Selasa, 08 Desember 2015

cerkak-jawa



Kangmas Guntur sing daktresnani
Dina iki, pener aku mbayar janjiku marang mas Guntur. Bocah lanang sing wis saguh ngenteni aku wiwit rong taun kepengker. Ya, wektu samana aku semester papat lan dheweke lagi ketampa kerja ana ing dhinas  perkebunan. Bola-bali anggone njaluk kepengin dikenalke marng wong tuwaku, nanging aku ora saguh amarga aku isih nduwe tanggungan marang  Ibu supaya sekolah kanthi temenan, urusan pacar kuwi nomer sanga likur. Dheweke tak semayani nalika aku bubar wisuda. Lan dina kuwi teka.
“Assalamu’alaikum bu,” salamku sinambi buka lawang. Saka njero keprungu swara wong wadon njawab salamku, yaiku ibuku. Wong wadon umur 45 taun kang nglairake lan ngrumati aku wiwit cilik ijen. Amarga nalika aku umur rong taun, Bapak kagawa tsunami nalika lagi golek iwak, mangkono crita saking ibu.
“waalaikumsalam, sinten nggih,? Semaure ibu saka pawon nuju lawang ngarep.
“Kalih anak wadone punapa nggih kesupen to Bu?” celathuku mbeda Ibu.
“Oalaah ndhuk, kok ora matur ibu barang to nak ameh bali. Kan Ibu bisa akon Lik Kardi kanggo mapag,” ngendikane ibu karo ngaras bathukKu.
“Kula menika...,” durung tutug anggoku ngomong, dumadakan pasuryane Ibu kaget lan katon pucet nalika weruh Guntur ana ing mburiku.
“Aa inggih, menika Guntur Bu, pacanganipun kula,” omongku kanthi sumringah, nanging Ibu katon ora nggape omonganku. Pasuryane tansaya pucet lan namung ngalamun wae wiwit mau.
“Ibu punapa nembe gerah? Manawi gerah mbok nggih sare kemawon,” banjur aku lan mas Guntur mapag Ibu nuju patileman.
Aku mara ing pawon saperlu nggawekake unjukan kanggo Ibu lan Mas Guntur. Bubar nyuguhake marang tamuku aku njaluk idin arep mijeti Ibu. Nanging katone Mas Guntur ya sajak pakewuh, dheweke banjur pamit bali.
“Lho kok kesesa ta mas? Mbok menika diunjuk rumiyin.”
“Wis dhek, nak iso mbok dibungkus wae,” celathune Mas Guntur nggodha aku. Pancen Mas Guntur kang paling bisa gawe esemku nalika lagi susah.
“ah panjenengan menika lho mas kok guyon wae. Ngapurane nggih mas, nembe sepisan dolan tapi palah kados makaten.”
“Wis ora papa dhek, sesuk tak dolan rene maneh. Muga-muga Ibu enggal kasarasan. Awakmu aja sedhih-sedhih wae, mengko Ibu ndak tumut sedhih.”
“nggih mas. Ngatos-atos lho mas. Ampun ngebut-ngebut,” omongku karo ngeterke wong lanang kuwi mau nuju sepedhah motore.
“Iya, ngoyak opo to ngebut-ngebut, wong sing dioyak wis ning kene.” Godhane marang aku kanthi polatan njijiki marai geli, nanging yo karo Mas Guntur aku bisa nglalekake sedhihing atiku.
Nalika Mas Guntur wis bali, aku marani Ibu ana ing kamare. Unjukane tak unjuke, tak kemuli banjur tak pijeti. Awake wis ora anyep lan pasuryane wis ora pucet kaya mau.
“Pundi ingkang gerah Bu,?”  Pitakonku marang Ibu. Nanging Ibu ora njawab pitakonku, piyambakipun mundhut pirsa babagan sanes.
“Wong lanang kae mau jenenge sapa ndhuk?” Ibune Lintang kepengin ngerti jeneng pacangan anake kuwi. Amarga wong lanang kuwi ngelingake marang kadadeyan kang taudialami kala jaman biyen.
“Menika Mas Guntur Bu, Guntur Gumelar,” jawabku kanthi polatan lingsem.
Dumadakan Ibune Lintang krasa ngelu maneh. Akeh kang dadi penggalihe. Amarga raine Guntur kuwi memper bojone biyen, yaiku Bapakne Lintang. Jebul jeneng mburine uga padha karo jeneng bojone biyen, yaiku Bambang Gumelar. Apa kang dadi penggalihe Bu Dasih kuwi ora dicritakake marang anak wadone. Mbokmanawa ngepasi wae yen podho, mengko mundhak gawe sedhihing anakke.
“Kadose kok Ibu menika taksih gerah, mbok sare mawon manawi makaten,” omongku karo mapanke anggone Ibu sare.
Dina ngarepe Ibu sajak sehat, ananging pasuryane katon yen ora tentrem. Ibu asring ngalamun, kang ndadekake aku kuwatir. Nanging babagan apa kang ndadekake Ibu kaya mangkana kuwiaku ora wani takon.
Mas Guntur tansaya ngatonake yen dheweke tenanan anggone sesambungan karo aku. Dina kuwi dheweke ngajak Bapakke teka ning omahku saperlu nglamar aku. Pancen durung lamaran gedhen-gedhen. Niyate mono arep ndhodhog lawang dhisik.
Jam 3 sore tamu loro kuwi mau wis teka. Mas Guntur katon gagah nganggo hem biru kang lengene ditekuk kanthi sikut, celana ireng saka bahan lan sepatu ireng kang disemir klimis. Rambute uga katon rapi ora kaya adat sabene sing pancen ora tau jongkatan. Ing sisihe ana wong lanang watara umur 55 taun kang pasuryane memper Mas Guntur.
“Assalamu’alaikum,” keprungu swara wong uluk salam nalika aku lan Ibu lagi nata dhaharan kanggo tamuku, sing ora liya Mas Guntur lan Bapakke.
“Waalaikumsalam,” jawabku kanthi mlaku arep mbukak lawang, disusul Ibu ana mburiku. Bareng ngerti yen tamune pancen wong sing tak enteni banjur tak sumanggakake mlebu.
Durung nganti tamu-tamu kuwi padha lungguh, Pak Bambang sajak wis kenal karo Ibuku, pasuryane sumringah.
“Lasmi? Wis suwe aku nggoleki awakmu, jebul awakmu saiki ana ing Semarang,” ngendikane Bapakke Mas Guntur grapyak.
“Bambang? ii..iyo, aku pindhah Semarang wiwit kadadeyan kala jaman samono. Arep apa kowe teka maneh ing uripke?” semaure Ibu gragapan, pasuryane katon sedhih lan kuciwa.
“Mbok uwis to Las, ora usah kok iling-iling perkara kuwi. Aku sadhar yen aku luput.”
Aku lan Mas Guntur padha-padha bingung. Geneya kok Ibu lan Bapakke Mas Guntur padha tepang. Lan ana kadadeyan apa nalika jaman samono kang gawe sedhihing atine Ibu.
“Looh Ibu kaliyan Pak Bambang menika sampun sami tepang to?” pitakonku
“Oooh dadi iki Las Lintang? Wis gedhe kowe saiki ndhuk, ayu, memper Ibumu. Pancen Bapak pitaya yen Ibumu kuwi bisa ndhidhik awakmu dadi wong kang nduweni budi pakerti,” ngendikane Pak Bambang tanpa mangsuli pitakonku, nanging  tansaya gawe aku bingung.
“Kene-kene ndhuk tak critani kadadeyan kang sejatine,” ajake Pak Bambang karo mapan lungguh sadurunge dikongkon sing nduwe omah. Aku, Ibu lan Mas Guntur melu lungguh.
“Bapak ora ngerti yen awake dhewe ditemokake maneh lewat Guntur, anake Bapak iki. Nanging Bapak uga sedhih amarga kowe sing dadi kenya kang ditresnani Guntur.”
Aku tansaya bingung, “Maksudtipun kados pundi pak?”
“Yaa ngger, ngertiya aku iki Bapak kandhungmu ndhuk, le,” wangsulane Pak Bambang kang gawe aku lan Mas Guntur kaget ora eram.
Tak sawang Ibu ora kumecap, namung manthuk kanthi praupan sedhih.
“Boten, ngendikane Ibu, Bapak menika sampun seda amarga kenging tsunami nalika madosi ulam ing tengah laut.” Semaurku karo mandhengi Ibu, njaluk dibela yen crita kuwi bener.
“Ngapuranen Ibu ya ndhuk, Ibu kudu ngapusi amarga Ibu ora kepengen yen kowe nduweni pikiran sing ora-ora marang Bapakmu.” Ngendikane Ibu ngleremake atiku.
“Mbokmanawa Ibumu durung tau crita, saiki Bapak tak crita kanggo kowe kabeh anak-anaku. Nalika samana Bapak lan Ibumu ya iku Lasmi iki padha sesambungan. Nanging ora paring restu saka wong tuwane Bapak, amarga Ibumu kuwi saka wong kang ora nduwe. Banjur Bapak dijodhohake karo kenya saka Aceh, jenenge Maryam. Bapak manggon ana ing kana watawis karo tengah taun. Banjur Bapak meksa ngajak bali ning Jawa amarga Bapak ora bisa nglalekake Ibumu,” Pak Bambang medhot critane, sajake krasa ngelak, banjur tak jikukake wedang. Pancen ya kawit mau lali njikukake unjukan kanggo tamu iki.
“Mangga Pak, Mas diunjuk rumiyin,” tawaku.
Bubar padha ngunjuk, Pak Bambang nutugake anggone crita.
Nalika Guntur umur rong taun, Bapak mulai sesambungan maneh karo Ibumu tanpa dingerteni Ibune Guntur. Nganti Ibumu kuwi mbobot awakmu ndhuk cah ayu. Pancen kuwi ya salahe Bapak sing paling gedhe. Banjur Ibumu tak nikah sirih. Nalika lair anak wadon, tak jenengi Lintang, muga bisa madhangi dalane wong kang lagi peteng marang bandha, kaya dene Eyangmu ndhuk. Nanging nalika kowe umur setaun, Eyangmu ngerti yen Bapak ana sesambungan maneh karo Ibumu, malah nganti kasil bibit wadon. Banjur Bapak dipeksa cerai lan dipindhah ana ing luwar negeri. Bapak bali ing Indonesia maneh nalika Guntur umur 10 taun. Nanging tak goleki papan panggonane Ibumu wis ora ana.” Cariyose Pak Bambang karo netesake uloh. Samono uga karo Ibu.
Sawatawis wektu ora ana sing nyuwara. Mas Guntur katon yen kuciwa. Sasuwene ikingenteni dina kanggo nglamar aku, nanging nalika dina kuwi teka, kabeh muspro.
“Dados Mas Guntur menika kangmas kula?” pitakonku kanggo mantepake ati, sanajan kanthi swara kang ngampet uloh.
“Iya ndhuk, Guntur kuwi kangmasmu.”
Aku wis ora bisa maneh nguwasai awaku. Aku mlayu ana ing njero kamar. Nangis mingseg-mingseg ngrasakake atiku kang kelara-lara.
Nganti pirang-pirang dina aku ora gelem metu saka kamar. Nganti gawe Iu kuwatir. Dumadakan ana kang ndhodhok lawang kamarku kanthi swara kang tak kangeni. Swara kang wis seminggu iki ora tak rungu.
“Dhek, Wulan, ngakno dhek, iki aku Mas Guntur arep ngomong,” panjaluke Mas Guntur kang abot kanggo tak tolak. Saliyane kuwi uga ana sing arep tak omongake marang kakangku kuwi.
“Aku arep ngomong dhek,” omonge Mas Guntur kanthi nggandheng tanganku nuju kebon mburi omah.
Aku dilungguhake ana ing rencekan kayu, lan dheweke ndhodhok ing ngarepku karo nyekeli tanganku.
“Sanajan aku kangmasmu, lan kowe adhiku, nanging aku tetep tresna marang kowe Lintang. Mbokmanawa pancen iki dalan kang dipilih Gusti kanggo dhewe. Sanajan pangarepe dhewe kanggo mbangun omah-omah ora sida, nanging dhewe tetep bisa dadi kulawarga, malah saiki dadi kulawarga kang ora bisa dipedhot dening liyan,” ngendikane Mas Guntur kanthi nyawang aku sing wiwit mau isih ndhingkluk.
“Inggih mas, kula nggih sampun mikir. Mbokmanawi boten namung awake dhewe mawon ingkang kelara, nanging wonten Bapak lan Ibu sing luwih kelara-lara. Samenika Bapak dudha, lan Ibu randha. Kadose nggih padha-padha taksih nyimpen tresna. kula kepengin ningali Bapak lan Ibu nyawiji. Tanpa kudu mumpet-mumpet saka wong liya,” wangsulanku karo terus nata ati supaya ikhlas.
“Iyo dhek, yen ngono dhewe kudu gawe Bapak lan Ibu rujuk maneh. Mesthi wae awakmu ya selak ra sabar kepengin nduwe kangmas sing nggantheng kaya aku to?” ngendikane Mas Guntur karo nyengir.
“Iiiihh Mas Guntur PD,” semaurku karo njiwit lengene sabantere. Sing dijiwit namung mringis kelara-lara.
Ya wiwt dina kuwi, sesambunganku karo Mas Guntur dadi kakang adhi, tanpa ana rasa mamang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar