Minggu, 13 Desember 2015

Geguritan



1.  Lampu Teplok
Wanci bengi tabuh sanga
Lampu teplok cumanthel ing sisih omah
Cumlorote tansaya suthup
Jalaran lisah patra kang saya susut
            Ya namung lampu iki kang gawe sunaring wengi
            Saliyane sunar lintang lan rembulan
            Gawe obornalika ngilangake sayah
            Sawise sedinonan golek panguripan pawon
Lampu teplok gawe tandha rekasaning urip
Rekasa kang wis pesthi saben dina ngampiri
Ngajak awak kang isih sayah tangi ing wanci subuh
Gawe nyambung urip ing dina ngarep


2.  Urip nggolek mati
Urip kuwi nggoleki mati
Marga kabeh kuwi ora ana sing sejati
Bandha donya ora wigati
Namung dadi sarana anuju Gusti
Kabeh bandha ora digawa mati
Anak bojo uga ora ngancani
Namung siji kang wis pesthi
Kabeh kadadeyan bakal piwales Gusti
  

3.  Nganggur
Klontang-klantung ora nduwe pagaweyan
Mangan ngombe njaluk marang liyan
Wong tuwane wis ora kuwat nandhang
Disekolahke dhuwur-dhuwur ora ndang mapan
Namung isin kang bisa disawang
Golek rana rene ora ana lowongan
Sanajan ana
Namung dadi buruh bangunan
Isin karo kanca sabarakan
Sekolah dhuwur kasile ora temenan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar