Minggu, 06 Desember 2015

Geguritan



1.       Bumi wis owah
Donya pancen wis owah
Manungsa padha kakean polah
Yen wis ngene sapa sing kena salah ?
Ya presiden lan pamarentah
Rakyat namung bisa sambat
Nanging isih wae nglakoni maksiat
Delengen kae
Telon bisa kanggo lewat sikil
Kuwi ya marga rendheng kang ora gelem kalah
Genep setaun tandhuran ora entuk jatah
Apa manungsa arep mangan lemah ?
Delengen kae
Alas-alas padha kobongan
Abluk saparan-paran
Tuwa enom ora bisa ambegan
Apa pancen wis teka wayahe yen ambegan kudu mbayar ?


2.       Alas jati
Alas jati iki
Dadi alas kang mati
Kayune padha ditegori
Dadi alas meja lan kursi
Banjur lemahe ?
Malih dadi alas semen lan wesi
Bedeken alas roban kuwi
Alas kang saiki diwedeni
Pirang taun maneh digelar tralis ing ndhuwur bumi ?
Kapan malih toko kang gedhe ?
Apa kudu ngenteni negara kelangan jati dhiri ?
Titenana wae
 

3.       Kang nyata kang dipitaya
Apa kowe kelingan ramalan jayabaya ?
Nalika pasar malih tanpa swara
Utawa kreta ditarik tanpa kuda
Kabeh kuwi kabukti ana
Nalika blanja tanpa swara
Namung milih ing toko pedia
Utawa mara ing kasir Ramayana
Nalika kreta kuda wis ora digdaya
Kalah karo kreta kang gumbrumbung
Pancen jayabaya kang dipitaya
Apa namung manungsa kang ana-ana
Sing mesthi Gusti wis nggawe critane
Lan manungsa sing bakal nglakoni kadadeyane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar