Kamis, 17 Desember 2015

Tuladha Naskah Dhalang "Anoman Maneges"

Anoman Maneges
“Ki Enthus Susmono”

Prabu Barajana : hahaha aku Prabu Barajana, narendra kandang langit.(Hap e e e e njoged)
                                      (salaman karo Resi Lumana)
Resi Lumana                 : anakku ngger .. narendra kalong langit ngger Barajana
Prabu Barajana : wonten dhawuh tinimbalan rama panembahan Resi Lumana ?
Resi Lumana                 : dina iki pun bapa entuk gawean ngger.
Prabu Barajana : inggih. Pedamelan menapa ?
Resi Lumana                 : mangertia ya ngger .. ana titahing Gustu ingkang awujud wayang jenenge anoman umure wus 99 taun, dheweke ngabdi karo agama, karo negara. Dina iki dheweke arep maneges, rumangsane arep pengen mlebu suwarga. Dina iki aku ora trima, anoman arep tak adhang men ora bisa mati khusnul khotimah, ben kareben dheweke kecemplung ana juranging kamaksiyatan saat-saat terakhir uripe.
Prabu Barajana             : inggih .. caranipun kados pundi ?
Resi Lumana                 : nah ngene iki rambatan crita dina iki pun bapa critane diaku dadi paranormal.
Prabu Barajana             : oh paranormal ?
Resi Lumana                 : heeh
Prabu Barajana             : kaliyan sinten ?
Resi Lumana                 : presiden Republik Ngastina Serikat. Jenenge Presiden Duryudana.
Prabu Barajana             : o inggih
Resi Lumana                 : dina iki Prabu Duryudana nimbali para pandhawa.
Prabu Barajana             : loh sababipun ?
Resi Lumana                 : duryudana grogi karo pandhawa. Lha pandhawa nang ngendi-endi menangane. Saya-saya Wrekudara ngasik brengose kaya ngono kae Wrekudara.
Prabu Barajana             : o inggih
Resi Lumana                 : lha kurawa mbesuk yen arep ngadhangi perang Baratayudha. Kuwi perang antarane hak lawan batil sing diajangi dening palagan panguriban kurusetra.
Prabu Barajana             : o inggih
Resi Lumana                 : naa .. aku dikon ndamekna ya ngger ..
Prabu Barajana             : o inggih
Resi Lumana                 : nanging program kuwi mau bisa mleset yen ta ora dikanteni lan diparengi karo pun bapa kudu nyingkirake loro tokoh sing paling terkenal ning jagad pewayangan.
Prabu Barajana             : sinten bapa ? punapa kula ?
Resi Lumana                 : waaa cangkemu. Kowe muncul wae nembe kok.
Prabu Barajana             : sinten bapa ingkang kedah dipun singkiraken ?
Resi Lumana                 : siji Kresna, lorone Semaar
Prabu Barajana             : o inggih ngersaaken dhawuh.
Resi Lumana                 : dadi mengko kowe diem-diem yaa
Prabu Barajana             : inggih
Resi Lumana                 : meneng-meneng sesidheman. Tulung ngongkono wong kongkon ngebom karang kacempeliyang. Bom rakitan wae, lha mercon wae ya kena rapapa.
Prabu Barajana             : o inggih ngersaaken dhawuh
Resi Lumana                 : ha.a
Prabu Barajana             : lajeng biayanipun ?
Resi Lumana                 : biaya matamu kuwi, huruuung .. iki aku durung dikei panjer ngerti ora ? lha mulane iki aku mau aku arep tanda tangan MOU dobol kowe ki menenga
Prabu Barajana             : o inggih
Resi Lumana                 : naa ngono kuwi
Prabu Barajana             : mbok sampun ngeden-ngeden
Resi Lumana                 : ngeden-ngeden piye ? aku nganggo sandhangan putih-putih ngene ora bisa e. Kulinane aku wuda.
Prabu Barajana             : o lha inggih
Resi Lumana                 : lha iki rak nggo nyamar-nyamar men wong kurawa padha khilap. Mergane wong kurawa saiki ki seneng karo penampilan. Sanajan ta wujudhe bosok nek dinggoni putih-putih kaya ngene. Mesthi sing disenengi penampilane ora ketag njerone bosok.
Prabu Barajana             : lha mengko panjenengan nggih bosok saestu.
Resi Lumana                 : adhoooh dhancuk parahke
Prabu Barajana             : nyuwun pangapunten
Resi Lumana                 : iki mentas ning pesantren kok kowe nggodha aku jan ora gelem misuh lho. Mangsamu opo ? aku arep medhar mengko iki arep medhar ngilmu, aja dipancing-pancing ta
Prabu Barajana             : o inggih inggih
Resi Lumana                 : sogoklah
Prabu Barajana             : inggih
Resi Lumana                 : wis siap-siap ya ?
Prabu Barajana             : inggih
Resi Lumana                 : mengko nek wis dipanjeri kowe mung kari opo jenengee .. kirim nomer rekening
Prabu Barajana             : kula nyuwun cash mawon
Resi Lumana                 : ooo pinter iki. Nek ning rekening bisa diusut karo KPK Negara Ngastina ya ?
Prabu Barajana             : inggih
Resi Lumana                 : wis anu wae didublak wae ya. Wis siap-siap lho ya ?
Prabu Barajana             : inggih
Resi Lumana                 : wis ngetokake dhawuh muga-muga aku didongak-dongakna. Muga-muga aku pengaruhe gedhe ing Negara Ngastina.
Prabu Brajana              : inggih bapa ngestokaken dhawuh.
Resi Lumana                 : dongak-dongakna
Prabu Barajana             : inggih. Kula dongak-dongakaken mugi-mugi jembar kuburane sampeyan iki
Resi Lumana                 : ooo dhuh kurang ajar ki. Ngko tak jait lambemu lho. Ora guyon lho
Prabu Barajana             : hahaha mbotn sampeyan nganggo sandhangan santri ngoten niku wagu lho bapa hahaha
Resi Lumana                 : wagune ?
Prabu Barajana             : ora tau sembahyang kok nganggo jubah
Resi Lumana                 : hahahahag asem kowe ki. Wis aku tak mangkat ndhisik !
Prabu Barajana             : nggih kula entosi wonten Blitar pakdhe.
Mandeg ing Nagari Ngastina .. ya nagri gajah hoyo .. sang Prabu Duryudana.
yostinanggil. Lenggah dampar kaprabon. Prawugya narendra Ngamarta.
Duryudana                    : sang Prabu Puntadewa ya prabu samiaji. Tuwin Prabu Baladewa nagri Madura. Datan pandoli paradyan Wrekudara. Satriya panangahing pandawa Raden Harjuna. Heee
Ing nagri ing Ngastina ooo .. maha Prabu Duryudana lenggah lan para pandhawa.
Resi Lumana                 : kang sapisan aku ngaturake Assalamu’alaikum wr.wb. Prabu Duryudana.
Duryudana                    : wonten dhawuh tinimbalan rama Resi Lumana ?
Resi Lumana                 : patih Sengkuni
Sengkuni                      : wonten dhawuh sang maha resi ?
Resi Lumana                 : guru Durna ?
Durna                           : wonten dhawuh tinimbalan kakang resi ?
Resi Lumana                 : malikine wabil khusus karo guru Durna. Hanane aku tumeka dadi gurune pandhawa karo gurune kurawa kowe aja iri ya. Padha-padha pengasuh pondhok pesantren aja jegal-jegalan.
Durna                           : ha inggih ta le. Kula malah remen sanget. Wontenipun paduka sang maha resi Lumana sumandhak wonten ing nagari Ngastina entheng jejibahan kula amargi kula wonten ingkang hangrincangi anggenipun nggulawentah dhumateng anak-anak kula para kurawa.
Resi Lumana                 : naaa .. kuwi apik uteke. Sabab ilmu kuwi akeh, ana ilmu mantek, ana ilmu balahog, ilmu tajwid, ilmu nahwu sharaf. Ana jurusan husuludin, ana jurusan tarbiyah lan sapiturute. Kaparenga sang prabu aku tak melu purba wasesa marang kahanan iki.
Duryudana                    : rama guru. Kula menika sampun nglengganani wiwit paduka lenggah wonten ing madyaning praja nagari Ngastina. Tumpraping Prabu Duryudana asrep adhem sejuk negara Ngastina kador ketunggon malaikat pamulya.
Resi Lumana                 : sukur alkamdulillah. Keparenga nila krami ingkang padha lungguh aning ngarep iki, tak aturi padha tabayun, tak aturi padha ngenalaken dhiri. Pun bapa iki wis krungu jeneng nanging sapejagong kuwi nembe bae dina iki. Sing aning ngarep iki sapa ?
Puntadewa                   : kepareng nepangaken bapa resi. Kula menika narendra Ngamarta, nami kula Prabu Samiaji inggih Prabu Puntadewa.
Resi Lumana                 : ooo wong sing terkenal sabar sadunia ya iki ya
Puntadewa                   : inggih pangestu paduka maha resi
Resi Lumana                 : sing gedhe dhuwur, brengose crapang, klecam-klecem sajak manis kae sapa hem ?
Werkudara                   : haaa .. jenengku Werkudara. Akeh-akehe wong padha nyebut aku iki Bima.
Resi Lumana                 : aku ruh gambarmu. Brengos-brengose
Werkudara                   : iya pangestumu. Yaiki kang jenenge brengos-brengos keberhasilan, brengos keberuntungan yaiki
Resi Lumana                 : aja dicukur ya
Werkudara                   : iya
Resi Lumana                 : wah hebat tenanan. Lha pendhampingmu nang ndi ?
Werkudara                   : ngko tekane bengi bengen
Resi Lumana                 : heem .. gus Gathutkaca durung teka ?
Werkudara                   : hurung
Resi Lumana                 : yowis rapapa disedhiyani wae nang kana lungguhan. Lha sing jare jenenge Harjuna utawa Janaka saka tembung jannah tuka kuwi ndi ?
Janaka                          : kula Rama resi. Kulapun Arjuna inggih kulapun Janaka
Resi Lumana                 : wah pintere walisanga ya. Lha iya wong kitab Mahabarata karo kitab Ramayana ki dudu kitabe wong islam. Kuwi ki katab kaya maulid bar janji syair gordhane wong hindhu karo wong budha. Diadaptasi karo para wali seolah-olah pakem wayang kuwi theke wong islam. Prabu Puntadewa diwenehi jimat jenenge kalimah syahadat utawa kalimasada. Bima, kuwi jenenge Bima diowahi nganggo ilmu balaho bima kana wa bima yakunu. Barang sing ana mesthi ana sing nganakake. Arjuna diplesetake dadi arju jannah utawa jannah tuka wong sing kepengen mlebu nang suwarga. Bima ar dijenengi Wrekudara waraka daura tegese kertas sing beredar aliyas dhuwit. Mulane dhedhege rosa, dhedhege gagah, wong nak ketunggon dhuwit mesthi gagah. Alfulus yukhinufus kalfaro farohul arus la hisal fulus ana ente mampus. Beda temen karo kurawa jenenge Sengkuni.
Sengkuni                      : kula panembahan ?
Resi Lumana                 : haaa
Sengkuni                      : menika jeneng angsal-angsal saking
Resi Lumana                 : aaa angsal-angsal apa ? wong kowe ora sekolah ajazahmu persamaan. Sengkuni, seng kuwi mambu, kuni kuwi entut.
Sengkuni                      : ehehe .. o kyai degleng ki, menehi juluk karo patih kok .. yawis rapapa.
Resi Lumana                 : ana maneh pendhitane jenenge Durna
Sengkuni                      : sampeyan ngertos sejarahe Durna ?
Resi Lumana                 : ngerti wae wong aku maca autobiografine og. Durna mbiyen nom-nomane jenenge Kumbayana, negarane atas angin. Wong kuna ki pinter, wong sabrang diarani atas angin. Budayane beda, karmane beda, pangangane beda, mbiyen jenenge kumbayana. Arep menyang tanah Jawa hurung ana helikopter, durung ana kapal terbang, hurung ana kapal selam dheweke ngucap yen ana  sing bisa nyabrangake aku nang tanah Jawa, yen wadon tak aku bojo, yen lanang tak aku sedulur senarawedi. Lha kuwi ana jaran teka, ora nonton jarane lanang utawa jarane wedok jarani tumpaki dep, Kumbayana digawa mabur wong jenenge jaran sembrani. Bareng digawa mabur sirahe jarang ndengak mendhuwur pamrihe men cepet teka, awake Durna mundur-mundur buntute jaran njendhil tur terakhir kena lah kuwii .. dadi mundur-mundur kena mulane jenenge Durna.
Sengkuni                      : ahihihi .. ya pora kakang Durna ?
Durna                           : haa .. pendhita cangkeme bosok kaya ngono kuwi kurang ajar. Lha wong wadine wong kok diler sak nggon-nggon.
Sengkuni                      : ora ngono sejatine bener pora to ?
Durna                           : ha.a
Resi Lumana                 : ayooo .. wong jujur kuwi apik. Malaikat wae kalah karo wong jujur. Lha iki sing mencorong cahyane kaya turis rada bule sapa iki ?
Baladewa                     : yen kowe takon aku panembahan jenengku Baladewa
Resi Lumana                 : looh kowe kok ora basa karo aku Baladewa. Liya-liyane padha cium tangan karo aku malah ana sing cium kaki, padha ngajeni karo Resi Lumana. Lha kok kowe ora basa karo aku, kok ora nyembah karo aku.
Baladewa                     : nyuwun pangapura ya sang resi. Yen para kurawa kang dipangarsani dening yai Prabu Duryudana kuwi padha tata basa ceciklu marang ngarsamu lumrah. Para adhi-adhiku pandhawa kuwi ya lumrah, padha ceciklu padha sesendhokan nyembah tata krama kang jangkep karo kowe. Kuwi ya lumrah jalaran kurawa karo pandhawa ngaku guru karo kowe.  Lah barang aku iki babar pisan blas aku ora arep ngaku guru karo kowe. Tekaku mrene ki ya mung nampa undangan ngono wae. Jare ana pendhita kang peng-pengan jare ana paranormal ingkang hebat. Aku mung arep nonton mrene.
Resi Lumana                 : lha kok ra basa karo aku ?
Baladewa                     : lha wong ya kowe ra basa karo aku. Gusti sing gawe jagad wus tau tatih paring dhawuh kaburamatan indallah antakulame latafaluna. Gusti Allah paling gething karo wong kang isa nyangkem ning ora bisa nglakoni. Nek kowe njaluk diajeni karo Baladewa kowe kudu ngajeni ndhisik. Nek kowe kepengen tak sembah, tak tata kramani kowe kudu tata krama ndhisik karo Prabu Baladewa.
Resi Lumana                 : kok kasarmen sih
Sengkuni                      : niku pancen lagak lagune wong Madura niku pancen kaya ngana
Resi Lumana                 : ooo iki Medura ta ? ooo bar nampa proyek suramadu iki mesti
Sengkuni                      : wekdal dinten mangke suramadu menika dereng enten amargi Medura kaliyan Jawa menika taksih gathuk. Lha pisahipun menika jaman pengging witraradya jaman aji pamasa Prabu Aji Pamasa. Niku enten lakone dhewe.
Resi Lumana                 : aku kok durung tau krungu
Sengkuni                      : wingi ajeg tanggapan teng nggene suramadu teng nggene Genjeran mboten sida, mulane lakone tertunda.
Resi Lumana                 : kowe tak tanggap ning kuburan gelem Sengkuni ?
Sengkuni                      : purun angger sing modhar sampeyan
Resi Lumana                 : alkamdulillah disepatani mati malah dawa umure ehem ehem. Ya dikepenakke anggonmu lungguh ya sang Prabu Baladewa
Baladewa                     : wis aku wis kepenak anggonku lungguh. Kuwi disekecakake anggonmu nggambleh resi. Aku mung kepengen ngerti og kaya ngapa biyasane kuwi ana unen-unen gendera kuwi dhuwur ora usah dikerek dhewe, ana sing ngerek liyane. Keris kuwi abyor pamore kuwi sing ngundangake ben wong akeh. Lha nek kowe ki ora og, pasang plakat jare ana paranormal hebat jenenge ngresi Lumana. Jajal aku arep nonton.
Resi Lumana                 : hiyo ora mbayar e kok. Urunan ya ora o nggambleh ki ya rapapa iki ngene
Sengkuni                      : ora nganggo suluk ndhisik ?
Resi Lumana                 : ora usah ! kepengen gayeng ya disedhiyakke kopi mrene.
Sengkuni                      : o nggih sampun panembahan, komplit !
Resi Lumana                 : satekaku ana ing negara Ngastina takon dhewe ana wonge Prabu Duryudana. Dikira mengko aku iki wonge tumbak cucukan. Aku iki wonge seneng soroh bahu. Aku teka mrene iki disuwun karo sang Prabu Duryudana, disuwun karo ratu Ngastina. Surate resmi ana. Dadi aku teka mrene iki ora nawak-nawakake dagangan. Aku disuwun dikongkon madhangi jagad duk mungup-mungupaning sapuncaking wukur. Mberbabag bang sumirat. Kena soroting mega surya lan gulung-gulung.
Sengkuni                      : gunung-gunung
Resi Lumana                 : aku ning kene bakal ngecakake telung perkara. Cathet kabeh.
Puntadewa                   : inggih bapa resi
Janaka                          : inggih bapa resi
Werkudara                   : iya bapaku Resi Lumana
Resi Lumana                 : cathet Sengkuni
Sengkuni                      : inggih bapa resi
Resi Lumana                 : siji, aku iki arep pamer ngelmu. Wong sanegara Ngastina tak wenangake ora enom ora cilik, ora tuwa ora gedhe sing bisa papag ilmune karo Resi Lumana tak tantang adhu arep. Pamer ilmu wujude keplasing paningal. Aku weruh sing arep dumadi lan aku bisa ngerti apa wae sing arep dumadi.
Puntadewa                   : Werkudara piye ?
Werkudara                   : mengko ndhisik aku tak takon karo kowe bapa resi
Resi Lumana                 : takon apa Werkudara ?
Werkudra                     : aku tau diwulang dening kyai, yen barang kang ghaib kuwi wajib dipercayani minangka wewahing rukun iman. Nanging yen ngerti marang dina sesuk kuwi sing ngerti amung jenis loro. Siji pangeran lorone setan. Kamangka yen pangeran kuwi ya dudu.
Resi Lumana                 : kowe ngarani aku setan po ?
Werkudara                   : durung nganti aku kumecap nanging rada aneh tumpraping Werkudara
Resi Lumana                 : naa mulane rada sing aneh-aneh kuwi weruh sing durung dumadi, nyatane aku tak wenehi conto ya ?
Werkudara                   : yo
Resi Lumana                 : iki dina apa ?
Werkudara                   : iki dina sebtu
Resi Lumana                 : kene ditentokake yen sesuk dina minggu. Dadi aku ngerti apa sing arep dumadi sesuk. Angka kaping pindhone aku bakal nganakake pangeram-eram. Angka telune aku bakal ngresiki marang kotoran kang lumaci. Gandheng aku arep pamer ilmu, aku gurune mesthine kudu nawani para murid. Jajal murid-muridku kepengen ilmu apa ? apa wae kepenginane bakal tak tanggung lan mesthi bisa.
Baladewa                     : nyuwuni pangapura sang resi. Kok kandha yen mesthi bisa apa kowe pangeran ?
Resi Lumana                 : maap Baladewa kowe dudu muridku
Baladewa                     : o iyayaa
Resi Lumana                 : naa sorry. Sing dudu muridku aja celathu. Maap Baladewa satu-satu.
Baladewa                     : yayayaa ngalah aku
Sengkuni                      : wah Prabu Baladewa kejalu pakdhe
Resi Lumana                 : hoyo mikir tak wenehi wektu 10 menit. Arep takon apa wae, sing angel-angel. Yen perlu sing menungsa durung bisa aku wis isa. Ayo do mikir njaluko ilmu menyang aku. (SULUK) Duryudana ndhisik
Duryudana                    : bapa Resi Lumana, kula namung kepengen mbenjang gesang kula anak-anak kula ngantos pitung turunan supados ngenyam kanikmatan lair batin, donya kula bandha kula supados mboten saged gempal najan amung sarempis. Kula namung mulyakaken anak kula keturunan kula.
Resi Lumana                 : aaa kelakon ! ndelok tangane, na iki garis sugihe pancen wis ana iki. Palange mrene hurufe M aliyas milioner klakon ?
Duryudana                    : matur nuwun bapa Pangleng
Resi Lumana                 : klakon-klakon tenang wae klakon-klakon
Duryudana                    : nggih .. wiridanipun napa ?
Resi Lumana                 : ora usah wiridan, mengko tak ajari gampang sing penting kowe korupsi ora konangan mesthi sugih ngerti pora ?
Sengkuni                      : do rada bahaya iki
Resi Lumana                 : puntadewa pengen apa ngger ?
Puntadewa                   : rama, wiwit riyin  mila, jaman sampun wonten ilmu ingkang kapacak dening para wali, kula namung kepengen medharaken kitab jamuskalimasada tinggalanipun kanjeng Sunan Kalijaga ingkang sampun diestrini kaliyan kanjeng Sunan Ampel. Menika babaring jimat kalimasada menika napa bapa resi ?
Resi Lumana                 : waaa gampang. Upil cungus gampang. Jimat kalimusada ta ?
Puntadewa                   : inggih .. punapa saged dipun wecalake samangke bapa ? menapa saged diwejangake samangke ?
Resi Lumana                 : mengko urung. Kurikulume durung digawe. Tenaang .. ngko ben pun bapa iki ngerti apa kabeh sing dadi kepengenane para murid-murid. Kepengenane para santri-santri pun bapa ndaweg kuwi. Mengko pun bapa bakal nggawe satuan pembelajaran, bakal ngumumake sapa sing bakal diulangake apa pawulangane, paham ?
Puntadewa                   : inggih bapa
Resi Lumana                 : Werkudara kepengen apa ?
Werkudara                   : bapa Resi Lumana apa ngerti sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu. Aji sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu kang bisa nylametake manungsa lair batin.
Resi Lumana                 : kecil .. gampang ..
Werkudara                   : kowe bisa ngajarake sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu ?
Resi Lumana                 : gampang
Werkudara                   : bisa tenan ?
Resi Lumana                 : isa tenaan ! kuwi nang jubahku ana tulisane kaya ngana. Mengko mung kari tak tudhuhake karo kowe. Tulisane arab pegon.
Werkudara                   : ya
Resi Lumana                 : nah, Arjuna kepengen apa ?
Janaka                          : kula namung kepengen ngertos, dununging ngelmu kaurusan lan paraning dumadi miwah kula kepengen ngertos mbenjang dumununging pati, patining manungsa menika wonten pinten. Amargi pejah ingkang khusnul khotimah miwah pejah ingkang sukhul khotimah. Menika sinaosa sampun diwulangaken nanging dereng pun ingkang wonten trawaca nerangaken cara carane mati khusnul khotimah.
Resi Lumana                 : gampang. Si khusnul gampang. Khotimah ya tanggaku .. gampang !
Janaka                          : inggih bapa kula ngentosi bapa
Resi Lumana                 : ya rada sabar sawetara
Janaka                          : inggih ngestokaken dhawuh
Resi Lumana                 : inul susune loro, sabar sawetara ya
Janaka                          : inggih ngestokaken dhawuh bapa resi
Resi Lumana                 : Prabu Baladewa kepengen apa ?
Baladewa                     : nyuwun pangapunten ya sang resi. Lha jare aku iki dudu muridmu.lha umpamane aku iki kepengen dijaluki ilmu umpamane aku arep njaluk ilmu karo kowe kuwi sing tak jaluk kuwi apamu ?  wong aku wis nduwe guru dhewe. Aku wis nduwe guru dhewe, guruku kuwi guru sejati ramane jenenge Abdullah, ibune jenenge Dewi Aminah, lair aning Mekah, madeg nabi aning Madinah. Yaiku ingkang bakal nuntun marang uripku. Urip ingkang mulya donya kepenak akherat yaiku sang nabi mustafa. Wis cukup tumprapku kenangapa kudu glayar merguru karo kowe pandhita palsu.
Resi Lumana                 : aaa .. saiki goleki sing originil angel og. Regane barang sing bill up ki larang.
Sengkuni                      : kepareng matur sang panembahan. Menapa kula dipunparengaken supados kula nyenyuwun dhumateng paduka.
Resi Lumana                 : hayah kowe nyuwun apa ?
Sengkuni                      : kula nyuwun napa saged dipunpinangkani
Resi Lumana                 : isa
Sengkuni                      : kula nyuwun supados Sengkuni menika salaminipun mboten saged pejah niku pripun ?
Resi Lumana                 : nun ?
Sengkuni                      : kula menika supados mboten saged pejah pripun ? aliyas kula kepengen dhahar air keabadian kados pilm-pilme jacky chen wonten ing pilm-pilm Mandarin menika. Yen arep mati urip meneh, mati urip meneh carabipun kados pundi ?
Resi Lumana                 : kowe tau weruh irex apa ora ? kuwi ombenen yaa .. mengko nek kowe mati urip meneh, mati urip meneh. Ning aja keliru, aja keliru dicampur karo mie mengko sing mecenceng miene.
Sengkuni                      : oo .. jal laknat kurang ajar e. Kene takon tenan-tenan og.
Resi Lumana                 : kowe ora isa. Lha wong urip kok ora mati. Kulum nafsin daekhatul maut. Saben-saben sing nduweni nyawa mesthi mati napas, mesthi bakal mati.
Sengkuni                      : lajeng mbenjang kapan anggenipun badhe mbedharaken ?
Resi Lumana                 : sik mengko ndhisik .. kabeh padha ngarep-arep ilmu saka begawan Lumana. Ibarate wong arep mlebu menyang sekolahan kudu ana pendhaftarane og, kudu ana registrasi. Pendhaftarane ora wujud donya, ora wujud bandha nanging pidhangetna dhawuhe bapa ngger. (bawa)
                                    Duryudana
Duryudana                    : wonten dhawuh ?
Resi Lumana                 : tak jaluk mengko aja padha saur manuk. Kurawa kang cacahe 100 kurang sajuga kae cukup diwakili ya
Puntadewa                   : inggih bapa
Resi Lumana                 : samana uga pandhawa, Puntadewa ki wis cukup makili og. Perwakilan wae ora usah clometan ya ?
Puntadewa                   : inggih bapa ngestokaken dhawuh
Resi Lumana                 : rungokke, aku gelem mejang, aku menehi ilmu apa ingkang disuwun dhasare pancen kuwi umpamane bapa sipating sumur, timbanen banyune ora bakal entek nganti kukuting jaman. Mula saiki para pandhawa karo kurawa kenangapa pun bapa tak takon tujuwane wong urip supaya mulya. Ya pora Puntadewa ?
Puntadewa                   : inggih
Resi Lumana                 : iya .. bola-bali geger mawurahan kadi nggegerke jagad kaya pandhawa kurawa kok ora rukun. Lha nak ngene iki lho kamangka rukun kuwi agawe santosa cerak marakake bubrah jebulane bareng tak taliti pirsa undhering perkara ora ana liya kajaba pandhawa do nduweni mung angen-angen mberuk arep ana perang gedhe kang jenenge perang baratayudha jayabinangun ya pora ?
Puntadewa                   : inggih kula sangat yakin menika bapa
Resi Lumana                 : lha ya .. Duryudana ?
Duryudana                    : kula inggih sangat yakin
Resi Lumana                 :lha iki nang kene iki lho. Baratayudha jayabinangun kuwi wujude amung takrir utawa rencana. Yen ta nahwu sharaf kuwi fi’ile fi’il modhorek dudu fi’il madli utawa fi’il amar. Fi’il mudhorek utawa ingkang arep teka. Apa ora do mikir kowe ? yen nganti dumadi perang, pira yatim piyatu ingkang ditinggal mati bapak ibune gugur ana ing madyaning payudan. Kaping pindhone akeh para randha sing ditinggal lanange mati ana ing palagan kurusetra. Nek randha sing ayu ngono ora usah dipikir, karo pakhe Karwa wis ana sing ngembat dhewe. Lha randha sing lemu, sing elek-elek kuwi, gembur-gembur kuwi sapa sing arep nek ora laler. Pikiren jajal. Mula dina iki pun bapa njaluk ilangna angen-angenmu babagan baratayudha jayabinangun. Kowe arep mungsuhan karo kurawa ? kowe arep mungsuhan karo pandhawa ? ilangna kabek fi’il mudhorek utawa sing arep teka bisa disudani. Gusti Allah paring udan bisa ditadhahi nggawa omah paling orane nggawa payung. Yen gelem pun bapa arep mejang uripmu bahagia donya, kepenak ning akherat. Duryudana piye ?
Duryudana                    : inggih kula purun
Resi Lumana                 : baratayudha wurung ?
Duryudana                    : inggih baratayudha wurung
Resi Lumana                 : Puntadewa ?
Puntadewa                   : Werkudara piye Werkudara ?
Resi Lumana                 : aja mrembet mrana-mrana ta kuwi wae
Werkudara                   : Puntadewa ?
Puntadewa                   : piye ?
Werkudara                   : sing ati-ati
Puntadewa                   : ya
Werkudara                   : gandheng aku ora nduweni hak wicara, wis tak wakilake karo kowe. Aku nyalon ora dadi legislatif sing dadi kowe, dadi aku mung titip karo kowe ati-ati
Puntadewa                   : aya
Resi Lumana                 : aja terpengaruh sapa-sapa lho. Pengaruh-pengaruh mau ndadekake wong terjerumus. Aku mbiyen tau mlebu nang penjara og, kuwi ya mergane terpengaruh. Terpengaruh wong wedok ayu banget. Tak belani mbledhos, tenan kuwi.
Puntadewa                   : inggih
Resi Lumana                 : wis ta tenen ya baratayudha wurung ?
Puntadewa                   : inngih bapa, kula sarujuk sanget kaliyan kakang Duryudana. Baratayudha jayabinangun kedah wurung.
Resi Lumana                 : bagus ngger .. (ngambung Puntadewa)
                                    Mbombong rasane pun bapa lega bapa .. lga rasane atine pun bapa. Iki nembe pun bapa bisa dadi kandidat nabi aku. Tenaan .. isa dadi nabi aku. Nabi nang nggon pewayangan. Lha gandheng baratayudha wis ra kena diarep-arep, iki dianggep wae baratayudha ora eneng. Mula negara Ngastina karo negara Ngamarta kuwi kudu didadekake siji. Aja dhewe-dhewe.
Puntadewa                   : ingkang dipun kajengaken kados pundi bapa ?
Resi Lumana                 : Ngamarta diblengket wilayahe karo Ngastina ngono .. dadi republike republik campuran.
Puntadewa                   : inggih kula setuju bapa
Duryudana                    : inggih kula inggih setuju
Resi Lumana                 : kudu setuju yen ora setuju ora wong cerdas. Setuju ya ?
Puntadewa                   : inggih
Resi Lumana                 : gandheng wis padha setuju, gandheng negarane ki negara gabungan, mula umpamane negara gabungan iki nek sing dadi ratu Puntadewa, kurawa mesthi ora trima, iri partaine mesthi.
Puntadewa                   : inggih
Resi Lumana                 : lha saiki kepenak ngene wae. Ya pun bapa mung nawani lho. Nawani lho iki nawani. Piye kira-kira yen umpamane sing dadi presiden kuwi dudu Puntadewa dudu Duryudana, ning sing dadi presiden ki aku. Iki mung nawani lho iki nawani.
Duryudana                    : bapa kula sarujuk bapa
Resi Lumana                 : nuun .. piye ?
Duryudana                    : kula setuju
Resi Lumana                 : aah trimakasih (salaman karo Duryudana) ning aku ora njaluk lho aku.
Duryudana                    : inggih mboten, kula namung sarujuk
Resi Lumana                 : heem suwun. Puntadewa ?
Puntadewa                   : kula nggih sarujuk
Resi Lumana                 : aku ora njaluk lho aku .. ning gandheng aku wis ditudhuh supaya aku dikongkon ngratuni antarane Republik Ngamarta lan Republik Ngastina ya kudu gelem. Ora kena nolak amanah. Sebagai amanah saka murid-muridku.
Sengkuni                      : intruksi panembahan
Resi Lumana                 : apa jendral Sengkuni ?
Sengkuni                      : lajeng mbenjang jejulukipun sinten ?
Resi Lumana                 : sang maha prabu haji resi Lumana
Sengkuni                      : lha kedawan kuwi
Resi Lumana                 : wis perkara gelar mengko
Sengkuni                      : inggih
Resi Lumana                 : lha saiki gandheng wis cetha yen aku ratune, aku njaluk diwisuda. Sing misuda aku dhewe. Aku njaluke laras pelog laras ladrang, temanten Sengkuni.(musik...)
                                    Nek isa ki ya presiden ki misuda dhewe kaya ngene. Siiip
Puntadewa                   : mbenjang kapan paduka badhe mejang ilmu dhumateng para siswa ?
Resi Lumana                 : ngko sik, pun bapa durung rampung ngger. Saiki undheraning perkara jumbuh karo gegayutane pun bapa. Anggone bakal nggendhong sira kemana-mana.
Duryudana                    : kaya mbah surip
Resi Lumana                 : ibaratipun pun bapa kepengen ngresiki kotoran. Kotoran kang dumadi ing negara iki. Negara gabungan Ngamarta lan Ngastina. Saben-saben Baratayudha arep diwurungake og. Mesthi ana tokoh sing ora setuju. Tokoh iki mau bangsat, keparat, ora tepung rasa manungsa, sing diarep-arep mung perang wae. Tokohe ora ana liya mung kajaba narendra ndwarawati Prabu Kresna karo jimat kang bisa ngucap pusaka bisa kandha kang jenenge Semar Badranaya.
Puntadewa                   : lajeng kados pundi ?
Duryudana                    : lajeng kados pundi ?
Resi Lumana                 : wong loro kuwi yen perlu ngene, nek gelem tanda tangan, gelem tapak asma, setuju nek Ngastina didadekake siji karo Ngamarta sing ngratoni Resi Lumana, slamet nyawani. Wangune kok akeh-akeh Semar karo Kresna iki. Kresna pancen wong pinter tenanan, pancen smart uteke Kresna. Mula ora bakal mungkin. siji-sijine jalan, jalan pintas kang kudu sira tindhakake. Kresna karo Semar kudu dipateni.
Puntadewa                   : inggih bapa
Resi Lumana                 : naah .. para pandhawa mengko sapa sing sanggup mateni Semar, sapa sing sanggup mateni Kresna. Kalebu para kurawa mengko padha ndhaftar karo pun bapa. Esuk klawan sore yen diwujudke glundhung ndhase Kresna lan ndhase Semar. Bakal tak wulang kabeh aji kawicayanjaya kasanikat.
Baladewa                     : lha iki konangan asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar