Sedulur kesandhing
“Ayo Lik dolan ning
pasar malem,” Ayuk ngrengek karo nggeret tangan Likne nuju panggonan pasar
malem.
“Mengko dhisik ta
ndhuk, wong Lik Man lagi wae bali kerja kok. Ben leren-leren dhisik,” Ibune
ngereh-reh anak wadone.
“Mengko ndhak selak
tutup Lik pasar maleme ayoo ta,” bocah umur limang taun kuwi ora gelem nggugu
kandhanane Ibune.
“Yo ndelok karo Bapak
wae,” Bapakne uga melu ngereh-reh.
“Emooh. Ayo ta Lik nontan
pasar maleem,” pancen wiwit umur rong taun kuwi Ayuk luwih kulina karo Paklikke
tinimbang karo wong tuwane dhewe. Sanajan dudu Lik kandhung, amarga Parman kuwi
urip lola wiwit sekolah ning SLTP, banjur karo Bapak lan Ibune Ayuk diajak
manggon ana omahe lan dianggep kaya adhine dhewe. Lulus saka SLTP Parman diajak
kerja dadi kuli bangunan, amarga Bapakne Ayuk ya namung kuli bangunan dadi ora
nduwe wragad kanggo nyekolahke Parman.
Parman kuwi bocahe
sregep lan tanggap karo gaweyan. Yen ana ing omah uga asring ngrewangi
mbakyune, mbuh kuwi nyapu apa asah-asah. Pancen nalika kuwi mbakyune lagi
mbobot anakke kang nomer lima, yaiku Ayuk.
Nalika Ayuk wis lair,
Parman uga asring ngrewangi momong sadurunge mangkat nyambut gawe. Amarga
kerjane mlebu jam 8, lan wayah kuwi Mbakyune lagi repot ngrumati kakang lan
mbakyune Ayuk kang umure ya rengket-rengket. Bisa dibayangake kaya piye repote
lan kaya piye kempriyeke omah kuwi jalaran akeh bocah cilik.
Tansaya gedhe Ayuk
tansaya raket karo Likke. Yen ana apa-apa mesthi Lik Man luwih ngerti dhisik
tinimbang wong tuwane. Malah kala-kala wong tuwane takon babagan Ayuk ning adhi
angkate kuwi.
Saiki ayuk mlebu ana
ing SMA 1 Demak. Praupane wis ngatanake dewasa. Bocahe ayu, memper kaya
jenenge. Ora namung ayu, nanging uga sregep, grapyak lan tansah gawe wong liya
seneng yen ana ing sisihe amarga bocahe crewet lan seneng ndhagel.
Tansaya suwe tuwuh
krenteg ing atine Parman, krenteg kang ora kaya adat sabene yen ana ing cedhake
Ayuk. Atine nratap nanging ora gelem ngadoh saka kenya kuwi. Kamangka wektu
samono Parman uga durung gelem rabi, sanajan kangmas lan mbakyune wis ngongkon
supaya enggal rabi. Malah tau digolekake calon barang, nanging Parman isih
durung gelem. Amarga ana ing telenging atine isih ngenteni ponakan kuwi.
Sanajan ponakan, nanging dudu ponakan kandhunge dhewe.
Parman durung wani
nelakake rasane marang kangmas lan mbakyune kuwi, apa maneh marang bocahe
dhewe. Dheweke ngerteni yen Ayuk kuwi isih SMA, isih adoh anggone mikir
omah-omah. Wis ben tresnane mlaku apa anane. Parman uga ngrasa pakewuh yen arep
ngepek anak kangmase sing sasuwene iki wis ngrengkuh dheweke kaya adhine dhewe.
Parman uga nduweni
rasa wedi yen ponakane kuwi ora gelem nampa tresnane. Apa maneh yen ndelok
umure wis 30 taun, sanajan Ayuk dhewe isih umur 15 taun. Nanging ya kepriye
maneh, rasa kuwi tansaya suwe tansaya gedhe. Nanging Parman isih ngajeni marang
kulawarga kuwi, sithik akeh ngrewangi yen kulawarga kangmase kuwi lagi susah.
“Ndhuk yen butuh dhuwit
kanggo mbayar sekolah njaluk Lik Man wae,” omonge Parman marang ponakane nalika
arep mangkat sekolah. Wektu kuwi wong tuwane Ayuk lagi ora ning omah.
“Lha mengko ndhak
dhuwite Lik Man entek. Aku tak njaluk Ibuk wae, apa kang Nur yen wis bayaran,”
semaure Ayuk pakewuh.
“Ora papa, Lik Man
isih nduwe dhuwit. Bayarane Lik Man isih turah nak trimo gawe ngwragadi Lik Man
dhewe. Tur maneh kangmasmu kuwi yo butuhe akeh, anake isih cilik, kamangka
gaweyane yo padha karo Lik Man. Apa maneh Kang Rokim kae, bojone lagi mbobot
tuwa, mesthi wae butuh dhuwit akeh kanggo babaran,” Parman njelasake supaya
Ayuk ora pakewuh yen nembung dhuwit karo dheweke.
Ayuk sajak mikir, dheweke
mbenerake apa kang diomongke Likne kuwi. wusanane “Iyo Lik maturnuwun, pancen
aku wis didhawuhi Pak guru supaya enggal mbayar SPP sing wis nunggak telung
sasi.”
“Nyo iki, mengko nak
kurang ngomong karo Lik Man,” Parman ngulungake dhuwit atusan ewon limang
lembar.
“Maturnuwun ya Lik,
yawis aku tak mangkat sekolah dhisik,” kandhane Ayuk bubar nglebokake dhuwit
mau ning njero tase.
“Ya ngati-ati,” ing
njero atine Parman ngalem ponakane kuwi amarga ora gelem ngrepoti wong liya.
Tansaya gedhe Ayuk
ngrasakake yen ana sing ora beres ing awake. Kadadeyan kuwi dialami nalika Lik
Man lunga jalaran ana proyek ing Medan watawis sesasi. Dheweke ngrasa kaya ana
sing ilang. Biyasane dheweke gojeg karo Likne kuwi, nanging saiki sepi. Dheweke
asring ngalamun mikirake Lik Man.
“Kowe ngapa ta ndhuk wiwit
wingi kok ngalamun wae?” pitakone Ibune.
“Boten punapa Buk,” semaure
Ayuk ora prelu dawa-dawa. Amarga pancen lagi males guneman karo sapa-sapa.
“Apa kangen karo
Bapak?” Ibune nakoni maneh. Naning ora ana balesan swara saka Ayuk.
“Wong yo rong minggu
maneh Bapak lan kakangmu padha bali.”
“Lha Lik Man punapa
boten tumut wangsul Buk?” pitakone Ayuk.
“Ya melu bali. Ooo
sajake kowe ki ngangeni Likmu ta?” dhedhes Ibune.
“Aaah boten kok Bu.
Kula ngangeni sadaya. Nggih mpun Bu kula badhe ing kamar rumiyin,” Ayuk
enggal-enggal mlebu kamar supaya Ibune ora tambah ngonangi yen atine lagi
semrawut mikirke Lik Man.
Nanging Ibune wis
kadhung curiga karo anak wadone kuwi. Janjane mono wis dikuwatirke wiwit suwe
yen adhi angkate lan anakke kuwi padha thukul rasa katresnan. Amarga rakete
sesambungan kekarone. Mula dheweke ngongkon supaya adhine kuwi enggal rabi.
Supaya ora dadi omongan tangga teparo yen ngepek ponakane dhewe. Sanajan dudu
sedulur kandhung, nanging wis suwe anggone manggon saomah.
“Kring-krong,”swara
HPne Ayuk muni. Metu tulisan ing layare “Lik Man”. Age-age HP mau disawut lan
dipejet tulisan “terima”
“Halo Lik Man piye
kabare?”
“Apik cah ayu. Kowe
lan Ibu piye? Kasarasan ta?” pitakone Parman saka njero telepon.
“Sehat kok Lik. Kapan
bali ta Lik?”
“Sesuk seminggu ngkas.
Wis kangen po?” pitakone Parman mbeda.
“Kok suwemen. Ya
kangen ta, ning kene ora ana sing tak kathaki maneh ki,” semaure Ayuk ganti
mbeda Likne.
Amarga proyek kang
adoh lan suwe kuwi, sesambungan anatane Lik lan ponakan tansaya raket. Nanging
rakete ora kaya sedulur, raket cara dene wong kang lagi nandhang kasmaran.
Parman asring ngalem Ayuk, lan Ayuk uga ora suwala.
Nalika Parman bali lan
pethukan karo Ayuk, kekarone padha isin-isinan. Kahanan iki ndadekake gumun
wong tuwane Ayuk.
“Ndhuk, Man, reneya
aku arep omong,” omonge Pak Darjo, Bapakke Ayuk. Ing sisihe wis ana bojone,
sajak arep nakoni perkara kang wigati.
Sawise Parman lan Ayuk
Lungguh, banjur Darjo miwiti gunemane.
“Jan-jane ki ana apa karo kowe cah loro?
Kok kayane ana sing ditutup-tutupi saka aku,”
“lha wonten napa ta Pak?” semaure Ayuk
ethok-ethok ora ngerti.
“Kaya ana sing beda saka kowe cah loro.
Biyasane mono yo guyon cah loro ora kena dipisah. Nanging saiki kok sajak isin
lan padha ngadoh. Ana apa Man?.”
“Mboten wonten punapa-punapa kok Kang.”
Semaure Parman sacukupe.
“Wis ta, ora semang ditutup-tutupi. Ibu
lan Bapak kuwi wis tau enom. Wis ngerti kahanan kaya mangkene iki. Mongko yo
kowe wis ora cilik maneh Man. Lan kowe ndhuk, saiki ya wis tutug anggonmu
sekolah,” ngendikane bojone Pak Darjo kuwi.
Parman sajak arep ngomong nanging wedi,
banjur nutup cangkeme maneh.
“Piye Man? Ngomonge sing arep mbok
omongake. Ora usah wedi. Kowe kuwi wis kaya adhiku dhewe,” Pak Darjo ngonangi
yen Parman arep miwiti guneman, nanging dipunggel ora sida.
Sadurunge ngomong, Parman nyawang kenya
ayu kang ana ing sisihe.
“Nyuwun sewu lho Kang, Yu. Sejantasipun
kula remen kaliyanponakan kula piyambak,” semaur Parman karo nyawang kenya ing
sisihe. Sing disawang ndingkluk lan isin.
“Aku kuwi wis ngira sadurunge. Nanging
marga kowe kuwi sedulur aku ora wani nakoni piye-piye,” ngendikane Ibune Ayuk.
“Kowe kuwi wis dak anggep adhiku dhewe
Man. Wiwt Ayuk durung lair kowe wis manggon saomah karo aku. Mangka aku ya
pakewuh karo tangga teparo. Sanajan kowe dudu adhi kandhungku, nanging wis
taunan anggonmu saomah karo anakku,” jlentrehe Pak Darjo.
“Nanging ya kepriye maneh yen tresna wis
ora bisa dikapakna. Yen Gusti wis nggariske, sapa sing bisa suwala. Lan kowe
piye ndhuk Yuk?” pitakone Pak Darjo marang anakke.
Sing ditakoni namung manthuk karo
ndhingkluk sajak isin.
“Piye Bu?” Pak Darjo ganti nakoni bojone.
“Aku mono manut wae Pk, piye sing apik.
Yen padha seneng ya ora papa. Marga ya pancen ora ana darah sedulur. Perkara
tangga teparo ngomong apa kuwi rak wis biyasa. Mengko suwene dina ya bisa
ngerteni.”
“Yawis yen pancen mangkono Bapak lan Ibu
ngrestani. Man aku titip anakku wedok marang kowe,” ngendikane Pak Darjo nyawang
Parman kanthi sorot kang landhep.
Parman manthuk nyaguhi, lan mantepake
kangmas lan mbakyune yen dheweke bakal njaga kenya kang ana ing sisihe kuwi.
Sanajan umure 15 taun luwih tuwa tinimbang
Ayuk, nanging kekarone isih pantes sesandhingan. Prawakane Parman kang gagah
dhuwur, sanajan ireng marga kerja bangunan, nanging Parman nyenengake yen
disawang. Eseme manis lan sikepe sopan marang sapa wae, ndadekake dheweke
diajeni marang wong liya. Ayuk uga katan ayu ana ing sisihe Parman. Awakke
dhuwur lencir lan eseme grapyak marang kabeh tamu kang teka wektu kuwi kanggo
mbekeki donga restu marang temanten kakung lan putri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar