Jane tukaran apa dhagelan?
Wengi kuwi watawis jam sepuluh aku wis
arep mapan turu. Aku durung ngeremake mripatku amarga isih mbalesi BBM sing
awit mau mlebu. Wong ngomah liyane wis padha turu, mula kahanane sepi lan
njalari mripatku melu liyer-liyer. Hp tak selehake ana sisih paturonku, banjur
mripat tak meremake. Namung keprungu swara bangkong saka sawah sisih omah.
Durung nganti angles anggonku turu,
krungu swarane tanggaku lan garwane kang lagi padha padu. Swarane saut-sautan
sajak ora gelem kalah siji lan sijine. Kang Kohar sing saben dinane katon sabar
wengi iku uga kagawa emosi ngadhepi bojone kuwi. Mendah-mendah Yu Dasih sing
pancen wateke nggedheke perkara kang cilik.
Rasa ngantukku ilang sanalika. Kanthi
isih turonan tak rungokake padudon kang gawe risining kuping tanggane kuwi.
Kaya-kaya ora ana dina liya maneh kanggo padu.
Marga wengi kuwi swasanan wis nyeyet,
swara Kang Kohar lan bojone katon seru lan cetha banget. Apa maneh omahe sing
pener ana ing sisih kamarku. Lamat-lamat tak rungokake swara kuwi. Nanging
sajake aku kok ora lagi ngrungokake wong kang lagi padu, nanging wong kang lagi
padha dagelan. Aku kudu ngguyu ngrungokake pawongan lanang wadon umur 40 taun
kuwi guneman.
“Pyaaaaarrr!!!” anake kang lagi umur rong
taun mecahake mangkok.
“Piye to dhek, senengane palah dolanan
mangkok. Ki saiki mangkoke pecah,” ngendikane Yu Dasih karo njunjung lan neyot
anake.
“wong yo mbur mangkok rega 6.700 wae
kok,” wangsulane Kng Kohar katon sante kaya adat sabene.
“Kuwi lak regane, lha durung parkire, durung
bensine, durung tuku baksone, durung yen anake njaluk numpak adhong-odhong,
durug nak kudanan masuk angin ndadak mijetke,” semaure Yu Dasih nrocos nggawe
kang ngrungokake kudu ngguyu.
“yowis sesuk Wulan disekolahake tekan S3
ben iso ngijoli kabeh,” Kang Kohar sajak mangkel nanging sajake karo ngampet
ngguyu.
“Dhuwit saka ngendi arep nyekolahke tekan
S3 ki. Omahe didil gawe nyekolahke Wulan, ngko aku tak turu ning teras
mushola.”
“yo ngko aku tak turu ning ngisor kran,”
jawabe Kang Kohar ngimbangi ndhagel.
“oalaaah nduwe bojo siji kok angelmen
dikandhani.”
“lha meh piye? Lha apa aku kon nggolek
bojo meneh,? Semaure Kang Kohar.
Bojone nyauri, “ya ora papa angger sing
saumuran karo Mbah Tipah.” Marga dheweke ngerti yen Kang Komar ora bakal gelem
rabi maneh karo rondho umur 70 taun.
Anggone guneman wis ora krungu maneh
amarga anake nangis njaluk bobok. Pancen wis wengi banget kanggone bocah umur
rong taun yahmene durung turu.
Anggonku ngguyu ora uwis-uwis. Marga
mangkok rega 6.700 bisa njalari sekolah tekan S3. Apa ya tumon tukaran kok gawe
wong liya kudu ngguyu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar