PUPUH
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Malang sumirang amurang niti, anrang baya dènira mong gita,
raryw anom akèh duduné, anggelar ujar luput, anrang baya tan wruh ing wisthi,
angucap tan wruh ing trap, kaduk andalurung, pangucapé lalaluya, ambalasar
dhahat amalangsengiti, tan kena winikalpa.
02
Andaluya kadadawan angling, tan apatut lan ujar ing sastra,
lan murang dadalan gedhé, ambawur tatar-tutur, anut marga kang dèn-singkiri,
anasar ambalasar, amegat kekuncung, tan ana ujar kerasa, liwang-liwung
pangucapé burak barik, nulya kaya wong édan.
03
Idhep-idhepé kadya raryalit, tan angrasa dosa yèn dinosan,
tan angricik tan angroncé, datan ahitang-hitung, batal karam tan dèn-singgahi,
wus manjing abirawa, liwung tanpa tutur, anganggé sawenang-wenang, sampun kèrem
makamé wong kupur kapir, tan ana dèn-sèntaha.
04
Angrusak sarak ujar sarèhing, acawengah lan ajar ing
sastra, asuwala lan wong akèh, winangsitan andarung, kedah anut lampah tan
yukti, mulané ambalasar, wus amanggé antuk, jatining apurohita, marminipun tan
ana dèn-walangati, sakèhing pringgabaya.
05
Pangucapé wus tanpa kekering, oranana bayané kang wikan,
dhateng kawula jatiné, tan ana bayanipun, anging tan wruh jatinirêki, pan
jatining sarira, tan roro tetelu, kady angganing reringgitan, duk sang Panjy
asusupan rahina wengi, kesah saking nagara.
06
Anêng Gegelang lumampah carmin, anukma aran dhalang
Jaruman, dèn-pendhem kulabangsané, ndatan ana kang weruh, lamun Panji ingkang
angringgit, baloboken ing rupa, pan jatine tan wruh, akèh ngarani dhadhalang,
dhahat tan wruh yen sira putra ing Ke1ing, kang amindha dhadhalang.
07
Adoh kadohan tingalirêki, aparek reké tan kaparekan, yèn
sang Panji rupané, dèn-senggèh baya dudu, lamun sira Panji angringgit,
balokloken ing tingal, pan jatining kawruh, lir Wisnu kelayan Kresna, ora Wisnu
anging Kresna Dwarawati, amumpuni nagara.
08
Wisésa Kresna jati tan sipi, kang pinujyêng jagad
pramudita, tan ana wruh ing polahé, lir Kresna jati Wisnu, kang amanggih datan
pinanggih, pan iya déning nyata, kajatenirêku, mulané lumbrah ing jagad,
angestoken kawignyan sang Wisnumurti, nyatané arya Kresna.
09
Mangkana kang wus awas ing jati, oranana jatining pangéran,
anging kawula jatiné, kang tan wruh kéngar korup, pan kabandhang idhepirêki,
katimpur déning sastra, milu kapiluyu, ing wartaning wong akathah, pangèstiné
dèn-senggèh wonten kakalih, kang murba kang wisésa.
10
Yèn ingsun masih ngucap kang lair, angur matiya duk lagi
jabang, ora ngangka ora ngamé, akèh wong angrempelu, tata lapal kang
dèn-rasani, sembayang lan puwasa, dèn-gunggung tan surud, den-senggèh anelamna,
tambuh gawé awuwuh kadya raragi, akèh dadi brahala.
11
Pangrungunisun duk raré alit, nora selam déning wong
sembayang, nora selam déning anggèn, tan selam déning saum, nora selam déning
kulambi, tan selam déning dhestar, ing pangrungunisun, éwuh tegesé wong selam,
nora selam déning anampik amilih, ing karam lawan kalal.
12
Kang wus prapta ing selamé singgih, kang wisésa tuwin adi
mulya, sampun teka ing omahé, wulu salembar iku, brestha geseng tan ana kari,
angganing anêng donya, kadya adedunung, lir sang Panji angumbara, sajatiné yèn
mantuk ing gunung urip, mulya putrêng Jenggala.
13
Akèh wong korup déning sejati, sotaning wong dèrèng
purohita, dèn-pisah-pisah jatiné, dèn-senggèh seos wujud, sajatiné kang
dèn-rasani, umbang ing kapiran, tambuh kang den-temu, iku ora iki ilang,
mider-mider jatiné kang dèn-ulati, tan wruh kang ingulatan.
14
Brahalane den-gendong den-indit malah kabotan dening
daadapen mangke dereng wruh jatine dening wong tanga guru amungakĕn wartaning
tulis kang ketang jatining lyan den-tutur anggalur den-turut kadya dadalan
kajatene deweke nora kalingling lali pejah min-Wang.
15
Dosa gung alit kang den-singgahi ujar kupur-kapir tan
den-ucap iku wong anom kawruhe sembayang tan surud puwasane den ati-ati tan
ayun kaselanan kalimput ing hukum kang sampun tekeng kasidan sembah puji puwasa
tan den-wigati nora rasa-rinasan.
16
Sakeh ing doss tan den-singgahi ujar kupur-kapir tan
den-tulak wus liwang-liwung polahe tan andulu dinulu tan angrasa tan den-rasani
tan amaran pinaran wus jatining suwung ing suwunge iku ana ing anane iku surasa
sejati tan kĕna den-ucapna.
17
Dudu rasa kang kĕraseng lati dudu rasa rasaning pacuwan
dudu rasa kang ginawe dudu rasa rasaning guyu dudu rasa rasaning lati dudu rasa
rĕrasan rasaku amengku salir ing rasa surasa. mulya putreng Jènggala rasa jati
kang kerasa jiwa jisim rasa mulya wisesa.
Kang wus tumeka ing rasa jati panĕmbahe da tanpa lawanan
lir banyu mili pujine ing ĕnĕnge anebut ing unine iya amuji solahe raganira
dadi pujinipun tĕkeng wulune salĕmbar ing osike tan sipi dadi pamuji pamuji
dawakira.
19
Ingkang tan awas puniku pasti dadi kawulane kang wus awas
tĕka ing sĕmbah pujine amung jatining wĕruh pamujine rahina wĕngi mantĕp paran
kang awas ujar iku luput ananging aran tokidan lawan ujar kupur-kapir iku kaki
aja masih rĕrasan.
20
Yen tan wruha ujar k„p„r-“pir pasti woog iku durung ~”„,
maksih bakai pangawruhe pan kupur-kapir iku iya iku sampurna jati pan wèkas ing
kasidan kupur-kapir iku iya sadat iya salat iya idĕp iya urip iya jati iku
jatining salat.
21
Sun-marenana angedarneling sun-sapiye ta bok kadĕdawan
mĕnawa mèdal cucude ajana milu-milu mapan iku ujar tan yakti pan mangkana ing
lampah anrang baya iku rare anom ambĕlasar tanpa gawe gawene sok murmg niti
anggung malang sumirang.
PUPUH
KINANTHI
01
Dosa gung alit tan dèn singgahi, ujar kupur kapir kang dèn
ambah, wus liwung pasikepane, tan andulu dinulu, tan angrasa tan angrasani, wus
tan ana pinaran, pan jatining suwung, ing suwunge iku ana, ing anane iku surasa
sajati, wus tan ana rinasa.
02
Pan dudu rasa karasèng lathi, dudu rasane apa pa lawan,
dudu rasa kang ginawe, dudu rasaning guyu, dudu rasa kang angrasani, rasa dudu
rarasan, kang rasa amengku, sakèhing rasa karasa, rasa jati tan karasa jiwa
jisim, rasa mulya wisesa.
03
Kang wus tumeka ing rasa jati, sembahyanging tan mawas
nalika, luwir banyu mili jatine, tan ana jatinipun, mona muni turu atangi,
saosiking sarira, pujine lumintu, rahina wengi tan pegat, puji iku rahina wengi
sirèki, akèh dadi brahala.
04
Pengunguningsun duk lare cilik, nora Selam dening
asembahyang, tan Selam dening pangangge,
tan Selam dening saum, nora Selam dening nastiti, tan Selam
dening tapa, nora dening laku, tan Selam dening aksara, nora Selam yèn anut
aksara iki, tininggal ora esah.
05
Selame ika kadi punendi, kang ingaranan Selam punika,
dening punapa Selame, pan ing kapir iku, nora dening mangan bawi, yadyan
asembahyanga, yèn durung aweruh, ing sejatining wong Selam, midera anglikasan
amontang manting, jatine kapir kawak.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/08/10/suluk-malang-sumirang/
The Ritzy Experience at Wynn Las Vegas - JRM Hub
BalasHapusThe 광주 출장마사지 newly opened Encore At 부천 출장마사지 Wynn Las Vegas brings a full suite of luxury suites 익산 출장안마 and guest rooms with signature 청주 출장샵 Wynn style decor to relax 여수 출장안마 and unwind in