Jumat, 04 Desember 2015

Menak Talsamat



Menak Talsamat
Buku Menak talsamat nyritakake Sang Agung Menak Jayengrana, sanajan wis sepuh nanging ora leren anggone ngayomi donya saka raja-raja kang batil. Sang Agung Menak menika nduweni asma liya, nalika isih enem asmane Sang Agung Menak Jayangrana(kang mesthi jaya ing peperangan). Nalika sampun diwasa asring disapa Sang Agung Surayengbumi(kang paling wani ing donya). Lajeng nalika sampun sepuh nduweni gelar Sultan Kamidil Alam(kang nguwasani alam).
Sultan Kamidil Alam ngendika kaliyan Prabu Gulangge sawise entuk sasmita saka gurune, yen bisa ngalahake negara Mukabumi dheweke lan raja-raja liyane bisa ketemu kaliyan Rasulullah. Sawise krungu ngendika Sang Menak, kabeh raja padha senenge amarga bisa ketemu Nabi kang pungkasan. 270 raja lan 70 ewu prajurit mangkat saka Rokam ning arah Barat. Sawise mlaku sasuwene telung sasi, rombongan kuwi tekan perbatasan negara Mukabumi. Negara kang larang sakabehane lan angel banyu. Wargane padha mangan kancane dhewe lan diombe getihe. Rajane yaiku Argajimandasuwi, adhi saka Raja Argajimandalika kang wis dikalahake Sang Menak.
Sang Menak lan raja liyane ngutus Satriya Tasikwaja yaiku Umarmaya supaya ngekekake surat gawe raja Mukabumi. Umarmaya gumun weruh wong-wong kang ana ing kana amarga pasuryane kang padha pucet. Samana uga nalika weruh Raja Argajimandasuwi kang serupa iblis. Raja negara Mukabumi banget dukane sawise maca surat kang digawa Umarmaya. Isi surat kuwi ngajak supaya Raja Argajimandasuwi gelem beriman lan tundhuk. Nalika ngoyak Umarmaya arep dipateni, Sultan Kamadil Alam teka karo nunggangi jaran kang jenenge Askarduwijan. Raja Argajimandasuwi nunggang gajah lan nggawa gada. Nanging durung suwe anggone perang Raja Argajimandasuwi mati kena sabetan pedhang Sultan Kamidil Alam. Amarga ing negara kono wis akeh kadurjanan lan rakyate padha mangan manungsa, Sultan Kamidil Alam ngutus Umarmaya supaya mbakar kutha kasebat nganggo senjata kaca kang bisa ngetokake geni. Sawise kutha kuwi dadi awu, Sultan Kamidil Alam mbangun pasanggrahan ana ing kono.
Dicritakake ana negara kang jenenge Jongsemit, rajane yaiku Jongsir. Ing negara kono kabeh rakyate adha mangan isi weteng kewan, dene rajane namung mangan ati kewan. Negara kang nyembah geni kuwi paling pinter yen perang ing wayah bengi. Isi weteng mungsuhe dirogoh banjur dipangan isine. Sultan Kamidil Alam mrintahake prajurite lan Umarmaya supaya merangi negara iblis kasebat. Kaya adat sabene Umarmaya merang musuhe nganggo panah kaca andalane. Ora nganti suwe nrgara Jongsemit wis dadi laut geni.
Sultan Kamidil Alam lan rombongane mlaku nglewati dalan kang angel anuju kutha Kristam, rajane yaiku Barwar. Ing kutha kono ora ana sing bisa perang, ananging merangi musuh nganggo tenung. Lading cilik kang dawane namung setengah kilan lan gedhene sajempol, gunane kanggo nikam jantung mugsuh. Warga ing kutha kasebat kalebu bayi ora ana kang ngombe banyu, namung ngombe getih kewan. Sesasi suwene rombongan kuwi nglewati dalan kang ora gampang. Nalika raja Barwar ngerti yen ana wong kang arep merangi negarane, dheweke ngutus Patih Dudurmulur supaya nanduri mesiu ing dalan kang arep dilewati rombongan Sultan Kamidi Alam. Mesiu yaiku sumbu, yen diuripake bisa mledhak.
Gunung kang maune ijo saiki dadi guntur geni. Prajurit lan jaran akeh kang padha mati. Sanalika kuwi Sultan Kamidil Alam kelingan pusaka sutera kang diparingi Nabi Kilir nalika ing Jabalkap. Pusaka kasebat nduweni khasiat nawarke geni. Nalika ndemek pusaka kuwi, geni kang ana ing awak krasa adhem. Sawise metu saka kobaran geni, rombongan Sultan Kamidil Alam diperangi atusan ewu wong, ora imbang karo prajurite kang akeh sing wis padha mati. Tekan wayahe Sultan Kamidil nglawan Raja Barwar. Raja Barwar mati ing tangane Sultan Kamidil amarga dibabat gulune, lan Dudurmulur mati ing tangane Prabu Gulangge. Sawise raja bisa dikalahake, Umarmaya diutus ngetokake pusaka kacane supaya kutha iblis kasebat kobong.
Sawise ngalahake kutha Kristam, Sultan Menak lan 70 raja liyane lunga ing negara Pildandani lan negeri Jaldasah. Rajane isih tunggal sedulur yaiku Raja Nurjab lan Raja Marjab kang nduweni sirah awujud gajah lan kasenengane mangan manungsa. Nalika tekan ing negara kasebat, rombongan Sultan Menak wis dicegat bala tentara Pildandani lan Jaldasah. Gaman kang dienggo perang yaiku watu kang gedhe. Nanging Sultan Kamidil bisa mateni Raja Nurjab lan adhine nganngo pedhange. Sawise Raja padha kalah, Umarmaya ngetokake pusaka kacane.
Rombongan Sultan Kamidil Alam lan 70 raja liyane nerusake lakune ing kutha Talsamat. Kutha kang ana wiwit jaman Nabi Nuh. Rakyat ora bisa perang, nanging keahliyane yaiku tenung. Pancen pusat tenung kuwi saka negara Talsamat. Akeh negara kang nyinau nenung negara kasebat, tenung kang bisa njalari mungsuh sesak napas lan lumpuh. Tekan ing kutha kasebat, rombongan Sultan Agung ora nemoni wong siji-sijia, nanging weruh kewan-kewan cilik kang nuthuk gamelan uga cilik, gedhene sawatara jeruk. Sapa wae kang ndelok atine dadi seneng lan ngguyu kepingkel-pingkel. Prabu Gulangge kang ndelok kadadeyan kasebat digawe semaput kaya wong kang mati. 70 raja liyane ngalami nasib kang paha karo Raja Gulangge.
Sultan Agung banget sedhihe, jam papat esuk lagi wae bisa turu lan mimpi ketemu Nabi Ibrahim. Ing mimpi kasebat Nabi Ibrahim ngendika yen Sultan Agung kudu mateni pitik kate warna pethak kang ana ing kutha kasebat, amarga nyawa rakyat ana ing pitik kate kuwi. Sultan Agung weruh pitik kate ana ing tembok kutha banjur dipanah, pitik kasebat mati. Sanalika ana swara guntur lan raja kang lagi turu kena tenung bisa sadhar maneh. Prabu Gulangge ngendika yen sawise kutha Talsamat ora ana maneh kutha kang nduweni pendhudhuk, ananging iblis. Rombongan kasebat ora bakal perang, namung ngadhepi tenung saka iblis-iblis wae. Surat Menak mandheg ana ing kene, lajeng diterusake karo serat Lakat.
Amir Ambyah, uwak Rasulullah ngirim utusan marang Rasulullah yen dheweke saiki ana ing Kuspita, lan sadhelok maneh bakal bali ana ing Madinah. Kanjeng Nabi langsung mangkat saperlu marani uwake sing wis suwe ora tau bali amarga merangi kang batil. Sawise ketemu uwake lan dikenalke marang 70 raja liyane kalebu Umarmaya, Rasulullah ngajak Amir Ambyah mlebu islam. Amir Ambyah seneng banget amarga wis nduwe niat ganti agama lan ngikuti kabeh syariat. Banjur Rasulullah ngajari uwake maca syahadat lan njelasake aturan sholat limang wektu.
Dicritakake Raja Hirman saka negara Medayin arep nyerang Madinah. Amir Ambyah lan pasukan mukmin wis adhep-adhepan karo pasukan kafir. Akeh pasukan kafir kang mati kena cemeti Amir Ambyah. Raja Hirman lan prajurit kang isih slamet mlayu pontang-panting ing gunung. Rombongan kafir kuwi rembugan gawe nguwatake serangan. Ing penyerangan kapindho, pasukan Raja Hirman nggunakake gelar perang supit udang. Raja Barindi lan putrane Ngustama ana ing bagian ngarep. Supit kiwa Raja Barsi, supit tengen Raja Sadur, ing tengah Raja Hirman lan ana mburi patih Bahtiar.
Ing perang kaping pindho iki Amir Ambyah ngamuk nganggo cemetine. Akeh raja kang wis nglawan Amir nganggo pistol lan pedhang nanging awake Amir kebal karo pusaka kabeh kuwi. Prabu Gulangge kang ngewangi Amir mati ing tangane Raja Barindri. Ndelok kadadeyan iki, Amir Ambyak tambah mabuk perang lan mateni kabeh raja kafir kajaba Raja Hirman amarga bisa mlayu saka arena perang.
Raja Hirman kang kalah perang kaping pindho durung puas atine. Lajeng Raja Hirman njaluk tulung karo Raja Dawil Kusen saka negara Lakat. Raja kang sombong lan pengen nguasai donya. Raja Hirman ngutus patih Bahtiar supaya ngirim upeti kang gawe seneng Prabu Dawil Kusen lan patihe Bardanas. Rupa-rupa upeti kang dikirim kayata gajah 30 pasang, sewu emas kencana, telu kereta emas lan putri Raja Hirman kang ayu kayata widadari yaiku putri Yandimdimah. Patih Bardanas uga ora bisa nolak nalika diparingi selir loro yaiku Mujadilah dan Ngadimah. Amarga saka upeti kasebat, Prabu Kusen gelem ngewangi Raja Hirman merangi Madinah.
Nalika prabu Kusen rembugan karo patih Bahtiar babagan perseteruan karo Madinah, patih Bahtiar kang licik fitnah kaum Madinah lan Rasulullah yen Rasulullah arep merangi negara Lakat. Sanalika Prabu Kusen murka krungu crita kang wis dikarang dening patih Bahtiar. Prabu Dawil Kusen siap merangi Madinah diewangi prajurit 9 yuta, perwira 600 ewu wong.
Ing Madinah Rasulullah entuk bisikan saka malaikat Jibril yen bakal ana perang gedhe antara Madinah lan Lakat. Sawise entuk bisikan kasebat Kanjeng Nabi lan sahabat rembugan kang bakal dadi senapati perang. Saka hasil musyawarah dipilih calon yaiku Abu Bakar, Umar, Usman, Ambyah lan Abas, kang kabeh mau nduweni kaluwihan dhewe-dhewe. Nanging Rasulullah isih bingung milih sapa kang bakal dadi senopati perang, jalaran iki perang kang gedhe. Lajeng dipilih swara kang paling akeh, lan dipilih Sayid Ali yaiku mantunipun Rasulullah piyambak.
Durung rampung anggone rembugan, utusan saka Fatimah teka lan ngabarake yen Sayidina Ali lara keras, nganti semaput. Putri Kanjeng Nabi banget sedhihe lan nangis amarga garwane lara kang mbangetake. Fatimah kang ora tau nangis, nalika nangis saisi donya kaya-kaya melu nangis. Krungu swara gluruh, udan deres lan lindhu sanajan kang sejati ora ana angin lan gluruh. Banjur Rasulullah ngendika marang utusan mau yen ora bisa nileki mantune amarga isih mimpin sidhang. Kanjeng Nabi ngutus supaya nyampekake marang Sayidina Ali yen bakal ana perang gedhe.
Nalika Sayidina Ali dikandhani anane perang gedhe kang sedhelok maneh bakal kelakon, sanalika dheweke bisa tangi lan sehat maneh. Sayidina Ali banjur njaluk klambi perang marang garwane. Kabeh kuwi mau amarga saka pitulungane Gusti kang Maha Agung. Sayidina Ali lan Fatimah kang wis diparingi momongan loro yaiku Hasan lan Husen, banjur dititipake marang garwa Rasulullah yaiku Umi Salamah.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar