dhuwite êntèkna,
aja gêmi, sing bèr budi, kowe ora bakal katêndhakan dhuwit saka pawèhku.
Kacariyos
Jaka Gêniroga sampun kalampahan angirup tiyang, ewon ingkang sami andon nyambut
damêl, anggili botên wontên pêdhotipun, wusana malah sami katrêm gêgriya wontên
ing ngriku, amargi saking mirah sandhang pangan, yêyasan ingkang binadhe praja:
kasarêng, kadhaton sampun paripurna manggèn sapucaking ardi pinapar waradin,
katingal ngegla kados kaswargan ing Jonggring salaka kahyanganipun Bathara
Guru, mawi undhak-undhakan serongan tundha-tumundha anjog ing guwa, winastan:
Guwasiluman. Sang rara karêmênipun nanêpi wontên ing kamar pamujan, tansah
atajin dhahar
--- 52 ---
nendra.
Balowarti sampun rampung, mawi jagang mubêng kailenan toya sumbêr ingkang
sampun kacariyos ing nginggil, bucalanipun katampèn kangge angoncori pasabinan,
toya ingkang mêdal saking lambunging ardi ingkang dhawah ing jurang katalangan
tosan mili anggubêd lalêngkèhing ardi ngoncori pêpèrèng ingkang tinanêman
sayuran. Saubênging balowarti margi agêng lêmpêng pinggiripun katanêman asêm,
karêtêg-karêtêgipun tosan, sidhataning margi agêng dhatêng ing kampung-kampung
tanpa petangan, têtiyang gêgriya sami ngajêngakên wradinan sarta anggadhahi
wêwêngkon patamanan ngajêng, pakêbonan wingking, sarta sayuran kiwa têngên.
Griya pamulangan luhur, pamulangan andhap, griya sakit, griya pakunjaran,
sampun pêpak mirantos sadaya. Para sudagar liyan bôngsa sampun kathah ingkang
sami nglajo dêdagang mriku, tular-tumularing pawartos saking mirahing arta,
dhatêngipun arêbat dhucung ambêkta barang pèni-pèni. Rara Apyu sampun lami
asantun busana cara kakung, ical sipating wanodya, sampun awarna satriyadi
murti, ajêjuluk Bambang Apyu, amriksani yêyasan sampun botên kanyana-nyana yèn
malihan putri, kathah abdinipun kinasih uligan saking pacrabakan, Bambang Apyu
awara-wara yèn sariranipun putraning nata binathara ing tanah Indhu, ing mangke
karsa jumênêng nata, para abdinipun sarta tiyang wêwêngkonipun
[wêwêngkonipu...]
--- 53 ---
[...n] botên
wontên ingkang maibên, katitik saking wutahing arta busana sarta gunging
kasugihanipun malah angungkuli para ratu sanèsipun, sami mangayubagya
karsanipun Bambang Apyu wau. Ing satunggaling dintên miyos sinewaka ing bangsal
mangunturtangkil, pêpak ingkang para abdi, Radèn Gêniroga ngadêg lajêng byawara:
he, para kawula ing Guwasiluman, awit sakarsane gusti kula Bambang Apyu sarta
awit saka pangangkatku yèn ing mêngko Bambang Apyu karsa jumênêng nata ana ing
nagara Guwasiluman, kayadene jumênênge ingkang rama sang prabu ing Indhu,
ajêjuluk Maha Prabu Bramarkata, sapa kang nyêmpaluki (= mawali) têkakna
sêdyamu, aku rupane (= kang dadi tandhinge) para abdi saurpêksi gumarumung sami
manadukara (= anjurungi).
Prabu
Bramarkata lajêng kaaturan lênggah ing dhampar gadhing pinatik ing nawa rêtna,
sirna ujwalaning manungsa, satuhu katingal Dewa Hyang Asmara angejawantah. Sang
Prabu Bramarkata lajêng andhawuhakên pangandika: he, bocah ingsun ing
Guwasiluman, karsaningsun ing mêngko kakang Gêniroga ingsun kulawisudha ingsun
junjung saka ngisor ingsun sêngkakake ing ngaluhur, ingsun karsakake dadi
pêpatih ingsun, kaaranan Radèn Patih Bratunu, ingsun pasrahi bang-bang
pangalum-aluming nagara Guwasiluman. Para wadya sami saurpêksi sadaya
angestokakên timbalanipun sang prabu. Tumuntên sang nata ngulawisudha wadya
--- 54 ---
punggawa
naracak ênèm-ênèm lare wêdalan ing pamulangan salêbêting karaton, (= pamulangan
luhur), kapacak dados bupati nayaka utawi bupati tamping, dalah sor-soranipun
sangkêp sampun botên nguciwani. Tumuntên malih sang nata karsa yasa prajurit
karaton, pêpilihan lare wêdalan ing pamulangan sajawining karaton, (=
pamulangan andhap) pêpilihan anaking priyayi sarta anaking têtiyang tani, botên
kenging tiyang sabarangan, têtindhihipun upsir lare wêdalan pamulangan luhur,
putraning nayaka ingkang sampun mumpuni kasagêdanipun, kaparingan nama prajurit
talangpati, dene ingkang kagalih pêrlu rumiyin bab tata têntrêm, sang nata
lajêng karsa yasa anggêr-anggêring nagari kados ing ngandhap punika:
Pèngêt,
nawalaningsun Prabu Bramarkata ratu agung binathara nyakrawati ambaudhêndha,
sugih rajabrana tanpa petungan, kang akadhaton ing Guwasiluman, awit saka
nugrahaning Allah jumênêng ratu kalawan karsaningsun dhewe, amêngku wadyabala
agung naracak padha wicaksana bèr budi sarta padha kapayungan ing anggêringsun
karaton kang ora tau nalisir saka garising bênêr lan ora nganggo mawang wonge,
sanadyan panjênênganingsun dhewe luput, ora bisa oncat saka pêpacaking anggêr,
awit wêwênanging anggêr kang mulya ana sadhuwuring ratu kang ayasa anggêr,
dhawuha marang sira bocah ingsun wadana jaksa
--- 55 ---
Si Ngabèi
Jaksapawaka.
Liring
layang ingsun anggêr-anggêr, sira ingsun dhawuhi mancasi sakèhing prakara
kadurjanan, panêrak lan parapadu, anganggoa ati kang suci sarta awêwatona
sasurasaning anggêr-anggêr mau, lamun kongsi ana kang nalisir, sira aja takon
dosa, amêsthi bakal ingsun wêsiasat kang luwih bangêt ana ing ngalun-alun
ingsun, o.
Dhawuhing
pangandika dalêm ing dintên malêm Kêmis
Sampun
kalampahan sang prabu andhawuhakên yasa anggêr-anggêring nagari ingkang kangge
wêwaton amancasi saliring prakawis kadurjanan, panêrak sarta utang apipotang (
K. N.).
Jumênêngipun
Prabu Bramarkata agêng jajahanipun, amargi dipun kèndêlakên kemawon, dening
sêsarêngan kalihan dauruning praja ing Indhu, kathah kraman sarta kathah
ingkang ambondhan tanpa ratu, botên asok-sokan paos pamêdaling siti. Sang Prabu
Bramarkata tansah angangin-angin manggènipun sang pangeran, awit botên kagungan
pangintên pisan-pisan yèn sang pangeran seda sarêng sarta kalabuh sarêng
kalihan sariranipun, mila karsanipun sang prabu Kyai Pêdhakbrama katimbalan,
badhe kadangu bokmênawi sang pangeran taksih wontên ing ngriku, utawi sumêrêp
dunungipun, tumuntên matah abdi kêkalih kautus nimbali Kyai Pêdhakbrama,
kadhawuhan wêling pêrlunipun [pêrlu...]
--- 56 ---
[...nipun]
katimbalan ingandikakakên, mulang kawruh among tani dhatêng abdinipun kawula
dhusun bawah nagari Guwasiluman, awit taksih kathah ingkang balilu. Lampahing
utusan agêgancangan, sampun dumugi ing griyanipun Kyai Pêdhakbrama,
andhawuhakên timbalanipun sang nata, Kyai Pêdhakbrama salangkung[5] bingah ing
manah dene piniji ing panjênêngan ratu kapundhut damêlipun, enggal dandos kèrid
ing caraka, sarêng lampahipun dumugi ing bênawi ngêntosi baita tambangan kèndêl
wontên ing gêgisik, katingal wontên baya ngambang lajêng nyarap dhatêng Kyai
Pêdhakbrama kagondhol silêm dhatêng ing kêdhung. Utusan kêkalih sarêng anjêpluk
lumajêng sipat kuping mantuk mêdal margi sanès, dumugi ing ngarsaning sang
prabu angaturakên tiwasipun Kyai Pêdhakbrama inguntal baya, miwiti malah
amêkasi. Sang prabu nyathêt salêbêting galih, pangunandikanipun: iki sing
diarani ukum Allah, ênggonku, diuntal ing baya saka panggawene Si Pêdhakbrama,
saiki Si Pêdhakbrama diuntal ing baya dhewe sarta lulus ing patine.
Sang prabu
saya putêk ing galih, angèngêt-èngêt kadadosaning sariranipun sang pangeran,
wusana kabaranang dhawah ing bêndu dhatêng Sang Prabu Ôndakara, lajêng
adhêdhawuh mêpak gêgamaning prang badhe ngrisak karaton ing Indhu, parawiraning
prajurit sarêng tampi dhawuh kados punagi badhe pamangsuling sihipun sang
--- 57 ---
prabu saking
pêcahing kulit, wutahing rah sarta pêcating nyawanipun, dados bêbantêning prang
suka mantuk aran bilih nagari ing Indhu botên bêdhah. Budhaling bala gumuruh,
saking nagari Guwasiluman, sang nata karsa anindhihi baris piyambak dados
senapatining prang, radèn apatih ingkang dados pamungkasing lampah, para wira
opisiring prajurit sinêlir dados panjalwat kiwa têngên, ing têngah mluwa dados
pasênêtan panataning gêlar enggal, lampahing baris ginêlak sampun dumugi
laladaning nagari Indhu, wusana mirêng pawartos yèn kadhaton nuju suwêng,
namung tinêngga ingkang rayi sang prabu, anama Pangeran Ôndapawaka, sarta wadya
sawatawis, Prabu Ôndakara têdhak amêng-amêng dhatêng pasanggrahan têpining
narmada ingkang cêlak kalihan sungapaning sagantên. Sarêng Sang Prabu
Bramarkata midhangêt aturing juru panuksma yèn kitha ing Indhu pinanggih suwêng
sangêt andadosakên cuwaning galih, yèn kalajêngakên ngrabasa kitha suwêng awon
loking jana, karsanipun namung badhe wangsul, ananging badhe kèndêl sawatawis
angasokakên ingkang para abdi.
Kacariyos
Pangeran Ôndapawaka, ingkang kapatah têngga kadhatonipun ingkang raka sang
prabu, sawêg kasêkêlan galih mêntas kasedan garwa, namung tilar putra putri
satunggal sarta sampun diwasa, sarêng sang pangeran midhangêt aturing bupati
nayaka
--- 58 ---
ingkang jagi
nagari wontên parangmuka dhatêng, lajêng adhêdhawuh kinèn samêkta amapagakên
mêngsah, sang pangeran karsa nyarirani piyambak anindhihi baris dados
senapatining prang, enggal samêkta bodhol saking ing kadhaton, gumalêdhêg kados
toya mêdal saking rong, cucuking baris dumugi pamedaning mêngsah.
Sang Prabu
Bramarkata sawêg eca imbal wacana kalihan Radèn Apatih Bratunu, badhe
amondhongi kyai jurutaman sarimbit, kasaru aturing juru panuksma yèn wontên
gêgaman mêdal saking kadhaton, andalêdêg kados lampahing sela blêkithi, sang
prabu lajêng dhawuh kinèn mapagakên, têmpuhing prang rok silih ungkih aliru
papan, dêdêr dinêdêr idêr-idêran, dangu-dangu bala ing Indhu kasêsêr kèlês
kapalipis, larut mirut kapalayu, senapatining prang Pangeran Ôndapawaka kenging
katawan. Dhawuhipun Sang Prabu Bramarkata botên kalilan anglud bala ingkang
sampun kapalajêng sarta botên kalilan angrêbat kitha, panggalihipun nistha
ambêdhah nagari ratunipun pinuju suwêng, dipun antosi ngantos sakonduripun
badhe dipun wangsuli kabêdhah malih, pangeran tawan[6] kadhawuhan
angrumiyinakên, sang nata bidhal kantun, tumuntên kalampahan, sêkar salwarini
dados dhangdhanggula. Dhandhanggula
enjing
bidhale gumuruh saking: / nagari Indhu kèhe
--- 59 ---
kang bala /
kuswa abra busanane / lir surya wêdalipun / saking jalanidhi sajroning / arsa
madhangi jagad / lagi mungup-mungup / anèng pucaking aldaka / bang sumirat kêna
sorote hyang rawi / mega lan arga-arga //
Sang prabu
anyiyosakên karsa amondhongi ingkang bapa biyung kyai saha nyai jurutaman,
radèn apatih kautus mêthuk adhêdhêmitan sarta dipun cariyosana ing lêlampahane
sariranipun, radèn apatih lajêng angèstokakên dhawuh. Ing wanci sontên
nilipakên abdi tindak ijèn dhatêng ing griyanipun ki jurutaman, ananging
pinanggih sêpên, namung nyai jurutaman wontên, nuju sawêg ngantih, dipun wêdali
saking wingking, sarêng dipun tolèh sumêrêp yèn anakipun Jaka Gêniroga:
dhatêng, nyai jurutaman botên pandung, Jaka Gêniroga lajêng dipun rangkul sarta
dipun tangisi. Jaka Gêniroga pitakèn: bapak wontên pundi: bok. Wangsulanipun
nyai jurutaman: bapakmu wis mati: ênggèr, malah wis êntèk sidhêkahe, iya
sapungkurmu lan sapungkure adhimu kae banjur ngênês dadi lan patine.
Radèn apatih
sangêt ing pangungunipun, dene botên mêningi kamulyaning anak ingkang
pinanggih, wusana mupus sampun takdiripun, nyai jurutaman lajêng dipun sanjangi
lêlampahanipun ingkang rayi miwiti malah amêkasi, ing mangke taksih winados
[wi...]
--- 60 ---
[...nados]
dèrèng ambabar sarira, jumênêng ratu wontên ing Guwasiluman, nyai jurutaman
malongo, eram dene wontên lêlampahan elok makatên. Nyai jurutaman lajêng tumut
ing salampahipun radèn apatih, sampun katur kauningan ing sang prabu sarta
lajêng ingandikakakên rumiyin. Tumuntên sang prabu bidhal kondur dhatêng nagari
Guwasiluman, kêbut sawadyabalakuswa. Sarawuhipun sang prabu ing kadhaton lajêng
lukar pangagêman wontên salêbêting kamar padandosan, ingkang êmbok katimbalan
malêbêt ing kamar panêpèn, sang prabu lajêng têdhak pangagêman putri, nyai
jurutaman sumêrêp lajêng anjêlih sarta ngrangkul pada, sambatipun: gusti anak
kula ratu putri, sabab punapa kula paduka tilar, kula botên sagêd kantun,
namung paduka ingkang dados têlênging manah kula, gumarit pinggêt botên sagêd
pulih ing salami-laminipun, upami tiyang sakit sampun badhe pêjah, rawuh paduka
ingkang nyandèkakên, kathah-kathah pasambatipun nyai jurutaman, adamêl
ngêrêsing galihipun sang prabu, pangandikanipun sang nata wis biyung aja
korasa-rasa mundhak aku milu sêdhih, mung panjalukku marang kowe, kowe dibisa
simpên wadi nganti ana karsaning Allah ambadharake aku.
Sang prabu
sampun sumêrêp yèn ingkang mancêri sariranipun Sang Pangeran Ôndapawaka,
makatên ugi sumêrêp yèn ingkang
--- 61 ---
mancêri
ingkang raka radèn apatih: Sang Prabu Ôndakara, dados ing kabatosan sadhèrèk
nak-sanak tunggil biyung, inggih sadhèrèk tunggil biyung, kyai jurutaman punika
namung ngaku-aku kemawon, dados warananipun tiyang agung kêkalih, awit pancèn
botên nganaki. Sang prabu lajêng dandos cara kakung karsa manggihi Sang
Pangeran Ôndapawaka, sampun kaaturan malêbêt ing kamar panêpèn, sang pangeran
rawuh lajêng kaacaran lênggah wontên lèr majêng mangidul, botên karsa dipun
pêksa, sang prabu lênggah wontên kidul majêng mangalèr, sang pangeran taklim
lênggahipun, lajêng kaaturan sasêgah ingkang wangi-wangi sarta unjuk-unjukan
ingkang miraos, sang pangeran tinamu-tamu.
Têmbungipun
sang prabu: rama pangeran ingkang sakeca ing galih, ing ngriki dede
panggenaning mêngsah, sayêktosipun panggenanipun putra paduka piyambak, pun
biyung punika saksinipun atur kula. Sang prabu sarwi nolih dhatêng ingkang bok.
Sang
pangeran botên mangrêtos ingkang kapangandikakakên sang prabu, ananging priksa
dhatêng bok jurutaman yèn punika kala rumiyin kalulutipun, sang pangeran
anjêngêr botên sagêd mangsuli pangandika, ingkang wontên namung kèndêl sarta
tumungkul.
Sang prabu
matur malih, sarèhning rama pangeran kirang dhamang dhatêng atur kula, mugi
kêparêng ngandika dhatêng pun bok kemawon, paduka [padu...]
--- 62 ---
[...ka] rak
sampun têpang: ta. Pangandikanipun sang prabu punika amêmiringi èsmu anjawat.
Sang
pangeran kaprojol ngantos gumujêng sarwi ngandika dhatêng bok jurutaman: kowe
apa padha slamêt: yu.
Pangèstu
dalêm inggih wilujêng.
Si kakang
rak wis mati lawas: ya.
Inggih
sampun lami, tiyang panjênêngan dalêm pujèkakên pêjah.
Ês, mongsok,
apa aku gêthing. (sang prabu tansah gumujêng) Kêpriye aku lan kowe padha dadi
wong tawanan.
Panjênêngan
dalêm ingkang dados tiyang tawanan, mênawi kula: botên, namung dados rôndha:
yêktos. Kula punika badhe matur ing panjênêngan dalêm, awit saking pangojokipun
sang prabu, ingandikakakên mêlèhakên karsa dalêm ingkang nyimpang saking lêrês,
botên karsa anggalih dhatêng Rara Apyu, têmahan dados lare kapiran.
Sing-sing kowe
kuwi sing kocatur, wong lagi mêngkene apa mikir rôndha. (sang prabu saya kêkêl
gumujêng).
Kula botên
tawi rôndha, namung pratela kemawon.
Dadi wis
wêruh lawas kuwi kopratelani.
Inggih yèn
karsa mirêngakên, yèn botên karsa inggih sampun, [sampu...]
--- 63 ---
[...n,]
botên dipun jiyad.
Ih, kowe
kuwi yèn calathu olèhe sumêngit kaya mênyang satrune.
Dhasar satru
punika, wah genggong, (sang prabu saya kapingkêl-pingkêl) mupung wontên
ngarsanipun sang prabu sarta mupung panjênêngan dalêm kêpèpèt dados tiyang
tawanan, kula punika badhe matur pitakèn, panjênêngan dalêm punika kagungan
putri ingkang pating bêcècèr, punapa botên.
Iya, kowe
kuwi ngudhak-udhak tai ana ing bathok, kuwi cikbèn apa, wong sanagara wis padha
sumurup yèn anakmu wadon Rara Apyu kae: jarene anakku.
I, i, athik
mawi jarene. Panjênêngan dalêm rumaos ngêkêp kula: punapa botên, (sang prabu
saya gumujêng).
Cangkême
olèhe rêgêd muni kuwi: nèh, wong ana ngarsane sang prabu.
Kula botên
ajrih dipun kêthok, janji lêrês.
Padu wutuh:
ane, iki.
Dhasar pabên,
awit kula angsal pangojokipun sang nata, andikakakên ngêlèhakên karsa dalêm
ingkang nyimpang saking lêrês, botên karsa anggalih lare kapiran.
Olèhku mikir
bae kêpriye wong durung wayahe laki lan banjur dikedani marang pangeran dipati,
dadi bubrah-bubrahan [bubrah-bubrah...]
--- 64 ---
[...an]
kiye.
Saupami
sapunika kêpanggih wontên ngarsa dalêm, panjênêngan dalêm karsa ngakên putra:
punapa botên.
Gêlêm pisan,
wong anake têmênan kuwi apa êmoh.
Sang prabu
jumênêng saking palênggahan lajêng mlêbêt ing kamar dandos ngagêm cara putri,
mêdal anjujug ing ngarsanipun sang pangeran lajêng ngabêkti, sang pangeran
sanalika kagèt ngantos kamitênggêngên, sarêng dipun waspaosakên sayêktos yèn
Rara Apyu, sang pangeran botên pandung lajêng kinêmpit-kêmpit lungayanipun,
ingaras êmbun-êmbunanipun, pangandikanipun, kowe apa dadi garwane sang prabu,
têka rupamu padha kaya jambe nom sinigar paro, Rara Apyu matur sarwi gumujêng,
sang prabu punika wau inggih kula. Lajêng matur lêlampahanipun, purwa madya
wasana titi. Sang pangeran dhêlêg-dhêlêg mirêngakên aturipun ingkang putra.
Wusana sang putri matur: rama, kaprabon ing Guwasiluman, kula saosakên ing
panjênêngan paduka, kula nyuwun kaêmong wontên ing ngatsa dalêm, sarta narimah
wahdat tanpa krama bilih botên sagêd panggih kalihan putra dalêm pangeran kula,
namung bok ayu Puyi kula suwun dadosa jatukramanipun kakang Gêniroga, dene pun
bok sumôngga ing karsa dalêm.
Sang
pangeran kakênan ing galih dening karoban ing kautamanipun [kauta...]
--- 65 ---
[...manipun]
ingkang putra. Dhenok: aku mung nurut apa sing dadi pangrèhmu, jumênêngku ratu
mung sadarma, purba wisesa ruwêt rêntênging praja isih ana ing kowe, awit
sanadyan kowe bocah sarta anakku, ananging aku kalah guna sêkti môndraguna,
dene êmbokmu sarèhning ibumu wis seda: iya dadia sasulihe minôngka
pramèswariku, awit dadiku ratu saka kowe, kowe saka bokmu.
Ing wanci
enjing sang prabu miyos sinewaka, pêpak andhèr ingkang wadyakuswa, Radèn apatih
sampun wontên ngarsa. (sampun jinatenan karsanipun sang nata) Ingkang rama sang
pangeran lênggah ing kiwanipun sang nata, dhêdhêp sirêp botên wontên sabawa,
sang nata ngandika: hèh, bocah ingsun ing Guwasiluman, sira padha sumurupa yèn
ingsun ratu kinawasa bisa mancala putra mancala putri, manjing ajur ajèr,
mrojol ing akêrêp, punjul ing apapak sarta bisa ngambah ing gêgana, ingsun arsa
lêlana angubêngi jagad, mêtu ing jumantara, sapungkur ingsun, rama Pangeran
Ôndapawaka kang ingsun karsakake sumilih karaton ingsun, awit ingsun wus
sumurup marang lêlabuhane rama pangeran, ingsun paringi jêjuluk Prabu
Ôndapawaka, sira aja padha sumêlang apa barang parentahe rama prabu sira
èstokna, padha bae lan parentah ingsun, lan ingsun iya bakal ora negakake, ing
samôngsa-môngsa [samôngsa-...]
--- 66 ---
[...môngsa]
ingsun rawuh anguningani, mulane aja ana kang cilik atinira, mêngko bêngi wayah
titi sonya ingsun mangkat mêtu ing gêgana, sira kabèh padha karia slamêt.
Ingkang para
abdi sêrêt asaur pêksi, pangagênging ulubalang munjuk: dhuh gusti ratu
binathara, mugi sampun ngantos -lami-lami anggèn paduka lêlana angubêngi jagad,
tumuntên kondur, botên saking katênta aliting manah, sayêktosipun saking
gênging trêsna kula saabdi paduka sadaya.
Prasêtyanira
kabèh, iya ingsun tarima, lan ingsun bakal anuhoni janji kaya kang wis ingsun
dhawuhake. Ingkang rama sang prabu lajêng katarik lênggah ing singangsana,
angiwakakên sang prabu taruna.
Sang prabu
wrêdha andhawuhakên: he, bocah ingsun ing Guwasiluman, garwaningsun ingsun
angkat dadi pramèswarining nata, kaarana Ratu Anala. Para wadyabala sami saur
pêksi. Lan manèh karsaningsun, pêpatih ingsun Radèn Bratunu ingsun tarimani
putriningsun aran Dèwi Puyi, sira kabèh padha samêktaa ing gawe ingsun karsa
mêmantu (kacariyos Dèwi Puyi sampun katimbalan nusul ingkang rama) para
wadyakuswa sami saur pêksi malih, sang nata kêkalih kondur angadhaton,
sarawuhipun ing dhatulaya pinapag ing pramèswari nata wrêdha, sang nata taruna
lajêng dhatêng ing kamar sarta lajêng dandos, rucat agêm-agêman [a...]
--- 67 ---
[...gêm-agêman]
kakung santun agêm-agêman putri, têtêp nama Dèwi Apyu malih, nunggil lan
ingkang bok ayu Dèwi Puyi, dados putrining nata ingkang dhinênadhêna.
Gêntos
kacariyos lampahipun Baduwi kêkalih ambêkta sang pangeran, sampun dumugi ing
kabandaran, anjujug juragan tukang tumbas tiyang, Baduwi anawèkakên punapa ki
juragan ajêng tumbas tiyang, ananging sakalangkung kêra, sang pangeran lajêng
dipun têdahakên, ki juragan sumêrêp dhatêng sang pangeran sakalangkung wêlas,
sarta angintên yèn dede tiyang sabarangan, katitik saking netya sarta
kabagusanipun, ananging sabab punapa têka dados tiyang tumbasan, Baduwi dipun
pitakèni tiyangipun tumbasan karêgèn pintên, Baduwi nêdha sadasa wang mas,
juragan apianjêngèk, wangsulanipun: digawe apa rêga samono. Baduwi lajêng
nyudakakên rêgi sapalih, wis ta, tukunên limang wang mas bae. Juragan taksih
apianjêngèk malih. (pangrêmpêlunipun sang pangeran: i, i, i, i, mêngkene
karsane Allah, têtela ora kêna ginayuh ing manungsa, sapa nyana yèn rêgane
awakku mung sapele bangêt, olèhe mragadi kangjêng rama marang aku sinau
kapintêran sajagad, êntèk pirang-pirang atus èwu, siji ora ana sing kanggo,
dalah main tangan aku sampurna, têka digitiki ing wong ora wani malês, kapriye
pamalêsku yèn bakal [ba...]
--- 68 ---
[...kal]
dibut ing wong atusan, ora wurung malah tumêka ing pati. Ana ing dalan mung
digawa ing wong loro, gênti arêp dakpulasara, apa aku dhêman bali mênyang ênggoning
Baduwi, angeramake têmênan karsaning Allah, kaluputanku mung sapele dening
ênggonku angibirake gampanging pangupayaku sandhang pangan saka kèhe
kapintêranku, jêbul ora ana kang bisa tumindak. Gusti Allah kula nyuwun tobat
kaping sèwu, sagêd kula manggih rahayu botên liya namung saking pitulung
tuwan). Kêdadosanipun ing rêmbag sang pangeran namung katumbas kalih wang mas.
Ki juragan waspada ing paningal dhatêng sang pangeran, yèn dede tiyang pidak
padarakan, amêsthi trahing kusuma, rêmbêsing madu, wijiling amaratapa,
têdhaking andanawarih, katitik saking solahbawa, mila botên kaanggêp tiyang
tumbasan, têmbungipun alus mawi basa krama, anggèr: kula maibên yèn sarira
sampeyan turuning tiyang asor, amêsthi têdhakipun tiyang luhur, ananging sabab
punapa dene sampeyan dados tiyang tumbasan.
Wangsulanipun
sang pangeran: sadèrèngipun kula sanjang ing pitakèn sampeyan sagêd nitik
dhatêng sasipatan kula, ananging sampeyan sangêt botên angajèni dhatêng
rêrêgèning awak kula.
Makatên gèr,
sampeyan sumêrêpa yèn ajining tiyang tumbasan [tu...]
--- 69 ---
[...mbasan]
ingkang limrah namung kangge pondhong pikul, dados botên wontên tiyang sae
dados tiyang tumbasan, ingkang mêsthi tiyang awon, wangsul sampeyan tiyang alus
têka dados tiyang kasar, amêsthi wontên sababipun, saupami Baduwi wau
mangrêtosa yèn tiyang alus kathah rêginipun, sanadyan rêgi satus wang mas,
sampeyan inggih siyos kula tumbas, dados ing mangke sampeyan kêdah balaka
punapa ingkang dados pitakèn kula wau.
Sang
pangeran lajêng nyariyoskên lêlampahanipun wiwit timur ngantos dumugi diwasa
miwiti malah amêkasi, ki juragan ngêrês mirêngakên. Pangandikanipun sang
pangeran: sarèhning kula tinakdir botên pêjah, sêdya kula namung wahdat tanpa
krama, amargi pacangan kula sampun pêjah angrumiyini kula, panêdha kula dhatêng
sampeyan kalayan dhanganing manah, kula sampeyan antukakên dhatêng nagari ing
Indhu, awak kula sampeyan aturakên ing kangjêng rama, amêsthi sampeyan
kaparingan ganjaran agêng.
Wangsulanipun
ki juragan: dhuh anggèr wong abagus, sampun mêsthi sampeyan kula dhèrèkakên
piyambak, nanging sampeyan êntosi sawatawis wulan êngkas, kula badhe kêklêmpak
barang ingkang pèni-pèni rumiyin, badhe kula damêl angsal-angsal konjuk rama
jêngandika sang prabu.
--- 70 ---
Sang
pangeran inggih nyarantosakên, botên nêsa-nêsa namung sumarah sakajêngipun ki
juragan. Sarêng sampun antawis lami ki juragan sampun pikantuk barang adi-adi
ingkang pantês dados pisungsung konjuk ing sang prabu, lajêng bidhal abêdhol
jangkar, ingkang tinuju dhatêng nagari Indhu, lêpas lampahipun.
Kacariyos
Sang Prabu Ôndakara sakalihan pramèswari nata ingkang wontên pasanggrahan cêlak
muara, sangêt rêntêng ing galih, ing dalu supêna yèn ingkang putra rawuh numpak
baita, dipun awe-awe ingkang putra tansah mitambuhi, sang aprabu ngantos
garagapan: wusana wungu. Gêntos ingkang rayi gêrêng-gêrêng enggal dipun wungu
sarta kadangu supêna punapa, ingkang rayi muwun sarta matur angaturakên cariyos
supêna yèn ingkang putra rawuh numpak baita, dipun awe-awe ingkang putra tansah
mitambuhi. Kadospunapa kagèting galihipun sang prabu, dene supênanipun ingkang
rayi sami kalihan supênanipun, botên wontên gèsèhipun sakêdhik-kêdhika, nanging
sang nata botên karsa walèh bilih kagalih ngewani dhatêng supênanipun ingkang
rayi, nanging tansah kacathêt ing dalêm batos botên supe-supe. Sang prabu sarta
sang pramèswari kêmanjon botên sagêd sare ngantos anggagat enjing, sang nata
karsa amêng-amêng dhatêng satêpining sagantên, ingkang rayi kêlayu andhèrèk,
sakalihan tindak turut gêgisik. Srêngenge mancungul saking [sa...]
--- 71 ---
[...king]
lowahaning toya sumirat abrit amarna warnining mega kêkêmul ing ardi, katingal
maya-maya. Kêthap-kêthap katingal wontên baita dhatêng, mawi panjêran daludag
pareanom.
Sang nata
kagèt ing galih, ngandika dhatêng ingkang rayi: yayi galo ana kapal têka
nganggo têtêngêr umbul-umbul pareanom, apa putrane raja: pêpara.
Tutane gèk
dara pangeran rawuh.
Môngsa
nungganga prau nganggo têtêngêr bandera pareanom, iku rak banderane pangeran
adipati. Lungane anakmu dharat tanpa rewang.
Yèn supênan
kula kala wau dalu nètèsi kadospundi.
Saya cêlak
lampahing baita dhasar palabuhan ing Indi rapêt kalihan dharatan, sang prabu
nyêlak dhatêng ing babagan, sang pangeran nuju jumênêng wontên ing êdhèg,
pasuryanipun katingal mancorong, ingkang ibu botên pandung lajêng anjêrit
ngundang-undang ingkang putra, sang pangeran inggih anyauri sarwi sasmita usap
asta kaklebatakên, baita labuh têtela yèn ingkang putra, mlajêng saking kapal
dumugi ing gêgisik ngrungkêbi sampeyanipun ingkang rama sarwi lara karuna kados
wanita, ingkang ibu ngrangkul saking pêngkêran sarwi dipun muwuni, otêr tiyang
salêbêting kapal, sami sumêrêp yèn ingkang jumênang sang prabu ing
--- 72 ---
Indhu ratu
agung binathara, sami mudhun sêsarêngan tarab wontên ngarsanipun sang nata, ki
juragan wontên ngajêng piyambak, sang prabu lajêng kondur masanggrahan, ki
juragan sapranakanipun sami ingandikakakên dhèrèk, wontên ing margi kapêthuk
para putra-putri sarta para abdi kêkasih ingkang sami nusul tindakipun sang
nata, sarêng sumêrêp sang pangeran andhèrèk, sami ambêngok nangis, kadospunapa
kemawon ramening margi, sang prabu ngantos botên sagêd nyapih gumêdêring
tiyang, rawuh ing pasanggrahan sang nata lênggah, sang pangeran ngadhêp ing
ngarsanipun tansah rinubung ing kathah, ingkang ibu botên pêdhot pandangunipun
punapa-punapa, ingkang para abdi andongong sami mirêngakên cariyosipun sang
pangeran, yèn nuju manggih bingah sami gumujêng yèn manggih susah sami nangis
pating slênggruk, sarêng cariyos nalika dipun jiyad dhahar ulêd-ulêdan sêkul
kalihan pisang dipun duduhi puhan mêntah sami gumujêng kalihan nangis, ingkang
rama ibu tansah pirêna ing galih, lajêng adhêdhawuh tumuntên badhe kondur, sami
kadhawuhan tata-tata, ki juragan ingandikakakên dhèrèk. Ing wanci enjing sang
nata bidhal, nyare ing margi kalih dalu, wontên pasanggrahan alit onjotaning
margi dhatêng pasanggrahan agêng. Kyai Patih Giripawaka sampun midhangêt
pawartos ing konduripun sang prabu sarta sampun sami mêthuk dumugi ing
watêsipun nagari, wontên ing margi [mar...]
--- 73 ---
[...gi] sang
nata pinêthuk ing kyai patih, sang prabu andangu raharjaning praja, rawuh ing
nagari lajêng pinarak sinewaka ing bangsal pangrawit, sang pramèswari lajêng
malêbêt ing kadhaton, kalihan ingkang putra sang pangeran, ginarêbêg para putri
êmban inya cèthi parêkan, badhaya srimpi sampun andhèr wontên ing pandhapa
agêng, ngêntosi jêngkaripun sang nata saking panangkilan.
Ki juragan
kakarsakakên wontên ing ngarsa nata, lênggah kiwanipun kyai patih ragi
kapering, tumuntên ki juragan angaturakên pisungsung rajabrana ingkang
pèni-pèni, guru bakal guru dadi, konjuk ing sang prabu mêdal kyai patih, sampun
kauningan sadaya andadosakên parênging galih, rajabrana ingandikakakên
maringakên dhatêng ingkang rayi sang pramèswari. Botên sarèh karsanipun sang
prabu, sami sanalika punika kadhawuhakên dhatêng kyai patih.
Giripawaka,
sih ingsun marang si juragan, ora awit katarik saka ênggon ingsun bungah
nampani kèhing pisungsunge kang arupa êmas picis rajabrana, iku mungguhing
ingsun sapele, satêmêne bungah ênggoningsun nampani pisungsunge mêmaniking
atiningsun kang mung rêga rong uwang mas, iku upama ingsun walês
rajabrananingsun sakadhaton ingsun kuras, ingsun paringake kabèh, iku durung
nyukupi saka ajining mêmanik mau, mulane [mula...]
--- 74 ---
[...ne]
pamalês ingsun mung sapele, si juragan ingsun jak milu mangan kanikmatan
wêtuning bumi ing Indhu, têtêpa dadi darah ingsun (ki juragan botên nyandhak
dhatêng pasêmonipun sang prabu) karsaningsun ing saiki mitraningsun si juragan,
ingsun kulawisudha ingsun junjung saka ngisor ingsun sêngkakake ing ngaluhur,
ingsun dadèkake bocah ingsun wadana pabeyan, ingsun paringi jênêng kaarana: Ki
Tumênggung Mrêtyubeya (Ki juragan nalika mirêng pangandikanipun sang nata
mêmêla anoraga ngantos mangkarag githokipun, mripat anjêrbabak wusana rêntah luhipun
lajêng nangis kados pawèstri). Kyai patih lajêng andhawuhakên pangandikanipun
sang nata dhatêng ki juragan kados ingkang sampun kadhawuhake anama Ki
Tumênggung Mrêtyubeya. Sang nata lajêng jêngkar ngadhaton, lênggah ing pandhapa
agêng karsa kalangênan badhaya srimpi, amêngakakên lawang suka, nginêbakên kori
sungkawa.
Kyai patih
dèrèng saos atur bab kawontênanipun karaman sarta ingkang rayi Sang Pangeran
Ôndapawaka botên katingal botên kadangu, punika ragi kalêrêsan.
Enjingipun
kyai patih sowan ing kadhaton botên kalayan dipun timbali, sang prabu sampun
nyandhak yèn kyai patih badhe gadhah atur wados, kyai patih ingandikan dhatêng
panêpèn, kyai patih lajêng munjuk: yèn sapêngkêripun sang nata wontên [wo...]
--- 75 ---
[...ntên]
parangmuka dhatêng, kraman saking ing Guwasiluman, ratunipun kados ratu tiban,
sugih rajabrana angungkuli kasugihanipun para ratu ing ngalam dunya, unjukipun
ki patih: ingkang dados eraming manahipun tiyang kathah kasugihanipun samantên
kathahipun, botên wontên tiyang ingkang sumêrêp pinangkaning yatra, sanadyan
namung tansah mêdal kangge yêyasan adêging karaton, adamêl kadhaton sarta
bètèng punapadene kadamêl mragadi pangipuking tiyang sami tumut gêgriya ing
ngriku, suprandosipun wêdaling arta botên mawi kandhêg, punika ingkang ngeramakên
sayêktos, loking kathah sagêd anggêndam yatra, badhe kawula papas kala sawêg
bribik-bribik kasarêngan para putra dalêm kathah ingkang sami mirong, dados
kawula namung kèndêl, tumuntên ratu kraman wau angawaki dados senapatining
prang anindhihi baris piyambak lumurug mriki, kawula lajêng tata-tata
samêktaning bala ingkang rumêksa nagari badhe mapagakên dhatêng mêngsah, rayi
paduka Sang Pangeran Ôndapawaka kawula aturi dados cucuking lampah anindhihi
baris sagolongan nacak lumawaning prang sarta pamasanging gêlar, ananging damêl
kodhênging manah kawula prang namung sakêdhap rayi tuwan sampun kajodhi, sarta
lajêng katawan, saya kodhêng malih manah kawula, pêpucuk prang sampun mênang
têka botên lajêng angrêbat kadhaton, punika malah nulak wangsul, namung narimah
ambandhang tiyang satunggal rayi tuwan, [tu...]
--- 76 ---
[...wan,]
dene ingkang nama kodhêng sayêktos: rayi paduka sapunika jumênêng ratu wontên
ing ngriku, ratu kraman kawula botên midhangêt, pandugi kawula ngêmu wados,
awit putranipun putri rayi tuwan Dèwi Puyi sampun kaboyongan dhatêng
Guwasiluman dalah ingkang para abdi jalêr èstri sadaya. Ratu kraman punika
kawarti warninipun bagus sangêt angungkuli putra paduka kangjêng pangeran, ing
ngrika mênang alus pindha solahing wanita, warninipun jiblès.
Sang prabu
nglênggêr midhangêtakên aturipun kyai patih, ing dalêm batos sêrik dhatêng
ingkang rayi kagalih malik tingal, sarta sampun nyata jumênêng ratu angêmuli
ratu kraman kapêndhêt mantu angsal Dèwi Puyi, lajêng adhêdhawuh ingandikakakên
damêl sêrat dhatêng ingkang rayi mundhut Dèwi Puyi kalayan rodapaksa, punika
minôngka tôndha yêkti ing balela tuwin botênipun sang pangeran, yèn namung
katimbalan kondur gampil santolanipun. Sêrat sampun dados, lajêng macak caraka
anggandhèk sagolongan, sampun lêpas lampahipun.
Gêntos
kacariyos ing nagari Guwasiluman, Dèwi Puyi sampun kalampahan kadhaupakên
kalihan Radèn Apatih Bratunu, agêng bawahanipun, kathah sêsuruhanipun para ratu
alit-alit bawahing Indhu ingkang sami rawuh anjênêngi pikramèn, rukun anggènipun
palakrama, sang prabu sarta pramèswari
--- 77 ---
nata kêrêp
rawuh ing kapatihan: atêtuwi.
Sang Prabu
Ôndapawaka pinarak ing kadhaton, kaadhêp ingkang rayi Sang Pramèswari Anala
sarta ingkang putra Dèwi Apyu, sang nata pikantuk pawartos bêbaratan yèn ingkang
raka Sang Prabu Ôndakara sarta ingkang garwa sampun kondur, ambêkta sang
pangeran adipati anom, sampun pinanggih kondur saking lêlana nitih baita, sang
prabu sakalangkung amarwata suta, lajêng dipun pangandikakakên dhatêng ingkang
putra: dhenok, aku krungu pawarta kang dadi pangajapanmu ing tawang pangeran
adipati anom, saiki wis kondur saka lêlana nitih giyota, karêpku: aku nuli arêp
lêlayu sowan ing kakang prabu, ngaturake ing kasugêngane sarta bangêt kangênku
marang pangeran dipati. Kadospunapa kemawon cumêplonging raose galihipun Sang
Dèwi Apyu, sampuna kêpalang ing tatakrama kêdah badhe andhèrèk ing tindakipun
kalayu ingkang rama. Dèrèng dumugi pangandikanipun sang prabu kasaru wontên
ingkang atur uninga yèn wontên caraka mundhi nawala saking nagari ing Indhu,
sang prabu enggal miyos sinewaka, radèn apatih sampun wontên ing ngarsa,
sasampunipun caraka sinambrama ing pambage: lajêng matur gatining lampah dinuta
ingkang raka matêdhakakên nawala patra. Sêrat katampèn sarta ingêmbun,
bêbukaning tulis:
--- 78 ---
Pèngêt,
nawalaningsun, Prabu Ôndakara, ratu agung binathara nyakrawati ambaudhêndha,
awit saka pêparinging Allah ingsun kalilan madêg ratu angayomi katêntrêmane
wong ing Indhu, abala tanpa wilangan, jinajaran gajah paprangan satus,
abalowarti santosa, ajagang larèn jêro kêbak banyu mili, misuwur ing
kaprawiraningsun, gêbyaring payung ingsun agawe kêmul kucême para ratu isining
jagad, dhawuha marang sira yayi prabu jarene Ôndapawaka, ratune wong ing desa
Guwasiluman, kang nyêmpaluki panjênêngan ingsun.
Liring
nawalaningsun, sira ora ingsun timbali wong wis madêg ratu lali marang kadang
tuwa, mung anakira si Puyi ingsun pundhut, bakal ingsun dhaupake karo anakira
kaki adipati, yèn Si Puyi wis palakrama sira pêgatna, yèn sira kukuh
ingandêlana bètèng andhuwurna kapurancang, anjêrokna jagang, ingsun bakal rawuh
ambubrah santosane kuthanira.
Kakangira:
Ôndakara.
Salêbêtipun
sang prabu maos nawala paringipun ingkang raka botên pisan katingal duka, dipun
undhat-undhat kaundhamana, namung tansah mèsêm, sarêng dumugi kinèn mêgatakên,
--- 79 ---
sang prabu
gumujêng kawiyos pangandikanipun: kakang prabu athik kaya ratu buta ing
Tirtakadhasan, panglamare mênyang Mandraka, anake kang aran Kartawiyoga: narima
lorodan. Caraka ingandikakakên ngaso dhatêng pamondhokan sinuba-suba,
kadhawahan angêntosi sawatawis dintên badhe karêmbag rumiyin, sang prabu badhe
ngaturi wangsulan. Sang nata jêngkar angadhaton lajêng lênggah dhahar,
sarampunging dhahar sêrat kaparingakên dhatêng ingkang rayi sarta lajêng
kaparingakên dhatêng ingkang putra, sami suka gumujêng dening sêling sêrêpipun
ing panggalih. Dèwi Apyu munjuk ingkang rama: kados punika ingkang nama
lêlampahan anèh, supados kasêmbadaning karsanipun wa prabu, kula panjênêngan
dalêm awadakên bokayu Puyi, kadugi nglampahi nyèthi dhatêng sang pangeran. Yèn
kalilan kudhung salêbêtipun sapêkên wiwit winimbasara, amargi sakalangkung
merang angsal sadhèrèk nak-sanak, wah sampun laki, kalihdene malih nyuwun
agênging bawahan. Sang prabu sampun nyandhak ingkang dados karsanipun ingkang
putra, sêrat sampun dados lajêng kaparingakên caraka, mawi angaturi bulubêkti
guru bakal guru dadi akathah ajinipun, caraka sampun kalilan. Botên kacariyos
lampahing margi sampun dumugi nagari Indhu, lajêng sowan ing ngabyantara nata,
kairid kyai patih, sêrat sampun konjuk, andangu caraka:
--- 80 ---
Kêpriye
anane yayi Ôndapawaka ing kana.
Kawula
nuwun, rayi dalêm sugêng.
Têka kowe
anggawa pisungsung akèh têmên.
Kawula
nuwun, punika bulubêktinipun rayi dalêm ing taun punika.
Apa saka
panjalukmu.
Nuwun botên
pisan-pisan.
Nalika yayi
Ôndapawaka ngunèkake layang apa ora nêpsu.
Nuwun botên,
malah tansah mèsêm wusana gumujêng kawêdal pangandikanipun makatên: kakang
prabu athik kaya ratu buta ing Tirtakadhasan, panglamare marang Mandraka anake
kang aran Kartawiyoga narima lorodan. (sang prabu gumujêng).
Apa têgêse
iku.
Kawula
nuwun, nyuwun duka dalêm, kawula botên mangrêtos.
Sêrat
kabikak lajêng kawaos ing sang prabu piyambak, suraosipun:
O, kawula
nuwun, atur sêmbah kawula Pangeran Ôndapawaka ingkang sawêg asêsilih nama ratu
saking karsaning Allah ing padhukuhan Guwasiluman, konjuk ing pênjênêngan dalêm
ratu gusti saha sadhèrèk kawula sêpuh lintunipun kangjêng rama ingkang sampun
[sampu...]
--- 81 ---
[...n]
swarga, ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Ôndakara, ratu agung binathara
nyakrawati ambaudhêndha, ingkang sinuyudan bala mayuta-yuta kineringan ing
parangmuka.
Kawula
nuwun, gusti kakang prabu, kawula sampun nampèni paring dalêm sêrat, suraosipun
ingkang anggumujêngakên dening sêling sêrêpipun panggalih dalêm, kawula botên
supêna badhe balela, rumiyin dumugi sapunika cipta kawula botên sanès namung
angluhurakên asma dalêm ing salami-laminipun, dene kawula botên katimbalan,
inggih mêksa sowan, kacuthata kados angganing wêrcita lumuh panjênêngan dalêm
dhumatêng kawula badhe tanpa damêl, gêmpal dening imul kawula, karosan dalêm
badhe kêndho dening pasambat, duka dalêm badhe lilih dening tanpa lawan,
gêrahipun galih dalêm badhe waluya dening pangabêkti, sampuna wotên parêngipun
karsa dalêm mundhut pun Puyi, kawula mêsthi lajêng sowan sarêng kalihan utusan
dalêm, sarèhning makatên kawula lajêng kèndêl, mênggah dhawuh dalêm mundhut pun
Puyi kawula sumanggakakên ing tangan kêkalih sarta lajêng kawula pêgatakên sami
sanalika kalihan lakinipun, angestokakên dhawuhing timbalan dalêm, nanging pun
Puyi ambêbana ing panjênêngan dalêm, nyuwun kabawahan ingkang langkung agêng,
saha nyuwun mugi kalilan mangangge cara Turki kudhung ing dalêm sapêkên wiwit
winimbasara, mila [mi...]
--- 82 ---
[...la]
makatên saking lingsêmipun dhatêng sang pangeran, dene badhe panggih kalihan
sadhèrèk nak-sanak piyambak sarta sampun kalajêng, mênggah anggèn kawula badhe
nyowanakên pun Puyi benjing wontên wêkasanipun taun punika, dados wontên ing
wulan Bêsar, namung kirang tigang wulan. Saha asarêng punika kawula ngaturakên
bulubêktinipun kagungan dalêm padhukuhan ing Guwasiluman, namung sapala
minôngka tôndha sungkêmipun têtiyang ing Guwasiluman, punapa saèsthining manah
kawrat ing dalêm sêrat.
Konjuk ing
dintên…
Pun:
Ôndapawaka.
Satamating
pamaosipun sang prabu galihipun luluh kados malam katrapan latu,
panjênênganipun rumaos kêlanasên, kirang titi pariksa, namung ingkang
andadosakên pakèwêding panggalih bab pamundhutipun Dèwi Puyi, awit sayêktosipun
namung kadamêl jalaraning pasulayan kemawon, botên sayêktosan, môngka Dèwi Puyi
sampun kalampahan kapêgatakên, saking ajrihipun kêdah angestokakên dhawuh.
Ingkang putra sang pangeran dèrèng kagêpok pisan-pisan, awit taksih kanji kados
lêlampahan ingkang sampun, lan malih môngsa kalampahana sang pangeran dhaup
kalihan walanjar, [wala...]
--- 83 ---
[...njar,]
badhe nyandèkakên karsa dhatêng ingkang rayi sèwu merang, dene panjênêngan nata
botên kenging dipun candhi pangandikanipun, kênthêling panggalih kapasrahakên
dhatêng ingkang garwa sang pramèswari, bokmênawi sagêd maripih dhatêng ingkang
putra, krama angsal sadhèrèk nak-sanak, dening Rara Apyu sampun pêjah, punapa
ingkang badhe dipun antosi malih, sang prabu jêngkar angadhaton, ingkang rayi
mêthuk lajêng dipun karsakakên andhèrèk dhatêng panêpèn, sang nata maringakên
sêrat saking ingkang rayi ing Guwasiluman, satamating pamaos: sang prabu
angandika kados rantamaning panggalih kala sinewaka. Sang pramèswari anglênggêr
dangu botên sagêd matur dening dèrèng angsal wêwênganing pamanggih, ngandika
dhatêng ingkang putra bab palakrama taksih anji-anjinên ajrih mênawi kaputungan
kados ingkang sampun, ewadene badhe dipun lampahi paring pirêmbag dhatêng
ingkang putra saking sambang liring sêmbrana parikêna.
Ing wanci
sontên tanggal kaping kawan wêlas padhang kados raina, sang pramèswari têdhak
dhatêng kadipatèn, ingkang putra pinanggih sawêg lênggah wontên ing galdri,
pirsa ingkang ibu rawuh enggal jumênêng angurmati, lajêng lênggah sakalihan,
ingkang putra dipun pijêti jangganipun kalihan lênggah dening kraos puyêng.
Ingkang ibu ngandika:
Dara
pangeran, putrane pamanamu dhimas Pangeran Ôndapawaka [Ô...]
--- 84 ---
[...ndapawaka]
kowe apa wis sumurup.
Sampun kala
lare.
Jare ayu.
Ayu mênapa,
pawakanipun gêmbro, botên singsêt mênjalin kados pun jênat.
Wis mêsthi,
nèk kae mono luput cinatur, upama dianggo tambêl butuh kowe apa arêp.
Tiyang kula
botên butuh: bu, têka mawi pados tambêl, mangke mindhak kêlêbêt ing bêbasan:
lêgan golèk momongan, wah gêmbro, (ingkang ibu gumujêng).
Apa bêcik
lêgan bae salawase.
Inggih
botên, miling-miling pados ingkang botên gêmbro.
Mulane,
sajrone miling-miling karo nyandhing.
Nyandhinga
punika ingkang botên gêmbro. He, minyik.
Kula.
Kowe gêlêm
tak sandhing.
Purun.
Lho, punika
pun minyik kemawon purun, tur ninthing.
Wong dijak
caturan têmênan, dara pangeran kuwi gêguyon.
Gêguyon
kadospundi: ta, bu, kula rak matur sayêktos.
--- 85 ---
Sang
pramèswri anggalih yèn ingkang putra sampun supê dhatêng Rara Apyu, awit sampun
karsa gêgujêngan kalihan tiyang èstri sanès, sarta dipun jajagi punapa salaminipun
badhe botên karsa misik wanodya. Amangsuli atur: botên. Dados sampun botên
sumêlang anglairakên wados kasusahaning galihipun sang prabu, ingkang ibu
ngandika: dara pangeran, satêmêne aku iki diutus sang nata, aparing sumurup
marang kowe, yèn pamanamu Pangeran Ôndapawaka ginalih mirong kampuh jingga
jumênêng ratu ana ing dhukuh Guwasiluman, sang prabu utusan gawe pêpucuking
pêrang, adhimu Si Puyi dipundhut, yèn wis laki didhawuhi mêgatake, môngka sang
prabu wis pirsa yèn Si Puyi wis dilakèkake, iku kalakon dipêgatake sarta
pamanamu ora sida balela banjur ngaturi pisungsung tôndha panungkule lan saguh
ngaturake adhimu Si Puyi besuk pungkasane taun iki ana sajroning sasi Bêsar,
saiki lagi tata-tata dadi mung kurang têlung sasi kêlakon, môngka satêmêne karsane
sang prabu mung ginawe dadakaning padu sarta ora pisan ing dalêm batin karsa
misesa anjiyad krama marang kowe, wis kapok kaya sing uwis, saiki mung sumarah
apa kang dadi karêpmu. Lah saiki kêpriye ribêde galihe sang prabu, ana
ucap-ucapane: sabdaning pandhita pangandikaning ratu iku ora bisa wurung, upama
nyêlêd pangandika marang
--- 86 ---
kang rayi:
sèwu merang, nyidakake dudu karsane, môngsa kalakona kowe dikramakake olèh
wanita somahan.
Sang
pangeran botên kagèt ing galih ayêm kemawon, wangsulanipun, punika prakawis
gampil: ibu, inggih dipun siyosakên punapa ingkang sampun kadhawuhakên dhatêng
kangjêng paman, dados botên angsal pocapan awon, nama ratu cidra, mênggahing
kula nama ambucal sêbêl, dene sampun apalakrama sapasar bibar, awit sêdya kula botên
badhe palakrama lamban ing salami-laminipun, sang pramèswari lêga galihipun,
dene ingkang putra mantun pugal, bangun turut kados kala timuripun. Sang
pramèswari lajêng kondur angadhaton sarta lajêng munjuk ingkang raka: sarèhe
ingutus.
Ing wanci
enjing sang prabu miyos sinewaka, pêpak ingkang wadyakuswa, kyai patih wontên
ngarsa, sang prabu andhawuhakên pangandika:
He, kakang
patih, karsaningsun anuhoni janji kang wus ingsun dhawuhake marang yayi
Pangeran Ôndapawaka, anake wulanjar ingsun pundhut mantu olèh kaki adipati,
sarta ingsun karsa anêtêpi kautamaning ratu, panuwune yayi pangeran, nyuwun
winiwaha ing pasamuan gêdhe, ingsun iya
--- 87 ---
amituruti,
mulane sira kabèh ing mêngko padha wiwita nyambut gawe sapalakartine ingsun
mêmantu, mawa makajangan lawase patang puluh dina, angulêm-ulêmana para ratu
ing amônca praja, amanguna rêrêngganing karatoningsun, lan omahe yayi pangeran,
aja ana kang kuciwa, lan manèh putraningsun Pangeran Prabanggêni sasadulure
kang padha beka padha timbalana, warahên yèn adhine: ki adipati wis mulih sarta
bakal ingsun palakramakake, lan andhawuhna pangapuraningsun. Unjukipun ki
patih: sandika. Sang nata jêngkar angadhaton.
Kacariyos
ubêg sapraja ing Indhu sami nyambut damêl ing karaton sarta ing alun-alun,
punapadene ing kapangeranan, botên antawis lami sampun paripurna, kyai patih
sampun utusan bupati kêkalih animbali Pangeran Prabanggêni sarta ingkang para
sadhèrèk tuwin andhawuhakên pangapura, akathah-kathah aturipun utusan, sang
pangeran inggih lajêng karsa kondur kairid ing utusan, lajêng sumewa ingkang
rama, para putra sami kaganjar sarta sami katêtêpakên padalêmanipun
piyambak-piyambak.
Kacariyos
Sang Prabu Ôndapawaka sapêngkêring utusan lajêng tata-tata, sarêng sampun
andungkap sêmadosipun sowan ingkang raka lajêng bidhal sagarwa putra,
gumalêdhêg lampahing [lampah...]
--- 88 ---
[...ing]
bala rêmbên dening ambêkta barang kathah. Sang Rêtna Apyu sampun kala wiwit
rucating kaprabonipun lajêng ngagêm mêkêna, awis ingkang sumêrêp warnanipun,
ayunipun saya botên kêjambar. Tindakipun sang prabu sampun dumugi sajawining
nagari, ingkang raka sang prabu karsa mêthuk piyambak wontên ing pasanggrahan
Têgalmuncar, sarêng sang prabu anèm pirsa yèn ingkang raka mêthuk, mudhun
saking titihan, enggal malajêngi ingkang raka nungkêmi pada sarwi lara karuna,
sang prabu wrêdha trênyuh ing galih ketang trêsnanipun dhatêng ingkang rayi,
pangandikanipun: wis aja sira rasakake mundhak anênangi ngêrêse galih ingsun,
sira milua ingsun marang pasewakan, rabi lan anakira ambacuta marang omahira lawas
bae, ing kana wis ingsun dhawuhake andandani, yèn anjujuga ing kadhaton: wong
jênênge besanan: wadhèh. Aturipun ingkang rayi: sandika.
Sarawuhipun
ing panangkilan, sang prabu andhawuhakên pangandika: he, kawulaningsun kabèh,
ing saiki yayi Pangeran Ôndapawaka ingsun têtêpake lêstari dadi ratu ana ing
Guwasiluman, ajêjuluk Sang Prabu Ôndapawaka. Para wadyabala sami saurpêksi
manadukara. Ingkang rayi lajêng katarik ingkang raka lênggah ing palowanu,
ngiringanipun ingkang raka. Sang prabu wrêdha jêngkar angadhaton, sang prabu
anèm kondur ing dalêmipun lami.
--- 89 ---
Para ratu
sêsuruhan sarta ingkang garwa putra sampun sami wiwit dhatêng saha sampun
kasaosan pondhokan sowang-sowang.
Pangantèn
sampun wiwit kasêngkêr winimbasara linuhur ing kumkuma,[7] oyod-oyodan
ingkang wangi-wangi sarta pathining êmpon-êmpon, binonyo ing gônda wida jêbat
kasturi, sang pangeran pinangantèn, sakalangkung suka ing galih tinon ing
akathah, namung badhe mitongtonakên kabagusanipun dening kathahipun para tamu
putri ing amônca praja. Nanging pangantèn putri sasat botên angadiwarna, dening
tansah tinutup ing mêkêna wadananipun, dipun aturi akathah-kathah namung kangge
isarat pamêthêting imba, tuwin pangêriking wulu kalong, wangsulanipun, wis ora
susah aku wis tau pêthêt alis lan kêrik wulu kalong iya arêp dhaup karo wong
kuwe, dhèwèke malah sing durung pêpaès, saiki kêbênêran, cikbèn apêpaès dhewe.
Para nini botên wontên ingkang mangrêtos pangandikanipun sang putri, malah
angintên yèn sang putri gêrah kênganglangan, mila lajêng sami kèndêl, wusana
namung kaaturan angadi busana kemawon sarta sarira binonyo ing gônda wida.
Dintên
têmpuking damêl ing wanci siyang para ratu agung-agung, para pangeran sarta
para adipati ing liyan praja tuwin para satriya [sa...]
--- 90 ---
[...triya]
ing Indhu punapadene para pangagênging têtindhihing prajurit, pêpak lênggah
samadyaning pandhapa, kyai pangulu sakancanipun kêtib, ngulama, khaji sami
majêng sarêng lan lêbêtipun kyai patih sakancanipun wadana kaliwon panèwu
mantri sami sumewa ing ngarsa dalêm. Sang prabu andhawuhakên dhatêng ingkang
putra Sang Pangeran Prabanggêni, ingandikakakên ngajêngakên pangantèn, sang
pangeran animbalakên dhawuh dalêm mêthuk pangantèn dhatêng pasêngkêran, botên
dangu pangantèn majêng dipun kanthi pangeran kêkalih, jinajaran pangeran kalih
sisih sarta ginarêbêg para pangeran kathah, tindakipun sang pangeran pangantèn
langak-langak kados lanyapan wontên kêlir, sarira kados prada binabar dhasar
panggalih botên kêndhak, adamêl kasmaranipun ingkang sami ningali, rawuh
samadyaning pandhapa, wali Sang Prabu Ôndapawaka sampun kadhawuhan majêng
lajêng ijab, nanging têmbungipun Sang Prabu Ôndapawaka putranipun nama Rara
Apyu, pikantuk sang pangeran adipati, namung Sang Prabu Ôndakara lan sang
pangeran adipati ingkang kagèt ing galih kagalih kêlintu ing pangandika,
nanging saupami kaelikna kalintunipun adamêl kalingsêmanipun Sang Prabu Ôndapawaka
wontên ing pasamuwan, mila pangandikanipun: Apyu, namung dipun ênut kemawon.
Pragading paningkah sang pangeran lajêng ngabêkti ingkang rama piyambak tuwin
ingkang marasêpuh, punapadene para ratu tuwin pinisêpuh, lajêng [la...]
--- 91 ---
[...jêng] mundur
dhatêng pasêngkêran dandos badhe panggih.
Ing wanci
sontên para tamu sampun pêpak andhèr gumuruh swaraning tiyang, barung lang
swaraning gôngsa tuwin panjidhur pakurmatan rawuhing tamu, gôngsa angrangin
botên kèndêl agêgêntosan mungêl, wanci silêming surya pangantèn kapêthuk saking
pasêngkêran sampun angadi busana, dumugi ing pandhapa agêng lajêng dipun kanthi
ing panjênêngan ratu kêkalih, lajêng badhe kapanggihakên, dumugi sangajênging
kori prabayasa: kèndêl, pangantèn putri jumênêng kakanthi ing pramèswari nata
tamu kêkalih majêng dhatêng ing kori taksih ngagêm mêkêna, pangantèn kakung
gumujêng sarwi ngandika: takdirullah athik aku rabi sapisan olèh wêdhon. Kados
sinêntak gujêngipun para tamu kakung putri. Sasampunipun panggih lajêng
kalênggahakên ing kobong sarta lajêng ngabêkti dhatêng ingkang rama ibu, sarta
para pinisêpuh, tamu kakung lajêng sami wangsul lênggah dhatêng pandhapa
andumugèkakên ôndrawina, pangantèn kakung dening botên kêndhak ing panggalih,
awit sêdyanipun angluwari pangandikanipun ingkang rama ingkang sampun kawêdal,
sampun ngantos winastan ratu cidra. Anêmah sariranipun kadamêl wadal
gêgujêngan, sang pangeran ngandika malih: la iya iki mêngko kêpriye, saiki isih
akèh wong, ibu-ibu isih padha lênggah ênjênêngi, mêngko yèn wis marang tilam
playuku mênyang ngêndi, dene pinêksa turu
--- 92 ---
karo wêdhon,
môngka wêruh wêdhon sadhela bae: wêdi, iki wêdhon ênggêng-ênggêngan. Para putri
saya ambanon rêbah gujêngipun, pangantèn putri tansah nyakot ilat.
Sarêng
bujana lumados: lajêng dhahar, pangantèn putri mêksa botên karsa bikak mêkêna,
dados botên dhahar, ingkang dhahar namung pangantèn kakung, sang pangantèn
tansah adamêl gujênging para tamu, pangandikanipun: garwaku môngsa karsaa
dhahar, mêngko mundhak tawar kêcohe, (gêr sami gumujêng) sangêt cucudipun sang
pangeran, adamêl sêngsêmipun ingkang para tamu, sarêng sampun wancinipun ngaso:
Dèwi Apyu angrumiyini dhatêng kamar, sang pangeran dipun atag nusul.
Wangsulanipun: ajrih. Saya ambanon rêbah gujêngipun para tamu. Tumuntên ingkang
ibu piyambak ngandika: dara pangeran, nusula bojomu marang ing kamar: ta, gèr,
ing bêngi iki rêksanên pamanamu sang prabu, iba lingsême yèn kotampik padha
sanalika, dene bubaring pasamuan sakarêpmu, paribasane ana, wong lanang rabia
ping pitu sadina sapa sing malangi. Namung Sang Pramèswari Anala ingkang ayêm
kemawon, malah kawêdal pangandikanipun: sesuk aku gênti anggêguyu. Nanging
kathah ingkang maibên.
Sang
pangeran sampun malêbêt ing kamar lajêng lênggah angungkurakên
[angungkurakê...]
--- 93 ---
[...n] ingkang
rayi, astanipun siduwa anglayangakên sarira, dipun uthik-uthik kalihan ingkang
rayi lajêng kaangkat mantun siduwa, sarwi ngandika sêgu: ês. Sang putri lajêng
gadhah akal, yèn lajênga ngatingal kuwadhèhên, matur ulonipun kaagêngakên,
têmbungipun: saupami kula botêna kaungkurakên, sagêd matur lêlampahipun yayi
Apyu. Jênggirat sang pangeran nolèh lajêng ngandika:
Apa kowe tau
wêruh marang Rara Apyu.
Sumêrêp
punapa malih, tiyang punika sadhèrèk kula èstri, kala taksih tumut bokipun
biyung jurutaman, kêrêp sowan dhatêng rama dalêm kangjêng rama, (sang pangeran
lajêng kèngêtan yèn ingkang mancêri Rara Apyu: ingkang paman Sang Prabu
Ôndapawaka) iya bênêr kandhamu, nanging rak lêlakon dhèk durung lunga.
Sanadyan
kala kesahipun kula inggih dipun pamiti.
Ora maido:
aku, uga kêna lungane mampir kêtêmu kowe sadhela, nanging kowe môngsa wêruha
dhèk ana ing Gumantar.
Sêrêp malih,
bokanggènipun pêjah lajêng gêsang malih kula inggih sumêrêp.
He: (kalihan
ningali darijinipun sang rêtna pindha roning tilasa, kênakanipun amawa cahya
gumilar abrit kados tètèsing ludira, jiblès kados kênakanipun ingkang rayi Rara
--- 94 ---
Apyu, lajêng
dipun uwik-uwik ing asta, gêntos malangkring astanipun sang rêtna dipun dudut
lajêng anggêgêm kothong, kênaka botên katingal) apa saiki adhimu Rara Apyu urip
manèh.
Inggih,
gêsang malih.
Ana ngêndi.
E, la, botên
purun, kula nêdahakên, tiyang kula dipun kêthik.
Tak opahi.
Botên,
kangjêng rama sampun sugih yatra piyambak mênika. Kalihdene malih tiyang kula
benjing-enjing badhe mantuk.
Lho, aja mulih:
ta, ora kêna.
Tiyang
panjênêngan dalêm ajrih wêdhon.
Êm, wong
gêguyon kojêrokake.
Mangke kula
idoni.
Iya, idonana
anggère kotuduhake ênggone adhimu.
Têka
panjênêngan dalêm kêdêrêng badhe pirsa ênggènipun pun Apyu, punika punapa badhe
panjênêngan dalêm pundhut garwa.
Iya, wong
wis pacanganku cilik mula.
Môngsa
kenginga wayuh sadhèrèk.
Êlo, ora
mêngkono, kowe takulihake [takuliha...]
--- 95 ---
[...ke]
marang bojomu lawas.
Kok sakecane
piyambak bae, kula môngsa ajênga linton malih, tiyang bagus panjênêngan dalêm.
Kacèk
sapira, karo prakara mêngkono iku rak gampang, iya sok tilika bae ngarah apa.
Dados nama
mênapa.
Iya
sajênêng-jênênge.
E, la, botên
mênawi kula kacara tiyang sabarangan.
Ora: ta,
wong sadulur, môngsa aku nganggêpa mangkono. Sanadyan durung kowalèhake
ênggone, mung aku kandhanana lêlakone bae kêpriye.
Sang rêtna
lajêng anggancarakên cariyos wiwit saking cidranipun Umbul Pêdhakbrama, sang
rêtna lajêng ingulêsan purun pinocong kabêkta mêdal lajêng kakèlèkakên ing
bênawi, punika salêbêting galih taksih èngêt, wusana kauntal ing baya, wontên
salêbêting wadhuk baya inggih taksih èngêt, saking parmaning Pangeran, baya
sakit wêtêngipun mêntas saking kêdhung dhatêng ing gêgisik: mutah, baya malêbêt
ing kêdhung malih, katungka dhatêngipun Jaka Gêniroga anguculi ulêsing mayit
manggih sang putri ingkang dipun upadosi: sangêt bingahipun, lajêng lêlampah
urut èrèng-èrènging ardi ambambing kathah curinipun pating cringih kados rining
kêmarung, dipun tekadi kainggahan [ka...]
--- 96 ---
[...inggahan]
dumugi ing Guwasiluman, manggih rajabrana agung tilaranipun Raja Karun, ingkang
kawartos sagêd damêl êmas, sang putri lajêng yasa kadhaton, sarta balowarti
larèn agung, angipuk têtiyang padhusunan sakiwa têngêning ardi, lajêng jumênêng
ratu ajêjuluk Sang Prabu Bramarkata, Jaka Gêniroga kadadosakên patih nama Radèn
Apatih Bratunu, lajêng nglurug dhatêng ing Indhu pinanggih suwêng, ingkang
mêthukakên prang Sang Pangeran Ôndapawaka, sang pangeran kalindhih dados tawan
kaboyong dhatêng Guwasiluman, lajêng dipun sèlèhi kaprabon, dening sampun
sumêrêp yèn ingkang rama piyambak, sang putri têtêp dados sêkaring pura, lajêng
dipun kramakakên angsa- (salêbêtipun cariyos sampun wiwit amingkis mêkêna) l
Sang Pangeran Adipati Prabangkara (kalihan miyak tutuping mêkêna) ciluk ba.
Kados punapa kagèting galihipun sang pangeran anjumbul anjrit sarwi karuna
ngrangkul ingkang rayi. Para tamu ingkang taksih sami kasukan wontên ing dalêm
agêng sarta ing pandhapa sarêng mirêng jêrit salêbêting kamar pangantèn, anyana
yèn wontên bêbaya, enggal sami rawuh, sang pangantèn taksih rêrangkulan kêkêt
botên kenging bênggang. Rawuhipun ingkang para rama ibu sawêg sarèh lajêng
satata lênggah, para tamu angandika: wêdhone athik dadi mêngkono rupane. Sang
Prabu Ôndakara sarta ingkang garwa sami anglênggêr, namung [na...]
--- 97 ---
[...mung]
Sang Prabu Ôndapawaka ingkang tansah gumujêng, wusana dipun jèwèr talinganipun
dhatêng ingkang raka, sambat: atho-atho sampun kapok.
Para nata
natas botên wontên ingkang kondur dhatêng pamondhokan, andumugèkakên suka
parisuka ngantos siyang.
Ing sabên
dalu salêbêting kadhaton suka-suka ôndrawina, sang pangantèn dados sêsêkaring
pasamuan, laminipun ngantos pitung dalu, para ratu tamu sarta para agung ing
amônca praja sawêg bibaran kondur ing kithanipun piyambak-piyambak, namung ing
alun-alun ngantos kawandasa dintên kawandasa dalu karamean sawêg bibaran.
Tamat.
--- 0 ---
INHOUD
Pratelaning
nama-nama
Ôndakara,
Prabu…ratu ing Indhu,
Ôndapawaka,
Pangeran of Prabu…ingkang rayi Prabu Ôndakara, ngrêmêni bok jurutaman, mêdali
Rara Apyu,
Anala = Nyai
jurutaman, ing têmbe dados pramèswarinipun Prabu Ôndapawaka
Apyu, Rara…
(= Prabu Bramarkata), (anakipun jurutaman)
Prabangkara,
Pangeran adipati…putranipun Prabu Ôndakara,
Prabanggêni,
Pangeran…putranipun pambajêng Prabu Ôndakara.
Pêdhakbrama,
Umbul ing Gumantar,
Puyi,
putranipun Pangeran of Prabu Ôndapawaka.
Jaksapawaka,
wadana jaksa ing Guwasiluman,
Mrêtyubeya,
juragan,
Gêniroga =
Bratunu,
Gêniyara,
pramèswarinipun Prabu Ôndakara.
Giripawaka,
patihipun Prabu Ôndakara,
Guwasiluman,
Bramarkata,
Prabu… (= Rara Apyu)
- mocung. (kembali)
- gumyur. (kembali)
- § ngrompyoh verk. V. ron kêpoh punika kathah panunggilanipun ingkang nyimpang saking rimbag, kadosta: ngronje verk. V. ron gênje, ngropèk van ron kêpèk (= kara) ngrangkung = ron kangkung, ngrayung = ron lêmbayung. (kembali)
- byak. (kembali)
- sakalangkung. (kembali)
- tawanan. (kembali)
- kunkuman. (kembali)
Kategori
- Agama dan Kepercayaan
- Arsip dan Sejarah
- Bahasa dan Budaya
- Kisah, Cerita dan Kronikal
- Koran, Majalah dan Jurnal
Referensi
Copyright ©
2011-13 Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar